Perbandingan Bahasa Nusantara

25
PURWAKANING ATUR Alhamdulillah Wasyukurilah, mugi katur dhumateng Gusti Allah S.W.T ingkang sampun pinaring rahmat, hidayah, lan Inayahipun saengga kula saged ngrampungaken tugas mata kuliah Perbandingan Bahasa Nusantara kanthi nyusun Rangkuman “ PERBANDINGAN BAHASA NUSANTARA ”. Kula ngaturaken matur nuwun dhumateng Bapak Ahmad Iskak S.Pd.,M.Pd minangka Dosen Mata kuliah Perbandingan Bahasa Nusantara lan pembimbing kula salebeting damel Rangkuman. Rangkuman Perbandingan Bahasa Nusantara punika Kula susun kanthi maksud kangge dadosaken bahan renungan supados saged nyinau bahasa Nusantara kanthi gampil. Tiada Gading yang Tak Retak, Kasempurnaning kuwasaning Gusti Allah SWT, lan kekirangan ing jiwa kula, bilih salebeting panyeratan punika wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten. Kritik lan saran ingkang mbangun kula tuwuhaken kangge para pamaos . Dening Gusti Allah kula nyembah lan mohon pitulunganipun. Mugi -mugi usaha kula senantiyasa pikantuk berkah lan keridhoanipun. Amin.

Transcript of Perbandingan Bahasa Nusantara

PURWAKANING ATUR

Alhamdulillah Wasyukurilah, mugi katur dhumateng

Gusti Allah S.W.T ingkang sampun pinaring rahmat,

hidayah, lan Inayahipun saengga kula saged

ngrampungaken tugas mata kuliah Perbandingan Bahasa

Nusantara kanthi nyusun Rangkuman “ PERBANDINGAN BAHASA

NUSANTARA ”.

Kula ngaturaken matur nuwun dhumateng Bapak Ahmad

Iskak S.Pd.,M.Pd minangka Dosen Mata kuliah

Perbandingan Bahasa Nusantara lan pembimbing kula

salebeting damel Rangkuman. Rangkuman Perbandingan

Bahasa Nusantara punika Kula susun kanthi maksud kangge

dadosaken bahan renungan supados saged nyinau bahasa

Nusantara kanthi gampil.

Tiada Gading yang Tak Retak, Kasempurnaning kuwasaning

Gusti Allah SWT, lan kekirangan ing jiwa kula, bilih

salebeting panyeratan punika wonten kalepatan kula

nyuwun pangapunten. Kritik lan saran ingkang mbangun

kula tuwuhaken kangge para pamaos .

Dening Gusti Allah kula nyembah lan mohon

pitulunganipun. Mugi -mugi usaha kula senantiyasa

pikantuk berkah lan keridhoanipun. Amin.

Panyusun,

Fitri Nurwijayanti

PRATELAN ISI

PURWAKANING

ATUR...................................................

.............................. i

PRATELAN

ISI....................................................

............................................ii

I. BASA LAN RUMPUN BASA

A. Basa Alami dan

Buatan..........................................

................................

B. Basa lan

Pepanthanipun...................................

.......................................

C. Rumpun

Bahasa..........................................

...........................................

II. RUMPUN BASA AUSTRIS

A. Panrembakaning Ilmu

Basa............................................

........................

B. Perluasan Basa

Sasaran.........................................

.................................

C. Nemtokaken Hubungan

Kekeluargaan....................................

..................

III. BASA NUSANTARA

A. Fonem...........................................

................................................

.......

B. Suku

Kata............................................

................................................

..

IV. AKAR TEMBUNG LAN TEMBUNG LINGGA

A. Ciri-Cirining Akar

Tembung.........................................

...........................

B. Pembentukan Akar

Kata............................................

..............................

C. Gejala-gejala lain dalam Akar Kata lan Kata

Dasar................................

V. TEMBUNG-TEMBUNG BASA INDHONESIA LAN BASA NUSANTARA

A. Nami

wilangan........................................

..............................................

B. Nami

Kewan...........................................

..............................................

C. Nami

Organ ..........................................

...............................................

D. Hubungan Kekeluargaan lan Kata Ganti

Orang.........................................

E. Tembung

Kriya...........................................

...........................................

F. Tembung

Kahanan.........................................

.........................................

G. Nami barang

alam............................................

.......................................

VI. BASA KETURUNAN BASA NUSANTARA

A. Basa ing Wilayah RI

1. Basa

Indhonesia...................................

...........................................

2. Basa

Minangkabau..................................

.........................................

3. Basa

Jawa.........................................

.............................................

