Cerkak B. Jawa

download Cerkak B. Jawa

of 22

Transcript of Cerkak B. Jawa

SINDHENMANGKELING mangkel, ora kaya wong lagi pegel. Gelaning gela, ora kaya diblenjani tresna. Ora perduli bagus apa elek, ora perduli pinter apa bodho, Kabeh sami mawon. Jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon. Mengkono uga Anjasmara. Mripate kelop-kelop, nyawang eternit sing ana ndhuwure peturone. Jane arep nyawang usuk, ning kaling-kalingan eternit. Dadi sing disawang mung eternit. Kang gambarane endah edi, kaya ukir-ukiran. Dhek wingi yen disawang katon edi peni, ning saiki kok ora. Dhek emben sawangane nggemesake ati, ning saiki kok mboseni. Anjasmara melek ora turu nanging atine bingung uleng-ulengan. Kepiye anggone ora, nduwe pacar siji wae nglungani ati. "Njas Anjas, aja ndongang-ndongong kaya sapi ompong. Kae kanca-kanca wis padha nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak ana dhipan wae," swarane Sumani keprungu saka walike lawang kamar. "Sapa....?" pitakone Anjas sakena-ne. "Kae pacarmu barang wis dha ngenteni ana ndhapa," Sumani nerangake. Krungu wangsulane Sumani ngono mau, Anjasmara gregah tangi. Pacare teka, edan ane. Perlu diaturake ing kene sing jenenge Anjasmara kuwi dudu Anjasmara ari mami jaman Menakjingga lan Damarwulan. Yen jaman Menakjingga, Anjasmara kuwi ayu kinyis-kinyis, eseme pait madu. Ning yen Anjasmara jaman komputer iki eseme ya nggregetake, ning yen sing nyawang kuwi wanita. Mula ora maido sakploke dheweke nggabung Orkes Campursari "Nyidham Sari" akeh wanita sing kapiluyu nyawang tukang ngendhang siji iki. Tujune dheweke wis dikondhangake pacaran karo penyanyine, sing jenenge Wulandari. Mula akeh wanita penontone campursari sing padha ngeses. Bejamu Lan, Wulan. Duwe pacar wae kok dhe-gus, gedhe tur bagus. Ya wis begjane Wulandari, nduwe hyang wae baguse setengah mati tur dhasare tunggal sak kuliahan, ing Sekolah Tinggi Seni Indonesia ing kutha Sala. Ya ora maido, sing jenenge Wulandari kuwi ayune tumpuk undhung. Baut njoged, pinter nyanyi campursari. Ya ora maido yen Anjasmara gandrung lan gandheng karo Wulandari. Tumbu entuk tutup. Sing lanang bagus, sing putri ayu. Sing lanang tukang ngendhang sing putri baut nembang. Mula bareng Sumani mbengoki, Anjasmara tangi gregah, nguceg-uceg mripate, banjur mudhun saka peturon. Nyedhaki Sumani karo takon bisik-bisik, "Wulandari melu mapag mrene?" Sumani mangsuli alon: "Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwantara kana, karo bojone. Apa gunane ngenteni kowe, jaka tukang ngendhang, entuke job mung kala-kala. Luwih becik karo bojone sing anggota DPR. Blanjane tetep. Ora kaya kowe Njas, panji klathung, blanjane wae durung, yen turu njingkrung." "Lha kok kowe kandha pacarku mrene?" celathune Anjasmoro karo mrengut. "Lha pacarmu kuwi pira?" Sumani njegeges. "Kae....Nanik ya teka. Jare pacarmu serep?" "Edan kowe," tembunge Anjasmara karo njotos lengene Sumani. "Nik....Nanik, iki lho Anjas lagi tangi. Gereten metu." Sumani mbengok "Mas piye, kendharaane wis siap?" pitakone Nanik karo marani kamare Anjasmara. "Wis beres," wansulane Anjasmara alon. "Beres beres, paling sing golek kendharaan ya aku," Sumani melu nyaut senajan ora ditakoni. "Ngono-ngono rak uga kanggo kepentingan kanca dhewe ta mas?" celathune Nanik karo tumuju kamare Anjas. "He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan," pembengoke Sumani. "Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendaraan wae, tak dandan dhisik," celathune Anjasmara karo mlebu kamar maneh. Kanca-kancane padha munggah kendharaan. Tujuwane arep tanggapan menyang Purwantara, dhaerah kang mapan ana sawetane Wonogiri. "Bangku sandhinge Nanik aja dienggoni lo, sudah dipesan. Mau dipakai Anjas," Sumani mbengok karo ngguyu. Liyanene melu ngguyu. Nanik mung mesem manis. Anjasmara ora isan-isin trus lungguh sandhinge Nanik. "Kanca-kanca, minangka kancane Nanik aku matur nuwun dene dhek wingi wis padha rawuh ngestreni slametan neng Nanik," swarane Sumani ing sela-selane swara mesin kendharaan. Nanik mencep, liyane ngguyu nyekakak, merga ngerti yen Sumani tukang gojeg. Anjas nyikut Nanik karo celathu, "Ora sah digagas, ben muni sak unine cangkeme." "Lha dhek emben kuwi Nanik rak syukuran, merga Anjas karo Wulan wis putus. Lha calone Anjas rak kembali ke Nanik," Sumani isih nrocos karo ngguyu. Liyane padha ngguyu ger-geran. Jan jane Nanik kuwi ora nganakake syukuran. Kuwi mung guyone Sumani wae.

Sakdalan-dalan kanca-kanca Campursari padha cekakakan. Mung Anjas sing kelangan guyu. Dheweke mung mesam-mesem cilik nadyan semu kepeksa. "Nik...mengko aja nyanyi "Wuyung" Utawa "Weke Sapa", ndhak Anjas ora bisa ngendhang," tembunge Sumani karo isih mbebeda. Anjas nyikut bangkekane Nanik karo kandha lirih, "Ora sah kok tanggapi. Mengko yen kesel rak meneng dhewe cangkeme kuwi." Lagi mingkem lambene Anjas, hand phone sing ana kanthongane muni. Nanik sing ngandhani. "Tilpun mas." Anjasmara meneng wae terus ngrogoh sak-e, HP ditempelake kupinge. Nanik meneng tanggap sasmita. "Halo, okey boss, bener aku tiga-tiga," Anjas mangsuli liwat HP ne. "Anu....piye boss? Iki aku ana perjalanan. Nyang Purwantara dhaerah Wonogiri. Bener, aku bareng-bareng njagong nyang omahe Wulandari." Meneng sedhela sajaKe ngrungokake sing nilpun. Let sedhela wis sumaur: "Iki aku jejer dhik Nanik. Iya...tidak ada rahasia. Lha terus leh nangkep kapan? Yen cathetanku wis komplit boss, taksimpen ana disket, taktengeri RHS. Iya, isih ana kantor. Wis ya bengi iki mengko bubar main Campursari aku bali, tak njujug omahmu boss." HP dipateni terus dikanthongi. Sumani sing lungguhe ora adoh mbengok, "Edan Njas, lunga nyang Purwantara, sambene ndhempel pacare, isih ketambahan ditilpun boss-e. Mesthi entuk job sing penting". Anjas meneng wae karo mesem. Nanik sing nrenjel takon: "Ana apata mas, boss-e?" "Biasa, kabar gaweyan. Aku dikon bali, penting," jawabe Anjasmara. "Lha kok isih semaya?" pitakone Nanik. "Wis kadhung jejer cah ayu kok dipisahke. Ya emoh ta?" wangsulane Anjas nggodha. Sing digodha njiwit lengene Anjas. Jane ya lara, ning wong sing njiwit bocah ayu ya nggleges wae. "Tutugna leh jiwit-jiwitan," pambengoke Sumani. "Kancane uyel-uyelan kaya ngene, kono mat-matan sakepenake dhewe," Krungu celathune Sumani mau kabeh dha ngguyu mak gerr, nanging Anjas karo Nanik meneng wae. Nanik nutupi pipine sing abang merga isin, Anjas isih gawang-gawang swarane boss-e mau. Kabar seneng nanging uga gela. Seneng merga boss-e ngabari, yen Rudy Pancadnyana, anggota DPR calone Wulandari, saiki wis ditangkep polisi, jalaran nylewengake dhuwit APBN. Sing mbongkar pokale Rudy kuwi klebu Anjasmara sing uga wartawan ing kutha Sala. Malah laporan penting ana disket-e Anjas ing kantor. Mula yen dina iki mengko boss-e nemokake diskete, ora wurunga Rudy ora bisa endha maneh. Durung yen ketambahan interogasine polisi. Sing dibingungake Anjasmara, nasibe sing repot. Yen Rudy ditangkep polisi, mangka bengi iki uga dheweke kudu menyang Purwantara nglamar Wulandari, wis mesthi gagal, ora sida. Sing untung Anjas. Nanging kabeh wong padha mangerti menawa ditangkepe Rudy, merga laporan ing korane Anjas. Pikire wong-wong mesthi iki trekahe Anjas anggone berjuang ngrebut Wulandari. Paling ora, wong sak Orkes "Nyidham Sari" padha mangerti persaingan Anjas karo Rudy rebutan sindhen Campursari. Durung pikiran liya. Yen dheweke balen karo Wulandari, lha njur Nanik piye? Loro-lorone sindhen Campursari. Ayune padha, padha dene leh ulengulengan. Anjas ngeses-ngeses karo gedrug-gedrug. "Ana apa ta mas?" pitakone Nanik alon, karo mesem. Anjas mung mengo karo nggleges:"Pipimu kuwi lho, yen mesem dhekik nggregetne," celathune sakecekele wae timbang ora mangsuli. "Ah.... mas Anjas," Nanik mbales karo njiwit lengen. Sing dijiwit isih bingung.*Dening:Andjar Any/ Panjebar Semangat-12/2006

BU GURUYEN ing kampungku ana jeneng Bu Guru, sing dimaksud mesthi Bu Warsini garwane Pak Marno. Bu Warsini ora dadi guru, nanging dadi bojone Pak Marno sing dadi guru SD. Malah Bu Ratmi, Bu Jamilah sing ngasta dadi guru wae ora diundang tau Guru. Undang-undangane ya mung Bu Ratmi, Bu Jamilah ngono wae. Semono uga Bu Tarmi lan Bu Kasmi sing kakunge uga ngasta dadi Guru, undang-undangane ya ora Bu Guru, nanging mung Bu Tarmi lan Bu kasmi ngono wae. Dadi yen ana wong ngomong Bu Guru, sing dikarepke mesthi Bu Warsini iku.

Amarga ing kampungku sing dadi guru dhisik dhewe ya mung Pak Marno sing saiki wis pensiun iku. Senajan Pak Marno wis pensiun, Bu Warsini isih tetep diundang Bu Guru. Njur apa critane Bu Guru, ya Bu Warsini iku? Critane Bu Guru iku ora duwe anak lanang. Nalika semana, anake lima wadon kabeh. Mangka jaman saiki anak lima iku ya wis kepetung akeh. Mula Pak Marno tansah ngandhani marang garwane iku, supaya melu ka-be. Yen manut istilahe Pak Wisnu, ka-be iku yen dijawakake dadi keluwarga rinancang. Nanging Bu Guru kipa-kipa ora gelem, amarga isih kepengin duwe anak lanang, Nganti Pak Marno judheg. "0, alah Bu, mbok wis trima. Wong anakmu ya wis lima ngono. Mengko yen wis padha duwe jodho, kowe rak ya duwe anak lanang ta? Senajan mung anak mantu, rak ya padha wae ta; kuwi ya anakmu." "Ya beda Pak, anak mantu kok karo anak leh mbrejelke dhewe..." "Bedane nggon ngendi? Apa yen anak mantu kuwi ora gemati? Akeh lho Bu contone, anak mantu utawa anak angkat kuwi malah luwih ngerti marang wong tuwa! Coba kae, Parmanto anak angkate Pak dhe Sastro kae, pendhak sasi sowan nggawa gula teh; isih oleh-oleh bandeng, endhog; mangka mengko yen mulih isih ninggali dhuwit. Balik anak-anake, endi sing ngerti karo wong tuwa? Mara pendhak bakda wae sok-sok ora?!" "Embuh gemati embuh ora, ngerti karo wong tuwa apa ora, nanging rasane ora kaya yen duwe anak lanang dhewe, pak! Bisa dipamerke marang liyan gilo iki anakku sing lanang sing nggantheng, ah pokoke aku isih kepengin duwe anak lanang! "Ya uwis yen ora kena takkandhani. Wong dieman kok ora kena. Kudune kowe kuwi wis leren ora nglairake....." Aja maneh kok Pak Marno sing bojone Bu Guru, senajan Pak Ketua RT, Pak Ketua RW, apadene pak Bayan; kabeh padha nganjurake melu ka-be. Nanging Bu Guru tetep mbeguguk nguthawaton, ora gelem melu ka-be. Pak Marno ganti pekewuh saben-saben diparani perangkat kelurahan iku. Sidane bojone direpa-repa. "Ya manuta pemerintah ta Bu, melua ka-be.... "Wegah! Wegah tenan aku pak! Wong diaturi aku iki isih kepengin duwe anak lanang, kok dikon ka-be; pokoke aku gemang!" "Mengko dhisik ta, aku iki ora malangi kekarepanmu duwe anak lanarg, nanging aja mbangkang dhawuhe pemerintah ngono kuwi...." "Lha trus piye, nek ora oleh mbangkang?" "Dhaftarna ka-be nyang Bu Bidan, mengko njupuka pil wae! Mbokpangan pile ya kena, ora ya kena! Ning ketoke rak wis melu kabe, ngono lho karepku!" "Dadi saben sasi mengko aku nyadhong jatah pil?" "Ha iya! Bu Bidan rak ngira yen kowe wis melu ka-be tenan." "Ya wis, nek ngono aku ngalah. Ning aku aja mbokpeksa melu ka-be tenan lho, Pak!" "Ora-ora! Aku ora arep meksa. Kowe melu ka-be temenan kanthi kesadharan, aku malah seneng, ora arep meksa...:' Bu Guru mencep krungu tembunge sing lanang mengkono iku.Sidane Bu Guru dhaftarake melu kabe temenan. Nanging mung ethok-ethokan. Saben sasi nyadhong jatah pil ka-be ing omahe Bu Bidan. Nanging pil cadhongan iku ora tau dipangan, nanging mung ditumpuk ing laci mejane. Bu Bidan ngira Bu Guru iku wis melu kabe temenan. Nyatane nganti wektu nem sasi Bu Guru durung katon ngandheg maneh. Nanging sakbubare kuwi, Bu Guru wis ora nyadhong jatahe pil kabe maneh. Malah wis telung sasi dheweke ora ngaton ing omahe Bu Bidan. Mula Bu Bidan meneng-meneng mbatin marang Bu Guru. Ya gene garwane Pak Marno iku ora njaluk jatah maneh. Mula nalika pertemuan PKK, bab iku ditakokake marang Bu Guru. "Bu Guru kok sakmenika mboten mendhet jatahipun pil kabe?" Karo klimputan Bu Guru wangsulan setengah bisik-bisik. Ngapunten Bu Bidan, kula kebobolan malih. Kesupen mboten nedha pil tigang dinten, lha kok ngandheg malih,...." "Wooo...,ngaten ta?" Bu Bidan mlenggong semu maido. "Kula rumiyin rak sampun matur, menawi kesupen mboten dhahar pil ka-be, pendhak dintenipun dipundhobeli...." "Wong kemutan-kemutan sampun tigang ndinten kok, Bu! Dospundi malih?! Nanging Bu Bidan ora arep ndedawa crita, malah batine - priksa karepmu, ora mriksakake ya sakkarepmu-, akibate mboktanggung dhewe. Nyatane sajerone ngandheg sangang sasi Bu Guru mung mriksakake kaping pindho. Mula ora mokal yen anggone nglairake rada rekasa. Bu Bidan ora saguh nangani. Sidane Bu Guru digawa menyang rumah sakit, amarga mung dhokter sing keconggah nangani. Diinfus nganti ngentekake pirangpirang botol, parandene bubar nglairake meksa katon nglentrih tanpa daya amarga kentekan tenaga. Malah kober ora eling barang. Tujune isih bisa dislametake. Ya mung rada akeh

