URAIAN MATERI -...
Transcript of URAIAN MATERI -...
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 1
URAIAN MATERI
KB-1 CERKAK
1. Hakikat Cerkak
Salah sawijining materi kang ana ing pasinaon basa Jawa SMP lan SMA yaiku materi
sastra. Tembung sastra iku dijupuk saka basa Sansekerta yaiku tembung ‘ças’ kang tegese
pituduh utawa instruksi sarta ‘tra’ kang tegese piranti. Saka andharan kang kaya mangkana
tembung sastra bisa ditegesi minangka piranti kanggo weneh pituduh kanggo wong liya.
Kanthi luwih cetha Fananie (2001:6) ngandharake “bahwa sastra adalah karya fiksi yang
merupakan hasil kreasi berdasarkan luapan emosi yang spontan yang mampu
mengungkapkan kemampuan aspek keindahan yang baik yang didasarkan aspek kebahasaan
maupun aspek makna”.
Kathi sastra panulis bisa nglantarake ide lan rasa marang sing maca. Sastra sejatine
duwe daya kanggo ngajak wong liya sarujuk marang apa kang dikarepake panulis, mula
sastra bisa digunakake kanggo weneh pituduh kang becik kanggo wong liya. Carita-carita
kang ana ing sastra kang dirasakake dening sing maca minangka salah sawijining cara
kanggo ngalusake rasa. Saka sastra pamaca bisa mbayangke bab-bab kang mungkin ana ing
masarakat banjur bisa jupuk pasinaon saka bab iku.
Sastra Jawa yaiku sastra kang tinulis nganggo basa Jawa. Sastra iki madeg ana ing
antarane masarakat Jawa lan tinulis nganggo basa Jawa. Sastra Jawa kang ana ing masarakat
wujude ana telu, yaiku gancaran, geguritan, lan drama/sandiwara. Gancaran minangka salah
sawijining bentuk sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket dening guru lagu, guru
wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang. Modul iki arep bahas salah sawijining bentuk
gancaran yaiku cerkak.
Tembung cerkak sejatine karakit saka tembung ceriyos lan cekak. Tembung cerkak
uga ana sing ngarani crikak yaiku tembung sing karakit saka tembung crita/criyos lan cekak.
Menawa manut saka tembung asal iku mau cerkak bisa ditegesi salah sawijining bentuk
gancaran kang tinulis amung cekak, cacahe tembung winates, lan mung ngemot saperkara.
Kanthi luwih cetha Sudheer (2012: 244) ngandharake menawa “The short story however, is a
story that is short. A short involves narration of series of event or simple incidents involving
individuals in mental or physical activity one after the other”. Sayuti (2000: 10) uga
ngandharake menawa “cerpen menunjukkan kualitas yang bersifat compression atau
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 2
pemadatan, contration atau pemusatan, dan intensity atau pendalaman, yang semuanya
berkaitan dengan panjang cerita dan kualitas struktural yang disyaratkan oleh panjang
cerita.
Cerkak minangka salah sawijining wujud sastra Jawa kang paling sering ditulis.
Kabeh kalawarti basa Jawa mesthi dikompliti karo cerkak. Cerkak wis kaangep minangka
kabutuhan ana ing seban kalawarti. Ora mung ana ing kalawarti, cerkak uga ana kang
disiarake mawa radio. Cerkak minangka asil sastra sing paling disenengi, mula nganti ana
kang gawe buku kumpulan cerkak. Buku-buku antologi cerkak kaya mangkono okeh didol
ana ing pasaran. Bab iku nggambarake menawa akeh kang seneng lan nggoleki cerkak. Saben
uwong wis mesthi tau maca kang jenenge cerkak.
Sinau cerkak ora mung ndadekake luwih kreatif, nambah wawasan, nambah leksikon
tembung, uga ngalusake budi, ananging uga duwe nilai ekonomis. Akeh media kang
ngolehake wong liya menawa arep ngirim cerkak ana ing redaksine. Menawa cerkak kang
dikirim iku dinggo ana ing media kang tinuju, panulis bakal oleh ganti awujud dhuit. Cerkak
iku disenengi marang wong akeh marga sipate sing cendhak. Cerkak ora mbutuhake wektu
kang suwe kanggo maca. Maca cerkak bisa sinambi ngapa wae, bisa uga diwaca kanthi
lingguh sedhilik. Crita ana ing cerkak kang nggambarake urip ing kasunyatan uga minangka
salah saijining alesan cerkak iku akeh sing seneng.
2. Titikane Cerkak
Minangka salah sawijining wujud sastra wis tamtu cerkak duwe titikan kanggo
mbedakake karo wujud sastra sing liyane. Nurgiyantoro (2013: 12-13) ngandharake tengere
cerkak yaiku:
“(1) cerpen memiliki panjang cerita yang lebih pendek daripada novel; (2) cerpen
menyuguhkan penceritaan yang ringkas; (3) tidak memerlukan detil-detil khusus
untuk memperpanjang cerita; (4) cerpen memiliki karakteristik pemadatan dan
pemusatan terhadap sesuatu yang dikisahkan atau permasalahan; dan (5) habis
dibaca dalam sekali duduk, kira-kira setengah sampai dua jam.”
Kanthi luwih komplit Tarigan (2011: 177) ngrumusake tenger saka cerkak yaiku:
“(1) singkat padu, dan intensif (brief, unity, dan intensity); (2)memiliki unsur utama
berupa adegan, tokoh, dan aksi (scene, character, dan action); (3) bahasanya tajam,
sugesif, dan menarik perhatian (incisive, suggesive, dan alert); (4) mengandung
impresi pengalaman tentang konsepsi kehidupan; (5) menimbulkan efek tunggal
dalam pikiran pembaca; (6) mengandung detil dan insiden yang benar-benar
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 3
terpusat; (7) memiliki pelaku utama yang menonjol dalam cerita; dan (8) menyajikan
kesatuan efek dan kesatuan emosi.”
Menawa sinawang saka andharan ing dhuwur iku, sing jenenge cerkak iku wis mesthi
cendhak. Cacahe tembung ana ing cerkak iku winates. Bab iki padha karo andharane Helda
(2015: 124) yaiku “panjang cerpen rata-rata 1½ – 2 halaman atau 1.500 kata, yang juga
dipengaruhi oleh kebijakan Redaktur dalam menyediakan ruang”. Sing jenenge cerkak iku
kudu bisa diwaca kanthi cepet. Bisa dirampungake nalika leren-leren utawa sinambi maneka
gawean antarane setengah nganti rong jam wae.
Crita ana ing cerkak digawe supaya padhet amarga cerkak ora kena ditulis dawa-
dawa. Prakara kang ketok ana ing cerkak amung ana siji, ora kaya ana ing novel kang bisa
digawe luwih njlimet. Supaya watak ana ing cerkak bisa ketok lan krasa adate ana pacelathon
kang kaamot ana ing cerkak iku, nanging ora oleh akeh-akeh. Crita kang diangkat ana ing
cerkak adate crita kahanan kang ana ing masarakat. Kosasih (2012: 34) uga ngandharake
titikane cerkak yaiku “(1) alur lebih sederhana; (2) tokoh yang dimunculkan hanya beberapa
orang; (3) latar yang dilukiskan hanya sesaat dan dalam lingkup yang relatif terbatas.”
Sanajan caritane sithik, cerkak tetep kudu isa nggawa pamaca mlebu ana ing critane mula
dalane crita, pamain, lan kadadean kudu tetep digatekake.
3. Unsur Cerkak
Saben cerkak wis tamtu karakit saka maneka warna unsur. Unsur-unsur cerkak ana
ing kene bisa dipadhakke karo pirani-piranti kang digunakake kanggo bangun omah. Supaya
cerkak kang tinulis bisa apik, mesthine kabeh iku digawe kanthi bakoh wiwit saka pondasi
lan sapiturute. Unsur kang mbangun cerkak iku ana loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur
ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku unsur kang sinawang saka cerkak iku, menawa unsur
ekstrinsik yaiku unsur kang kasawang saka njaba cerkak. Lestari, Rakhmawati & Rohmadi
(2016: 187) ngandharake menawa “unsur intrinsik meliputi plot, penokohan, latar, tema,
amanat, sudut pandang, dan gaya bahasa”.
Unsur ekstrinsik ana ing cerkak iso sinawang saka telung kahanan yaiku saka
pengarang, kahanan sing maca, lan kahanan panggon nalika ngarang. Unsur-unsur ekstrinsik
iku meh padha karo andharane Kosasih (2012: 72) menawa unsur ekstrinsik karya sastra
yaiku “(1) latar belakang pengarang (2) kondisi social budaya (3) tempat novel dikarang”.
