Post on 12-Apr-2017
BAB I
PURWAKA
A. Latar Belakang
Widyatembung ngemu teges ‘ilmu bab tembung’. Tembung iku
rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan
kasumurupan surasane. Saben rerangken swara kang metu saka jroning
tutuk tur ngemu teges kuwi diarani tembung, dene yen ana rerangken swara
kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara iku kalebu
sempalaning paramasastra kang ngrembug lan nyinau bab tembung,
dumadine tembung, lan owahe sawijining tembung dadi tembung liya
karana kawuwuhan imbuhan (pengimbuhan/ afiksasi), karangkep
(pengulangan/ reduplikasi), utawa kagabung/ kacambor (pemajemukan/
kompositum). Ing ilmu basa widyatembung lumrah sinebut morfologi.
Tembung ing basa jawa bisa dibedakake adhedhasar wujud lan jinise.
Imbuhan (afiks) wonten sekawan inggih punika ater-ater, seselan,
panambang, lan imbuhan bebarengan. Imbuhan bebarengan dipunbagi dados
kalih, inggih punika imbuhan bebarengan rumaket lan umbuhan bebarengan
renggang.
B. Rumusan Masalah
1. Napa tegese imbuhan bebarengan ?
2. Napa mawon jenis-jenising imbuhan bebarengan?
C. Tujuan
1. Njlentrehaken imbuhan bebarengan.
2. Nyebutaken jenis-jenising imbuhan bebarengan.
1
BAB II
PANGREMBAGAN
A. Pangertosan Imbuhan Bebarengan
Imbuhan bebarengan iku imbuhan kang awujud ater-ater (prefiks) lan
panambang (sufiks) kang kawuwuhake ing tembung lingga kanthi
bebarengan. Imbuhan iki kaperang dadi loro, yaiku imbuhan bebarengan
rumaket lan imbuhan bebarengan renggang.
B. Jenis-Jenising Imbuhan Bebarengan
Imbuhan bebarengan kaperang dadi loro, yaiku imbuhan bebarengan
rumaket lan imbuhan bebarengan renggang.
1. Imbuhan Bebarengan Rumaket
Imbuhan rumaket iku imbuhan kang dumunung ing tembung
lingga kanthi rumaket utawa serentak. Sing dikarepake rumaket ing
kene yaiku ater-ater lan panambang kudu kaimbuhake ing tembung
lingga kanthi bebarengan, ora kena kapethil-pethil utawa ora kena
kapisah-pisah. Imbuhan bebarengan rumaket iki uga sinebut konfiks.
Imbuhan basa Jawa kang kalebu konfiks yaiku ka- -an, ke- -en, pa- -
an, paA- -an, lan pra- -an.
a. Imbuhan ka- -an
Imbuhan ka- -an kang sumambung ing tembung lingga
bisa andhapuk tembung kriya utawa tembung aran. Imbuhan ka-
-an uga sinebut bawawacaka. Kadhang-kala imbuhan ka- -an
bisa malih wujud dadi ke- -an. Tuladhane katon ing ngisor iki.
Ka- + bledhos + -an à kabledhosan
Ka- + dhisik + -an à kadhisikan
Ka- + liwat + -an à kaliwatan
Ka- + teka + -an à katekan
Kabledhosan ↔ Kebledhosan
Kadhisikan ↔ Kedhisikan
2
b. Imbuhan ke- -en
Imbuhan ke- -en ngemu teges banget.. Mula, imbuhan ke-
-en uga sinebut adiguna.
Tuladhane katon ing ngisor iki.
Ke- + cilik + -en à keciliken
Ke- + abang + -en à kabangen
Ke- + ireng + -en àkeirengen
kem- + pinggir + -enà keminggiren
ken- + dhangak + -enà kendhangaken
keng- + kulon + -enà kengulonen
keny- + crongat + -enàkenyrongaten
c. Imbuhan pa(A)- -an
Imbuhan pa(A)- -an bisa dibedakake dadi pa- an, pam- -
an, pan- -an, pang- -an, lan pany- -an. Imbuhan pa(A)- -an kang
sumambung ing tembung lingga bisa ngowahi tembung kasebut
dadi tembung aran.
