Post on 20-Jan-2016
description
TUGAS MEDIA PEMBELAJARANMendengarkan Berita yang Disiarkan Melalui Media Audio Visual
untuk SMP Kelas VIII Semester 2
Oleh:
Kelas B
1. Desi Rosita K4211011
2. Liliana Wigaring Tyas K4211024
3. Nurjannah K4211036
4. Sulistiya Puji Lestari K4211054
5. Winda Dwi Lestari K4211066
Tugas Terstruktur Ini Disusun untuk Memenuhi Persyaratan
Perkuliahan dan Kelulusan Mata Kuliah Media Pembelajaran
yang Diampu oleh Ken Fitria, S.S., M.Hum. Semester IV
Prodi Pendidikan Bahasa Jawa
Jurusan Bahasa dan Seni
Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan
Universitas Sebelas Maret
Surakarta
2013
ATUR PAMBUKA
Kawilujengan, karaharjan, rahmat, saha berkahipun Pangeran Ingkang
Mahakuwaos mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya.
Kanthi nglenggana sedaya kekirangan saha kalepatan, mangga tansah
angonjukaken puja astawa puji astuti raos sukur wonten ngarsa Dalem Allah
SWT, Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang tansah paring rahmat, hidayah,
berkah saha kekiyatan, satemah panyerat saged angracik makalah punika ingkang
sanget prasaja, babagan medhia pasinaonan ingkang jumbuh kaliyan siswa SMP.
Makalah punika kasusun adhedhasar tetimbangan dalah kasunyatan
ingkang wonten ing pawiyatan, bilih menawi badhe mucalaken basa Jawi kedah
anggadhahi saperangan piranti ingkang saged narik kawigaten siswa. Amargi
menawi siswa sampun remen, kagiyatan ing sekolah ugi bakal lancar lan sae.
Babagan punika saged disengkuyung saking medhia ingkang dipun-ginakaken.
Makalah punika saged dipunkembangaken lan dipunwuwuhi piyambak murih
tambah runtut, pantes, teges lan mentes miturut swasana, papan miwah
kawontenan.
Panyerat sanget angaturaken panuwun dhumateng sedaya kadang ingkang
sampun makarya sesarengan andadosaken makalah punika. Panyerat ugi
nglenggana bilih makalah punika taksih kathah kekiranganipun, pramila sedaya
panyaruwe miwah pitedah saking para winasis lan nimpuna, badhe kita tampi
kanthi remen lan bombonging manah, supados tambah sae lan sampurna.
Matur nuwun
Surakarta, 27 April2013
Panyerat
DHAPTAR ISI
COVER
ATUR PAMBUKA.......................................................................................... ii
DHAPTAR ISI.................................................................................................. iii
BAB I. WIWITAN........................................................................................... 1
A. Pawadaning Prekawis..................................................................... 1
B. Momotaning Prekawis.................................................................... 1
C. Ancasipun Panyeratan..................................................................... 1
D. Mupangatipun Panyeratan.............................................................. 2
BAB II. LANDHASAN TEORI....................................................................... 3
A. Pangertosan Medhia........................................................................ 3
B. Pawarta........................................................................................... 6
BAB III. PEMBAHASAN................................................................................ 8
A. Materi Pasinaonan........................................................................... 8
B. Alesan Milih Medhia Audio Visual................................................ 10
C. Kaluwihan lan Kakirangan Medhia Audio Visual.......................... 10
BAB IV. PANUTUP........................................................................................ 11
A. Dudutan........................................................................................... 11
B. Pamrayogi....................................................................................... 11
KAPUSTAKAN............................................................................................... 12
SIMPINGAN.................................................................................................... 13
BAB I
WIWITAN
A. Pawadaning Prekawis
Kairing kaliyan majengipun jaman, kathah jinising piranti elektronik
ingkang saged dipun-ginakaken kangge macem-macem kapentingan. Babagan
punika ugi damel pengaruh ing bidang pawiyatan lan pasinaonan. Piranti kasebut
saged dipun-ginakaken kangge mbiyantu kagiyatan sinau para siswa.
Jinising piranti kangge pasinaonan kathah sanget kayata media visual,
media audio lan media audio visual. Macem-macem piranti kasebut saged dipun-
ginakaken miturut materi utawi kangge pelajaran menapa ugi ditemtokaken
kaliyan tingkatan pawiyatan para siswa.