Sanajan unsur ekstrinsik iku ora mapan minangka awake cerkak, ananging unsur iku duwe
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 4
daya kang gedhe marang cerkak sing tinulis. Supaya luwih cetha unsur-unsur cerkak iku bisa
kaandharake kanthi mangkene:
a. Unsur-Unsur Intrinsik Cerkak
1) Tema
Tema ana ing cerkak iku minangka unsur kang ora oleh ditinggalake. Tema minangka
panemu kang arep dibabar kanthi wujud crita. Tema uga bisa ditegesi panemu pokok ana ing
cerkak. Menawa dipadakke karo bangunan, tema iku bisa diibarateke pondasi. Tema iku
kang dadi dhasar anggone nulis. Cerkak kang apik anggone nulis crita kudu manut ana ing
temane. Ananging, wis tamtu uga tema iku ora bisa madeg dhewe. Tema iku bakalane kaiket
karo unsur-unsur liya kang kudu mlaku bareng. Unsur kang ora trep karo tema kang dijupuk
bakalane gawe crita ora stabil, dadi ora fokus, lan kurang apik. Tema kudu iso nggandheng
kabeh tema supaya crita kang binangun ora owah.
Pamilihing tema ana ing cerkak uga kudu nggatekakake kahanan masarakat kang
maca. Tema sing diangkat dipadhakake karo kasenengan lan sasaran pamaca sing diarepake.
Mulyana (2014: 53-54) ngrumusake tema karo masarakat kang maca kaya ing tabel 2 kang
wis dicepakake.
Tabel 2: Kahanan masarakat kang jumbuh karo tema
Tema Jenis Cerkak Khalayak Pembaca
Percintaan Roman dewasa, remaja Umum, dominasi remaja,
dewasa
Perkawinan Roman dewasa Umum, dominasi dewasa
Politik Politis, sosial Umum, dominasi dewasa, dan
tua
Religi-mistik Religious, spiritual, mistis Umum, dominasi tua
Pendidikan Wacan bocah, dongeng Umum, dominasi usia pelajar
Sosial lainnya umum Umum lainnya
Saka tabel ing dhuwur iku, wis cetha menawa tema kang digunakake nalika arep nulis
cerkak ana gandheng cenenge karo jenis lan masarakat kang maca. Nalika arep nulis cerkak
kathi tema katresnan berarti jenis cerkak kang iso dijupuk yaiku roman dewasa utawa
remaja, banjur khalayak kang maca bisa wae saka umum, dominasi remaja, utawa dewasa.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 5
Menawa wis ngerti jenis lan masarakat kang maca, cerkak kang digawe kudu dijumbuhake
karo kahanan masarakat kuwi. Cerkak kang digawe uga kudu ngangkat carita kang aktual lan
faktual supaya pamaca bisa ngrasakake apa sing ditulis.
2) Plot/Alur
Plot utawa alur yaiku urutane kadadean ana ing cerkak, sinawang saka wiwitan tekan
pungkasan. Kanthi luwih cetha Pujiharto (2012: 32) ngandharake menawa “plot adalah
jalan cerita yang dibuat oleh pengarang yang berupa deretan peristiwa secara kronologis,
saling berkaitan dan bersifat kausalitas sesuai dengan apa yang dialami oleh pelaku cerita.”
Prastawa ing cerkak iku nuduhake menawa apa kang dilakoni bakal ana walesane (sebab-
akibat).
Cerkak iku adate nggambarake kahanan wong kang tumindak culika bakal oleh
bebayan, ananging wong kang tumindak becik bakal oleh kabecikan uga. Waluyo (2011: 9)
uga ngandharake menawa “plot atau alur cerita yaitu jalinan cerita yang disusun
berdasarkan urutan waktu yang menunjukkan hubungan sebab akibat dan memungkinkan
pembacanya menebak peristiwa yang akan terjadi selanjutnya”. Prastawa kang ana ing
cerkak iku kadadean ana ing urutan wektu tertamtu. Crita ana ing cerkak iku ana urutane.
Adate cerkak kalakon kanthi urutan kaya mangkene:
a) Orientasi : Cerkak kang digawe iku diwiwiti kanthi panjlentrehan babagan paraga
lan setting carita,
b) Komplikasi : ana prakara kang ketok ing cerkak. Prakara kang sadurunge biasa-biasa
wae suwe-suwe dadi saya ruwet.
c) Klimaks : ana ing bagian iki prakara kang ana wus parah banget. Prakara ing
cerkak wus ana ing bagian puncak-puncake.
d) Anti klimaks : Ana ing bagian iki ditemokake cara kanggo ngrampungake prakara.
Prakara kang ruwet banget suwe-suwe saya lerem.
e) Pungkasan : bagian iki minangka pungkasane crita. Prakara kang ana ing crita wisa
bisa dirampungake. Ing bagian iki uga bisa ditambah koda yaiku
piwulang becik kanggo pamaca.
Urutane kadadean iku adate digmabarake kaya gunung yaiku kang dhisike adem
ayem, banjur saya suwe saya panas. Sawise prakara gedhe prakara iku banjur isa lerem lan
adem. Alur ana ing cerkak bisa kagambarake kaya ing gambar 2 kang wis dicepakake.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 6
Gambar 2: alur/plot ana ing cerkak
(sumber: http://free-illustrations-ls01.gatag.net)
Alur kang ana ing cerkak dinggo titikan anggone ngronce crita. Alur kang digunakake ana
ing cerkak ana loro, yaiku alur maju lan mundur. Ana ing cerkak ora ditemoni alur
campuran. Bab iki disebabake amarga ana ing cerkak alur sing digunakake kudu alur
tunggal, menawa nggunakake alur campuran crita kang digawe dadi kedawan. Alur maju
sering uga sinebut alur garis lurus utawa progresif yaiku carita kang karonce saka wiwitan
awujud orientasi nganti tekan solusi minangka pungkasan. Panganggone wektu ana ing alur
iki ora diacak-acak. Alur mundur uga bisa diarani alur flashback, sorot balik, utawa regresif
yaiku alur kang critane kasetting ora urut. Crita ing alur mundur diwiwiti saka prakara kang
ana ing cerkak banjur lagi mlebu ana ing bagian orientasi.
3) Watake Paraga
Watake ana ing cerkak minangka unsur sing penting. Paraga kang arep digunakake
ana ing cerkak kudu dipikirake tenanan watake supaya crita sing digawe iso katon urip lan
wiwitan
orientasi
komplikasi
klimaks
anti
klimaks
pungkasan
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 7
ora nyimpang saka tema lan amanat ana ing cerkak. Aminuddin (2002: 79) ngandharake
menawa “tokoh adalah pelaku yang mengemban peristiwa dalam cerita fiksi sehingga
peristiwa itu mampu menjalin suatu cerita”. Panemu sing arep ditulis ora bakal bisa tekan
ing pamaca menawa ora ana paraga ing carita. Crita kang dibangun butuh paraga sing bisa
nggambarake kahanan nyata ananging karaktere tetep kudu ketok kuat.
Paraga ana ing cerkak bisa kaperang dadi telu, yaiku protagonis, antagonis, lan
tritagonis. Protagonis yaiku paraga utama ana ing cerkak. Adate paraga iku duwe sipat kang
becik. Karakter paraga iki kudu digawe ketok supaya pamaca bisa mlebu ana ing crita iku.
Antagonis ana ing cerkak digambarake minangka paraga kang nglawan protagonist. Sing
dadi protagonist wis tamtu duwe sipat kang ora becik. Tritagonis yaiku paraga kang ana ing
tengah-tengahe protagonis lan antagonis. Paraga iki ora pati ketok ana ing crita, ananging
kudu tetep ana.
4) Latar/Setting
Latar/setting yaiku gambaran babagan kahanan kang ana ing cerkak. Crita kang
ditulis bisa kadadean ing endi wae. Setting ana ing cerkak kudu digatekake. Setting sing
digambarake ana ing cerkak kudu jumbuh karo isine crita. Crita sing digawe kanthi setting
taun 1950 tamtu wae ora bakal nyritakake nalika paraga lagi dolan ana ing Manahan (Solo)
numpak motor matic amarga pas iku durung Manahan durung dibangun lan motor matic
durung ana.
Stanton (1965: 18) ngandharake menawa “the setting of a story is the environment of
its event. Part of the setting is the visible background, such as cafe, mountain, a dead-end
street, etc. It may also be the time, such as day, year, the climate, or the historical period”.