Tuladhane katon ing ngisor iki.
pa- + pring + -an à papringan
pa- + awu + -an à pawon
pam- + wulang + -an à pamulangan
pan- + dhelik + -an à pandhelikan
pang- + urip + -an à panguripan
pany- + jujug + -an à panyjujugan
d. Imbuhan pra- -an
Imbuhan pra- -an kang kawuwuhan ing tembung lingga
bisa adhapuk tembung saran.
Tuladhane katon ing ngisor iki.
pra- + desa + -an à pradesan
pra- + sanak + -a à prasanakan
pra- + janji + -an à prajanjen
3
2. Imbuhan Bebarengan Longgar (Renggang)Imbuhan bebarengan longgar (renggang) iku imbuhan kang
awujud ater-ater lan panambang kang kasambungake ing tembung
lingga ora kanthi bebarengan (tidak serentak), nanging siji baka siji.
Tuladhane katon kaya ing ngisor iki.
4
cokot
nyokot
nyokoti nyokotke
dicokot
dicokoti dicokotke
gambar
nggambar
nggambari nggambarke
digambar
digambari digambarke
Imbuhan bebarengan longgar (renggang) ing basa jawa gunggunge akeh banget, yaiku A- -I, A- -a, A- -ake, lan A- -ana; di- -I, di- -a, di—ake, lan di- -ana; -in- -i, -in- -ake, -in- -ana, lan sa- -e.
a. Imbuhan A- -i (Anuswara- -i)
Imbuhan A- -i kang sumambung ing tembung lingga bakal
ndhapuk tembung kriya. Mula, imbuhan iki uga sinebut i
kriya. Imbuhan anuswara lan panambang –i kang rumaket ing
tembung lingga ngemu teges ‘nindakake pakaryan kaya kang
kasebut ing linggane tembung (nganti wola-wali)’ utawa
‘nindakake pakaryan A- <lingga> (repetitif)’.
m- + lumpat + -i à mlumpati
m- + playu + -i à mlayoni
m- + buwang + -i à mbuwangi
n- + jiwit + -i à njiwiti
n- + tutup + -i à nutupi
n- + dugang + -i à ndugangi
ng- + keplak + -i à ngeplaki
ng- + gulung + -i à nggulungi
5
tulis
nulis
nulisi nuliske
ditulis
ditulisi dituliske
ng- + lungguh + -i à nglungguhi
ny- + suguh + -i à nyuguhi
ny- + cukil + -i à nyukili
ny- + sapu + -i à nyaponi
mlumpati ‘nindakake pakaryan mlumpat’
njiwiti ‘nindakake pakaryan njiwit’
ngeplaki ‘nindakake pakaryan ngeplak’
nyuguhi ‘nindakake pakaryan nyuguh
b. Imbuhan A- -a (Anuswara- -a)
Imbuhan A- -a kang sumambung ing tembung lingga
bakal ndhapuk tembung kriya lan duwe teges ‘akon marang
wong liya supaya nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing
linggane tembung (imperatif) utawa ‘akon supaya A- <lingga>’
lan bisa uga duwe teges ‘sanadyan A- <lingga> (kontradiktif)’.