Makalah punika badhe njlentrehaken medhia pasinaonan ingkang trep
menawi dipun-ginakaken kangge siswa SMP kelas VIII. Jumbuh kaliyan
kurikulum ingkang berlaku saking Standar Kompetensi Mendengarkan materi
ingkang dipunrembag babagan midhangetaken pawarta saking piranti elektronik.
B. Momotaning Prekawis
Adhedhasar pawadaning prekawis ing nginggil, saged ngemot
momotaning prekawis kayata:
1. Medhia punapa ingkang saged dipun-ginakaken kangge mucal materi
punika?
2. Apa alesanipun milih materi lan medhia punika ?
3. Apa kaluwihan lan kakirangan medhia punika?
C. Ancasipun Panyeratan
Adhedhasar momotaning prekawis ing nginggil, saged ngemot ancasipun
panyeratan kayata:
1. Mangertosi medhia menapa ingkang saged dipun-ginakaken kangge
mucal materi midhangetaken pawarta saking piranti elektronik.
2. Mangertosi alesananipun milih materi punika kaliyan medhia ingkang
dipun-ginakaken.
3. Mangertosi kaluwihan lan kakirangan medhia ingkang dipun-ginakaken
ing pasinaonan.
D. Mupangatipun Panyeratan
Panyeratan makalah punika anggadhahi mupangat kayata:
1. Kangge mahasiswa, panyeratan makalah punika saged didadosaken
pathokan utawi titikanipun menawi badhe mucal lan migunakaken medhia
ingkang trep lan jumbuh kaliyan materinipun kangge para siswa.
2. Kangge pengembang teknologi lan informasi, kawontenanipun
majengipun piranti elektronik saged nuwuhaken raos kreatip kangge damel
piranti canggih supados saged nyengkuyung kagiyatan pawiyatan.
3. Kangge panyerat piyambak, panyeratan makalah punika saged dipun-
ginakaken pengalaman ugi pasinaonan kangge nyerat babagan
salajengipun.
BAB II
LANDHASAN TEORI
A. Pangertosan Medhia
Medhia asalipun saking basa Latin medius inggih punika tengah;
perantara; utawi pengantar.
Anitah (2009: 124) ngandharaken medhia pasinaonan inggih punika saben
tiyang, bahan, piranti, utawi kedadeyan ingkang saged damel kahanan ingkang
nyengkuyung kagiyatan para siswa nampi pengetahuan, ketrampilan lan sikap.
Association for Educational Communications and Technology wonten ing
Anitah (2009: 123) ugi njlentrehaken menawi medhia inggih punika sakabehing
wujud ingkang dipun-ginakaken kangge nyaluraken informasi.
Pamanggih sanes saking Sadiman (2008: 6) ngendikakaken menawi
medhia punika sedaya prekawis ingkang saged dipun-ginakaken kangge
nyaluraken informasi saking panyalur dhumateng panampi pramila saged
nuwuhaken pamikiran, pangraosan, perhatian, lan minat sarta perhatian siswa
saengga proses pasinanon saged lumampah.
Saking definisi kasebat saged dipunpendhet dudutan menawi medhia
inggih punika perantara utawi pengantar informasi, ngelmu, punapa gagasan
saking sumber dhumateng panampi.
1. Jinising Medhia Pasinaonana. Medhia visual
Medhia visual inggih punika medhia ingkang saged dipuntingali
ngangge panca indera kanthi cetha. Medhia visual kapilah dados kalih
inggih punika:
1) Medhia visual ingkang boten saged diproyeksikaken
Medhia visual ingkang boten saged diproyeksikaken punika
medhia ingkang sedherhana, boten mbetahaken projektor lan layar
kangge mujudaken tulisan ing layar. Medhia punika langkung gampil
saking damel ugi pigunanipun amargi praktis. Medhia punika saged
awujud gambar mati, ilustrasi, karikatur, poster, bagan, diagram, grafik,
peta datar, realia lan modhel.
2) Medhia visual ingkang saged diproyeksikaken
Medhia visual ingkang saged diproyeksikaken punika medhia
ingkang saged diproyeksikaken ing layar ngangge projektor. Pramila
medhia punika boten saged uwal saking kalih unsur inggih unsur
perangkat keras (hardware) lan perangkat lunak (software). Jinising
medhia visual ingkang saged diproyeksikaken kayata: overhead
projector(OHP), slide, filmstrip lan opaque projector.
b. Medhia Audio
Medhia audio punika saged dipun-ginakaken kangge kagiyatan
nyemak ing pasinaonan. Medhia audio punika kapilah antawisipun medhia
audio tradisional lan medhia audio digital. Medhia audio tradisional saged
awujud audio kaset, audio siaran lan telpon. Medhia audio digital awujud
medhia optik, audio internet lan radio internet.
c. Medhia Audio Visual
Medhia audio visual inggih punika jinising medhia pasinaonan ingkang
saged dipuntingali lan dipunmirengaken. Medhia audio visual ingkang
kathah dipun-ginakaken kayata slide swara lan televisi.
