ANALISIS WUWUHAN BASA JAWI WONTEN ING TUTURAN … · afiksasi. Jenis imbuhan pada bahasa Jawa...
Transcript of ANALISIS WUWUHAN BASA JAWI WONTEN ING TUTURAN … · afiksasi. Jenis imbuhan pada bahasa Jawa...
i
ANALISIS WUWUHAN BASA JAWI WONTEN ING TUTURAN LOGATPEMALANG DHUSUN PARUNGGALIH KECAMATAN BODEH
KABUPATEN PEMALANG
SKRIPSI
WELLY UTOMONPM 06430688
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANG
2010
ii
ANALISIS WUWUHAN BASA JAWI WONTEN ING TUTURAN LOGATPEMALANG DHUSUN PARUNGGALIH KECAMATAN BODEH
KABUPATEN PEMALANG
SKRIPSI
Dipunaturaken dhateng Fakultas Pendidikan Bahasa dan SeniIKIP PGRI Semarang kangge njangkepi Saperangan Syarat Nggayuh
Drajat Sarjana Pendidikan
WELLY UTOMONPM 06430688
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANG
2010
iii
SKRIPSI
ANALISIS WUWUHAN BASA JAWI WONTEN ING TUTURAN LOGATPEMALANG DHUSUN PARUNGGALIH KECAMATAN BODEH
KABUPATEN PEMALANG
ingkang dipunrakit lan ingkang dipunaturaken dening
Welly Utomo
NPM 06430688
sampun dipunsarujuki dening Pembimbing kangge dipundadar wonten sangajengipun
Dewan Pendadar Skripsi Surya kaping ………………..
Pembimbing I, Pembimbing II,
Nanik Setyawati, S.S., M. Hum. Totok Yasmiran, S.S.
NPP 997101150 NPP 097002243
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
iv
SKRIPSI
ANALISIS WUWUHAN BASA JAWI WONTEN ING TUTURAN LOGATPEMALANG DHUSUN PARUNGGALIH KECAMATAN BODEH
KABUPATEN PEMALANG
ingkang dipunrakit lan ingkang dipunaturaken deningWelly Utomo
NPM 06430688
sampun dipunkukuhaken wonten sangajengipun Dewan Pendadarsurya kaping ………….
lan dipunyatakaken sampun njangkepi syarat
Dewan Pendadar
Ketua, Sekretaris,
Dra. Sri Suciati, M. Hum. Dra. H.R. Utami, M.Hum.NIP 19650316 199003 2 002 NPP 906301071
Penguji INanik Setyawati, S.S., M. Hum. ( ........................................ )NPP 997101150
Penguji IITotok Yasmiran, S.S ( ........................................ )NPP 097002243
Penguji IIISunarya, S.S ( ........................................ )NPP 0630116801
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANG
v
SESENATI LAN PISUNGSUNG
SESANTI
1. “Lebih baik menunjukkan kesalahan dalam karya daripada
memamerkan kegagahan tanpa karya”.
(H. G. Tarigan).
2. “Untuk mendapatkan sukses, biasanya orang harus bersikap
sederhana”.
(Montesquieu).
PISUNGSUNG:
Kanthi puja-puji syukur konjuk Allah SWT skripsi
punika panyerat sungsungaken dhateng:
1. Bapak saha Ibu ingkang kula tresnani lan
ingkang paring pangestu.
2. Adhik kula, saha sedaya sedherek sanak
kadang kaluwargi ingkang paring pambiyantu
arupi moril lan materil.
3. Para kadhang Mahasiswa Pendidikan Bahasa
dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang.
4. Pamaos.
vi
ATUR CECALA
Raos puja lan puji syukur konjuk Allah SWT ingkang Maha Agung, ingkang
sampun paring kathah rahmat lan hidayah dhateng kawula saengga skripsi kanthi irah-
irahan Analisis Wuwuhan Basa Jawi Wonten Ing Tuturan Logat Pemalang Dhusun
Parunggalih Kecamatan Bodeh Kabupaten Pemalang punika saged karampungaken.
Lapuran skripsi punika kadamel kangge ngayahi tugas Program Studi
Pendidikan Bahasa dan Satra Jawa Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP PGRI
Semarang, pramila panyerat ngaturaken gunging panuwun dhumateng sedaya pihak
ingkang sampun purun mbiyantu saengga skripsi punika saged kasusun, kadosta:
1. Muhdi, S.H., M. Hum., minangka Rektor IKIP PGRI Semarang ikang sampun paring
ijin dhumateng panyerat nglajengaken studi ing IKIP PGRI Semarang.
2. Dra. Sri Suciati, M. Hum., minangka Dekan FPBS IKIP PGRI Semarang ingkang
sampun paring kalodhangan dhumateng panyerat kangge ngudi ilmu.
3. Dra. Hj. HR. Utami, M. Hum minangka Kaprogdi Pendidikan Bahasa dan Satra Jawa
ingkang sampun paring palilah dhateng panyerat kangge nyusun skripsi punika.
4. Nanik Setyawati, S.S., M. Hum., minangka dosen Pembimbing I ingkang sampun
paring bimbingan lan wejangan kanthi sabar lan tanggung jawab.
5. Totok Yasmiran, S.S., minangka dosen Pembimbing II ingkang sampun kersa sabar
lan wicaksana anggenipun paring bimbingan dhumateng panyerat salebetipun nyusun
skripsi punika.
6. Sedaya dosen Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa saha sedaya karyawan
IKIP PGRI Semarang.
vii
7. Bapak lan Ibu ingkang sampun paring pangestu, pamrayogi, ugi dhukungan kangge
kasuksesan kula.
8. Sedaya kanca-kanca Mahasiswa saking Jurusan Bahasa dan Satra Jawa ingkang
tansah mbiyantu anggenipun panyerat nyusun skripsi punika.
Panyerat tansah rumaos awit taksih kirangipun kawruhipun, pramila bilih
wonten pamrayogi ugi panyaruwe saking sinten kemawon panyerat ngaturaken gunging
panuwun punika kangge kasaenan lan kasampurnaning skripsi punika.
Semarang, Agustus 2010
Panyerat
viii
SARI PATHI
WELLY UTOMO. NPM 06430688. Skripsi punika nggadhahi irah-irahan “AnallisisWuwuhan Basa Jawi Wonten Ing Tuturan Logat Pemalang DhusunParunggalih Kecamatan Bodeh Kabupaten Pemalang. Fakultas PendidikanBahasa dan Seni, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Satra Jawa, IKIPPGRI Semarang, 2010. Pembimbing I: Nanik Styawati, S.S., M. Hum.,Pembimbing II: Totok Yasmiran S.S.
Tembung wos: Analisis, wuwuhan, lan logat Pemalang.
Momotan prekawis wonten ing panaliten punika “Kados pundi wujud wuwuhanbasa Jawi wonten ing tuturan logat pemalang Dhusun Parunggalih Kecamatan BodehKabupaten Pemalang”.
Ancasing panaliten inggih punika mangertosi ugi mahami wuwuhan basa Jawituturan logat Pemalang mliginipun ing Dhusun Parunggalih Kecamatan BodehKabupaten Pemalang. Wuwuhan punika salah satunggaling proses morfologi ingkangasring dipunwastani afiksasi. Jinis wuwuhan basa Jawi punika kaperang dados, ater-ater(prefiks), panambang (sufiks), seselan (infiks), lan rerangkep (konfiks).
Metodhe panaliten ingkang dipun-ginakaken wonten ing salebeting panalitenpunika dipun-ginakaken metodhe penelitian kualitatif deskriptif data, inggih punikametodhe ndheskripsikaken data boten ngginakaken angka nalikanipun nganalisis lanngolah data-datanipun.
Ing salebeting basa Jawi ingkang wiyar punika wonten salah satunggaling logatingkang dipun-ginakaken dening bebrayan ing kitha Pemalang inggih punika logatPemalang. Logat Pemalang punika taksih wonten sesambetanipun kaliyan basa Jawidialek Banyumasan. Ing salebeting tetembungan basa Jawi logat Pemalang punikangemu wuwuhan-wuwuhan ingkang langkung sekedhik lan mbentenaken kaliyan logat-logat basa Jawi sanesipun. Sasampunipun dipunanalisis dipunpanggihi bilih wuuwhaningkang limrah dipunginakaken ing salebeting basa Jawi logat Pemalang DhusunParunggalih Kecamatan Bodeh inggih punika wujud wuwuhan ater-ater, seselan, lanrerangkep.
Pamrayogi ingkang badhe kaaturaken dhateng para pamaos ing ngriki inggihpunika mangertosi langkung labet wujud wuwuhan basa mliginipun basa Jawi ing logatPemalang saha saged nglestantunaken lan ngrembakakaken basa lan budaya Jawi.
ix
ABSTRAK
WELLY UTOMO. NPM 06430688. Skripsi ini berjudul judul “Analisis Wuwuhan BasaJawi Wonten Ing Tuturan Logat Pemalang Dhusun Parunggalih KecamatanBodeh Kabupaten Pemalang. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. FakultasPendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. IKIP PGRI Semarang. Pembimbing I:Nanik Setyawati, S.S., M. Hum., Pembimbing II: Totok Yasmiran, S.S.
Kata kunci: Analisis, wuwuhan, dan logat Pemalang.
Permasalahan yang akan diteliti pada penelitian ini adalah “Bagaimana wujuddari imbuhan bahasa Jawa dalam tuturan logat Pemalang Desa Parunggalih KecamatanBodeh Kabupaten Pemalang”.
Mudah-mudahan penelitian ini dapat memberikan manfaat untuk memberikanpengetahuan juga memahami wujud imbuhan bahasa Jawa dalam tuturan logatPemalang khususnya di Desa Parunggalih Kecamatan Bodeh Kabupaten Pemalang.Imbuhan adalah salah satu dari proses morfologis yang sering disebut dengan istilahafiksasi. Jenis imbuhan pada bahasa Jawa dibagi menjadi ater-ater (prefiks), panambang(sufiks), seselan (infiks), dan rerangkep (konfiks).
Metode penelitian yang digunakan di dalam penelitian ini adalah menggunakanmetode penelitian kualitatif deskriptif data, yaitu metode mendeskripsikan data dengantidak menggunakan angka ketika menganalisis dan mengolah data-datanya.
Dalam bahasa Jawa yang tersebar luas tersebut ada salah satu logat yang dipakaioleh masyarakat di kota Pemalang yaitu logat Pemalang. Logat tersebut masihbersaudara demngan bahasa Jawa dialek Banyumas. Di dalam kata-kata bahasa Jawalogat Pemalang tersebut terdapat imbuhan-imbuhan yang jumlahnya lebih sedikitdibandingkan dengan logat-logat bahasa Jawa lainnya. Setelah dianalisis umumnyaditemukan adanya wujud imbuhan bahasa Jawa logat Pemalang yaitu ater-ater, seselan,dan panambang.
Manfaat yang akan diberikan kepada para pembaca disini adalah memeberipengetahuan lebih lengkap mengenai wujud imbuhan bahasa khususnya bahasa Jawalogat pemalang dan juga untuk melestarikan dan mengembangkan bahasa dan budayaJawa.
x
DHAPTAR ISI
IRAH-IRAHAN………………………………………………………………................ii
PASARUJUKAN………………………………………………………….……………iii
PANGESAHAN………….……………………………………………………………..iv
SESANTI LAN ATUR PISUNGSUNG…...…………………………………………....v
ATUR CECALA………………………………………………………….…………….vi
SARI PATHI…………………………………………………………………….…….viii
ABSTRAK……………………………………………………………………….……..ix
DHAPTAR ISI………………………………………………………………..……........x
BAB I PURWAKA
A. Landhesan Pamilihing Irah-irahan………………………………… 1
B. Momotaning Prakawis…………………………………………….. 4
C. Ancasing Panaliten……………………………………………….... 4
D. Mupangating Panaliten……………………………………............. 4
E. Panandhesing Tetembungan………………………………………. 5
F. Metodhe Panaliten……………………………………………….... 8
1. Metodhe Deskripsi Data……………………………………….. 9
2. Sumber Data lan Data………………………………………….. 9
3. Teknik Pangempaling Data……………………………………. 9
4. Teknik Analisis data………………………………………….. 12
5. Tahap Penyajian Asil Analisis………………………………... 14
G. Tata Rakiting Panyeratan Skripsi…………………………………. 14
BAB II LANDHESANING TEORI
A. Wuwuhan……………………………………………………….... 16
xi
B. Jinis Lan Wujud Wuwuhan……..………………………………... 20
C. Tuturan…………………………………………………………… 34
D. Logat……………………………………………………………… 36
BAB III ANALISIS WUWUHAN BASA JAWI WONTEN ING TUTURAN
LOGAT PEMALANG DHUSUN PARUNGGALIH KECAMATAN
BODEH KABUPATEN PEMALANG
A. Deskripsi Data…………………………………………………….. 39
B. Analisis Data……………………………………………………… 44
BAB IV PANUTUP
A. Dudutan…………………………………………………………... 88
B. Pamrayogi…………………………………………………………. 88
KAPUSTAKAN
1
BAB I
PURWAKA
A. Landhesan pamilihing Irah-irahan
Basa Jawi punika kalebet salah satunggaling basa ingkang dipun-
ginakaken dening masyarakat Indonesia mliginipun ing dhaerah Jawi Tengah,
Jawi Wetan, lan ing Dhaerah Istimewa Yogyakarta. Basa ingkang setunggal
punika sampun paring sumbangsih anggenipun nyugihaken basa ingkang
wonten ing nuswantara, amargi basa Jawi punika sampun dipun-ginakaken
dening bebrayan wiwit saking jaman kapengker ngantos sapunika basa Jawi
taksih dipun-ginakaken minangka piranti komunikasi lan tukar informasi ing
padintenan. Pramila sinten kemawon tiyangipun ingkang kalebet sutresna basa
budaya Jawi kedah mbudidaya amrih basa budaya lestantun, sageda langkung
ngrembaka ngantos jaman ingkang badhe dumugi.
Basa Jawi ingkang dipunpanggihi ing jaman sapunika sampun benten
kaliyan basa Jawi ing taun-taun ingkang kepengker, basa Jawi sapunika
sampun kathah ngalami ewah-ewahan. Ewahipun basa Jawi punika amargi
mlebetipun basa lan budaya saking manca ingkang nggadhahi prebawa ageng
tumrap basa Jawi. Ewadene kados punapa ewah-ewahanipun basa Jawi punika,
ananging taksih kathah peminatipun ingkang purun lan taksih gineman
ngginakaken basa Jawi tinimbang basa-basa sanesipun.
2
Salajengipun ng salebeting basa punika wonten dialek ugi wonten logat
basa, semanten ugi ing basa Jawi. Basa Jawi ugi nggadhahi dialek utawi logat
ingkang saged mbentenaken ciri khas basa ing dhaerah tertamtu senajan basa
ingkang dipun-ginakaken punika basa Jawi. Ing panaliten punika badhe
ngrembag ngengingi bab logat basa inggih punika basa Jawi ing Pemalang.
Logat basa punika wonten amargi bentenipun papan geografis ingkang wonten
ing tlatah Jawi.
Dene logat basa Jawi ing Pemalang punika kalebet logat Jawi Pesisir,
logat Jawi Pesisir punika kathah dipunpanggihi lan dipun-ginakaken dening
bebrayan ing kitha-kitha dhaerah Pantai Utara. Benten kaliyan logat Yogya-
Solo ingkang dipunanggep minangka “basa Jawi ingkang beradap”, amargi ing
salebeting logat punika dipun-ginakaken basa Jawi kanthi sistem sangang
cakrik ingkang nggadhahi tingkat lan sampun ngrembaka.