wragad sing kudu diwetokake. "Putra njenengan estri," ngendikane dhokter ngandhani. Sing dikandhani ora wangsulan. Mripate kethap-kethip. Ngertia yen anake iku bakal metu wadon maneh, athuka dheweke rak melu ka-be temenan, ora ethokethokan kaya dhek emben. Bu Guru gegetun, nanging wis kebacut. Sidane kanthi kesadharan dheweke njaluk disteril pisan. Bu Guru lagi pasrah marang panguasane Sing Maha Kuwasa sing nakdirake dheweke ora duwe anak lanang. Bu Guru wis bisa mupus. Saiki pepenginane duwe anak lanang genti malih dadi kepengin duwe putu lanang, amarga anake mbarep wis omah-omah taun kepungkur. Mula pepenginane iku dikandhakake marang Ndari sing cekel gawe dadi guru SD. "Aku wis trima kok Ndhuk ora diparingi anak lanang! Ning mugamuga wae anakmu mbarep iki mbesuk metu lanang..." "Ah, Ibuu....' wong kula kepengine anak estri kok!" "Sebabe?" "Ha inggih, anak estri menika umumipun mboten nakal. Umur nem taun sampun saged dipunkengken...Yen anak lanang?" "Nanging ora kaya nek anak wadon duwe, anak lanang ya duwe. Gandheng anakku nenem wis wadon kabeh, sirku anakmu kuwi tak suwun metua lanang; ngono lho!" "Ha-ha-haa, Ibu ki aneh! Wong kula sing arep diparingi momongan, kok njenengan sing nyuwun! "Witikna, anak nenem wadon kabeh;lumrah ta nek njur kepengin putu lanang?" "Nggih mugi-mugi kadumugen kepengin panjenengan, Bu!" Ndari - bbarepe Bu Guru iku - ngalahi rembug. Nanging batine tetep kepengin duwe anak wadon. Temenan. Bareng jabang bayi lair, jebul metu wadon. Ndari rumangsa lega dene anake mbarep metu wadon temenan. Kosok baline Bu Guru sing mbrabak arep nangis. Kaningaya temen uripku! Kepengin duwe anak lanang ora klakon, ngarep-arep putu lanang, jebul malah wadon maneh. Putune Bu Guru wis umur telung taun. Wong wadon iku gemati banget marang putune iku. Senajan wadon, rasane beda momong anak karo momong putu. Seminggu wae ora weruh putune, mesthi wis mara niliki. Malah nganti kepara nglalekake marang anak-anak liyane. Kala mangsane padha diece dening anak-anake. "Ibu ki jare ora seneng putu wadon, ewadene kok kaya ora ana dina gothang, mesthi niliki putune...." ature anake ragil. "Hus, kowe kuwi durung ngrasakake duwe putu, coba mbesuk yen wis diundang Mbah kakung, rasakna!" Yen wis ngrembug prekara putu, banjur mrembet-mrembet tekan ngendi-endi. Pak Marno barang sok melu nimbrung rembug. Geguyonan ngono iku dadi kerep kedadeyan. Bu Guru dikroyok anak-anake lan bojone. Malah Pak Marno sing pinter dhewe mbebeda. "Yen manut ramalanku, anake Ndari sing nomer loro iki metu lanang bakale. Kowe nadhzar apa, Bune?" kandhane Pak Marno. "Embuh Pak, ora nggagas putu lanang! Wedok ya ben, lanang ya ben!" wangsulane Bu Guru nyenthe-nyenthe, jalaran rumangsa dibebeda dening bojone. "Wong ditakoni apik-apik, kok wangsulane kaya ngono " Sauntara iku ana nom-noman mudhun saka sepedha motor, sajake kongkonane Ndari anake wadon. Mlebu ngomah langsung kandha. "Nyaosi priksa, Mbak Ndari babaran!" "Hah, Ndari nglairake, lanang pa wadon?" "Jaler! Krunqu anake Ndari lanang, sakala Bu Guru lunjak-lunjak karo nangis ngguguk. Lagi iki pepenginane duwe putu lanang kelakon.*Dening:Nurmin/ Panjebar Semangat-05/2006

SAWIJINING WENGI ING MALIOBOROJam sanga kurang seprapat, Arul wis cepak-cepak arep mangkat. Klambi kothakkothak lengen dawa, clana jeans kluwus ning resik, lan sepatu loakan merk Nike olehe tuku ing pasar Beringharjo, kabeh wis dienggo. Senajan mung arep ngamen, ora ana eleke yen nyandhang pantes. Idhep-idhep kanggo ngajeni wong sing

dingameni, mengkono panglocitane batine. Rampung dandan, Arul njupuk gitar sing gumlethak ing peturon, banjur jumahgkah metu saka omah. Angin wengi semilir, nggawa ganda amrik kembang sedhep malem. Mbulan satampah lan lintang-lintang abyor madhangi langit. Nanging Arul babar pisan ora nggagas kabeh mau. Lakune tumungkul, mecaki trotoar dawa sing wis rong taun iki ajeg diliwati, pendhak wengi lan parak esuk, nalika dheweke mangkat lan mulih ngamen. Tekan palang sepur wetan Pasar Kembang, Arul menggok menyang sawenehe warung Hik pinggir dalan. Lagi wae manyuk lawangan, dheweke weruh Herman, kancane ngamen lagi lungguh jegang ing bangku pojok karo ngadhep kopi. Arul mara nyedhaki. "Dak kira nek cuti," cluluke Herman, sing blasteran Jawa-Ambon iku. "Padhakna pegawe wae ... Cuti ya sesuk ora sarapan," Arul lungguh karo nyaut sega kucing rong wungkus. Herman mung nggleges. Dheweke menyat saka anggone lungguh, banjur nginguk menjaba. Ing ngarep pertokoan kang tutup jam sanga mau, warung-warung lesehan wis akeh sing digelar. Mobil lan motor thariktharik ngebaki parkiran. Malioboro pancen ora tau turu. Rina-wengi tansah dadi papan jujugane uwong. Saweneh ana sing dodolan, golek rejeki, saweneh maneh ana sing jajan lan ngenggar-enggar ati. Setengah jam candhake, Arul lan Herman wis katon jengkeng sinambi genjrang-genjreng, adol swara sake warung lesehan sing siji, menyang warung lesehan liyane. Anggone nyanyi gentenan, gumantung karo karakter lagune. Yen lagune mbutuhake vokal Tenor, Arul sing nyanyi. Dene yen lagune mbutuhake vokal Bariton, Herman sing nyanyi. Wong loro wis apal karo bageyane dhewe-dhewe, awit gaweyan iku pancen wis rada suwe dilakoni bareng. Satemene asile mono lumayan. Yen mung saderma kanggo mangan wae turah. Awit racake wong sing padha jajan, ora ana sing menehi kurang saka limang atus rupiyah. Malah umume sewu munggah. Ora maido, wong niyat jajan mono mesthine saka ngomah ya wis sangu dhuwit kepara turah. Nanging senajan mengkono, kerep ana perang campuh ing atine Arul. Gengsine minangka sarjana S1 sok-sok ora bisa narimakake, yen kanggo golek dhuwit sewu-rong ewu wae, dadak dilabuhi nyanyi karo jengkeng utawa timpuh ing ngarepe wong-wong kang lagi mangan. Saka rumangsane, ajining dhirine dadi ilang babar pisan. Kaya kere sing nyadhong kawelasan. Nanging arep kepiye maneh?! Urip iki angel. Lan weteng sing mlilit ora bisa wareg yen saderma dipakani gengsi. "Ya ditrimak-trimakna wae dhisik, Rul. Pancen rodha nasibe awake dhewe iki saiki lagi neng ngisor. Mengko rak ya tiba titi mangsane rodhane mubeng mendhuwur," pratelane Herman, nalika sawijining wengi Arul ngetokne uneg-unege. "Bener kandhamu, Her. Rodhane lagi neng ngisor, tur mlindhes telek lencung sisan. Dadine ambune ya blarengan," Arul sing lagi sumpeg atihe, nyaut waton muni. Herman nyekakak saambane lambene, nganti watuk-watuk. Pancen wonq loro iku anggone memitran rakete ngungkuli sedulur. Yen sing siji atine lagi susah, mesthi liyane nyoba nglelipur. Mbokmenawa merga rumangsa senasib. Padha-padha lulusan S-1, ning kepeksa mung padha dadi panji klanthung. Jam setengah siji, kaya adat sabene, wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg, poncot kidul Malioboro, sinambi ngetung pengasilane "Wah, lumayan. Entuk nemlikur ewu wolung atus," cluluke Herman sing dadi Bendahara. Dhuwit banjur dibagi loro, sing kumel-kumel diwenehake Arul, dene sing rada anyar disaki dhewe. Arul mung meneng wae, wis apal karo kelakuwanekancane sitok iku. "Malioboro pancen lahan subur. Ning yakuwi, ndadak ndlosor kaya ula, Arul ngomong lirih karo ngempakne rokok. "Oalah Rul, gengsimu kuwi mbok wis ora usah diingu. Wong nyatane ijazahmu ya ora bisa nggolek pangan wae, kok." "Ngonoa apa ya sajege awake dhewe arep dadi kaya ngene?" Arul nyedhot rokoke jero. "Apa wong tuwamu neng Ambon ya wis marem, yen ngerti kowe sing dikuliahake adoh-adoh, jebul mung dadi tukang mbarang?" "Lha witikna arep kepiye maneh? Wong awake dhewe olehe usaha ya wis ora kurang-kurang. Mlebu plataran kantor disingkang-singkang Satpam, ya wis dilakoni. Nyatane nganti seprene ya tetep durung ana asile ..." Herman unjal ambagan abot, kelingan marang nasibe dhewe. Rada suwe wong loro banjur mung padha meneng-menengan, kentir marang gagasane dhewe-dhewe. Lampulampu merkuri kang jejer-jejer ing sadawaning Malioboro katon putih kencar-kencar. Bening kaya kristal. Sauntara kuwi, senajan wis lingsir wengi, nanging kendharaan panggah liwat pating sliri. Embuh apa sing digoleki ... "Mulih saiki, apa operasi maneh, Her ...?" Arul ngguwang tegesane sing meh nylomot driji. Herman nyawang mengalor, penere lesehan. "Isih akeh sing dha jajan, ki? Apa ora eman-eman? Ora ilok lho, nolak rejeki."

