KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

22
KONSTRUKSI SINTAKTIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en} Aprilia Safitri PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA ABSTRAK Panliten tumrap Tembung Kriya Nenandhang {-en} wis kerep katindakake dening pamarsudi basa. Nanging panliten kasebut durung ana kang mligi ngrembug wujud, guna, lan kalungguhane tembung kriya nenandhang {-en}. Panliten kasebut mung mligi ngandharake ngenani linggane tembung, makna, lan tuladha saka tembung kriya nenandhang {-en}. Adhedhasar bab kasebut, underane panliten iki yaiku kepriye konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} adhedhasar wujud, guna, lan kalungguhane? Tujuwane paliten iki, yaiku kanggo njlentrehake konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} adhedhasar wujud, guna, lan kalungguhane. Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif. Teori transformasi generatif dumadi saka rong perangan utama, yaiku asumsine teori transformasi generatif lan cara kerjane teori transformatif generatif. Cara kerjane teori transformasi generatif iki diperang dadi 3 adhedhasar triaspek sintaktis, yaiku wujud (katagori), guna (fungsi), lan kalungguhan (peran). Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik sinkronis, amarga basa kang ditliti yaiku basa Jawa kang digunakake ing jaman saiki. Panliten iki asipat dheskriptif utawa njlentrehake dhatane panliten iki, yaiku ukara sing nggunakake tembung kriya nenandhang {-en}. Sumber dhatane yaiku tindak tutur warga desa Tunggulsari RT/RW: 04/02 kec. Kedungwaru kab. Tulungagung lan lan panliti minangka panutur asli basa Jawa. Dhata utama ing panliten iki yaiku ukara sing nggunakake tembung kriya nenandhang {-en}. Dhata panyengkuyunge yaiku ukara sing digawe panliti minangka panutur basa Jawa ing jaman saiki. Dhata dikumpulake nggunakake metodhe nyemak banjur ditulis ing kartu dhata. Dhata sing wis dikumpulake, banjur dijlentrehake nggunakake cara kerjane teori transformasi generatif adhedhasar triaspek sintaktis. Njlentrehake triaspek sintaktise rimbag bawa-ma iki nggunakake metodhe agih utawa distribusional. Banjur asile njlentrehake dhata disuguhake nggunakake metodhe formal Konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} cacahe ana 12, yaiku (1) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} nampa (reseptif); (2) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} tiruwan (konsideratif); (3) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} atributif ; (4) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} piranti (instrumentatif); (5) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} progresif; (6) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} sebab (kausatif); (7) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} papan (lokatif); (8) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} genitif; (9) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} langsung (objektif); (10) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} datif; (11) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} reflektif; lan (12) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} repetitif. Saben tembung kriya nenandhang {-en} kang ngisi guna wasesa ing karolas konstruksi kasebut majibake 1

description

Jurnal Online Universitas Negeri Surabaya, author : APRILIA SAFITRI

Transcript of KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

Page 1: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

KONSTRUKSI SINTAKTIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

Aprilia Safitri

PENDIDIKAN BAHASA DAERAHFAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

ABSTRAKPanliten tumrap Tembung Kriya Nenandhang {-en} wis kerep katindakake dening pamarsudi basa. Nanging panliten kasebut durung ana kang mligi ngrembug wujud, guna, lan kalungguhane tembung kriya nenandhang {-en}. Panliten kasebut mung mligi ngandharake ngenani linggane tembung, makna, lan tuladha saka tembung kriya nenandhang {-en}. Adhedhasar bab kasebut, underane panliten iki yaiku kepriye konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} adhedhasar wujud, guna, lan kalungguhane? Tujuwane paliten iki, yaiku kanggo njlentrehake konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} adhedhasar wujud, guna, lan kalungguhane.

Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif. Teori transformasi generatif dumadi saka rong perangan utama, yaiku asumsine teori transformasi generatif lan cara kerjane teori transformatif generatif. Cara kerjane teori transformasi generatif iki diperang dadi 3 adhedhasar triaspek sintak tis, yaiku wujud (katagori), guna (fungsi), lan kalungguhan (peran).

Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik sinkronis, amarga basa kang ditliti yaiku basa Jawa kang digunakake ing jaman saiki. Panliten iki asipat dheskriptif utawa njlentrehake dhatane panliten iki, yaiku ukara sing nggunakake tembung kriya nenandhang {-en}. Sumber dhatane yaiku tindak tutur warga desa Tunggulsari RT/RW: 04/02 kec. Kedungwaru kab. Tulungagung lan lan panliti minangka panutur asli basa Jawa. Dhata utama ing panliten iki yaiku ukara sing nggunakake tembung kriya nenandhang {-en}. Dhata panyengkuyunge yaiku ukara sing digawe panliti minangka panutur basa Jawa ing jaman saiki. Dhata dikumpulake nggunakake metodhe nyemak banjur ditulis ing kartu dhata. Dhata sing wis dikumpulake, banjur dijlentrehake nggunakake cara kerjane teori transformasi generatif adhedhasar triaspek sintaktis. Njlentrehake triaspek sintaktise rimbag bawa-ma iki nggunakake metodhe agih utawa distribusional. Banjur asile njlentrehake dhata disuguhake nggunakake metodhe formal

Konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} cacahe ana 12, yaiku (1) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} nampa (reseptif); (2) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} tiruwan (konsideratif); (3) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} atributif ; (4) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} piranti (instrumentatif); (5) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} progresif; (6) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} sebab (kausatif); (7) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} papan (lokatif); (8) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} genitif; (9) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} langsung (objektif); (10) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} datif; (11) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} reflektif; lan (12) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} repetitif. Saben tembung kriya nenandhang {-en} kang ngisi guna wasesa ing karolas konstruksi kasebut majibake anane konstituen sangarepe kang ngisi guna jejer kanthi kalungguhan panandhang tumrap insani lan objektif tumrap noninsani.

Tembung wigati: tembung kriya, nenandhang, wujud, guna, lan kalungguhan.

1

Page 2: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

A. PURWAKA Lumrahe rimbag bawa-ma kerep diweruhi

minangka tembung lingga sing diseseli {-um-}. Minangka rimbag, bawa-ma kalebu jinis rimbag sing wis diandharake ing buku-buku paramasastra basa Jawa, yaiku Karti Basa Kementrian Pengajaran Pendidikan dan Kebudayaan (1946), Reringkesaning Paramasastra Djawi Antunsuhono (1953), Sarining Paramasastra Djawa Poerwadarminta (1953), Paramasastra Djawi Sastrasoepadma (1958), Tata-Sastra Hadiwidjana (1967), Inleiding Tot Het Modern Javaans Ras (1985), Paramasastra Jawa Padmosoekotjo (1987), Aspektualitas Bahasa Jawa Kajian Morfologi dan Sintaksis Sumarlam (2004), lan Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa Sasangka (2008). Ana maneh asil panliten sing awujud laporan panliten, kayata Morfologi Bahasa Jawa Poedjosoedarmo lkk. (1979), Morfosintaksis Bahasa Jawa Suwadji lkk. (1986), Morfologi Bahasa Jawa Murdijanto (1995), lan Tata Bahasa Jawa Mutakhir Wedhawati (2001).

Andharan ing asil panliten kasebut isih winates ngenani apa wae wuwuhane, tembung sing bisa dirimbag, wujud asil rimbage, teges tembunge, proses morfofonemike, lan guna sintaksise. Para panulis asil panliten kasebut anggone ngandharake bawa-ma uga ana sing padha lan beda. Mula tuwuh regejegan ngenani rimbag bawa-ma. Andharan sing nuwuhake regejegan, yaiku wuwuhane rimbag bawa-ma, tembung sing bisa dirimbag bawa-ma, wujude tembung arimbag bawa-ma, lan tegese tembung arimbag bawa-ma. Bab-bab kasebut sing kudu dicethakake maneh. Saliyane iku andharan ngenani bawa-ma sing jangkep dhewe mung sawatara wujud lan guna sintaksise. Kamangka saliyane wujud, rimbag bawa-ma iku uga nduweni guna lan kalungguhan ing babagan triaspek sintaktise, bab iku sing durung ditliti.

Beda lan winatese andharan ngenani bawa-ma njalari panliti kepengin njentrehake maneh kanthi luwih jero lan gamblang. Carane yaiku njletrehake tembung arimbag bawa-ma sajrone ukara. Nyatane kabeh rimbag bawa-ma iku kalebu jinis tembung kriya, mligine tembung kriya tanpa lesan. Andharan kang kaya mangkono kasengkuyung dening asil panlitene Suwadji lkk. (1986) lan Sasangka (2008). Njlentrehake bawa-ma sajrone ukara iku nyambung raket karo triaspek sintaktis yaiku wujud, guna, lan kalungguhane. Mula sing dijlentrehake ing panliten iki yaiku wujud, guna, lan kalungguhane rimbag bawa-ma.

