Tugas Agama Katolik Doa Dalam Bahasa Jawa

Post on 17-Jan-2016

660 views 14 download

description

Tugas agama

Transcript of Tugas Agama Katolik Doa Dalam Bahasa Jawa

Doa-Doa Katolik Dalam Bahasa Jawa

Tandha Pamenthangan/Tanda Salib

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci. Amin.

Sembah Bekti/Salam Maria

Sembah bekti kawula Dewi Maria, kekasihing AllahPangeran nunggil ing panjenengan dalem

Sami-sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak Saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yesus

Dewi Maria Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangestu dalemSamangke tuwin benjing dumugining pejah. Amin

Rama Kawula/Bapa Kami

Rama Kawula ing swarga, Asma Dalem kaluhurnaKraton Dalem mugi rawuha. Karsa Dalem kalampahana

Wonten ing donya kados ing swargaKawula nyuwun rejeki kangge sapunika

Sakathahing lepat nyuwun pangapunten dalem Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami

Kawula nyuwun tinebihna saking panggodhaSaha linuwarna saking piawon. Amin

Mugi linuhurna/KemuliaanMugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci

Kados ing mula buka,  sapuniuka, sarta ing salami-laminipun. Amin

Pinujia/Terpujilah

Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Dewi Maria lan Santo Yusup, Sak Menika sarta langgeng. Amin.

Doa Aku Percaya (Bahasa Jawa)

Kawula pitados ing Allah, Rama Sang Mahakuwasa, ingkang nitahaken bumi langit.

Saha ing Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem ontang-anting, Pangeran kawula.

Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci.

Ingkang nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang, seda sarta kasarekaken.

Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking seda.

Mekrad dhateng swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah, Rama Sang Mahakuwasa.

Saking ngriku badhe rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah.

Kawula pitados ing Hyang Roh Suci. Pasamuwan Katulik ingkang suci, lan panunggiling para Suci.

Pangapuntening dosa. Tangining badan. Saha gesang langgeng.

Amin.

Dibuat oleh: Janssen Tanjaya