Logat Pemalang punika kalebet logat Jawi Pesisir ingkang wonten ing
pesisir ler Jawi Tengah sisih kilen, saengga basa Jawi ingkang dipun-ginakaken
ing Pemalang punika benten kaliyan basa ingkang wonten ing Yogya-Solo.
Basa ing Pemalang punika langkung caket kaliyan basa Jawi dhaerah
Banyumasan, kasunyatan punika leres nalika dipunkaji saking bab fonologi
basanipun amargi nalika ngucap tetembungan tiyang Pemalang radi mirip
kaliyan pangucapanipun basa Jawi Banyumasan, inggih punika ingkang asring
dipunwastani basa “Ngapak”. Tetembungan ing logat Pemalang piyambak
menawi dipunteliti saking morfologi mliginipun ngengingi wuwuhanipun
3
mesthinipun wonten bentenipun kaliyan logat-logat basa Jawi ingkang wonten
ing dhaerah sanesipun.
Kadosta ing basa Jawi piyambak wonten ugi wuwuhanipun, kadosdene
ater-ater, panambang, lan seselan. Ater-ater inggih punika wuwuhan ingkang
manggen ing sangajenging tembung lingga, utawi dipunwastani awalan.
Panambang inggih punika wuwuhan ingkang manggenipun ing akhir utawi
sawingkingipun tembung lingga, dipunwastani akhiran. Seselan inggih punika
wuwuhan ingkang manggen ing satengahing tembung lingga, seselan punika
asring dipunwastani sisipan. Punika ingkang dipunwastani kaliyan utawi afiks
ing basa Jawi.
Salajengipun tembung lingga menawi sampun pikantuk wuwuhan utawi
afiks punika asring dipunwastani tembung andhahan utawi lingga andhahan.
Dene proses wuwuhan utawi afiksasinipun piyambak kaperang dados sekawan
jinis, sekawan jinis afiksasi ing basa Jawi antawisipun inggih punika: 1). ater-
ater (prefiks), 2). panambang (sufiks), 3). seselan (infiks), lan 4). rerangkep
utawi campuran antawis ater-ater lan panambang (konfiks)
Sekawan jinis ing nginggil punika ingkang dipunwastani proses afiksasi
lan temtunipun ing salebeting basa Jawi tuturan logat Pemalang ugi wonten
wuwuhan utawi afiksasi ing tetembunganipun.
Saking sedaya prekawis ingkang sampun kawedharaken ing nginggil
punika sampun dados landhesan kangge panulis, pramila panulis nggadhahi
pikajengan ngawontenaken panaliten kanthi mendhet irah-irahan “Analisis
4
Wuwuhan Basa Jawi Wonten Ing Tuturan Logat Pemalang Dhusun
Parunggalih Kecamatan Bodeh Kabupaten Pemalang”.
B. Momotaning Prakawis
Adhedhasar pawadan pamilihing irah-irahan ing inggil punika pramila
sasampunipun dipunlampahi panaliten punika samangke saged
dipunrumusaken kados makaten: kados pundi wuwuhan basa Jawi ingkang
wonten ing salebeting tuturan logat Pemalang, mliginipun logat Pemalang
ingkang wonten ing dhusun Parunggalih Kecamatan Bodeh Kabupaten
Pemalang?
C. Ancasing Panaliten
Panaliten punika nggadhahi pangajab saged mangertosi wuwuhan basa
Jawi ingkang wonten ing tuturan logat Pemalang dhusun Parunggalih
Kecamatan Bodeh Kabupaten Pemalang.
D. Mupangating Panaliten
Saking panaliten kanthi irah-irahan ingkang sampun kawedharaken
punika, pramila mupangat ingkang dipunpundhut saged kaperang dados kalih
inggih punika mupangat teoretis lan mupangat praktis.
5
1. Mupangat Teoretis
Menawi dipuntingali saking mupangat teoretisipun, panaliten punika
saged mewahi kawruh ing babagan ilmu basa, khususipun saking ilmu
morfologi inggih punika ngengingi bab wuwuhan basa utawi ingakang
asring dipunwastani afiksasi mliginipun wuwuhan ing basa Jawi.
2. Mupangat Praktis
Sasanesipun nggadhahi mupangat teoretis, panaliten punika ugi
nggadhahi mupangat praktis. Dene mupangat praktisipun ingkang saged
dipunpundhut inggih punika kangge nglestantunaken, nguri-uri saha
ngrembakakaken warisan basa lan budaya Jawi ingkang ageng punika
dhateng para pamaos lan sutresna basa lan budaya Jawi.
E. Panandhesing Tetembungan
Supados gampil anggenipun mahami skripsi punika pramila
panandhesing tetembungan ingkang prelu dipunjlentrehaken ing antawisipun
kados ingkang kaserat ing ngandhap punika:
1. Analisis
Wonten ing buku Tesaurus Bahasa Indonesia, tembung analisis
punika nggadhahi teges inggih punika penguraian, penjabaran.
Wonten ing salebeting linguistik, analilis inggih punika kajian
ingkang dipunlampahi tumrap sawijining basa kangge dipunteliti struktur
6
basanipun kanthi langkung jangkep. Ingkang badhe kalampahan ing
panaliten punika inggih punika analisis bab wuwuhan basa Jawi ing tuturan
logat Pemalang.
2. Wuwuhan
Wuwuhan punika ing linguistik asring dipunwastani afiksasi, dene
ing basa Jawi punika dipun wastani wuwuhan. Miturut Chaer, (2003:177)
“Afiksasi adalah proses pembubuhan afiks pada sebuah dasar atau bentuk
dasar”. Lajeng ingkang dipunwastani afiks inggih punika morfem terikat
ingkang asring dipunwuwuhaken ing tembung lingga. Ing Kamus Besar
Bahasa Indonesia dipunjlentrehaken bilih “Afiks adalah bentuk terikat jika
ditambahkan pada kata dasar akan mengubah makna gramatikal (prefiks,
sufiks, infiks, dan konfiks)”.
Heru (1987:49), ngandharaken bilih “Afiksasi ialah proses
bergabungnya afiks pada morfem dasar. Proses penggabungan afiks pada
morfem dasar akan menghasilkan kata kompleks yang berwujud kata Jadian
yang sebenarnya”.
Miturut Samsuri (1994:190) “afiks ada 3 macam, yaitu awalan,
sisipan, dan akhiran”. Ing basa Jawi piyambak afiks punika wujudipun ater-
ater (prefiks: wuwuhan ingkang manggen ing sangajenging tembung
lingga), panambang (sufiks: wuwuhan ingkang manggen ing
sawingkingipun tembung lingga), seselan (infiks: wuwuhan ingkang
7
manggen ing satengahing tembung lingga), rerangkep (konfiks: wuwuhan
gabungan antawis ater-ater, lan panambang).
3. Tuturan
Tuturan inggih punika ujaran salah sawijining manungsa satunggal
kaliyan manungsa sanesipun minangka komunikasi, tukar informasi, pesen
ingkang arupi gagasan, ancasipun, pamikiranipun, pangraos, utawi
emosinipun kanthi cara langsung awujud pacelathon utawi gineman.
Tuturan punika saged kadadosan ing papan utawi panggenan ing pundi
kemawon, kados dene ing salebeting kaluwarga, masyarakat, sekolahan, lan
sapanunggalanipun.
4. Logat
Ing Kamus Lengkap Bahasa Indonesia dipunjlentrehaken bilih “logat
adalah ciri khas kata atau pembicaraan masyarakat tertentu, dialek”.
Saking panulusuran ing internet dipunpanggihi bilih pangertosan
“logat adalah alunan nada yang dimiliki oleh masing-masing orang sesuai
asal daerah mereka sendiri-sendiri” (id.wikipedia.org/wiki/logat). Logat
punika asring dipunwastani dialek, lan dialek punika wonten amargi
bentenipun papan geografis, sosial, ekonomi, lan pindhahipun pendhudhuk
ing dhaerah-dhaerah tertamtu, saengga kahanan-kahanan ingkang makaten
ndadosaken pangucapan nada ing tetembunganipun benten ugi.
Miturut Ayatrohaedi (1979:2) ingkang methik saking bukunipun
(Meillet, 1967:69) “Ada dua ciri yang dimiliki dialek, yaitu (1) dialek
8
adalah separangkat bentuk ujaran setempat yang berbeda-beda, yang
memiliki ciri-ciri umum dan masing-masing lebh mirip sesamanya
dibamdingkan dengan bentuk ujaran lain dari bahasa yang sama, dan (2)
dialek tidak harus mengambil semua bentuk ujaran dari sebuah bahasa.”
5. Dhusun Parunggalih
Ingkang dados objek panaliten punika inggih punika tuturan logat
Pemalang ing Dhusun Parunggalih. Dhusun Parungglih punika salah
satunggaling dhusun ingkang wonten ing Kecamatan Bodeh Kabupaten
Pemalang. Dhusun Parunggalih punika manggen ing sisih kidul Kecamatan
Bodeh, ingkang kaapit kaliyan wana jati ing sakiwatengenipun. Jarak
tempuh saking margi pantura kiranglangkung antawis satunggal ngantos
setunggal setengah jam supados saged tumuju ing Dhusun punika amargi
kahanan geografisipun saha fasilitas marginipun kirang mranani. Dhusun
ingkang setunggal punika kalebet Dhusun ingkang terpencil, tebih saking
kitha lan ugi tebih saking Dhusun-dhusun ingkang sanesipun.
F. Metodhe Panaliten
Panaliten punika badhe manggihi lan njlentrehaken bab morfologi
basa Jawi khususipun ing bab wuwuhan basa utawi afiks. Metode panaliten
ingkang dipun-ginakaken wonten ing salebeting panaliten punika ngginakaken
metode panaliten kualitatif ingkang boten ngginakaken angka-angka nalika
ngolah datanipun.
9
1. Metode Deskripsi Data
Kanthi metodhe punika samangke badhe dipunkempalaken lan
dipunserat sedaya data-data empiris ingkang arupi kasunyatan-kasunyatan
pangginaan imbuhan basa Jawi ing papan panaliten punika ingkang
samangke badhe dipun-analisis. Data ingkang dipunkempalaken inggih
punika arupi tetembungan utawi ukara-ukara.
2. Sumber Data lan Data
Miturut Moleong, (2007:157) ingkang methik saking bukunipun
(Lofland dan Lofland, 1984:47), nerangaken bilih Sumber data utama
dalam penelitian kualitatif ialah kata-kata, dan tindakan, selebihnya adalah
data tambahan seperti dokumen dan lain-lain. Minangka dados sumber data
ing panaliten punika dipunpundhut saking para bebrayan ingkang
ngginakaken basa Jawi tuturan logat Pemalang, panaliti mundhut
satunggaling Dhusun inggih punika Dhusun Parunggalih ingkang wonten
ing Kecamatan Bodeh Kabupaten Pemalang.
Salajengipun minangka dados datanipun inggih punika saking
cathetan lapangan, rekaman tape, ngengingi tuturan tetembungan ingkang
dipun-ginakaken kangge gineman ing padintenan masyaraket dhusun
punika. Sedaya data-data kala wau dipunpundhut nalika panaliten punika
nglampahi panaliten ing panggenan inggih punika Dhusun Parunggalih.
3. Teknik Pangempaling Data
Sedaya bebrayan ingkang wonten ing Dhusun Parunggalih punika
sajatosipun saged dipundadosaken minangka objek ing panliten punika,
10
ananging badhe dipunpundhut saking pinten-pinten populasinipun. Populasi
adalah wilayah generalisasi yang terdiri atas; obyek/subyek yang
mempunyai kuantitas dan karakteristik tertentu yang ditetapkan oleh
peneliti untuk dipelajari dan kemudian ditarik kesimpulannya (Sugiyono,
2006:55).
Salajengipun saking populasi punika dipunpundhut sampel ingkang
dados objek baku ing panaliten punika. Miturut Sugiyono (2006:56)“Sampel
adalah sebagian dari jimlah dan karakteristik yang dimiliki populasi
tersebut”. Sampel punika dipunpundhut saking sedaya wilayah lan
dipunpilah miturut cacah RT lan RW, supados saged kapundhut sampel
ingkang rata. Teknik sampling ingkang dipun-ginakaken inggih punika
teknik nonprobability sampling, teknik punika boten maringi
peluang/kasempatan dhateng para unsur utawi anggota populasi kangge
dipunpilih minangka sampel (Sugiyono, 2006:60).
Tenik nonprobability sampling punika kaperang dados enem jinis,
kadosta sampling sistematis, sampling kuota, sampling aksidental, sampling
purposive, sampling jenuh, lan snowball sampling. Saking enem jinis teknik
sampling nonprobability ing nginggil punika namung satunggal teknik
kemawon ingkang badhe dipun-ginakaken minangka dados teknik
pangempaling data inggih punika teknik sampling aksidental. Teknik
aksidental punika dipun-ginakaken amargi teknik panentuning sampel
punika andhedhasar kebetulan, inggih punika sinten kemawon ingkang
11
kapethuk dening panaliti saged dipun-ginakaken minangka sampel panaliten
menawi dipuntingali cocok minangka sumber data (Sugiyono, 2006:60).
Salajengipun nalika panaliti ngempalaken data, teknik pangempaling
data ing salebeting teknik aksidental sampling ingkang dipun-ginakaken
panaliti inggih punika kadosta mirengaken/nyemak, ngrekam, lan
panyeratan. Teknik mirengaken/nyemak lan ngrekam punika dipunlampahi
amargi datanipun boten arupi tulisan ananging data ingkang wonten inggih
punika arupi tuturan utawi pacelathon ing padintenan masyarakat dhusun
Parunggalih punika.
Nalika mirengaken/nyemak utawi ngrekam tuturanipun masyarakat
ing panggenan kedah dipunsiapaken ugi sedaya piranti ingkang
dipunprelokaken kadosta buku cathetan lan alat tulis, alat rekam ingkang
samangke badhe dipun-ginakaken kangge ngoreksi lan nganalisis data saha
informasi ingkang sampun dipunpundhut saking panaliten punika kanthi
cara dipunserat ing lembar data.
Dene data ing panaliten punika dipunpundhut kanthi ngginakaken
pinten-pinten teknik , antawisipun inggih punika:
a) Teknik Simak bebas Libat Cakap
Teknik punika kaginakaken dening panaliten, amargi nalika
ngempalaken data panaliti punika boten terlibat ing pacelathon,
inversial, utawi imbal balik bicara (Sudaryanto, 1993:134). Dados ing
salebeting teknik punika panaliti namung nyemak pacelathon-
pacelathon saking para panutur minangka objek.
12
b) Teknik Rekam
Salajengipun inggih punika teknik rekam, kaginakaken dening
panaliten minangka lanjutan saking teknik nyemak. Data ingkang
samangke dipunrekam inggih punika data ingkang awujud tuturan
saking pacelathon para panutur ingkang ngandhut wuwuhan basa.
Piranti ingkang dipun-ginakaken kangge ngempalaken data ing
salebeting teknik rekam punika arupi tape recorder lan pita kasetipun.
c) Teknik Catat
Ingkang pungkasan inggih punika teknik catat, kaginakaken
dening panaliten minangka salah satunggaling cara kangge transkripsi
data. Sasampunipun ngrekam, saged ugi dipunlampahi pencatatan data
ing kartu data ingkang samangke dipunlajengaken kaliyan milah-milah
data (Sudaryanto, 1993:135).
