Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi ...

21
Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas [Tintingan Filologi] E-JOURNAL Dening : AMILIA HIDAYATI 092114244 UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH 2013

Transcript of Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi ...

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas

[Tintingan Filologi]

E-JOURNAL

Dening :

AMILIA HIDAYATI

092114244

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

2013

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

1

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

Amilia HidayatiPendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ([email protected])

Abstrak

Primbon mujudake salah sijine karyane wong Jawa kang wis ngrembaka ing masyarakat. Sanajan ing jamanmoderen, karya kasebut kudu diuri-uri lan digatekake supaya ora ilang ing tembe. Salah sijine cara kanggo nguri-nguriyaiku mangerteni isine naskah kang ana gegayutane karo primbon, kayata ngenani petungan, pethek, lan japa mantra.Naskah kang ana petungan, pethek, lan japa mantra kang bisa ditliti yaiku naskah Primbon Jaelani. Naskah kasebutnarik kawigaten kanggo ditliti amarga: sepisan, naskah iki durung ana kang nliti. Kapindho, supaya bisa mangerteniisine, Kaping telu, medharake seseratan kang ana empere yen diwawas lumantar studi intertekstualitas.

Gegayutan karo andharan mau, underane panliten sajroning nliti naskah Primbon Jaelani yaiku: (1) Kepriyewujude naskah Primbon Jaelani, (2) Kepriye suntingannaskah Primbon Jaelani, (3) Kepriye intertekstualitas naskahPrimbon Jaelani klawan primbon kontemporer. Saka underaning mau, panliten iki nduweni ancas supaya mangerteniwujude naskah Primbon Jaelani, mangerteni suntingan teks sajroning naskah Primbon Jaelani, lan mangerteniintertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer. Saliyane iku, Panliten iki kaajab bisaa menehikawruh marang pamaosngenani karya sastra kang nggunakake teori filologilansupaya pamaos mangerteniintertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer.

Primbon kontemporer kang bakal digunakake sajroning panliten yaiku Primbon Betaljemur Adammakna.Primbon kasebut diarani primbon kontemporer amarga primbone isih digunakake dening bebrayan Jawa. PrimbonBetaljemur Adammakna wujude wis dadi buku. Primbon kasebut digunaake kanggo studi intertekstualitas amargaprimbone mujudake primbon kang dipercaya dening bebrayan lan nganti medharake 55 edhisi ing taun 2005 kepungkur.

Ancangan kang digunakake sajroning panliten ancangan deskriptif kualitatif. Ancangan deskriptif kualitatif,diajab bisa mujudake gegambarane naskahPrimbon Jaelani. Panliten iki nggunakake uga nggunakake tintingan filologi.Kanggo ngandharake suntingan teks, panliten nggunakake filologi moderen supaya bisa ngritik teks lan menehikomentar. Suntingan teks kalaksanan kanthi nggunakake kawruh, kamus, lan buku. Sajroning panliten iki, metode kangdigunakake yaiku metode hermeneutika,kanthi metode kasebut, panliten diajab bisa menehi gambaran kang cetha lanobjektif ngenani petungan, pethek, lan japa mantra. Prinsip intertekstualitas digunakake kanggo nggayutake lannandhingake naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer, yaiku Primbon Betaljemur Adammakna.

Dhata sajroning panliten iki, awujud naskah Primbon Jaelani kang sadurunge ditransliterasi saka aksara Jawamarang aksara Latin. Dhata kang mligi sajroning panliten iku yaiku arupa dhata kang ngenani petungan, pethek, lanjapa mantra. Wujude dhata ing panliten iki yaiku tembang lan gancaran. Tembang ing naskah Primbon Jaelani yaikutembang Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi.

Saka andharan asiling panliten, bisa didudut asil tetelu kang selaras karo underane panliten. naskahPrimbonJaelani ing perangan ngarep wujude tembang lan perangan mburi wujude yaiku gancaran. Tembang sajroning naskahana telung tembang yaiku Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi. Sajroning tembang uga ana kang ngenani japa mantrakanggo wong lara lan kanggo nambani bocah sawanen. Gancaran sajroning naskah Primbon Jaelani yaiku ngenanipetungan lan pethek.

Suntingan teks sajroning panliten, ana telung tembang yaiku Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi. Tembangdigunakake sajroning panliten amarga akeh tembung kang narik kawigaten kanggo ditliti, kayata tembung Kawi lanArab. Tembung Kawi disunting supaya mangerteni makna sajroning tembung kasebut. Tembung Arab disunting supayamangerteni tulisan kang bener.

Intertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan Primbon Betaljemur Adammakna ana kang diarani afirmasilannegasi. Afirmasi sajroning studi intertekstualitas ana pitu, yaiku ngenai wateke manungsa miturut neptu, watekemanungsa miturut mangsa, pethek barang kang ilang/ ketemu, wong kang nyolong, paraning durjana, wong lara lanpati. Negasi naskah Primbon Jaelani klawan Primbon Betaljemur Adammakna ana lima, yaiku ngenani watekemanungsa miturut mangsa, pitungan rabi, petheke wong kang nyolong barang, wong lara lan pati. Sajroning NPJ anarong perangan kang ngenani wateke manungsa miturut wuku lan japa mantra kanggo nambani wong lara oraditemokake ing sajrone Primbon Betaljemur Adammakna.

Intertekstualitas ngenani seratan NPJ klawan PBA, NPJ luwih dhisik anggone ngripta tinimbang PBA, amargapangripta NPJ lair ing taun 1729. Bisa dikira-kira yen panjenengane nyerat naskah ing umur 25-an, yaiku ing taun 1754,nanging PBA kang digawe pathokan yaiku ing laire Sultan Hamengku Buwana VI yaikuk ing taun 1821. Pambeda taunkasebut yaiku taun 1754 klawan taun 1821. Pambedane ana 67 taun.

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

1

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

Amilia HidayatiPendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ([email protected])

Abstrak

Primbon mujudake salah sijine karyane wong Jawa kang wis ngrembaka ing masyarakat. Sanajan ing jamanmoderen, karya kasebut kudu diuri-uri lan digatekake supaya ora ilang ing tembe. Salah sijine cara kanggo nguri-nguriyaiku mangerteni isine naskah kang ana gegayutane karo primbon, kayata ngenani petungan, pethek, lan japa mantra.Naskah kang ana petungan, pethek, lan japa mantra kang bisa ditliti yaiku naskah Primbon Jaelani. Naskah kasebutnarik kawigaten kanggo ditliti amarga: sepisan, naskah iki durung ana kang nliti. Kapindho, supaya bisa mangerteniisine, Kaping telu, medharake seseratan kang ana empere yen diwawas lumantar studi intertekstualitas.

Gegayutan karo andharan mau, underane panliten sajroning nliti naskah Primbon Jaelani yaiku: (1) Kepriyewujude naskah Primbon Jaelani, (2) Kepriye suntingannaskah Primbon Jaelani, (3) Kepriye intertekstualitas naskahPrimbon Jaelani klawan primbon kontemporer. Saka underaning mau, panliten iki nduweni ancas supaya mangerteniwujude naskah Primbon Jaelani, mangerteni suntingan teks sajroning naskah Primbon Jaelani, lan mangerteniintertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer. Saliyane iku, Panliten iki kaajab bisaa menehikawruh marang pamaosngenani karya sastra kang nggunakake teori filologilansupaya pamaos mangerteniintertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer.

Primbon kontemporer kang bakal digunakake sajroning panliten yaiku Primbon Betaljemur Adammakna.Primbon kasebut diarani primbon kontemporer amarga primbone isih digunakake dening bebrayan Jawa. PrimbonBetaljemur Adammakna wujude wis dadi buku. Primbon kasebut digunaake kanggo studi intertekstualitas amargaprimbone mujudake primbon kang dipercaya dening bebrayan lan nganti medharake 55 edhisi ing taun 2005 kepungkur.

Ancangan kang digunakake sajroning panliten ancangan deskriptif kualitatif. Ancangan deskriptif kualitatif,diajab bisa mujudake gegambarane naskahPrimbon Jaelani. Panliten iki nggunakake uga nggunakake tintingan filologi.Kanggo ngandharake suntingan teks, panliten nggunakake filologi moderen supaya bisa ngritik teks lan menehikomentar. Suntingan teks kalaksanan kanthi nggunakake kawruh, kamus, lan buku. Sajroning panliten iki, metode kangdigunakake yaiku metode hermeneutika,kanthi metode kasebut, panliten diajab bisa menehi gambaran kang cetha lanobjektif ngenani petungan, pethek, lan japa mantra. Prinsip intertekstualitas digunakake kanggo nggayutake lannandhingake naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer, yaiku Primbon Betaljemur Adammakna.

Dhata sajroning panliten iki, awujud naskah Primbon Jaelani kang sadurunge ditransliterasi saka aksara Jawamarang aksara Latin. Dhata kang mligi sajroning panliten iku yaiku arupa dhata kang ngenani petungan, pethek, lanjapa mantra. Wujude dhata ing panliten iki yaiku tembang lan gancaran. Tembang ing naskah Primbon Jaelani yaikutembang Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi.

Saka andharan asiling panliten, bisa didudut asil tetelu kang selaras karo underane panliten. naskahPrimbonJaelani ing perangan ngarep wujude tembang lan perangan mburi wujude yaiku gancaran. Tembang sajroning naskahana telung tembang yaiku Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi. Sajroning tembang uga ana kang ngenani japa mantrakanggo wong lara lan kanggo nambani bocah sawanen. Gancaran sajroning naskah Primbon Jaelani yaiku ngenanipetungan lan pethek.

Suntingan teks sajroning panliten, ana telung tembang yaiku Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi. Tembangdigunakake sajroning panliten amarga akeh tembung kang narik kawigaten kanggo ditliti, kayata tembung Kawi lanArab. Tembung Kawi disunting supaya mangerteni makna sajroning tembung kasebut. Tembung Arab disunting supayamangerteni tulisan kang bener.

Intertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan Primbon Betaljemur Adammakna ana kang diarani afirmasilannegasi. Afirmasi sajroning studi intertekstualitas ana pitu, yaiku ngenai wateke manungsa miturut neptu, watekemanungsa miturut mangsa, pethek barang kang ilang/ ketemu, wong kang nyolong, paraning durjana, wong lara lanpati. Negasi naskah Primbon Jaelani klawan Primbon Betaljemur Adammakna ana lima, yaiku ngenani watekemanungsa miturut mangsa, pitungan rabi, petheke wong kang nyolong barang, wong lara lan pati. Sajroning NPJ anarong perangan kang ngenani wateke manungsa miturut wuku lan japa mantra kanggo nambani wong lara oraditemokake ing sajrone Primbon Betaljemur Adammakna.

Intertekstualitas ngenani seratan NPJ klawan PBA, NPJ luwih dhisik anggone ngripta tinimbang PBA, amargapangripta NPJ lair ing taun 1729. Bisa dikira-kira yen panjenengane nyerat naskah ing umur 25-an, yaiku ing taun 1754,nanging PBA kang digawe pathokan yaiku ing laire Sultan Hamengku Buwana VI yaikuk ing taun 1821. Pambeda taunkasebut yaiku taun 1754 klawan taun 1821. Pambedane ana 67 taun.

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

1

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

Amilia HidayatiPendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ([email protected])

Abstrak

Primbon mujudake salah sijine karyane wong Jawa kang wis ngrembaka ing masyarakat. Sanajan ing jamanmoderen, karya kasebut kudu diuri-uri lan digatekake supaya ora ilang ing tembe. Salah sijine cara kanggo nguri-nguriyaiku mangerteni isine naskah kang ana gegayutane karo primbon, kayata ngenani petungan, pethek, lan japa mantra.Naskah kang ana petungan, pethek, lan japa mantra kang bisa ditliti yaiku naskah Primbon Jaelani. Naskah kasebutnarik kawigaten kanggo ditliti amarga: sepisan, naskah iki durung ana kang nliti. Kapindho, supaya bisa mangerteniisine, Kaping telu, medharake seseratan kang ana empere yen diwawas lumantar studi intertekstualitas.

Gegayutan karo andharan mau, underane panliten sajroning nliti naskah Primbon Jaelani yaiku: (1) Kepriyewujude naskah Primbon Jaelani, (2) Kepriye suntingannaskah Primbon Jaelani, (3) Kepriye intertekstualitas naskahPrimbon Jaelani klawan primbon kontemporer. Saka underaning mau, panliten iki nduweni ancas supaya mangerteniwujude naskah Primbon Jaelani, mangerteni suntingan teks sajroning naskah Primbon Jaelani, lan mangerteniintertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer. Saliyane iku, Panliten iki kaajab bisaa menehikawruh marang pamaosngenani karya sastra kang nggunakake teori filologilansupaya pamaos mangerteniintertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer.

Primbon kontemporer kang bakal digunakake sajroning panliten yaiku Primbon Betaljemur Adammakna.Primbon kasebut diarani primbon kontemporer amarga primbone isih digunakake dening bebrayan Jawa. PrimbonBetaljemur Adammakna wujude wis dadi buku. Primbon kasebut digunaake kanggo studi intertekstualitas amargaprimbone mujudake primbon kang dipercaya dening bebrayan lan nganti medharake 55 edhisi ing taun 2005 kepungkur.

Ancangan kang digunakake sajroning panliten ancangan deskriptif kualitatif. Ancangan deskriptif kualitatif,diajab bisa mujudake gegambarane naskahPrimbon Jaelani. Panliten iki nggunakake uga nggunakake tintingan filologi.Kanggo ngandharake suntingan teks, panliten nggunakake filologi moderen supaya bisa ngritik teks lan menehikomentar. Suntingan teks kalaksanan kanthi nggunakake kawruh, kamus, lan buku. Sajroning panliten iki, metode kangdigunakake yaiku metode hermeneutika,kanthi metode kasebut, panliten diajab bisa menehi gambaran kang cetha lanobjektif ngenani petungan, pethek, lan japa mantra. Prinsip intertekstualitas digunakake kanggo nggayutake lannandhingake naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer, yaiku Primbon Betaljemur Adammakna.

Dhata sajroning panliten iki, awujud naskah Primbon Jaelani kang sadurunge ditransliterasi saka aksara Jawamarang aksara Latin. Dhata kang mligi sajroning panliten iku yaiku arupa dhata kang ngenani petungan, pethek, lanjapa mantra. Wujude dhata ing panliten iki yaiku tembang lan gancaran. Tembang ing naskah Primbon Jaelani yaikutembang Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi.

Saka andharan asiling panliten, bisa didudut asil tetelu kang selaras karo underane panliten. naskahPrimbonJaelani ing perangan ngarep wujude tembang lan perangan mburi wujude yaiku gancaran. Tembang sajroning naskahana telung tembang yaiku Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi. Sajroning tembang uga ana kang ngenani japa mantrakanggo wong lara lan kanggo nambani bocah sawanen. Gancaran sajroning naskah Primbon Jaelani yaiku ngenanipetungan lan pethek.

Suntingan teks sajroning panliten, ana telung tembang yaiku Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi. Tembangdigunakake sajroning panliten amarga akeh tembung kang narik kawigaten kanggo ditliti, kayata tembung Kawi lanArab. Tembung Kawi disunting supaya mangerteni makna sajroning tembung kasebut. Tembung Arab disunting supayamangerteni tulisan kang bener.

Intertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan Primbon Betaljemur Adammakna ana kang diarani afirmasilannegasi. Afirmasi sajroning studi intertekstualitas ana pitu, yaiku ngenai wateke manungsa miturut neptu, watekemanungsa miturut mangsa, pethek barang kang ilang/ ketemu, wong kang nyolong, paraning durjana, wong lara lanpati. Negasi naskah Primbon Jaelani klawan Primbon Betaljemur Adammakna ana lima, yaiku ngenani watekemanungsa miturut mangsa, pitungan rabi, petheke wong kang nyolong barang, wong lara lan pati. Sajroning NPJ anarong perangan kang ngenani wateke manungsa miturut wuku lan japa mantra kanggo nambani wong lara oraditemokake ing sajrone Primbon Betaljemur Adammakna.

Intertekstualitas ngenani seratan NPJ klawan PBA, NPJ luwih dhisik anggone ngripta tinimbang PBA, amargapangripta NPJ lair ing taun 1729. Bisa dikira-kira yen panjenengane nyerat naskah ing umur 25-an, yaiku ing taun 1754,nanging PBA kang digawe pathokan yaiku ing laire Sultan Hamengku Buwana VI yaikuk ing taun 1821. Pambeda taunkasebut yaiku taun 1754 klawan taun 1821. Pambedane ana 67 taun.

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

2

PURWAKAManungsa mujudake titah kang pinaringan akal

lan pikiran dening Pangeran. Akal lan pikiran bisamigunani yen digunakake kanggo mikir kang bener lanpener. Saperangane manungsa nggunakake pikiran maukanthi kreatif lan pungkasane bisa nuwuhake reriptanbudaya kang migunani tumrap bebrayan. Reriptan mauarupa karya budaya utawa reriptan kultural kangmigunani lan bisa menehi kawruh kanggo pamaca.Reriptan kasebut diarani saastra Jawa.

Pardi, (1996:1) ngandharake sastra Jawakaperang dadi papat yaiku: sastra Jawa kuna, sastra Jawapertengahan, sastra Jawa anyar, lan sastra Jawa moderen.Suwarni, (2007: 1) ngandharake sastra Jawa kunangrembaka nalika abad IX nganti wiwitan Majapahit.Sastra Jawa pertengahan tuwuh nalika jaman Singasaringanti runtuhe Majapahit lan ditandhani tuwuhe Islaming Jawa. Pardi, (1996: 3-4) uga ngandharake sastra Jawaanyar ngrembaka nalika abad XIX, lan sastra Jawamoderen tuwuh ing pungkasane abad XIX-tahun 1920.

Kaya dene reriptan Jawa, budaya uga akehsumimpen ing sajrone naskah. Naskah mujudake karyakang tinulis ing wektu biyen lan isih digunakake ngantisaiki (Saputra, 1996: 10). Naskah salah sijine warisanbudaya kang turun temurun. Salah sijine naskah kangditurunake marang generasi Jawa moderen yaiku NaskahPrimbon Jaelani kang sabanjure supaya bisanggampangake olehe nyebut, mula diarani NPJ.

NPJ kagolong naskah Jawa anyar, amarga basakang digunakake yaiku basa Jawa anyar, nangingkacampuran basa Kawi lan basa Arab. Naskah kasebutsumimpen ing daleme Maulana Khusaini. Panjenenganemujudake turune panyerate naskah. Miturut Maulana,sajroning naskahe ora ana jenenge pangripta utawapanyerate. Ewa semana, mbah buyute kang asma MbahJaelani wis nate kandha marang putune yaiku BapakKusen yen panjenengane nyerat naskah primbon kangkudu diramut lan di uri-uri supaya migunani. Banjur,Bapak Kusen menehna naskah kasebut marang putraneyaiku Bapak Maulana Khusaini. Kanggo nggampangakelan minangka pangeling-eling, Maulana menehi irah-irahan tumrap reriptan mau Primbon Jaelani.

Aksara ing naskah arupa aksara Jawa. NPJmujudake sawenehing naskah arupa tembang langancaran. Tembange arupa Kinanthi, Sinom, lanDhandhanggula kang ana ing perangan ngarep.Gancarane ngenani petungan, pethek, japa mantra kangmedharake simbol-simbol kanthi makna tartamtu ana ingperangan mburi. Saliyane iku, ing perangan mburi ugaana ngenani agama kaya sejatine salat lan unsurmanungsa.

Tembang Kinanthi sajroning NPJ isine ngenanijapa mantra kanggo nambani bocah sawanen,Dhandhanggula isine ngenani japa mantra kanggonambani wong lara, lan Sinom isine ngenani cerita kangnyeritakake lelembute wong Jawa. Gancaran ngenaniunsure manungsa kayata ngenani napas, nupus, ampas,lan tannapas.

Saka andharan mau, kang narik kawigatenkanggo ditliti yaiku ngenani petungan, pethek, lan japamantra. Petungane ngenani laire manungsa lan petungan

rabi. Pethek sajroning naskah ngenani barang, watekemanungsa, nandur pari, wong lara, lan patine manungsa.Japa mantra kang bakal ditliti yaiku ngenani japa mantrakanggo nambani bocah lara lan nambani bocah sawanen.

Iaine naskah kang kaya mangkono kagolongnaskah nujum, amarga ngenani pethek, japa mantra, lantandha-tandha ing badane manungsa kang gegayutan karonasibe manungsa. Naskah kasebut diarani naskahprimbon (Purnomo, 2013: 37). Saliyane NPJ, kangkagolong naskah primbon utawa naskah nujum yaikuPrimbon Betaljemur Adammakna.

Primbon Betaljemur Adammakna bisa diaraniprimbon kontemporer, amarga primbone isih digunakakedening bebrayan Jawa lan isih ngrembaka ingmasyarakat. Primbon kasebut wis kacetak ngati 55 edhisiing taun 2005, tegese primbon kasebut wis nuduhake yenlaris lan nduweni paedah tumrap masyarakat, mula bisakasebut primbon kontemporer.

Primbon Betaljemur Adammakna kang bakaldigunakake sajroning panliten yaiku edhisi 55 kangkawedhar ing taun 2005. Primbon kasebut narikkawigaten kanggo panliten intertekstualitas, amarga isinekang ngenani petungan, pethek, lan japa mantra memperkaro NPJ, Primbon Betaljemur Adammakna dipilihkanggo intertekstualitas klawan NPJ amarga primbonemujudake primbon kang isih ngrembaka lan dipercayadening masyarakat.

Supaya nggampangake olehe nyebut, PrimbonBetaljemur Adammakna sabanjure diarani PBA. PBAbakal digayutake lan ditandhingake klawan NPJ kanthinggunakake prinsip intertekstualitas. Sajroning panliten,prinsip intertekstualitas digunakake kanggo nemtokakepanampa (afirmasi)lan pambeda (negasi) ing NPJ klawanPBA. Intertekstualitas diandharake supaya mangertenigegayutane naskah primbon siji klawan sijine.

Primbon narik kawigaten kanggo ditliti amargaisine mujudake warisan tekstual kang migunani tumrapbebrayan. Poerwadarminta (1937: 513) ngandharakeprimbon bisa dingerteni minangka sawijining layangkang njlentrehake sawenehing bab kaya petungan,pethek, lan sapanunggalane. Purnomo, (2011: 85)ngandharake primbon asale saka tembung pari-imbu-an.Tembung imbu tegese nyimpen, peran saka Jawa kunaiwo, tegese yaiku nyimpen. Mula, bisa ditegesi yenprimbon yaiku seseratan minangka panggonane nyimpensamubarang kawruh ngenani panguripane manungsa.

Sajroning panliten ngenani primbon, diajab bisamangerteni isine kang ngenani petungan, pethek, lan japamantra kang isih digunakake bebrayan kanggo nindakakesaben upacara adat ing tlatahe. Saliyane iku, supaya bisamangerteni intertekstualitas antarane NPJ klawan PBA.

NPJ dipilih dadi objeke panliten amarga: (1)naskah iki durung ana kang nliti. (2) supaya bisamangerteni isine sarta salah sijine naskah kang kudu diuri-uri supaya ana paedahe. (3) seseratan kang anaempere yen diwawas lumantar intertekstualitas klawanprimbon liya kang isih digunakake dening bebrayansajroning panguripane. Sajroning panliten mau, anatinthingan kang bakal digunakake supaya naskahe luwihcetha lan gampang dimangerteni. Tinthingan kang cocok

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

3

kanggo medharake NPJ yaiku nggunakake tintinganfilologi.

Filologi minangka salah sijine ilmu ngenani tekskang sumimpen ing sajrone naskah (Barried, 1994: 11).Filologi nyinaoni kabudayan biyen lumantar teks tulis.Reriptan tulis minangka bahan kang nduweni nilaibudaya tumrap bebrayan. Teks tulis mau diarani naskah(Sudardi, 2003: 9). Filologi minangka studi naskah kangnduweni pangupaya kanggo ngonceki teks-teks klasik,Barried sajrone Purnama, (2007: 12).

Filologi kang bakal digunakake yaiku filologimoderen. Sajroning panliten, filologi moderendigunakake supaya ngasilake teks kang murni lan orangowahi naskah asline. Filologi moderen uga gegayutankaro pakaryan suntingan teks kanggo ngandharake wacannaskah kang bakal diwenehi kritik, komentar, lancathethan amarga tetembungan lan basane naskah orabener.

Panliten kaleksanan kanthi pakaryan gegayutankaro asiling deskripsi kanggo njlentrehake isinenaskah. Deskripsi naskah sajroning panliten yaikukanggo nggambarake NPJ ngenani aksarane naskah,asale naskah, kahanane naskah, basane naskah,struktur naskah, ukurane naskah, lan isine naskah.Pakaryan kasebut ditindakake supaya pamaosmangerteni gegambarane naskah kanthi cetha.

Transliterasi uga digunakake sajroning panliten,kanthi caranyalin tulisane NPJ. Naskah kasebutwiwitane nggunakake aksara Jawa, banjur digantiaksara Latin. Transliterasi digunakake supayapamaos mangerteni isine naskah kanthi cetha lansupaya pamaos mangerteni isine naskah sarta bisamenehi kawruh ngenani NPJ.

Saka lelandhesaning panliten kang wusdiandharake mau, mula ana prekara-prekara kangkudu dionceki lan dadi undheraning panliten.Antarane yaiku: (1) Kepriye wujude NaskahPrimbon Jaelani?, (2) Kepriye suntingan teksNaskah Primbon Jaelani? (3) Kepriyeintertekstualitas Naskah Primbon Jaelaniklawanprimbon kontemporer?

Adhedhasar undheraning panaliten mau,Tujuwane yaiku: (1) Kanggo ngandharake wujudeNaskah Primbon Jaelani.(2)Kanggo ngandharakesuntingan teks Naskah Primbon Jaelani.(3) Ngandharakeintertekstualitas Naskah Primbon Jaelaniklawan primbonkontemporer.

Panliten iki kaajab bisaa menehi kawruh marangpamaos lan panliti dhewe, mligine ngenani karya sastrakang nggunakake teori filologi. Karya sastra kang awujudNPJ mujudake sastra Jawa kanggo ngguri-nguri sastraJawa. Saliyane iku, pamaos lan panliten supayamangerteni intertekstualitas NPJ klawan primbonkontemporer.

Wewatesaning tembung kanggo mbatesitetembungan supaya ora nganti salah pamikir sajroningpanaliten. (1) Naskah : Reriptan kang ditulis tangankang nyimpen pamikiran lan pangrasa minangkawarisan budaya (Purnomo, 2007: 20). (2) Primbon :Buku cathethan isine ngenani aturan, panutan, lanpanuduhlaku sajroning masyarakat Jawa (Purnomo,

2011: 86), buku (layang) kang ngemot petungan, pethek,lan sapiturute (Bausastra, 2008: 586). (3) Suntingan :Asile nyunting. (4)Teks : Tetembungan kang nyawijilan nduweni makna ing sajroning naskah. Tetembunganewujude abstrak, (Sudardi, 2003: 10). (5) Studi:Tintingan, telaah, panliten ilmiah, (KBBI, 1996: 965).(6)Intertekstualitas : Kajian tumrap teks kangnduweni sesambungan karo teks liyane, (Nurgiyantoro,2007: 50). (7) Filologi: Salah sijine ilmu kangngandharake ngenani teks kang sumimpen ing sajronenaskah (Barried, 1994: 11).

TINTINGAN KAPUSTAKANPanliten Sadurunge

Panliten sadurunge kang saemper karo panliteniki ngenani teori filologi yaiku panlitene Vivin NovalinaHerawati (2010), mahasiswa jurusan Pendidikan BahasaDaerah. Irah-irahane yaiku Suntingan Teks LanPiwulangan Moral Ing Sajrone Naskah Serat WulangSunu Versi Pacitan. Objek kang digunakake sajroningpanliten yaiku awujud Serat Wulang Sunu. Vivinngandharake piwulangan moral ing sajrone Serat WulangSunu, lan uga mbandhingake Serat Wulang Sunu sakaPacitan kang ditulis nggunakake basa Arab pegon karoSerat Wulang Sunu saka koleksi Museum Sana BudayaYogyakarta kanthi nomer koleksi P. 162, serat warna-warni SK 114. 232. Roll 153 no. 1 kang nggunakakeaksara Jawa.

Naskah lan TeksObjeke panliten filologi yaiku tulisan tangan

kang nyimpen pikiran lan pangrasa minangka asilingkabudayan bangsa jaman biyen. Sakabehe tulisan tanganmau, diarani naskah (Barried, 1994: 55). Naskahminangka wadhah teks kang ditulis. Naskah awujudkongkrit, nyata, lan bisa dideleng.

Teks yaiku samubarang kang ana ing naskahasipat bayangan. Teks wujude arupa isi, yaiku gagasanutawa amanat kang arep dituduhake pangripta marangpamaos, awujud crita, amanat kang bisa ditulis deningpangripta kang bisa diwaca lan disinaoni lumantar alur,rerenganing basa, perwatakan, lan sapiturute (Baried,1994: 57). Teks yaiku tetembungan kang nyawiji lannduweni makna ing sajroning naskah, tetembunganewujude abstrak (Sudardi, 2003: 10).

Saka andharan mau, bisa kawedhar yen naskahyaiku reriptan ngenani samubarang kang tinulisminangka warisan budaya lan wujude kongkrit. Dene teksyaiku samubarang kang diandharake sajroning naskah lanawujud abstrak. Teks bisa kasebut isine naskah.

PrimbonPrimbon mujudake salah sijine karya tradhisi

kang wis ngrembaka ing masyarakat. Teks-teks primbondimangerteni dening masyarakat minangka karyasufistikkang digunakake kanggo mangerteni sejatine uriplan panguripan, saka ngendi asale manungsa, lanpungkasane bakal menyang endi manungsa kang ana ingdonya iki. Doktrin sufistik ing sajroning primbon,

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

4

manungsa minangka insan kamil utawa bisa diaranimanungsa kang sampurna (Purnomo, 2011: 86).

Machsum, (2008: 322) ngandharake yenprimbon minangka salah sijine jinis karya sastra kangnduweni kawruh jembar, amarga akeh cathethan pentingkang ora bisa diapalne. Cathethan-cathethan ing sajroneprimbon ana sesambungane antarane manungsa lanpanguripane saben dinane. Pigeaud sajrone(Machsum,2008: 322), ngandharake yen primbon ing peranganesastra Jawa minangka klompok Bunga Rampai, kayatangenani adat istiadat, seni, lan hukum, primbon uganjlentrehake ngenani petungan-petungan, watekmanungsa, lakune manungsa, lan uga ngenani sejatinemanungsa.