2. Ciri Medhia Pawiyatan
a. Hardware (perangkat keras), sedaya ingkang saged dipunpirsani,
dipunmirengaken utawi dipuncepeng ngginakaken panca indera.
b. Software (perangkat lunak)
c. Medhia pawiyatan padatanipun awujud visual lan audio
d. Medhia pawiyatan inggih punika alat bantu ing proses pawiyatan
e. Medhia pawiyatan dipun-ginakaken kangge komunikasi lan interaksi
guru kaliyan siswa.
f. Medhia pawiyatan saged dipun-ginakaken sacara massal, kelompok
ageng, kelompok alit lan perorangan.
g. Solah bawa, kagiyatan, organisasi, strategi, manajemen dipun-gayutaken
ing salebeting aplikasi ngelmu.
3. Syarat Medhia Pawiyatan
a. Efektif/efisien
b. Variatif
c. Inovatif
d. Tepat sasaran kangge nggayuh ancasipun pawiyatan
e. Ngandharaken ngenani proses pasinaon
f. Metode mucal gegayutan kaliyan medhia pawiyatan
g. Paring paedah ing proses pasinaonan
h. Trepipun milih medhia
i. Kawujudaken ing saben pelajaran
4. Pamilihan Medhia Pasinaonan
a. Dipunjumbuhaken kaliyan pelajaranipun
b. Dipunjumbuhaken kaliyan ancasipun pasinaonan ingkang badhe
dipunlampahi
c. Dipunjumbuhaken antawisipun medhia lan materi
d. Kawontenanipun sarana lan prasarana
e. Dipuntingali siswa ingkang badhe diwucal
f. Trampile guru migunakaken medhia kasebut
g. Kawontenanipun wekdal ugi biayanipun
5. Mupangat Medhia ing Proses Pasinaonan
a. Materi saged dipunwucalaken kanthi seragam utawi sami
b. Proses pasinaonan dados luwih narik kawigaten
c. Proses pasinaonan dados luwih interaktif
d. Wekdal saged dipunkirangi
e. Kualitas sinau dipuntingkataken
f. Proses pasinaonan saged dipunlampahi ing pundi kemawon lan
wekdalipun bebas
g. Solah bawa ingkang positip tumrap bahan lan proses pasinaon saged
dipuntingkataken
h. Peran guru luwih positip lan produktif.
B. Pawarta
Pawarta inggih punika palaporan ngenani prastawa utawa kedadeyan
ingkang nedheng wae dumadi. Pawarta punika samestine aweh palaporan
kanthi urut boten diwolak-walik lan nyariosaken prastawa kanthi pepak.
Pawarta ingkang becik punika kedah saged narik kawigaten, nuwuhaken
greget lan aweh katerangan marang ingkang maos utawa ingkang
midhangetaken.
Pawarta punika mesthi ana sambung rapete kaliyan 5W + 1H.
What: apa when: dhek kapan
Who: sapa why: kena apa
Where: ing ngendi how: kepiye
1. Wujude Pawarta
a. Pawarta serat yaiku pawarta ingkang awujud tulisan, kayata: ariwarti,
sapta warti, candra warti.
b. Pawarta lesan yaiku pawarta ingkang awujud suwanten, kayata: pawarta
saking radhio, tipi, utawa suwanten lugis.
2. Nanggapi Pawarta
Sawijining pawarta punika kedah saged narik kawigaten ingkang maos
utawi ingkang midhangetaken. Pramila menawi badhe damel sawijing
pawarta kedah nggatekake babagan kayata:
a. Aktual/ anyar: prastawa ingkang lagi kemawon dumadi, kedadeyan
ingkang taksih dirembag dening tiyang kathah luwih narik kawigaten,
tinimbang kedadeyan ingkang sampun mungkur.
b. Misuwur tegesipun nama, drajat-pangkat utawi misuwure sawijining
pawongan punika saged damel pawarta luwih narik kawigaten ingkang
maos.
c. Kang ora lumrah tegesipun kedadeyan utawa prastawa ingkang boten
lumrah lan ingkang ngeneh-anehi kekarepane narik kawigaten ingkang
maos utawi ingkang midhangetaken.
d. Dredah tegesipun kaanan dredah punika ugi saged damel kawigaten
ingkang maos utawi ingkang midhangetaken.