"Ya ayo ...!" Arul menyat karo nyangking gitare. Herman ngetutake ing mburine. Yen mau anggone ngamen saka lor mengidul, ing warung-warung lesehan sing manggon ing iring wetane dalan Malioboro. Saiki ganti saka kidul mengalor, ing warung lesehan sing manggon ing iring kulon. Wong loro nlusur wiwit saka lesehan cedhake Gedhung Agung mengalor. Saka bakul gudheg, ayam goreng, tekan Sea Food, ora ana sing kliwatan. Bareng anggone mlaku tekan kidule toko Dynasti, dumadakan Herman ngruwes bokonge Arul seru, nganti bocahe njomblak karo misuh-misuh. "Wedhus ...! Homosex-mu kumat ya, Her ...!" "Ssstt ... Lor-kulon arah jam sepuluh..:" Herman ngomong lirih ing sandhing kupinge Arul. Arul nglirik papan sing dibisikake Herman. Ana bocah wadon loro lagi lungguh ing lesehan, sinambi ngadhep roti bakar lan susu segar. Tanpa sraba-sraba, Herman langsung menggok. Arul kepeksa melu nginthil ing mburine, senajan rada anyel. Soale iki mau wong loro wis rencana arep mulih. Kejaba drijine keju, mripate uga wis mbliyut, kegawa awake kang sayah. Herman kuwi wiwit biyen watake ora malih. Saben weruh prawan, mripate ijo. Kamangka pacare sing fotone tansah dislempitake ing dhompet iku ya ayu ... Arul grenengan dhewe ing batin. Nalika Arul lagi wae siap-siap arep nyanyi, dumadakan gitare direbut cewek sing lungguhe ngungkuri dalan. Saking kagete, Arul mung mlongo. "Mbak, roti bakar kalih susu segar, kalih malih ...! tanpa maelu Arul sing plenggang-plenggong, bocah wadon iku aba marang bakule. "Arum ...?!" Arul ngulati karo njengkerutake alis. Rada tidha-tidha, sumelang yen kleru. Sing diceluk jenenge mung mesem karo mbalang liring. Ana kangen sumembul saka pletik-pletik sorot mripate. "Ya ampun, Arum ...! Lha kok tengah, wengi kluyuran neng kene?! Jarene awakmu kerja neng Batam?! Arul nyalami cewek lencir mripate bening iku, sing banjur nimbangi kanthi nggegem kenceng tangane Arul. "Kluyuran ...! Padhakna pe-es-ka wae ...!" Arum mecucu. Kancane sing nganggo sleyer abang nyekikik. "Iki lho, kancaku pengin weruh sing jeneng Malioboro. Mula mumpung ana prei, banjur dakjak mrene sisan. Idhep-idhep karo bernostalgia," Arum mesam-mesem. mesem. "Lha awakmu dhewe piye, Rul? Kok nganti rong taun punjul, blas ora ana kabare?" bacute karo mandeng manther praupane Arul. "Dawa critane, Rum. Tur mboseni. O, iya ... Kenalke, iki kancaku..." "Aku wis ngerti, kok," Arum munggel cepet."Iki rak Herman, ta? Play Boy-ne Fakultas Hukum sing biyen pas dhemo sirahe bocor dipopor tentara kae ta?" Herman mringis karo nggrayahi tilas jahitan sepuluh senti ing sirahe. Kenang-kenangan nalika kerusuhah Mei 1998 kepungkur. Arum banjur ngenalake kancane, marang Arul lan Herman. Ooo ... Dadi iki Mas Arul sing kerep mbokcritakne kae? Sing jaremu "cool" tur "smart" ..." ujug-ujug si sleyer abang sing jenenge Ayu iku cluluk. "Ngawur ...! Kapan olehku crita?! Senengane ngarang ... !" Arum klejingan. Tangane kemawe, njiwit bangkekane kancane. Ayu jelih-jelih karo ngguyu kemekelen. Arum iku satemene kancasaangkatane Arul, jaman isih kuliah biyen. Malah kanca raket banget, awit kekarone padha dene aktif ing Senat Mahasiswa. Kerep diskusi, debat lan,nindakake tugas kampus bareng. Mula ora jeneng aneh yen merga saka kerepe ketemu lan.srawung, suwe-suwe banjur nukulake wiji-wiji tresna ing atine bocah sakarone. Mung emane, Arul sing minder merga kahanane sing kesrakat, ora wani mblakakake pangrasane marang Arum. Sumelang yen dikira ora ngilo githok. Sauntara Arum dhewe sing tinitah wadon, mung bisa ngenteni, ora wani ndhisiki. Kahanan mengkono iku lumaku terus, nganti bocah sakarone lulus. Nalika teka titi wancine wisudha, banjur padha janji bakal tetep terus sesambungan lan kabar-kinabaran. Nanging sajake pancen dudu jodhone. Anggone layang-layangan mung lumaku watara telung sasinan. Bubar iku banjur padha repot karo urusane dhewe-dhewe. Arum repot karo urusane minangka pegawe anyar, dene Arul repot anggone mider-mider golek gaweyan. Wusanane terus plas, kaya kepaten obor. Siji lan sijine padha dene ora ngerti kabare. "Dadi nganti seprene awakmu isih nganggur, Rul ...?" Arum takon ngati-ati sawise Arul mungkasi critane. Sumelang yen nganti nggepok pangrasane. "He'eh. Mula kanggo nyambung urip, ya kepeksa pendhak wengi dadi kalong neng Malioboro,"Arul mesem, ndhelikake atine kang getir. Arum trenyuh banget. Mripate nganti kaca-kaca. Babar pisan dheweke ora ngira, yen priya sing meneng-meneng wiwit biyen tansah dikagumi, merga kapribadene kang apik, beda karo kancakancane lanang liyane iku, jebul nasibe ala banget. Pantesa mono dheweke kepengin ngrangkul priya ing ngarepe iku, banjur nglelipur lan nggedhekake atine. Nanging biyen wae ora kelakon, apa maneh saiki sawise adoh? "Sabar, Rul ... Aku ngerti banget yen awakmu iku pinter, tur tipikal pekerja keras. Mbokmenawa mung durung ketemu dalane wae..." Arum nggegem tangane Arul kebak empat. Sauntara Herman lan Ayu lagi ketungkul

kojah ngethuprus, sajak gayeng banget. Sedhela-sedhela . padha ngguyu cekikikan. Embuh padha ngrembug apa. Wengine mrambat sangsaya tuwa. Angin kang midid wiwit krasa adhem ing kulit. Arul unjal ambegan landhung. Lungguh adhep-adhepan sinambi omong-omongan karo Arum ngene iki, marakake dheweke kelingan jaman isih kuliah biyen. Kelingan marang wektu-wektu kepungkur kang endah lan kebak semangat urip, amarga rumangsa dibutuhake dening liyan. Rumangsa yen uripe ana gunane. Ora kaya saiki, mung kaya uwuh kang ora kanggo. Nyepet-nyepeti mripate sinq nyawang. Arul nggresah sajroning ati, "Menyang endi lungane wektu-wektu kang manis iku ...???!!!".Dening:A.Adi/ Panjebar Semangat-03/2006

NGLARI SEDULURRASA kangene maring Kakang sinarawedi ora kena disayuti. Mula Sulastri gawe surat maring salah sawijining Surat Kabar ing rubrik Surat Pembaca. Sing mangsude wara-wara nggoleti Kakange sinarawedi sing jenenge Suhadi. Ning dudu Suhadi Tukang Cukur sing asring nulis nang Panjebar Semangat. Wis Pirang dasa warsa ora bisa sesambungan. Padha-padha kelangan lacak. Limang dina tumekaning dina Lebaran taun siki dheweke tampa surat pos. Bareng wis genah surat mau kanggo Mas Sutrisno, ya Bapake bocah-bocah, nembe niliki alamat sing ngirimi, Jenenge Hadi Sumarto. Lengkap Er Te Er We lan nomer HP-ne. Mesthi baen Sulastri bingung. Durung tau kenal karo jeneng mau. Kalah cacak menang cacak amplop dibukak. Assalamu 'alaikum wr. wb. Lumantar layang iki inyong mung kirim kabar kewarasane wong sekeluwarga. Sing tek suwun sliramu sagotrah muga tansah pinaringan rahayu tan ana rubedaning urip. Kejaba sekang kuwe, aja bingung inyong nganggo jeneng tuwa. Warisane mbah Buyut. Nalikane sepasarane dadi penganten, cara ndesa diwei jeneng tuwa. Cara kuwe mau wis dadi budaya ing padesan. Mula kanggo ngormati sing paring jeneng, sawise nang ndesa jeneng mau tek lestarekaken. Inyong ora ngira blas arep bisa ketemu maning karo kowe padha. Tujune kowe duwe ada-ada nulis nang Surat Pembaca nang Suara Merdeka, pas inyong maca nang nggone kanca. Gira-giru inyong terusgawe surat kiye. Neng kene ora bisa ngomong pirang pirang. Gampang nek wis padha ketemu baen. Kaya mung semene dhingin kabar sekang Kakang. Tek arep-arep kowe maring nggone inyong Badan dina pindhone. Mbok menawa bocah-bocah sing nang paran padha bisa prei, nekketemu dadisemanger. Adimulya tgl: 22 Oktober 2005 Wassalam Hadi Sumarto. Rampung nggone maca, luhe olihe ndrojos kaya kali banjir. Saking senenge arep ketemu karo Kakange sing bisa ngentas dheweke sekang jejember. Ngenteni bojone sekang BRI lagi njukut pensiunan dirasa suwe kaya nganteni matenge liwetan. Pikirane temlawung kelingan lelakon dhek semana. Isih padha kumpul. Kemliwer kaya casset vidio. Awal taun sewidak lima. Sulastri ngumbara maring Jakarta. Melu Kang Karmo sing wis suwe urip nang kana. Ora ketang mung dadi tukang becak, nyatane bisa nyukupi keluwargane sing nang desa. Saben nem sasi sepisan tilik ngomah. Sekang critane Kang Karmo, Sulastri kepencut, nginthil melu Kang Karmo. Apa sing dicritakena Kang Karmo kebukten. Sawijining bengi ana tamu nemoni Kang Karmo. Mbuh apa sing digunem. Mung keprungu guyone ger-geran Sulastri diceluk, Terus marani, nemoni. "Kaya kiye Las, Pak Anton butuh rewang. Mula saiki kowe, wengi siki ndherek sisan. Gombale ditingkesi". Omonge Kang Karmo. Mesthi baen Sulastri atine bombong banget. Ora dadi gawene Kang Karmo maning. Mlebu kamar ningkesi gombalane. Rampung terus metu. Ngetut mburi Pak Anton. Sulastri digondhol mobil. Kang Karmo mesem. Niliki amplop sekang Pak Anton. Lumayan nek mbecak nganti puluhan dina. Sulastri pikirane dadi goreh kok mlebu plataran Hotel? Apa Pak Anton sing duwe Hotel? Sulastri mung manut apa sing dikarepaken calon bendarane mau. "Ya nang Hotel kene nggonku nginep. Sisan omahku. Aku isih bujangan: Padha karo kowe lagi ngumbara golet pangan. Mung beda carane. Kowe tugase mung ngladeni aku." kandhane Pak Anton sawise mlebu kamar.

"Kamar kula pundi Pak?" Ujare Sulastri. "Ya kiye bareng. Peturone uga barengan. Mbok kepenak." Krungu jawaban sing keri mau. Awake Sulastri mrinding. Keduten kabeh. Arep budi keprimen. Dhasare wis tengah wengi tur sapa sing arep bisa disambat. Ora liya mung pasrah. Wengi kuwe barang sing paling pengaji wis dimamah dening Pak Anton. Nganti ora emut, keturon. Ngerti-ngerti wis parak esuk. Awake krasa adhem. Jebul awak sakojur tanpa awer-awer. Nglegena kaya bligo. Terus tangi reresik awak senadyan isih krasa lungkrah. Pak Anton isih turu. Arep minggat. Nggoleti kunci lawang ora ketemu. Sorene Sulastri dijak mubeng kota Jakarta. Maeme nang restoran. Ora mung kuwe, malah ditukokaken sandhangan kon milih dhewek. Sing ora ngerti ya nganggep bojone. Metu mlebu mobil dibukakaken lawange. Ora ngertiya mung trima dadi wadon simpenan. Nganti olih seminggu urip nang Hotel. Senajan Anton lunga, Sulastri wis cumbu. Apa maning Anton kandha jere arep dinikah barang. Apa omonge Anton mleset satus wolung puluh drajat. Akhire dheweke malah dipasrahaken maring Bu Wasri sawijining germo klethekan. Kena diarani metu sekang kandhang baya, mlebu maring kandhang macan. "Iki kamarmu ndhuk. Wis ngerti gaweyane ndhuk?" pitakone Bu Wasri. "Dereng Bu." Lastri ethok-ethok ora ngerti. "Kepenak kok ndhuk. Mung lumah-lumah olih upah. Tinimbang kerja nang sawah. Awak kesel dadi ireng kenang srengenge, upahe mung pirang rupiah. Nang kene nek kowe pinter ngladeni tamune, kowe kebanjiran dhuwit. Nek Ibu mung trima sewane kamar lan enteke nggonmu maem." Kojahe Bu Wasri terus ninggalaken Sulastri. Sulastri ngebrukaken awake nang peturon. Kelingan amplop sing diwehi nang Pak Anton. Dijukut nang tase, Amplop dibukak. Bareng weruh isine, mripate Sulastri mlolo kamitenggengen. Seminggu ngladeni Pak Anton nek embret matun apa tandur mbok menawa nganti pirang-pirang wulanan. Lumakuning dina terus mrambat miturut garising kodrat. Anggone nglakoni urip ngana kuwe wis krasan. Sing maune krasa ngajok kejlomprong, siki umbaring esem lan renyahing guyone, bisa nekakaken rejekine. Bener apa sing dikandhakaken Bu Wasri. Jebul priya kuwe bodhone kaya kebo. Mung dikaya nganakaken baen lomane ora karuwan. Sulasti mung nurut apa karepe. Arep cara apa diadhepi. Mula tamune padha marem. Wis pirang-pirang sore Sulastri bingung ngadhepi tamune sing nyalawadi. Lah wong teka nang warung ngonoan kok dijak "ngono" ra gelem. Malah nek ditari pamit lunga. Sing kaya ngana kuwe dadi pikirane Sulastri. Sepisanan teka mung kenalan. Dilendhoti kaya ora ngrewes, adhem ayem baen. Arep ditinggal eman ngganthenge. Pindho ping telu tekane mung andon medang. Jere nek wis nyawang dheweke atine w's tentrem njur pamit bali. Wengi candhake, sawise gawe wedang klangenane, tangane terus diglandhang digawa mlebu kamare. Sulastri arep nanting apa karepe. Dipilalahi nolak langganane. "Mas Di. Jane kersane primen sih? Nek wong penginyongan biasane mbokan cablaka. Njenengan deneng gawe bingungku Mas." pandheseke Lastri. "Okh....perkarane mung merga kowe ki sedhaerah karo aku. Krungu critamu nggone kesasar ing panggonan iki aku dadi krasa ngawak. Ora rila. Mula yen kowe gelem leren, melu aku mangan ora mangan." Krungu jawaban mau. Sulastri bayune kaya dilolosi. Ing cipta ora mudheng. Isih ana manungsa sing duwe welas maring sepadha-padha. Apa maning Jakarta, buktine Anton lan Kang Karmo sing isih sedesa baen kolu ngedol awake. Apa dheweke Suhadi wantah apa sawijining Malaikat kang ngeja wantah? "Primen dhik Lastri kok meneng baen". Apa abot ninggal papan iki? Kepenak? Krungu jawaban mau, Sulastri ora bisa kumecap. Malah ngglongsor ngrukebi sikile Suhadi. Karo nangis sesengrukan. Sidane wengi iku uga Sulastri pamit karo Bu Warsi. Kanthi pawadan arep dipet bojo dening Mas Suhadi. Bu Wasri ora bisa menging. Apa maning sing nggawa Lastri sawijining aparat. Bu Warsi wis paham maring aparat sing sok teka ing warung istimewane. Kanca-kancane sing dipamiti padha rerangkulan, tetangisan. Senadyan kala-kala sok padha rebutan bener. Yen dhong salah paham Sulastri trima ngalah. Mula liggare sekang warunge Bu Warsi rumangsa padha kelangan. Tekan asrama Sulastri dititipakan nang nggone Pak Jiman, pegawe sipil bageyan masak ya anak buahe Suhadi. Pak Jiman lan bojone atine melu trenyuh bareng dicritani apa anane Sulastri. Wong sakloron netrane dadi mata yuyunen. Sebanjure kon melu rewang-rewang bareng Pak Jiman. Sing jenenge sradhadhu bujangan, weruh cah wadon klimis, kaya tawon weruh kembang. Mula nggone Pak Jiman tamune remaja gilir gumanti. Kabeh nduweni karep padha, mikat Sulastri. Witing tresna jalaran saka kulina kuwe parikan sing lumrah ana jagading katresnan. Sing ketiban pulung Pratu Sutrisno. Lan wis dililani dening Kakang sinarawedi ya Mas Suhadi. Sebanjure dadi jatukramane. Akhiring sasi September taun nem lima. Jakarta kinemulan mendhung angendanu. Geger anane kabar Dewan Jendral njongkeng kelanggahane Bung Karno. Sing bisa nylametaken jiwane Bung Karno jere Kolonel Untung.