Primbon kang bakal ditliti yaiku primbon klasik,amarga tulisane isih nggunakake tulisan aksara Jawadudu aksara latin, basane nggunakake basa Jawa anyarkang isih kacampuran basa Jawa kuna. Primbon kasebutbakal digayutake lan ditandhingake klawan primbon kangdigunakake bebrayan lan primbon kang isih ngrembakaing jaman saiki utawa diarani primbon kontemporer.

FilologiFilologi mujudake ilmu kang ana sesambungan

karo karya sastra jaman lawas kang awujud tulisantangan. Karya-karya tulis lawas minangka warisaningkabudayan kang bisa menehi pikiran, pangrasa, lanpawarta ngenani panguripane manungsa (Barried, 1994:1).

Tujuwane filologi kanthi umum yaikumangerteni maknane naskah lan ngonceki nilai-nilaibudaya kanthi cara nafsirake teks, ngandharake nilai-nilaibudaya lawas minangka salah sijine cara kanggopangrembakane kabudayan kontemporer, kanggomangerteni kabudayane manungsa lumantar karya sastrakang urip ing tengahe masyarakat. (Purnomo,2013: 15-16).

Kanggo nliti naskah kang nggunakake tintinganfilologi, mbutuhake kawigaten lan minat tumrapsawijining naskah. Kawigaten sajroning filologi kayatangenani kodikologi, paleografi, ejaan, panggonanenaskah, pangriptane naskah, lan sapiturute. Edhisidiplimatik bisa mbantu para panliten supaya asiling nlitiliwih cedhak karo sumbere (Purnomo, 2013: 49).

Filologi kaperang dadi loro yaiku filologitradisional lan filologi moderen. Filologi tradisionalnduweni pamawas yen sajrone teks wiwitan nduweniwujud kang asli saka pangripta lan ngalami pangribawaamarga salah ing panulisane lan salah pangertene.Filologi moderen mujudake anane peran aktif sakapanliten tumrap naskah (Sudardi, 2003: 15). Sajroningperspektif filologi moderen, panliten menehi komentar,terjemahan, lanpenyanduran kang mbutuhake sawijiningvarian kang tuwuh ing proses transformasi (Purnomo,2013: 49).Saka rong studi filologi mau, studi filologi kang bakaldigunakake sajroning panliten iki yaiku filologi moderenkang diandharake dening Purnomo. Sajroning nliti

Intertekstualitas mujudake kajian sajroningkarya sastra kang wiwitane ditindakake dening JuliaKristeva, asale saka Prancis. Intertekstualitas minangka

kajian tumrap teks kang nduweni sesambungan karo teksliyane (Nurgiyantoro, 2007: 50). Sajroning nliti teks,kudu bisa nemtokake sesambungan antarane teks sijiklawan sijine.

Teks saka tembung textus tegese yaikugabungan, susunan, lan sesambungan. (Teeuw (1998:145) ngandharake yen sawijining teks diwaca kudunggatekake teks liyane, amarga sawijing teks wis mesthisesambungan karo teks liyane. Ora ana teks kangmujudake teks asli, tegese yen sajroning nerbitake teks,pangripta wis mesthi mbutuhake teks liya kanggoreverensi teks kang bakal diterbitake. Panliten bakal nlitikanthi proses oposisi, permutasi, lantransformasi (Ratna,2012: 172).

Nurgiyantoro, (2007: 54) ngandharake yenprinsip intertekstualitas kang unja yaiku prinsipmangerteni lan menehi makna karya kang anasesambungane. Karya kasebut minangka reaksi sakakarya liyane. Sajroning nggunakake prinsipintertertekstualitas, pamaos minangka ide kreatifitassajrone ngandharake makna ngenani teks kang isihnduweni sesambungan antarane teks siji klawan sijine.

Prinsip intertekstualitas yaiku karya mung bisadimangerteni maknane kanthi wutuh lan anasesambungane klawan teks liyane kang bisa ndadekakehipogram kanthi 1) ekspansi, yaiku pangrembakane karyasastra, 2) konversi yaiku modifikasi ukara tumrapkaryane3) modifikasi (manipulasi runtunane tembung lanukara). Sajroning modifikasi, pangripta kasta sastra bisangganti jenenge paraga ing sastra, sanadyan tema lanalure padha; 4) ekserp yaiku intine carita (Edraswara,2003: 132-133).

Intertekstualitas miturut Pradopo (1997: 228)mujudake karya kang ana gegayutane klawan teks liyanelan nduweni hipogram utawa karya sastra kang dadipunjerekarya sastra. Tuwuhe karya sastra kang anyarmujudake campuran saka karya sastra kang lawas.Saliyane iku, karya sastra nduweni sesambungan sejarahantarane karya kang terbite bareng, karya kang terbiteluwih dhisik, lan karya kang terbite keri. Sesambunganemau bisa padha (afirmasi)lan bisa uga beda (negasi)(Pradopo, 2005: 155).

Saka andharan mau, bisa kawedhar yenintertekstualitas yaiku kajian tumrap teks kang nduwenisesambungan karo teks liyane kanthi cara mangerteni lanmenehi makna karya kang ana sesambungane.

Lelandhesaning TeoriPanliten mbutuhake sawijining teori kanggo

ngonceki prekara-prekara ing naskah. Teori kangdigunakake kanggo ngonceki naskahyaiku teori filologimoderen kang diandharake dening Purnomo. Filologiyaiku piwulang kang sesambungan karo naskah jamanbiyen. Filologi mujudake kawruh kang nggunakake objeknaskah. Wujude bisa arupa lontar, dluwang, kayu kangarupa tulisan tangan lan basane basa Jawa, Arab, lansapiturute (Djamaris, 2002: 3).

Naskah jaman biyen kang wis rusak, tulisane oracetha, lan tetembungan kang ora bener, kudu ditliti kanthinggunakake teori filologi supaya bisa mangerteni isine

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

5

naskah. Edhisi diplomatik uga ditindakake supaya naskahkang disuntinng lan diterbitake ora owah.

METODE PANLITENMetode lan tinthingan minangka pangerten kang

implisit kanthi ora langsung (Ratna, 2008: 33). Metodeminangka cara-cara, strategi kanggo mangerteni realita,tahap-tahap sistematis kanggo ngonceki sebab-akibateprekara. Metode nduweni fungsi kang padha karo teori,metode fungsine kanggo nggampangake prekara supayabisa dimangerteni.

Metode ditindakake panliten kanthi tahap-tahapkang trep supaya kasile bisa dipercaya dening pamaos.Metode kang bakal diandharake yaiku ngenani ancanganpanliten, objek panliten, sumber data lan data, instrumenpanliten, teknik pangumpuling data, lan teknik analisisdata.

Ancangan PanlitenAncangan panliten kanggo ngandharake NPJ,

yaiku arupa kualitatif. kualitatifyaikunengenakaehakikate nilai-nilai. Moleong (2008: 6) ngandharakepanliten kualitatif mujudake panliten kanggo mangerteniprekara-prekara kang wis dumadi, ngenani tetembunganlan basa kang asipat ilmiah, sarta nggunakake metodhekang ilmiah.

Ratna (2008: 47-48) ngandharake ciri-cirinekualitatif yaiku (1) menehi kawigaten utama tumrapmakna lan amanat kang trep karo hakikate objek, yaikuminangka studi kultural. (2) luwih nengenake prosestinimbang kasile panliten, mula maknane mesthi owah.(3) ora ana jarak antarane subjek panliten lan objekpanliten, subjek panliten minangka instrument kangutama, mula ana interaksi antarane subjek lan objek. (4)sipate mung sawetara, amarga panliten nduweni sipattarbuka. (5) sipate alamiah, dumadi sajroning kontekssosial lan budayane dhewe-dhewe.

Jinis panliten kualitatif sajroning panliten ikiasipat deskriptif, yaiku panliten kang asli datane arupatetembungan kang tinulis. Metode iki kanggonggambarake kanyatan saka objek saengga bisa bener lanpener. Kanthi ancangan deskriptif kualitatif, panliten ikidiajab bisa ngasilake gegambaran kang cetha lan objektifngenani suntingan teks lan njlentrehakeintertekstualitasantarane NPJ klawan PBA.

Metode Hermeneutika uga digunakake kanggongandharake isine naskah. Hermeneutika asale saka basaYunani yaiku saka tembung hermeneuein tegesenafsirake tembung. Hermeneutika dianggep sambungkaro Hermes, jenenge Dewa Yunani kang ngirim pesenIlahi marang manungsa (Ratna, 2008: 45). Kawitane,medium pesen wujude yaiku basa. Mula, nafsirakedisampekake lumantar basa. Karya sastra perluditafsirake amarga nduweni basa kang maknanesinengker. Hermeneutika minangka metode kang palingsering digunakake sajroning nliti karya sastra.Hermeneutika dianggep metode ilmiah kang paling tuwa,kawiwitan nalika jamane Plato lan Aristoteles ( Ratna,2008: 45).

Endraswara, (2003: 42) ngandharake yenhermeneutik tegese yaiku tafsir. Hermeneutik nduweni

pangupaya kanggo mahami makna kang ora mung simbolwae, nanging mahami sastra minangka teks. Hermeneutikwigati bannget kanggo mahami teks kanthi total. Panlitennalika nggunakake hermeneutik, kudu mahami maknakang ana sajroning teks.

Saka rong pamawas mau, bisa didudut yenmetode hermeneutik yaiku metode kang digunakakekanggo nafsirake karya sastra lumantar basa. Sajroningnafsirake karya sastra klasik, aspek filologi kudu digatekesupaya luwih cetha. Nafsirake teks uga kudu ditindakakekanthi total, tegese ora mung sajabane teks wae nangingkudu mahami maknane teks. Metode hermeneutik oranengenake makna kang paling bener, nanging maknakang paling optimal. Nafsirake karya sastra bisanuwuhake pamawas kang beda antarane pamaos sijiklawan sijine, lan bisa nuwuhake makna kang akeh.

Objek PanlitenObjek kang digunakake sajroning panliten yaiku

arupa naskah lawas kang nggunakake aksara Jawa lanbasane uga basa Jawa anyar. Objek panliten sajroningmetodhe kualitatif yaiku arupa dokumen (Moleong, 2008:9). Dokumen sajroning panliten yaiku NPJ. Naskahkasebut diandharake ngenani petungan, pethek, lan japamantra lan digayutake klawan PBA

Sumber Data lan DataSumber data sajroning panliten iki yaiku sumber

data kang arupa NPJ asli saka Bapak Maulana Khusainikang pidaleme ana ing Desa Karangpuri RT 05, RW 04,Kecamatan Wonoayu, Kabupaten Sidoarjo. MiturutMaulana Khusaini, NPJ kagungane Mbah Jaelani kangdaleme uga ana ing Desa Karangpuri. Naskah iki ditulisnganggo aksara lan basa Jawa. Naskah kasebut minangkacathethane Mbah Jaelani kang ora ana irah-irahaneamarga wujud naskah pribadi lan isine naskah ngenanipetungan, rohe manungsa, lakune manungsa miturutneptu, salat Makripat, lan japa mantra. Mula, Maulanamenehi irah-irahan Naskah Primbon Jaelani.

Sumber primer wis cetha arupa NPJ, dene datakang dienggo panliten yaiku arupa tembung-tembung lansimbol-simbol kang ngenani pitungan, pethek, lan japamantra kanthi studi intertekstualitas. NPJ bakaldigayutake lan ditandhingake klawan PBA. Mula, sumberdata sekunder yaiku arupa PBA.

Instrumen PanlitenInstrumen panliten kang digunakake sajroning

panaliti Naskah Primbon Jaelani yaiku panliti dhewe,amarga panliti minangka pawongan kang nyusun rencanakanggo panalitene nganti nyusun laporan. Moleoeng,(2008: 168) ngandharake panliti minangka instrumenkang nyusun rencana, nglumpukake data, nganalisis data,nafsirake data lan nyusun laporan asile panlitene.

Sajroning nliti NPJ, sepisan kang ditindakakeyaiku golek naskah kang bakal ditliti, banjur panlitinnganalisis naskah kanthi cara nggunakake tintinganfilologi lan nafsirake isine naskah, sarta panlitennganalisis studi intertekstualitas NPJ klawan PBA.

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

6

Teknik Pangumpuling DataTeknik pangumpuling data sajroning nliti NPJ

mujudake pakaryan kang wigati banget.teknikpangumpuling data ana telu yaiku teknik pustakalan teknik nyathet. Kanthi luwih cetha, teknikpangumpuling data kaya mangkene.(1) Teknik Pustaka

Teknik pangumpuling data sajroning NPJ yaikuteknik pengumpulan kang nggunakake sumber dataawujud tulisan utawa kapustakan. Teknik kasebut diaraniteknik pustaka. Kanthi cara nggelumpukake buku-bukukang saemper, bisa nyengkuyung panliten.(2) Teknik nyathet

Teknik nyathet uga digunakake sajroning teknikpangumpuling data. Teknik nyathet dilaksanakake kanthimaca NPJlan menehi tandha utawa cathethan tartamtu.Teknik iki, ditindakake kanggo ngolah saben prekarakang ana supaya luwih cetha. Teknik nyathet uga bisanggampangake panliti yen ana babagan tartamtu kangnduweni kekeliruan sajroning nliti NPJ.Teknik Analisis Data

Teknik analisis data sajroning nliti NaskahPrimbon Jaelani nggunakake metode naskah tunggal,amarga naskah iki minangka wujud naskah pribadi. Datakang ditliti arep diandharake nggunakake filologi modernmligine nggunakake edhisi diplomatik. Teknik analisisdata kang bakal digunakake panliten yaiku:1) Deskripsi naskah

Deskripsi naskah ateges njlentrehake wujudenaskah wiwit ngenani panggonane panyimpene naskahnganti gegambaran kahanane naskah kanthi umum. NPJdigambarake ngenani papan panyimpene, panulise,bahane naskah. Purnomo, (2007: 33) ngandharakebabagan kang kudu dijlentrehake sajroning deskripsinaskah antarane: papan panyimpene naskah, nomor (yenana nomere) kudu ditulis kanthi jangkep, panulis (bisawong kang ngubah naskah lan kang nerbitake naskah),bahane naskah (papyrus, daluwang, lontar, kulit, pringlan sapiturute), ukurane naskah, cacahe kaca (lempitutawa bilah), Gunggune gatra saben kaca ing naskah,jinis tulisan, Kahanane tulisan (cetha, ora cetha, rusak),kahanane naskah kanthi umum, umure naskah, lanbabagan liyane kang gegayutan karo kondisi fisikenaskah.2) Transliterasi naskah

Transliterasi yaiku ngganti jinis tulisan kanthisakabehe, aksara mbaka aksara, abjad siji marang abjadliyane. Sajroning (Purnomo, 2007: 36) transliterasi bisaditegesi ngganti tulisan utawa nyalin teks kanggongowahi ejaan naskah marang ejaan liyane. Transliterasinduweni tujuwan kanggo nggampangake masyarakatmoderen anggone maca naskah.

NPJ bakal ditrasnliterasi saka aksara Jawa dadiaksara Latin. Transliterasi ditindakake supaya pamaosmangerteni isine naskah. Proses Transliterasi utawangganti jinis tulisan, aksara mbaka aksara saka wujudaksara siji ing wujud aksara liyane kudu nggatekake ciri-ciri teks asline amarga proses iki bakaldipertanggungjawabake supaya bisa mangertenisawijining naskah dening pamaos (Barried, 1994: 64).