m- + balang + -a à mbalanga
m- + wulang + -a à mulanga
m- + umpet + -a à mumpeta
n- + tangis + -a à ngisa
n- + jotos + -a à njotosa
n- + dhagel + -a à ndhagela
ng- + karang + -a à ngaranga
ng- + gambar + -a à nggambara
ng- + lamar + -a à nglamara
ny- + sabrang + -a à nyabranga
ny- + cuwil + -a à nyuwila
ny- + slulup + -a à nylulupa
mumpeta ‘akon supaya mumpet’ utawa ‘sanadyan mumpet’
ndhagela ‘akon supaya ndhagel’ utawa ‘sanadyan ndhagel’
6
nglamara ‘akon supaya nglamar’ utawa ‘sanadyan nglamar’
nylulupa ‘akon supaya nylulup’ utawa ‘sanadyan nylulup’
c. Imbuhan A- -ake (Anuswara- -ake)
Imbuhan A- -ake kang sumambung ing tembung lingga
bakal ndhapuk tembung kriya, yaiku kriya tanduk (kata kerja
aktif) lan duwe teges ‘nganggo/ndadekake/njalari sawijining bab
kaya kang kasebut ing linggane (kausatif)’ utawa ‘nganggo/
ndadekake/njalari sawijining bab A- <lingga>’ sarta bisa uga
ngemu teges ‘nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing
linggane tembung kanggo wong liya (benefaktif)’. Imbuhan A- -
ake kadhang kala malih dadi A- -ake.
m- + balang + -ake à mbalangake
m- + bacut + -ake à mbacutake
m- + blaka + -ake à mblakakake
n- + janji + -ake à njanjekake
n- + jupuk + -ake à njupukake
n- + tulis + -ake à nulisake
ng- + keplak + -ake à ngeplakake
ng- + uncal + -ake à nguncalake
ng- + lancar + -ake à nglancarake
ng- + lamar + -ake à nglamarake
ny- + sabrang + -ake à nyabrangake
ny- + cuwil + -ake à nyuwilake
ny- + silih + -ake à nyilihake
mbalangake~ mbalangke
mbacutake ~ mbacutke
mblakake ~ mblakakke
njanjekake ~ njanjekke
njupukake ~ njupukke
7
nulisake ~ nuliske
ngeplakake ~ ngeplakke
nguncalake ~ nguncalke
nglamarake ~ nglamarke
nyabrangake ~ nyabrangke
nyuwilake ~ nyuwilke
nyilihake ~ nyilihke
sarehne bisa ndhapuk tembung kriya kaya kang katon ing
ndhuwur, imbuhan A- -ake uga bisa sinebut kekriya.
d. Imbuhan A- -ana (Anuswara- -ana)Imbuhan A- -ana kang sumambung ing
tembung lingga bakal ndhapuk tembung kriya lan duwe teges ‘akon supaya nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing linggane tembung’ utawa bisa uga duwe teges ‘sanadyan di- <lingga>’.m- + budhel + -ana à mbundhelana
m- + balang + -ana à mbalangana
m- + babit + -ana à mbabitana
n- + tulis + -ana à nulisanan- + tuku + -ana à nukonanan- + tali + -ana à nalenana
ng- + keplak+ -ana à ngeplakanang- + liwat + -ana à ngliwatanang- + laku + -ana à nglakonanany- + cedhak + -ana à nyedhakanany- + srebet + -ana à nyrebetanany- + sulak + -ana à nyulakana
8
e. Imbuhan A- -e (Anuswara- -e)Imbuhan A- -e kang sumambung ing tembung
lingga bangkal ndhapuk tembung arah lan duwe teges ‘anggone A- <lingga>’ utawa “anggone… kaya kang kasebut ing linggane’. Tuladhane katon kaya ing ngisor iki.
m- + laku + -e à mlakunem- + apur + -e à maburem- + pati + -e à matine
n- + jupuk + -e à njupuken- + jogged + -e à njogeden- + tulis + -e à nulise
ng- + klumpuk+ -e à nglumpukeng- + rumat + -e à ngrumateng- + lamar+ -e à nglamare
ny- + cekel + -e à nyekeleny- + sulap + -e à nyulapeny- + sambel + -e à nyambele
mlakune ‘anggone mlaku’mabure ‘anggone mabur’njupuke ‘anggone njupuk’njogede ‘anggone njoged’nglumpuke ‘anggone nglumpuk’ngrumate ‘anggone ngrumat’nyekele ‘anggone nyekel’
9
nyulape ‘anggone nyulap’
f. Imbuhan di- -iImbuhan di- -I kang sumambung ing tembung
lingga bakal ndhapuk tembung kriya, yaiku kriya tanggap. Imbuhan di- -I kang sumambung ing tembung lingga ngemu teges ‘nindakake pakaryan nganti makaping-kaping’ utawa nindakake pakaryan <lingga>’. Tuladhane katon kaya ing ngisor iki.
