Cerkak Basa Jawa

12
Cerkak Basa Jawa AMARGA AKU TRESNA SLIRAMU CERKAK BAHASA JAWA

description

cerkak

Transcript of Cerkak Basa Jawa

Page 1: Cerkak Basa Jawa

Cerkak Basa Jawa

AMARGA AKU TRESNA SLIRAMU

CERKAK BAHASA JAWA

Page 2: Cerkak Basa Jawa

Amarga aku tresna sliramu

Dening : Ainindita Apriliani Ayunanda

X IIS 1

Page 3: Cerkak Basa Jawa

KATA PENGANTAR

Assalamualaikum Wr.Wb.

Alkhamdulillahirobil’alamin , puji syukur kula haturaken kangge Allah SWT ingkang sampun maringi kekuatan , keslametan , hidayah lan inayah kangge ngradinaken cerkak niki. Mboten kesupen Sholawat kalih salam kula haturaken kangge junjungan kula kalih umat Islam sedoyo Baginda Nabi Muhammad SAW ingkang kula kalih panjenengan sedoyo arepaken syafaatipun mbenjing teng dinten kiamat.

Cerkak niki pancen dereng sempurna , nanging mugi-mugi cerkak niki saged maringi manfaat kangge sinten mawon ingkang maos. Cerkak niki kula haturaken kangge tiang sepuhe kula, lan sedoyo rencange kula ingkang sampun mbantu kula.

Mbok bilih wonten crios teng buku niki ingkang mboten sreg kalih sedoyo pemaos kula nyuwun agung-ing pangampunten ingkang kathah. Kritik kalih saran kula perluaken supados kula saged nyerat crios ingkang langkung sae.

Karangmoncol, 16 September 2015

TTD

Penulis

DAFTAR ISI

Page 4: Cerkak Basa Jawa

Halaman Judul …………………………………………………………………

Kata Pengantar ……………………………………………………………….

Daftar Isi ……………………………………………………………………….

Amarga Aku Tresna Sliramu …………………………………….

Penutup …………………………………………………………………………….

Biografine penulis ………………………………………………………….

AMARGA AKU TRESNA SLIRAMU

Arga lagi enak-enake nyruput es teh ujug-ujug saka mburine ana tangan alus lan wangi nutupi mripate wong lanang gondrong iku.

Page 5: Cerkak Basa Jawa

“Hayooooo sapa jal…?” omonge Felly “Apa toh Fell?” saurane Arga tanpa mikir suwe.“Loh kok ngerti toh nek aku?”“Hahaa aku kwe wis apal karo mambumu, jarak 100 meter be aku wis bisa ngrasakake mambumu sing kaya wedus kuwi” omonge Arga sak penake.“Huh….dasar kucing garong.”“kwakwakwa…” Arga ngakak. Kuwe mau yen Arga karo Felly ketemu wis kaya kucing karo wedus bae. Bocah loro mau pancen wis akrab banget awit ,OSPEK dianakake. Kekarone padha njupuk jurusan seni musik ana ing UNNES.“Fell aku balik maring kos dhisik ya, pan melu pora?”“Ah ora, aku bar kiye esih ana kuliah.”“Temenan kiye ora melu? mengko gela lohh,” Arga mbujuk Felly.“Gela jawa, wis mrana lunga, aah nyumpek-nyumpeki bae nangkene.”“Ya wis aku ndisik ya,” omonge Arga karo njangkah metu saka kantin.Tekan ana kos-kosan, Arga langsung nggeti kertas lan kuas nggo nglukis. Senadyan jurusane dheweke seni musik nanging yen dikon nggambar pancen pinter banget. Nganti kanca-kancane ngomong yen Arga kuwe bocahe nyeni banget. Akeh banget kancane sing njaluk tulung dilukisake dheweke. Awit saka nggambar wong, kewan, kembang, lan liya-liyane dheweke bisa kabeh. Anehe saben arep nglukis rupane Felly dheweke ngrasa angel banget. Ora bisa langsung dadi, kaya yen nglukis liya-liyane. Mula iku saben mentas ketemu Felly dheweke langsung nglukis raine bocah wadon ireng manis kui se kemutane. Yen awangane marang raine Felly wis alamat ora bisa nglukis. “Wuiiiih edan lukisanmu Ga, kaya lukisane tukang lukis professional bae,” aleme Vendra kanca se-kosane Arga.“Ah biasa bae kaya kiye kaa.”“Lha sing kuwe gambare sapa toh Ga? kok aku weruh awit sesasi wingi nganti sak iki durung rampung-rampung,”

Page 6: Cerkak Basa Jawa

pitakone Vendra karo ngacungi gambare Felly sing durung diweini lambe.“Ooh kuwe gambare kancaku, Felly jenenge, aku ya ora ngerti nglukis wong siji kuwe kok angel banget yah,” saurane Arga.“Waaah mesthi wong spesial iki, nganti arep nggambar raine bae grogi,” Vendra ngluwehi Arga karo cekikikan.Sore kiye Arga nembe ketemu karo Felly, kaya biasane dheweke langsung njagong ana ing panggonan sing biasa gawe nglukis. Nerusake lukisane sing durung rampung-rampung kuwi. “Waaah akhire aku bisa ngrampung ngake lukisan kiye,” ucape Arga saka njero atine. Sawise telung sasi nggawe lukisan kuwe akhire bisa rampung.Tanggal sewelas Januari kang diarep-arep Arga wis tekan. Dheweke ngenteni Felly sing lagi latihan nggitar ana ing gedung B7. Sawise rampung latihan, Felly weruh Arga sing lagi jagongan ana ing ngarepan gedung B7.“Heh nang ngapa kok durung balik Ga? kan kowe wis ora ana kuliah kan? Ngenteni aku ya?” Felly ngajak guyon.“Iya aku ngenteni kowe Fell.”“Ana apa kok tumben temen gelem ngenteni aku?”“Ayo tak dejek maring kos-kosanku sedelat bae.”“Kok mung sedelat? wong suwe be ya ora papa ka,” Felly langsung nggandeng tangan kanca akrabe iku.Sa’ anjogge nang kos-kosanne Arga, Arga langsung ngongkon Felly kon njagong lan mulai ngomong apa sing arep di omongake.