Adhedhasar landhesan panliten sing diandharake, undere panliten iki diperang dadi telu, yaiku (1) apa wae wujude tembung arimbag bawa-ma?, (2) apa wae jinise guna sing bisa diisi tembung

arimbag bawa-ma? lan (3) apa wae kalungguhan sing bisa dinggoni tembung arimbag bawa-ma?

Tujuwan panliten iki salaras karo undere panliten, yaiku (1) njlentrehake wujude tembung arimbag bawa-ma, (2) njlentrehake jinise guna sing bisa diisi tembung arimbag bawa-ma, lan (3) njlentrehake kalungguhan sing bisa dinggoni tembung arimbag bawa-ma.

Panliten iki dikarepake bisa menehi paedah kanggo ilmu basa, mligine basa Jawa. Kanthi teoretis, asil panliten iki diajab bisa menehi paedah tumrap ilmu basa mligine basa Jawa ing babagan andharan jinis-jinise rimbag. Mligine rimbag bawa-ma sing dijangkepi andharane ngenani wujud, guna, lan kalungguhane. Kanthi praktis, asil panliten iki diajab bisa nambah wawasan lan ilmu basa, bisa dadi sarana sinau sing luwih nggampangake mahasiswa, bisa dadi sarana panandhinge materi kuliyah nalika dhosen linguistik mulangake bab linguistik basa Jawa, mligine ngenani bab wujud, guna, lan kalungguhane rimbag bawa-ma.

B. TINTINGAN KAPUSTAKANTintingan kapustakan ngemot andharan

ngenani (1) konstruksi sintaktis, (2) konsep ngenani tembung kriya kang nerangake kahanan (Statif), (3) Konsep ngenani tembung kriya nenandhang {-en}, lan (4) teori kanggo landhesane panliten.

1. Konstruksi SintaktisKonstruksi, yaiku asil makna saka proses

nyawijine unsur-unsur kang nduweni makna (Sudaryanto, 1991:10). Andharan kasebut banjur disengkuyung dening Kridalaksana (2008). Konstruksi miturute Kridalaksana (2008:133) yaiku proses lan asil panglompokan satuwan-satuwan basa dadi satuwan kang nduweni makna, sahengga satuwan kanthi makna kasebut nduweni kabebasan.

Adhedhasar andharan kasebuut, dingerteni menawa konstruksi, yaiku rerangkening tembung kang nyawiji lan ndadekake anane pola struktur kang ana sesambungane karo makna tembung. Satuwan ukara kasebut diwujudake saka anane sesambungan ing antarane triaspek sintaktis, yaiku wujud, guna, lan kalungguhan. Adhedhasar perangan kasebut bisa dingerteni sesambungan struktural sistematik lingual kang dadi intine konstruksi.

2. Konsep ngenani Tembung Kriya kang Nerangake Kahanan (Statif)

Tembung kriya kang nerangake kahanan (statif) nuduhake anane tindakan pengalaman. Tembung kriya kang nerangake kahanan (statif) saemper karo TKh (Poedjosoedarmo, 1979:48). Miturut andharane Poedjosoedarmo (1979:48)

Page 3: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

tembung kriya kang nerangake kahanan (statif) kalebu ing tembung kriya aktif. Nanging yen miturut titikan sesambungan TKr lan TAr adhedhasar andharane Kridalaksana (2005:54) tembung kriya kang nerangake kahanan (statif) kalebu ing klompok tembung kriya anti aktif. Tembung kriya anti aktif , yaiku tembung kriya pasif kang ora bisa diowahi dadi tembung kriya aktif lan jejere minangka panandhang (pasien). Banjur yen miturut titikane tembung kriya aktif, tembung kang ngisi guna J minangka paraga (agen). Titikan morfologis saka tembung kriya kang nerangake kahanan (statif), yaiku bisa melu gatra (slot) kang diisi lingga (Poedjosoedarmo, 1979:22) lan kedadeyan saka {-um-L}, {–um-L-a}, {–L-an}, {–L-an-a}, {N-L-i}, {N-L-ana}, lan {L-en}. Titikan sintaktis saka tembung kriya kang nerangake kahanan (statif), yaiku solah tembung sajrone gatra, yaiku menawa satuwan kasebut bisa digandhengake karo partikel ora sajrone konstruksi sintaktis. Tembung kasebut uga ora bisa nalika digandhengke karo partikel saka lan menyang utawa karo partikel banget, rada, lan paling (Kridalaksana, 2005:51). Titikan semantis saka tembung kriya kang nerangake kahanan (statif), yaiku wujud tembung leksikal kang nduweni konsep makna kahanan (TKr adjektiv). Tuladhane, ‘kadhemen’, ‘putih’, lan ‘panunen’ minangka TKr kahanan (Wedhawati, 2002:78).

Tembung kriya kang nerangake kahanan (statif) bisa diperang dadi limang jinis, ing anatarane yaiku kang nerangake kahanan (statif) biasa, kang nerangake kahanan (statif) sapenake, kang nerangake kahanan (statif) atributif, kang nerangake kahanan (statif) progresif, lan kang nerangake kahanan (statif) ketaman dening (Poedjosoedarmo, 1979:48).

3. Konsep ngenani tembung kriya nenandhang

{-en}Konsep ngenani tembung kriya nenandhang {-

en} iki diperang dadi 3, yaiku tegese, titikane, lan. TKrNnd {-en} minangka perangan saka TKr adhedhasar morfologise kedadeyan saka anane wuwuhan {-en} kang nuwuhake makna nandhang utawa ketaman samubarang kaya ing linggane, biasane asipat ora nyenengake (Poerwodarminto, 1953:63). TKrNnd {-en} minangka perangan saka TKr kang nerangake kahanan (Statif) kanthi makna ketaman dening samubarang kaya ing linggane. Banjur Wedhawati (2001:94). Adhedhasar andharan kasebut bisa didudut menawa TKrNnd {-en}, yaiku tembung kriya kahanan kag kedadeyan saka anane wujud tembung kang kawuwuhan {-en} kanthi makna nandhang kahanan kang diandharake TKr-e. TKrN kasebut majibake anane konstituen sangarepe kang ngisi guna J kanthi kalungguhan Pan utawa Obj.

Titikan saka TKrNnd {-en} dierang dadi 3, yaiku titikan morfologise, titikan sintaksise, lan

titikan semantise. Titikan morfologise TKrNnd {-en}, yaiku katitik saka wuwuhane. Wuwuhane TKrNnd {-en} yaiku {-en}. Yen {-um-}. Sabanjure ngenani tembung lingga kang dadi asale tembung saka TKrNnd {-en}, yaiku adhedhasar pamawase Antonsuhono (1953:31), Padmosoekotjo (1953:63), Wedhawati (2002:94), Sasangka (2009:), lan Sudaryanto (1991:58), Yaiku bakale tembung, tembung aran, tembung kahanan, tembung camboran, lan tembung dwilingga. Makna kang tuwuh sajrone proses morfologis saka linggane tembung lan wuwuhan {-en}. Tumrap TKrNnd {-en}, Wedhawati (201:94) ngandharake menawa wuwuhan {-en} nduweni rong makna, yaiku ngrasa lan nduweni. Poedjosoedarmo (1979:50) TKrNnd {-en} nduweni makna ketaman dening, banjur Antonsuhono (1953:31) ngandharake menawa TKrNnd {-en} nduweni makna ketaman, nandhang, lan ngenekake wewujudan kaya linggane. Poerwodarminto uga ngandharake menawa TKrNnd {-en} nduweni makna nandhang lan kadunungan.

Titikan sintaksise TKrNnd {-en} bisa dititiki saka wujud tembunge kang kalebu tembung kriya. ing bakune ukara TKrNnd {-en} manggon ing guna wasesa. Minangka perangan saka tembung kriya kahanan, titikan sintaktis saka TKrNnd {-en} memper karo titikan tembung kriya, yaiku 1) ing ngarepe TKr bisa diwenehi tembung ‘ora’, lan (2) ngisi guna wasesa (Wedhawati, 2001:73).

Titikan semantise TKrNnd {-en} yaiku nduweni teges, yaiku (1) ketaman, (2) kadunungan, (3) nandhang, (4) nduweni, (5) ngrasa, lan (6) ngenekake wewujudan kaya linggane, lan (7) ana ing kahanan kaya linggane Poedjosoedarmo (1979:50), Antonsuhono (1953:31), lan Wedhawati (2001:75-109).