3) Kritik teks

Kritik teks menehi nilai tumrap teks, nlitilan menehi panggonan tumrap teks kanggo ngasilake tekskang memper teks asline. Teks kang wus dibenerake lanwus dironce bisa dipertanggungjawabake kanggokepentingan panliten ing ilmu liyane (Barried, 1994: 61)

NPJ dikritik kanthi cara naskah kududisunting lan diterbitake sarta ora ngowahi ejaane teks,dianakake emendasi utawa mbenerake samubarang kangsalah sajroning teks. (Purnomo, 2007: 43) sajroning kritikteks kang kudu digatekake yaiku: (1) aspek pungtuasi, (2)perangane tembung lan ukara, (3) panggunaane tandha-tandha diakritik. (4) catatan sarta komentar ngenanipanyimpangane teks.4) Studi intertekstualitas

Seratan primbon bakal dianalisis ngenanipetungan, pethek, lan japa mantra kang isih digunakakedening bebrayan ing saben dinane kanthi nggunakakeprimbon kontemporer yaiku Primbon BetaljemurAdammakna.

TINTINGAN KRITIS TUMRAP NPJAndharan bab wujude naskah mujudake salah

sijine pakaryan kang ana ing filologi. Andharan babwujude naskah bisa uga kasebut deskripsi naskah.Deskripsi naskah ateges njlentrehake wujude naskahngenani panggonan panyimpene naskah, nomor, panulis,bahane naskah, ukurane naskah, cacahe kaca, Gunggunegatra saben kaca ing naskah, Jinis tulisan, Kahananetulisan, kahanane naskah, lan umure naskah.

Aspek wewujudane NPJAndharan bab wujude naskah bakal maparake

gegambaraning naskah. Anane gegambaran iki bisanerangake wujude naskah kang ditliti tumrap pamaos.Wujude naskah sajroning NPJ yaiku ngenani irah-irahanenaskah, asal-usule naskah, kahanane naskah, wujudenaskah, basane naskah, ukurane naskah, lan isi ringkesenaskah.

Naskah kang dirembug arupa naskah pribadhikagungane Bapak Maulana khusaini pidaleme ana ingdusun Karangnongko, desa Karangpuri RT 05, RW 04,kecamatan Wonoayu, Kabupaten Sidoarjo. Isine naskahkang awujud tembang ana telu cacahe, yaiku dhandhanggula, kinanthi, lan sinom. Cacahe kaca sajrone naskahana 98 lembar, ana saperangan tembung sajrone naskahkang ora bisa diwaca amarga kahanane bolong lantulisane mblobor. Aksara kang digunakake yaiku aksaraJawa, basane nggunakake basa Jawa anyar kangkacampuran tembung-tembung saka basa Arab lan basakawi. Andharan ngenani wujude naskah kanthi gamblangkaya mangkene.

Irah-Irahane NaskahIrah-irahane naskah mujudake katrangan kang

wigati kanggo dijlentrehake. Irah-irahane naskah biasanekaserat ing perangan ngarep, utawa kang diaranimanggala (Jawa kuna) utawa wadana, bisa uga kaserating perangan mburi utawa diaranai kolofon. Ora saben

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

7

naskah nduweni irah-irahan. Naskah kang ora ana irah-irahane uga akeh, salah sijine yaiku NPJ. Naskah kangora ana irah-irahane, kudu ditemtokake supaya nliti bisagampang

NPJ mujudake salah sijine naskah pribadhi kangora ana irah-irahane. Naskah mau diwenehi irah-irahandening pak Maulana khusaini, minangka turunane MbahJaelani kang dipasrahi ngramut naskah primbon mau.Mbah Jaelani minangka mbah buyute saka bapakeMaulana kang asmane bapak Kusen. Irah-irahane dijupuksaka isine lan jenenge pangripta naskah. Jlaran isinengenani petungan, pethek, lan japa mantra, mula diaraninaskah primbon.

Jaelani minangka asmane mbah buyute pakMaulana khusaini kang sadurunge budhal kaji, nangingsawise kaji panjenengane paring asma Mbah Noer Salam.Maulana nggunakake Jaelani amarga jeneng kasebutmujudake jeneng Jawa lan cocok kanggo jeneng naskah.Sanajan ing naskah ora ditemokake pangriptane, nangingMbah Jaelani wis kandha marang anak putune yen nyeratnaskah mau, mula pak Maulana menehi irah-irahanNaskah primbon jaelani utawa NPJ.

Asale NaskahNPJ mujudake naskah pribadhi kang nduweni

asal-usul. NPJ asale saka Bapak yaiku Maulana Khusainikang alamate ana ing Desa Karangpuri RT 05, RW 04,Kecamatan Wonoayu, Kabupaten Sidoarjo. MiturutMaulana Khusaini, naskah iki duweke mbah buyut, kangasmane yaiku mbah Jaelani kang asale saka PakisKanjen, Pati, Jawa Tengah. Banjur, panjenenganepindhah menyang tlatah Sidoarjo lan pidaleme ing DesaKarangpuri kecamatan Wonoayu lan panjenengane paringasma mbah Noer Salam. Miturut katrangan BapakMaulana, naskah kasebut dipasrahake marang bapakekang asmane Bapak Kusen kang minangka putune mbahJaelani. Ing taun 1998, bapak Kusen seda lan naskahkasebut dipasrahake marang bapak Maulana. BapakMaulana uga njlentrehake ngenani naskah kasebut yennaskahe mujudake cathethan Mbah Jaelani tanpa irah-irahan amarga wujud naskah pribadhi.

Kahanane NaskahKahanane NPJ isih cetha lan apik, arupa naskah

asli tulisan tangan lan kaserat ing daluwang warna kuningrada coklat. NPJ kagungane Pak Maulana lembaranngarep wis ora ana, ing tengah ana kang bolog cilikamarga dipangan rayap, nanging isih bisa diwaca.Saliyane iku, ana perangan kang tulisane ora bisa diwacaamarga tulisane mblaur.

Perangane naskah kasebut kaperang saka 49lembar lan 98 kaca. Pangripta nggunakake tinta warnaireng. Mangsi warna abang lan biru digunakake kanggonggambar naga kang dumunung ana kaca 61. Kertaskang digunakake arupa dluwang, rupane dluwang kuningrada coklat, sarta ana lembaran kang tulisane dicoret-coret, mula ora bisa diwaca kanthi cetha.Struktur Naskah

Wujude NPJ yaiku tembang lan gancaran.Tembang sajroning NPJ mujudake tembang dhandhanggula, kinanthi, lan sinom. Cacahe pupuh ana 36, kaperang

dadi 12 pupuh tembang dhandhang gula, 16 pupuhtembang sinom, lan 8 pupuh tembang kinanthi. Sabenkacane NPJ, cacah ing gatra rata-rata ana 14 nganti 16gatra.1) Tembang

Tembang sajroning NPJ mujudake tembangMacapat. Tembang macapat cacahe ana 11,

yaiku Mijil, Sinom, Maskumambang, Pangkur, Durna,Kinanthi, Asmaradana, Dhandhanggula, Gambuh,Megatruh, lan Pucung. Sajrobing NPJ, tembange arupatembang Dhandhanggula, Kinanthi, lan Sinom.2) Gancaran

Gancaran asale saka tembung gancar, tegeseyaiku carita. Sajroning NPJ

gancaran ana ing perangan mburine tembang. GancaraneNPJ arupa petungan, pethek, sejatine salat, lan unsur ingbadane manungsa. Petungane ngenani wong nandur pari,palakrama, lan neptu. Pethek sajroning naskah ngenanibarang ilang lan wong kang nyolong, tambane wong lara,lan patine manungsa.

Basaning NaskahBasa mujudake salah sijine sarana kanggo

ngandharake pamikire pangriptane naskah marangpamaos lumantar naskah. Sajroning NPJ basa kangdigunakake yaiku basa Jawa anyar, kang kacampurantembung-tembung saka basa Arab lan basa kawi.1) Basa Jawa Anyar

Basa Jawa anyar sajroning NPJ mujudake basakang utama, amarga basa Jawa anyar pancen digunakakekanggo ngandharake isine. Basa Jawa anyar mujudakebasa kang gampang dimangerteni, amarga basanedigunakake bebrayan Jawa ing wektu saiki.2) Tembung Kawi

Tembung Kawi mujudake salah sijine tembungkang nate digunakake sajrone bebrayan Jawa. TembungKawi sajroning NPJ digunakake kanggo ngandharaketembang Dhandhanggula, Kinanthi, lan Sinom. TembungKawi sajrone NPJ kayata: miwah, tirta, kadya, miruda,tan, setra, driya, lamun, belandhak, nira, wana, Widi,bekti, ingsun, maring, marga, rahayu, aneng, jalma,rumeksa, rahayu, teja, arum, wisa, tawa, sagunge, nawa.

Tuladha kaya mangkono mujudake tuladhatembung Kawi. Kabeh tetembungan mau nduweni tegeslajn makna. Miturut kamus Bausastra lan Kamus basakawi, tegese tetembungan ing basa Jawa anyar yaiku:miwah (lan), tirta (banyu), kadya (kaya), miruda(minggat), tan (ora), setra (kubur), driya (tuking pangrasaati), lamun (yen), belandhak (mbabat), nira (banyu), wana(alas), Widi (Dewa), bekti (sembah), ingsun (aku),maring (dhateng), marga (dalan), rahayu (waras), aneng(ana ing), jalma (wong), rumeksa (jaga), rahayu (waras),teja (sinar), arum (wangi), wisa (upas), tawa (tawar),sagunge (sakabehe), nawa (padhang ).3) Tembung Arab

Tembung Arab sajrone NPJ digunakake ingtembang lan saperangan gancaran kang ngenani agama.Tuladhane Tembung Arab sajrone NPJ yaiku: Alahumahadam sarwin, kulhuwalahhu Allah, wasabikul walilahi,wasabikul kabatwolah, ngulama lan para mukmin, punikidununge salat kang mangsa waktu lelima iku “aja sira

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

8

sembrana”, iman tunggu anunggu ati, yah ukbadansampurna “sallamuallaikum” slamet dunya trusing kerate,tilawat madhake rekan, panduluku Rasul, rineksaningMalekat.

Sakabehe tetembungan basa Arab kayamangkono uga nduweni teges. Tegese miturut kamusbasa Arab yaiku: Allahuma (ya Allah), kulhuwallahu(Panjenengane yaiku Gusti Allah), walillahi (duwekeGusti Allah), Rasul (utusane Gusti Allah), Malahekat(abdine Gusti Allah), mukmin (wong kang ngrasukagama islam), iman (percaya), Sallat (sembahyang),assalamualaikum (slamet donya trusing akherat), tilawat(maca Alquran kanthi dilagukake).Ukurane Naskah

Ukurane naskah sajroning NPJ bisa diukurngenani cacahe kaca, cacahe gatra saben kaca, dawanekertas, ambane kertas, lan kandele naskah. Sakabeheukuran mau ana ngisor iki:Cacahe kaca = 98 kacaCacahe gatra saben kaca = 13 nganti 16 gatraDawane kertas = 17 cmAmbane kertas = 11 cmKandele naskah = 1 cm

Tulisane NaskahTulisane naskah kanthi umum, ditulis

nggunakake aksara Jawa. Mangsi kanggo nulistetembungane yaiku mangsi warna ireng, nanging anauga kang warna abang lan biru nalika kanggo nggambarnaga kang ana ing kaca 61. Wujud tulisane naskah rapi,nanging ana saperangane tembung tulisane rada mlobor.Pangripta uga nggunakake tandha kanggo miwiti ukara,tembung kang penting diwenehitandha petik, lan kanggo mungkasi ukara.

Isine NaskahKanthi umum isine NPJ ngenani petungan,

pethek, lan japa mantra. Saliyane iku, uga ngenaniagama. Petungan lan pethek mujudake salah sijinewarisan nenek moyang kang isih digunakake nganti saiki.Japa mantra mujudkake warisan kang wigati banget,amarga japa mantra minangka unen-unen kang bisanambani wong lara. Agama sajroning NPJ mujudakepangripta ngelingake pamaos ngenani salat.

Petungan sajroning NPJ yaiku ngenani wongarep nikah mligine pitungan panca suda, pitungan barangkang ilang, lan pitungan wateke manungsa. Petheksajroning naskah kasebut ngenani nandur pari, satrunesasi, wong lara, keduten, wateke manungsa, lair lan pati,lan tali wangke. Japa mantra ngenani nambani wong edanlan nambani bocah sawanen. Agama uga ana ing NPJ,mligine ngenani salat, nupus, napas, lan sapiturute.

Suntingan TeksSuntingan yaiku asil pakaryan nyunting utawa

ngedit. Suntingan teks kang diandharake mujudake asiltransliterasi naskah primbon Jaelani. Sajrone suntinganteks ana sawetara tatacara kang kudu ditindakake kayata:lelandhesaning suntingan, asiling suntingan teks, kritikteks, lan komentar. Suntingan kang diandharake

landhesane saka kekeliruan teks, kekhususan, lan ugatetembungan kang narik kawigaten.

Lelandhesaning Suntingan TeksLelandhesaning suntingan teks gegayutan karo

andharan ngenani perangan dhasar tembung lan tandhakang digunakake kanggo nyunting naskah PrimbonJaelani. Lelandhesane kaya mangkene:1. Wujud teks kang bakal digunakake kanggo nyunting

yaiku arupa teks NPJ. Teks NPJ kang digunakakenyunting yaiku kang arupa tembang. Ana tembangtelu kang digunakake, yaiku tembangDhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi. Saka telungtembang mau, dijupuk tembung-tembung kang larassupaya luwih bisa dimangerteni dening para pamaos.

2. Variasi ejaan basa Arab kang durung trep. TuladhaneAlah dadi Allah.

3. Aksara Murda (huruf/ konsonan kapital) lan aksaraSwara (huruf/ vokal kapital), digunakake kanggonulis wiwitan ing saben pupuh lan nyebut asmaPangeran, Nabi, Rosul, lan sapiturute.

4. Tandha kang digunakake ing suntingan naskahprimbon jaelani yaiku:

a. […] : tandha kang digunakakekanggo tembung kang ora bisa

diwaca amarga rusak.b. Angka 1, 2, 3 : digunakake kanggo tembung

kang bakal diwenehikomentar.

c. [ - ] : tandha strep digunakakekanggo tembung kang diilangi.

Asil Suntingan TeksSuntingan kanggo ngandharake NPJ yaiku

nggunakake edhisi diplomatik. Sajroning menehi kritikNPJ, panliten nerbitake naskah kanthi cara mbeneraketetembunganing tembang, menehi komentar lan cathethankritis tumrap tetembungan kang salah. Suntinganetembang Dhandhang gula, Sinom, lan Kinanthi kayamangkene:

I. Dhandhang Gula

1. Wonten kedung1 rumeksa ing wengiteguh rahayu luput ing laraluputanyila ika nyohe2

jim setan tan nana3 purunpaniluhan4 tan nana wanimiwah5 wong penggawe alagunane wong luputgeni ageng emah tirtamaling adoh anggrahi pan padha wedi6

tujuku nama sirna

II. Sinom

Kang rumeksa ing Bang WetanDurganeluh Maospahitsetan kober ing Lodhayapunika retune dhemitnyilambang kang winarni

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

9

awesta1sing bali nyatupanjang buta Sulewahmemedhun saka Lasetipaksi karet lelembute Pudaraga.

III. Kinanthi

Pitik tulakpitik trukung1

tetulakke jabang bayicacing racek ya ngidohna

sarap sawan padha matitrukung mekukung ing Ngarsinulak balik ing Margi.