4. Analisis Data
Sasampunikun panaliten punika pikantuk data salajengipun sedaya
data-data punika badhe dipunanalisis. Moleong (2007:280) ngudharaken
bilih analisis data adalah proses mengorganisasikan dan mengurutkan data
kee dalam pola, kategori, dan satuan uraian dasar sehingga dapat
ditemukan tema dan dapat dirumuskan hipotesis kerja seperti yang
disarankan oleh data. Dene teknik punika dipunlampahi kangge manggihi,
njlentrehaken, mangertosi lan mahami wujud wuwuhan basa Jawi saking
data ingkang sampun dipunpundhut nalika nglampahi panaliten. Pramila
13
sedaya data ingkang sampun dipun pundhut arupi tetembungan punika
salajengipun dipun-analisis, kadosta milah-milah data lan ngklarifikasi data
miturut kabetahanipun.
Dene langkah-langkah ingkang badhe dipuntindakaken ing
salebeting nganalisis data ing antawisipun:
a) Ingkang kaping satunggal inggih punika ngklarifikasi sedaya data-data
ingkang wonten ing kartu data. Ingkang dipunklarifikasi tamtunipun
tetembungan ingkang nggadhahi wuwuhan basa.
No. Ukara Tembung angsal
wuwuhan
Jinis
wuwuhan
-
-
-
-
-
-
b) Data ingkang kalebet angsal wuwuhan basa punika salajengipun
dipunanalisis saking wujud, jinis lan tatarakiting wuwuhanipun.
14
5. Tahap Penyajian Asil Panaliten
Tahap salajengipun inggih punika nyajikaken data ingkang sampun
dipunanalisis. Penyajian punika arupi paparan ngenani wujud wuwuhan
basa lan fungsi wuwuhan ingkang dipunginakaken wonten ing salebeting
tuturan basa Jawi logat Pemalang ing Dhusun Parunggalih, Kecamatan
Bodeh Kabupaten Pemalang. Paparan punika salajengipun dipunsajekaken
kanthi deskripsikaken data ingkang awujud tetembungan utawi ukara-ukara
ingkang pikantuk wuwuhan basa.
G. Tata Rakiting Panyeratan Skripsi
Supados langkung gampil anggenipun maos skripsi punika, pramila
badhe kaandharaken tata rakiting panyeratan kados makaten:
Minangka dados purwakaning seratan kajlentrehaken ing bab I. bab
punika isipun kadosta: landhesan pamilihing irah-irahan, salajengipun
dipunjlentrehaken momotaning prekawis, ancasing panaliten,
dipunjlentrehaken ugi mupangating panaliten, panandhesing tetembungan,
landhesaning teori, metodhe panaliten, lan tata rakiting panyeratan skripsi.
Kangge medharaken momotaning prakawis, panyerat punika
ngginakaken saperaning teori. Lajeng andharanipun kawiwitan saking
landhesaning teori, medharaken imbuhan lan logat miturut para ahlinipun,
sedaya badhe kaemot ing bab II punika.
15
Dene ing bab III punika badhe ngandharaken wujud panaliten
antawisipun deskripsi data, kasil saking analisis data, wujud saking imbuhan
basa Jawi.
Skripsi punika badhe katutup ing bab IV inggih punika kanthi dudutan
lan pamrayogi, dipun jangkepi ugi kapustakan.
16
BAB II
LANDHESANING TEORI
Wiwit taun-taun ingkang sampun kepungkur panaliten ngengingi bab basa
sampun kathah dipunlampahi dening para panaliten ingkang minat lan mumpuni
ing bab ilmu basa punika. Panaliten ing bab basa punika ugi kathah dipunlampahi
dening para mahasisiwa saking jurusan Sarjana basa minangka kangge mungkasi
tugas perkuliahan inggih damel skripsi.
Basa punika minangka piranti sesambetan lan ugi interaksi, sesambetang
ing ngriki inggih punika maringaken pesen saking panutur dhateng mitra tutur.
Nalika komunikasi kaliyan bebrayan sanesipun wonten pinten-pinten kaprigelan
basa ingkang kedah dipunkuwaosi dening sinten kemawon. Kaprigelan basa
punika kaperang dados sekawan, inggih punika kaprigelan nyemak, kaprigelan
micara, kaprigelan maos, lan ingkang pungkasan inggih punika kaprigelan nyerat.
Menawi sekawan kaprigelan punika saged dipunkuwaosi, pramila setunggal
tiyang punika samangke badhe gampil anggenipun komunikasi utawi tukar
informasi kaliyan bebrayan sanesipun wonten ing papan pundi kemawon.
Salajengipun basa ingkang dipun-ginakaken minangka piranti komunikasi
ing padintenan punika nggadhahi daya tarik piyambak kangge dipunteliti saking
struktur basanipun. Struktur basa ingkang dipunmaksud inggih saged dipunteliti
saking struktur fonologi, morfologi, sintaksis, semantik, pragmatik, lan
sosiolinguistik. Dene panaliten punika badhe neliti bab basa inggih punika saking
struktur morfologi. Salajengipun basa ingkang dados objek lan sumber panaliten
17
punika inggih punika basa Jawi tuturan logat Pemalang, ingkang badhe dipunteliti
saking proses morfologisipun inggih punika ngengingi bab wuwuhan utawi
ingkang asring dipunwastani afiksasi.
Morfologi inggih punika bagian gramatikal ingkang ngrembag tata
rakiting saking wujud tembung, sarta pengaruh ewahipun wujud tumrap fungsi
lan arti (Kawi, 1980:23). Dene morfologi punika kalebet ing salah satunggaling
struktur ilmu basa inggih punika ingkang nyinau babagan tatarakiting
tetembungan. Dipunjlentrehaken dening Heru, (1987:11 ) “Morfologi ialah suatu
disiplin ilmu atau cabang ilmu bahasa yang khusus mempelajari tentang morfem,
dan susunan maupun bentuk kata”. Wonten ing salebeting bab morfologi basa
punika wonten pinten-pinten proses ingkang dipunwastani kaliyan proses
morfologis. Prelu dipunmangertosi bilih proses morfologis inggih punika salah
satunggaling proses ewahipun wujud tembung lingga utawi morfem dasar dados
wujud tembung andhahan (Heru, 1987:11). Salajengipun proses morfologis
limrahipun kaperang dados tiga, ing antawisipun inggih punika afiksasi,
reduplikasi, lan kompoisisi. Sasanesipun afiksasi, reduplikasi lan komposisi
wonten malih satunggal proses morfologis inggih punika proses morfofonemik,
inggih punika ewahipun unining swara (fonem) amargi gathukipun tembung
lingga kaliyan wuwuhan. Ing panaliten punika namung badhe ngrembag
salahsetunggal saking tigang proses morfologis wau inggih punika bab afiksasi.
Tembung afiksasi ing basa Jawi nggadhahi nami piyambak inggih punika ingkang
asring dipunwastani wuwuhan.
18
Afiksasi punika asalipun saking tembung afiks, ing Kamus Besar Bahasa
Indonesia dipunjlentrehaken bilih “Afiks adalah bentuk terikat jika ditambahkan
pada kata dasar akan mengubah makna gramatikal (prefiks, sufiks, infiks,
konfiks)”. Salajengipun Chaer (2003:177) nerangaken bilih “Afiksasi adalah
proses pembubuhan afiks pada sebuah dasar atau bentuk dasar”.
Afiksasi punika kalebet ing proses morfologis ingkang kadadosan saking
tembung lingga ingkang gathuk kaliyan wuwuhan, dene wuwuhan punika saged
arupi ater-ater, panambang, seselan lan saged ugi rerangkep antawis ater-ater
kaliyan panambang.
A. Wuwuhan
Wuwuhan punika kalebet salah satunggaling saking pinten-pinten
proses morfologis ingkang wonten ing salabeting ilmu basa ingkang asring
dipunwastani afiksasi. Teori-teori ingkang ngrembag bab wuwuhan punika
saged dipunpanggihi wonten ing bab linguistik, inggih punika saking struktur
morfologi. Heru (1987:11) ngandharaken bilih “Morfologi ialah suatu
disiplin ilmu atau cabang ilmu bahasa yang khusus mempelajari tentang
morfem, dan susunan maupun bentuk kata”.
Salajengipun wonten ing salebeting struktur morfologi punika wonten
proses morfologis. Saderengipun kedah dipunmangertosi rumiyin punapa
ingkang dipunwastani kaliyan proses morfologis. Heru, (1987:11)
ngandharaken bilih proses morfologis inggih punika salah satunggaling
19
proses ewahipun wujud tembung lingga utawi morfem dasar dados wujud
kata jadian utawi tembung andhahan. Ngengingi bab punika wonten pinten-
pinten proses morfologis ingkang dipunkaji, kados dene afiksasi, reduplikasi,
lan komposisi.
Afiksasi inggih punika proses maringi wuwuhan awalan, akhiran, lan
sisipan. Miturut Baribin (2005:80) ingkang methik saking bukunipun Ramlan
(1983:55) kajlentrehaken bilih “reduplikasi adalah proses pengulangan
satuan gramatik, baik seluruhnya maupun sebagian, baik variasi fonem
maupun tidak”.. Salajengipun komposisi inggih punika proses nggathukaken
morfem dasar kaliyan morfem sanesipun. Sasanesipun tigang proses punika
taksih wonten malih proses morfologis inggih punika morfofonemik.
Morfofonemik inggih punika proses ingkang ngremgan babagan ewahipun
unining swara. Ing panaliten punika namung badhe ngrembag salah
satunggaling saking proses morfologis inggih punika ing babagan afiksasi.
Afiksasi punika kadadosan saking tembung lingga “afiks”,
dipunjlentrehaken ing Kamus Besar Bahasa Indonesia bilih “Afiks adalah
bentuk terikat jika ditambahkan pada kata dasar akan mengubah makna
gramatikal (prefiks, sufiks, infiks, dan konfiks)”. Kathah teori-teori ingkang
ngudharaken proses morfologis mliginipun ing bab afiksasi utawi wuwuhan
punika, kadosta Chaer (2003:177) nerangaken bilih “afiksasi adalah proses
pembubuhan afiks pada sebuah dasar atau bentuk dasar. Salajengipun teori
ngengingi bab afiksasi ugi dipunjlentrehaken dening Heru, (1987:49) bilih
Afiksasi ialah proses bergabungnya afiks pada morfem dasar. Proses
20
penggabungan afiks pada morfem dasar akan menghasilkan kata kompleks
yang berwujud kata Jadian yang sebenarnya. Dados saged dipunpendhet
kasimpulan bilih sejatosipun afiksasi utawi wuwuhan punika ilmu ingkang
nyinaoni bab tatarakiting tembung lingga ingkang gathuk kaliyan wujud
wuwuhan antawisipun ater-ater, seselan, panambang, lan rerangkep utawi
campuran antawis ater-ater lan panambang.
Miturut Chaer (2003:151), “morfem bebas adalah morfem yang tanpa
kehadiran morfem lain dapat muncul dalam pertuturan”. Tuladhanipun
kadosta: adus, bali, omah, sapu, tuku, lan sapanunggalanipun. Dados tanpa
mbetahaken morfem ingkang sanesipun, morfem bebas punika sampun saged
dipun-ginakaken lan nggadhahi makna utawi arti. Salajengipun menawi
morfem terikat inggih punika wangsulanipun saking morfem bebas, kados
ingkang sampun kajlentrehaken dening Chaer (2003:152), bilih “morfem
terikat adalah morfem yang tanpa digabung dulu dengan morfem lain tidak
dapat muncul dalam pertuturan”. Dene menawi morfem terikat punika
mbetahaken morfem sanesipun supados saged dipun-ginakaken lang
nggadhahi makna piyambak.
B. Jinis lan Wujud Wuwuhan
Sampun dipunjlentrehaken saderengipun ngengingi bab wuwuhan
utawi afiksasi, salajengipun ingkang badhe dipunjlentrehaken inggih punika
jinis-jinising wuwuhan mliginipun wuwuhan ing basa Jawi. limrahipun
21
afiksasi utawi wuwuhan punika kaperang dados sekawan, inggih punika
prefiks, sufiks, infiks, lan konfiks. Dene miturut Samsuri (1994:190) “afiks
punika kaperang dados tigang jinis, inggih punika awalan, sisipan, dan
akhiran”. Kados ing basa Jawi ugi nggadhahi afiks antawisipun inggih
punika ater-ater, seselan, panambang.
Saderengipun mlampah ing bab jinis lan wujud wuwuhan, ing ngriki
badhe dipunjlentrehaken babagan tembung. Tembung inggih punika
kumpulane wanda utawi suku kata ingkang nggadhahi teges. Menawi
tembung ingkang namung nggadhahi satunggal wanda punika dipunwastani
kaliyan tembung wod. Menawi tembung lingga (kata dasar) inggih punika
tetembungan ingkang dereng owah saking tembung asalipun, dereng
dipunwuwuhui wuwuhan punapa kemawon. Salajengipun tembung lingga
punika menawi sampun pikantuk wuwuhan utawi afiks punika asring
dipunwastani tembung andhahan utawi lingga andhahan. Tembung andhahan
(kata jadian) punika tembung ingkang sampun owah saking tembung
asalipun kanti dipunwuwuhi ater-ater, seselan, lan panambang. Tembung
andhahan punika tembung lingga ingkang sampun dipunrimbag, inggih
punika dipunsukani ater-ater, seselan, panambang (Harjawiyana, 2001:27).
Proses maringi wuwuhan utawi afiksasi piyambak kaperang dados sekawan
jinis, sekawan jinis afiksasi ing basa Jawi antawisipun inggih punika: 1). ater-
ater (prefiks), 2). panambang (sufiks), 3). seselan (infiks), lan 4). rerangkep
utawi campuran antawis ater-ater lan panambang (konfiks).
22
Awalan inggih punika wujud saking wuwuhan ingkang manggenipun
ing sangajenging tembung lingga, wonten ing linguistik punika dipunwastani
prefiks lan basa Jawi awalan punika dipunwastani ater-ater. Dene sisipan
inggih punika wujud saking wuwuhan ingkang manggen ing satengah-
tengahing tembung lingga, ing linguistik punika dipunwastani infiks lan ing
basa Jawi piyambak dipunwastani seselan. Salajengipun akhiran punika
wujud saking wuwuhan ingkang manggen ing sawinggkingipun utawi ing
punakasaning tembung, wonten ing linguistik punika dipunwastani sufiks lan
ing basa Jawi dipunwastani panambang. Sasanesipun ater-ater, seselan, lan
panambang punika wonten setunggal malih wuwuhan ingkang dereng
kasebataken inggih punika rerangkep. Dene rerangkep inggih punika wujud
wuwuhan gabungan utawi campuran antawis wuwuhan ater-ater kaliyan
wuwuhan panambang. Rerangkep wonten ing ilmu linguistik asring
dipunwastani konfiks. Salajengipun ing ngandhap punika samangke badhe
dipunandharaken wujud wuwuhan-wuwuhan ingkang wonten lan dipun-
ginakaken ing basa Jawi.
Salajengipun ngengingi bab wuwuhan, dipunpanggihi bilih wujud
wuwuhan basa Jawi kapilah wonten ing ater-ater, panambang, seselan, lan
rerangkep. Jinis, wujud lan cacahipun wuwuhan basa Jawi baku punika saged
dipunpirsani tabel ing ngandhap punika.
23
Tabel jinis lan wujud wuwuhan basa Jawi baku.
Ater-ater Panambang Seselan Rerangkep
Tripurusa Hanuswara Sanesipun
Dak-/tak-
Kok-
di-
N-
Ny-
aN-
m-
ng-
Ka-
Ke-
Sa-
Pa-
Pi-
Pra-
Tar-
Kuma-
Kapi-
a-
ma-
pan-
pam-
pang-
-i
-ake
-en
-e
-a
-ana
-na
-an
-ane
-um-
-in-
-el-
-er-
Ka-/-an
-in-/-an
Ke-/-an
Ke-/-en
paN-/-an
pa-/-an
pi-/-an
pra-/-an
tak-/-ane
tak-/-ke
tak-/-e
kami-/-en
sa-/-e
Tabel ing nginggil punika inggih ptnuika jinis lan wujud wuwuhan basa
Jawi baku, mliginipun kangge wuwuhan ater-ater punika kaperang dados
tigang jinis inggih punika ater-ater tripurusa, hanuswara, lan ater-ater
sanesipun.