3. Babagan ingkang Wigati nalika Menehi Tanggapan
Nanggapi pawarta tegese maringi sambutan marang pawarta kanthi
maringi pamanggih sarujuk utawi boten sarujuk marang pawarta ingkang
dipunwaos utawi dipunmidhangetaken. Ingkang kedah digatosaken nalika
maringi tanggapan inggih punika:
a. Tanggapan punika diaturaken utawa dijlentrehaken kanthi panjlentreh
ingkang cekak, padet.
b. Pasulayan utawa bab ingkang bakal ditanggapi kedah cetha.
c. Tembung-tembung lan ukara ingkang bakal dipun-ginakaken gampil
dimangertosi.
d. Tanggapan kedah kinantenan alesan ingkang logis. Menawi diperlokaken,
tanggepan punika saged diparingi fakta lan bukti-bukti kang relevan.
Nalika nanggapi pawarta kita kedah anggadhahi sikap ingkang evaluatif
lan objektif. Sikap evaluatif tegesipun nindakake penilaian marang pawarta
ingkang diwaos. Sikap objektif tegesipun kita ngadhepi pawarta punika kanthi
apa anane.
BAB III
PEMBAHASAN
Jenjang Pawiyatan: SMP
Kelas/ Semester: VIII/ 2
Standar Kompetensi: Mendengarkan
Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan dalam
berbagai ragam bahasa Jawa.
Kompetensi dasar: Mendengarkkan berita yang disiarkan melalui medhia
elektronik.
A. Materi Pasinaonan
Wacana pawarta saking piranti elektronik ingkang dipunwaos utawi
dipunrekam.
Metodhe Pasinaonan
- Tanya jawab
- Demonstrasi
- Pemodhelan
Tata cara kagiyatan pasinaon
Pepanggihan 1
a. Kagiyatan wiwitan
1) Guru bukak pasinaon kanthi salam, mriksa presensi lan resikipun kelas
2) Guru njlentrehaken materi babagan pawarta
3) Maringi motivasi dhateng siswa ngenani mupangat nyinau
midhangetaken pawarta
4) Mangsuli pretes babagan pawarta
b. Kagiyatan inti
Eksplorasi
1) Nyediakaken medhia kangge nyiaraken pawarta.
2) Ngajak siswa nyebutaken menapa kemawon medhia elektronik ingkang
nyiaraken pawarta.
Elaborasi
1) Siswa midhangetaken pawarta saking medhia elektronik.
2) Siswa nyerat babagan pokok-pokok pawarta.
3) Siswa maringi tanggapan ngenai pokok pawarta ingkang dipunserat
rencangipun.
Konfirmasi
Nindakaken tanya jawab babagan jumbuhipun wosipun pawarta
ingkang sampun dipunmidhangetaken.
c. Kagiyatan panutup
1) Guru lan siswa nindakaken refleksi.
2) Guru lan siswa sesarengan ngrangkum lan nyimpulaken pokok pawarta
ingkang leres.
3) Guru nutup pasinaon kanthi salam
Sumber Pasinaon
a. Rekaman pawarta
b. Buku LKS
Medhia ingkang dipun-ginakaken
Medhia ingkang dipun-ginakaken ing pasinaonan inggih punika rekaman
babagan pawarta saking TATV Trang Sandyakala awujud audio visual.
Rekaman punika badhe diputer ngagem LCD, laptop lan migunakake speaker
supados saged dipunmidhangetaken kanthi cetha dening para siswa. Rekaman
punika saged dipunsetel ngagem aplikasi gom player menapa aplikasi
sanesipun ingkang saged nyengkuyung lumampahipun rekaman punika.
Rekaman punika durasinipun kurang luwih sak menit banjur mangke saged
dipunsetel kaping kalih. Salajengipun siswa kedah midhangetaken lan nyerat
babagan pokok-pokok wosipun pawarta. Mangke asil garapanipun
dipunwaosaken ing ngajeng kelas lan kanca sanesipun maringi tanggapan.
Pungkasaning pasinaon, guru muterke malih rekaman wau lan maringi
andharan kepriye wosipun pawarta ingkang leres miturut pawarta ingkang
sampun dipuntingali.
B. Alesan Milih Medhia Audio Visual
Alesanipun milih medhia audio visual ing materi midhangetaken
pawarta saking piranti elektronik inggih punika:
1. Migunakaken medhia audio visual saged gampilaken tugas guru nalika
maringi materi marang siswa ingkang jumbuh kaliyan kurikulum.