Aparat Kritik TeksAparat kritik nduweni tujuwan kanggo

mangerteni wujud teks kang luput lan bener, adhedhasarmaknane tetembungan kang ana sajroning teks.Tembung-tembung kang luput sajrone teks banjurdibenerake laras karo paugeran kang ana. Bab aparatkritik iki nganggo tabel. Tabele kaya mangkene

Tabel 4.5 :Kritik Naskah Primbon Jaelani

JenisTembang

No Naskah Suntingan

Dhandhang-gula

1. P. 1. 1 Kedung Kidung

2. P. 1. 3 Nyila ikanyohe (6)

Bilahi kabeh(5)

3. P. 1. 4 Tan nana(3)

Datan (2)

4. P. 1. 5 Paniluhan Peniluhan5. P. 1. 6 Miwah (2) Wah (1)6. P. I. 9 Maling

adohanggrahipan padhawedi

Maling adohanggrahi panpadha wedi

Sinom 1. P. 3.1

Awesta Awasta

Kinanthi 1. P. 5.2

Trukung Tukung

Komentar1. Dudu tembung kedung, jalaran tembung kasebut ora

trep karo tembung liyane. Tembung kasebut bisadiganti kidung. Unine dadi “Wonten kidung rumeksaing wengi” tegese yaiku ana tembang kang njaga ingwengi. Kidung mujudake karangan kang arupatembang. Chodjim, (2003: 42) ngandharake yenkidung mujudake sabda suci knggo njaga ing wengi.Jaman biyen, akeh wong kang seneng tumindak alaing wayah isuk lan ing wayah dalu.

2. Tembung nyila ika nyohe bisa diganti karo bilahikabeh, amarga tembung nyila ika nyohe yendigayutake karo tembung sadurunge ora trep. Ukarakang wiwitan unine “luputa nyila ika nyohe” owahdadi “luputa bilahi kabeh”, tegese yaiku bebas sakabebaya. Saliyane iku, ukara luputa nyila ika nyoheora trep karo guru wilangane. Dhandhanggula ing

baris katelu kudune 8e dudu 9e, mula luwih cocoknggunakake ukara “luputa bilahi kabeh”. Sajroningbuku Mistik dan Makrifat Sunan Kalijaga, uninetembang kasebut uga luputa ilahi kabeh.

3. Tembung “tan nana” ora trep karo guru wilanganetembang Dhandhanggula, amarga baris kapapatkudune 7u lan ora 8u. mula, tembung “tan ana” bisadiganti karo tembung datan. Tembung kasebut orangowahi teges.Ukara wiwitan yaiku “Jim setan tannana purun”, tegese yaiku “ Jim setan ora ana kanggelem”. Sawise diowahi, ukara kasebut dadi “Jimsetan datan purun”, tegese yaiku “Jim setan oragelem”.

4. Paniluhan ora ana tegese, kang bener yaikupaneluhan. Paneluhan tegese yaiku santet. Paneluhantan ana wani tegese yaiku santet ora wani.

5. Tembung miwah diganti karo tembung wah.Tembung wah lan miwah nduweni teges kang padha,yaiku tegese “lan”. Miwah diganti klawan wah,jalaran ngetrepake guru wilangane.

6. Sajroning tembang Dhandhanggula ana ukara“Maling adoh anggrahi pan padha wedi” tegeseyaiku nalika ing wayah wengi ana wong kang arepnjupuk barang kita kang ora kandha utawa kasebutmaling, yen diwacakake tembang dhandhangguladheweke bakal ngalih. Pangripta nggunakake paragamaling amarga ing jaman biyen nganti saiki, akehmaling kang bisa gawe ati kita susah. Mula, malingkasebut kudu diusir supaya ora sida njupuk barangkita.

7. Tembung Awesta ora ana tegese. Tembung kasebutbisa diganti karo tembung awasta. Tembung awastauga ana ing suluk Plencung. Unine yaiku awata punwara-wiri.

8. Trukung sajroning kamus ora ana tegese. Trukungyen digayutake klawan tembung kang ana ingngarepe lan ing mburine, tembung trukung ora trep.Trukung bisa diganti tukung. Ukara kang asline“pitik tulak pitik trukung”, owah dadi “pitik tulakpitik tukung”. Tegese yaiku pitik ules irenng kangkacampuran putih, pitik kang ora duwe buntut.

IntertekstualitasSajroning intertekstualitas, ana rong prekara

kang bakal diandharake, yaiku: (1) ngenani isine NJP(Petungan, Pethek, lan Japa Mantra), (2) IntertekstualitasNPJ klawanprimbon kontemporer, yaiku PBA.Andharanekaya mangkene

PetunganPetungan Jawa mujudake salah sijine adat Jawa

kang isih digunakake bebrayan nalika arep nindakakeupacara adat. Petungan bisa kapetung saka dina lanpasaran. Petungan dina lan pasaran bisa nuwuhake neptu.Cacahe neptu ana maneka werna, kabeh mau gumantungsaka dinane. Dina Ahad= 5, Senen= 4, Selasa= 3, Rebo=7, Kemis= 8, Jumuwah= 6, Setu= 9. Pasaran nduwenineptu kang beda-beda. Neptune pasaran yen tibaKliwon= 8, Legi= 5, Pahing= 9, Pon= 7, lan Wage= 8.

Petungan sajroning NPJ ana telung siklus, yaikusiklus lair nganti mati. telung siklus mau yaiku lair,

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

10

manten, lan mati. Telung siklus mau, bakal digayutakelan ditandhingake klawan primbon Betaljemur

Adammakna. Petungane kaya mangkene.Petungan Lair

Manungsa lair ing donya wis mesthiditemtokake dening Gusti. Kabeh mau uga wis pepesteneGusti. Manungsa lair, duwe watek kang beda-beda, kabehmau bisa gumantung saka ibu lan bapake, sarta uga bisasaka dina lan pasarane. Petungan lair, sajroning NPJ analoro yaiku miturut neptu lan mongsa. Petungane kayamangkene:

“Ing ngandhap puniki lamun Setu “sapa wongkang lahir gawa netu pira” kadi punika lakune miwahpanggan utane wong.

Netune dina pasarNetu Lakune

7. Lakune bumi

8. Lakune geni

9. Lakune angin

10. Lakune pandhita

11. Lakune Setan

12. Lakune Kembang

13. Lakune Bulan

14. Lakune Lentang

15. Lakune Surriya

16. Lakune Banyu

17. Lakune Bummi

18. Lakune Genni gedhe

(Jaelani kaca 47)Petungan lair miturut neptu ana 12, yaiku saka

neptu kang cacahe ana 7 nganti cacahe ana 18. Cacahedina lan pasaran dipetung lan gunggungee pira, banjurditemtokake lakune. Tuladhane yen ana bocah lair ingdina Sabtu pahing, dheweke duwe neptu 18. Sabtuneptune 9 lan Pahing neptune uga 9. Nalika digunggung,cacahe dadi 18.

Sajroning NPJ, bayi lair kang duwe neptu 18diarani duwe laku geni. Bayi laku geni wateke yaiku

wonge panasan, clatune ukur menga, lan padune wongjireh (Purwadi, 2006: 29). Laku banyu wateke yaiku

keras budine, suka mrentah, lan ora gelem yen kurangmangan (Purwadi, 2006: 29). Laku banyu diduweni

dening bayi kang duwe neptu 17. Saliyene iku, laku buminduweni watek rendah pangocape. Laku bumi diduweni

dening bayi kang neptune ketemu 16.Saben netu nduweni laku kang beda-beda.

Sajroning lakune manungsa miturut neptu, ana maknanedhewe-dhewe. Miturut Tanoyo (15), laku bumi ngantilaku geni gedhe maknane beda. Laku geni tegese yaikubocahe panas baranan, ambangun perang, drengki, yenwadon sok anggung gawe bilahi. Laku angin tegesebocahe meneng, mandita, dhemen ginunggung, nangingyen duwe japa ora mandi. Laku pandhita tegese yaikubocahe meneng, anggitan, yen wuruk nuli bisa, jeronepsune, bisa menyang padukunan.

Laku setan uga nduweni teges dhewe. Bocahkang nduweni laku setan bocahe kendel, wani angambahwengi, calimut, melik marang duweke tangga. Lakukembang tegese yaiku tan derman, akeh sanake, linutanmarang jalma jalu lan estri. Laku bulan tegese yaikusabarang penggaweyan bangkit lan sedhela bisa mukti,jembar budine, yen winuruk gelis bisa. Bocah kangnduwe laku lentang yaiku meneng, lembah manahnanging tan darbe sedulur, betah melek. Laku suryanduweni makna pamicarane manis, asor yen padu, barang(apa-apa) kacipta. Laku banyu tegese yaiku ing tembebocahe seneng mrentah, keras budine, lan ora gelem yenkurang mangan.

Petungan kaya mangkono, uga ana ing PBA.Petungan miturut neptu isine kaya mangkene

“Wataking bayi miturut gunggunge neptunedina lan pasaran nalika lahir.

Yen gunggunge neptune katemu:

6 Narima, dhemen ulah kapandhitan, nangingwicarane tan kena kasoran, dhemen lelunganadoh.

7 Brangasan lan panasbaran, drengki kurang martakang ati, akeh wong kang den brangus, dhemenpadu, yen nepsu sok mbilaheni.

8 Baranjalan omah-omah sring ngalih, sabaneadoh, yen duwe japa, ora mandi malah gawekarusakan.

9 Anteng sembada, yen diwulang lantip, jeronepsune, baud lan bisa dadi dhukun. Ora gelemtinakonan. Juweh tresna marang sanak dulure.

10 Mapan bares tur pralayan, wani ngambah ingwengi lan kendel, wani mati. Dhemen weweh,loma maring sapadha-padha. Alane yen nandhangmiskin, sring climut gelem njupuk barange tangga.

11 Kurang panarima ing titah, akeh pangarahe,kasmaran mring kasinggihan, (dhemenkaluharan), lananga wadona gambang goleksandhang pangan, sring kelangan, tetepungekurang manis.

12 Lanyah pamicarane, gungage kepati-pati,nanging atine becik, rukun runtut mring sadulure,yen nepsu ala, betah melek tinggal kalbu (melektanpa keperluan), yen nyudagar wateke taberidagang.

13 Sabarang pagaweyan bisa, sedhela bae banjurpinter, apa maneh yen diwulang banget anggonengemen-emenake, cacahe rada sungkanan lan orasugih, nanging lembah manah.

14 Gejarah bisa mrentah marang wong, keras tatasatine, cukup pambudine. Ora kurang sandhangpangan, akeh mitrane kang padha asih, cacadesring padu bab tatakrama lan akrama.

15 Sedhep marang silakrama, sugih, juweh,sabarang cinipta ora luput mesthi dadi, yen bukti(mamangan) ora kena pinalangan.

16 Meneng nanging cugetan aten, yennyambutgawe sring niwasi, kerep dipaeka wong,tan kena pinandhan ing sapadha-padha.

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

11

17 Kaduk wani kurang duduga, yen dinulu padunesembranan, yen tukaran diwaneni banjur ngalah.(Noearadya, 2005: 67)

Saka rong primbon mau, bisa didudut yen bayilair kang duwe neptu 18, diarani duwe laku geni gedhe.Wateke yaiku wonge panasan, clathune ukur menga,padune wong jireh, sembrana, yen padu senenganengalah. Bayi kang duwe neptu 17, diarani laku bumi,wateke yaiku meneng, bisa gawe bebaya, lan seringmrentah wong liya.

NPJ lanPBA nduweni afirmasi (panampa)amarga isine ngenani wateke manungsa miturut neptupadha, nanging PBA luwih cetha, amarga sajroning NPJisine mung lakune wae lan ora ana sipate manungsa kangluwih mligi.

Petungan lair wateke manungsa sajrone NPJ ugaana kang miturut mangsa. Mangsa Jawa ana 12, bayikang lair ing saben mangsa nduweni ciri watek kangbeda-beda. Wateke manungsa kaya mangkene.

“Ing ngandhap puniki candrane bayi lahir,watake mongsa nuju mong

pira bayi lahir iki

(Jaelani kaca 48)Wong kang lair ing mangsa kasa, wateke

welasan marang wong liya. Mangsa kasadha, watekewong mangsa kasadha sedheng palah ing budine, tegeseyaiku nduweni budi kang becik, pratitis samubarangpikire resik (Tanojo, 44). Mangsa destha nduweni watekcinggeng pikire lan mripate ala.

Sajroning PBA uga ana petungan kaya mau,petungan wateke manungsa miturut mangsa kayamangkene

“Wateking bayi miturut mangsa nalikalahir.

Yen lahire ing mangsa kasa, wateke tengah-tengah.Karo, wateke crobo, Katelu, wateke cetil. Kapat, wateke resikan. Kalima, wateke juweh. Kanem, watekepinter sabarang gawe. Kapitu, wateke cengkiling.Kawolu, watake blaba. Kasanga, wateke rusuhcalathune. Kasepuluh, wateke cugetan aten. Dhesta,wateke seneng laku salah. Sada, wateke welas asih(Noearadya, 2005: 66).

NPJlanPBA ngenani wateke manungsa miturutmangsa, ana kang padha utawa kasebut afirmasi lan anakang beda utawa kasebut negasi. Pambedane ana loro,yaiku bayi lair ing mangsa sedasa lan mangsa kekasa.

Wateke manungsa ing mangsa sedasa sajroning NPJ,wateke ceguk laran, nanging yen ing Primbon BetaljemurAdammakna wateke yaiku wateke cugeten aten. NPJngandharake yen ing mangsa kekasa, wateke bayi yaikuwonge welasan, nanging yen ing PBA wateke tengah-tengah.

Sajroning intertekstualitas NPJ klawan PBAkang ngenani petungan manungsa miturut mangsa,panliten nduweni pamawas yen NPJ luwih cethatinimbang PBA, amarga sajroning PBA wateke manungsaing mangsa kasa yaiku tengah-tengah. Watek kasebut oracetha kang kaya apa.

Petungan RabiPetungan rabi sajroning NPJ ana rong cara,

yaiku ngitung kanthi cara pitungan Pancasuda pitungankanthi cara nggabungake jeneng calon penganten lananglan wadon sarta pancasuda kanthi cara ngitung neptunecalon penganten lanang lan calon penganten wadon.

. Pancasuda yaiku petungan kanggo mangerteniapik eleke wong lanang lan wadon, banjur dijipuk sakaneptune (Noeradya, 1990: 20). Petungan dijupuk sakajeneng ngarep lan mburi saka wong lanang lan wongwadon, banjur dipetung dadi siji. Petungane ana 20miturut petungan hanacaraka. Neptune ha=6, na= 3, ca=3, ra= 3, ka= 3, da= 6, ta=3, sa= 3, wa= 4, la= 5, pa= 1,dha= 4, ja= 3, ya= 8, nya= 2, ma= 5, ga= 1, ba= 2, tha= 4,nga= 2. Pitungane kaya mangkene

Puniki perditine tyang palakrama “itunganpanca suda” pamisetya milih mundhuta sirah buntutsaking netune hanacaraka puniki angsal pinten kathahenetu lajeng kahitung ing wingking puniki.