24
1. Ater-ater
Sampun dipunandharaken bilih ater-ater punika ing ilmu linguistik
dipunwastani prefiks, inggih punika wujud wuwuhan ingkang manggen ing
sangajengipun tembung lingga. Ater-ater punika nggadhahi pinten-pinten
jinis, kados ing basa Jawi piyambak wujud saking ater-ater kaperang dados
tiga inggih punika ater-ater tripurusa, ater-ater hanuswara, lan ater-ater
sanesipun.
a. Ater-ater Tripurusa
Ater-ater tripurusa inggih punika wujudipun kaperang dados tiga,
inggih punika:
1). dak-/tak- punika orang pertama, tuladha: dak- + pangan =
dakpangan.
2). kok- punika orang kedua, tuladha: kok- + jupuk = kokjupuk.
3). di- punika orang ketiga, tuladha: di- + goreng = digoreng.
b. Ater-ater Hanuswara
Ater-ater hanuswara punika swara irung wujudipun kaperang
dados sekawan, inggih punika:
1). m- (m + bathik = mbathik)
2). n- (n + tugel = nugel)
3). ng- (ng + kethok = ngethok)
4). ny- (ny + cuwil = nyuwil)
25
Tembung lingga ingkang pikantuk ater-ater pan (ny), pam, lan
pang punika dipunanggep tembung aran, tuladha: pan- + colot =
pancolot, pam- + baling =pambalang, pang- + gedhe = panggedhe.
c. Ater-ater sanesipun
Ater-ater sanesipun wujudipun kados ingkang kaserat ing
ngandhap punika:
1) Ka- lan ke-, tembung kang oleh ater-ater “ka-“ lan “ke-“ inggih
punika:
a) Ater-ater ka-, rimbagipun name tanggap ka lan dipun-ginakaken
namung ing seratan kemawon boten dipunucapaken. Tuladha:
ka- + jupuk = kajupuk, ka- + dudut = kadudut, lsp.
b) Ater-ater ke-, tegesipun mratelakaken kahanan lan nggadhahi
teges boten dipunjarag. Tuladha: ke- + abur = kabur, ke- + iris
= kiris, ke- + etang = ketang, ke- + liru = kliru, ke- + rungu =
krungu, lsp.
2) Sa- , tegesipun ater-ater “sa-“ kadosta:
a). Siji: sa- + tus = satus, sa- + rupiyah = sarupiyah, sa- + liter =
saliter, sa- + meter = sameter.
b). Sabarang: sa- + karep + -e = sakarepe, sa- + prentah + -e =
saprentahe, sa- + payu + -ne = sapayune.
c). Kabeh: (wong) sa- + desa = sadesa, sa- + jagad = sajagad, sa- +
nagara = sanagara, sa- + omah = saomah.
26
d). Nunggal: sa- + kamar = sakamar, sa- + bangsa = sabangsa, sa- +
kreta = sakreta, sa- + kelas = sakelas.
e). Padha: sa- + gunung = sagunung, sa- + krambil = sakrambil, sa-
+ gajah = sagajah.
f). Nganti: sa- + entek + -e = saenteke, sa- + tangi + -ne = satangine,
sa- + wareg + -e = sawarege, sa- + mateng + -e = samatenge.
g). Karo/dalah: sa- + isi + -ne = saisine, sa- + anak + -e = saanake,
sa- + lapak + -e = salapake.
h). Sawise/bareng: sa- + ulih + -e = saulihe, sa- + pati + -ne =
sapatine, sa- + bubar + -e = sabubare, sa- + teka + -ne =
satekane.
i). Saben/siji-sijine: sa- + kilo + -ne = sakilone, sa- + liter + -e =
salitere, sa- + taker + -e = satakere, sa- + sasi + -ne = sasasine.
3) Pa- , tegesipun ater-ater “pa-“ kadosta:
a). Nggumathokaken tembung aran: pe- + nget = penget, pa- + lilah
= palilah, lsp.
b). Sarana nindakaken pakaryan: pa- + tuku = patuku, pa- +
sumbang = pasumbang, lsp.
c). Nindakaken pakaryan: padang, pangon, pasindhen.
d). Dadi lesane kriya: pa- + suguh = pasuguh, pa- + weweh =
paweweh, lsp.
e). Wektu: panen, pageblug, paceklik.
f). Ukuran: pa- + rangkul = parangkul.
27
g). Lelakon kang kasebut ing babad: Pacina, Pagiyanti, Paregreg.
4) Pi-, tegesipun ater-ater ‘pi” kadosta:
a). Ndadosaken tembung ingkang langkung bregas: pi- + wales =
piwales, pi- + sowan = pisowan, pi- + sungsung = pisungsung.
b). Sarana: pi- + tulung = pitulung, pi- + rukun = pirukun, lsp.
5) Pra-, tegesipun ater-ater “pra-” kadosta:
a). Dadi tembung aran/wong ingkang nindakaken pakaryan: prajurit,
pradata.
b). Kadadean utawi lwsanipun kriya ingkang medal saking
lingganipun: pra- + tandha = pratandha, pra- + janji = prajanji.
c). Sami kaliyan lingganipun, ananging langkung bregas: pra- sasat =
prasasat, pra- + nyata = pranyata, pra- + yitna = prayitna, lsp.
6). Tar-, tegesipun ater-ater “tar-” inggih punika sami kaliyan
lingganipun, ananging pakecapanipun langkung ngrengreng utawi
bregas: tar- + tamtu = tartamtu, tar- + kadhang = tarkadhang, tar-
+ buka = tarbuka.
7). Kuma-/kami- lan kapi-, tegesipun ater-ater kuma- kadosta:
a) panganggepipun kados: kuma- + ratu = kumaratu, kuma- + wani
= kumawani, kuma- + landa = kumalanda.
b) Ambek: kumawasis. Banget: kamigilan, kamikakon.
c) Klayu banget: kapiadreng, kapilayu. Kaluyu (kasengsem):
kapiluyu.
28
8). a- lan ma- tegesipun ater-ater a- inggih punika trapipun wonten ing
tembung ingkang dipunater-ateri terkadhang dikanthepi aksara
irune (hanuswara), terkadhang boten. Tuladha: nandhakaken
kahanan kadosta a- + bang = abang, a- + keh = akeh, a- + doh =
adoh. Nandhakaken tumindak kadosta ma- + laku = malaku, ma- +
lebu = malebu, lsp.
9). Pan- (ny), pam-, lan pang- tegesipun tembunglingga ingkang
pikantuk ater-ater kasebut inggih punik dipunanggep dados
tembung aran: pan- + tiyung = pantiyung, pan- + colot = pancolot,
pam- + balang = pambalang, pang- + gedhe = panggedhe.
2. Seselan
Dene seselan inggih punika wuwuhan ingkang kawuwuhakwn ing
satengahing tembung lingga. Seselan punika wonten sekawan, wujudipun
inggih punika:
a. -um-, tegesipun seselan –um- inggih punika:
1) Nindakaken pagawean (mratelakaken solah): tandang + -um- =
tumandang, saur + -um- = sumaur, guyu + -um- = gumuyu.
2) Taksih sedheng-sedhenge: rujak + -um- = kumujak, lsp.
3) Duwe panganggep: pinter + -um- + kuminter, gedhe + -um- =
gumedhe, bagus + -um- = gumagus.
4) Uninipun kados lingganipun: jegur + -um- = jumegur, gludhug + -um-
= gumludhug.
29
5) Dados tembung aran: titah + -um- = tumitah, kuning + -um-
kumuning, dadi + -um- = dumadi.
6) Dados tembung karma ingkang langkung bregas: riyin + -um- =
rumiyin, dugi + -um- = dumugi.
b. -in-, tegesipun seselan –in- inggih punika:
1) Sami kaliyan tembung ingkang pikantuk ater-ater “ka-“ utawi “di-“:
tinulis = katulis = ditulis.
2) Sami kalian lingganipun, ananging langkung bregas: sekti + -in- =
sinekti, pandhita + -in- = pinandhita, satriya + -in- = sinatriya.
3) Sami kaliyan tembung ingkang pikantuk ater-ater “ke-“: pinanggih =
kepanggih, linuwih = keluwih.
c. -el- lan –er-, tegesipun seselan –el- lan –er- inggih punika:
1) Kathah: pating brangkang, pating gramang, pating sliri.
2) Ambal-ambalan: pating tlethok, pating glerit, pating krekot.
3) Nyrambahi: pating trambal, pating cruwil, pating dlemok.
4) Alon-alonan: pating dlewer, pating gremet, pating greges, pating
klembreh.
3. Panambang
Panambang inggih punika wuwuhan ingkang kawuwuhaken wonten
ing sawingkingipun tembung lingga. Panambang ing basa Jawi punika
wujudipun kadosta:
a) –i, tegesipun panambang –i inggih punika:
30
1) Panambang –i menawi karakitaken tembung tanduk rimbagipun
tanduk –i kriya.
2) Menawi karakitaken kaliyan tembung tanggap tripurusa,
rimbagipun aran tanggap purusa –i kriya.
3) Menawi karakitaken –in- sawingkingipun tanggap ka- lan tanggap
–na, ewah dados –an.
b) -ake (-aken), tegesipun panambang –ake/-aken inggih punika:
1) Limrah menawi ing sawingkingipun ingkang wandanipun wekasan
sigeg, tuladha: m- + balang + -ake = mbalangake, n- + tambal + -
ake = nambalake, ng- + olah + -ake = ngolahake, lsp.
2) Menawi wanda wekasan sigeg n, aksara n owah dados k. Tuladha:
n- + takon + -ake = nakokake, n- + dandan + -ake = ndandakake, n-
jajan + -ake = njajakake, lsp.
3) Menawi wanda wekasan menga ( boten sigeg), wanda menga
kasigeg ka langkung rumiyin. Tuladha: nglalikake, nurokake,
mbalekake, lsp.
c) –en, tegesipun panambang en- inggih punika:
1) Rimbag guna, lingga + -en. Panandhang utwai kahanan ingkang
boten ngremenaken, tuladha: panu + -en = panunen, borok + -en =
boroken, gudhig + -en = gudhigen, lsp.
2) Rimbag adiguna, ke- + lingga + -en. Keladuk utawi nglangkungi
ukuran, tuladha: ke- + dhuwur + -en = kedhuwuren, ke- + putih + -
en = keputihen, ke- + gedhe + -en = kegedhen, lsp.
31
3) Rimbag hagnya (pakon) tanggap, lingga (tembung kriya) + -en.
Tuladha: garap + -en = garapen, tulis + -en = tulisen, omben + -en
= ombenen, gawa + -en = gawanen, lsp.
d) –a, tegesipun panambang –a inggih punika:
1) Rimbag hagnya tanduk, tembung tanduk + -a. tuladha: nulis = -a =
nulisa, nggambar + -a = nggambara, mangan + -a = mangana, lsp.
2) Rimbag sabawa, lingga + -a. tuladha: udan + -a = udana, duwe + -
a = duwea, jupuk + -a = jupuka, lsp.
e) –ana, tegesipun panambang –ana inggih punika:
1) Rimbag hagnya tanduk i kriya, tuladha: nulis + -ana = nulisana,
nggambar + -ana = nggambarana, nggawa + -ana = nggawanana.
2) Rimbag hagnya tanggap i kriya, tuladha: tulis + -ana = tulisana,
gambar + -ana = gambarana, gawa + -ana = gawanana.
f) –an, tegesipun panambang –an inggih punika:
1) Dados lesaning kriya: gawa + -an = gawan, pangan + -an =
panganan, sumbang + -an = sumbangan, lsp.
2) Memper utawitetiron: gunging + -an = gunungan, jaran + -an =
jaranan, pitik + -an = pitikan, bedhil + -an = bedhilan, lsp.
3) Panggenan: wedhi + -an = wedhen, krakal + -an = krakalan,
pandhe + -an = pandhean, alang-alang + -an = alang-alangan.
4) Piranti: semprit = -an = sempritan, ubub + -an = ububan.
5) Genti-genti: jotos + -an = jotosan, bithi + -an = bithen, tempiling =
-an = tempilingan, lsp.
32
6) Kadunungan sifat/watak: lali + -an = lalen, aling + -an = elingan,
wegah + -an = wegahan, isin + -an = isinan, jeleh + -an = jelehan.
7) Kangge sedhiyan: beleh + -an = belehan, tunggang + -an =
tunggangan, pamer + -an = pameran, jaluk + -an = jalukan.
8) Nganggo/ngetrapaken: kudhung + -an = kudhungan, klambi + -an
= klamben, paying + -an = payungan, slendhang + -an =
slendhangan.
9) Akeh: atus + -an = atusan, ewu + -an = ewon, pethi + -an = pethen.
10) Mangsa, waktu utawi lelakon: rembang + -an = rembangan, suntik
+ -an = suntikan, Dipanegara + -an = Dipanegaran, Trunanjaya + -
an = Trunajayan.
11) Gampang: tugel + -an = tugelan, kalah + -an = kalahan, menang = -
an = menangan, purik + -an = purikan.
12) Dados tembung aran: kuning + -an = kuningan, kambang + -an =
kambangan, lega + -an = legen, lsp.
13) Sami kaliyan lingganipun: mentah + -an = mentahan, wutuh + -an
= wutuhan, garing + -an = garingan, lonjor + -an = lonjoran, lsp.
14) Nanggap: wayang + -an = wayangan, tayub + -an = tayuban.
g) –na, tegesipun panambang –an inggih punika:
1) Rimbag hagnya tanduk ke kriya, tuladha: njupuk + -na = njupukna,
nggambar + -na = nggambarna, nulis + -na = nulisna, lsp.
2) Rimbag hagnya tanggap ke kriya, tuladha: jupuk + -na = jupukna,
gambar + -na = gambarna, tulis + -na = tulisna, lsp.
33
h) –e, –ane, lan –ne, tegesipun panambang –ane inggih punika:
1) Rimbag kriya wantah.
dak- + lingga + -e, tuladha: dak- + jupuk + -e = dakjupuke, dak
+ tulis + -e = daktulise, dak- + gambar + -e = dakgambare.
2) Rimbag tandang i kriya.
dak- + lingga + -ane, tuladha: dak- + jupuk + -ane =
dakjupukane, dak- + tulis + -ane = daktulisane, dak- + gambar + -
ane = dakgambarane, lsp.
3) Rimbag tandang ke kriya.
dak- + lingga + -ne, tuladha: dak- + jupuk + -ne = dakjupukne,
dak- + tulis + -ne = daktulisne, dak- + gambar + -ne =
dakgambarne, lsp.
4. Rerangkep
Sampun kajlentrehaken bilih rerangkep punika wujud wuwuhan
ingkang kadadosan saking kalih wuwuhan antawis ater-ater kaliyan
panambang, kados dene:
a) Ater-ater tripurusa + lingga + -e, tuladha: dak-/tak- + pangan + -e
= dakpangane.
b) Ater-ater sa- + lingga + -ne, tuladha: sa- + (m) buri + -ne =
samburine.
c) Ater-ater pa- + lingga + -ne, tuladha: pa- + karya + -ne = pakaryane.
34
C. Tuturan
Tuturan inggih punika ujaran salah sawijining manungsa satunggal
kaliyan manungsa sanesipun minangka komunikasi, tukar informasi, pesen
ingkang arupi gagasan, ancasipun, pamikiranipun, pangraos, utawi
emosinipun kanthi cara langsung awujud pacelathon utawi gineman. Tuturan
punika saged kadadosan ing papan utawi panggenan ing pundi kemawon,
kados dene ing salebeting kaluwarga, masyarakat, sekolahan, lan
sapanunggalanipun.