4. Teori kanggo Landhesane PanlitenTeori kang digunakake minangka landhesan

ing panliten iki yaiku teori transformasi generatif. Andharan kang luwih jangkep ngenani asumsi lan cara kerja teori iki, kaya ing ngisor iki.

a. Asumsine Teori Transformasi GeneratifTeori transformasi generatif dilairake

adhedhasar pamikire panliti basa, yaiku Chomsky. Dheweke ngandharake yen tata basa transformasi generatif bisa njlentrehake struktur basa kanthi cetha lan tliti lumantar “kaidah tulis kembali” (rewrite rules). (Lauder lkk., 2005: 216).

Mula bisa didudut yen teori iki nduweni landhesan pamikir, yaiku: (1) sintaksis nduweni dhasar tumrap ukara lan tuturan kang bisa diindra dening manungsa, bab iki mujudake struktur lair, (2) ing struktur batin ana sesambungan semantis lan

Page 4: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

sesambungan sistemik, lan (3) adhedhasar kahanan struktur batin kasebut, mula struktur lair dijlentrehake adhedhasar aspek kalungguhan, aspek guna, lan aspek wujud (Adipitoyo, 2000:4).

Teori transformasi generatif ana 3 postulat, yaiku: (1) bedane kompetensi lan performen, antarane dhata warisan kawruh ngenani basa, lan kabisan nggunakake basa; (2) bedane struktur batin lan struktur lair. Bab kang beda iki ngasilake cara kerjane tata basa kang adhedhasar komponen cacahe telu, kayata: komponen sintaksis, komponen fonologis, lan komponen semantik; lan (3) aspek kreatif basa utawa sipat dhinamise basa (Parera, 2009:107).

b. Cara Kerjane Teori Transformasi Generatif Cara kerjane teori transformasi generatif

adhedhasar asumsi kang wis diandharake mau. Cara kerjane iku mesthi nduweni tata laku, yaiku panggolongane wujud, pangisine guna, lan pangertene kalungguhan kang bisa dinggoni saben wujud. Cara kerja kasebut adhedhasar aspek kang cacahe telu, yaiku wujud (kategori), guna (fungsi), lan kalungguhan (peran). Sabanjure katelu aspek kasebut dening Sudaryanto (1991) diarani triaspek sintaktis. Mula ing ngisor iki diandharake ngenani triaspek sintaktis kanthi luwih jangkep.

Wujud adhedhasar andharane Sudaryanto (1991:65-70) iku ana loro sipat pokok, yaiku formal lan sistematik. Wujud diarani formal amarga mung mujudake aspek wujud. Wujud diarani sistematik amarga wujud tartamtu diweruhi sapisan ora ana sesambungan karo wujud tartamtu liyane, nanging ana sesambungan asosiatif antarane wujud kang lagi dadi konstituen sintaksis ukara tartamtu. Wujud lumrahe arupa tembung.

Sabanjure diandharake ngenani aspek guna. Guna nduweni sipat pokok cacahe telu, yaiku formal, kosong, lan struktural (Sudaryanto, 1991:66). Guna iku bisa ngisi jejer, wasesa, lesan, lan sapanunggalane. Guna-guna kasebut yaiku panggonan kosong (konstituen formal), ora nduweni wujud utawa makna, nanging kudu diisi dening wujud tartamtu yaiku wujud (kategori),kanthi makna tartamtu yaiku kalungguhan (peran) (Verhaar, 2008:165). Kridalaksana (2008:67) uga ngandharake guna yaiku beban makna sawijine satuwan basa, Sudaryanto (1991:126) ngandharake maneh yen jinise guna ing basa Jawa yaiku wasesa, jejer, lesan, katrangan, lan pangganep. Saka andharan kasebut bisa didudut yen tegese guna yaiku samubarang kang kosong lan ora nduweni makna tartamtu, mula kudu diisi wujud tartamtu, bisa minangka wasesa, jejer, lesan, katrangan, lan pangganep.

Aspek kang pungkasan yaiku kalungguhan. Sudaryanto (1991:67) ngandharake yen sipat pokoke

kalungguhan yaiku semantis lan struktural. Verhaar (2008:167-168) uga ngandharake yen kalungguhan kalebu paraga, panandhang panampa, tanduk, tanggap, lan sapanunggalane. Dadi kalungguhan uga minangka imbangane lan pasangane wujud kang mujudake aspek “raga”. Mula bisa didudut yen kalungguhan iku samubarang kang bisa dinggoni wujud tembung kanthi maknawi. Kalungguhan adhedhasar konstituen kang ngenggoni kalungguhan kasebut bisa diperang dadi loro, yaiku konstituen utama lan konstituen panyengkuyung (Sudaryanto, 1991: 61-62 lan Wedhawati, 2006: 519). Konstituen utama yaiku konstituen kang ngenggoni kalungguhan ing wasesa. Konstituen utama bisa ngenggoni kalungguhan proses, kahanan, tanduk, tanggap, tanggap tarung, tanduk pakon, tanggap pakon, bali angga, lan bali angga tanduk (Sudaryanto, 1991: 139-150). Konstituen panyengkuyung yaiku konstituen kang ana orane ditamtokake wasesa kang diarani argumen. Saben panliti basa nduweni beda pamawas anggone ngandharake kalungguhan kang diduweni argumen. Adhedhasar andharane para panliti basa perangane jinis kalungguhan ana 15, yaiku paraga, panandhang, panampa, kompanial, reseptif, paraga-panandhang, asil, faktor, papan, wektu, piranti, cara, tujuwan, asal, lan ukuran (Wedhawati, 2006: 519-524); Verhaar, 2008: 193-211; lan Tarigan, 1989: 66).

C. METODHE PANLITENIng bab iki diandharake ngenani titikane

panliten, ubarampene panliten, lan tatacarane panliten. Kanthi luwih jangkepe diandharake ing ngisor iki.

.1. Titikane Panliten

Panliten iki kalebu ing jinis panliten kagolong jinis panliten sinkronis, amarga basa kang dinggo minangka basa Jawa ing jaman saiki. Panliten asipat sinkroni, yaiku panliten basa kanthi nliti fenomena sawijining basa ing wektu tartamtu (Mahsun, 2012: 117). Panliten linguistik iki asipat dheskriptif. Titikan saka panliten dheskriptif, yaiku nggambarake konstituen-konstituen ujaran lan sesambungane ngenani semantik, sintaksis, lan fonologi, lumrahe uga awujud wujud gramatikal utawa variabel-variabel (Kridalaksana, 2008:47). Iki salaras karo basa kang digunakake ing panliten iki, yaiku basa Jawa Ngoko ing tulisan sastra utawa dudu sastra jaman saiki.

2. Ubarampene PanlitenUbarampe sajrone panliten iki kaperang

saka petang perangan, ing anatarane yaiku sumber dhata panliten, dhata panliten, instrumen panliten, lan basa kang ditliti. Dhata sing digunakake ana loro,

Page 5: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

yaiku: (1) dhata utama lan (2) dhata panyengkuyung. Dhata utamane yaiku awujud ukara-ukara sing nggunakake TKrNnd {-en} lan dhata panyengkuyunge yaiku awujud ukara-ukara sing nggunakake TKrN saka anggitane panliti dhewe.

Sumber dhata primer ing panliten iki, yaiku tuturan saka cecaturane masyarakat ing RT 04, RW 02, Dusun Mekarsari, Desa Tunggulsari, Kecamatan Tulungagung, Kabupaten Tulungagung. Saliyane sumber dhata primer kuwi, dhata primer bisa dijupuk saka intuisi panulis asli

Instrumen panliten kang digunakake sajrone panliten iki ana loro yaiku instrumen utama lan instrumen panyengkuyung. Panliti ing panliten iki dadi instrumen utama. Panliti sajrone nglumpukake dhata luwih akeh gumantung marang awake dhewe minangka piranti nglumpukake dhata. Panliti bisa mbiji sawijine kahanan lan nduwe kuwasa nemtokake samubarang. Dene instrumen panyengkuyung ing panliten iki awujud alat utawa piranti kang bisa nyengkuyung nglumpukake dhata. Piranti kuwi awujud cathetan. Dene subjek kang dianggo sajrone panliten iki yaiku pawongan kang ngandharake tuturan arupa ukara kang mawa TKrNnd {-en} kang manggon ana ing Desa Tunggulsari, RT/RW: 04/02 Kecamatan Kedungwaru, Kabupaten Tulungagung.

Basa kang dadi sumbere panliten iki, yaiku ragam basa Jawa Ngoko kang digunakake cecaturan dening warga desa Desa Tunggulsari, RT/RW: 04/02 Kecamatan Kedungwaru, Kabupaten Tulungagung ing jaman saiki. Masyarakat ing papan kuwi nggunakake basa Jawa kanggo cecaturan padinan.