Saka andharan iku, bisa dingerteni menawa setting iku kapara dadi loro yaiku papan lan
wektu. Kahanan kang ana ing cerkak pancen bisa sinawang saka papan lan wektu iku.
Setting-setting kasebut ora bisa madeg dhewe-dhewe, loro karone kudu nyambung lan bisa
nguatake siji lan sijine.
Setting panggonan iku tuladhane pesisir, sawah utawa kutha. Kahanan pesisir karo
kutha wis mesthi beda. Bab iki iso ditonton ana ing gambar 3. Nalika panulis arep
nggambarake kahanan pesisir kang kaya ing gambar 3, ukara sing bisa digunakake tuladhane
yaiku:
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 8
“Srengenge sing maune ana ing sisih kulon saya suwe saya ngilang. Dakrasa tentrem.
Pasir putih alus resik, angin pesisir kang mlaku alon-alon nyilakake rambutku, sarta mega
kang semu abang bisa nutupi abange pipiku. Kahanan kang kaya ngene iki pancen sing
dakgoleki. Apa meneh Sampeyan ana ing kene, mas. Sesandhingan karo aku.”
Gambar 3: pesisir (sumber: https://pernikdunia.com)
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 9
Gambar 4: Kutha (sumber: http://www.mobgenic.com)
Kahanan liya uga iso digambarake kanthi cetha ana ing cerkak. Tuladhane kahanan ana ing
kutha kaya ing gambar 4. Kahanan iku bisa dijlentrehake kaya mangkene:
Setting/latar ana ing cerkak ora mung bisa ngandharake panggonan, ananging uga bisa
ngandharake wektu. Cerkak kang digawe kanthi setting jaman biyen lan jaman saiki tamtu
wae beda anggone nggambarake. Bab iki bisa disawang kaya ing gambar 5 lan enam.
Nalika arep ngadharake babagan kahanan ana ing cerkak, setting wektu iku kudu
digatekake. Cerkak kang setting wektune beda temtu wae diandharake kanthi cara kang beda.
“Lampu dalan kang kelap-kelip gawe aku kelingan omah. Gedhung kang dhuwur-
dhuwur iku ora bisa ngalahake agunge gunung Merapi. Kutha iki pancen ora bisa anteng,
saben dina dakrungokake swara-swara kang ra cetha saka mesin-mesing penggiles dalan.
Aku kangen omah. Iki pancen dudu omahku. Omahku ana ing desa, bareng bapak lan ibu.
Ing kene srawunge beda. Ora kabeh uwong gelem dijak guneman. Ora kabeh uwong ikhlas
dijak kekancan”.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 10
Tuladhane nalika arep nulis cerkak kanthi setting jaman biyen, tamtu wae panulis
ngandharake kahanan jaman biyen yaiku pasrawungan anarane guru lan murid iku ana
aturane. Jaman biyen murid-murid kudu ngajeni banget marang gurune amarga guru iku
sumbering ilmu. Banjur, menawa panulis arep nyaritakake kahanan murid jaman saiki mesthi
ya gambarane ora kaya kang ana ing gambar 5. Murid jaman saiki iku pancen tetep kudu
ngajeni gurune, ananging guru jaman saiki uga bisa mapanake awake dhewe minangka kanca
kanggo murid. Sanajan mangkono, tetep ana watesane. Ana unggah-ungguh kang ora oleh
diilangi ana ing pasrawungan antarane guru lan murid jaman saiki.
Gambar 5: pasrawungan guru lan murid jaman biyen
(sumber: https://cdn-image.hipwee.com)
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 11
Gambar 6: Pasrawungan guru lan murid jaman saiki
(sumber: https://cdn0-a.production.liputan6.static6.com)
5) Sudut Pandang/Point of View
Sudut pandang ana ing cerkak yaiku carane panulis mapanake awake dhewe ana ing
carita manut panemune. Panulis mardika anggone netepake sudut pandang paraga utama.
Ananging, bab iki kudu wis ditentokake sadurunge wiwit nulis cerkak. Sudut pandang kang
beda temtu wae bakal duwe daya marang cara panulise cerkak. Rampan (1995:39) milah
sudut pandang dadi papat yaiku “(1) sudut pandangan orang pertama; (2) sudut pandangan
orang ketiga; (3) sudut pandangan campuran; dan (4) sudut pandangan yang berkuasa”.
Sudut pandang kasebut pancen ana ing cerkak, ananging adate sudut pandang kang ketok
ana ing cerkak iku bisa dipadhetake dadi telu, yaiku panulis minangka paraga utama, panulis
minangka wong katelu, lan panulis minangka wong kang ngerti kabeh.
Sudut pandang panulis minangka paraga utama utawa wong kapisan digunakake
nalika panulis ngecakake awake dhewe dadi paraga utama ana ing crita. Titikane panganggo
sudut pandang iki yaiku anane tembung “aku” ana ing cerkak. Panulis kaya-kaya kang
mragakake utawa ngalami kadadean ana ing crita. Sudut pandang panulis minangka wong
katelu yaiku nalika panulis ngecakake awake dhewe ana ing jaba crita, ora dadi paraga.
Menawa ing sudut pandang sadurunge panulis mlebu ana ing crita, beda karo sing saiki.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 12
Titikan panganggone sudut pandang iki yaiku panulis anggone nggambarake paraga utama
nganggo tembung dheweke, deknen, utawa nyebutake jenenge paraga iku mau.
Sudut pandang kang duwe kuasa yaiku sudut pandang kang digunakake nalika
panulis mapanake awake dhewe minangka wong kang ngerti kabeh ana carita. Sudut
pandang iki gawe cerkak dadi luwih informatif. Paraga kang ana ing crita adate digawe
minangka wong kang iso kabeh lan aktif ana ing maneka kagiyatan. Ana ing sudut pandang
iki panulis bebas arep ngomong apa wae lan dalan critane arep digawe apa wae.
6) Panganggone Basa
Basa minangka perangan kang wigati ana ing sastra. Panganggone basa kang pas bisa
narik kawigatine pamaca kasebut. Basa kang digunakake nalika nulis cerkak kudu
dijumbuhake karo kahanan masarakat sing dituju. Pamilihing tembung ora amung merga
apik orane ananging uga disawang saka sopan orane, lan nganggo basa sing gampang
dimengerti dening masarakat. Panganggone basa kanggo wong enom karo panganggone basa
kanggo wong tuwa tamtu wae ora padha. Leksikon kang bisa digunakake kanggo wong
enom mungikin wae ora bisa digunakake marang wong tuwa, lan suwalike.
Sanajan panganggone basa dibedakake, anggone nulis tetep kudu digawe kanthi
endah. Pangarang iku mardika anggone nganggo basa. Panganggone basa dening pangarang
minangka titikane gancaran sing digawe. Ananging uga kudu dieling-eling menawa pamaca
iku seneng utawa ora karo cerkak sing katulis bisa wae amarga basa kang digunakake.
Panulis kudu bisa nuduhake titikane ana ing tulisane ananging uga kudu tetep nggatekake
kabutuhan pamaca.
7) Piwulang
Cerkak minangka salah sawijining wujud sastra mesthine ngemu piwulang. Cerkak
kang tinulis duwe daya kanggo ngajak masarakat nglakoni bab-bab tartamtu. Cerkak ngajak
pamaca supaya bisa ngrasakake apa kang ana ing crita. Bab iki sing njalari piwulang ganggo
cerkak iku itungane efektif. Piwulang ana ing cerkak bisa katulis kanthi cetha lan ana kang
ora ditulis kanthi cetha. Piwulang kang tinulis kanthi cetha ana ing pungkasane cerkak
diarani koda. Ana ing koda panulis njlentrehake apa kang oleh lan ora oleh dilakoni dening
masarakat. Piwulang kang tinulis iku dijupuk saka pengalaman ing crita.
b. Unsur-Unsur Ekstrinsik Cerkak
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 13
Unsur ekstrinsik minangka unsur kang kudu digatekake nalika nulis cerkak. Sanajan
unsur iki mapan ana ing jaba cerkak, unsur iki duwe daya kang gedhe marang apik orane
cerkak. Menawa dipadhakake karo bangunan, unsur ektrinsik padha karo tukang lan kahanan
ana ing sakiwa tengene omah. Cerkak kang digawe kudu nggatekake unsur-unsur ana ing
jaba supaya bisa kabangun kanthi bakoh. Unsur ekstrinsik cerkak kapara dadi telu yaiku
kahanan panulis, sosial lan budaya ana ing cerkak, sosial budaya nalika nulis cerkak.