Hymes lumantar Chaer (2004:8) ngandharaken bilih, kadadosan
tuturan punika kedah ngemot pinten-pinten komponen kados ingkang kaserat
ing ngandhap punika.
1. Setting and scene ( S )
Setting inggih punika wekdal lan papan kedadosan saking tuturan
utawi pacelathon nalika dipuntindhakaken dening tiyang. Scene inggih
punika ingkang adhedhasar ing kawontenanipun papan lan wekdal, utawi
kawontenan psikologis gineman.
2. Participants ( P )
Participants inggih punika sedaya pihak ingkang ndherek
pacelathon ing salebeting kedadosan tuturan punika, saged pamicara lan
pamirengipun, penutur lan mitra tutur, utawi ingkang ngirimaken lan
ingkang nampi pesen.
35
3. Ends ( E )
Ends punika nujukaken menapa kemawon ingkang dados teges lan
ancasing saking tuturan.
4. Act Sequence ( A )
Act Sequence inggih punika ingkang wujudipun ujaran lan isinipun
ujaran. Wujudipun ujaran punika ingkang ngenani tetembungan ingkang
dipun-ginakaken, kados pundi panganggenipun lan sesambetan
antawisipun punapa ingkang dipuntembungaken saking topik pacelathon.
5. Key ( K )
Key inggih punika nada, cara lan kemempengan ing satunggaling
pesen ingkang dipunaturaken: kanthi manah ingkang remen, kanthi saestu,
kanthi cekak, kanthi umuk lan sapanunggalanipun. Kanthi hal punika
saged ugi dipuntujokaken kanthi lumampahing sasira lan isyarat.
6. Instrumentalities ( I )
Instrumentalities inggih punika lampahipun basa ingkang dipun-
ginakaken, kadosta lisan utawi seratan, lumantar telegraf utawi telepon,
ugi adhedhasar ing kode ujaran ingkang dipun-ginakaken, kadosta basa,
dialek utawi register.
7. Norm of Interaction and Interpretation ( N )
Norm of Interaction and Interpretation punika andhedhasar
ingkang wonten ing paugeran-paugeran salebeting interaksi. Tuladhanipun
gegayutan kaliyan cara ngajukaken interupsi, pitakenan, lan
36
sapanunggalanipun. Ugi adhedhasar ing norma panafsiran tumrap ujaran
saking mitra tuturipun.
8. Genre ( G )
Genre inggih punika ingkang adhedhasar ing jinising wujud
ngandharaken, kadosta narasi, geguritan, cangkriman, donga lan
sapanunggalanipun.
D. Logat
Ing Kamus Lengkap Bahasa Indonesia dipunjlentrehaken bilih logat
adalah cirri khas kata atau pembicaraan masyarakat tertentu, dialek. Teori
ingkang ngrembag bab logat utawi dialek basa saged dipunpanggihaken
wonten ing ilmu dialektologi, amargi dialektologi punika salah satunggaling
ilmu ingkang nyinaoni bab dialek basa. Kados ingkang dipun andharaken
dening Mahsun, (1995:11) “Pada dasarnya dialektologi merupakan ilmu
tentang dialek, atau cabang dari linguistic yang mengkaji tentang perbedaan-
perbedaan isolek dengan memperlakukan perbedaan secara utuh”.
Salajengipun saking panulusuran ing internet dipunpanggihi bilih
pangertosan logat adalah alunan nada yang dimiliki oleh masing-masing
orang sesuai asal daerah mereka sendiri-sendiri
(id.wikipedia.org/wiki/logat). Logat punika asring dipunwastani dialek, lan
dialek punika wonten amargi bentenipun papan geografis, sosial, ekonomi,
lan pindhahipun pendhudhuk ing dhaerah-dhaerah tertamtu, saengga
37
kahanan-kahanan ingkang makaten ndadosaken pangucapan nada ing
tetembunganipun benten ugi.
Logat utawi dialek inggih punika variasi basa saking sakelompok
panutur ingkang cacahipun relatif, ingkang wonten ing salah satunggaling
panggenan, wilayah, utawi papan tartamtu. Logat utawi dialek sajatosipun
inggih punika basa pepanggenan, ingkang saged dipunpirsani saking
pangucapanipun, wandanipun, lan tetembunganipun.
Miturut Ayatrohaedi (1979:2) ingkang methik saking bukunipun
(Meillet, 1967:69) Ada dua ciri yang dimiliki dialek, yaitu (1) dialek adalah
separangkat bentuk ujaran setempat yang berbeda-beda, yang memiliki ciri-
ciri umum dan masing-masing lebh mirip sesamanya dibamdingkan dengan
bentuk ujaran lain dari bahasa yang sama, dan (2) dialek tidak harus
mengambil semua bentuk ujaran dari sebuah bahasa. Punika kalih cirri
ingkang dipun-gadhahi dening dialek utawi logat basa.
Ayatroehadi (1979:11) ugi ngendika bilih panaliten dialek punika
saged dipunperang dados kalih, inggih punika (1) sumber lisan, dan (2)
sumber tulis. Ingkang dados objek saking panaliten punika inggih punika
badhe ngrembag bab logat basa Jawi logat Pemalang. Dene logat basa Jawi
ing Pemalang punika kalebet logat basa Pesisir, amargi logat punika dipun-
ginakaken ing dhaerah pesisir ing Pantai Utara Jawi. Logat basa ing
Pemalang mirip kaliyan logat basa Jawi Banyumasan ingkang asring
dipunwastani basa “Ngapak”. Logat Pemalang ingkang badhe dipunteliti
38
inggih punika logat basa Jawi Pemalang ingkang wonten ing salah
satunggaling Dhusun ing Pemalang inggih punika Dhusun Parunggalih
ingkang wonten ing Kecamatan Bodeh Kabupaten Pemalang.
39
BAB III
ANALISIS WUWUHAN BASA JAWI WONTEN ING TUTURAN LOGAT
PEMALANG DHUSUN PARUNGGALIH KECAMATAN BODEH
KABUPATEN PEMALANG
Asil saking panaliten ingkang dipunandharaken ing bab III inggih punika
antawisipun jinis lan wujud ugi tata rakiting wuwuhan ingkang dipunginakaken
ing salebeting tuturan basa Jawi logat Pemalang dhusun Parunggalih Kecamatan
Bodeh Kabupaten Pemalang. Dene panaliten punika dipunlampahi ing sasi Juni
ngantos Juli 2010.
Panaliten punika ingkang dados objekipun inggih punika tuturan logat
Pemalang ing Dhusun Parunggalih Kecamatan Bodeh Kabupaten Pemalang,
dados datanipun inggih arupi tembung-tembung utawi ukara-ukara ingkang dipun-
ginakaken minangka gineman bebrayan ing Dhusun Parunggalih punika.
Data-data ingkang arupi tetembungan utawi ukara-ukara punika samangke
badhe dipunanalisis miturut proses morfologis inggih punika afiksasi utawi
wuwuhanipun.
A. Deskripsi Data
Ing ngandhap punika asil saking pangumpulan data ing Dhusun
Parunggalih Kecamatan Bodeh Kabupaten Pemalang ingkang awujud tuturan
utawi pacelathon. Data ingkang dipunkempalaken panaliti punika arupi
40
tetembungan lan ukara-ukara pacelathon ing padintenan ingkang dipun-
ginakaken bebrayan Dhusun Parunggalih punika.
1. Konteks pacelathon antawis Triyono (A) kaliyan Heri (B).
A : “….. aduh, mbengi nyong ora nonton, rame pora?”
B : “Rame, skore siji kosong. Sing menang Barcelona, Chelsea
Keok.”
A : “Maine jam pira sih? Gela ora nonton.”
B : “Jam setegah loronan, Messi sing nglebokake. Rame nemen
yakin.”
A : “Her, tulung jukutake rokok.”
B : “Iya kiye.”
A : “Miki korekane endi?”
B : “Nang ndhuwur meja kuwi ketutupan koran.”
A : “Mengko sore nganggur pora kowe Her, nyong diter maring
mbengkel, montore nyong pengin servis kae.”
B : “Jam pira? Tapi aja sore-sore wong nyong apan dolanan bal.”
A : “Jam setengah telu bae men ora kesoren, wong paling servis
karo ngganti oli thok. Wis suwi nemen oline durung tak ganti.”
2. Konteks pacelathon antawis Pak Ramidi (X), Bu Windarni (Y) lan Bu
Uswatun (Z).
X : “…… wingi panen pari olih akeh sampeyan?”
Y : “Ya mendhing Kang, kena nggo mangan limang wulan.”
Z : “Nyong ora olih akeh, wong padha dipangani wereng thok. Wis
41
disemprot tapi mesa Kang.”
X : “Kae nyong wingi ya mendhing wong taksemproti.”
Z : “Sampeyan apan ngombe apa, wedang teh apa kopi?”
X : “Nyong wedang teh bae wis, karo mengko bungkusna sega.”
Y : “Apa bojone sampeyan ora ngliwet ko njaluk bungkusake sega
Kang?”
X : “Ngliwet, wong apan tak gawa maring kebon men ora usah
balik maring umah.”
Z : “Ya mengko tak bungkusna, kiye wedange dombe dhingin.”
Y : “Ya wis nyong tak mulih Mbak, kiye gorengane wis dinteni apan
nggo pacetan tamu.”
X : “Tamu kading endi Ti?”
Y : “Mboh kae kancane anake nyong.”
3. Konteks pacelathon Bu Sri (K) kaliyan Pak Rasjono (L).
K : “…… anake nyong wingi ndhaptar nang Undip, embuh megko
ketampa apa ora?”
L : “Ya muga-muga bae Dewi bisa ketampa. Lha wingi mangkat jam
pira kading ngumah?”
K : “Mangkate jam setengah pitu esuk, tekan kana jam sepuluhan.
Tekan ngumah maning jam papat sore.”
L : “Numpake apa Mbak?”
K : “Wingi nyewa mobil, rombongan bocah papat karo kanca
42
kancane Dewi. Ana sing bocah Kesesi loro, lha sijine bocah
ngendi kae wingi nyong klalen.”
L : “Iya sampeyan dhuwite akeh, anake disekolahake men bisa dadi
pegawe. Mengko rong taun maning angger ana rejeki ya anake
nyong takkuliyahake men kaya anake sampeyan.”
K : “Iya Om, wong saiki angger apan luru gawean nganggo ijasah
SMA kuwi angel. Mulane anake nyong tak kuliyahake men duwe
ijasah kanggo luru gawean, ora ketang mengko direwangi luru-
luru utang nggo mbayar kuliyah.”
L : “Ora usah luru utang, wong bojone sampeyan be pegawe negeri
ya mesthi dhuwite akeh. Anake sampeyan sing pertama ya wis
nyambut gawe, dadi bisa mbantu mbiyayahi.”
K : “Ya ora, kakangane Dewi ya men luru dhuwit nggo nguripi
awake dhewek bae lah.”
4. Konteks pacelathon Agung (C) lan Pak Ahmad (D).
C : “Kula nuwun?”
D : “Mangga, oh Heri ana apa Her?”
C : “Om, mbiyen kikir sing nggo ngasah greji isih?”
D : “Isih, kowe apan nyilih?”
C : “Ya, miki jare Pae kon nyilihake nggon sampeyan.”
D : “Ya tak jukutna, kowe njogong ndhisit kono.”
C : “Ya jukutake Om.”
D : “Kiye Her, mbokan apan disilih tapi aja dilang-ilang ya?”
43
C : “Tenang Om mengko angger wis pragat takgawa mene maning,
ora takilang-ilangake.”
5. Konteks pacelathon Pak Tarmin (M) kaliyan Pak Casdi (N).
M : “……. Sampeyan kading ngendi Kang, mene njongkot?”
N : “Kading pasar kiye tuku bahan klambi.”
M : “Tuku bahan klambi nggo sapa?”
N : “Ya nggo anake nyong kae sing SD, jare klambine wis ora
kedheng.”
M : “Oh, lha kuwi olih apa maning cumanthel nang montoran?”
N : “Kae padha bae bahan klambi.”
M : “Nggo sapa maning ko akeh temen?”
N : “Ya nggo nyong dhewek, awit mbiyen pengin njahitake klambi
nggo dingo pranti kondangan.”
M : “Bahan klambi bathik apa, kok ora tuku sing wis dadi bae?”
N : “Tuku sing wis dadi ukurane ora ana sing pas, mau kegedhen
kabeh.”
M : “Ya lurune sing ukurane rada cilik tah ana ndean? Wong aku
dhewek suka tuku sing wis dadi men ora usah njahitake.”
N : “Angger nyong kudu njahitake, wong sing wis dadi ukurane ora
ana sing pas karo nyong. Mbiyen tau tuku sing wis dadi
ditukkokake anake nyong be ora tau taknggo wong kegedhen
sih.”
M : “Bisane, dipermak tah bisa sih Kang?”
44
N : “Ape mermak klalen terus, apa ape nggo sampeyan bae gelem
pora?”
M : “Endi mene, ora gelem nangapa wong dingei klambi.”
N : “Ya wis mengko sore sampeyan maring ngumah, eman-eman
wong kegedhen li nyong rada ora seneng karo warnane.”
B. Analisis Data
Sasampunipun sedaya data punika dipundeskripsekaken, salajengipun
inggih punika nganalisis data-data punika.
1. Analisis jinis, wujud lan tata rakiting wuwuhan ing pacelathon antawis
Triyono lan Heri.
Tembung-tembung ingkang ngemu wuwuhan antawisipun inggih
punika: nonton, skore, maine, nglebokake, nemen, jukutake, korekane,
ndhuwur, ketutupan, nganggur, diter, montore, kesoren, ngganti, oline.
No. Tembung Lingga
Ater-aterPana-
mbang
Sese-
lan
Rera-
NgkepTri-
purusa
Hanu-
Swara
Sanes-
ipun
1. Nonton Tonton n-
2. Skore Skor -e
3. Maine Main -e
4. Nglebokake Lebu Ng- -ake ng-/-ake
45
5. Nemen Temen n-
6. Jukutake Jukut -ake
7. Korekane Korek -ane
8. Ndhuwur Dhuwur n-
9. Ketutupan Tutup Ke-
10. Nganggur Anggur Ng-
11. Diter Ter di-
12. Montore Montor -e
13. Kesoren Sore Ke- -an ke-/-an
14. Ngganti Ganti Ng-
15. Oline Oli -ne
a. Analisis wuwuhan ater-ater
1) “ …… Aduh nyong mbengi ora nonton, rame pora?”
Tembung nonton punika asalipun saking tembung lingga tonton,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya.
lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater
hanuswara n-, dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
n- + tonton = nonton
Pramila tembung lingga tonton punika menawi kawuwuhan ater-
ater hanuswara n-, tembungipun ewah dados nonton.
46
2) “Jam setengah loronan, Messi sing nglebokake. Rame nemen yakin.
Tembung nemen punika asalipun saking tembung lingga temen
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung panguwuh.
Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater
hanuswara n-, dene tatarakiting tembungipun inggih punika:
n- + temen = nemen
Pramila tembung lingga temen menawi kawuwuhan wujud ater-ater
hanuswara n-, tembungipun ewah dados nemen.
3) Nang ndhuwur meja kuwi ketutupan koran.”
Wonten kalih tembung ingkang nggadhahi wuwuhan, inggih
punika tembung ndhuwur.
Tembung ndhuwur punika asalipun saking tembung lingga
dhuwur, inggih punika wujud tembung nandhakaken katerangan
panggonan. Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi
ater-ater hanuswara n-, dene tata rakiting panulisanipun inggih
punika:
n- + dhuwur = ndhuwur
Pramila tembung lingga dhuwur ingkang dipunwuwuhi ater-ater
n- punika ewah dados ndhuwur.