Wis sebenere wong Kol. Untung Komandan Yon I Kawal Kehormatan Resimen Cakrabirawa. Nanging kabar mau mung sakedheping netra. Jebule sing gawe ontran-ortran mau Partai Komunis Indonesia. Kol Untung minangka begundhale, mlesat ngirid balane se Kompi. Merjaya para Jendral antarane Jendral A. Yani, S. Parman lan liya-liyane ana nem. Siji Kapten Piere Tendean pengawale Jendral AH Nasution sing lolos saka wengise PKI. Sing dadi korban putra putrine Ade Irma Nasution. Ya sekang peristiwa mau Pasukan Cakrabirawa khusus TNI/AD Yon I melu dadi korban. Ana paribasan perek kebo gupak kecepretan. Sawise dianakaken penelitian utawa skrining, pungkasane sing ora ana tandha-tandha kelibat, dipindhah. Dipencarpencar ana sing nang Aceh, Palembang, Kalimantan. Bojone Sulastri tiba neng Kalimantan, dene Kakange neng Aceh. Saploke kuwe sesambungane pedhot dhot. Lha wong bareng tekan kana isih dipencar-pencar, mbokmenawa isih ana rasa curiga. "Deneng nglamun Jeng. Ana wong mlebu kok dijorna baen." Swarane bojone sing nembe teka sekang BRI, gawe casset vidione buyar. "Kiye Mas layang sekang Mas Suhadi teka." Ora sranta layang disaut. Terus diwaca. Senadyan tilas saradhadhu suprandene mripate kaca-kaca maca layang mau. "Alhamdulillah Jeng. Wis tekan titi mangsane. Cara lakon nang pakeliran wayang purwa wis ngancik gagat raina. Tinutup kanthi wecaning lakon pinanggih tata tentrem rahayu kang tinemu. Jane nek dhewek kit ganu ngerti asmane sepuhe, wis bisa ketemu ya Jeng. Jebul Mas Hadi senadyan pengarang cilik, ning karyane kadhang kala bisa nembus blabar kawate Redaksi Panjebar Semangat. Ing rubrik Sing Lucu, Alaming Lelembut, Urun rembug bab wayang kulit lan cercak. Sing mandan sering tah Sing Lucu. Primen sebanjure Jeng." "Mbok dhewek wis kangen Mas. Ya ayo ngesuk diperlokaken sowan." Ujare Lastri wis ora sranta. "Aku setuju ning aja ngesuk lah. Lebarane mbok wis kari pirang dina maning. Karodene bocah-bocah urung padha teka. Yen karo anak putu dadi semanger mbokan Jeng." Rencana sing wis mateng bisa kaleksanan. Liwat HP Sulastri ngabari Kakange, yen sowane Badan rong dinane. Lan pesen Mbakyune ora susah repot-repot masak. Pokoke tekane wis sangu pangan secukupe. Mula wiwit awan wong saomah padha rerigen gotong royong. Sulastri karo anake wadon masak-masak. Sing lanang ngresiki Angdese mbok nganti mogok nang dalan. Lumayan nggo sangu pensiun Sutrisno melu kridit Angdes olih telu. Pokoke holopis kuntul baris. Gotong royong kudu diwiwiti sekang keluwarga. Ana bat repot disangga bebarengan. Sumrambah neng lingkungan jembare tekan saindenging Nuswantara. Mahanani urip ayem tentrem, adoh saka laku gendhak sikara. Sapa sira sapa ingsun, asu gede menang kerahe. Gawe papan cintrakaning liyan. Ana perkara dirembug. Ora banjur dolanen BOM ing sadhengah papan. Wong sing ora ngerti apa-apa melu nandhang sengsara, nganti ana sing nemahi pralaya. Mbok padha eling lha wong Pamane Kanjeng Nabi SAW baen tumekaning mati ya ora gelem Iman. Tur langsung dingendikani Nabi SAW. Kaya dhewek kiye mbok wis patbelas abad, sing mun ngerti Kanjeng Nabi ana ing Al Qur'an. Yen tresna Nabi SAW, mesthine ora kudu nganggo kekejeman. Bangsa Indonesia sing kewentar ramah, siki diregedi dening teror Bom, Ketone dadi bangsa sing bringas, ora ngerti marang pri kamanungsan. Sing arep kedhayohan uga padha rerigen. Ora ketang mung gawe wedang. Dina keng diarep-arep wis tekan. Badan rong dinane. Ing omahe Suhadi wis katon regeng. Wong nunggu kuwe, pancen mboseni. Nunggu adhi sinarawedi kang wis patang dasa warsa ora ketemu, kaya dene wong nunggu tekane besan. Hp-ne terus moni. Lakune rombongan tamu terus dipandu liwat HP. Mobil angdes mlebu plataran. Sing methuk pating brubul. Semana uga tamune kaya laron metu sekang lenge. Sulastri ora sabar mbradhat nggapyuk ngrangkul Kakange. Rasa kangen kababar kanthi suka pari suka ketemuning Kakang karo adhi sinarawedi, dalah anak putu.Dening:Hadi Sumarto / Panjebar Semangat-02/2006

NGEDOL

SING

ORA

DIDUWENI

(dning: Adinda AS.)

SUK-SUK aku wis sumadya mangkat menyang kantor pusat perusahaan jroning 30 taun aku nyambut gaw ing kana lan telung taun iki aku wis nglakoni pnsiun. Ana urusan administrative. Kantor iku mapan ing kutha Sala adoh rong jam laku darat saka omahku. Bola-bali tak starter, nanging mesin mobilku rwl ora gelem urip. Kap mesin mobil tak bukak nyoba ndeleng mesin mobil ngadhat iki sing sejatin aku ora paham ththk-mbengk mesin mobil. Sakwis tak

uthak-uthik kana-kn, tak coba nguripak mesin manh. Bisa urip sedhla, nanging mandheg manh sakwis ana swara gemlothak banter nggaw kagtku. Aku kagt banget. Kedadyan ngn iki pancn wis suw tak kuwatirak. Kanggo ngawkani awt mobil pribadi biasan nem wulan sepisan dak lebokak ing bngkl lengganan. Nanging ptungan ragad, telung tahun sakwis pnsiun durung tau tak lebokak bngkl. Wiwit aku pnsiun akh bab-bab sing nggaw was sumelang jroning uripku. Endi ana mobil sing kudu diservice abot, endi ana kulawarga sing dumadakan lara kudu mlebu RS. Utawa ana prakara sing mbutuhak dhuwit akh. Dhuwit pnsiun saben wulan mung cukup kanggo ragad urip saben dinan kanthi prasaja. Begjan anakku loro-loron wis rampung kuliah. Nanging wektun nikah, aku minangka wong tuwa rak kudu sumadya sakabh. Lan isih akh manh kekuwatiran lan rasa sumelang sing ngreridu pikiranku ! Kanca-kanca pnsiunan sak nasib ana sing ngayem-ayemi kanthi nuding sabda tama: Coba delengen manuk gagak. Manuk-manuk kuwi ora padha nyebar lan ora padha derep, lan iya padha ora duw lumbung kanggo nandho pangan, wasemono padha diparingi pangan dning Gusti Allah. Kow rak luwih aji ketimbang karo manuk-manuk mau ! Lha, ya iku. Aku iki sing mbiyn duw pangkat dhuwur, bayar gedh bareng wis tuwa pnsiun malah kebak was-sumelang lan kekuwatiran ? Genya? Ya embuh Wusanan aku tetep budhal nunggang bis umum sing akh liwat ing ngarep omahku. Tetla nunggang bis umum ya kepnak angler uga, sing cetha ragad adoh luwih murah yn katandhingak nggawa mobil pribadi dhw. Nunggang ing bis umum sing pancn kudu suk-sukan kahanan sing arang tak lakoni sadurung. Nanging ya akh sesawangan sing lagi saiki aku ngerti. Akh pambarang (=pengamen) nggawa alat musik kanthi solah bawa dhw - dhw. Ana sing lagi nyanyi sabait rong bait langsung wis narik dhuwit. Ana sing pidato dawa sadurung nyanyi ana sing mung terus nabuh gitar karo sirah manthuk-manthuk tanpa swara. Werna-werna patrap, nanging pamrih siji, yaiku kepngin ngrebut kawigatn wong-wong supaya gelem mnhi dhuwit rch. Ing nggon - nggon ajeg ana wa klompok pambarang munggah lan mudhun. Ing sawijining terminal cilik, seprapat jam sadurung tekan kutha Sala, ana priya pambarang umur udakara 40 taun munggah bis. Nyandhang penganggon rapi lan resik ora kaya pambarang umum sing kummel lan nglomprot. Kebeneran pambarang sing ana ndhuwur bis mung dhwkan. Ngadeg ing tengah-tengah bis. Kanthi trapsila mbungkuk mengarep , ngiwa nengen dhwk atur pakurmatan panumpang bis tanpa pocapan apa-apa kejaba ing lambn msem ngujiwat. Priya pambarang iku wiwit nabuh gitar. Tak deleng driji-drijin methik kawat gitar kanthi luwes. Dhwk main wirama kroncong. Tak rungokak main resik. Pindhah chord-chord C-C7-F-G7-C ya mapan apik. Rumpakaning chord-chord iku diambali bola-bali. Aku sing seneng main kroncong ora ngerti pambarang iku arep main lagu apa, awit wiwit sepisanan mung main chord babar pisan tanpa melodi. Mh telung menit pambarang iku main gitar karo tumungkul sirah. Banjur dhwk njengglkak rain wiwit nyanyi. Saka lambn kanthi semangat menga amba nanging durung ana sing ngerti dhwk arep nyanyi apa. Ucapan banter mmper swara ah, h, ih, uh, oh, aah Mbok menawa intro lagu anggitan dhw, batinku. Sakwis rong menit luwih pambarang iku mung ngucap swara iku sing babar pisan tanpa wirama ora jumbuh karo gitar, akh para panumpang sing gdhg - gdhg gumun. Tiyang punika pambarang bisu cluluk pak kondktur bis. Wah iki mung akal-akalan wa ! ujar salah siji panumpang cubriya karo ngguyu nyekikik. Mboten, pak. Pramila bisu sastu. Piyambak bisu tuli gawan bayi. Punika pedamelan saben dinten kangg pagesangan stri lan anakipun setunggal, panjlntrh kondktur bis sing sajak wis raket. Krungu kojah kondktur mau akh wong sing banjur ngguyu gleges. Ana sing gdhg - gdhg. Aku dhw mung lungguh meneng ngungun. Bengawaaan Sooloooo.. Riwayatmuuu, iniiiii keprungu swaran wong nyanyi. Swaran bening merdu. Jebul swaran salah siji panumpang ing satengah petikan gitar pambarang sing wis mingkem lambn tanpa swara. Sapandurat wong-wong padha kagt banjur padha ngguyu bareng. Priya bisu iku mau dumadakan njerit banter lan gitar ditabuh sora gaw mengkorog githok sing padha krungu, gitar sidhem. Atur pakurmatan manh. Ana sawenh panumpang sing keplok. Priya pambarang bisu banjur ngiderak kothak karton. Kanthi ngungun aku nglebokak dhuwit sket wu rupiah ing njeron kothak cilik sing diiderak pambarang bisu mau. Tak deleng kondektur nyawang aku karo msem. Aku ngungun sakwetara wektu. Aku rumangsa ntuk piwulang sing becik banget saka kedadn sing mentas wa tak adhepi. Aku dadi yakin lan faham sabdatama pitutur luhur sing nyebutak: Manuk gagak kuwi ora padha nyebar lan ora padha derep, lan iya padha ora duw lumbung kanggo nandho pangan,

wasemono padha diparingi pangan dning Gusti Allah. Nanging mesthi wa nk manuk gagak mau tetep meneng, turu wa ing susuh ya ora bakal ntuk pangan sapuluk-puluka. Kenapa aku kudu sumelang lan tansah kuwatir ?? Saktekan terminal Sala, aku mudhun saka bis kanthi jumangkah nthng. Kondktur sapa aruh aku karo msm grapyak. Wah bapak kepranan lagun pambarang bisu tuli wau nggih, pak ? Sket wu regi ingkang pantes sanget, ucap kondktur mau ngguyoni. Aku mung msem manthuk. Mesthi dudu swara merdun pambarang bisu mau. Wong nyanyi mung ah, h, uh, oh! Nanging piwulang sing prayoga saka dhwk. Aku saiki yakin ora perlu sumelang manh. Gusti mesthi bakal maringi sing kita butuhak angger disuwun kanthi donga, kapitayan lan ikhtiar ! Wong bisu mbarang dodol swaran bisa nguripi anak bojon. Dhwk ngedol sing ora diduwni kok ya bisa urip. Gusti Allah Maha Adil.