“Ga, jare arep ngomong, ngomong apa?”

“Eeh iya Fell, aku arep ngomong, yen aku kuwe sebenere……”

Durung rampung Arga ngomong, HP-ne Felly moni, lan Felly kudu cepet-cepet balik ngumah amarga wong tuane ana sing lara.

Page 7: Cerkak Basa Jawa

Uwis telung sasi Arga lan Felly kuliah, nyampe akhire wisudanan dianakake.

Sa’ durunge acara wisudanan dimulai, Arga nggawe rencana nggo nembak Felly, lan Arga nemoni Vendra arep njaluk tulung.

“Ndra… aku pan njaluk tulung olih?”

“Olih, arep njaluk tulung apa toh?”

“Aku dina kiye bar acara wisuda rencanane arep ngungkapna manahe aku marang Felly, tapi aku durung ngrencanakake.”

“Ooh kui, yo gampang ngko aku karo kanca-kanca sing liya’ne melu mbantu”

“Tenan Ndra?”

“Iya, apa sih sing ora nggo koe Ga ”

“Haha… suwun ya Ndra”

“Iya pada-pada”

Sa’ rampunge wong 2 kui omong-omongan, Vendra langsung nemoni kanca-kancane lan nyusun strategi.

Sa’ rampunge acara wisudanan, Arga nemoni Felly sing lagi kandah karo kanca-kancane.

“Fell?”

“Eh… koen Ga, ana apa?”

“Melu aku sedelat yuh?”

“Aben maring ndi?”

“Yuh gari melu ndisit bae, tapi matane tutupi ya?”

Page 8: Cerkak Basa Jawa

“Arep maring ndi sih? kok ana acara tutup-tutupan mata anapan.”

“Wis gari melu bae ndisit yaa?”

“Iya wis”

Arga langsung nutupi matane Felly nganggo bujur lan nggandeng Felly maring taman. Sa’ tekane wong loro kui maring taman, nang kono wis ana Vendra lan kanca-kancane sing wis siap arep njalakake rencanane.

“Fell… wis siap?”

“Uwis, apa aku wis olih mbuka mata?”

“Durung, kiye bujure tak buka tapi matane aja dibuka ndisit nganti 3 menit ya?”

“Iya”

Wis 3 menit, lan Arga ngongkon Felly kon mbuka matane. Lan nang kono uwis ana tulisan “FELL… AKU TRESNA SLIRAMU, GELEM PORA DADI PACARE AKU?”

Felly langsung mbrembes mili amarga ora nyangka yen Arga duweni rasa sing pada kaya dheweke.

Felly langsung nyikep Arga lan ngomong:

“Aku ya sebenere seneng napan maring koe Ga.”

“Aku be iya, nanging aku ora wani ngomong mbokan persahabatane dhewek ancur gara-gara kuwe Fell”

“Brarti dhewek wis jadian kiye?” takone Arga marang Felly karo cengar-cengir

“Em… iya-iya”

Page 9: Cerkak Basa Jawa

Arga karo Felly langsung sikepan maning, lan kanca-kancane padha metu lan padha keprok.

“Fell, Ga… slamet yo, semoga bisa nganti nyanding Felly yo Ga?” karo cengar-cengir

“Amiiin, suwun ya Ndra, wis gelem mbantu aku” Arga langsung nyikep Vendra

“Iya-iya, padha-padha, kan aku wis ngomong apa sih sing ora nggo sahabate aku”

“Hehehe, iya…”

Akhire Arga,Felly,Vendra lan sing liyane padha balik maring umahe dhewek-dhewek.

TAMAT

PENUTUP

Page 10: Cerkak Basa Jawa

Cekap semanten cerkak kulo mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun agung-ing pangapunten,wusana matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Biografine Penulis

Nami kulo Ainindita Apriliani Ayunanda, saged ditimbali Dita utawa Ainindita, saking kelas X IIS 1 teng SMA NEGERI 1 RANDUDONGKAL (SMANRA). Kulo lahir teng Pemalang, tepate Pemalang, 04-April-2000. Alamte kulo Karangmoncol Rt/Rw 02/01. Kulo remen sanget marang Aliando Syarief, amarga suarane sae, ngganteng, lan saged teng bidang music,acting,suara,lsp.

Kulo gadhah kesenengan nembang,nari,ningali tv,lsp. Sanajan taksih pemula kula tetep usaha keras kangge ndamel cerkak niki. Niku sebabe kula perlu saran

Page 11: Cerkak Basa Jawa

kaliyan kritik saking rencang-rencang sedoyo supados kulo saged langkung sae malih nyerat cerkak niki.

Ingkang badhe ngritik kalih nyukani saran saged lewat facebook utawa twitter kulo. Matur nuwun

Facebook : Ainindita Apriliani Ayunanda

Twitter : Ainindita_aprl