3. Tata Carane PanlitenSajrone panliten iki digunakake telung cara,

yaiku: (1) cara ngumpulake dhata; (2) carane njlentrehake dhata; (3) carane nyuguhake asile jlentrehan dhata. Saben cara iku nduwe metodhe lan teknik dhewe-dhewe. Saben tatacara kasebut diandharake luwih jangkep ing ngisor iki.

Tata cara kanggo ngumpulake dhata ing panliten iki yaiku nggunakake metodhe nyemak. Metodhe nyemak yaiku cara kang digunakake kanggo ngumpulake dhata kanthi nyemak pangenggone basa kanthi lisan, nanging uga pangenggone basa kanthi tulis (Mahsun, 2006:90). Metodhe nyemak ing kene ditindakake kanthi teknik cathet. Teknik cathet yaiku teknik kanggo njupuk dhata kang ditindakake kanthi nulis asile nyemak.

Dhata kang wis dikumpulake banjur dijlentrehake nggunakake metodhe agih utawa diarani uga metodhe dhistibusional. Metodhe agih yaiku metodhe analisis kang piranti panamtune ana lan mujudake perangan basa kang ditliti (Sudaryanto, 1993:15). Metodhe agih dicakake kanthi nggunakake teknik, yaiku: teknik lesap, teknik ganti, teknik

perluas, teknik sisip, teknik balik, teknik ubah wujud, teknik ulang, teknik baca markah, teknik pemerkuat, teknik pemorakan, lan teknik pengontrasan (Kesuma, 2007:55). teknik kang dinggo amarga dianggep salaras karo prelune lan tujuwane njlentrehake triaspek sintaktis saka TKrNnd {-en} sajrone panliten iki, yaiku teknik lesap, teknik sisip, teknik perluasan, teknik ganti, lan teknik ngubah wujud.

Sekabehane dhata kang wis diolah sajrone panliten iki yaiku arupa TKrNnd {-en}. Tatacara nuguhake asile jlentrehan dhata iki nuduhake upaya nyuguhake asil analisis dhata kang awujud laporan ngenani laporan apa wae kang diasilake sajrone panliten. Tata cara nulis panliten ing kene yaiku kanthi cara informal lan formal. Tata cara nyuguhake dhata kanthi cara informal, yaiku menehake analisis dhata kanthi nganggo tembung-tembung kang lumrah (Sudaryanto, 1993:145).

D. ANDHARAN LAN JLENTREHANE PANLITEN

Bab iki ngemot asile panliten adhedhasar undere panliten kang wis kaandharake ing bab sadurunge. Bab iki kaperang dadi telu, yaiku (1) andharane lan jlentrehane panliten, (2) asile panliten, lan (3) dhiskusi asile panliten. Luwih jangkepe, kaya ing ngisor iki.

1. Andharane lan Jlentrehane PanlitenAndharan lan jlentrehane panliten bakal

njlentrehake ln ngandharake ngenani konstruksi sintaktis mawa TKrNnd {-en}. Kayata kang kaandharake ing bab 2, adhedhasar wujud, guna, lan kalungguhane KS mawa TKrNnd {-en} diperang dadi 12 perangan konstruksi sintaktis, yaiku (1) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} nampa (reseptif); (2) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} tiruwan (konsideratif); (3) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} atributif ; (4) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} piranti (instrumentatif); (5) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} progresif; (6) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} sebab (kausatif); (7) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} papan (lokatif); (8) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} genitif; (9) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} langsung (objektif); (10) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} datif; (11) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} reflektif; lan (12) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} repetitif. Jlentrehan ngenani karolas perangan kasebut kaya ing ngisor iki.

Page 6: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

a. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya Nenandhang {-en} Nampa (Reseptif)

Konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} nampa (sabanjure KS mawa TKrNndNam), yaiku konstruksi kanthi konstituen punjer TKrNnd {-en} kang nduweni kalungguhan nampa lan ngisi guna W. Kontituen punjer kasebut majibake anane konstituen panyengkuyung awujud TAr kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang utawa objektif. Panandhang tumrap TAr kanthi fitur insan lan objektif tumrap TAr kanthi fitur noninsan. TKrNnd {-en} ing konstruksi iki, yaiku kedadeyan saka lingga TAr kang kawuwuhan {-en}, nanging prelu digatekake menawa ora sekabehane wujud TAr bisa dadi TKrNnd {-en} kanthi makna kahanan nenandhang-nampa. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(1) slalapen {slalap + {-en}} ‘kelebon slalap’(2) kloloten {klolot + {-en}} ‘kelebon klolot’(3) tlusupen {tlusup + {-en}} ‘kelebon tlusup’

Tuladhane KS mawa TKrNndNam kaya ing ngisor iki.

(4) Untune Rian sliliten. GAr TKr J W Obj NndNam

(5) Mbak Parti slalapen. GAr TKr

J W Pnd NndNamKonstituen ‘untune Riyan’ ngisi guna J kanthi kalungguhan objektif lan konstituen ‘Mbak Parti’ ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang. Konatituen ‘sliliten’ lan ‘slalapen’ ngisi guna W kang majibake tuwuhe konstituen-konstituen J kasebut.

Anggone nemtoakake konstituen ‘untune Rian’ lan ‘Mbak Parti’ bisa ngisi guna J didhasareke saka rong alesan, yaiku (1) kalima konstituen kasebut manggon ing sakiwane W; lan (2) guna J ora bisa diganti dadi ukara takon kanthi tembung sesulih takon apa lan sapa.

Kanggo weneh bukti menawa konstituen kasebut ngisi guna J lan W dibuktekake kanthi cara ngijolake papane guna J lan W kaya ing ngisor iki.

(4a) Sliliten untune Rian. W J

(5a) Slalapen Mbak Parti.W J

Sawise diijolake papane, pranyata ukara (4a) lan (5a) isih mujudake ukara kang trep. Bab kuwi sarujuk karo titikane guna J lan W kang adhedhasar strukture bisa diijolake papane.

b. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya Nenandhang {-en} Tiruwan (Konsideratif)

Poedjosoedarmo (1979:36) nerangake konsideratif, yaiku makna tiruwan utawa dianggep kaya linggane. Konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} tiruwan (sabanjure KS mawa TKrNndT), yaiku konstruksi kanthi TKrNnd {-en} kang ngisi guna W kanthi kalungguhan kahanan nenandhang-tiruwan (NndT). TKrNnd {-en} kasebut majibake anane konstituen sangarepe awujud TAr kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang utawa objektif. TKrNnd {-en} ing konstruksi iki, yaiku asale saka tembung awujud TAr, BT, lan TCam kang sawise kawuwuhan {-en} nduweni teges ‘ing kahanan kaya linggane tembung’ kang nerangake makna tiruwan. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(6)semuten {semut+ {-en}} ‘kaya ana semute’(7)tlindhihen {tlindhih+ {-en}} ‘kaya

ditlindhihi’(8)kamibocahen {kami+bocah+{-en}} ‘kaya

isih bocah’Tuladha saka KS mawa TKrNndT kaya ing ngisor iki.

(9) Bintang kancilen. TAr TKr

J W Pnd NndT

(10)Guluku pancingen. TAr TKr

J W Obj NndT

Kanthi fungsional, ukara (9) lan (10) kedadeyan saka guna J lan W. Ukara (9) kasusun saka konstituen ‘Bintang’ kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang lan konstituen ‘kancilen’ kang ngisi guna W. Ukara (10) konstituen ‘guluku’ ngisi guna J kanthi kalungguhan objektif lan konstituen ‘pancingen’ kang ngisi guna W.

Konstituen ‘Bintang’ lan ‘guluku’ sinebut ngisi guna J amarga kaloro kostituen kasebut mapan ing sakiwane W lan kalorone ora bisa diowahi kanthi ukara takon sesulih apa lan sapa.

Adhedhasar strukture, guna J lan W bisa diijolake papane. Ukara (9) lan (10) ing ndhuwur bisa diowahi susunane konstituen ukarane dadi.

(9a) Kancilen Bintang. W J

(10a) Pancingen guluku. W J

Konstituen ‘kancilen’, lan ‘pancingen’ (9a) lan (10a) ngisi guna W, lan konstituen ‘Bintang’ lan ‘guluku’ ngisi guna J.

Page 7: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

c. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya Nenandhang {-en} Atributif

Konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} atributif (sabanjure KS mawa TKrNndA), yaiku konstruksi kanthi TKrNnd {-en} minangka punjere ukara kang ngisi guna W kanthi kalungguhan nenandhang-atributif kang majibake anane konstituen saka wujud TAr kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang lan objektif. Wujud morfologis saka TKrNnd {-en} ing konstruksi iki, yaiku {{TAr} + {-en}}. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(11)jenggoten {jenggot+{en}} ‘nduwe jenggot’

(12)brengosen {brengos+{en}} ‘nduwe brengos’

(13)godhegen {godheg+{en}} ‘nduwe godheg’Tuladhane KS mawa TKrNndA, kaya ing ngisor iki.