LEMPUYANGANSetya Amrih Prasaja Jam 11.45 stasiun Lempuyangan, 12 juli 2003. Dina setu kang panas ngenthang-ngenthang, dalan aspalan katon ireng sajak kemebul kena dayaning srengng mangsa ketiga, satengahing lalu-lintas jogja sing padhet, motor takplayok ngidul terus mangtan setithik njujug ing Lempuyangan, karep gati arep ngeterk Sari nggolk tikt sepur, sir dhkn arep mulih dina kuwi uga. Kaya adat biasan l menyang lan tuku tikt rada ngri, awit wis kulina, wong biasan, sepur ya mesthi telat l teka. Mula dina kuwi lhku ngeterk tuku tikt ya wayah jam rolas kurang seprapat, karep teka, tuku tikt terus langsung munggah sepur rasah ngentni sepur teka kaya adat biasan. Barang wis tekan ngarep lokt karcis Sari langsung njaluk tikt menyang Tasik. Jebul disemayani tikt jam setengah sepuluh bengi. petugas kandha yn sepur pasundan ntas wa mangkat durung ana rong menit lewat. Bathinku ngapokak Sari, salah sapa rada lelet. sem katon kecut, sajak kuciwa, kamangka kudu dina iki uga dhwk wis tekan Tasik wong jar ana acara keluarga. Bocah langsung njujug warung Telkom sing ana sandhing lokt karcis. Aku nunggoni sangareping lokt karo maca jadwal, rega tikt lan sepur sarta jurusan. Bali saka stasiun ora langsung njujug kos Sari, nanging lrn sedhla nng angkringan pojok gelanggang adat biasan angkringan bukak jam papat sor ning ora kanggo angkringan gaul iki, sakperlu rembugan kepiy becik. Jan-jan aku ora tegel ngeculk Sari mulih bengi, kamangka sing arep ditumpaki kereta kelas ekonomi, para maos rak wis mangertni kaya ngapa kahanan sepur kelas ekonomi. Sumpek, umpel-umpelan, akh tukang ngamn, bakul-bakul sing pating sliwer. Akh copet barang. Wah pokok semrawut. Apa manh iki mlaku bengi, wah aku kuatir mengko ana apa-apa nng ndalan. Durung suwi iki Sari kelangan barang, kuwi pas dhwk meksa mulih bengi dhw. Seminggu kepungkur. Dina jemuwah bareng karo plethking srengng saka sisih wtan. Jam setengah enem suk, aku wis tangi. Jan-jan setengah enem tumrapku isih suk banget. Apa manh sanajan ta iki nng jogja meksa tetep krasa adem rasan. Sakwis mripatku loro bener-bener melk, gag aku nyandak anduk, mlotot odol. Ora lali karo nggondhol bungkus rokok, biasa kaya padatan, ndodok tenguk-tenguk ndhisik karo udud. Weit, blaik.... kagt aku meruhi awakku dhw jroning pengilon. Hi...hi...,gn nk nyandhang rapi ngn ya kethok bagus. Cekikikan dhw, aku ngalem bagusku. Sreeetttt...sreetttt. gandha parfum krasa maknyus nyogok irung. Motor wis siap, gag aku menyang kampus, ana kansn karo dosen. Tekan kampus isih jam pitu, kamangka lehku kansnan jam setengah wolu. Kebeneran. Rampung markirk motor, sing tak jujug ora liya ya Bonbin, kantin Sastra sing panggonan biasa, ning rumangsaku kaya nduwni pangaribawa kang narik kawigatnan mahasiswa padha jajan nng kono. suk-suk ngn nak ngopi karo ngudud. Wdhang kopi panas wis sumadya, isih katon kebul-kebul ngana ka. Kahanan bonbin durung ram, lagi kthok paling wong papat kalebu aku sing wis padha nonkrong, ngadhep kopi karo ngobrol. Bakul ya ana sing lagi lekas nata dagangan. Mas tumben jam segini dah nyampe kampus ?. krasa ana tangan alus njawil pundhakku tengen saka mburi.

Wah iya no. Wangsulanku cekak karo ngajak lungguh bocah wadon sing njawil pundhakku mau. Bocah pahen, pakulitan putih katon saka cahyan kang suminar meksa gaw blrng mripatku sing ketutup kaca mata ribn. Ngalor ngidul nggonku angon ilat adol omongan -- Sakwis wedhang kopi taksruput sing pungkasan nganti sak ampas katut gaw garis sakduwur lamb, aku njujug kantor jurusan sing wektu kuwi wis bukak ning isih katon sepi tur kosong. Karo ngentni tekan dosenku, aku nggolki warta saka mading sakngarep kantor jurusan. Dicari Sarjana Sastra Jawa IPK min. 3. untuk bergabung pada Lembaga Kajian Naskah Jawa. Diutamakan Keahlian Filologi,.......... Mlongo aku maca lowongan gawan kang surasan mbutuhk Sarjana Sastra Jawa. Nganti bola-bali lhku maca. Genya ana sing masang lowongan kaya mangkono, ehm coba aku wis lulus. Mas, dah lama ya nunggu ?. Ana pitakonan sing gaw kagt nggonku ngalamun iki mau. Jebul dosen pembimbingku wis ana jejerku. Oh...Bu...nggih sampun sakwetawis. Wangsulanku rada gagap. Karo ngetutk bu dosen mlebu kantor. Bubar konsultasi kang kurang luwih ora krasa nganti ana rong jam. Sak jroning kantor sejatin aku rada tambah gagap. Kepiy lhku matur apa nganggo cara Jawa apa Indonesia. Kamangka nk cara Jawa tetembungan basa kramaku ki durung jangkep, ning nk cara Indonesia kok katon lucu, wong jar jurusan sastra Jawa rak kudun anng kono nggo sarana gladen wawan rembug cara Jawa antaran mahasiswa lan dosen. Akh luwh..., cara campursari ba sing gampang tur padha penak. Oh ya teges campursari para maos rak nggih sampun pirsa ta, tetembungan Jawa campur aduk kaliyan tembung Indonesia. Jam 09.30 WIB. Kampus. Rampung konsultasi aku nyelakk sedla menyang perpustakaan sakperlu mbalkake buku, karo nyilih manh. Bukunya ngga ada je mas. Wangsulan petugas perpustakaan sakwis maca daftar katalog sing takulungk. Wah lha dos pundi ta bu, kamangka punika wonten, jelas sinerat jroning katalog. Wangsulanku rada ngyl. Kayan ora mung sepisan kuwi olhku nggolki buku ning ora tau ana, mbuh padha ilang menyang ngendi buku-buku kuwi. Krunguku sih jarn padha dicolongi mahasiswan. Akh mbuh. Jam 21.00 WIB. Lempunyangan, 12 juli 2003. Kahanan katon ram, pating sliwer calon penumpang ngtan ngulon nggolk papan sing kepnak nggo lungguh ngentni sepur teka. Ora sakwetara suwi, sepur sing ditunggu-tunggu mak kluwer siji mbaka siji gerbong mlebu stasiun. Gemrudug swaran rl kaya swaran bledg ing mangsa udan. Tanpa dikomando puluhan calon penumpang sing saka mau ngentni sajak ora sranta, padha pating sliwer rebut papan colong playu. Tangan Sari dakkanthi, ngtan-ngulon aku nggolk gerbong sing isih sela. Sidan bisa mlebu gerbong, lumayan ora pati umpel-umpelan kaya gerbong liyan. Ning tetep ora keduman lungguhan. Aku munggah gerbong watara jam sepuluh kurang seprapat. Mbok menawa iki sing kepindhon aku numpak sepur kelas ekonomi manh. Sajroning gerbong ram banget ana sing ngomong cara sunda ya ora sithik sing ngomong cara Jawa. Aku semndh pinggiring kursi, Sari dakkanthi sacedhakku. Ora krasa lakun sepur wis setengah dalan. Sepur lrn rada suwi ing stasiun apa ta ka. Mbuh aku dhw ra pati ngematk tulisan sing kapampang, wong mripat iki rasan kaya kari setengah watt. Punten ak.. Makjenggirat aku tangi kagt, mripatku kaya-kaya mak pencorong melk amba, krasa nk sikilkku kepidhak tukang ngamn sing liwat ngarepku. Bathinku misuh-misuh ning ora kumecap. Bareng tekan stasiun Banjar lagi ana lungguhan sing kosong, gag aku lungguh. Wah awak krasa pnuk rasan pirang jam wa aku ngadeg karo nyangga awakk Sari sing lumayan abot. Jejerku persis cah nom-noman bagus warnan, rambut dawa semanak semedulur. Aku ngrogoh sak. Rokok mas ?. Karo ngulungk rokok aku ngajak tetepungan. Ada, makasih. Wangsulan cekak, karo nuduhk bungkusan rokok Mild. Suwi-suwi saya gayng lhku ngobrol karo dhwk, jeneng wawan saka Batu Malang, arep menyang Bandung. Bocah seneng banget musik lan ngeband dadi ora mokal nk sadalan-dalan sing dirembug mung kahanan musik karo band. Mas rong jam manh nk gak telat sampyan teka Ciawi, istirahata, mengko takki ngerti nk wis teka Ciawi. Mangkono kandhan, barang weruh aku ongap-angop saka mau. Jam 07.02 WIB. Ciawi, 13 Juli 2003 Wawan njawil pundhakku aweh ngerti yn wis tekan Ciawi. Aku gag menyat Sari takgugah.

Dah nyampe mana ?. pitakon Sari karo ngucek-ucek mripat. Ciawi. Wangsulanku cekak. Aku pamitan karo wawan banjur medhun saka gerbong. Angin adem krasa manjing balung sungsumku mapag tekaku suk kuwi ing Ciawi tanah Pasundan. Adem sing krasa saya nambah wetengku luw. Mang bubur nyak. Sari njawil bakul sing lagi sibuk ngladeni, njur lungguh sacedhaku. Sakwis weteng krasa anget lan wareg, karo ngentni rada awan. Aku coba golek pitakonan bab apa sebab kok saka lempuyangan nganti tekan ciawi kn Sari ora akh tembung alias mndhel kmawon, kumecap omong ya sakperlun wa. Jebul lhku adoh-adoh saka lempuyangan tekan Ciawi mung teka langsung lunga. Sawetara ana telung jam karo tengak-tenguk ngentni tekan sepur menyang lempuyangan manh. Awit tekaku ora dadi sennging penggalih wong tuwan Sari sakloron. Jan-jan aku aku wis krasa lan ngerti yn tekaku ngancani Sari mulih ora bakal dadi atin wong tuwan loro, ning tetep ba aku menyang, mung pingin mastekak Sari tekan panggonan kanthi slamet. Wondn pancn bener kahanan sing kudu daktampa kaya mangkono, ya kapeksa aku mulih Jogja dina kuwi uga. Sepur kang tak jaluk ngintirk lakuku bali menyang lempuyangan wis teka. Gag aku nyandhak lawang gerbong, lambku kaku ora bisa kumecap njaluk pamit karo kursi stasiun, rl lan kahanan ing stasiun Ciawi sing sepi nglangut. Ora kaya swasaning atiku sing gemrejeg-grejeg kaya lakuning kreta sakduwuring rel kang panas antaran Ciawi Lempuyangan.

GAIBSetya Amrih Prasaja Aku nat takon karo sapadha-padhaning urip, mbuh kuwi bangsan manungsa, nganti tekan bangsaning jim pripayangan. Apa ta sejatining urip kuwi, kepiy cak-cakan lan paran sebab cakraning kala gumlinding kaya wis dadi padatan, tur ora bisa kanyana kapan ning duwur, kapan anng ngisor. Bok menawa, pangudarasaning Giman kang kaya mangkono, bakal ora tinemu nalar ginayuh ing rasa tumraping jalma lumrah kang sebangsa karo dhwk, ya kuwi bangsaning manungsa kang tinakdir minangka titahing Gusthi kang paling sampurna tinimbang tumitah liyan. Awit manungsa pinaringan cipta, rasa lan karsa. Kang pinaringan cipta, awit manungsa dikeparengak daya cipta kang tinemu ing rasa lan kinarya ing karsa. Mula jan-jan ora jeneng mokal yn Giman duw pangudarasa kaya mangkono, awit tumraping Giman ora ana kang mokal. Tumrap Giman mung siji kang Gaib, ya kuwi Allah kang Maha Gaib. Teges, Gaib kuwi barang kang kasat netra tur angl ginayuh dning panggulawenthahing manah. Kayata bangsaning jim, mbok menawa tumraping kang Paijo, kalebu barang kang gaib, amarga dhwk durung nyumurupi kaya ngapa lan kepiy wewujudan sejatin. Dadi kaya jim kuwi, tumrap Giman ora kalebu barang kang gaib, wong Giman bisa nyumurupi lan grasakak anan, malah bisa dadi kanca wawan rembug jar. Lan sebab mula bukan, kok Giman bisa kaya mangkono kuwi ya mbuh, bok menawa pancn wis dadi garising takdir dning Gusthi, yn Giman dadi salah sawijining titah kang dikeparengak nyumurupi kahanan titahing Gusthi kang liya lan bda alam kuwi. Sor kuwi, kaya padatan yn wancin bosen nng ngomah, Giman mesthi golk kanca wawan rembug lan gegojgan. Nanging kenangapa, kok nggon golk kanca mesthi nglurug panggonan sing kondang angker tur singup ing dsan. Ora liya ya dapuran pring pinggir kali wtan dsa. Ki Sungut, kow nng ndi ki !!?. Pambengok Giman ing ngisor dapuran pring pinggir dsa wanci surup srengng. Kiki, aku Giman ki... Giman bengak-bengok karo ngubengi pinggiring kali kang mili satengahing dapuran pring. Ngalor ngidul isih bengak-bengok. Kang diceluk ora metu, mung semiliring samirana antaran gegodhongan gaw kemresek. Wh lha nak Giman, njanur gunung teka anng papan dununganku, ana wigati apa cah bagus. Makbedunduk, ana pawongan sepuh nganthi teken samar-samar metu saka sela-selaning dapuran pring. Jebul kang saka mau dicelak-celuk Giman, mung pawongan sepuh rikman dawa kinucir siji, duw brngos kang dawa nglawr klangsrah lemah. Ya pancn kaya Sungut gegambaraning naga wong cina ka, mung lok kabh sarwa putih, tur praupan ya ora medni, malah katon wicaksana. Mula pawongan mau pinaraban ki Sungut karo Giman, awit saka dawaning jnggot kuwi mau, persis kaya Sunguting ula naga. Ora ki, suw taksabani panggonmu dunung kok tansah sepi-sepi, sampyan menyang ngendi ba ?. Giman ganti takon, tangan loro nglumpukk godhong garing kanggo sarap lungguhan. Kang ditakoni ya semono uga, melu nglesot, nglsh sakcedhak Giman.

