Kethoprak Basa Jawa

download Kethoprak Basa Jawa

If you can't read please download the document

description

kethoprak basa jawa

Transcript of Kethoprak Basa Jawa

KARAKTER

Joko Kendil Sabar, Pemalu , culun, Pasrah

Mbok indun Sabar, Pengertian, Penyayang

Janaloka Cerewet, Judes Tapi Baik hati, rajin

Mpok Jum Genit, Judes, usil

Mpok Rah Genit, Judes, cerewet

Tukang sayur Genit tapi baik hati

Krisna Mukti Radadi dadi Sombong, Pede

Joko Pamungkase Gede Sombong, Pede, usil

Bupati Berwibawa, Bijaksana

Cantrik Centil, Bertanggung Jawab

Pramudia Wardhani Centil, cerewt

Pramudia Wardhana Lembut tapi cerewet

Joko Kendil Mencari cinta

Jaman rumiyin ing desa kentrung wonten janda ingkang kagungan putra naminipun Tom Cruise. Ngantos yuswa abad Tom Cruise dereng pala krama. Sanes mboten laku nanging mboten wonten ingkang purun amargi kagungan pasuryan ingkang ala. Wonten desa kentrung dipuntimbali Jaka Kendil

Joko Kendil : (mlaku karo nggowo kandang manuk )

Janaloka : ( nyapu karo nembang lagu jawa )

Joko kendil : kapan aku kawin ? isa ngrasakke surga donya, hi.hi..( tertawa )

Janaloka : ono opo tho mas ket mau kok ngomong dewe koyo wong edan.

Joko kendil : opo to,kowe isih cilik rasah melu melu.

Janaloka : yoben to

Jaka Kendil : ( ngedumel )

Mbok : ( bengok-bengok ning mburi ) le cah bagus kowe ning endi?. Walah

iki lho kayune wis entek

Janaloka : kui lho mas didangu simbok

Joko Kendil : (meneng wae karo ngalamun )

Mbok : oalah lele ning kene to kowe, digoleki ket mau meneng wae. Mbok nek

didangu ki nyaut ben simbok ora bingung ( mangkel )

Janaloka : ya mbok, ket mau ngomong dewe

Mbok : uwis.. uwis..kowe memburi wae kumbahan isih akeh

Janaloka : nanging iki durung rampung mbok

Mbok : ora popo tinggal wae.

Joko Kendil ; ono opo to mbok. Kok bengak bengok koyo kesurupan nganggu uwong wae

( mangkel)

Mbok : Kayu ning mburi kui wis entek kabeh, cepet kowe nggolek kayu ning alas ojo

mung gaweane ngalamun

Joko Kendil : (ngrayu lan manja ) mbok..mbok.kapan yaaku ndue bojo? Sing isa mijeti

aku,isa ngewangi simbok. Mbok aku pengen rabi, Tapi dasar nasib, aku uwis

usaha melu kontak jodoh, ngutarakke tresna, nganti

melu pemilihan cover boy, nanging.ah mbok ngerti dewe to,sopo sing gelem

karo aku iki. Duh gusti, apa salahku iki?

Mbok : uwis sabaro ndhisik to le..mengko nek wis pancen mangsane yo rabi. Tuhan iku maha adil.

Joko Kendil : Yo,nanging tekan kapan mbok? Tekan kiamat!

Mbok : Yo sabar, sabar kui di sayang Tuhan. Wis kono gek mangkat selak kawanen!

Joko Kendil : yo mbok aku tak mangkat ndhisik.assalamualaikum

Mbok : walaikumsalam,ati-ati yo le

Joko Kendil : mlayu mlayu menyang alas arep golek kayu lalalala(nembang)

Ening-enjing wonten pretelon desa kentrung. Wonten mpok jem ugi mpok rah ingkang nengo tukang sayur disambi ngomongaken Joko Kendil ingkang dereng asal jodo

Mpok Jum : Jam semene kok tukang sayure durung teko yo?

Mpok Rah : haiyo biasane wis teko mesti tukang sayure telat.

Mpok Jum : eh, Jeng ono gosip anyar lho. Ngerti ora anake mpok indun sing omahe cedak

kuburan kae lho jeng,sing jenenge ndil ndil ngono

Mpok Rah: ndilo, ndila, ndilon..sopo to jeng?

Mpok Jum : kui lho mosok ora ngerti, sopo to yo jenenge (mikir) oh..iyo joko kendil.

Mosok umure wis1/4 abad kok yo during rabi tekan seprene.

Mpok Rah : Oalah, kui to, pantesan lha wong rupane wae koyo ngono,. sopo cah wedok

sing gelem,wis rupane elek mlarat sisan

Tukang Sayur : Sayursayur..tahu tempe kangkung kol kubis wortel kacang panjang jahe

tumbar miri jahe kabeh ono ning kene. Sayure bu isih seger seger seseger sing

dodol.

Mpok Rah : Yu, kacang panjange ono?

Tukang Sayur : Oh ya jelas ono,dowo dowo meneh

Mpok Rah : koyo ngene kok dowo( sambil memegang kacang ).

Mpok Rah : eh..eh kui mpok indun teko.

( mpok indun rawuh ngampiri tukang sayur kaliyan janaloka )

Mbok : Yu, Jengkole ono?