Kahanan panulis nalika nulis cerkak iku duwe daya kang gedhe marang isi lan
bentuke cerkak. Bab iki bisa kadadean amarga cerkak iku ngandharake panemu saka panulis
manut karo apa sing dingerteni lan kahanan atine panulis. Saben panulis wis tamtu duwe
karakteristike dhewe-dhewe nalika nulis. Cerkak sing digawe saben panulis wis mesthi duwe
titikane dhewe. Unsur ekstrinsik sing kaloro yaiku sosial lan budaya ana ing cerkak duwe
daya kang gedhe marang isine cerkak. Crita kang digawe iku wis mesthi dijumbhake karo
kahanan kang kudune ana ing cerkak. Cerkak kang digawe kanthi setting kutha tamtu wae
digambarake nganggo kahanan sosial budaya ana ing kutha. Kahanan iki mlebu ana ing
unsur ekstrinsik amarga kahanan kasebut kudu dijumbuhake karo kahanan kang nyata
supaya crita kang digawe bisa katon urip. Unsur ekstrinsik kaping telu yaiku kahanan sosial
lan budaya nalika nulis. Sanajan cerkak iku dugawe kanthi njumbuhake kahanan kang nyata,
kahanan kang kagambarake uga bisa kena pengaruh saka kahanan sosial lan budaya papan
panggonan nulis cerkak iku.
Supaya luwih cetha apa kang dikarepake karo cerkak, ing ngisor iki ana tuladha
cerkak kanthi irah-irahan “kepancal”.
KEPANCAL
(dening: Suryadi Ws.)
Ing donya iki ewon cacahe prawan sing aran Sri Rahayu Ian racake ya ayu-ayu.
Nanging tumrap aku mung siji thil sing istimewa, yaiku Sri Rahayu sing omahe cedhak
makam. Sri Rahayu siji iki jan istimewa tenan, apese ana telung perkara sing njalari dheweke
istimewa. Siji: ayune keblat papat. Disawang saka ngarep ayu, disawang saka mburi ayu,
disawang saka iring kiwa ayu, disawang saka iring tengen ya tetep ayu. Loro: mbudaya. Yen
pinuju njoged, oh, sapa sing weruh mesthi ndomblong panyawange, satemah si maling
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 14
wurung mbobol jendhela, si copet wurung nyeler dhompet, si rampog sakala ngguwang
clurite, merga ketungkul nonton jogede. Aja maneh manungsa, dhemit Ian gendruwo ora sida
medeni bocah, thuyul-thuyul ora sida nyolongi dhuwit, merga ketungkul nonton jogede.
Siji maneh sing njalari Rahayu siji iki istimewa, yaiku galake jan ngungkuli pitik
angrem. Aku tau mlaku bareng dheweke. Ngrumangsani aku wong lanang, karepku
ngatonake anggonku tanggung jawab rumeksa kayuwanane. Mula aku ngawal ana mburine.
Jebul dheweke nesu, alok semu nggetak.
"Aja mlaku ana buriku!"
Sakala aku ngoplok merga wedi, akhire aku mlayu nyingkir. Liya dina bareng mlaku
maneh. Dhasare ana nggon rame akeh uwong, aku mlaku ana ngarep. Jebul mak jedher, aku
digetak maneh.
"Aja mlaku ana ngarepkul!"
Sekala awakku gemeter kabeh merga wedi, terus mlayu nyingkir. Dadi judheg atiku.
Arep takon nggenahake ya ora wani, nanging batin iki kepengin ngerti salahku apa kok
digetaki terus. Aku njur nulis layang. Gandheng aku ora pinter ngracik ukara, layangku ya
ringkes wae, "Dhik, ana mburi salah, ana ngarep salah, aku kudu piye?"
Dibalesi nganggo tembung alus Ian endah kaya guritan:
Sliramu aja mlaku ana ing mburiku
Amerga durung mesthi sarujuk karo jangkahku
Lan uga aja mlaku ana ing ngarepku
Amerga durung mesthi aku gelem ngetutne sliramu
Ananging
Ayo, mlaku bebarengan ana ing sisihku
Supaya bisa bareng-bareng ndeleng kahanan
Ing sakiwa tengen kita
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 15
Nalika layange Sri Rahayu mau daktakokake marang mas guru Dwija, panjenengane
nerangake, "Iku mengku surasa filosofi bebrayan. Maksude, antarane kakung Ian pawestri iku
sejajar, aja ana menang-menangan Ian wenang-wenangan. Hake padha, drajate padha, mung
tugase beda anut bakat Ian kodrate. Mula kudu bebarengan tumang ngadhepi urip iki, kanthi
silih asih, silih asah, silih among, silih njangkepi, silih menehi Ian nampani, sarta silih
rumeksa."
Aku manthuk-manthuk, nanging batinku ora sarujuk karo katrangane mas guru iku.
Rumangsaku mas guru iku jebul bodho, buktine tembunge Dhik Rahayu sing gampang iku
bareng diterangake mas guru malah rumangsaku dadi angel. Nanging gandheng dheweke
guru, aku ora wani mbantah.
Nek pemahamanku, Dhik Rahayu iku mung kepengin jejer. Mlaku ya jejer, lungguh
ya jejer, turu ya jejer. Sajake Dhik Rahayu ki wis tanggap karo karepku. Tegese olehku
nyedhak-nyedhak dheweke ki aku duwe karep apa, jujur wae aku kepengin ngajak urip
bebrayan. Nanging seprene durung wani nglairake awit aku wedi yen ditampik. Ora ngira
jebul dheweke wis tanggap. Buktine dheweke kepengin tansah jejer, ora gelem nyingkur Ian
ya emoh daksingkur. Pokoke jejer, nonton kahanan apa-apa bareng-bareng wong loro.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 16
Tapsiran sing bener ngono kuwi, ora kaya tapsirane mas guru sing malah angel
dipahami. Nganggo silah-silih barang. Elek-elek olehku sekolah ki ya cukup suwe padha karo
Dhik Rahayu. Nganti nembelas taun dheweke lulus sarjana, aku entuk ijazah es-dhe Ian es-
empe. Mula sing dimaksud layange Dhik Rahayu iku aku ya bisa ngerti, pokoke jejer ora
nyingkur.
Gandheng Dhik Rahayu kepengin tansah jejer, sepedha motorku iku ora relevan.
Mengko, yen lunga wong loro numpak sepedha motor dheweke rak njur lungguh ana
mburiku, mbonceng aku. Utawa, yen dheweke sing nyetir aku sing mbonceng rak njur aku
ana mburine rak ora jejer jenenge. Sepedha motor wis genah ora cocog karo karepe Dhik
Rahayu. Mula nadyan lagi mentas sing ngreyen, sepedha motorku dakedol. Rugi sithik ora
papa, iki dhemi tresnaku marang Dhik Rahayu sing ayune keblat papat.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 17
Aku njur matur ibu, nyuwun tambah dhuwit arep kanggo tuku mobil. Ibuku takon
semu kaget, "Tuku mobil iki arep nggo ngangkut apa?"
"Arep dakenggo plesir karo calon bojoku, Bu," saurku.
Ibu ngguyu sajak seneng.
"Sokur nek kowe wis duwe calon bojo," aloke ibuku karo maringi dhuwit akeh. "Jane
apa ora luwih seneng boncengan sepedha motor ta, le?"
"Ngene Iho, Bu," ucapku nerangake. "Calon bojoku ki ora seneng yen lungguh ana
mburiku utawa aku ana mburine. Karepe ki mrana-mrana kudu jejer, bareng-bareng nyawang
kahanan. Mula kudu numpak mobil, aku sing nyetir, njur dheweke lungguh ing jejerku.
Ngono Iho, Bu."
"O-o-o, kok eloktenan calonmu kuwi. Cah ngendi, jenenge sapa, kok elok temen."
"Rahasia, Bu. Suk nek wis duwe mobil wae dakajake dolan mrene."
"Oh, iya cah bagus. Ajaken mrene aku ben weruh, rak ayu ta?" takone ibuku.
"Ayune keblat papat Iho, Bu."
Ibuku sajak gumun. "Keblat papat? Ayu kaya ngapa kuwi kok keblat papat?"
"Wis, suk Ibu rak ngerti dhewe."
Ibuku wis ora takon maneh. Mung alok, "Alhamdulillah, anakku lanang wis arep wani
rabi."
Sadurunge tuku mobil aku kursus setir mobil dhisik, supaya mbesuk yen ngajak Dhik
Rahayu plesir mubeng-mubeng aku wis prigel nglakokake mobilku. Kelakon bisa setir,
kelakon entuk SIM. Kelakon tuku mobil tenan, ora anyar nanging isih apik mesine isih alus.