Anu nak Giman, ponakanku ngalas roban kana ka lagi duw gaw mantu, kamangka aku dipasrahi dadi wakiling mantn wedhok. Ntas iki mau, aku lagi ngiring mantn, mbuh kepiy kaya-kaya ana samirana kang nyrt-nyrt sandanganku, jebul aku arep ketekan dayoh kow ta nak Giman. Banjur ana wigati apa, kok sajak ngemu bingung praupanmu, sajak ana sungkawa ing atimu cah bagus ?. Anu ki Sungut, ana kang pingin taksuwunak pirsa karo sampyan. Sampyan kuwi rak kalebu bangsan jim ta, kamangka, ing alamku kana akh manungsa kang ngarani sampyan kuwi barang kang gaib tur kebak wewadin uga nyalawadi, njur kenangapa, kok aku bisa nyumurupi anan sampyan. Mangkono Giman mulai awh pitakonan, marang pawongan sepuh kang lenggah sila, astha sedhakep nyikep tongkat ngarep dhadha kuwi. Kang tianakonan mung msem karo monthak-manthuk. Banjur awh wangsulan. Oojebul kuwi ta, kang dadi pikiranmu cah bagus, aku lan kow iki, sejatin pada-pada dadi titahing Gusti, mung ba bda alam. Yn kow cinipta ing alam wadag, teges kow nduwni badan kasar, dn aku iki ana ing alam pangangen-angen, mula sinebut badan alus. Kuwi bedan aku karo kow, dadi ora jeneng mokal wewujudanku kang alus ora kasat ing netran jalma manungsa akh. Awit wis dadi garising takdir, dn kok kow bisa nyumurupi anan aku ora liya, mung merga saka kersaning Allah, lan ora sembarangan wong pinaringan nikmating gusti kaya kang kokduwni kuwi. Krungu tembung ki Sungut, Giman mung ndoplong karo mantuk, ki Sungut banjur mbacutk nggon ngendika. Mula yn kow wis ngerti, ora ana samubarang kang gaib, kejaba mung Allah Kang Maha Gaib, ya kuwi kang nitahak kow kalawan aku kalebu jinising stan lan malaikat. Ki Sungut ora mbacutak atur, dhwk meneng sedla karo jenggirat tangi nggon lenggah. Nah cah bagus, yn kow pingin luwih ngerti bab gaibing gaib, njalukana pirsa karo Kang Maha Gaib, ya saka piyambak kuwi aku diparingi ngerti prakara kang koktakokak marang aku. Lan wektu iki uga aku njaluk pamit, awit lungaku iki mau dadi pitakonan kang lagi nduw gaw, oh ya siji manh welingku, takonana karo sapada-pada titahing Gusti kang sumebar ing marcapada iki. Bubar sakecapan, binareng tekaning samirana, ki Sungut maklap ilang saka pandulu, mung keprungu kemrosaking papringan pinggir kali. Sak ilang ki Sungut, Giman isih lungguh sila ora obah saka panggonan sakawit, batin isih ngira-ngira apa kang sinamun sajroning pangucap ki Sungut kuwi mau. Aku kudu nggolki ngerti saka sapada-padaning titah, saka kabh kang sumebar, ateges klebu sato kwan lan tetuwuhan , apa iya kabh kuwi mau bakal mbadar pitakonan kang tansah ngglayut angen-angenku. Atin krasa rada marem, bareng keprungu adan isya saka langgar kulon kali, Giman gag menyat ninggalk panggonan papringan kang saya katon singup tur peteng. Ganti dina, Giman lunga camping bareng kanca-kancan, ana bocah lima kang loro wdhok. Man, mengko oleh ngaso neng pos telu bae ya. Bengok Sabar kang wis rada apal marang kahanan ing gunung kono. Sakwis ngliwati kebonan th kang ijo, rombongan kuwi pada lrn ngeculk rasa kesel. Giman nggolk panggonan kang rada akh suket kanggo nylhk bokong karo ngrogoh sak nyumet udud, dn Budi, Sabar, Ajeng lan Ayu nggolk panggonan ngaso dhw-dhw. Bar, isih pirang jam manh ketug puncak. Pitakonan Giman karo nyedot udud super. Kurang luwih rong jaman manh, lh ngaso sak ududan ba ya cah. Sabar awh wangsulan karo mbenahi talin sepatu. Kahanan ing pos loro katon saya peteng, pedhut putih dadi kemul nambahi adem kang krasa njarem ning balung sungsum, wayah wis ngancik madyaning ratri. Rencana sakawit arep langsung mbacutk laku, nanging gandng rinasa saya adem, akhir Sabar awh prntah supaya gaw geni kanggo ngopi apa nggodhok mie. Wah-wah, nng papan kaya ngn kok ya akh bangsaning ki Sungut ya, mung bdan katon isih nomnom. Pangudarasan Giman kang sakawit mau meruhi kahanan liya sak kiwa tengen, mung ba dhwk meneng. Kuatir mengko kanca-kancan pada mlayu sipat kuping yn dikandhani sakiwa tengen akh wewujudan anh. Coba yn cah-cah ka bisa ngerti kaya kang takweruhi, mesthi ba padha kapok munggah gunung, anan jim tumraping kancaku pancn gaib. Batin Giman karo lambn komat-kamit muji Asmaning Gusti ora lrn-lern, muga-muga danyang kono ora nggiri goda. Pedhut mulai tambah tumurun saka puncaking arga, kahanan saya peteng, atis. Giman lan kanca-kancan mbacutk nggon mlaku

SAJRONING ANGKRINGANSetya Amrih Prasaja

Aku ya sarujuk, karo kekarepan bocah-bocah kuwi, nanging kepiy manh....., greneng Prof. Lukman sajroning bathin karo nyawang spanduk-spanduk kang pating slebar ngebaki panyawang saka walik jendla kantor, asthan kiwa nyangking layang kabar kang pepak isi warta cacad-cinacad antaran lit politik siji lan sijin, kang padha nggolk bener dhw ngutak-atik salahing liyan---lali marang jejibahan kang sinanggul ana pundhak kiwa lan tengen. Wong cilik kaya awak dhw klebu aku iki mung padha dadi gedibal sandal politik lan ancik-ancik nggon padha arep nggayuh kamulyaning diri pribadin. Mula jeneng ora mokal yn bocah-bocah sing kudun padha anteng sinau malah banjur ngusang-usung spanduk, ngobong awak, bengak-bengok ; Urusi pendidikan murah bagi rakyat, turunkan SPP, kampus ini kampus rakyat bukan kampus konglomerat. Lan sakpanunggalan, kang ginelar ngebaki spanduk-spanduk lan lamb-lamb teles. kringgg......kringg...kringggg....!!!. Prof. Lukman katon saya biru pasuryan nalika pirsa saka satpam yn para mahasiswan kang padha nggelar dmo dina kuwi kepngin ketemu lan ngajak rerembugan kepiy lan apa kang dadi sebab mula bukan SPP bisa saya mlejit larang. Wektu semana uga sakjabaning kantor, puluhan nganti atusan mahasiswa kang padha dmo katon wis ora sranta selak kepngin ketemu karo tetungguling birokrat kampus ya Prof.Dr. Lukman Prasetya, Msc kuwi. Ana wong papat, siji wadon sing telu lanang maju nyedhaki barisaning satpam kang jaga siaga tata, sajak padha nggenahak, gaw kasarujukan bareng, amrih bisa disowanak ana kantor Rektorat. Prof. Lukman maringi idi, sakwis satpam kantor matur ngarsan saka purwa, madya, lan wusana. Bab anan dmo kang perlun nggolk warta alasan biaya SPP tumrap mahasiswa anyar kok malah diundhaki. Hidup mahasiswa, hidup rakyat indonesia, rakyat bersatu tak dapat dikalahkan. Yel-yel tansah kumandang ambata rubuh ngebaki kahanan lan sesawangan, nguntapk lungan Fajar, Asih, Acong, lan Ucok kang arep gaw urun rembug karo pihak Rektorat. tok...tok...tok...!!!, Masuk !!!. pambengok swara saka jroning kantor. Pak, galo unjugan kendel wis cumawis ana mja makan. Alon swaran bu Asti maringi pirsa kang garwa. Pisan pindho pambengok, tetep ora ana wangsulan saka Prof. Lukman, sing wektu kuwi lagi sedeku saja tenanan nggon Maos tuntutan mahasiswa ngenani S.K. Rektor no 212/2000, sing miturut para mahasiswa dianggep mblnjani amanat pendidikan. Ya kuwi kang sinebut ing pasal 31 UUD 1945. negara nduweni kewajiban minterk rakyat ora pilih-pilih, ora mban cind mban ciladan, sapa wa waton bisa lolos ujian masuk perguruan tinggi negeri (UMPTN), nduwni hak ngangsu kawruh ana kampus negeri ora perduli kuwi anak tukang bcak, guru, dokter, pejabat apaden presiden. Sing dibutuhk bangsa iki dudu mahasiswa sing kebak duwit nanging ya kebak utekk teges pinter. Njenegan ki ana apa ta pak, ditimbali kok mung mndel ora awh wangsulan. Pitakon bu Asti sajak gumun nyawang solah bawan Prof. Lukman kang ora kaya adat biasan. Prof. Lukman mung msem mireng pitakonan garwan kang kaya mangkono. Kn lho bun, lenggah cedhakku kn. Wangsulan Prof. Lukman karo nganthi bu Asti lenggah sakcedhakk. Dina iki, aku lagi mangertni jebul ora nthng dadi pimpinan kuwi. Prof. Lukman unjal napas, rumangsa yn dhwke kaya nemu kahanan kang siji lan sijin rinasa padha imbang abot lan enteng. Ingatas piyambak mangerteni kahanan keuangan universitas kang minim---ditambah manh akeh fasilitas-fasilitas kampus kang perlu ditambah lan dandani, kamangka subsidi pendidikan saka pamarntah pusat tumrap universitas wis kalong malah disetop. Terus arep ditutup saka ngendi sekabhing biaya kuwi. Wusanan pikir duw pikir, rembug duw rembug. Sakwis nampa masukan lan anthuk kasarujukan saka senat universitas. Ana rong prakara kang dadi hasil kebijakan ya kuwi ; siji, SPP tumrap mahasiswa anyar diundhak 50%. Sing angka loro duwit basiswa tumrap mahasiswa ditangguh mudhunk, perlun bisa ntuk tinggalan bunga saben sasin. Mula jeneng ora mokal yn akh mahasiswa kang padha bingung, sebab mangertni yn kwitansi beasiswan tinulis sasi maret-april ning nyatan lagi bisa dicairk sasi juli-agustus. Alasan ya warna-warna. Prof. Lukman mung gdhak-gdhk sajak gumunwong sejatin kuwi ora becik ditindhakak, nanging kok ya tetep dilakoni. Bebasan wong ngerti yn tumindhak maling kuwi nistha ning tetep dilakoni ba. Kepiy manh ?. Piy bun, aku kudu kepiy saiki ?. Pitakonan Prof. Lukman njaluk urun rembug bu Asti garwan. Yn aku dadi njenengan pak, luwih becik nggolk dalan tengah ba. Dalan tengah kepiy sing dadi panemumu bun.