2. Siswa saged ningali lan midhangetaken langsung babagan materi pawarta
ingkang diaturaken dening guru.
3. Migunakaken medhia audio visual saged damel siswa luwih narik
kawigaten lan ngirangi raos bosen marang pelajaran kasebut.
4. Migunakaken medhia audio visual saged gampilaken siswa nalika mahami
materi ingkang diaturaken dening guru.
5. Saged ningkataken efektivitas ing kagiyatan pasinaonan, amargi ngirit
saking biaya ugi wekdalipun.
C. Kaluwihan lan Kakirangan Medhia Audio Visual
Kaluwihan medhia audio visual inggih punika:
1. Saged nuwuhaken raos remen siswa amargi migunakaken medhia ingkang
saged narik kawigaten.
2. Gampilaken tugas guru amargi nyengkuyung kagiyatan lampahipun
pasinaon kanthi nyetelaken materi kang saged langsung dipuntingali siswa.
3. Gampilaken siswa nampi materi amargi siswa sacara langsung ningali apa
kang dipunsinaoni.
Kakirangan medhia audio visual inggih punika:
1. Mbetahaken ketrampilan guru anggenipun migunakaken medhia audio
visual supados pasinaon lumampah kanthi sae. Ananging kangge guru
ingkang sampun sepuh rada awrat amargi sampun boten purun repot.
2. Nalika listrikipun mati guru kedah anggadhahi kreativitas supados
pasinaon tetep saged lumampah kanthi lancar.
3. Medhia audio visual namung saged dipun-ginakaken ing sekolah tartamtu
ingkang saged nyengkuyung pasinaonan, dadosipun sipatipun boten
fleksibel.
BAB IV
PANUTUP
A. Dudutan
Dudutan ingkang saged dipunpendhet saking makalah, inggih punika:
1. Materi midhangetaken pawarta punika saged migunakaken medhia
awujud audio visual. Amargi jumbuh lan saged nyengkuyung lampahipun
pasinaonan ing kelas kanthi lancar.
2. Alesanipun milih medhia audio visual ing materi midhangetaken pawarta
inggih punika:
a. Saged mbiyantu tugasipun guru nalika mucal
b. Gampilaken siswa mangertosi materi ingkang dipunrembag
c. Luwih narik kawigaten siswa nalika pasinaonan
d. Saged ngirangi raos bosen siswa, nalika nampa materi
e. Ningkataken efektivitas pasinaonan
3. Kaluwihan medhia audio visual ing materi midhangetaken pawarta inggih
punika: nuwuhaken raos remen siswa, gampilaken tugas guru, lan
gampilaken siswa nampi materi pasinaon. Kakiranganipun medhia audio
visual ing materi midhangetaken pawarta inggih punika: mbetahaken
ketrampilan guru nalika migunakaken medhia audio visual, guru kedah
anggadhahi kreativitas nalika listrik mati, lan sipatipun boten fleksibel
amargi namung saged dipun-ginakaken ing sekolah tartamtu.
B. Pamrayogi
Pamrayogi ingkang saged diandharaken panyerat inggih punika:
1. Pamilihan medhia ingkang jumbuh kaliyan materi sanget wigati amargi
anggadhahi pengaruh marang siswa nalika nampa materi.
2. Guru kedah pinter anggenipun milih medhia lan saged migunakaken
medhia punika kanthi premati.
3. Sekolah kedah nyengkuyung babagan sarana lan prasarana kangge
ndukung kagiyatan pasinaon.
KAPUSTAKAN
Anitah, Siti. 2009. Teknologi Pembelajaran. Surakarta: Yuma Pustaka dan LRC FKIP UNS.
Maheswara, Majendra. Kamus Jawa Indonesia Indonesia Jawa. Surakarta: Pustaka Mahardika.
Sadiman, Arif S. dkk. 2008. Media Pendidikan. Jakarta: PT. RajaGrafindo Persada.
http://staff.uny.ac.id/sites/default/files/pawiyatan/Nurhidayati,S.Pd.M.Hum./PENGEMBANGA N MEDI A PEMBELAJARAN BAHASA JAWA.pdf diunduh hari Minggu, Tanggal 31 Maret 2013, Jam 16.10 WIB.
LAMPIRAN
Slide 1 Slide 4
Slide 2 Slide 5
Slide 3 Slide 6
Slide 7 Slide 10
Slide 8 Slide 11
Slide 9 Slide 12
Slide 13 Slide 16
Slide 14 Slide 17
Slide 15 Slide 18