(14)Mbah Yah owanen . TAr TKr

J W Pnd NndA

(15) Sikile wulunen. TAr TKr

J W Obj NndAKanthi fungsional, ukara (28) lan (29) nduweni guna, kaya ing ngisor iki.

Ukara (28) konstituen ‘Mbah Yah’ ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang lan konstituen ‘owanen’ kang ngisi guna W. Ukara (29) konstituen ‘sikile’ ngisi guna J lan manggoni kalungguhan objektif. Konstituen TKrNnd {-en} ‘wulunen’ ngisi guna W.

Konstituen ‘Mbah Yah’ lan ‘sikile’ sinebut bisa ngisi guna J amarga konstituen kasebut awujud TAr kang mapan ing sakiwane guna W. Konstituen kasebut uga ora bisa ditakokake lan diganti dening tembung takon apa utawa sapa. Adhedhasar katelu titikan kasebut banjur bisa dingerteni menawa konstituen ‘Mbah Yah’ lan ‘sikile’ minangka wujud TAr kang ngisi guna J ing ukara (28) lan (29).

Adhedhasar strukture ukara (28) lan (29) minangka KS mawa TKrNnd {-en} kang kedadeyan saka guna J lan W. Adhedhasar struktur kasebut, guna J lan W bisa diijolake papane, ateges guna J bisa mapan ing sangarepe W utawa suwalike, kaya ukara ing ngisor iki.

(28a) O wanen Mbah Yah. W J(29a) Wulunen s ikile . W J

Kaloro ukara ing ndhuwur mujudake anane konstituen ‘Mbah Yah’ lan ‘sikile’ kang ngisi guna J

lan konstituen ‘owanen’ lan ‘wulunen’ kang ngisi guna W.d. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya

Nenandhang {-en} Piranti (Instrumentatif)Konstruksi sintaktis mawa tembung kriya

nenandhang piranti (sabanjure KS mawa TKrNndPrt), yaiku konstruksi kang majibake anane TKrNnd {-en} kanthi kalungguhan kahanan nenandhang-piranti kang ngisi guna W lan konstituen TAr kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang tumrap insani lan objektif tumrap noninsan. Wujud TKrNnd {-en} sajrone konstruksi iki, yaiku {{TAr} + {-en}}, {{BT} + {-en}}, lan {{TDwi} + {-en}}. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(16)gabagen {gabag+ {-en}} ‘lara gabag’(17)sawanen {sawan+{-en}}(18)kuwenen {kuwen+{-en}} ‘lara kuku

merga sembir pinggire’Tuladhane TKrNndPrt kaya ing ngisor iki.

(19)Mripate Bayu beleken. GAr TKr

J W Obj NndPrt

(20)Pak Barno panunen. TAr TKr J W

Pnd NndPrtKaloro konstruksi ing ndhuwur mujudake pola J-W. Kanthi fungsional, konstruksi ing ndhuwur nduweni guna kaya ing ngisor iki.

Ukara (19) konstituen ‘mripate Bayu’ ngisi guna J kanthi kalungguhan objektif lan konstituen ‘beleken’ kang ngisi guna W.

Ukara (20) konstituen ‘Pak Barno’ ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang lan konstituen ‘panunen’ kang ngisi guna W.

Anggone nemtokake konstituen ‘mripate Bayu’ lan ‘Pak Barno’ kasebut bisa ngisi guna J adhedhasar rong alesan, kang kapisan konstituen kasebut mapan ing sakiwane guna W ‘beleken’ lan ‘panunen’. Kalorone, guna J ora bisa ditekokake kanthi tembung takon apa lan sapa. Amarga konstituen ‘mripate Bayu’ lan ‘Pak Barno’ kalebu ing titikan kasebut ateges konstituen kasebut pancen bisa ngisi guna J. Pancen ukara (19) lan (20) bisa diowahi, dadi ukara takon kanthi tembung takon sapa lan apa kaya ukara ing ngisor iki.

(19a) Apa sing beleken?(19b) Sing beleken mripate Bayu.(20a) Sapa sing panunen?(20b) Sing panunen Pak Barno.

Sawise diowahi dadi ukara takon kaya ukara ing ndhuwur, bisa dingerteni menawa tembung takon pronomina apa lan sapa ora bisa ngganteni

Page 8: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

konstituen kang ngisi guna J, suwalike malah nuduhake guna W. Banjur kng ngisi guna J yaiku ‘sing beleken’ lan ‘sing panunen’.

Adhedhasar strukture, Kanggo weneh bukti menawa konstituen kasebut isa ngisi guna J lan W kanthi ngowahi ukarane kaya ing ngisor iki.

(19c) Beleken mripate Bayu. W J(20c) Panunen Pak Barno. W J

Konstituen ‘panunen’ (20c) lan ‘beleken’ (19c) ngisi guna W lan konstituen ‘Pak Barno’ lan ‘mripate Bayu’ (42c), lan ‘lambeku (43c) ngisi guna J.

e. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya Nenandhang {-en} Progresif

Konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} progresif (sabanjure KS mawa TKrNndPrg), yaiku konstruksi kanthi konstituen punjer awujud TKrNnd {-en} kang ngisi guna W kanthi kalungguhan kahanan nenandhang-progresif. TKrNnd {-en} iki majibake anane TAr kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang utawa objektif. Titikan morfologis saka TKrNnd {-en} ing konstruksi iki, yaiku kedadeyan saka {{TAr} + {-en}} lan {{BT} + {-en}}. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(21)getihen {getih+ {-en}} ‘ngetokake getih’(22)nanahen {nanah+ {-en}} ‘ngetokake

nanah’(23)mimisen {mimis+ {-en}} ‘ngetokake getih

sak irung’Tuladha saka KS mawa TKrNnd {-en}, kaya ukara ing ngisor iki.

(24)Irunge Angga mimisen. GAr TKr J W

Obj NndPrg(25)Natul pringkilen.

TAr TKr J W

Pnd NndPrgKanthi fungsional ukara (24) lan (25) nduweni guna kaya ing ngisor iki.

Ukara (24) konstituen ‘irunge Angga’ ngisi guna J kanthi kalungguhan objektif lan konstituen ‘mimisen’ ngisi guna W. Ukara (25) konstituen ‘Natul’ ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang lan konstituen ‘pringkilen’ ngisi guna W.

Konstiuen ‘irunge Angga’ lan ‘Natul’ minangka konstituen kang ngisi guna J amarga konstituen kasebut manggon ing sakiwane W lan konstituen kasebut ora bisa diganteni kanthi ukara taon mawa tembung apa lan sapa.

Kanggo weneh bukti konstituen kasebut ngisi guna W lan majibake anane konstituen awujud TAr minangka guna J. Dibuktekake kanthi cara ngejolake guna J lan W. Ukarane kaya ing ngisor iki.

(54a) Mimisen irunge Angga. W J (25a) Pringkilen Natul. W J

Sawise diowahi papane ukara ing ndhuwur minangka ukara kanthi struktur guna W-L. Konstituen ‘pringkilen’ lan ‘mimisen’ ngisi guna W lan konstituen ‘Natul’ ngisi guna J.

f. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya Nenandhang {-en} Sebab (Kausatif)

Konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} sebab (sabanjure KS mawa TKrNndSbb), yaiku konstruksi kanthi konstituen punjer arupa TKrNnd {-en} kang ngisi guna W kanthi kalungguhan kahanan nenandhang-sebab. TKrNnd {-en} kasebut majibake anane konstituen kang ngisi guna J lan ngenggoni kalungguhan panandhang tumrap insani lan objektif tumrap noninsani. TKrNnd {-en} ing konstruksi iki asale saka {{TAr} + {-en}}. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(26)bledugen {bledug+ {-en}} ‘ketaman bledug’

(27)blethoken {blethok+ {-en}} ‘ketaman blethok’

Tuladha saka KS mawa TKrNndSbb kaya konstruksi ing ngisor iki.

(28)Terase bledugen. TAr TKr

J W Obj NndSbb

(29)Suwale Kang Nur blethoken. GAr TKr

J W Obj NndSbb

Ukara (28) lan (29) nduwen struktur guna J-W. Konstituen ‘bledugen’ lan ‘blethoken’ ngisi guna W. Konstituen ‘terase’ lan ‘suwale Kang Nur’ ngisi guna J kanthi kalungguhan objektif.

konstituen ‘bledugen’ lan ‘blethoken’ bisa ngisi guna W. Anggone nemtokake konstituen ‘terase’ lan ‘suwale Kang Nur’ minangka guna J adhedhasar rong alesan, yaiku konstituen kasebut mapan ing sakiwane guna W lan konstituen kasebut ora bisa ditekokake kanthi tembung takon sesulih apa lan sapa.