Ya dalan tengah, kepiy caran njenengan ora dioyak-oyak karo aliansi mahasiswa bab anan S.K. uggah-unggahan SPP kuwi mau, kanthi ngajak rembugan uga maringana pirsa, yn S.K kuwi mau panjenengan tapak asmani, wis dirembug lan dirapatak ana ing Senat Universitas, awit saka ananing S.K. Dikti ngenani otonomi kampus. Kang surasan ngowahi status Perguruan Tinggi Negeri kang minangka instansi pendidikan utuh dadi Badan Hukum Milik Negara (BHMN), kang uga nduwni kalodhangan ngurusi keuangan dhw, awit pamarntah pusat duw kekarepan arep nyuda subsidi pendidikan tumrap kampus kang wis di-BHMN-ke kuwi. Awit dianggep yn kampus-kampus kuwi, kelebu kampus njenengan, wis kudu golk dana dn ora ngendelk subsidi saka pamarntah. Karo nyawisk unjugan bu Asti mbacutk nggon ngendikan. Dadi bn mahasiswa lan masyarakat ngerti saknyatan kaya ngapa, lan nang ngendi yn arep mlayoak aspirasin, dudu malah njenengan sing ketiban sampur. Wong njenengan ki rak mung nyndikani dhawuh saka nduwur ta pak. Bu Asti tansah mnhi semangat tumrap garwan kakung. Dadi panemumu, aspirasi kang ana kuwi takbalikake satengahing mahasiswa amrih mahasiswa lan masyarakat mau mangerteni bab mula bukan ana S.K. kuwi. Ya bn terang diaturk purwa, madya lan wusana apa anan. Bu Asti msem karo mantuk tanda yn sarujuk karo apa kang diaturk Prof. Lukman. Paling-paling mengko njenengan ditimbali ana ing rapat Senat, gedhe-gedhen bisa uga dadi sebab lngsr njenengan saka kursi Rektorat. Wangsulan bu Asti kanthi ngunjal ambegan lirih. Dina Senin, dina kang wis ditemtoak antaran Prof. Lukman karo wong papat wakil sing padha dmo setu kepungkur---mbacutk rembugan. Nanging tetep ba kaya setu kepungkur Prof. Lukman ora bisa maringi kejelasan, dhwke durung bisa ngotak-atik apa manh nyabut anan S.K. kuwi wektu iki. Kudun, kow kabh nggawaa aspirasi kuwi langsung ana ngarsan wakil-wakil rakyat kang ana gedung DPR. Amarga S.K. iki nganti mudhun ya ana sebab lan musabab ya kuwi anan UU pendidikan anyar sing dadi rujukan S.K. Rektor kuwi metu. Lan S.K. iki mau bisa ba dicabut waton ana perubahan utawa peninjauan kembali bab anan UU pendidikan kang surasan ndadekak Perguruan Tinggi Negeri nduwni status BHMN, utawa gampang atur otonomi kampus. Atur Prof. Lukman apa anan lan blak-blakan sakngarepe mahasiswa. Kaya arep ambruk-ambruka ruang Senat Universitas mangerteni apa kang diaturk Prof. Lukman. Ana anggota sing sarujuk karo gegayuhan lan kawicaksanan Prof. Lukman, nanging ya ora setithik sing nduwni bda pamanggihmalah nganggep yn tumindhak Prof. Lukman kang kaya mangkono kuwi mau, gaw jeneng ala tumrap Birokrasi kampus. Aku banjur klingan marang apa kang wus dingendikakak dening mbah Sastra, pawongan wis sepuh udakara ngancik yuswa 80-an. Nalika semana, aku lagi ngadem ana ing salah sawijining angkringan pojok gelanggang. Bengi kuwi bda, ora kaya padatan biasan. Segan kucing isih katon numpuk akh, bakul angkringan ya mung doplang-doplong karo udud ngentni pelanggan. Ya ing papan kono kuwi aku ketemu piyambak. Jagongan bareng wong loro, karo nyruput wedhang jah, mataku ora kedhp nyawang pawongan sepuh kuwi, iket wulung, ngagem surjan lurik soklat sing wis katon lusuh ngana ka. Pasuryan gaw adem sapa ba kang nyawang. Nanging ora nyamping mung katokan modhl silat. Wah simbah iki deksura surjanan ya iketan barang kok ora ngagem nyamping. Bathinku. ning ya ra papa tinimbang nyandhang cara saiki sing ora mbejaji, jar modrn tur modl malah rumangsaku saya lh deksura ora ngerti hakekat wong nyandhang, ngudi bab kabusanan......ahk luwh..... Mbah Sastra iki sanajan wis sepuh ing yuswa, nanging ya isih wikan ing samubarang. Aku uga diparingi ngerti, bab kahanan kang lagi tak rasakk sajroning aku nerusk sinau ana ing pawiyatan luhur. ngendikan mbah Sastra marang aku ; Nak mas, niku rak mahasiswa ta, kamangka tumraping mahasiswa kados nak mas niku lagi gedhgedhen duw kekarepan, lagi duwur-duwur nduwni idealism. Mula simbah sing wis tua ngaten mung saged nuturi amrih nak mas nget kalih punapa ingkang dados kewajiban sinau wonten papan ngriki. Panci leres nak mas, jer basuki mawa bya, tuk kringet sing saben dinan mili nelesi ageman tiyang sepuh kekalih, nawu eluh sajroning donga saben-saben wengi, punika lho ingkang tansah nak mas nget. Kula nggih prihatos nyumurupi lar-lar punika bengak-bengok salebeting barisan demo. Boten wonten ingkang nglepataken tumindhak ingkang mekaten, nanging kedahipun rak mawi larasing manah kanthi menggalih ingkang prayogi. Langkunglangkung masyarakat. Gumun kula malah wonten ngriku, cobi mang penggalih nggih nak mas, ingkang badh ngundhuh menawi kuliah awis niku mangk sinten. Rak nggih tiyang sepuh lar sing ajeng kuliah ta, saking tiyang sepuh setunggal lan setunggalipun menawi pun kempalaken rak saged ugi sinebat masyarakat. Lajeng negara, kapan negara niki saged dados negara ingkang maju lan pinter, menawi badh kuliah mawon kedah ngukur boboting arta dd kapinteran lar, lha malah kojur ta. Kamangka sakngertos simbah, lar-lar ingkang sinau wonten pawiyatan luhur negeri mliginipun, rak kathah ingkang namung anak-anak tani, buruh,

guru, bakul, lan sakpinunggalan sanajan ta boten sakedhik ingkang putran tiyang gadhah lan kecukupan. Awit saking peparinganipun nikmat pinter saged sinau wonten ngriku. Nuwun swu mbah, kepareng kula munggel pangandikan simbah. Adat biasan yn simbah wis ngendikan, angl nggon arep nyetop, mengko mundhak diarani bocah sing ora nduw tata krama. Nanging kepiy manh Hand Phone-ku muni, aku nthuk kabar ibun kancaku mlebu Rumah Sakit, gawat jar. Sakwis tak aturak karo mbah Sastra, gag aku mbayar, pamitan terus bablas. Mbah Sastra katon mung msem nglilani lungaku, mung atur simbah mau durung tuntas j, ning ya ra papa muga-muga aku bisa ngerti apa kang dingendikakak simbah. Kamangka ratu-ratuning wengi lagi katon ndadari sisih wtan ka nyurutke cahyaning sasangka. Nambahi ndahing sesawangan kutha Yoja wayah bengi. Sajroning angkringan.

NAZAR UTAMADening: Adinda AS

SAWIJINING mujizat, nalika tangan kiwa pak Utama bisa diobah-obahak kanthi lemes sawis limang taun kaganggu amarga kena stroke. Sasuwn iku uga dhwk ora bisa main musik keyboard salah sijin alat musik sing disenengi dhw. Jalaran main musik nganggo keyboard iku driji tangan kiwa kanggo main achord lan driji tangan tengen kanggo melody. Sanadyan mangkono kanca-kancan padha nyengkuyung pak Utama tetep bisa ngiringi yn kancakanca sing rata-rata wis pnsiunan. Akh-akh nyanyi lagu-lagu keroncong. Nadyan main mung nganggo tangan siji awit pak Utama sregep nggaw program musik dhw yn dirungokak ora bda kaya wong main musik salumprah. Kanthi nggaw style, multipad lan song MIDI, bareng-bareng program mau kanggo ngiringi wong nyanyi. Nanging pak Utama kurang marem. Nganti sawijin dina, tengah wengi dhwk nglilir saka anggon turu dirasakak driji-drijin dadi lemas ora nyengkerem manh. Banjur diobah-obahak niru obah driji yen lagi main keyboard kok ya luwes. Sawetara driji tangan kiwa diobah-obahak terus, sikil kiwa uga dicoba njangkah rasan nthng, kepnak. Tetla tangan lan sikil sing setengah lumpuh limang taun suwn wis pulih kaya tangan lan sikil tengen! Gegancangan pak Utama mlebu kamar musik lan nyoba main sawenh lagu-lagu nganggo salah sijin keyboard duwek. Nadyan limang taun ora nat nynggol, nanging main keyboard ya isih ndah yn dirongokak. Maklum nadyan ora seniman musik nanging pak Utama 20 taun luwih nlatni keyboard sing limang taun pungkasan iki dijarak njamur ora tau disnggol. Matur nuwun, Gusti. Matur nuwun, Gusti sampun marengaken kasembadan donga lan panyuwun kula. Kawula nggal ngleksanani nazar kula! mengkono atur pak Utama jroning donga muji syukur kanthi patrap jngkng, sirah ndangak lan tanga loro nadhah mendhuwur. Ing mripat mili luh rasa syukur lan trenyuh . Kagawa saka rasa gedh kebungahan lan klingan nazar sing nat diucapak, pak Utama gegancangan ngudhah-udhah tumpukan naskah lagu-lagu sing durung rampung garapan musik nalika dhwk isih waras. Dipilih telung lagu rohani sing kober diripta jroning tahun kapindho nalika pak Utama rong tahun bubar keserang stroke, yaiku: Hidupku Miliku-Mu; Mencari Kasih Tuhan lan Ajarilah Aku Bersyukur. Kanthi bombong ati pak Utama nyoba gaw aransemen lagu Hidupku Milik-Mu kanthi methode multi track record. Nadyan nganggo wektu sing ora sepira suwn, parak pajar musik lagu Hidupku Milik-Mu bisa rampung. Bareng nyoba dirungokak lagu sak wutuh atin pak Utama ngrasa trenyuh , bener-bener ndah lan nuju prana lagu lan musik sing dianggit dhwk iku kaya sing dikarepak! Matur nuwun, Gusti. Mesthi Gusti ingkang kersa nuntun kawula! atur pak Utama kalegan kebak rasa syukur. Lagu kuwi biyn tau dicoba nggaw musik kanthi tangan siji, ora dadi. Njaluk digawkak kancakancan ya ora kebeneran. Bu, aku wis waras! pambengok pak Utama nalika bojon nginguk dhwk ing kamar musik. Tangan lan sikil kiwa diobah-obahak kanthi luwes lan trengginas kanggo mbuktkak omongan. Lan wiwit tengah wengi mau lagu rohani iki wis tak garap rampung. Sisihan gawok ngadhepi kasunyatan iki. Dirungokak swara musik sing diputer kanthi cara play back song sing wis muni wiwit bojon mlebu kamar musik iki. Bojon kasengsem ngrungokak. Banjur ngrangkul kakung raket. Sakaron tangis-tangisan. Tangis bungah mesthin! Matur nuwun, Gusti, atur sakaron bebarengan.

Bojon ngadhepi prastawa iku minangka mujizat. Limang tahun kepungkur nalika nunggoni kakung ngathang-athang tanpa daya ing RS jalaran serangan stroke setaun sadurung pnsiun. Dhwk kerep ngruntuhak luh mesakak kakung. Kedadyan bab sing dikuwatirake iku numusi. Kakunge mbiyen priya sing dinamis, aktif, seneng-aten, dumadakan dadi pawongan sing ora kwawa tumindak akh, malah kegedhen gumantung mring liyan. Kerep pak Utama nglimbang-nglimbang yn pinuju thenguk-thenguk ing kamar musik. Dhwk pancn dudu seniman musik, nanging bojon ngejarak wa nalika pak Utama tuku keyboard merk pinunjul type pungkasan akeh telung unit. Ora liya iku kanggo nyukupi pepnginan lan kesenangan sing gedh ing bab seni musik! Malah jalaran kawigatn sing gedh, pak Utama wis nat rekaman ing studio record. Nanging dhwk ora tau nampa sak sn-sna, awit honor didumak grup musik sing kabh karyawan andhan. Bojon pak Utama nyengkuyung kabh kersan kakung. Jatah dhuwit blanja ora tau kurang. Bayar pak Utama nyambut gaw ing BUMN luwih dning cukup kanggo ngragadi bojo siji lan anak loro sing wis ngrampungak kuliah. Aku kepngin dikancani Marga jron ngluwari nazarku mengko, ujar pak Utama. Marga kuwi putri pambarep sing wis omah-omah manggon ing Pontianak mlu bojon. Kebeneran Marga ya seneng musik mligin main keyboard. Bu Utama serujuk, malah nyanggupi arep mbiyantu mengko nk ana angl-angl bojone Marga sing pengusaha sibuk lan kinurmatan ing kiwa tengen. Bu Utama ngerti nalika pak Utama nyritakak iki kabh. Pak Utama jroning nunggu dawa ing pangarep arep pulih tangan lan sikil kiwa kanthi sawenh terapi nanging durung keturutan. Nganti kawetu nazar: Samangsan mengko pinaringan waras sikil lan tangan lan bisa main musik manh, pak Utama arep ngamn seminggu suwn lan olh-olhan arep disumbangak sawijining panti asuhan bocah yatim piatu. Dhwk kepranan nalika ndeleng acara TV, bocah-bocah sing manggon ing panti main musik band sing manut panemun pak Utama apik banget. Sidan Marga lan Iwan bojon karo anak sing isih TK teka ing Yogya. Nanging Bambang adin Marga sing nyambut gaw ing Banjarmasin nlpon ora bisa bali awit lagi ana penataran dines ing kantor. Jroning rembug kluwarga iku isih ana rembug usul lan pendapat Nk bapak butuh dana kanggo nyumbang panti asuhan, aku sanggup nyawisak. Pitungpuluhlima yuta rupiah dak kira cukup nggo tuku alat-alat musik prasaja bisa kasumbangak panti asuhan. Bapak ora perlu kesel-kesel, Marga usul. Iku bener. Nanging ing kn sing baku dhw iku anggon ngamen minangka nazar pokok, wangsulan bapak. Iki kedadyan luar biasa. Mesthi nuwuhak controversi, nuwuhak kawigatn gedh saka masyarakat. Bapak mesthi kuwalahen ngadhepi kabh iki. Nek kow isin nngamping-ampingi bapak, kow ndhelik wa jroning mobil. Kow ngetutak saka kadohan ya bisa. Ora ngono, pak. Aku mung mrihatinak kewarasan bapak. Mesthin praktek ngluwari nazar iki rak ora terus-terusan. Nk bapak kesel rak bisa lrn ngaso. Sing perlu gunggung pitung dina, bisa pedhot-pedhot. mengkono atur Iwan nyengkuyung tkad mertuwan. Putusan gumathok, digaw rencana-kerja. Telung dina kabh rpot nyamektakak samubarang kabutuhan. Kanca-kancan Marga, Edy lan Atok sing kebeneran manggon sakutha, kanthi senenging ati mbiyantu laku ngluwari nazar iki, sing manut kanca-kancan Marga mau unik ya narik kawigatn Mobil pic-up silihan paman Marga disulap dadi panggung cilik ing bak mburi sing tinarbuka. Supaya ora panas, dipasang payung motha antik gedh. Ubaramp sound system, speaker loro gedh-gedh ngebaki panggung cilik iki. Saka kersan pak Utama dhw alat musik sing digawa keyboard loro sing ditata sap loro kanggo main solo organ. Sawenh barang-barang pangrengga gawan Edy lan Atok dipasang uga nambah asrin panggung-mobil iki. Spandoek mori warna pink tinulis NAZAR UTAMA kapasang ing kiwa tengen awak mobil pic-up iku. NAZAR UTAMA , karep nazar sing dilakoni pak Utama Sejati jeneng bapak Marga, sing nemb nglakoni ngluwari nazar. Wong sing ora ngerti mesthi ngarani iku mobil hias sing arep mlu karnaval! Sedina sadurung ngluwari nazar, Marga lan ibun meksa bapak kontrol dokter langganan. Karo msem pak dokter matur: Mboten masalah. Ingkang perlu kedah dipun jagi, saben bapak sayah kedah ngaso. Kajagia mboten ngantos kesayahen! Esuk-suk rombongan cilik wis sumadiya ing ngarep omah pak Utama. Akeh uga tangga teparo ngumpul ing kono nguntabak mangkat rombongan ngluwari ujar iku, kebeneran dina iku Minggu. Kayakayan adicara nguntabak tindak pejabat wa!