Setirane isih stabil. Iki tegese aku wis bisa mujudi karepe Dhik Rahayu. Yen mlaku bareng ki
ora lungguh ngarep-mburi, nanging lungguh jejer.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 18
Wis dakangen-angen, mengko sawise dakajak numpak mobil mubeng mrana-mrana,
arep dakajak leren ana restoran. Ing kono aku arep nglairake sedyaning atiku, kepengin urip
bebrayan karo dheweke. Wis njagakake, mesthi dheweke gelem sabab wis dakturuti karepe:
yen lunga mrana-mrana tansah jejer ora ngarep-mburi. Mung aku isih bingung, mengko
olehku arep omong kepiye ya? O-oh Dhik Rahayu-ku...oh, aku cinta...oh, oh... Wah, piye ya
kok angel.
Durung-durung kok atiku dheg-dhegan, mengko yen dheweke nulak terus piye? Saiba
isinku, kebacut omong ditulak. Terus raiku dakselehake ngendi? Apa ditulis wae, terus dikon
maca. Ning yen dheweke ora gelem maca terus piye, apa ora kewirangan awakku. Apa
kongkon wong liya wae, kon nekakake niyatku marang dheweke. Lha yen dheweke malah
nesu piye? Amarga dheweke ki watake galak kaya pitik angrem. Yen malah muring Ian
muni-muni, "Rembugan katresnan kok kongkon uwong? Kok ora gelem omong dhewe? Apa
lambene kaku, ilate mengkeret, ora bisa omong dhewe?" ngono apa ora kewirangan awakku?
Dak ular-ulir nalarku akhire nemu akal: gandheng dheweke iku mbudaya, mengko
arep daksemoni wae nganggo parikan. Mesthi bisa nyandhak karepku. Njur aku kari
ngegongi.
Esuk-esuk aku wis macak mlithit, mobil daksetater, dakpanasi mesine sauntara. Lan
kanthi ati mantep aku budhal saka ngomah numpak mobilku. Atiku wis ora kena disayuti
maneh, esuk iki aku kudu ketemu Dhik Rahayu ing omahe cedhak jaratan, nglairake niyatku
marang dheweke.
Nalika aku markir mobilku ing ngarep omah, Dhik Rahayu katon gita-gita mrepegi.
"Adhuh, Mas Kocir mipik mobil anyar," aloke grapyak karo ngumbar esem
sumringah.
"Ora anyar kok, Dhik," saurku. "Iki mung mobil lungsuran."
"Lungsuran ning isih apik banget. Lha sepedha motore kae ya isih, Mas?"
"Wis didol, Dhik, jare kowe seneng mlaku jejer. Numpak mobil rak bisa jejer."
Dheweke ngguyu. "Iya bener," ucape. "Lha kok esuk-esuk wis mrene, ana apa Mas
Kocir?"
Batinku alok: “iki! Dhik Rahayu wis aweh dalan. Ora susah mengko neng restoran,
saiki wae langsung aku ngomong. Kaya rencana wingi, ngangco parikan.
"Anu, Dhik... jendhela kaca dicet ijo."
"Apa kuwi, Mas?" takone ora mudheng.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 19
"Maune kanca dadi bojo."
"Eh-eh-eh. Cocog banget, Mas," aloke dhik Rahayu karo ngguyu renyah.
Dak sambung maneh parikanku sing tuwih serem, "Suwe ora jamu, jamu pisan
godhong meniran, Dhik. Suwe ora ketemu, ketemu pisan nyebar undhangan."
"Eh-eh-eh, cocog banget, Mas."
"Aku pengin kowe bahagia, Dhik."
"Adhuh, maturnuwun Mas Kocir. Nek ngono mesthi gelem mbantu aku ta, Mas?"
"Mesthi, Dhik,” saurku mantep. "Mesthi gelem."
Dheweke mlebu ngomah sedhela, bali metu nggawa amplop surat undhangan.
"Mas, iki aku njaluk tulung tenan wenehna undhangan iki marang kancane dhewe sak
klas ing es-dhe biyen. Mbak Martini biyen kae Iho, saiki manggon ing Cawas."
"Undhangan apa ta, Dhik?" takonku.
"Pahargyan ningkahku karo mas guru Dwija, suk minggu ngarep."
Mak prepet, sakala jagadku peteng kaya lagi grahana total. Kaya-kaya pegat ruhku
saka jasade. Tujune ora kebacut ambruk. Surat undhangan daktampani Ian daya-daya aku
pamit ninggal papan kono.
Dhuh-dhuh adhuh aku sedhih aku bingung
Tinilar wong ayu kuning
Kang wasis akarya wuyung
Apes temen awak mami
Urip pisan tiba ngomplong.
(Sumber: Panjebar Semangat, Suryadi Ws.)
4. Apresiasi Cerkak
Apresiasi sastra iku sejatine minangka tandha menawa sastra iku ditampa ana dening
pamaca. Sunahrowi (2016: 183) ngandharake menawa “istilah apresiasi sastra (appréciation
littéraire) berasal dari bahasa latin aprecoatio yang berarti ‘mengindahkan’ atau
‘menghargai’”. Kasni lan Sutejo (2010: 1) uga ngandharake menawa “apresiasi sastra
merujuk pada sebuah kegiatan mengenali, memahami, mengerti tentang karya sastra yang
digauli secara intens”.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 20
Saka tegese apresiasi kang tinulis ing dhuwur iku bisa disimpulake menawa kagiyatan
apresiasi iku ora mung maca asil sastra banjur uwis ngono wae. Ngapresiasi cerkak iku bisa
kalakon menawa sabubare maca cerkak, pamaca banjur nglakoni pakaryan-pakaryan tartamtu
amarga oleh pengaruh saka cerkak kang diwaca iku. Kagiyatan apresiasi sing paling
gampang iku nalika pamaca wis bisa mangerti isi saka cerkak kang diwaca, ngerti piwulang
ana ing cerkak lan bisa njupuk paedahe. Piwulang ana ing cerkak bisa kadudut ora kanthi cara
ngawur, ananging ngandelake pamikiran lan rasa kang lantip saka pamaca.
Kagiayatan apresiasi cerkak minangka cara kang digunakake kanggo ngakoni
eksistensi cerkak ana ing tengah-tengahing masarakat. Cerkak minangka salah sawijining
bentuk sastra kang adate ngemu pitutur kanggo pamaca. Masarakat Jawa kudu bisa ngregani
asil budayane dhewe awujud sastra, mligine cerkak. Kagiyatan apresiasi iku basa gampange
yaiku kagiyatan ngenal, mudheng, ngrasakake, ngregani, lan mwnwhi pamrayogi panyaruwe
marang cerkak kang diwaca.
Saryono (2009: 28) ngandharake menawa “apresiasi sastra sebagai peristiwa sosial
dan momentan lebih banyak bersangkutan dengan jiwa, nurani, budi, rasa, emosi, dan
afeksi”. Kagiyatan apresiasi kagiyatan kang mbutuhake kaprigelan kognitif lan psikomotorik.
Kagiyatan kang mbutuhake kaprigelan kognitif yaiku nalika pamaca ngerti apa kang
dikarepake ana ing cerkak lan bisa jupuk pitutur luhur cerkak iku. Kagiyatan apresiasi kang
mbutuhake kaprigelan psikomotorik bisa disawang nalika pamaca nglakoni kagiyatan kang
jumbuh karo cerkak sing diwaca. Urut-urutane apresiasi sastra diandharake dening
Endraswara (2002: 11-12) yaiku (1) nyenengi, (2) menikmati, (3) nanggepi, lan (4) ngasilake.
Urutane apresiasi sastra sing pungkasan uga bisa ditambah “implikasi”. Apresiasi marang
sastra Jawa, mligine cerkak bisa kalaksanan kanthi sampurna menawa pamaca bisa tumindak
manut kaya pitutur sing diwulangake ana ing cerkak kasebut.
Kagiyatan apresiasi cerkak iku wis mesthi diwiwiti kanthi maca lan kenal karo cerkak
kang arep diapresiasi. Rasa seneng utawa ora marang cerkak iku mesthine teka nalika cerkak
diwaca. Menawa cerkak sing diwaca kuwi apik, rasa seneng iku bisa gawe pamaca
“menikmati” cerkak sing diwaca. “Menikamati” ana ing kene ana gandheng cenenge karo
rasa seneng sing teka saka jroning ati. Kagiatan nanggepi cerkak iku bisa kalakon menawa
pamaca wis bisa ngerti pesen kang ana ing sajroning cerkak. Pamaca ana ing bagian iki wis
bisa nganalisis pitutur luhur ana ing cerkak sarta bisa narik paedah saka kadadean-kadadean
ana ing cerkak.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 21
Sawise pamaca mangerti pitutur luhur ana ing cerkak, pitutur kang ana iku dipikir
nganggo rasane dhewe. Pitutur becik kang wis piker nganggo rasa iku banjur ditrepake ana
ing padinan. Bab iki minangka bentuk implikasi saka kagiyatan apresiasi cerkak. Pitutur kang
ana ing cerkak ora mung dianggep doalanan, nanging uga bisa nggeterake ati supaya
tumindak becik kaya kang diwulangake. Sanajan mangkono, implikasi ana ing kagiyatan
apresiasi uga bisa kalaksanan nalika pamaca dadi luwih kreatif amarga oleh ilham saka maca
cerkak.