4) “Mengko sore nganggur pora kowe Her, nyong diter maring
mbengkel, montore nyong pengin servis kae.”
47
Ukara ing nginggil punika wonten sekawan tembung ingkang
ngemu wuwuhan ater-ater, inggih punika tembung nganggur, diter,
lan mbengkel.
Tembung nganggur punika asalipun saking tembung lingga
anggur, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken kahanan.
Lajeng dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater hanuswara ng-,
dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
ng- + anggur = nganggur
Pramila tembung lingga anggur menawi dipunwuwuhi ater-ater
hanuswara ng-, tembung punika ewah dados nganggur.
Tembung mbengkel punika asalipun saking tembung lingga
bengkel, tembung punika saking tembung basa Indonesia inggih
punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung aran. Lajeng
tembung bengkel punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater
hanuswara m-, dene tat rakiting tembungipun inggih punika:
m- + bengkel = mbengkel
Pramila tembung lingga bengkel punika menawi kawuwuhan
ater-ater hanuswara m-, tembung punika ewah dados mbengkel.
5) “Ya wis jam telu men ora kesoren, wong paling servis karo ngganti
oli thok. Wis suwi nemen oline durung takganti.
Wonten kalih tembung ingkang ngemu wuwuhan ater-ater, inggih
punika tembung ngganti lan tembung takganti.
48
Tembung ngganti punika asalipun saking tembung lingga ganti,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya.
Lajeng tembung lingga ganti punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi ater-ater hanuswara ng-, dene tata rakiting
panulisanipun inggih punika:
ng- + ganti = ngganti
Pramila tembung ganti menawi sampun dipunwuwuhi ater-ater
hanuswara ng-, tembungipun punika ewah dados ngganti.
Tembung takganti asalipun saking tembung ganti, inggih punika
wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya. Lajeng tembung
ganti punika dipunrimbag kanthi cara dipunwuwuhi ater-ater tripurusa
tak-, dene tata rakiting panulisanipun inggih punika:
tak- + ganti = takganti
Pramila tembung lingga ganti punika menawi kawuwuhan ater-
ater tripurusa tak-, tembung punika ewah dados takganti.
b. Analisis wuwuhan panambang
1) “Rame, skore siji kosong. Sing menang Barcelona, Chelsea keok.”
Tembung skore asalipun saking tembung lingg skor, punika
tembung manca inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
cacah utawi wilangan. Lajeng tembung skor punika dipunrimbag
kanthi dipunwuwuhi panambang –e, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
49
Skor + -e = skore
Pramila tembung lingga skor menawi sampun kawuwuhan
panambang –e, tembung punika ewah dados skore.
2) “Maine jam pira? Gela ora nonton”.
Tembung maine punika asalipun saking tembung lingga main,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung
kahanan. Lajeng tembung main punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –e, dene tata rakiting tembungipun inggih
punika:
Main + -e = maine
Pramila tembung lingga main menawi sampun kawuwuhan
panambang –e, tembung punika ewah dados maine.
3) “Jam setengah loronan, Messi sing nglebokake. Rame nemen yakin”.
Tembung loronan punika asalipun saking tembung lingga loro,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung cacah
utawi wilangan. Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –an, dene tata rakiting tembungipun inggih
punika:
Loro + -an = loronan
Pramila tembung lingga loro punika menawi kawuwuhan
panambang –an, tembung punika ewah dados loronan.
4) “Her, tulung jukutake rokok”.
50
Tembung jukutake punika asalipun saking tembung lingga jukut,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya.
Lajeng tembung jukut punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi
panambang –ake, dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
Jukut + -ake = jukutake
Pramila tembung lingga jukut menawi sampun kawuwuhan
panambang –ake, tembung punika ewah dados jukutake.
5) “Miki korekane endi?”
Tembung korekane punika asalipun saking tembung lingga
korek, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung
aran. Lajeng tembung korek punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –ane, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
Korek + -ane = korekane
Pramila tembung lingga korek punika menawi kawuwuhan
panambang –ane, tembung punika ewah dados korekane.
6) “Mengko sore ngnanggur pora kowe Her, nyong diter maring
mbengkel, montore nyong pengin servis kae.”
Tembung montore punika asalipun saking tembung lingga
montor, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung aran. Tembung punika lajeng dipunrimbag kanthi
dipuneueuhi panambang –e, dene tata rakiting tembungipun inggih
punika:
51
Montor + -e = montore
Pramila tembung lingga montor menawi kawuwuhan
panambang –e, tembungipun ewah dados montore.
7) “ Jam pira? Tapi aja sore-sore, wong nyong apan dolanan bal.”
Tembung dolanan punika asalipun saking tembung lingga dolan,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya.
Tembung dolan punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi panambang
–an, dene tata rakiting panulisan tembungipun inggih punika:
dolan + -an = dolanan
Pramila tembung lingga dolan punika menawi sampun
dipunwuwuhi panambang –an, tembung punika ewah dados dolanan.
8) “Jam setengah telu bae men ora kesoren, wong paling servis karo
ngganti oli thok. Wis suwi nemen oline durung tak ganti.”
Tembung oline punika asalipun saking tembung lingga oli,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung aran.
Lajeng tembung oli punika dipnrimbag kanthi dipunwuwuhi
panambang –ne, dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
Oli + -ne = oline
Pramila tembung lingga oli menawi kawuwuhan panambang –
ne, tembungipun ewah dados oline.
c. Analisis wuwuhan seselan
Ing pacelathon antawis Triyono kaliyan Heri punika boten
dipunpanggihi wontenipun wuwuhan ingkang awujud seselan.
52
d. Analisis wuwuhan rerangkep
Ing pacelathon antawis Triyono kaliyan Heri punika dipunpanggihi
wontenipun wujud wuwuhan rerangkep, antawis ater-ater lan panambang.
1) “Jam setengah lororan, Messi nglebokake. Rame nemen yakin”.
Tembung nglebokake punika asalipun saking tembung lebu, inggih
punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya. Tembung
lebu punika angsal rimbagan kanhti cara dipunwuwuhi rerangkep antawis
ater-ater hanuswara ng- lan panambang –ake. Dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
ng- + lebu + -ake = nglebokake
Pramila tembung lingga lebu menawi sampun kawuwuhan
rerangkep antawis ater-ater hanuswara ng- lan panambang –ake,
tembung punika ewah dados nglebokake.
2) “Nang ndhuwur meja kuwi ketutupan Koran.”
Tembung ketutupan punika asalipun saking tembung lingga tutup,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kahanan.
Lajeng tembung lingga tutup punika dipunrimbag kanthi cara
dipunwuwuhi ater-ater ke- lan panambang –an. Dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
ke- + tutup + -an = ketutupan
Pramila tembung tutup punika menawi sampun kawuwuhan
rerangkep antawis ater-ater ke- lan panambang –an, tembungipun ewah
dados ketutupan.
53
2. Analisis jinis, wujud lan tata rakiting wuwuhan ing salebeting pacelathon
antawis Pak Ramidi, Bu Windarni lan Bu Uswatun.
Saking pacelathon punika tembung-tembung ingkang ngemu
wuwuhan inggih punika: mangan, dipangani, disemprot, semproti, ngombe,
bungkusna, ngliwet, wedange, gorengane, dinteni, pacetan, kancane, anake.
No. Tembung Lingga
Ater-aterPana-
mbang
Sese-
lan
Rera-
NgkepTri-
purusa
Hanu-
Swara
Sanes-
ipun
1. Mangan Pangan m-
2. Dipangani Pangan di- -i di-/-i
3. Disemproti Semprot di- -i di-/-i
4. Semproti semprot -i
5. Ngombe Ombe Ng-
6. Bungkusna Bungkus -na
7. Ngliwet Liwet Ng-
8. njaluk jaluk n-
9. Wedange Wedang -e
10. Gorengane Goring -ane
11. Dinteni Enteni di-
54
12. Pacetan Pacet -an
13. Kancane Kanca -ne
14. Anake Anak -e
a. Analisis wuwuhan ater-ater.
1) ” Ya mendhing Kang kena nggo mangan limang wulan.”
Tembung mangan punika asalipun saking tembung pangan,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya.
Lajeng tembung pangan punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi
ater-ater hanuswara m-, dene tata rakiting panulisan tembungipun
inggih punika:
m- + pangan = mangan
Pramila tembung lingga pangan menawi sampun kawuwuhan
ater-ater hanuswara m-, tembungipun ewah dados mangan.
2) “Nyong ora ulih akeh, wong padha dipangani wereng thok. Wis
disemprot tapi mesa Kang.”
Ing ukara kasebut wonten kalih tembung lingga ingkang
pikantuk wuwuhan ater-ater, inggih punika tembung disemprot.
Tembung disemprot punika asalipun saking tembung lingga
semprot, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembungkriya. Dene tata rakiting panulisan tembungipun inggih
punika:
55
di- + semprot = disemprot
Pramila tembung lingga semprot menawi kawuwuhan ater-ater
di-, tembung punika ewah dados disemprot.
3) “Sampeyan apan ngombe apa, wedang teh apa kopi?”
Tembung ngombe punika asalipun saking tembung lingga ombe,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya.
Tembung punika lajeng dipunrimbag kanthi dipunwuwuhhi ater-ater
hanuswara ng-, dene tata rakiting panulisan tembungipun inggih
punika:
ng- + ombe = ngombe
Pramila tembung lingga ombe menawi sampun dipunwuwuhi
ater-ater hanuswara ng-, tembungipun ewah dados ngombe.
4) “Kae nyong wingi ya mendhing wong taksemproti”
Tembung taksemproti punika asalipun saking tembung lingga
semprot, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken temung
kriya. Tembung punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater
tripurusa tak- lan panambang –i. dene tata rakiting panulisan
tembungipun inggih punika:
Tak- + semprot + -i = taksemproti
Pramila tembung lingga semprot menawi kawuwuhan ater-ater
tripurusa tak- lan panambang –i, tembung punika ewah dados
taksemproti.
56
5) “Apa bojone sampeyan ora ngliwet ko njaluk bungkusake sega
Kang?”
Wonten kalih tembung ingkang ngemu wuwuhan, inggih punika
tembung ngliwet lan tembung njaluk. Tembung ngliwet punika
asalipun saking tembung lingga liwet, inggih punika wujud tembung
ingkang nandhakaken tembung kriya. Lajeng tembung punika
dipunrimbag kanthi cara dipunwuwuhi ater-ater hanuswara ng-, dene
tata rakiting panulisan tembungipun inggih punika:
ng- + liwet = ngliwet
Pramila tembung lingga liwet menawi kawuwuhan ater-ater
hanuswara ng-, tembungipun ewah dados ngliwet.
Tembung njaluk punika asalipun saking tembung lingga jaluk,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya.
Salajengipun tembung jaluk punika dipunrembag kanthi dipunwuwuhi
ater-ater hanuswara n-, dene tata rakiting panulisan tembungipun
inggih punika:
n- + jaluk = njaluk
Pramila tembung lingga jaluk menawi sampun dipunwuwuhi
ater-ater hanuswara n-, tembung punika ewah dados njaluk.
6) “Ya mengko takbungkusna, kiye wedange dombe dhingin.”
Tembung takbungkusna punika asalipun saking tembung lingga
bungkus, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. Tembung bungkus punika dipunrimbag kanthi
57
dipunwuwuhi ater-ater tripurusa tak-, dene tata rakiting panulisan
tembungipun inggih punika:
tak- + bungkus + -na = takbungkusna
Pramila tembung lingga bungkus menawi kawuwuhan ater-ater
tripurusa tak- lan panambang –na, tembung punika ewah dados
takbungkusna.
7) “Ya wis nyong tak mulih Mbak, kiye gorengane wis dinteni apan nggo
tamu.”
Tembung dinteni punika asalipun saking tembung lingga enteni,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya.
Lajeng tembung lingga enteni punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi ater-ater tripurusa di-, dene tata rakiting panulisan
tembungipun inggih punika:
di- + enteni = dinteni
Pramila tembung lingga enteni menawi sampun kawuwuhan
ater-ater tripurusa di-, tembungipun ewah dados dinteni.
b. Analisis wuwuhan panambang
1) “Nyong ora olih akeh, wong padha dipangani wereng thok, wis
disemprot tapi mesa Kang”
Tembung dipangani punika asalipun tembung lingga pangan,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung kriya.
Lajeng tembung lingga pangan punika dipunrimbag kanthi cara
58
dipunwuwuhi ater-ater di- lan panambang –i, dene tata rakiting
panulisan tembungipun inggih punika:
di- + pangan + -i = dipangani
Pramila tembung lingga pangan menawi sampun kawuwuhan
ater-ater di- lan wuwuhan panambang –i, tembungipun punika ewah
dados dipangani.
2) “Kae nyong ya mendhing wong taksemproti.”
Tembung taksemproti punika asalipun saking tembung lingga
semprot, inggih punika tembung kriya. Tembung lingga punika
dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater tak- lan wuwuhan
pamabang –i. Dene tata rakiting panulisan tembungipun inggih
punika:
tak- + semprot + -i = taksemproti
Pramila tembung lingga semprot menawi dipunwuwuhi ater-ater
tak- lan wuwuhan panambang –i, tembung punika ewah dados
taksemproti.
3) “Nyong wedang teh bae wis, karo mengko bungkusna sega.”
Tembung bungkusna punika asalipun saking tembung lingga
bungkus, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –na, dene tata rakiting panulisan
tembungipun inggih punika:
Bungkus + -na = bungkusna
59
Pramila tembung lingga bungkus menawi kawuwuhan
panambang –na, tembungipun ewah dados bungkusna.
4) “Apa bojone sampeyan ora ngiwet ko njaluk bungkusake sega Kang?”
Ing ukara punika wonten kalih tembung ingkang ngemu
wuwuhan, inggih punika tembung bojone lan bungkusake.
Tembung bojone punika tembung lingganipun bojo, inggih
punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung sesulih.
Tembung lingga bojo punika lajeng dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi
panambang –ne, dene tata rakiting panulisanipun inggih punika:
Bojo + -ne = bojone
Pramila tembung lingga bojo menawi sampun kawuwuhan
panambang –ne, tembung punika ewah dados bojone.
Tembung bungkusake punika asalipun saking tembung lingga
bungkus, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. Tembung punika lajeng dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –ake, dene tata rakiting panulisa
tembungipun inggih punika:
Bungkus + -ake = bungkusake
Pramila tembung bungkus punika menawi pikantuk wujud
wuwuhan panambang –ake, tembung punika ewah dados bungkusake.
5) “Ya mengko takbungkusna, kiye wedange dombe dhingin.”
60
Wonten kalih tembung ingkang angsal wuwuhan panambang,
inggih punika takbungkusna lan wedange. Tembung takbungkusna
punika asalipun saking tembung lingga bungkus, inggih punika wujud
tembung kriya. Tembung punika dipunrimbag kanthi cara
dipunwuwuhi ater-ater tripurusa tak- lan wuwuhan panambang –na,
dene tata rakiting panuilsan tembungipun inggih punika:
tak- + bungkus + -na = takbungkusna
Pramila tembung lingga bungkus menawi kawuwuhan ater-ater
tak- lan panambang –na, tembungipun ewah dados takbungkusna.