di- + thithil+ -i à dithithilidi- + jupuk + -i à dijupukidi- + unggah + -i à diunggahidi- + para + -i à diparanidi- + asah + -i à diasahidi- + weling + -i à diwelingi
g. Imbuhan di- -a
Imbuhan di- -a kang sumambung ing tembung lingga
bakal ndapuk tembung kriya, yaiku tembung tanggap.
Imbuhan di- -a kang sumambung ing tembung lingga ngemu
teges’ sanadyan nindakake pakaryan kaya kasebut ing linggane
utawa sanadyan di- (lingga)’. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
di- + campur + -a à dicampura
di- + dhudhah + -a à didhudhaha
di- + wulang + -a à diwulanga
di- + tulis + -a à ditulisa
di- + asah + -a à diasaha
ditulisa ‘sanadyan ditulis’
10
dicampura ’sanadyan dicampur’
didhudhaha ’sanadyan didhudhah’
diwulanga ’ sanadyan diwulang’
diasaha ‘sanadyan diasah’
h. Imbuhan di- -ana
Imbuhan di- -ana kang sumambung ing tembung lingga
bakal ndhapuk tembung kriya, yaiku kriya tanggap. Imbuhan di-
-a kang sumambung ing tembung lingga ngemu teges’ sanadyan
nindakake pakaryan /bab kaya kang kasebut ing linggane
tembung nganti wola-wali ’utawa‘ sanadya di- (linggane)-i.
Tuladhane katon kaya ing ngisor iki.
di- + jotos + -ana à dijotosana
di- + salin + -ana à disalinana
di- + turu + -ana à dituronana
di- + lebu + -ana à dilebonana
di- + kandha+ -ana à dikandhanana
dijotosana ’sanadyan dijotos nganti wola-wali’ utawa ‘sanadyan
dijotosi’
disalinana ’sanadyan dijotos nganti wola-wali’ utawa ‘sanadyan
disalini’
dituronana ’sanadyan dijotos nganti wola-wali’ utawa
‘sanadyan dituroni’
11
dilebonana ’sanadyan dijotos nganti wola-wali’ utawa
‘sanadyan dileboni’
dikandhanana ’sanadyan dijotos nganti wola-wali’ utawa
‘sanadyan dikandhani’
i. Imbuhan di- -ake
Imbuhan di- -ake kang sumambung ing tembung lingga
bakal ndapuk tembung kriya, yaiku kriya tanggap. Imbuhan di- -
I kang sumambung ing tembung lingga ngemu teges ‘wong liya
nindakake pakaryan kanggo awake dhwe’. Tuladhane katon
kaya ing ngisor iki.
di- + wales + -ake à diwalesake
di- + garap + -ake à digarapake
di- + unggah+ -ake à diunggahake
di- + torah + -ake à diturahake
di- + linggih + -ake à dilinggihake
Imbuhan di- -ake kadhang kala malih dadi di- - ke kaya
kang katon ing tuladha ngisor iki.
diwalesake ~ diwaleske
digarapake ~ digarapke
diunggahake ~ diunggahke
diturahake ~ diturahke
dilinggihake ~ dilinggihke
12
j. Imbuhan (-in-) –an/-ake/-ana
Seselan –in- lan panambang –an/-ake/-ana kang
sumambung tembung lingga bisa ndapuk tembung kriya, yaiku
kriya tanggap. Seselan (-in-) lan panambang –an utawa-ake
ngemu teges kang padha karo ater-ater di- -I utawa di- -ake.