5. Nulis Cerkak
Salah sawijining implikasi saka kagiyatan apresiasi sastra yaiku pamaca uga kepingin
nulis cerkak. Nulis cerkak iku mesthi ana cara-carane supaya wong kang maca bisa seneng
lan ngerti apa kang dikarepake ing carita. Katrampilan nulis saben uwong iku mesthi beda-
beda. Ana panulis sing prigel banget anggone nulis, ananging uga ana kang kurang prigel
anggone nulis. Ora mung pangangone basa kang becik, ananging uga urut-urutane nulis kudu
digatekake. Panulise cerkak kang ora sistematis lan basa kang kurang trep bisa gawe pamaca
bosen lan bingung nangkep isine cerkak. Banjur, panulis kang wis prigel anggone nulis
cerkak bisa milah basa kang digunakake saengga kepenak diwaca. Bab iki ndadekake
pamaca rumangsa seneng anggone maca. Basa kang kepenak diwaca iku uga bisa
nggampangake pamaca nangkep isi cerkak. Pamaca dadi bisa mikirake pitutur ana ing
cerkak kanthi nggunakake rasa. Pitutur ana ing cerkak bisa tinampa tenanan, ora mung
mudheng thok, ananging iga bisa dirasakake.
Nulis cerkak iku bisa diarani nulis narasi sing cendhak. Dadi apa iku narasi? Narasi
yaiku salah sawijining gancaran kang isine ngandharake prastawa kanthi urutan wektu sing
cetha. Basa gampange narasi yaiku crita. Kaya kang wis ditulis sadurunge cerkak yaiku crita
kang cekak, dadi ya bener iku mau menawa cerkak bisa diarani mini narasi. Cerkak karo
narasi iku wis tamtu ana prastawa kang diarani konflik utawa prakara. Prakara ana ing cerkak
lan narasi iku dianakake supaya crita kang kasusun bisa narik kawigaten pamaca. Crita tanpa
prakara wis tamtu marai bosen anggone maca.
Cerkak karo narasi pancen bisa dipadhakake, ning ana bab-bab tartamtu kang
mbedakake loro karone. Cerkak minangka narasi kang cendhak wis mesthi ditulis luwih
ringkes tinimbang narasi. Nalika narasi bisa nyritakake kanthi malasah kang maneka warna,
cerkak mung bisa ngandharake prakara siji wae. Panulis anggone njlentrehake isi cerkak
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 22
fokus ana ing prakara iku thok, saka wiwitan nganti pungkasan. Nulis cerkak iku kudu
nggatekake unsur kang nyusun cerkak, kaya kang wis tinulis ana ing poin sadurunge. Unsur-
unsur kasebut yaiku tema, plot, paraga, latar, sudut pandang, pamilihing basa, lan piwulang
ana ing cerkak. Kabeh unsur iku minangka syarat supaya cerkak kang dibangun bisa katulis
ora ambigu utawa mbingungake.
Cerkak kang katulis iku ana urutan kadadeane. Adate urutan kadeane yaiku.
Gambar 2: Urut-urutane nulis cerkak
Cerkak kang katulis iku diwiwiti kanthi nemtokake irah-irahan. Paragraf kapisan ana ing
cerkak adate ngadharake babagan kahanan ana ing cerkak. Kahanan kang digambarake iku
digawe cetha lan bisa narik kawigaten pamaca kaya-kaya pamaca kang ana ing swasana
kasebut. Bagian tengah cerkak iku isine prakara ana ing cerkak. Prakara kang sadurunge cilik
saya suwe sansaya ruwet nganti tekan gedhe banget (klimaks). Nalika prakara ana ing jero
cerkak wis gedhe banget, metu solusi kanggo mratasi prakara iku saengga prakara kang ana
saya suwe saya suda. Pungkasaning cerkak iku ana macem-macem. Ana panulis sing
mungkasi cerkak ganggo koda yaiku ngandharake piwulang ana ing cerkak kanthi cetha.
Ananging uga ana kang ora nganggo koda. Pungkasaning cerkak uga ana kang malah digawe
nggantung. Pamaca bebas nemtokake lanjutan crita ing cerkak kanthi imajinasine dhewe.
Nulis cerkak iku pacen kagiyatan kang gampang-gampang angel. Nulis cerkak iku
diwiwiti kanthi nggoleki, nemu, lan ngandharake panemune. Panulis kudu aktif, kreatif, lan
bisa ngandharake panemu iku kanthi basa kang gampang ditampa. Kagiyatan nulis cerkak iku
diwiwiti kanthi nemtokake tema. Tema kang wis ditemtokake banjur dinggo nemtokake irah-
irahan genti. Irah-irahan sing apik iku kudu jumbuh karo tema kang dijupuk. Sanajan
mangkono, irah-irahan ana ing cerkak kudu digawe nganggo basa kang apik supaya bisa
narik kawigatene pamaca. Irah-irahan iku kudu bisa makili apa kang ana ing jero cerkak.
Pamaca cerkak iku sadurunge maca cerkak mesthi wae maca irah-irahan luwih dhisik.
Pamaca kang pengin maca cerkak babagan agama, meshine ora bakal maca cerkak kanthi
irah-irahan kang mambu-mambu katresnan.
Sawise nulis irah-irahan ana ing cerkak, panulis kudu nggatekake paragraf kapisan
ana ing cerkak. Paragraf kapisan minangka pambukaning cerkak uga kudu dipikirake
tenanan. Paragraf kapisan ana ing cerkak kudune bisa nuduhake marang pamaca babagan isi
wiwit tengah pungkasan
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 23
cerkak. Akeh cerkak kang paragraf kapisan diisi prolog sing ancase kanggo ngenalake paraga
lan kahanan uripe. Cerkak iku minangka paragraf kang cekak, mula luwih becik menawa
paragraf kapisan diisi informasi kang luwih dibutuhake pamaca, yaiku informasi babagan
setting cerkak, lan sapiturute. Saka informasi babagan setting iku, pamaca bisa oleh
gambaran saka cerkak kang diwaca. Menawa paragraf siji diisi kanggo ngenalake paraga,
crita ana ing cerkak durung katon mlaku. Sanajan mangkono, kahanan urip paraga bisa
ditegesi dhewe dening pamaca. Pamaca diarahake supaya aktif nalika maca cerkak, ora mung
dicekoki informasi kang sipate sokdong kaya nggurui.
Nalika nulis cerkak, tema lan basa kang digunakake kanggo nulis cerkak kudu
dijumbuhake karo kahanan kang maca. Pamaca kudu ngerti sapa sing bakal dadi pamaca?
wong tuwa, wong enom, utawa bocah cilik? Nalika cerpen iku arep dinggo wong enom, basa
kang digunakake luwih bebas tinimbang basa kang digunakake kanggo wong tuwa. Bab iki
amarga beda umur iku beda psikologine. Piwulang kang tinulis ana ing cerkak uga beda
miturut umure. Cerkak kanggo bocah enom adate digawe kanthi ancas supaya manut karo
wong tuwa lan dadi bocah kang sregep sinau sregep sinau.
Kahanan kang kepingin digambarake ana ing cerkak kudu ditrepake karo kahanan
kang nyata. Tuladhane menawa arep crita kanthi setting pinggir sawah, tamtu wae sing
kagambarake ana ing crita iku swasana kang adem, anteng, lan ayem amarga bumine
linambaran klasa ijo kang nentremake. Menawa nggunakake setting pinggir awah kang kaya
mangkono temtu wae panulis ora nggambarake kahanan kang akeh polusine, bangunan
dhuwur-dhuwur, lan masarakat sing kaya ora kenal siji lan sijine. Sanajan cerkak iku
minangka karya imaginer, crita ana ing cerkak kudu digawe kaya-kaya kadadean iku kalakon
tenan. Paraga kang ana ing crita, kahanan, lan prakara ana ing cerkak digawe rasional lan
natural. Cerkak digawe kanthi crita kang bisa ditampa nganggo nalar supaya pamaca uga bisa
mlebu ana ing crita. Pamaca diajak ngrasakake apa kang dicritakake ana ing cerkak, kaya-
kaya paraga ana ing cerkak iku awake dhewe.