1. Ha 62. Na 33. Ca 34. Ra 35. Ka 36. Da 67. Ta 38. Sa 39. Wa 410. La 511. Pa 112. Dha 413. Ja 314. Ya 815. Nya 216. Ma 517. Ga 118. Ba 219. Tha 420. Nga 2

1. Uwit tetep atine2. Godhong seger dadine wong3. Pangpang dipuri wong barange4. Kliyang rebah tangi sakite5. Ngakking kemlaratan dadine

Kepitu wateke cengkeling atiKewolo madya sedheng palaheKesonga wateke berabah bicaraSedasa wateke ceguk kara ranataKedestha wateke wong selimutKesada sedheng palah ing budineKerkasa wong ngiku welasan maringKaro wateke wong ceroboKatelu wateke dadi wong kumetKepat wateke wong resikanKalima dadine wong juwoKeneme wateke wong lantip ati

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

12

1. Tunggak tan bisa semi ngelamate2. Lumbung gumuling lamate barosya3. Pisang punggel baten tulus palakrama4. Sanggar ringin kembar dadi pangngungsen5. Sumur sinaba ngamcek cukup sandhang

pangane6. Satriya lelaku dadi kangelan7. Pandhita muntel dadi sewangan.

(Jaelani Kaca 33-34)

Tunggak tan bisa semi ngelamatake tegese yaikubecik atine, nanging rejekine satitik. Pisang punggelbaten tulus palakrama tegese yaiku yen duwe anak 1, yenlanang bapake kang kalah, nanging yen wadon, ibunekang kalah. Sanggar ringin kembar dadi panggungsentegese yaiku wong kasebut uripe ayem sarta wilujengsalawase.

Suwarni (2005: 49) ngandharake tegeselumbung gumuling yaiku wong kang palakrama nduwenisipat boros. Sumur sinaba nduweni makna yen sajroningpalakrama, wateke wong kasebut sugih pawong sanak lanatut runtut (Tanoyo, 44). Satriya lelaku nduweni sipatkangelan. penggaweyan kang cocok kanggo satriyalelaku yaiku dagang. Pandhita muntel nduweni maknayen sajroning palakrama bakal dadi sawangane wong liyaamarga uripe seneng lan selamet.

Tuladhane petungan mau, nalika ana calonpenganten lanang jenenge Supriyadi lan calon pengantenwadon Sulistiyawati. Jenenge wong lanang kang ngarepyaiku Su lan pungkasan jenenge Di. Su nduweni neptu 1Di nduweni neptu 6, yen digunggung dadi 7. Calonwadon jeneng ngarepe Su neptune 1 kang pungkasan ti,nduweni neptu 3. Neptune dadi 4. Gunggunge neptucalon penganten lanang lan wadon ana 7 lan 4.gunggunge dadi 11. 11 diperang 5, turahe ana 1. Turah 1diarani uwit, tegese yaiku tetep atine.

Saliyane pitungan mau, NPJ uga nuduhake yenpitungan rabi bisa kapitung gungunge neptu banjurdiperang dadi 6, yen turah 1, kemanten senengane padu,turah 2, wonge padha alane, jero sinarraja becik yaikuwonge becik, yen turah papat, sanggar ringin keringantegese seneng, bisa kanggo panggonan ngayup.Kemanten kekarone sering lara yen neptune turah 5.Pungkasan turah 6, kemanten sering kepaten.

Tuladhane, Wati rabi karo Iwan. Wati lair ingdina Jumuah Legi. Jumuah= 6, Legi= 5, gunggunge 11.Iwan lair ing dina Kemis Pon. Kemis gunggung neptuneana 8, Pon ana 7. Gunggunge dadi 15. gunggung neptuneWati lan Iwan dipetung banjur diperang dadi 6. 11+ 15=26: 6= 4 turah 2 lan diarani “kala tinantang”, tegese yaikusalah sijine ana kang kalah (Tanojo, 70)

Ing ngandhap punniki katranganne netu“lahhire tyang kalih” panggih pinten kathahe.Ngange dipun patong 6 X 6 pinten karrine “lajengkahhitung”1. Sangu padu wonge2. Kala tinantang ala3. Jero sinarroja becik4. Sanggar ringin keringan5. Macan ketawang sakitan6. Repot sangu pati. (Jaelani Kaca 49)

Wong bebojowan netune diperang lan bisaketemu 1, bale wismane asring padu siji klawan sijine.Tanojo, (70) ngandharake yen kala tinantang ala tegesesalah sijine ana kang kalah. Jero sinarraja becik tegeseing bale wismane becik, wilujeng, lan akeh rejeki.Sanggar ringin keringan tegese yaiku wong kangmbangun bale wisma ayem. Macan ketawang sakitantegese yaiku kangelan lan asring sakit. Repot sangu patiyaiku salah sijine ana kang mati dhisik.

Sajroning PBA petungan kanggo wong rabi kayamangkene

“Miturut aksara jenenge penganten lanagwadon, mung kajupuk aksarane kang ngarep dhewe.Neptune aksara ksgunggung kabage 5, turah pira.Yen turah:1. Sri, slamet lumintu rijekine2. Lungguh, duwe pangkat3. Gedhonng, sugih4. Lara, kangelan5. Pati, sangsara utawa karep kepaten.Neptune aksara: a 1, n 2, c 3,r 4, k 5, f 6, t 7, s 8, w9, l 10, p 11, d 12, j 13, y 14, v 15, m 16, g 17, b 18,q 19, z 20(Noearadya, 2005: 15 ).

Saliyane petungan mau, uga ana petunganngenani wonng palakrama, nanging cara ngitunge beda.Petungane kaya mangkene.

Wetone penganten lanang wadon neptunekagunggung banjur kabage 10 utawa 7, turahe orakena luwih saka 7. Manawa kabage 10 turahe luwihsaka 7, iku banjur kabage 7, angka turahe nuduhakekatemuning petungan.

Yen turah

1.wasesasegara, kamot, jembar budine, sugihpangapura gedhe prabawane.2.Tunggaksemi, cepak rijekine3.Satriya wibawa, oleh kamulyan lan kaluhuran.4.Sumursinaba, dadi pangungsening kapinteran.5.Satriyawirang, nandhang dukacita, kawirangan,isarat panulake

ngetokake getih, umpamane mbeleh ayam.6. Bumikapetak, petengan aten, nanging taberi inggawe, kuat nandhang lara

lapa, resikan, isarat panulake mendhem, lemah.7. Lebu katiup angin, nandang papa cintraka,kabeh kerepe ora dadi, kerep

ngalih omah, isarat panulake ngabul-abullemah(Noearadya, 2005: 15 ).

Saka rong primbon mau, bisa kawedhar yenpitungan ing NPJ lan PBA duwe negasi yaiku pitunganwong rabi yen kanthi cara ngitung wetone kemantenlanang lan wadon, yen turah 1, ing NPJ diarani tunggaktan bisa semi, nanging ing PBA diarani wasesa segara.Tunggak tan bisa semi lan wasesa segara nduweni maknakang beda. Tunggak tan bisa semi tegese selamet lancepak rejekine, nanging yen wasesa segar tegese yaikusugih lan jembar pangapurane.

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

13

Saliyane negasi mau, uga ana kang nuduhakenegasi liyane. Sajroning petungan kalorone primbonmau, yen turah 2, ing NPJ Lumbung gumuling, nangingsajroning PBA diarani tunggaksemi. Lumbung gumilingtegese yaiku wong bebojowan uripe boros, yen tunggaksemi ateges sugih lan jembar pangapurane.

Neptune calon kemanten lanang lan wadondigunggung banjur diperang pitu utawa sepuluh yen turah3, diarani pisang punggel, nanging ing PrimbonBetaljemur Adammakna Satriya wibawa. Saka rongpanemu mau tegese beda. Pisang punggel tegese bakalpisah lan sajroning bale wisma ora bisa tahan suwe(Warni, 2005, 49), nanging yen satriya wibawa tegeseyaiku oleh kemukten lan kawibawan (Tanoyo, 11).

Tetembungan sajroning NPJ diarani sanggar ringining, nanging ing PBA diarani bumi kapetak. Sanggarringin nduweni teges bisa digawe panggonan kanggongiyup, seneng, lan kebutuwane saben dina cukup(Suwarni, 2005: 49), nanging yen bumi kapetak tegeseyaiku becik atine, nanging petengan ati (Tanoyo, 11).

Pitungan sajroning NPJ klawan PBA yen turah7, sajroning NPJ diarani lebu katiup angin, nanging ingPBA diarani pandhita mukti.Lebu katiyup angin tegeseyaiku kerep susah, mawut rusak, lan asor derajate(Tanoyo, 10), nanging yen pandhita mukti tegese ayem,tentrem, lan slamet (Noeradya, 2005: 15).

PethekPethek yaiku mbadhe (Bausastra, 2009: 552).

Pethek mujudake salah sijine sajroning primbon. Pethekuga dadi budaya wong jawa kang isih digunakake ngantisaiki. Pethek sajroning NPJ ana kang ngenani barang,wateke manungsa, nandur pari, wong lara, lan pati.Andharane kaya mangkene.

BarangSajroning NPJ ana pethek ngenani barang.

Barang kang wis dijupuk wong bisa ketemu lan bisa ugailang, kabeh mau gumantung dinane. Pethek kanggomangerteni yen barang kang ilang bisa ketemu utawailang, bisa kapitung saka neptune. Barang kang ilangnalika dijupuk wong, uga bisa dimangerteni yen wongkang jupuk lanang utawa wadon. Petheke kayamangkene.a. Ilang/ ketemu

“Lamun sira ngawruhi barang ilang “dina ikupira netune” dina sak pasarane lajeng kapitung tigakados ing ngandhap puniki “kari”1. Ilang2. Ketemu3. Ilang

(Jaelani Kaca 46)Barang kang ilang sajroning NPJ bisa ketemu

nalika neptune dina diperang dadi telu lan isih turah 2.Barang kang ilang ora katemu nalika neptune dinadiperang dadi telu, nduweni turah 1 utawa 3. TuladhaneAmir kelangan sepedha nalika dina Rebo Wage. Reboneptune 7, Wage neptune 4 gunggunge dadi 11. Sawisedigunggung, neptu mau diperang dadi 3 turah 2.Sajroning NPJ, yen turah 2, nuduhake barang bisaketemu.

Sajroning PBA uga ana pitungan ngenani barangilang kang ketemu apa ora. Barang bisa ketemu yenneptune dina turah 2, nanging barang kang ilang lan orabisa ketemu yen pitungane turah 1 lan 3. Pitungane kayamangkene

“Barang ilang ketemu lan oraneGunggunge neptune dina lan pasaran nalikakelangan kapara 3, turah pira.yen turah 1 Barang ora ketemu, 2 Barang bisaketemu, 3 Barang ora ketemu, nanging wong kangnyolong nuli lara (Noeradya, 2005: 209).

Saka andharan rong primbon mau, didudut yennduweni afirmasi. Afirmasine NPJ klawan PBA yaikuyen pitungan wong nyolong ketemu 1 lan 2. Ketemu 1ing primbon kalorone padha-padha ilang lan petunganketemu nalika petungane turah 2. Barang bakale ilangyen turah 3, saliyane iku wong kang nyolong bakal lara.b. Wong kang Nyolong

“Lamun sira arsa ngawruhi lanang wadone ugikados ing ngingil punika “kapetung tiga tiga” lamunkari siji lanang1. Lannang2. Wadon3. Lanang

(Jaelani Kaca 46)Barang kang ilang bisa dimngerteni wong kang

nyolong lanang utawa wadon yen dideleng saka neptunebanjur diperang dadi telu. Neptu yen dipetung landiperang dadi 3 turah 1 lan 3, wong kang nyolong lanang.Wong kang nyolong wadon, neptune turah 2. Tuladhane:Siti kelangan komputer ing dina Ahad Kliwon. Ahadneptune 5, Kliwon neptune 8. Gunggung neptune 13, yendiperang dadi telu turah siji. Wong kang nyolong yaikulanang.

“Lanang utawa wadon kang nyolong gunggungeneptune dina lan

pasaran nalika kelangan kapara 3, turah pira. Yenturah

1. Kang nyolong lanang2. Kang nyolong wong wadon3. Kang nyolong samar, (bisa wadon, bisa lanang)

(Noearadya, 2005: 209)Sajroning PBA wong kang nyolong bisa diitung

kanthi cara neptune dina lan pasaran barang kang ilangdigunggung, banjur diperang 3. Yen turah 1, wong kangnyolong lanang, yen turah 2, wong kang nyolong wadon,lan pungkasan yen turah 3, kangn nyolong bisa lanangbisa uga wadon.

Saka andharan mau, bisa kawedhar yensajroning NPJlanPBA nduweni isi kang padha (afirmasi),nanging uga ana saperangan kang beda (negasi).Perangan kang padha yaiku padha-padha ngitung barangkang ilang, cara ngitunge uga kanthi cara kang padhayaiku gunggunge neptu dina lan pasaran diperang 3,nanging pambedane yaiku yen barang kang ilangdipetung lan turah 3, sajroning NPJ barange wis mesthiilang, nanging sajroning PBA barang kasebut bisa ilanglan bisa ketemu.

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

14

Wateke ManungsaWateke manungsa saliyane gumantung saka

neptu, bisa uga gumantung saka wuku. Wuku cacahe ana30. Saben wuku nduweni umur 7 dina. Macem-macemewuku yaiku sita, landep, wukir, kurantil, tolu, gumbreg,warigalit, warigagung, julungwangi, sungsang, galungan,kuningan, langkir, kulawu, wuye, lan sapiturute(Noeradya, 1990: 51).

Sajrone NPJ, wateke manungsa miturut wuku amungana 2 yaiku wuku kulawu lan wuye. Wuku kulawumujudake wuku kang nomer 28, wuku wuye mujudakewuku kang nomer 22. Saben wuku nduweni watek kangbeda-beda. Wuku sajroning NPJ yaiku

1) Wuku

a. Jemuwah Legi bayi lahir wuku klawu ingkang tampi.Dewane Yang Bethara Cakra. Kayune siwalanwateke wong dawa umure mandukane yam alasajuweh pangusap pira gedhonge neng pinggirmarga. Amruhna kening sugiye karepe kayapandhita. Gelyam daleh lumokeneng yen deduwegedhe pyangkuhe wuku klawu lamduh dhedhalwalyar wateke wong belancer sarta mangku dhuwurligan. Wong ngiku landhep atine. Kalane kala ula.Sakite ana ing weteng lawan duwe lara geger ruwatesega byar panggang ayam wago abang bubur abang.Pasung janur wajik beset tali ulur, yen naredesundre wati wateke dadi nakal atine. (JaelaniKaca 67)

Wateke bayi yen lair ing dina Jemuwah Legi lantiba ing wuku klawu nduweni watek kaya Pandhita.Dewane Hyang Bethara Cakra. Sajroning NPJ, bayi yennduweni wuku klawu, dheweke bakal dadi wong sugihlan pinter kaya pandhita. Wonge uga landhep atine lanbisa mangku dhuwur ligan. Wong kang nduweni wukuklawu larane yaiku lara weteng lan lara geger. Ruwateyaiku sega byar lan panggang ayam sarta bubur abang.b. Setu Wage bayi lahir wuku wuye ingkang tampi Yang

Eka wara ing Dewane. Langkung prayitna watekekayune kayu dara landuke landuk tiwar. Pan agengbutane rep pan atine dipasang sang bahe. Gedhonglahir Ngisa. Wiyose sadheras kang dudan. Datankurang sandhang lan pangan, sarta mangku dhuwurligan. Watek wong landhep atine. Ana denesrantahane adhen ngarepanan buri. Wiyose getihpunika pana wong kukus Pendhawa. Wateke datankena kesaru bapa. Cipta kolire yen melarat aglissinahuran maring Dewane sakite ngelu linu. Ruwatesega galong jajan pasar lan wawohan. Wajik basettali sumur. Pasrahna maring guru dadi rahayu.(Jaelani Kaca 68)

Bayi lair ing dina Setu Wage nduweni wukuwuye. Wuku wuye nduweni watek kaya kayune kayudara. Bayi wuku wuye kurang sandhang pangane sartabisa mangku dhuwur ligan. Sakite kang diduweni yaikusakit ngelu. Wong wuku wuye yen duwe utang glissinahuran dening Dewa. Ruwat kanggo wuku wuye yaiku

sega galong, jajan pasar, lan wawohan. Sidhekah kasebutdipasrahna marang gurune supaya bisa dadi rahayu.