Pancen ukara (28) lan (29) bisa diowahi kanthi tembung tekon apa, kaya ukara ing ngisor iki.

Page 9: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

(28a) Apa sing bledugen?(28b) Sing bledugen terase.(29a) Apa sing blethoken?(29b) Sing blethoken suwale Kang Nur.

Ukara (28b) lan (29b) minangka ukara wangsulan saka ukara (28a) lan (29a). Tembung takon apa ora nerangake guna J nanging guna W. Konstituen kang ngisi guna J malah ‘sing bledugen’ lan ‘sing blethoken’.

Kanggo weneh bukti menawa konstituen ‘terase’ lan ‘suwale Kang Nur’ ngisi guna J lan ‘bledugen’ lan ‘blethoken’ ngisi guna W kanthi cara ngejolake papane guna J lan W. Amarga adhedhasar strukture, guna J lan W bisa diijolake papane, guna J bisa ing ngarepe W utawa suwalike, guna W mbok menawa ing mburine J. Ukara (28) lan (29) bisa diowahi susunane, dadi ukara ing ngisor iki.

(28c) bledugen latare. W J(29c) blethoken klambine Kang Nur. W J

Konstituen ‘bledugen’ lan ‘blethoken’ ngisi guna W lan konstituen ‘latare’ lan ‘klambine Kang Nur’ ngisi guna J.

g. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya Nenandhang {-en} Papan (Lokatif)

Konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} papan (sabanjure KS mawa TKrNndPpn), yaiku konstruksi sintaktis mawa TKrNnd {-en} kang ngisi guna W kanthi kalungguhan kahanan nenandhang-papan lan majibake anane konstituen sangarepe kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang lan objektif. Titikan morfologis saka TKrNnd {-en} ing KS mawa TKrNndPpn iki kedadeyan saka {{TAr}+{-en}}. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(30)boloten {bolot+ {-en}} ‘ngetokake bolot’(31)kopoken {kopok+{-en}} ‘ngetokake

kopok’Tuladhane KS mawa TKrNndPpn kaya ing ngisor iki.

(32)Kupinge boloten. TAr TKr

J W Obj NndPpn

(33)Bocah kuwi upilen. GAr TKr

J W Pan NndPpn

Ukara ing ndhuwur mujudake KS mawa TKrNndPpn kanthi struktur guna J-W. Konstituen ‘kupinge’ (32) ngisi guna J kanthi kalungguhan lan konstituen ‘boloten’ (32) ngisi guna W. Ukara (33) kasusun saka konstituen ‘bocah kuwi’ kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang.

Konstituen ‘kupinge’ lan ‘bocah kuwi’ sinebut bisa ngisi guna J amarga konstituen kasebut awujud TAr, mapan ing slot paling kiwa yaiku ing kiwane guna W, lan konstituen kasebut ora bisa ditekokake kanthi tembung takon apa utawa sapa.

Konstituen ‘kopoken’ ‘upilen’ sinebut bisa ngisi guna W amarga konstituen kasebut minangka perangan saka ukara kang nandhani apa kang dituturake panutur ngenani J lan kanthi dominan konstituen kasebut awujud TKr yaiku TKrNnd {-en}.

Kanggo weneh bukti menawa konstituen-konstituen kasebut pancen bisa ngisi guna J lan W, dibuktekake adhedhasar strukture. Adhedhasar strukture ing ukara guna J lan W bisa diijolake papane. Tegese guna J bisa mapan ing ngarepe W, utawa suwalike guna W kang mapan ing sangarepe utawa sakiwane guna J. Sawise diijolake papane, kaloro guna kasebut ora owah. Ukarane kaya ing ngisor iki.

(32a) Boloten kupinge. W J (33a) Upilen bocah kuwi. W J

Sawise diijolake papan ing antarane guna J lan W, pranyata ukarane isih mujudake ukara kang trep kaya ing ukara (32a) lan (33a).

h. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya Nenandhang {-en} Genitif

Konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} genitif (sabanjure KS mawa TKrNndGen), yaiku konstruksi kanthi TKrNnd {-en} kang ngisi guna W kanthi kalungguhan kahanan nenandhang-genitif. TKrNnd {-en} kuwi majibake anane guna J kanthi kalungguhan panandhang tumrap insani lan objektif tumrap noninsani. Wujud morfologise, yaiku {{TAr}+{-en}} lan {{BT}+{-en}}. Tuladhane TKrNnd {-en} kang dikarepake kasebut, kaya ing ngisor iki.

(34)kukulen {kukul+ {-en}} ‘ana kukule’(35)boroken {borok+ {-en}} ‘ana boroke’

Tuladhane KS mawa TKrNndG kaya ing ngisor iki.

Page 10: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

(36)Sikile b uriken . TAr TKr

J W Obj NndG

(37)Mbak Ten uga kutilen . TAr GKr

J W Pnd NndGKonstituen ‘sikile’ (36) minangka TAr kang ngisi guna W kanthi kalungguhan objektif banjur konstituen ‘Mbak Ten’ (37) minangka TAr kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang. Kaloro konstituen kasebut tuwuh saka anane pangaribawa TKrNnd {-en} ‘buriken’ (36) lan ‘kutilen’ (37) kang ngisi guna W.

Anggone nemtokake konstituen ‘sikile’ lan ‘Mbak Ten’ bisa ngiei guna J adhedhasar rong alesan, yaiku kaloro konstituen kasebut awuju TAr kang mapan ing sakiwane guna W lan kostituen kasebut ora bisa diowahi utawa ditakokake nganggo ukara takon apa lan sapa.

Kanggo weneh bukti menawa konstituen ‘sikile’ lan ‘Mbak Ten’ bisa ngisi guna J lan konstituen ‘buriken’ lan ‘kutilen’ bisa ngisi guna W, kanthi cara ngijolake papane, guna W ana ing sangarepe guna J. Ukarane kaya ing ngisor iki.

(36a) buriken sikile. W J

(37a) Uga kutilen Mbak Ten. W J

Konstituen ‘buriken’ lan ‘kutilen’ ngisi guna W lan konstituen ‘sikile’ lan ‘Mbak Ten’ ngisi guna J.

i. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya Nenandhang {-en} Langsung (Objektif)

Konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} langsung (sabanjure KS mawa TKrNndLgs), yaiku konstruksi kanthi TKrNnd {-en} minangka konstituen punjer kang ngisi guna W lan ngenggoni kalungguhan kahanan nenandhang-langsung. TKrNnd iki majibake anane guna J kanthi kalugguhan panandhang utawa objektif. Titikan morfologis saka TKrNnd {-en} sajrone KS mawa TKrNndLgs, yaiku kedadeyan saka {{TKh} + {-en}} lan {{BT} + {-en}}. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(38)sumuken {sumuk+ {-en}} ‘krasa sumuk’(39)gringgingen {gringging+ {-en}} ‘krasa

cengkrong-cengkring’Tuladha saka KS mawa TKrNndLgs kaya ing ngisor iki.

(40)Mbak Um sumuken. TAr TKr J W

Pnd NndLgs(41)Sikilku gringgingen.

TAr TKr J W Obj NndLgs

Ukara (40) nuduhake anane konstituen ‘Mbak Um’ kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang lan konstituen ‘sumuken’ kang ngisi guna W. Banjur ing ukara (41) konstituen ‘sikilku’ ngisi guna J kanthi kalungguhan objektif lan konstituen ‘gringgingen’ ngisi guna W.

Konstituen ‘Mbak Um’ lan ‘sikilku’ sinebut bisa ngisi guna J adhedhasar rong alesan, ing antarane yaiku (1) kalima konstituen kasebut manggon ing sakiwane W kang diisi dening TKrNnd {-en} ‘sumuken’, ‘gringgingen’, ‘gatelen’, ‘sereten’, lan ‘ongkepn’; lan (2) guna J ora bisa diganti dadi ukara takon kanthi tembung sesulih takon apa lan sapa.

Pancen ukara (40) lan (41) bisa diowahi dadi ukara takon kanthi tembung takon pronomina sapa lan apa, kaya ukara ing ngisor iki.

(40a) Sapa sing sumuken?(40a) Sing sumuken Mbak Um.(41a) Apa sing gringgingen?(41b) Sing gringgingen sikilku.