Mpok Jum : ( karo mbisiki mpok rah ) maklum panganane wae jengkol pantesan rupane

koyo jengkol

Mpok rah :Eh mpok pisan pisan anake diwenehi iwak ojo jengkol terus,ben ganteng tru

cepet laku

Janaloka :nek ngomong diatur to mpok

Mbok : ( meneng karo milih sayur )

Tukang sayur : wis rasah dirungokke mpok , eh mpok rah mpoh jum sido tuku ora?ket mau

kok ngrumpi terus.

Mpok Jum : ( mangkel) yo yo sido tuku

Mbok : wis yu kabeh piro ?

Tukang sayur :totale 5000 mpok.

Mbok : ( karo menehke duit ) monggo bu

Mpok Jum & Rah: oh yo..yo ( kaget )

Ening-enjing warga kampung ngempal wonten bale desa

Mbok : ( mlayu mlayu karo narik joko kendil)

Joko Kendil : ( mangkel)

Janaloka : Mbok meluu...

Mbok : Ayo cepet

Joko Kendil : ono opo to mbok aku kok ditarik-tarik koyo sapi wae

Mbok : ono woro woro

Joko Kendil : Woro-woro Mbok ?

Warga dusun gemrudug rawuh dhateng bale desa.

Cantrik : ( karo nuthuk kentongan ) toktok..tok

Warga Desa : ono opo yo?opo bupati nggolek mantu nggo putrine kae?

Cantrik : Bapak ibu saudara/I paklek bulik mbah kangkung mbah uti . Woro-woro kanggo jejoko sing isih single ono kabar gembiro. Bupati golek mantu langsung 2 ekor kanggo putrine. Syarate yaiku. 1. jejaka tulen, 2. pejantan tangguh 3. Umure during nganti abad,4. berdomisili ning desa kentrung 5. mbayar biaya pendaftaran 5000 rupiah lan 6. pendaftaran paling akhir jam meneh.

Warga Desa : Ayo daftar.

( warga bubar ninggalaken bale desa )

K. Mukti radadi : Eh jo ( nggetak) yo arep melu sayembara iki ? ?

Joko Kendil : ( wedi)iya emange ngopo?

Joko P Gede : Hahakowe melu tenan?ora salah??nyalimu gede jebule !

Joko Kendil : Lho bukane kabeh oleh melu?opo slahe aku yo melu?

K Mukti & Joko P Gede : Yo salah

Krisna Mukti R : ngerti ra,sayembara iki mung kanggo wong sing duwe rupa bagus lan sugih

koyo aku

Joko P Gede : rupa koyo kowe durung nganti melu audisi wis dieliminasi ndhisik haha

Joko Kendil : jare sopo?saiki ngene wae awakdewe saingan kanthi sportif

K Mukti R & Joko P Gede : okee,wani aku! haha

Dinten ingkang dipuntenggo-tenggo dhateng

( wonten ing taman kutha )

Bupati : ( Mondar-mandir ) ajudanku opo kabeh uwis siap?

Cantrik : Sampun siap buk

Bupati : apik-apik, jebule iso padha diandelke. Aku ora gelem nek nganti gagal total.

Anakku opo sliramu wis siap?

P. Wardhani : sampun bu,pun mboten sabar kula niki.

P. Wardana : inggih bu, kula nggih pun mboten sabar niki,pun gek ndhang dipunlekasi

mawon bu.

P. Wardhani : kiro-kiro aku entuk sing kepiye yo?pokok e aku pengen sing dhuwur,putih sak

elek-eleke koyo Brad Pitt ngono lah.

P. Wardhana : nek aku pengen sing koyo Anjasmara wae wis cukup

Cantrik : Tenk..tenk.. 1,2,..3

Sayembara dipunlekasi

Cantrik : Kaping pisan peserta saking kota Adem Kentrung, putranipun Pak lurah

Kentrung. Tiyangipun kagungan lemah sing jembare 4 hektar. Inggih menika

Krisna Mukti Radadi-dadi.

Krisna Mukti : ( mesam-mesem, nggaya, nampilke nak dheweke gagah )

Cantrik : Peserta kaping 2 iki, wis kondhang ing dunia tahu. Inggih menika putra saking

pengusaha tahu paling sugih ning kotane,yaiku Joko Pamungkase Gede.

Cantrik : Peserta keridhewe iki duwe rupo paling elek sak desa Kentrung, yaiku Joko

Kendil.

Warga Desa : Huhuhu

P. Wardhani : Sapa kuwi? Elek banget, eh ajudan knapa ono wong edan kok tok kon mlebu

ndene?

P. Wardhana : Wis ngono kucel meneh. Bu, pripun tho?Ajudanne mboten becus niki.

Bupati :Uwis, uwis.

Cantrik : Nyuwun ngapunten bu, kulo mboten mangertos niki.

Woro-woro hasil sleksi

Cantrik : sawise nimbang, mresani,lan milih, akhire jodho kanggo Putri Wardhani

yaiku Krisna mukti radadi dadi, lan kanggo Putri Wardhan yaiku

Jokojoko.

Joko Kendil: Kendiiiiil..

Cantrik: Sopo kondho? Joko Panugase Gedhe

Warga desa: (nyoraki Joko Kendil) hu..hu

Joko P Gede : (mongkog). Wis tak kiro, koweki ra bakal menang ndil.

Cantrik : Lan Joko Kendil entuk putri paling ayu, yaiku matur nuwun.

Kabeh uwong: (ngguyu cekakakan)hahahahaha

Cantrik: Nah mekaten warga desa sedaya, menika wau kasilipun saengga sayembara sampun ditutup.

Bupati : matur nuwun wargaku

Joko Kendil : Nasib.nasibduh Gusti opo salahku ? ngene iki sing jenenge tresna