Wateke bayi miturut wuku, sajroning PBA oraditemokake, mula panliten bisa nduweni pamawas yenNPJ sajroning ngandharake petheke manungsa miturutwuku nduweni negasi.

Nandur pariNandur pari mujudake salah sijine pakaryan

bebrayan Jawa kang digunakake kanggo nyukupipanguripan saben dinane. Wong Jawa yen nandur paringgunakake adat kang isih ana, kayata adat dina kanggonandur, sidekah kang arep disuguhake, lan mantra kangisih dipercaya supaya parine bisa panen kanthi apik.

Adat kang ana ing bebrayan Jawa yen arepnandur pari ana ing NPJ. Isine kang ana gegayutane karonandur pari, unine kaya mangkene

“Sampun telas seratipun ingkang nyaritakakenkidung. Punika pertingkahipun tidha sasawah, utawagaga. Lamun alip, wiwitan maluku ing dina jumuah.Sarta den wiwitan ing tengahe sawah, utawa ingtengahe gaga, nyatur kulawan dheberber ing dinaJumuwah, mongka sidekahhe liwet muwuk, pecelgayam, dongane ruwah. Yen anelir tambane jerukgulung. Den selo ing tulakkan (Jaelani Kaca 26).

Lamun tahun ehe awiwitane maluku ing dinaRebo, awita Lor Wetan, tan titemu gelang. Dhennyebar utawa tandur wiwitan ing dina Rebo.Mongka sidekahhe sega buwet, lawuhe endhog,koralan sambel cabe. Lan wohan menir, mongkalarane sundep, tambane gedhang wutu, lan pelethingkejarad (Jaelani Kaca 27).

Para tani kudu nduweni dina kanggo nggarapsawah lan tetanem, supaya ngasilake pari kang apik lanakeh. Dina kanggo nandur pari uga gumantung sakatahune. Nalika tahun alip, maluku diwiwiti ing dinajemuwah. Tahun alip yaiku tahun kang wiwitan dinanetiba Rebo Wage. Nggarap sawah yen tiba tahun alip,wiwitan nggarape ing tengah sawah utawa ing tengahgaga mengko sidhekahe yaiku pecel ayam, donganeruwah. Sabanjure tiba tahun ehe. Tahun ehe yaiku tahunkang diwiwiti ing dina Ahad Pon, yen tahun Ehe, paratani kudu tandur ing dina Rebo. Wiwitan tandure sakaLor Wetan. Sedhekahe mengko sega buwet, lawuheendhog, lan koralan sambel.

NPJ uga njlentrehake nggarap sawah kang tibatahun jimawal, tahun je, tahun dal, tahun be, tahun wawu,lan tahun jimakhir. Saben tahun, kanggo nggarap sawahdiwiwiti saka dina kang beda-beda lan uga sidhekahe ugabeda. Isine kanggo nggarap sawah kaya mangkene

Lamun tahun Jimawal, wiwitan maluku ing dinaKemis, awita Kidul Kulon, wekasane Lor Kulon,lamun sebar utawa tandur ing dina Kemis, sidekahesega wuluk, iwake manuk, dongane kunut, tambanegedhang saba, den cacah ing tulaka, mongka japaneawit dewi ora saba, awit saba ora den saba saba.

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

15

Lamun tahun je wiwitan maluku ing dinaJumuwah, awita lor kulon wekasane tengah beneresawah, sidekahe sega liwet, lan pecel ayam, dunganedungane istiparping walu. Larane celeng serananejagung, lan bucette sega wadhang. Binakar lantasiha sing pinendhem ing tulakkan, mongka japanemandhek guling. Tunggune sega rawe dang, satumara satu mati, ngleburluwih ujarre rajah iman.

Lamun tahun dal wiwitana maluku ing dinaRebo. Awitta Kidul Kulon. Wekasane wetan bener.Sidekahe sega liwet, iwakke iwak loh, dunganeapina. Larane lodho, tambane taine budheng, denpendhem ing tulakkan (Jaelani Kaca 28-29).

Tahun Jimawal wiwitan maluku tiba ing dinaKemis. Nggarape diwiwiti saka dina Kemis. Saliyane iku,kanggo nyebar wiji diwiwiti saka arah kidul kulon,pungkasane ing arah lor kulon. Nalika tandur, diwiwitiing dina Kemis. Sedhekahe yaiku sega wululk, iwakemanut. Donga kang digunakake yaiku donga kunut.Nalika parine kena penyakit, ditambani karo gedhangsaba.

Wiwitan maluku ing dina Jemuah lan diwiwitisaka Lor Kulon lan wekasane ing tengah bener. Ikukanggo nggarap pari yen tiba tahhun je. Sedhekahe yaikusega liwet lan pecel ayam. Dongane kanggo nandur pariing tahun je yaiku nggunakake donga istigfar ping wolu.Penyakite ing tahun je yaiku celeng.

Sajroning NPJ para tani yen arep tetanem ingtahun dal wiwitan maluku kudu ing dina Rebo. Diwiwitisaka kidul kulon lan wekasane ana ing Wetan bener.Sedhekahe yaiku sega liwet lan iwak nloh. Dunga kangdigunakake yaiku donga apina. Penyakit kang bakalnyerang tanduran yaiku penyakit lodho. Penyakit kasebutbisa ditambani taine budheng.

Lamun tahun Be wiwitane maluku ing dinaRebo. Awitane Kulon bener. Sidekahe sega liwet.Iwakke endhog, lan kukuluppan dungane kunut,mongka larane walang, tambane nglenga. nulidenbanting ing tulakan. Lamun tahun wahu, wiwitanmaluku ing dina Jumuah, awitta Kidul Kulon,sidekahe sega liwet, iwake loh, dongane ruwah,larane putih, tambane degan, den sok ing tulakan.

Lamun tahun jimakir wiwitana maluku ing dinaKemis, awitta Kidul Wetan wekasane tengah bener.Sidekahe sega liwet wuduk. Larane tikus, tambanepaku wajan pengaji sethong aja anjaluk ambuh. Atubilahe mongka den taleni lawe wena.Ubet ping telu,saradde bunar, den salo ing tulakan (Jaelani Kaca29-30).

Tahun Be wiwitan maluku ing dina Rebo.Maluku diwiwiti saka Kulon bener. Sedhekahe yaikusega liwet. Iwak kang dienggo sedhekah yaiku iwakendhog lan nganggo kulupan. Dongane nggunakakedonga kunut. Lara ing tahun be yaiku kena lara walang.Tambane yaiku nglenga lan nulit banting ing tulakan.

Tahun wawu tibane ing dina Senen Kliwon.Nalika para tani arep nanem pari ing tahun wawu, kudu

diwiwiti ing dina jumuah. Wiwitane ing kidul kulon.Sidhekahe yaiku sega liwet. Iwakke yaiku iwak loh.Dongane yaiku donga ruwah. Penyakit pari ing tahunWawu yaiku penyakit putih. Sanadjan kena penyakitputih, ana tamba kanggo nambani wohane. Tambaneyaiku degan.

Saliyane tahun Be lan Wawu, kanggo nanempari uga ana ing tahun Wawu. Tahun Jimakhir yendienggo tetanem, diwiwiti saka dina Kemis. Malukunesaka Kidul Wetan lan wekasane ing tengah bener.Sedhekahe nalika ing tahun Wawu yaiku sega liwet.Penyakit kang ana ing tahun Wawu yaiku kena tikus.

Sajroning PBA, panliten ora nemokake pethekngenani wong nandur pari miturut tahune. Mula, petheknandur pari miturut tahune kalenu negasi.

PatiPatine manungsa amung Gusti kang mangerteni,

nanging kadhang kala manungsa bisa ngronce wayahbayi lair lan wong kang arep mati. Wong kang lair lanmati bisa dimangerteni saka dinane. Nalika ana salahsawijining wong arep ngelairake bayi utawa arep nujupatine, bisa dideleng saka dinane.

Sajroning NPJ, wong kang lair utawa mati ingdina Ahad, iku ana jam 6, 7, 11, 1, lan 5.

Pal wong ajal

Akad, wayahe jam 9, 7, 11, 1, utawa 5Senen, wayahe jam 8, 10, 1, 3, utawa 5Selasa, wayahe jam 7, 10, 12, 2, utawa 5Rebo, wayahe jam 7, 9, 11, 2, utawa 4Kemis, wayahe jam 8, 11, 1, 3 utawa 4Jumuah, wayahe jam 8, 10, 12, 3 utawa 4

Setu, wayahe ja 7, 9, 12, 2, utawa 4

(Noearadya, 2005: 230)

Sajroning NPJlanPBA, ana pethek kang bedanalika dina Ahad lan Rebo. Wong kang arep mati dinaAhad, ing NPJ manjing jam 6, 7, 11, 1, lan 5, nangingsajroning PBA, manjing jam 9, 7, 11, 1, lan 5. Saliyane

iku, pambeda utawa negasi sajroning rong primbon mau,ngenani patine manungsa ana ing dina Rebo. NPJ

ngandharake yen wong mati dina Rebo, matine jam 7, 9,11, 3, 4, nanging ing Betaljemur Adammakna jam 7, 9,

11, 2, 4.Japa mantra

Mantra yaiku dedonga utawa tetembungan kangdienggo njapani, Bausastra (2000: 458). Mantra sajroningNPJ mujudake salah sijine kidung kang diprecayabebrayan yen bisakanggo nambani wong lara. Mantranearupa tembang dhandhang gula lan kinanthi. Mantrakasebut bisa diarani kidung. Mantra ing dhandhang gulakanggo nambani wong lara lan mantra ing kinanthikanggo nambani bayi sawane.

Nambani Wong LaraSajroning NPJ, mantra kanggo nambani wong

lara arupa tembang dhandhang gula. Mantra kasebutmirip karo mantrane sunan kalijaga. Chodim (2011: 16)

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

16

ngandharake sunan kalijaga ngronce dedonga-dedongaing basa Jawa. Dedongane arupa kidung “Rumeksa ingWengi”. Kidung kasebut diarani “Mantra Wedha”.

Unine kaya mangkene

Dhandhang GulaWonten kedungrumeksa ing wengiteguh rahayu luput ing laraluputa nyila ika nyohejim setan tan nana purunpaniluhhan tan nana wanimiwah wong penggawe alagunane wong luputgeni ageng emah tirtamaling adoh anggrahi pan padha weditujuku nama sirna.......................................

(Jaelani Kaca 15)Ana kidung rumeksa ing wengi. Kidung kasebut

bisa ngedohake saka lara. Lara kang bisa ditambaninanggo kidung kasebut yaiku lara amarga kena setan,santet, lan wong kang arep nggawe ala marang kita.Saliyane iku, kidung kasebut uga bisa nyingkirake malingsarta bebaya bisa ilang.

Pada kaloro mantrane uga ngenani memulehpenyakit. Unine kaya mangkene

Sekehe lara samiya ngalihsekehe mapan sami mirudamelas asih pandulunesekathahe ja luputkadya kapuk tibaning wesisagunge wisa tawasatu nalak tutukkayu angker lemah sangarsonge landhak guwane wong lemah miringkadya pakipon merak...................................

(Jaelani Kaca 16)Akehe penyakit padhaa ngalih, penyakit kang

arep teka uga dimantrani supaya ndang minggat lan balimenyang asale. Kabeh padha manut marang wong kangmaca mantra kasebut. Kayu angker, lemah sangar, lannganti guwane wong lemah miring. Sakabehe racun bisadadi tawar amarga kena mantra kasebut.

Sajroning PBA ora ditemokake kidung kang kayamangkono. Tembang Dhandhanggula sajroning PBA isinengenani sufisme kang ana gegayutane karo keblat papatlima pancer. Unine kaya mangkene.

Dhandhanggula

Ana kidung akadang prematiAmong tuwuh ing kawastaniraNganakaken saciptaneKakang kawah punikuKang rumeksa ing awak mamiAnekakaken sedyaPan kawusananipunAdhi ira-ira ikaKang mayungi ing laku kuwasaneki

Ngenakaken pangerah

Ponang getih ing rahina wengiAngrowahi Allah kang kuwasaAndadekaken karsanePuser kuwasanipunNguyu-uyu sembawa mamiNuruti ing panendhaKuwasanirekuJangkep kadangingsun papatKalimane pancer wus sawijiNunggal sawujud ingwang(Noearadya, 2005: 44)

NPJ klawan PBA isi dhandhanggulane beda,sajroning NPJ ngenani japa mantra kang dijupuk sakatembange sunann Kali Jaga, nanging yen Dhandhanggulaing PBA dudu ngenani japa mantra nanging ngenanikiblat papat lima pancer. Mula, dhandhanggula sajroningNPJ klawan PBA nduweni negasi.Nambani Bocah Sawanen

Sawanen mujudake salah sijine penyakite bocahcilik. Bocah yen kena sawanen saben dina nangis lankudu ditambani. Sajroning NPJ yen ana bocah kenasawan, kudu dijapani supaya enggal waras. Mantranearupa tembang Kinanthi. Unine kaya mangkene

KINANTHI.................................

Sah punniku pujinepunAlahuma hadam sarwinKul uwallahhu alahwasabikul walilahiwasabikul kabatwolahcep menenga aja nangis......................................(Jaelani Kaca 25)Tembang Kinanthi mau mujudake tembang kang

ana mantra kanggo bocah sawanen. Mantrane arupa basaArab. Unine “Alahuma hadam sarwin, Kul uwallahhualah, Wasabikul walilahi, Wasabikul kabatwolah. Caranekanggo nambani bocahe diwacakna mantrane, banjurdiidoni ping telu.

Tembang Kinanthi sajroning NPJ unine kayamangkene

KINANTHI

1. Ana kidung kang winuwuslamun nana lare nagispuniki sira wacakentetembangan ing Kinanthimengkono unine tembangpan dadi suwuke bayi

2. Ana Gandrung nangis maburamaca selawardiyen nana lare amonthahSi Gandrung teka maraninyuwuki lelara niratumukul sarwi ngidoni

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

17

3. Pitik tulak pitik trukungtetulake jabang bayingidohna dasi cacing raceksarap sawan padha matiSi trukung mekukung ing ngarsitinulak balik ing Margi.