Sawise diowahi dadi ukara takon kanthi tembung takon pronomina sapa lan apa pranyata wangsulane ora nuduhake menawa konstituen ‘Mbak Um’ lan ‘sikilku’ minangka konstituen kang ngisi guna J, nanging ngisi guna W lan kang ngisi guna J malah konstituen ‘sing sumuken’ lan ‘sing gringgingen’,

Adhedhasar strukture J lan W bisa diijolake papane, maksude J bisa mapan ing sangarepe W, utawa suwalike W kang mapan ing ngarepe J.Ukarane kaya ing ngisor iki

(41c) Sumuken Mbak Um. W J

(41c) Gringgingen sikilku.W J

Konstituen ‘sumuken’ (40c) lan ‘gringgingen’ (41c), ngisi guna W, banjur konstituen ‘Mbak Um’ lan ‘sikilku’ ngisi guna J.

j. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya Nenandhang {-en} Datif

Konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} datif (sabanjure KS mawa TKrNndDtf), yaiku konstruksi kanthi konsituen utama kang ngisi guna W awujud TKrNnd {-en} kanthi kalungguhan kahanan nenandhang-datif. TKrNnd {-en} kasebut majibake anane konstituen kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang utawa objektif. Titikan s saka TKrNnd {-en} ing konstruksi iki, yaiku kedadeyan saka {{TAr} + {-en}}. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(42)tayumen {tayum+ {-en}} ‘kadunungan tayum’

Page 11: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

(43)cacingen {cacing+ {-en}} ‘kadunungan cacing’

Tuladha saka KS mawa TKrNndDtf kaya ing ngisor iki.

(44)Dhipet e rayapen. TAr TKr

J W Obj NndDtf

(45)Mbak Ratih tumanen. TAr TKr

J W Pnd NndDtf

Kanthi fungsional, ukara (44) lan (45) nduweni guna kaya ing ngisor iki.

Ukara (44) kaperang saka konstituen ‘dhipete’ kang ngisi guna J kanthi kalungguhan objektif lan konstituen ‘rayapen’ kang ngisi guna W.

Ukara (45) konstituen ‘Mbak Ratih’ ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang lan konstituen tumanen kang ngisi guna W.

Kanggo weneh bukti menawa konstituen ‘dhipete’ lan ‘Mbak Ratih’ ngisi guna J sarta konstituen ‘rayapen’ lan ‘tumanen’ ngisi guna W dibuktekake kanthi ngijolake papane. Adhedhasar strukture, guna J lan W bisa diijolake papane, guna J bisa mapan ing ngarepe W lan guna W uga bisa mapan ing ngarepe J. Ukara (44) lan (45) ing ndhuwur bisa diowahi susunan unsure, kaya ing ngisor iki.

(44a) Rayapen dhipete. W J

(45a) Tumanen Mbak Ratih. W JKonstituen ‘rayapen’ lan ‘tumanen’ ngisi guna W lan konstituen ‘dhipete’ lan ‘Mbak Ratih’ ngisi guna J.

k. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya Nenandhang {-en} Reflektif

Konstruksi sintaktis mawa tembung kriya nenandhang {-en} reflektif (sabanjure KS mawa TKrNndRfl), yaiku konstruksi kanthi TKrNnd {-en} kang ngisi guna W lan ngenggoni kalungguhan kahanan nenandhang-reflektif. Sabanjur, TKrNnd {-en} iki majibake anane konstituen sangarpe kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang tumrap insan lan objektif tumrap noninsan. Titikan morfologis saka TKrNnd {-en} sajrone konstruksi iki, yaiku {{BT}+{-en}}. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(46)trithilen {trithil+ {-en}} ‘obah terus merga kesel mandeng’

(47)cathuken {cathuk+ {-en}} ‘untune gathik merga adhem’

Tuladhane KS mawa TKrNndRfl kaya ing ngisor iki. (48)Mbak Susi gigilen merga adhem.

Tar TKr GKAt

J W K Pnd NndRfl Sbb

(49)Mripate trithilen. TAr GKr J W Obj NndRfl

Kanthi fungsional, ukara (48) lan (49) kedadeyan saka guna J-W. Ukara-ukara kasebut nduweni struktur guna kaya ing ngisor iki.

Ukara (48) konstituen ‘Mbak Susi’ ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang, konstituen ‘gigilen’ ngisi guna W, lan konstituen ‘merga adhem’ ngisi guna K.

Ukara (49) konstituen ‘mripate’ ngisi guna J kanthi kalungguhan objektif lan konstituen ‘trithilen’ ngisi guna W.

Konstituen, ‘Mbak Susi’ lan ‘mripate’ sinebut ngisi guna J amarga konstituen kasebut minangka perangan saka ukara awujud TAr, mapan ing sakiwane guna W, lan ora bisa diowahi utawa ditekokake nagnngo tembung takon apa lan sapa.

Pancen ukara (48) lan (49) bisa diowahi dadi ukara takon nggunakake tembung sesulih takon apa lan sapa, nanging konstituen apa lan sapa sajrone ukara takon kasebut dudu minangka konstituen kang bisa ngisi guna J, nanging malah guna W. Kang ngisi guna J malah wangsulan saka ukara takon kang mawa tembung sing. Ukarane bisa didelok ing ngisor iki.

(93a) Sapa sing gigilen?(93b) Sing gigilen Mbak Susi.(94a) Apa sing trithilen?(94b) Sing trithilen mripate.

Saka kaenem ukara takon lan wangsulan ing ndhuwur cetha menawa konstituen ‘Mbak Sus lan ‘mripate’ nalika diganteni tembung apa lan sapa. Konstituen apa lan sapa kasebut ora bisa ngisi guna J, nanging ngisi guna W. Kang ngisi guna J, yaiku ‘sing ‘gigilen’ lan ‘sing trithilen’.

Adhedhasar strukture, guna J lan W bisa diijolake papane. Ukara (48) lan (49) ing ndhuwur bisa diowahi susunane konstituen ukarane dadi.

(93c) gigilen Mbak Susi merga adhem.W J K

(94c) trithilen Mripate. W J

Konstituen ‘gigilen’ lan ‘trithilen’ ngisi guna W lan konstituen ‘Mbak Sus’ lan ‘mripate’ ngisi guna J. l. Konstruksi Sintaktis mawa Tembung Kriya

Nenandhang {-en} RepetitifKonstruksi sintaktis mawa tembung kriya

nenandhang {-en} kanthi jejer panandhang repetitif

Page 12: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

(sabanjure KSTKrN-JPanRpt), yaiku konstruksi kanthi TKrN kang nduweni wujud morfologis {{TDwi} + {-en}} kang nduweni makna nenandhang kahanan-repetitif. TKrN sajrone KSTKrN-JPanRpt kasebut ngisi guna W lan nuntut anane konstituen saka wujud TAr kanthi fitur manungsa kang ngisi guna J kanthi kalungguhan Pan . Titikan morfologis saka TKrNnd {-en} ing konstruksi iki, yaiku {TDwi+{-en}. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(50)impen-impenen {impen-impen+{-en}} ‘tansah rumangsa mimpi’

(51)ambu-ambunen {ambu-ambu+{-en}} ‘tansah rumangsa mambu’

Tuladhane saka KS mawa TKrNnd {-en}, kaya ing ngisor iki.

(52)Aku rungon-rungonen swarane ibuk. TAr TKr GAr

J W Ge Pnd NndRpt ObjTembung ’aku’ minangka TAr kang kang ngisi guna J kanthi kalungguhan panandhang. Tembung kasebut tuwuh saka anane TKrNnd {-en} ‘rungon-rungonen’ kang ngisi guna W.

Anggone nemtokake konstituen ‘aku’ bisa ngisi guna J adhedhasar telung titikan saka guna J, yaiku konstituen kasebut awujud TAr, mapan ing sakiwane guna W, lan ora bisa diowahi dadi ukara takon kanthi tembung takon sapa lan apa.

Kanggo weneh bukti menawa konstituen ‘rungon-rungonen’ minangka konstituen kang ngisi guna W lan majibake anane konstituen ‘aku’ minangka guna J. Dibuktekake kanthi cara ngejolake guna J lan W, upamane guna J ing sangarepe guna W utawa suwalike, yaiku guna W sakiwane J. Ukarane kaya ing ngisor iki.

(52a) rungon-rungonen aku! W J

Sawise diowahi papane saben guna ing ukara (52 ukara ing ndhuwur minangka ukara kanthi struktur guna W-L. Konstituen ‘rungon-rungonen’ ngisi guna W lan konstituen ‘aku’ ngisi guna J.