Kahanan ana ing cerkak uga bisa digambarke nganggo pacelathon ana ing cerkak.
Supaya katon luwih urip, cerkak iku pancen oleh nggunakake pacelathon ana ing njerone.
Ananging, panganggone pacelathon tamtu wae winates amarga cerkak iku diwatesi cacahe
tembung sing digunakake. Kanthi pacelathon uga pamaca bisa luwih gampang anggone ngerti
watak-watake paraga amarga pamilihin tembung kang diomongake dening paraga iku mesthi
beda-beda manut watake dhewe-dhewe.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 24
Ukara kang karonce ana ing cerkak adate ngunakake ukara tanduk. Ukara tanduk iku
bisa nggawa pamaca supaya bisa luwih mlebu anan ing crita. Bab iki jumbuh karo andharane
Thahar (2008: 24) menawa “menurut ahli-ahli bahasa, kalimat efektif lebih membuat orang
tersentak, mempunyai dampak psikis”. Tuladha panganggone ukara tanduk kasebut ana
cerkak yaiku “Bu Sumi ngelus-elus rambute Ranti nalika turu”. Ukara tanduk iku luwih bisa
dirassakake gregete tinimbang ukara tanggap “Ranti dielus-elus rambute marang Bu Sumi
nalika turu”. Ukara tanduk kang katulis bisa gawe pamaca rumangsa nglakoni dhewe apa
kang dilakoni paraga.
Nulis cerkak iku bisa dadi apik menawa ana ing bagian tertamtu ing cerkak ditambahi
bumbu-bumbu kang bisa narik kawigaten pamaca. Panjenengan mesthi tau mriksani wong
kang maca cerkak banjur ngguya-ngguyu dhewe. Bab iku amarga ana ing bagian tertamtu
cerkak diimbuhi bumbu-bumbu kang bisa narik kawigaene pamaca. Tuladhane ana ing
cerkak kanthi irah-irahan katresnan, bumbu-bumbu kasebut bisa diseselake ana ing
pacelathon nalika paraga lagi rembugan karo paraga liya kanthi nggunakake basa kang endah.
Kahanan nalika paraga rembugan karo paraga liya iku uga digawe supaya katon nyenengake
uga. Pamaca digeret supaya bisa ngrasakake swana kang ana ing cerkak lan kaya-kaya
dheweke minangka paraga ana ing cerkak iku.
Sanajan cerkak kang ditulis iku oleh diseseli bumbu-bumbu, ananging kudu tetep
dieling-eling menawa cerkak iku cacahe tembung winates lan kudu fokus marang saprakara.
Bumbu-bumbu kang ana ing cerkak iku pancen perlu supaya crita bisa narik kawigaten
pamaca, ananging tetep kudu diwatesi. Cerkak kang digawe iku intine ana ing prakara kang
cacahe siji, saka sing cilik suwe-suwe dadi gedhe banjur alon-alon prakara iku bisa
dirampungake. Bumbu-bumbu ana ing cerkak aja nganti ngentekake jatah tembung saegga
nggeser ukara kang kudune njlentrehake babagan prakara iku.
Crita ana ing cerkak iku kudu karonce kanthi jangkep. Rumus kang bisa digunakake
nalika nulis cerkak yaiku 5W + 1H. Rumus kasebut menawa dipantha-pantha kasususun saka
unsur who, what, why, where, when lan how. Menawa dijawakake rumus anggone nulis
cerkak iku kudu ngemot sapa, apa, kena apa, ing endi, kapan, lan kepiye. Cerkak kang ditulis
kudu ana paragane. Paraga ana ing cerkak ora duwe pangkat kang padha. Ana paraga kang
dadi pusate, utawa kang sering diarani paraga utama. Paraga-paraga kang ana ing cerkak iki
kang bisa mangsuli pitakonan apa saka rumus kang sis ditulis. Cerkak kang ditulis iku mesthi
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 25
wae duwe pokok carita. Pokok carita kang ana ing cerkak iku sing bisa mangsuli pitakonan
apa.
Prakara kang ana ing cerkak iku tamtu wae ana amarga alesan tartamtu (sebab-
akibat). Pitakonan kena apa ana ing cerkak bisa diwangsuli alesan kenapa prastawa ana ing
cerkak bisa kalakon. Cerkak kang tinulis tamtu wae duwe setting panggonan. Setting
panggonan iku kang bisa dinggo mangsuli pitakonan ana ngendi. Setting kang kudu ana ing
cerkak ora mung setting panggon thok, ananging uga kudu ana setting wektu kang bisa
digunakake kanggo mangsuli pitakonan kapan. Banjur, pitakonan kepiye iku bisa diwangsuli
kanthi njlentrehake prastawa kang ana ing cerkak. Cerkak kang tinulis iku kudu cetha, ora
ambigu utawa mbingungake. Rumus kang katulis iku mau minangka syarat kang ora oleh
ditinggalake nalika nulis cerkak.
Cerkak kang wis tinulis iku mesthine bakal dipungkasi. Kapan cerkak iku bisa
dipungkasi? Cerkak bisa dipungkasi nalika prakara ana ing cerkak wis oleh solusi. Prakara
kang maune gedhe banget banjur saya suwe saya lerem. Nalika prakara rampung iku cerkak
bisa dipungkasi. Kepiye carane mungkasi cerkak? Cerkak bisa dipungkasi kanthi maneka
warna cara. Ana panulis kang mungkasi cerkak mung kanthi cara ngandharake menawa
perkarane wis rampung, banjur paragane bisa urip normal meneh. Ana cerkak kang
dipungkasi kanthi menehi koda yaiku piweling kanggo pamaca kang jumbuh karo isine
carita. Sanajan mangkono, ana uga cerkak kang dipungkasi kanthi nggantung. Panulis pingin
supaya pamaca uga melu mikir kanthi kreatif apa kang kira-kira bakal kalakon sabanjure.
6. Sinopsis Cerkak
Sinopsis cerkak yaiku ringkesan saka cerkak sing diwaca. Sanajan ringkes, sinopsis
bisa makili crita kang ana ing cerkak. Pamaca tetep bisa ngerti sapa wae kang dadi paraga,
kepiye urut-urutan kadadean ana ing cerkak, lan amanat apa kang bisa kadudut saka cerkak
iku. Bab iki amarga sinopsis kang kagawe kudu tetep ngemot unsur intrinsik cerkak sing
disinopsis. Kagiyatan gawe sinopsis cerkak iki bisa klebu ana kagiyatan apresiasi.
Sadurunnge nulis sinopsis, panulis wis tamtu nglakoni kagiyatan maca, mikir nganggo rasa,
mbedhah pitutur ana ing cerkak, banjur gawe sinopsis minangka implikasi saka maca cerkak
iku.
Nulis sinopsis iku bisa menehi gambaran kang ringkes lan cepet babagan isi naskah.
Nalika arep crita babagan cerkak kang diwaca, sinopsis bisa dadi alternatif kango
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 26
njlentrehake isi cerkak. Sanajan mangkono, sinopsis uga bisa mbantu wong liya nalika milih-
milih cerkak kang arep digunakake kanggo kagiyatan tertamtu saengga pamaca bisa luwih
cepet anggone nemtokake cerkak kang arep digunakake.
Gawe sinopsis cerkak iku diwiwiti kanthi maca cerkak kang arep digarap. Menawa
panulis ora maca cerkak sik, wis tamtu ora iso nulis sinopsis amarga ora ngerti kepiye
caritane, sapa paragane, piye setting, sudut pandangi, alur, amanat, lan sapiturute. Nalika wis
maca panulis kudu nulis bab-bab kang penting ana ing cerkak, kayata tema lan sapiturute.
Luwih becik meneh menawa panulis gawe rangkane sinopsis kang padha karo cerkak, supaya
anggone nulis ora morak-marik. Nulis sinopsis iku, sanajan mung saithik tetep kudu
nggatekake pamilihing tembung. Kalimat kang karonce nganggo tembung kang endah wis
tamtu luwih nyenengake menawa arep diwaca. Supaya bisa katulis kanthi ringkes, pacelathon
ana ing cerkak ora usah ditulis kaya asline. Pacelathon iku bisa wae mung dijupuk sari patine
wae sing penting bisa nggambarake kahanan kang ana ing cerkak.
RINGKESAN
1. Sastra asale saka basa Sansekerta yaiku tembung ‘ças’ kang tegese pituduh utawa
instruksi sarta ‘tra’ kang tegese piranti.