4. Lan nana bayi punikukekasih ira Yang Widirineksa ing Malahekatden nemban ing Widadaripinayungan ing Yang Nabikinebutan Widadari

1. Sah puniku pujinepunAlahuma hadam sarwinKul uwalahu Alahwasabikul walilahiwasabikul kabatwolahcep menenga aja nangis

2. Sekathahe wali kahumNgulama lan para mukminsamya tunggu dhateng jabangmalah ilang ingkang sakitsirna laranne ki jabangwela sang lujeng ki bayi

7. Sun kudangen anak ingsunyen kaya ahiman pujigadhongan iman sekawanperdawa iman suwengikembange iman tawekalwoh ira puji lan dhikir

8. Yen wus diwasa anak sunsun kudang abisa ngajikitab sitim lawan duratusullira lawan tapsirtilawat madhake rekkansenambi bekti Yang Widi

(Jaelani Kaca 24-26)

KINANTHI1. Yen nangis lare puniku

lela-lelanen anulisupaya doh kang lalarasarap sawane alaritan wani anyedhakanasaking rokhmate Hyang Widi

2. Winacaa puji ikusetan lumayu nggendringsarap sawane anyimpangpanca baya pan sumingkirkala-kalane akesahdatan wani amarani

3. Pitik tulak pitik tukungtetulake jabang bayiSi tulak tunggu neng marga

Si tukung mekungkung ngarsicacing recek samya ilangkruma kremi padha mati

4. Ana kinjeng tangis maburamencok neng sela hardimiring tangise ki jabangarsa njuwuk anjampenijabang bayi wis menengawis menengawis turua away nangis

5. Sapa mangling-manglongiku apa sira maling sektiing Lor Kidul Kulon Wetanden kongkon aguna melingamburu si asu ajagdipoma den koonsi mati

6. Maling aguna sirekukalawan sibajing kikikmiwah si aji palampangreksanaen sijabang bayimburu jinandha Jantalalawan sigumarang sapi

7. Miwah siceleng demalungtudhungen dimen angalihyen wus nora katinggalansira balia den aglisreksanen ingkang santosaanakingsun jabang bayi

8. Sawengi aja turudimen adoh kang bilahisumingkir ingkang lalaratan ana wani nyedhakimulia away nggegawaSi jabang amales becik

(Noearadya, 2005: 44)

Tabel 4.6: Intertekstualitas Japa Mantra BocahSawanen

Tabel 4.6: Intertekstualitas Japa Mantra BocahSawanen

No. NPJ PBA1. Lamun nana

lare nagis(P1. 2)

Yen nangis lare puniku(P1. 1)

2. Puniki sirawacaken (P1.3)

Winacaa puji iku (P2. 1)

3. Pitik tulakpitik trukung(P3. 1)

Pitik tulak pitik tukung (P4. 1)

4. Tetulakejabang bayi(P3. 2)

Tetulake jabang bayi (P. 2)

5. Si Trukung Situkung mekungkung ngarsi

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

18

mekukkunnging Ngarsi(P3. 5)

(P3. 4)

6. Tinulak baliking margi(P3. 6)

Situlak tunggu neng marga (P3.3)

7. Cep menengaaja nangis(P5. 6)

Wis turua away nangis (P4. 7)

8. Samyatunggudhatengjabang bayi(P6. 3)

Sawengi aja turu (P9. 1)

9. Sarap sawanpadha mati(P3. 4)

Sarap sawane anyimpang (P2.3)

10. Ngidohnadasi cacengracek (P1. 2)

Cacing racek samya ilang (P3.5)

11. Anagandrungnangis mabur(P2. 1)

Ana kinjeng tangis mabur (P4.1)

12. Amacaselahardi(P2. 2)

Amencok neng sela hardi (P4.2)

13. Sirna laranesi jabangbayi (P6. 5)

Sumingkir ingkang lara (P9. 3)

14. Anyuwukilelara nira(P1. 2)

Arsa nyuwuk anjampani (P4. 4)

15. Yen nanalareamonthah(P2. 5)

Miring tangise ki jabang(P4. 3)

Intertekstektualitas NPJ klawan PBA yaikunduweni teges kang memper, nanging pambedane ana ingpada lan barise. P nuduhake pada. Pangripta bisa waengetrepake guru lagu lan guru wilangan ing pupuh lanbaris kang cocok. Tuladhane: sajroning NPJ ing pupuh 1baris kaloro unine tembang “Lamun nana lare nagis”(P1. 2), nanging sajroning PBA katulis ing pupuh 1 baris1 unine “Yen nangis lare puniku” (P 1. 1). Tegese sakarong cuplikan tembang mau, yaiku yen ana bocah nangis.

Dudutan saka andha ran intertekstualitas NPJklawan PBA yaiku ana afirmasi lan ana negasi. Afirmasisajroning studi intertekstualitas ana pitu, yaiku ngennaiwateke manungsa miturut neptu, wateke manungsamiturut mangsa, pethek barang kang ilang/ ketemu, wongkang nyolong, paraning durjana, wong lara lan pati.

Negasi NPJ klawan PBA ana lima, yaikungenani wateke manungsa miturut mangsa, pitungan rabi,petheke wong kang nyolong barang, wong lara lan pati.Saliyane iku, panliten nduweni pamawas yen NPJmujudake naskah kang luwih amba, amarga sajroningNPJ ana rong perangan kang ngenani wateke manungsa

miturut wuku lan japa mantra kanggo nambani wong laraora ditemokake ing sajrone PBA.

Japa mantra sajroning NPJ mujudake japamantra kang dijupuk saka tembang Dhandhanggula.Tembang Dhandhanggula diwedharake dening SunanKali Jaga lan diarani kidung “Rumeksa Ing Wengi”.Kidung kasebut ora ana ing PBA.

Intertekstualitas ngenani panulisane NPJ klawanPBA bisa dimangerteni saka kelairane pangripta. MiturutPak Maulana, kang mujudake narasumber, pangripta NPJyaiku Mbah Jaelani utawa mbah Noer Salam.Panjenengane lair ing taun 1729 lan seda ing taun 1804.Panjenengane kagungan putu asmane Bapak Kusen.Bapak Kusen minangka Bapake Maulana Khusaini lanputune Mbah Jaelani.

Andharan ngenani pangripta NPJ beda klawanandharan ngenani PBA. PBA mujudake primbon kangditerbitake dening penerbit Soemodijoyo Mahadewa.Pangripta kang satemene ora ditemokake ing naskahasline, nanging asale naskah saka Kanjeng RadenHadipati Danurejo (Noeradya, 2005: 5). Panjenenganepatih Kanjeng Sultan Hamengku Buwana VI ngantiSultan Hamengku Buwana VII. Kanjeng SultanHamengku Buwana kaping VI lair ing taun 1821 lan sedaing taun 1877 (Http//.id.wikipedia.org-wiki-Hamengkubuwana_VI, diakses dina Minggu, 13 Juli2013).

Sultan Hameng Kubuwana VI dadi patih ingtaun 1855 nganti taun 1877. Naskah mau, bisa uga katulissadurunge Hadipati Danurejo sadurunge dadi patih ingYogyakarta, bisa wae naskah kasebut katulis sadurungeAdipati Danurejo lair. Saka andharan mau, tegese RadenAdipati Danurejo luwih muda tinimbang SultanHamengkubuwana VI, amarga panjenengane isih bisadadi Adipati Hamengkubuwana VII. Naskah kasebut bisauga ditafsirake yen katulis sadurunge Adipati Danurejolair. Pramila, kang gawe dadi pathokan anggone ngriptanaskah PBA yaiku saka laire Sultan Hamengku BuwanaVI, amarga panjenengane luwih tuwa tinimbang RadenAdipati Danurejo.

Saka rong andharan mau, bisa kawedhar yenNPJ luwih dhisik anggone ngripta tinimbangPBA,amarga pangripta NPJ lair ing taun 1729. Bisadikira-kira yen panjenengane nyerat naskah ing umur 25-an, yaiku ing taun 1754, nanging PBA kang digawepathokan yaiku ing laire Sultan Hamengku Buwana VIyaiku ing taun 1821. Pambeda taun kasebut yaiku taun1754 klawan taun 1821. Pambedane ana 67 taun.

PANUTUPDudutan

Aspek wewujudaning naskah bisa kawedharngenani irah-irahane naskah, asal- usule naskah, kahananenaskah, struktur naskah, basaning naskah, kahananenaskah, tulisane naskah, ukurane naskah, lan isine naskah.Irah-irahane naskah kang wis diandharake yaiku naskahPrimbon Jaelani kang dicekake dadi NPJ. Naskah kasebutasale saka Maulana Khusaini kang pidaleme ana ing desaKarangpuri, kec. Wonoayu, Kab. Sidoarjo. NPJ mujudakenaskah kang arupa tembang ing perangan ngarep,lanmujudake gancaran ing perangan mburi. Basa kang

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

19

digunakake kanggo ngandharake isine naskah yaiku basaJawa anyar, kang kacampuran tembung-tembung .sakabasa Arab serta basa kawi.

Saliyane iku, kahanane naskah uga wigati lankudu diandharake. Kahane NPJ isih cetha lan apik. NPJarupa naskah asli tulisan tangan lan kaserat ing daluwangwarna kuning rada coklat. Perangan ngarepe wis ora ana,ing tengah ana kang bolong cilik amarga dipangan rayap,nanging bisa diwaca. Saliyane iku, perangan kangtulisane mlaur ora bisa diwaca. Naskah kaperang saka 49lembar lan 98 kaca. Cacahe kaca ana 98 kaca, cacahegatra saben kaca ana 13 nganti 16 gatra, dawane kertas 17cm, ambane kertas 11 cm, lan kandele naskah 1 cm.

Sajroning ngandharake suntingan teks, naskahkudu dikritik lan diwenehi komentar. Kritik teks kangbakal dijlentrehake yaiku ngenani tetembungan kangmujudake tembung Kawi, tembung kang ora bener, lantembung Arab kang durung bener karo tulisan asline.Babagan kang wis diandharake ing bab sadurunge kangngenani suntingan teks yaiku tembang Dhandhanggula,Sinom, lan Kinanthi. Gunggunge tetembungan kangdikritik ana 46, Tembung ing tembang Dhandhanggulaana 37 suntingan, Sinom ana loro kang dikritik, lan nemtembung ing tembang Kinanthi. Tetembungan kang wisdikritik, banjur dikomentari. Kayata tembung “kedung”,kang bener dudu tembung kedung, jalaran tembungkasebut ora trep karo tembung liyane. Tembung kasebutbisa diganti kidung. Unine dadi “Wonten kidung rumeksaing wengi” tegese yaiku ana tembang kang njaga ingwengi. Kidung mujudake karangan kang arupa tembang.

Studi Intertekstualitas uga wis kaleksanan kanthingandharake ngenani petungan, pethek, lan japa mantrakang ana ing NPJ. Intertekstualitas NPJ klawan PBAngenani petungane ana petungan lair lan rabi. Petheksajroning NPJ kayata ngenani barang kang ilang, watekemanungsa, nandur pari, wong lara, lan patine manungsa.Japa mantra uga ana ing kalorone primbon mau. Japamantra kang arupa tembang bisa kaperang dadi loroyaiku kanggo nambani wong lara lan nambani bocahsawanen. Sajroning intertekstualitas, panliten menehipamawas kanggo nampa(afirmasi) lan nolak (negasi).

Intertekstualitas ngenani seratan NPJ klawanPBA, NPJ luwih dhisik anggone ngripta tinimbang PBA,amarga pangripta NPJ lair ing taun 1729. Bisa dikira-kirayen panjenengane nyerat naskah ing umur 25-an, yaikuing taun 1754, nanging PBA kang digawe pathokan yaikuing laire Sultan Hamengku Buwana VI yaikuk ing taun1821. Pambeda taun kasebut yaiku taun 1754 klawantaun 1821. Pambedane ana 67 taun.

PamrayogaSajroning nliti NPJ, panliten ngrumangsani yen

sajroning njlentrehake ngenani petungan, pethek, lan japamantra isih kurang sampurna. Mula, panliten butuh kritiklan saran saka pamaos supaya nuwuhake pamikir kangbener kanggo garapan sabanjure.

Panliten iki uga dikarepake bisaa menehikawruh tumrap pamaos ngenani isine primbon, suntinganteks, lanstudi intertekstualitas NPJ klawan PBA. Kawruhngenani petungan, pethek, lan japa mantra bisaa

nuwuhake rasa kesadharan yen kabeh mau mujudakesalah sijine tradhisi kang kudu diuri-uri.

KAPUSTAKAN

Baroroh, Baried. 1994. Pengantar Teori Filologi.Yogyakarta: Badan Penelitian pdan Publikasi SeksiFilologi, Fakultas Satra, Universitas Gajah Mada

Chodjim. 2003. Mistik dan Makrifat Sunan Kalijaga.Jakarta: Serambi

Djamaris, Edwar. 2002. Metode Penelitian Filologi.Jakarta: Pusat Bahasa

Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi PenelitianSastra. Yogyakarta: Pustaka Widyatama

Hidayatul, Siti Muzayanah. 2011. Piwulang Agama IngSajrone Naskah Kitab Tauhid. Surabaya: Unesa

Machsum, Toha. 2008. Khazanah Naskah-naskah JawaPesisiran. Surabaya: Pusat Bahasa Balai Bahasa

Moloeng, Lexy J. 2008. Metode Penelitian Kualitatif.Bandung: Rosda Karya

Noeradya, Woerjan. 1990. Kitab PrimbonQomarulsyamsi Adammakna. Yogyakarta: BuanaRaya

________________. 2005. Kitab Primbon BetaljemurAdammakna. Yogyalarta:Buana Raya

Novalina, Vivin Herawati. 2010. Suntingan Teks lanPiwulang Moral ing Sajrone Naskah Serat WulangSunu Versi Pacitan. Surabaya: Unesa

Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori PengkajianFiksi. Yogyakarta: Gadja Mada University Press

Pardi. 1996. Sastra Jawa Periode Akhir Abad XIX-Tahun1920. Jakarta:Pusat Pembinaan danPengembangan Bahasa

Pradopo, Rachmat. 1995. Beberapa Teori Sastra, MetodeKritik dan Penerapannya. Yogyakarta: GajahMada University Press.

________________. 1997. Pengkajian Puisi.Yogyakarta: Gajah Mada University Press.

Purnomo, Bambang. 2007. Filologi dan Studi SastraLama. Surabaya: Bintang

________. 2011. Kesastraan Jawa Pesisiran. Surabaya:Bintang

________. 2013. Filologi dan Studi Sastra Lama edisirevisi. Surabaya: Bintang

Purwadi. 2006. Horoskop Jawa. Yogyakarta: MediaAbadi

Ratna, Nyoman Kutha. 2008. Teori, Metode, dan TeknikPenelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Robon, S. O. 1978. Pengkajian Satra-satra TradisionalIndonesia. Jakarta: Pusat Pembinaan danPengembangan Bahasa.

Saputra, Karsono. 1996. Tradisi Tulis Nusantara. Jakarta:Masyarakat Pernaskahan Nusantara.

Sudardi, Bani. 2003. Penggarapan Naskah. Surakarta:Badan Penerbit Sastra Indonesia

Suwarni, Widayati Sri. 2005. Dasar-dasar UpacaraAdat. Surabaya: Fakultas Bahasa dan Seni,Universitas Negeri Surabaya

Suwarni. 2007. Satra Jawa Pertengahan. Surabaya:Bintang

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas[Tintingan Filologi]

20

Syaiful, Faris Hayat. 2012. Nilai Sufistik Sajrone NaskahSayyidil Makrifat. Surabaya: Unesa.

Tanojo. Primbon Sabda Pandita. Surabaya: TrimurtiSurabaya.

Teeuw. 1988. Sastra dan Ilmu Sastra. Jakarta: PustakaJaya.

(Http//.id.wikipedia.org-wiki-Hamengkubuwana_VI,diakses dina Minggu, 13 Juli 2013).

DAFTAR KAMUSPoerwadarminta, W.J.S. 1937. Baoesastra Djawi.

Djakarta: Djambatan.Tim Penyusun Balai Bahasa. 2011. Bausastra Jawa.

Yogyakarya: Kanisus.Tim Penyusun KBBI. 1996.Kamus Besar Bahasa

Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka.Winter, Ranggawarsita. 2000. Kamus Kawi- Jawa.

Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.Yunus, Mahmud. 2007. Arab- Indonesia. Jakarta: PT.

Mahmud Yunus Wa Dzurriyyah.