2. Asile PanlitenAdhedhasar ndharan lan jlentrehan ing

ndhuwur bisa dingerteni menawa (1) KS mawa TKrNnd {-en} nampa (reseptif) saka anane TKrNnd nenandhang-nampa (reseptif) kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; KS mawa TKrNnd {-en} tiruwan (konsideratif) ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang- tiruwan (konsideratif) kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; (2) KS mawa TKrNnd {-en} atributif ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang-atributif kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang

tumrap insani/ objektif timrap noninsani; (3) KS mawa TKrNnd {-en} piranti (instrumentatif) ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang-piranti (instrumentatif) kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; (4) KS mawa TKrNnd {-en} piranti (instrumentatif) ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang-piranti (instrumentatif) kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; (5) KS mawa TKrNnd {-en} progresif ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang-progresif kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; (6) KS mawa TKrNnd {-en} sebab (kausatif) ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang-sebab (kausatif) kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; (7) KS mawa TKrNnd {-en} papan (lokatif) ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang-papan (lokatif) kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; (8) KS mawa TKrNnd {-en} genitif ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang-piranti genitif kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; (9) KS mawa TKrNnd {-en} langsung (objektif) ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang-langsung (objektif) kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; (10) KS mawa TKrNnd {-en} datif ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang-datif kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; (11) KS mawa TKrNnd {-en} reflektif ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang- reflektif kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani; lan (12) KS mawa TKrNnd {-en} repetitif ditandhai saka anane TKrNnd nenandhang-repetitif kang majibake anane konstituen sangarepe minangka panandhang tumrap insani/ objektif timrap noninsani.

3. Dhiskusi Asile Panliten Adhedhasar jlentrehan asile panliten, konsepe

ngenani TKrNnnd {-en} kang salaras karo andharane para panliti basa sadurunge, antarane yaiku tegese TKrNnnd {-en}. Tegese TKrNnnd {-en}, yaiku tembung polimorfemis saka anane wuwuhan {-en} kang nduweni makna nenandhang kahanan kang kurang prayoga kaya ing linggane. Jlentrehan iki salaras karo pamawase Antonsuhono (1953:31-32), Padmosoekotjo (1953:63), Wedhawati (2002:94), Sasangka (2009:), lan Sudaryanto (1991:58).

Kanthi teori transformasi generatif, sabanjure bisa dingerteni menawa konstruksi sintaktis mawa

Page 13: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

TKrNnd {-en} diperang dadi rolas, yaiku (1) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} nampa (reseptif); (2) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} tiruwan (konsideratif); (3) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} atributif ; (4) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} piranti (instrumentatif); (5) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} progresif; (6) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} sebab (kausatif); (7) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} papan (lokatif); (8) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} genitif; (9) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} langsung (objektif); (10) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} datif; (11) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} reflektif; lan (12) konstruksi sintaktis tembung kriya nenandhang {-en} repetitif.

E. PANUTUPAsile panliten iki isih akeh lupute, mula

panliti ngarepake anane panyaru kang asipat mangun supaya panilten sabanjure bisa kasil luwih apik. Saliyane iku panliti uga menehake pamrayoga kanggo panliten ngenani tembung kriya kang nerangake kahanan ing basa Jawa, mligine ngenani basa TKrNnd {-en}, yaiku: (1) isih akeh topik panliten ngenani TKrNnd {-en} kang durung ditliti, mligine kanggo para mahasiswa basa Jawa diajab bisa luwih sregep nindakake panliten ngenani TKrNnd {-en}, lan (2) panliten ngenani TKrNnd {-en} kang wis ana, mesthine nduweni luput lan kurang. Mula diajab ana panliten kang bisa menehi koreksi tumrap asile panliten iki.

KAPUSTAKANAdipitoyo, Sugeng. 2002. Valensi Sintaksis Bahasa

Jawa Dialek Surabaya. Surabaya: Departemen Pendidikan Nasional Republik Indonesia Universitas Negeri Surabaya

. 2013. Valensi Sintaktis Bahasa Jawa. Surabaya: Citra Wacana

Antunsuhono. 1953. Reringkesaning Paramasastra Djawa. Djogjakarta: Penerbitan Soejadi

Arifin, S. 1990. Tipe-tipe Klausa Bahasa Jawa. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan

Alieva. 1991. Bahasa Indonesia Deskripsi dan Teori. Yogjakarta: Kanisisus

Chaer, Abdul. 2003. Linguistik Umum. Jakarta: Rineka Cipta

Djajasudarma, Fatimah. 1993. Metode Linguistik, Ancangan Metode Penelitian dan Kajian. Bandung: Eresco

Gudai, Darmansyah. 1989. Semantik Beberapa Topik Utama. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Direktorat Jenderal Pendidikan Tinggi

Keraf , Gorys. 1970. Tata Bahasa Indonesia. Flores: Nusa Indah

Konisi, La Yani. 2001. Analisis Kategori Kata Bahasa Cia Liwungau. Kendari: Unit Jarak Jauh

Kridalaksana, H.. 2008. Kamus Linguistik. Jakarta: Gramedia

. 2007. Kelas Kata dalam Bahasa Indonesia. Jakarta: Gramedia

Kusno, B. S. 1985. Pengantar Tata Bahasa Indonesia. Bandung: C.V. Rosda

Mahsun, M.D.. 2007. Metode Penelitian Bahasa. Jakarta: P.T. Raja Grafindo Persada

Muhammad. 2011. Metode Penelitian Bahasa. Yogjakarta: Ar-Ruzz Media

Murdijanto. 1991. Morfologi Bahasa Jawa. Surabaya: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan IKIP

Parera, Jos Daniel. 1988. Sintaksis. Jakarta: Gramedia

. 2009. Dasar-dasar Analisis Sintaksis. Jakarta: Erlangga

Pateda, Mansoer. 2010. Semantik Leksikal. Jakarta: Rineka Cipta

Padmosoekotjo, S. 1979. Memetri Basa Jawa Jilid I. Surabaya: C.V. Citra Jaya

. 1979. Memetri Basa Jawa Jilid II. Surabaya: C.V. Citra Jaya

Poerwodarminta. 1953. Sarining Paramasastra Jawa. Jakarta: Noordon Kholff N.V.

Poedjosoedarmo, Soepomo, dkk.. 1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan Nasional

Purba, Theodorus. 2002. Sintaksis Bahasa Gresi. Jakarta: Pusat Bahasa Departemen Pendidikan Nasional

Ramlan, M.. 1987. Ilmu Bahasa Indonesia Sintaksis. Yogjakarta: C.V. Karyono

Robins. 1983. Sistem dan Struktur Bahasa Sunda. Jakarta: Njambatan

Samsuri. 1991. Analisis Bahasa. 1991. Jakarta: Erlangga

Sasangka, Sry Satya Wisnu. 2011. Paramasastra Gagrak Anyar Basa Jawa. Yogjakarta: Yayasan Paramalingua

Setyanto, Edi.1991. Widyaparwa. Yogjakarta: Balai Penelitian Bahasa.

Page 14: KONSTRUKSI SINTAKSIS MAWA TEMBUNG KRIYA NENANDHANG {-en}

Soenjono, D.. 1993. Beberapa Aspek Lingistik Indonesia. Universitas Katolik Jakarta: Njambatan

Subagyo, Rahmad. 2009. Titi Ukara Basa Jawa. Surabaya: Fakultas Bahasa dan Sastra Universitas Negeri Surabaya

Subroto, Edi. 1992. Pengantar Metoda Penelitian Linguistik Struktural. Surakarta: Sebelas Maret University Press.

. 1994. Konstruksi Verba Aktif-Pasif dalam Bahasa Jawa. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan

Sudaryanto. 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Jokjakarta: Duta Wacana University Press

. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa. Yogyakarta: M. L. I. Komisariat Universitas Gajah Mada.

. 2010. 1994. Predikat-Objek dalam Bahasa Indonesia (Keterangan Pola Urutan). Jogjakarta: Njambatan

Sukini. 2010. Sintaksis Sebuah Paduan Praktis. Surakarta: Yuma Presindo

Sumadi. 2012. “Adjektiva Denominal dalam Bahasa Jawa”. Artikel Ilmiah . (online) (http://cahsasindo.blogspot.com), diakses 4 Desember 2013

Sumarsono. 2011. Pengantar Semantik (Terjemahan). Yogjakarta: Pustaka Pelajar

Verhaar. 2006. Azaz-azaz Linguistik Umum. Yogjakarta: Universitas Negeri Gajahmada

Wedhyawati, dkk.. 2001. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Jakarta: Pusat Bahasa Departemen Pendidikan Nasional

Wijayanti, Fitri. 2013. “Wujud, Guna, lan Kalungguhan Tembung Kriya Tanduk”. Skripsi. Surabaya: Universitas Negeri Surabaya