Ngarep dhw panggung mobil, pak Utama wis lenggah ing kursi sangisor payung kanthi ageman adat: surjan Ngayogjakarta, blangkon mondholan, tanpa keris. Ing mburin jeep Taft di tumpangi Edy lan Atok sing wis ancang-ancang pirang-pirang dina sadurung. Kekaron tugas minangka tehnisi ngrangkep scurity. Mburi dhw mobil Kijang INOVA, sing numpak Marga karo bojo lan anak. Bagas,priya nom-noman ponakan pak Utama mahasiswa semester pungkasan Institute Seni jurusan musik nggabung Edy lan Atok. Nanging ibun Marga ora mlu kanthi pawadan nyawis-nyawisak ubaramp kanggo ngamn dina sapiturut. Njeron mobil INOVA dikebaki werna-werna pangan, snack, ombnombn lan woh-wohan kanggo sangun kabh rombongan. Yn disawang kaya rombongan sing arep lunga picnic wa! Sadrngipun bidhal mainaken setunggal kalih lagu rumiyin, pak! usul wong-wong ngombyongi pak Utama. Saka speaker ing panggung mobil kaprungu swaran ulem wanita, swaran Siska sing lungguh jjr supir mobil panggung. Siska kuwi sawijining announcer wanita professional sing dijarag diswa, ngayahi tugas mandu acara lan ngrangkep nyanyi. Siska ngaturak panuwun marang masyarakat sing wis akh paring panyangkuyung, kawigaten lan partisipasi sajrone pak Utama ngluwari nazar iki pitung dina suwn. Nyuwun donga pangstu kabh lumaku lancar lan rahayu. Kajelasak uga pikoleh ngamn nazar kabh arep disumbangak panti asuhan. Banjur keprungu swaran musik keyboard sing dimainak pak Utama. Keprungu lagu Mencari Kasih Tuhan dibacutak lagu Hidupku Milik-Mu sing dikidungak pak Utama kanthi kebak pangrasa. Lagu rohani sing lagi sepisan iki kakidungak dning pangriptan dhw. Kabh padha ngrungokak kanthi jinem. Bocahbocah sing maun ram brisik, bareng krungu lagu rohani iki dikumandhangak kabh padha meneng anteng tanpa swara. Swaran pak Utama sing wis 60 taun luwih iku ora merdu nanging swaran abot endhek. Malah kanthi swara tuwan pak Utama sing rada serak-serak iku malah muwuhi trep nalika dhw ngidungak lagu Hidupku Milik-Mu asipat pasrah nanging melancholis. Dilagokak kanthi intro lan interlude musik aransemen sing rinipta nalika wengi sepisan pak Utama pinaringan kewarasan. Krungu musik lan lagu mau akh ibu-ibu sing ora bisa ngempet metun luh. Sawis lagu kuwi ranmpung keplok-kepplok lan asesurak ngregengak swasana suk iku. Pak Utama kaget nalika nyumurupi wong-wong pada mepet nyedhaki panggung mobil ing tangan sumelip lembaran dhuwit, saprangan lagi mbukak dompet. Ndeleng glagat iki Atok tumuli metu saka mobil kanthi trengginas ngiderak kotak kubus saka karton sing pancn wis kasediyakak kanggo piranti ngamen iki! Matur nuwun, bapak-ibu atur pak Utama groyok ora kuwat nahan tangis. Trenyuh. Ngarepak jam setengah sepuluh, rombongan ngamn budhal, kairingan lagu mars Maju Tak Gentar. Kabh padha mlu nyanyi karo keplok-keplok bungah. Rombongan ngamn pindah saka papan siji lan sijin. Underan panggonan sing akeh ngumpul publik, upaman pasar, mall, pusat belanja terminal lan liya-liyan. Tumindak rombongan ngamn iki banget nuwuhak kawigatn masyarakat sing gedh. Ana wong sing mung mesem-msem nyecengs, ora percaya nk iku ngluwari nazar, akal-akalan wong bn bisa ngeruk dhuwit akh. Nanging akh uga sing katarik kanti mnhi dhuwit cukup akh sing dilebokak ing kotak kubus sing sregep diiderak Edy lan Atok. Sing padha nonton umum serujuk lagu-lagu sing dimainak lan dikidungak pak Utama iku pancn ndah, utaman lagu Hidupku Milik-Mu Saperangan gedh lagu-lagu sing dimainak pak Utama lagu rohani anggitan dhw. Kanggo selingan kala-kala lagu pop, rock lan dangdut. Lagu dangdut sing nyanyi Siska saka njeron mobil. Dhasar Siska tau dadi solist grup dangdut, mula wong-wong sing krungu cengkok Siska padha lenggak-lenggok, goyanggoyang ing sakupenging panggung mobil. Ndadkak sangsaya nges lan anget! Jam 12 awan rombongan ngamn ngaso mangan awan. Sangu sing digawa saka ngomah luwih dn cukup. Jam setengah papat sor rombongan ngrampungak ngamn dina kapisan. Ing omah ngtung oleholehan ngamn dina kapisan rombongan rumangsa surprise sawis ngitung oleh dhuwit rong yuta patangatus patangpuluh wu rupiah. Sing nggumunak ing antaran ana dhuwit receh logam, 50 rupiah 50 iji lan 100 rupiah 100 iji. Dina kapindho sangsaya regeng. Akh wong sing ngrekam gambar nganggo handycam. Malah ana stasiun TV ibu kota lengkap karo crew lan pirantin njaluk palilah pak Utama kanggo ngrekam lan nyiarak ngluwari nazar iki kanthi cara live. Mesthi wa pak Utama ora kabotan ora merga mengko bakal diwnhi honor akh. Bengin nalika pak Utama ngaso ing omah bubar nglaksanakak ngluwari nazar dina katelu, ana tamu loro teka nemoni pak Utama. Tamu mau manager hotel gedhe dhewe sak kutha Yogja, njaluk kasanggupan

pak Utama sak rombongan pentas ing hotel. Pak Utama nyanggupi paling cepet sawis dina pungkasan ngluwari nazar, lan kabh urusan kapasrahak Marga, anak. Marga sing diangkat dadi manager, ngrembug ngenani gedhn honor. Marga nawakak honor gedh sing fantastic karep wong hotel bn mundur, nanging kok ya gelem tanpa nganyang! Atin Marga sangsaya prihatin manh nalika ana penjalukan kontrak kerja saka perusahaan studio rekaman musik sing pinunjul ing Negara iki. Sabener Marga prihatin mikir kawarasan bapak sing wis tau kena stroke sepisan. Kanthi kuwatir Marga ngudarasa karo Iwan bojon: Apa klakon ing yuswan bapak sing 60 taun luwih bar kena stroke iki malah dadi selebriti? Iwan bojon mung ngguyu nggleges. Kosokbalin pak Utama ngadhepi iki malah sangsaya semangat. Dhwk merlokak ngajari Marga lan Siska duet minangka backing vocal nalika Pak Utama ngidungak lagu Hidupku Milik-Mu. Sawenhing alamat panti asuhsan lan uga panti jompo dicatet sing ing wayah mengko bakal di tekani lan diwnhi sumbangan. Gusti Allah maringi rajeki bocah-bocah yatim piatu lan para jompo iku liwat tanganku sing wis tua iki bakal tak lakoni amanah iki kanthi sabecik-becik, supaya sisa-sisa umurku ing ngalam donya iki bener-bener migunani mring pepadha. ujar Utama kanthi rai bungah, nanging katon satts waspa ing mripat mili ing pipin sing wiwit kriput. Sawetara iku salah siji stasiun TV ibu-kota, makaping-kaping nyiarak lagu Hidupku Milik-Mu lan lagu-lagu rohani anggitan Kakanda jeneng samaran Utama Sejati...

NJALUK

TULUNG

(dening: Adinda AS.)

WARSIH esuk iku dhewekan ing omah. Pak Dirdjo karo garwane wiwit wingi tindak Semarang kondangan adine mantu putrane putri. Dene mas Didiet putrane mbarep bu Dirjo mangkat kuliah esuk-esuk mau. Warsih nderek keluargane pak Dirdjo wis rong taun iki. Dheweke kepeksa ninggalake kutha Wonosari asline, nyambutgawe ing Yogya, abot-abote kepengin nyekolahake anake wadon siji ben bisa nutugake sekolah sawise tamat SMP mengko. Ora kaya Warsih dhewe sekolahe mung tekan kelas 1 SMP medhot. Tansah keprungu pesene bojone sadurunge tinggal donya, nggadang-nggadang anake wadon sabisa-bisane sekolah saora-orane lulus SMU. Durung jam sewelas awan, kabeh gawean ngomah kuwajibane Warsih wis rampungan. Mumpung lagi dadi panguwasa tunggal ing omah loji gedhe iki, dina iku bisa tumindak apa wae. Nyoba nyetel TV ing ruwang tengah, lagi sedhela bosen. Pindah ing teras ngarep nggejojor ing kursi males. Meja cilik ing sisihe ana segelas wedang kopi panas lan sepiring pacitan. Karo ngrungokake radio cilik siaran Radio Retjo Buntung, mripate melek merem lan lambene comuk-camuk. Ah, pancen laras temenan. Rasane kaya nyonya boss besar wae. Mula pancen enak dadi wong sugih! Kula nuwun. Sugeng siyang, bu!! Warsih kaget, njenggelek. Ngereti-ngerti ana pawongan wanita setengah umur nyedhaki dheweke. Kula kepareng matur, bu. Kula bade nyuwun tulung.. ujare wanita mau sawise dilungguhake Warsih ing kursi teras cedak kursi males. Nitik nyandhang penganggone wanita sepantaran bu Dirjo mau ngatonake wong kecingkrangan. Raine pucet kumel ngemu wewayangan urip kebak susah. Kersa penjenengan punapa? pitakone Warsih karo namatake tas plastik sing dicangking tamune. Kula badhe nyade kain batik punika, bu.. ature wanita mau karo ngetokake barang saka tas sing digawa. Wah, sapunika bapak ibu nembe tindak. Kula piyambakan wonten griya, wangsulane Warsih. Dheweke ngira wong wadon iku sawijining sales sing mlebu metu saben omah nawakake dagangan. Kula betah kaliyan ibu kemawon, sumaure tamune karo nginguk dalan ngarep omah. Warsih mbedek tamune iki ngira yen dheweke sing nduwe omah gedhe iku. Punika dipun sade pinten? pitakone Warsih sawise kain bathik dibukak-bukak kanggo pantes-pantes. Kain bathik cap-capan kasar dawane paling karotengah meter. Seket ewu, bu. Kain punika taksih enggal! Mosok kain kasar ngene regane seket ewu. Kala wingi kula tumbas langkung alus mung selawe ewu.

Menawi mboten kepepet kain punika mboten kula sade. Lare kula sakit. Kula warandha katilar pejah. Kula betah arta seket ewu rupiah kangge nebus resep obat anak kula, ujare wanita mau karo bola-bali nginguk dalan ngarep omah. Warsih nggregel. Nasibe tamune iku kaya aku wae, batine. Kepeksa golek pangupa jiwa dhewe merga ditinggal sing lanang mati. Nek seket ewu kok kawisen, panganyange Warsih. Betah kula ngge tumbas regine obat seket ewu. Menawi ibu saged mbiyantu kula.. sumaure tamune karo tolah-toleh mengarep maneh. Lungguhe ketok ora jenjem. Kenging punapa kok sajak bingung. Wonten ingkang ditengga, bu? Mboten.Punika, lho . Tim. Tim Tim punapa? Ah, mboten, kok... wangsulane tamune lirih sajak keweden. Krungu tembung tim Warsih banjur kelingan angger ana siaran acara MINTA TOLONG ing TV RCTI dheweke karo bu Dirjo mesthi nonton. Warsih kaget ing dhadhane tuwuh pangarep-arep. Dos pundi kersa mundhut kain kula, bu? ujare tamune ndheseg. Sekedhap, bu ujare Warsih. Dheweke menyat ninggalake tamune. Warsih metu tekan lawang pager noleh ngiwa nengen. Banjur nyedhaki tamune maneh sing isih lungguh ing teras. Nggih mboten ketingal. Nembe ngetingal sak jam utawi kalih jam mangke Menawi penjenengan kersa mundhut kain nika, sapunika reginipun kalih atus ewu! Lho piye, ta? Durung-durung kok wis mundak tikel papat. Nggih sampun nek penjenengan mboten kersa. Kalih yuta mawon penjenengan taksih bathi kathah, gemremenge tamune karo ringkes-ringkes barange. Warsih niteni ing acara tv MINTA TOLONG sawise nuku barang sing didol, let sedhela banjur ana wong sing nyedhaki menehi dhuwit akeh minangka piwalese wong sing wis gelem tetulung. Rejeki, mengkono ujare wong mau sing ora liya salah sijine tim. Nggih kula purun. Dirantos, kula tak mendhet arta rumiyin, kandhane Warsih karo mlebu ngomah. Dhuwit blanjane sewulan sing telung dina kepungkur diparingi bu Dirjo di jupuk separo banjur diwenehake tamune mau. Matur nuwun, bu. Penjenengan nengga kemawon wonten ngajengan. Mangke nek tim dateng rak lajeng kepanggih. Nggih punika rejekine tiyang sing remen tetulung kados ibu punika, memgkono ujare tamu wadon mau karo pamitan. Warsih mung manthuk-manthuk mesem seneng. Kain bathik sing bar dituku rongatus ewu rupiah mau wis ora digantekake maneh, barang ora mbejaji. Dhuwur-dhuwure pengaji rongpuluh ewu wis apik! Warsih lungguh ing kursi teras. Ing atine thukul pengangen-angen. Mengko nek entuk dhuwit rejeki akeh kaya ing tv kae dhuwit eketan ewon sabengket, apese limang yuta rupiah! Wah, bisa enggal-enggal nukokake speda Palupi anake