Wondene seselan –in- lan panambang –ana kang sumambung
ing tembung lingga ngemu teges kang padha karo ater-ater di-
ana. Tuladhane kaya kang keton ing ngisor iki.
gambar + (-in-) –an à ginambaran ‘digambari’
paraga + (-in-) -an à pinaragan ‘diparagani’
tulis + (-in-) -an à tinulisan ‘ditulisi’
sambung + (-in-) -an à sinambngake
‘disambungake’
jupuk + (-in-) -an à jinupukake ‘dijupukake’
susul + (-in-) -an à sinusulake ‘disusulake’
tangis + (-in-) -an à tinangisana ‘ditangisana’
gebug + (-in-) -an à ginebugana ‘digebugana’
seba + (-in-) -an à sinebanana ‘disebanana’
Seselan (-in-) lan panambang –ana kang sumambung ing
tembung lingga bisa ngemu teges ‘sanadyan di- (lingga) –i’.
ginambarana ’sanadyan digambari’
tinulisana ’sanadyan ditulisi’
tinangisana ’sanadyan ditangisi’
13
ginebugana ’sanadyan digebugi’
sinebanana ’sanadyan disebani’
kineplakana ’sanadyan dikeplaki’
k. Imbuhan (-um-) –a
Seselan –um- lan panambang –a kang sumambung ing
tembung lingga bisa ndapuk tembung kriya, yaiku kriya tanduk.
Seselan (-um-) lan panambag –a ngemu teges ‘akon supaya
nindakake pakaryan kaya (-um-) (lingga). Tuladhane kaya katon
ing ngisor iki.
singkir + (-um-) –a à sumingkira
tandang + (-um-) –a à tumandanga
sanak + (-um-) –a à sumanaka
teka + (-um-) –a à tumekaa
laku + (-um-) –a à lumakua
sumingkira ‘akon supaya sumingkir’
tumandanga ‘akon supaya tumandang’
sumanaka ‘akon supaya sumanak’
tumekaa ‘akon supaya tumeka’
lumakua ‘akon supaya lumaku’
l. Imbuhan sa- -e
Imbuhan sa- -e kang sumambung ing tembung lingga
bakal ndapuk tembung katrangan (adverbial) lan ngemu teges
14
(1) ‘nganti <lingga>’; (2) ‘karo/lan <lingga> –e’; (3) ‘padha
karo <lingga> –e’. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
sa- + cilik + -e à sacilike = nganti cilik
sa- + lunga + -e à salungane = nganti lunga
sa- + kesel + -e à sakesele = nganti kesel
sa- + klambi + -e à saklambine = karo klambine
sa- + sangu + -e à sasangune = karo sangune
sa- + kakange+ -e à sakakange = padha karo kakange
sa- + pundhak+ -e à sapundhake= padha karo
pundhake
15
BAB III
PANUTUP
A. Kesimpulan
Imbuhan bebarengan iku imbuhan kang awujud ater-ater (prefiks) lan
panambang (sufiks) kang kawuwuhake ing tembung lingga kanthi
bebarengan. Imbuhan iki kaperang dadi loro, yaiku imbuhan bebarengan
rumaket lan imbuhan bebarengan renggang. Imbuhan rumaket iku imbuhan
kang dumunung ing tembung lingga kanthi rumaket utawa serentak.
Imbuhan bebarengan longgar (renggang) iku imbuhan kang awujud ater-ater
lan panambang kang kasambungake ing tembung lingga ora kanthi
bebarengan (tidak serentak), nanging siji baka siji.
B. Saran
Dados calon pamucal, kita sedaya badhenipun langkung ngerteni basa jawa, salah satunggalipun babagan imbuhan bebarengan. Kejawi punika, dados tiyang Jawi sasaenipun kita sedaya langkung ngerteni basa Jawa.
16
17