Tembung wedange punika asalipun saking tembung lingga
wedang, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung aran. Tembung lingga wedang punika lajeng dipunrimbag
kanthi dipunwuwuhi panambang –e, dene panulisan tetembunganipun
inggih punika:
Wedang + -e = wedange
Pramila tembung lingga wedang menawi kawuwuhan
panambang –e, tembungipun ewah dados wedange.
c. Analisis wuwuhan seselan
Ing pacelathon antawis Triyono kaliyan Heri punika boten
dipunpanggihi wontenipun wuwuhan ingkang awujud seselan.
d. Analisis wuwuhan rerangkep
61
Ing salebeting pacelathon punika dipunpanggihi bilih tembung-
tembung ingkang nggadhahi wuwuhan rerangkep inggih punika ing
tembung dipangani, lan tembung takbungkusna.
1) “ Nyong ora ulih akeh, wong dipangani wereng thok. Wis disemprot
tapi mesa.”
Tembung dipangani punika asalipun saking tembung lingga
pangan, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung
kriya. Lajeng tembung lingga pangan punika dipunrimbag kanthi cara
dipunwuwuhi ater-ater tripurusa di- lan panambang –i, dene tata
rakiting panulisan tembungipun inggih punika:
di- + pangan + -i = dipangani
Pramila tembung lingga pangan menawi sampun kawuwuhan
ater-ater tripurusa di- lan panambang -i, tembungipun ewah dados
dipangani.
2) “Ya mengko takbungkusna, kiye wedange dombe dhingin.”
Tembung takbungkusna punika asalipun saking tembung lingga
bungkus, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi cara
dipunwuwuhi ater-ater tripurusa tak- lan panambang –na, dene tata
rakiting panulisan tembungipun inggih punika:
tak- + bungkus + -na = takbungkusna
62
Pramila tembung lingga bungkus menawi kawuwuhan wujud
ater-ater tripurusa tak- lan wuwuhan panambang –na, tembung punika
ewah dados takbungkusna.
3. Analisis jinis, wujud lan tata rakiting wuwuhan ing salebeting pacelathon
antawis Bu Sri lan Pak Sarjono.
Saking pacelathon punika tembung-tembung ingkang ngemu
wuwuhan inggih punika: anake, ndhaptar, ketampa, ngumah, sepuluhan,
numpake, nyewa, kanca-kancane, sijine, ngendi, dhuwite, disekolahake,
takkuliyahake, gawean, direwangi, mbayar, kuliyahe, mbantu,
mbiyayani, kakangane, nguripu, lan awake.
No. Tembung Lingga
Ater-aterPana-
mbang
Sese-
lan
Rera-
NgkepTri-
purusa
Hanu-
Swara
Sanes-
ipun
1. Anake Anak -e
2. Ndhaptar Dhaptar n-
3. Ketampa Tampa Ke-
4. Ngumah Umah Ng-
5. Sepuluhan Sepuluh -an
6. Numpake Numpak -ke
63
7. Nyewa Sewa Ny-
8. Kanca-kancane Kanca -ne
9. Sijine Siji -ne
10. Ngendi Endi Ng-
11. Dhuwite Dhuwit -e
12. Disekolahake Sekolah di- -ake di-/-ake
13. Takkuliyahake Kuliyah Tak- -ake Tak-/-
ake
14. Gawean Gawe -an
15. direwangi Rewang di- -i di-/-i
16. Mbayar Bayar m-
17. Kuliyahe Kuliyah -e
18. Mbantu Bantu m-
19. mbiyayahi biyaya m- -i m-/-i
20. kakangane Kakang -ane
21. Nguripi Urip Ng-
22. Awake Awak -e
a. Analisis wuwuhan ater-ater
64
1) “……. anake nyong wingi ndhaptar nang Undip, embuh mengko
ketampa apa ora?”
Ukara ing nginggil punika wonten kalih tembung ingkang
ngemu wuwuhan, inggih punika tembung ndhaptar lan tembung
ketampa.
Tembung ndhaptar punika asalipun saking tembung lingga
dhaptar, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. Lajeng tembung lingga dhaptar punika
dipunrimbag kanthi cara dipunwuwuhi ater-ater hanuswara n-,
dene tata rakiting panulisan tembungipun inggih punika:
n- + dhaptar = ndhaptar
Pramila tembung lingga dhaptar punika menawi sampun
kawuwuhan wujud ater-ater hanuswara n-, tembungipun ewah
dados ndhaptar.
Salajengipun inggih punika tembung ketampa punika
asalipun saking tembung lingga tampa, inggih punika wujud
tembung ingkang nandhakaken tembung kriya. Tembung tampa
punika lajeng dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater ke-,
dene tata rakiting panulisan tembungipun inggih punika:
ke- + tampa = ketampa
Pramila tembung lingga tampa menawi sampun
kawuwuhan ater-ater ke-, tembungipun ewah dados ketampa.
65
2) “Ya muga-muga bae Dewi bisa ketampa, Lha wingi mangkat jam
pira kading ngumah?”
Tembung ngumah asalipun saking tembung lingga
umah/omah, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung katerangan papan. Lajeng tembung punika dipunrimbag
kanthi dipunwuwuhi ater-ater ng-, dene tata rakiting panulisan
tembungipun inggih punika:
ng- + umah = ngumah
Pramila tembung lingga umah menawi kawuwuhan ater-
ater hanuswara ng-, tembungipun ewah dados ngumah.
3) “Wingi nyewa mobil, rombongan bocah papat karo kanca-kancane
Dewi. Ana sing bocah Kesesi loro, lha sijine bocah ngendi kae
wingi nyong klalen.”
Ukara punika ngemu tembung ingkang angsal wuwuhan,
inggih punika tembung nyewa lan ngendi.
Tembung nyewa punika asalipun saking tembung sewa,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung
kriya. Tembung sewa punika lajeng dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi ater-ater hanuswara ny-, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
ny- + sewa = nyewa
Pramila tembung lingga sewa menawi kawuwuhan ater-ater
hanuswara ny-, tembungipun ewah dados nyewa.
66
Salajengipun tembung ngendi punika asalipun saking
tembung lingga endi, inggih punika wujud tembung ingkang
nandhakaken tembung katerangan papan. Tembung punika lajeng
dipunrimbag kanthi cara dipunwuwuhi ater-ater hanuswara ny-,
dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
ny- + sewa = nyewa
Pramila tembung lingga sewa ingkang kawuwuhan ater-ater
hanuswara ny-, tembungipun ewah dados nyewa.
4) “Ora usah luru utang, wong bojone sampeyan be pegawe negeri ya
mesthi dhuwite akeh. Anake sampeyan sing pertama yaw is
nyambut gawe, dadi bisa mbantu mbiyayahi.
Wonten kalih tembung ingkang ngemu wuwuhan ater-ater,
inggih punika tembung mbantu lan mbiyayai.
Tembung mbantu punika asalipun saking tembung lingga
bantu saking basa Indonesia, inggih punika wujud tembung
ingkang nandhakaken tembung kriya. Lajeng tembung punika
dipnrimbag kanthi cara dipunwuwuhi ater-ater hanuswara m-,
dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
m- + bantu = mbantu
Pramila tembung lingga bantu menawi kawuwuhan wujud
ater-ater hanuswara m-, tembung punika ewah dados mbantu.
b. Analisis wuwuhan panambang
67
1) “Mangkate jam setengah pitu esuk, tekan kana jam sepuluhan.
Tekan ngumah maning jam papat sore.”
Tembung mangkate asalipun saking tembung lingga
mangkat, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –e, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
Mangkat + -e = mangkate
Pramila tembung lingga mangkat menawi kawuwuhan
wujud panambang –e, tembungipun ewah dados mangkate.
Salajengipun embung sepuluhan punika asalipun saking
tembung lingga sepuluh, inggih punika wujud tembung ingkang
nandhakaken tembung wilangan. Tembung punika lajeng
dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi panambang –an, dene tat
rakiting tembungipun inggih punika:
Sepuluh + -an =sepuluhan
Pramila tembnug lingga sepuluh menawi kawuwuhan
wujud wuwuhan panambang –an, tembungipun ewah dados
sepuluhan.
2) “Numpake apa Mbak?”
Tembung numpake punika asalipun saking tembung lingga
numpak, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. tembung punika lajeng dipunrimbag kanthi
68
dipunwuwuhi panambang –e, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
Numpak + -e = numpake
Pramila tembung lingga numpak menawi kawuwuhan
wujud panambang –e, tembungipun ewah dados numpake.
3) “Wingi nyewa mobil, rombongan bocah papat karo kanca-kancane
Dewi. Ana sing bocah Kesesi loro, lha sijine bocah ngendi wingi
kae nyong klalen.
Tembung kanca-kancane punika asalipun saking tembung
lingga kanca, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung sesulih tiyang katiga. Lajeng tembung lingga punika
dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi panambang –ne, dene tata
rakiting tembungipun inggih punika:
Kanca-kanca + -ne = kanca-kancane
Pramila tembung kanca-kanca menawi kawuwuhan
panambang –ne, tembungipun ewah dados kanca-kancane.
4) “Iya sampeyan dhuwite akeh, anake disekolahake men dadi
pegawe. Mengko rong taun maning angger ana rejeki ya anake
nyong takkuliyahake men kaya anake sampeyan.”
Ing ukara punika wonten kalig tetembungan ingkang
ngemu wuwuhan panambang, inggih punika tembung dhuwite lan
anake.
69
Tembung dhuwite punika asalipun saking tembung lingga
dhuwit, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung aran. Tembung punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi
panambang –e, dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
dhuwit + -e = dhuwite
Pramila tembung lingga dhuwit menawi kawuwuhan
panambang –e, tembungipun ewah dados dhuwite.
Tembung anake punika asalipun saking tembung lingga
anak, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung sesulih tiyang katiga. Lajeng tembung punika
dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi panambang –e, dene tata
rakiting tembungipun inggih punika:
anak + -e = anake
Pramila tembung lingga anak menawi kawuwuhan
panambang –e, tembungipun ewah dados anake.
5) “Iya Om, wong saiki angger apan luru gawean nganggo ijasah
SMA kuwi angel. Mulane anake nyong takkuliyahake men duwe
ijazah kanggo luru gawean, ora ketang mengko direwangi luru
utang nggo mbayar kuliyahe.”
Ing ukara punika tembung ingkang ngemu wuwuhan
panambang inggih punika tembung gawean, mulane, anake, lan
kuliyahe.
70
Tembung gawean punika asalipun saking tembung lingga
gawe, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. tembung gawe punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –an, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
Gawe + -an = gawean
Pramila tembung lingga gawe menawi kawuwuhan
panambang –an, tembungipun ewah dados gawean.
Tembung mulane punika asalipun saking tembung mula,
inggih punika wujud tembung pangiket. Lajeng tembung punika
dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi panambang –ne, dene tata
rakiting tembungipun inggih punika:
Mula + -ne = mulane
Pramila tembung mula punika menawi pikantuk wuwuhan
panambang –ne, tembungipun ewah dados mulane.
Tembung anake punika asalipun saking tembung anak,
inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung
aran. Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi
panambang –e, dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
Anak + -e = anake
Pramila tembung anak punika menawi kawuwuhan
panambang –e, tembungipun ewah dados anake.
71
Salajengipun inggih punika tembung kuliyahe asalipun
saking tembung lingga, inggih punika wujud tembung ingkang
nandhakaken tembung kriya. tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –e, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
Kuliyah + -e = kuliyahe
Pramila tembung lingga kuliyah menawi kawuwuhan
panambang –e, tembungipun ewah dados kuliyahe.
6) “Ora usah luru utang, wong bojone sampeyan be pegawe negeri ya
mesthi dhuwite akeh. Anake sampeyan sing pertama ya wis
nyambut gawe, dadi bisa mbantu mbiyayahi.”
Tembung bojone punika asalipun saking tembung lingga
bojo, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung aran. Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –ne, dene tat rakiting tembungipun
inggih punika:
Bojo + -ne = bojone
Pramila tembung lingga bojo menawi kawuwuhan
panambang –ne, tembungipun ewah dados bojone.
Tembung dhuwite punika asalipun saking tembung lingga
dhuwit, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung aran. Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
72
dipunwuwuhi panambang –e, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
dhuwit + -e = dhuwite
Pramila tembung lingga dhuwit menawi kawuwuhan
panambang –e, tembungipun ewah dados dhuwite.
c. Analisis wuwuhan seselan
Ing salebeting pacelathon antawis Bu Sri lan Pak Rasjono
punika boten dipunpangihi wontenipun wujud uwuwhan seselan.
d. Analisis wuwuhan rerangkep
1) “Iya sampeyan dhuwite akeh, anake disekolahake men bisa dadi
pegawe. Mengko rong taun maning angger ana rejeki ya anake
nyong takkuliyahake men kaya anake sampeyan.”
Tembung disekolahake punika asalipun saking tembung
lingga sekolah, inggih punika wujud tembung ingkang
nandhakaken tembung kriya. Lajeng tembung punika
dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater tripurusa di- lan
panambang –ake, dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
di- + sekolah + -ake = disekolahake
Pramila tembung lingga sekolah menawi kawuwuhan ater-
ater tripurusa di- lan panambang –ake, tembungipun ewah dados
disekolahake.
Salajengipun inggih punika tembung takkuliyahake
asalipun saking tembung lingga kuliyah, inggih punika wujud
73
tembung ingkang nandhakaken tembung kriya. tembung punika
lajeg dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater tripurusa tak-
lan panambang –ake, dene tata rakiting tembungipun inggih
punika:
tak- + kuliyah + -ake = takkuliyahake
Pramila tembung lingga kuliyah punika menawi sampun
kawuwuhan ater-ater tripurusa tak- lan panambang –ake,
tembungipun ewah dados takkuliyahake.
4. Analisis jinis, wujud lan tata rakiting wuwuhan ing salebeting pacelathon
antawis Agung lan Pak Ahmad.
Saking pacelathon punika dipunpanggihi tetembungan ingkang
ngemu wuwuhan, inggih punika ing tembung: mbiyen, ngasah, nyilih,
nyilihake, takjukutna, njogong, jukutake, disilih, dilang-ilang, takgawa,
lan takilang-ilangake.
No. Tembung Lingga
Ater-aterPana-
mbang
Sese-
lan
Rera-
NgkepTri-
purusa
Hanu-
Swara
Sanes-
ipun
1. mbiyen Biyen m-
2. ngasah Asah Ng-
74
3. Nyilih Silih Ny-
4. Nyilihake Silih Ny- -ake ny-/-ake
5. Takjukutna Jukut Tak- -na Tak-/-na
6. Njogong Jogong n-
7. Jukutake Jukut -ake
8. Disilih Silih di-
9. Didilang-
ilang
Ilang di-
10. Takgawa Gawa Tak-
11. Takilang-
ilang
Tak-
a. Analisis wuwuhan ater-ater
1)“Om, mbiyen kikir sing nggo ngasah greji isih?”
Ing ukara punika dipunpanggihi kalih tembung ingkang
ngemu wuwuhan, inggih punika tembung mbiyen lan ngasah.
Tembung mbiyen punika asalipun saking tembung lingga
biyen, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung katerangan wekdal. Lajeng tembung lingga biyen punika
dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater hanuswara m-, dene
tata rakiting tembungipun inggih punika:
m- + biyen = mbiyen
75
Pramila tembung lingga biyen menawi sampun kawuwuhan
ater-ater hanuswara m-, tembungipun ewah dados mbiyen.
Tembung ngasah punika asalipun saking tembung lingga
asah, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. tembung punika lajeng dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi ater-ater hanuswara ng-, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika;
ng- + asah = ngasah
Pramila tembung lingga asah menawi sampun kawuwuhan
ater-ater hanuswara ng-, tembungipun ewah dados ngasah.
2)“Isih, kowe apan nyilih?”
Tembung nyilih punika asalipun saking tembung lingga
silih, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakake tembung
kriya. lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi cara
dipuwuwuhi ater-ater hanuswara ny-, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
ny- + silih = nyilih
Pramila tembung lingga silih menawi sampun kawuwuhan
ater-ater hanuswara ny-, tembungipun ewah dados nyilih.