2. Sastra tegese piranti kanggo weneh pituduh kanggo wong liya.
3. Sastra Jawa yaiku sastra kang tinulis nganggo basa Jawa. Sastra iki madeg ana ing
antarane masarakat Jawa lan tinulis nganggo basa Jawa.
4. Sastra Jawa kang ana ing masarakat wujude ana telu, yaiku gancaran, geguritan, lan
drama/sandiwara.
5. Gancaran minangka salah sawijining bentuk sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket
dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang.
6. Tembung cerkak karakit saka tembung ceriyos lan cekak.
7. Tembung cerkak uga ana sing ngarani crikak yaiku tembung sing karakit saka tembung
crita/criyos lan cekak.
8. Cerkak yaiku salah sawijining bentuk gancaran kang tinulis amung cekak, cacahe
tembung winates, lan mung ngemot saperkara.
9. unsur intrinsik cerkak yaiku tema, plot, watake paraga, latar/setting, sudut pandang,
pamilihing basa, lan piwulang”.
10. Tema yaiku panemu pokok ana ing cerkak.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 27
11. Plot utawa alur yaiku urutane kadadean ana ing cerkak, sinawang saka wiwitan tekan
pungkasan.
12. Adate cerkak kalakon kanthi urutan orientasi, komplikasi, klimaks, anti klimaks, lan
pungkasan.
13. Unsur ekstrinsik ana ing cerkak iso sinawang saka telung kahanan yaiku saka pengarang,
kahanan sing maca, lan kahanan panggon nalika ngarang.
14. Orientasi yaiku perangane cerkak kang isine njlentrehake babagan paraga lan setting
crita,
15. Komplikasi yaiku perangane cerkak nalika wiwit ana prakara. Prakara kang sadurunge
biasa-biasa wae suwe-suwe dadi saya ruwet.
16. Klimaks yaiku perangane cerkak kang nuduhake prakara sing ana wus parah banget.
Prakara ing cerkak wus ana ing bagian puncak-puncake.
17. Anti klimaks yaiku perangane cerkak kang nggambarake kahanan nalika wis ditemokake
cara kanggo ngrampungake prakara. Prakara kang ruwet banget suwe-suwe saya lerem.
18. Pungkasan yaiku perangane cerkak minangka pungkasane crita. Prakara kang ana ing
crita wisa bisa dirampungake. Ing bagian iki uga bisa ditambah koda yaiku piwulang
becik kanggo pamaca.
19. Paraga ana ing cerkak bisa kaperang dadi telu, yaiku protagonis, antagonis, lan
tritagonis.
20. Protagonis yaiku paraga utama ana ing cerkak. Adate paraga iku duwe sipat kang becik.
21. Antagonis ana ing cerkak digambarake minangka paraga kang nglawan protagonist.
22. Tritagonis yaiku paraga kang ana ing tengah-tengahe protagonis lan antagonis.
23. Latar/setting yaiku papan kang bisa nggambarake kahanan ana ing cerkak.
24. Setting/latar ana ing cerkak ora mung bisa ngandharake panggonan, ananging uga bisa
ngandharake wektu.
25. Sudut pandang ana ing cerkak yaiku carane panulis mapanake paraga utama ing carita
manut panemune.
26. Sudut pandang iku dipadhetake dadi telu, yaiku panulis minangka paraga utama, panulis
minangka wong katelu, lan panulis minangka wong kang ngerti kabeh.
27. Sudut pandang panulis minangka paraga utama utawa wong kapisan digunakake nalika
panulis ngecakake awake dhewe dadi paraga utama ana ing crita. Titikane panganggo
sudut pandang iki yaiku anane tembung “aku” ana ing cerkak.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 28
28. Sudut pandang panulis minangka wong katelu yaiku nalika panulis ngecakake awake
dhewe ana ing jaba crita, ora dadi paraga. Titikan panganggone sudut pandang iki yaiku
panulis anggone nggambarake paraga utama nganggo tembung dheweke, deknen, utawa
nyebutake jenenge paraga iku mau.
29. Sudut pandang kang duwe kuasa yaiku sudut pandang kang digunakake nalika panulis
mapanake awake dhewe minangka wong kang ngerti kabeh ana carita.
30. Apresiasi iku ora mung maca asil sastra banjur uwis ngono wae. Ngapresiasi cerkak iku
bisa kalakon menawa sabubare maca cerkak, pamaca banjur nglakoni pakaryan-pakaryan
tartamtu amarga oleh pengaruh saka cerkak kang diwaca iku.
31. Urut-urutane apresiasi cerkak yaiku (1) nyenengi, (2) menikmati, (3) nanggepi, (4)
ngasilake, lan (5) implikasi.
32. Nulis cerkak iku bisa diarani nulis narasi sing cendhak.
33. Rumus kang bisa digunakake nalika nulis cerkak yaiku 5W + 1H. Rumus kasebut
menawa dipantha-pantha kasususun saka unsur who, what, why, where, when lan how.
Menawa dijawakake rumus anggone nulis cerkak iku kudu ngemot sapa, apa, kena apa,
ing endi, kapan, lan kepiye.
34. Sinopsis cerkak yaiku ringkesan saka cerkak sing diwaca.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 29
KAPUSTAKAN
Aminuddin. 2002. Sekitar Masalah Sastra: Beberapa Prinsip dan Model Pengembangannya.
Malang: Yayasan Asih Asah Asuh.
Astutik, Sri. 2010. “Bojo Pusaka”. Panjebar Semangat Edisi Agustus No. 32. hlm. 23-24,39.
Endraswara, Suwardi. 2002. Metode Pengajaran Apresiasi Sastra. Yogyakarta: CV Radhita
Buana Yogyakarta.
Fananie, Zainuddin. 2001. Telaah Sastra. Surakarta: Muhammadiyah University Press.
Helda, Trisna. 2015. “Bahasa Anak Baru Gede (ABG) dalam Cerpen Remaja di Majalah
Aneka”. Jurnal GRAMATIKA (Jurnal Penelitian Bahasa dan Sastra Indonesia). Vol.
1 (2). hlm. 124.
Herman J. Waluyo. 2011. Pengkajian dan Apresiasi Prosa Fiksi. Surakarta: UNS Press.
Kasnadi dan Sutejo. 2010. Apresiasi Prosa: Mencari Nilai Memahami Fiksi. Ponorogo:
P2MP Spectrum dan Yogyakarta: Pustaka Felicha.
Kosasih, E. 2012. Dasar-Dasar Keterampilan Bersastra. Bandung: Yrama Widya.
Lestari, Sri, Ani Rakhmawati & Muhammad Rohmadi. 2016. Analisis Unsur Intrinsik dan
Ekstrinsik pada Kumpulan Cerpen Pilihan Kompas 2014 serta Relevansinya sebagai
Materi Pembelajaran Sastra di Sekolah Menengah Atas. BASASTRA. Vol. 4 (1). hlm.
187.
Mulyana. 2014. Bahasa Jawa Kreatif (Panduan Lengkap Menulis dalam Bahasa Jawa).
Yogyakarta: Tiara Wacana.
Nurgiyantoro, B. 2013. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.
Pujiharto. 2012. Pengantar Teori Fiksi. Yogyakarta: Penerbit Ombak.
Rampan, Korrie Layun. 1995. Dasar-Dasar Penulisan Cerita Pendek. Flores: Nusa Indah.
Saryono, Djoko. 2009. Dasar Apresiasi Sastra. Yogyakarta: Elmatera Publishing.
Sayuti, S.A. 2000. Berkenalan dengan Prosa Fiksi. Yogyakarta: Gama Media.
Sehandi, Yohanes. 2014. Mengenal 25 Teori Sastra. Yogyakarta: Ombak.
Stanton, R. 1965. An Introduction to Fiction. United States of America: Holt, Rinehart, and
Winston, Inc.
Sudheer, V. 2012. “The Story of Short Story”. International Journal of Multidisciplinary
Eduation Research. Vol. 1 (3). hlm. 244.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-1 CERKAK]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 30
Sunahrowi. 2016. “Inovasi Pengajaran Mata Kuliah Appréciation Littéraire dengan Model
Advance Organizer”. LINGUA. Vol. 12 (2). hlm. 183.
Tarigan, H. G. 2011. Prinsip-Prinsip Dasar Sastra. Bandung: Angkasa.
Thahar, Harris Effendi. 2008. Kiat Menulis Cerita Pendek. Bandung: Angkasa.
Ws, Suryadi. 2018. “Kepancal”. Panjebar Semangat Edisi Januari No. 3. hlm. 23-24, 50.