3)“Ya takjukutna, kowe njogong dhisit kono.”
Tembung njogong punika asalipun saking tembung lingga
jogong, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. tembung punika lajeng dipunrimbag kanthi
76
dipunwuwuhi ater-ater hanuswara n-, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
n- + jogong = njogong
Pramila tembung lingga jogong punika menwai
kawuwuhan ater-ater hanuswara n-, tembungipun ewah dados
njogong.
4)“Kiye Her, mbokan apan disilih tapi aja dilang-ilang ya?”
Wonten kalih tembung ngkang ngemu wuwuhan, inggih
punika tembung disilih lan dilang-ilang.
Tembung disilih punika asalipun saking tembung lingga
silih, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. Tembung lingga silih punika salajengipun
dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater tripurusa di-, dene tata
rakiting tembungipun inggih punika:
di- + silih = disilih
Pramila tembung lingga silih punika menawi sampun
kawuwuhan ater-ater tripurusa di-, tembungipun ewah dados
disilih.
5)“Tenang Om mengko angger wis pragat takgawa mene maning ,
ora takilang-ilangake.”
Tembung takgawa punika asalipun saking tembung lingga
gawa, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. tembung punika lajeng dipunrimbag kanthi
77
dipunwuwuhi ater-ater tripurusa tak-, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
tak- + gawa = takgawa
Pramila tembung lingga gawa menawi kawuwuhan ater-
ater tripurusa tak-, tembungipun ewah dados takgawa.
b. Analisis wuwuhan panambang
1)“Ya jukutake Om.”
Tembung jukutake punika asalipun saking tembung lingga
jukut, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –ake, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
Jukut + -ake = jukutake
Pramila tembung lingga jukut menawi kawuwuhan
panambang –ake, tembungipun ewah dados jukutake.
c. Analisis wuwuhan seselan
Ing salebeting pacelathon antawis Agung lan Pak Ahmad
punika boten dipunpangihi wontenipun wujud uwuwhan seselan.
d. Analisis wuwuhan rerangkep
1)“Ya, miki jare Pae kon nyilihake nggon sampeyan.”
Tembung nyilihake punika asalipun saking tembung lingga
silih, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
78
dipunwuwuhi ater-ater hanuswara ny- lan panambang –ake, dene
tata rakiting tembungipun inggih punika:
ny- + silih + -ake = nyilihake
Pramila tembung lingga silih punika menawi kawuwuhan
ater-ater ny- lan panambang –ake, tembungipun punika ewah
dados nyilihake.
2)“Tenang Om mengko angger wis pragat takgawa mene maning,
ora takilang-ilangake.”
Tembung takilang-ilang punika asalipun saking tembung
lingga ilang, inggih punika wuud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. lajeng tembung ilang punika dipunrimbag kanthi
cara dipunwuwuhi ater-ater rtipurusa tak- lan panambang –ake,
dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
tak- + ilang-ilang + -ake = takilang-ilangake.
Pramila tembung lingga silih punika menawi kawuwuhan
ater-ater tak- lan panambang –ake, tembungipun ewah dados
takilang-ilangake.
5. Analisis jinis, wujud lan tat rakiting wuwuhan ing salebeting pacelathon
antawis Pak Tarmin lan Pak Casdi.
Saking pacelathon punika dipunpanggihi tembung-tembung
ingkang ngemu wuwuhan inggih punika: ngendi, njongkot, klambine,
cemanthel, montoran, njahitake, ukurane, kegedhen, lurune, kudune,
taknggo, dipermak, mermak, dingei, ngumah, lan warnane.
79
No. Tembung Lingga
Ater-aterPana-
mbang
Sese-
lan
Rera-
NgkepTri-
purusa
Hanu-
Swara
Sanes-
ipun
1. Njongkot Jongkot n-
2. Klambine Klambi -ne
3. Cemanthel Canthel -um-
4. Montoran Montor -an
5. Mbiyen Biyen m-
6. Ditukokake Tuku di-
7. Njahitake Jahit n-
8. Ukurane ukur -ane
9. Kegedhen Gedhe Ke-
10. Lurune Luru -ne
11. Kudune Kudu -ne
12. taknggo Enggo Tak-
13. dipermak Permak di-
14. mermak Permak m-
15. dingei Ngei di-
16. ngumah Umah Ng-
80
17. warnane Warna -ne
a. Analisis ater-ater
1)“…… sampeyan kanding ngendi Kang, mene njongkot.”
Ing ukara punika wonten kalih tembung ingkang ngemu
wuwuhan, inggi punika tembung ngendi lna njongkot.
Tembung ngendi punika asalipun saking tembung lingga
endi, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung ancer-ancer. Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi ater-ater hanuswara ng-, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
ng- + endi = ngendi
Pramila tembung lingga endi menawi kawuwuhan ater-ater
hanuswara ng-, tembungipun ewah dados ngendi.
2)“Bisane, dipermak tah bisa sih Kang?”
Tembung dipermak punika asalipun saking tembung lingga
permak, inggih punika saking tembung manca ingkang
nandhakaken tembung kriya. lajeng tembung punika dipunrimbag
kanthi dipunwuwuhi ater-ater tripurusa di-, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
di- + permak = dipermak
Pramila tembung lingga permak punika menawi sampun
kawuwuhan ater-ater di-, tembungipun ewah dados dipermak.
81
3)” Ape mermak klalen terus, apa ape nggo sampeyan bae gelem
pora?”
Tembung mermak punika asalipun saking tembung permak,
tembung punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi ater-ater
hanuswara m-. Lajeng tata rakiting tembungipun inggih punika:
m- + permak = mermak
Pramila tembung lingga permak menawi kawuwuhan ater-
ater hanuswara m-, tembungipun ewah dados mermak.
4)“Endi mene, ora gelem nangapa wong dingei klambi.”
Tembung dingei punika asalipun saking tembung ngei
(maringi), inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi ater-ater tripurusa di-, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
di- + ngei = dingei
Pramila tembung lingga ngei punika menawi kawuwuhan
ater-ater tripurusa di-, tembungipun ewah dados dingei.
5)“Ya wis mengko sore sampeyan maring ngumah, eman-eman
wong kegedhen li nyong rada ora seneng karo warnane.
Tembung ngumah punika asalipun saking tembung lingga
umah, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung katerangan papan. Tembung punika lajeng dipunrimbag
82
kanthi dipunwuwuhi ater-ater hanuswara ng-, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
ng- + umah = ngumah
Pramila tembung lingga umah menawi kawuwuhan ater-
ater hanuswara ng-, tembungipun ewah dados ngumah.
b. Analisis panambang
1)“Ya nggo anake nyong kae sing SD, jare klambine wis ora
kedheng.”
Tembung klambine punika asalipun saking tembung lingga
klambi, inggih punika wujud tembung aran. Lajeng tembung
klambi punika dipunrimbag kanthi dipunwuwuhi panambang –ne,
dene tata rakiting tembungipun inggih punika:
Klambi + -ne = klambine
Pramila tembung lingga klambi punika menawi kawuwuhan
panambang –ne, tembungipun ewah dados klambine.
2)“Oh, lha kuwi olih apa maning cemanthel nang montoran?
Tembung montoran punika asalipun saking tembung
montor, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung aran. Tembung punika lajeng dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –e, dene atat rakiting tembungipun
inggih punika:
Montor + -e = montore
83
Pramila tembung lingga montor punika menawi
kawuwuhan panambang –e, tembungipun ewah dados montore.
3)“Tuku sing wis dadi ukurane ora ana sing pas, mau kegedhen
kabeh.”
Tembung ukurane punika asalipun saking tembung lingga
ukur, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –ane, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
Ukur + -ane = ukurane
Pramila tembung lingga ukur menawi kawuwuhan
panambang –ane, tembungipun punika ewah dados ukurane.
4)“Ya lurune sing ukurane rada cilik tah ana ndean? Wong aku
dhewek suka tuku sing wis dadi men ora usah njahitake.
Wonten kalih tembung ingkang ngemu wuwuhan
panambang inggih punika tembung lurune lan ukurane. Tembung
ukurane punika sampun dipunwedharaken poin tiga ing nginggil.
Tembung lurune inggih punika asalipun saking tembung
lingga luru, inggih punika eujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –ne, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
Luru + -ne = lurune
84
Pramila tembung lingga luru punika menawi kawuwuhan
apanmbang –ne, tembungipun ewah dados lurune.
5)“Angger nyong kudu njahitake, wong sing wis dadi ukurane ora
ana sing pas karo nyong. Mbiyen tau tuku sing wis dadi
ditukkokake anake nyong be ora tau taknggo wong kegedhen
sih.”
Tembung ukurane punika asalipun saking tembung lingga
ukur, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung . lajeng tembung punikadipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi panambang –ane, dene tata rakiting tembungipun
inggih punika:
ukur + -ane = ukurane
Pramila tembung lingga ukur menawi kawuwuhan
panambang –ane, tembungipun ewah dados ukurane.
6)“Ya wis mengko sore sampeyan maring ngumah, eman-eman
wong kegedhen li nyong rada ora seneng karo warnane.”
Tembung warnane punika asalipun saking tembung lingga
warna, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung aran. Lajeng tembung lingga warna punikadipinrimbag
kanthi dipunwuwuhi panambang –ne, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
Warna + -ne = warnane
85
Pramila tembung lingga warna menawi kawuwuhan
panambang –ne, tembungipun ewah dados warnane.
c. Analisis seselan
Ing pacelathnon punika dipunpanggihi wujud wuwuhan seselan
inggih punika seselan –um-, kados ing ukara ing ngandhap punika.
“Oh, lha kuwi olih apa maning cumanthel nang montoran?”
Tembung cumanthel punika asalipun saking tembung lingga
canthel, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken tembung
kriya. Lajeng tembung canthel punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi seselan –um-, dene tata rakiting tembungipun inggih
punika:
Canthel + -um- = cumanthel
Pramila tembung lingga canthel menawi kawuwuhan seselan –
um-, tembungipun ewah dados cumanthel.
d. Analisis rerangkep
1)“Ya nggo nyong dhewek, awit mbiyen pengin njahitake klambi
nggo dingo pranti kondangan.”
Tembung njahitake punika asalipun saking tembung lingga
jahit, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung aran. Lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi ater-ater hanuswara n- lan panmbang –ake, dene
tata rakiting tembungipun inggih punika:
86
n- + jahit + -ake = njahitake
Pramila tembung lingga jahit menawi kawuwuhan ater-ater
hanuswara n- lan panambang –ake, tembungipun ewah dados
njahitake.
2)“Tuku sing wis dadi ukurane ora ana sing pas, mau kegedhen
kabeh.”
Tembung kegedhen punika asalipun saking tembung lingga
gedhe, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kahanan. Tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi ater-ater ke- lan panambang –en, dene tata rakiting
tembungipun inggih punika:
Ke- + gedhe + -en = kegedhen
Pramila tembung lingga gedhi punika menawi kawuwuhan
ater-ater ke- lan panambang –an, tembungipun ewah dados
kegedhen.
3)“Angger nyong kudu njahitake, wong sing wis dadi ukurane ora
ana sing pas karo nyong. Mbiyen tau tuku sing wis dadi
ditukokake anake nyong be ora tau taknggo wong kegedhen sih.”
Tembung ditukokake punika asalipun saking tembung
lingga tuku, inggih punika wujud tembung ingkang nandhakaken
tembung kriya. lajeng tembung punika dipunrimbag kanthi
dipunwuwuhi ater-ater tripurusa di- lan panambang –ake, dene
tata rakiting tembungipun inggih punika:
87
di- + tuku + -ake = ditukokake
Pramila tembung lingga tuku punika menawi kawuwuhan
ater-ater tripurusa di- lan panambang –ake, tembungipun ewah
dados ditukokake.
88
BAB IV
PANUTUP
A. Dudutan
Sasampunipun nglampahi panaliten ingkang nggadhahi irah-irahan
“Analisis Wuwuhan Basa Jawi Wonten Ing Tuturan Logat Pemalang Dhusun
Parunggalih Kecamatan Bodeh Kabupaten Pemalangan”, kanthi ancasing
panaliten punika inggih punika supados saged mangertosi wujud wuwuhan
basa Jawi ingkang wonten ing logat Pemalang mliginipun Dhusun Parunggalih,
pramila asilipun saking ngermbag skripsi punika dudutanipun inggih punika
wonten ing salebeting tuturan basa Jawi logat Pemalang punika kathahipun
wuud wuwuhan basanipun namung ngangge wujud wuwuhan ater-ater lan
panambang kemawon, ananging wonten ugi rerangkep antawis ater-ater lan
panambang. Wujud wuwuhan seselan punika limrahipun boten dipunangge
wonten ing salebeting basa Jawi tuturan Logat Pemalang punika, ananging
wujud seselan punika namung wonten ing pinten-pinten tetembunganipun
kemawon.
B. Pamrayogi
Sasampunipun panyerat ngandharaken pinten-pinten wujud lan jinis
wuwuhan basa Jawi ing salebeting tuturan logat Pemalang mliginipun ing
Dhusun Parunggalih, pramila pamrayogi ingkang panyerat aturaken dhumateng
pamaos antawisipun inggih punika:
89
1. Panyerat nggadhahi pangajab supados para pamaos punika mangertosi
langkung labet babagan wujud lan jinis wuwuhan basa mliginipun
wuwuhan basa jawi.
2. Kanthi panyeratan skripisi punika mugi kemawon saged paring
pambiyantu anggenipun nglestantunaken saha ngrembakakaken basa
lan budaya Indonesia mliginipun basa lan Budaya Jawa.
90
KAPUSTAKAN
Alwasilah Chaedar A. 1993. Linguistik Suatu Pengantar. Bandung: PT Angkasa.
Arifin Zaenal, Junaiyah, 2007. Morfologi Bentuk, Makna, dan Fungsi. Jakarta: PTGrasindo.
Ayatrohaedi. 1979. Dialektologi. Jakarta: Pusat Pembinaan dan PengembanganBahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
Baribin Raminah. 2005. Bahasa Dan Satra Dalam Gamitan Budaya. Semarang:Rumah Indonesia.
Chaer Abdul, 2003. Linguistik Umum. Jakarta: Rineka Cipta.
Chaer Abdul, Leonie Agugtina. 2004. Sosiolinguistik. Jakarta: PT Rineka Cipta.
Chulsum Umi, Novia Windy. 2006. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Surabaya:Kashiko.
Harjawijaya, Supriya Th. 2001. Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa.Yogyakarta: Kanisius.
Mahsun, M.S. 1995. Dialektologi Diakronis. Yogyakarta: Gadjah MadaUniversity Press.
Mulyono Slamet. 2008. Kamus Pepak Basa Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.
Partini, B. M. Hum. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Basa Jawi. Yogyakarta:Panji Pustaka.
Poedjosoedarmo Soepomo dkk, 1997. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: PusatPembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan danKebudayaan.
Lexy J Moleong, 2007. Metode Penelitian Kualitatif (edisi revisi). Bandung: PTRemaja Rosdakarya.
Samadi, Slamet Y. 2004. Bahasa Daerah Bahab Ajar PGSD UNS.Surakarta:_________.
Samsuri, 1994. Analisis Bahasa. Jakarta: Erlangga.
Samsuri Hamzah,________. Kamus Lengkap Bahasa Indonesia Moderen.Surabaya: Gresinda.
Setiyanto Bimo Aryo. 2007. Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: PanjiPustaka.
90
Sudaryanto. 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yoyakarta: Duta WacanaUniversity Press.
Brataatmaja Kasida Heru T. 1987. Morfologi Bahasa Indonesia. Yogyakarta:Kanisius.