.

4. Basa

Bali.........................................

.............................................

...

5. Basa

Batak........................................

.............................................

.

6. Basa

Bima.........................................

.............................................

..

7. Basa

Mandar.......................................

.............................................

B. Basa ing Sajawining RI

1. Basa

Malagasi.....................................

.............................................

.

2. Basa

Tagalog......................................

.............................................

..

3. Basa

Taiwan.......................................

.............................................

..

DAFTAR PUSTAKA

RANGKUMAN

Perbandingan Bahasa Nusantara

Dosen Pengampu : Ahmad Iskak S.Pd.,M.Pd

Dening :

Fitri Nurwijayanti

10430040

7-D

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2012

BAB I

BASA LAN RUMPUN BASA

Saben tiyang ingkang normal salebeting pagesangansaben dintenipun migunakaken basa. Piyambakipunnumindakaken komunikasi kaliyan anggota masyarakatkaliyan basa inggih punika arupi basa lisan.

A. BASA ALAMI LAN BASA DAMELAN (BUATAN)

a. Basa AlamiBasa Alami inggih punika basa ingkang wonten

begitu saja, boten wonten ingkang mangertos wiwitkapan wontenipun, wonten pundi kalampah kanggekaping satunggalipun, lan sinten pangriptanipun.Tuladha basa Alami inggih punika basa Indonesia,basa inggris, basa Arab, basa Jepang, lsp.

b. Basa Damelan (Buatan)Basa Damelan inggih punika basa ingkang

wonten mangertos wiwit kapan wontenipun, wontenpundi kalampah kaping satunggalipundipunginakaken,lan sinten pangriptanipun.Tuladhanipun ingih punika basa Esperanto, Ido,Volapuk, lsp.

Basa Esperanto karipta dening Dr. L.LZamenhof ing Polandia ing abad kaping XIX warsa1887.

B. BASA LAN PEPANTHANIPUN

Pepanthan basa kathah ingkang gadhah persamaanantawis satunggal kaliyan sanesipun. Pepanthan basapunika benten kaliyan pepanthan basa sanesipun,ingkang ugi ngandhut kathah persamaan antawissesaminipun.

Pepanthann adedhasar kemiripaan, kadosta: Tembung “Empat”

Bahasa Indonesia empat, basa Jawa papat, basaSunda opat, basa Minangkabau ampek, basa Maduraempa’.

Wilangan “Tiga”Basa Inggris three, basa Belanda drie, basa

Jerman drei, basa Perancis trois.

Pikantuk persamaan kaliyan perbedaan salebetingbasa ing donya amargi basa-basa pinika wiwitanipunasal saking induk satunggal. Ananging, amargigegayutan antawispanuturipun terputus, mila kapecahbasa kasebat. Umpami basa-basa kasebat asalipun

saking satunggal induk, persamaan taksih sageddipunusut.

Kemiripan utawi kesamaan ingkang dadosaken dasargegayutanantawis basa inggih punika1. Persamaan fonem-fonem2. Bentuk Tembung3. Maknanipun

C. RUMPUN BASA

Pepanthan basa ingkang kathah nggadahipersamaan dipunwastani Rumpun basa. PepanthanipunRumpun basa inggih punika :

1. Rumpun Indo-German utawi Indo-Eropaa. Basa-basa ing Indiab. Basa-basa ing Iranc. Basa-basa Armeniad. Basa-basa Albaniae. Basa-basa Baltikf. Basa-basa Slaviag. Basa-basa Tokhar (Asia Tengah)h. Basa Hethit (Asia kecil)i. Bas-basa Yunanij. Basa-basa Italik. Basa-basa Keltl. Basa-basa German

2. Basa-basa Hamita. Basa Mesir (Kupti)b. Basa-basa Berber (Taureg, Kabil, lsp)

3. Basa-Basa Semita. Basa-basa Semit Timur (Asyria, Babylonia)

b. Basa-basa Semit Barat : Ibrani, Funisia, Funia,Ara, Arab, Syaria, Amhar, Ethiopia utawiAbesinia.

4. Basa-basa Ural Altaia. Basa-basa Finlandia Ugria : Finlandia, Karelia,

Estonia, Laplandia, Hongaria.b. Basa-basa Samoyid (ing daerah pantai Laut

Arktik)c. Basa-basa Altai :Turki (Osmanti, Kirgis),

Mongol, Manchu, Tungu, Jepang, Korea.d. Basa-basa Aleut Eskimo

5. Basa-basa Jafet a. Basa-basa kuno ing Asia alit : Karia, Lydia,

Lykia.b. Basa-basa Kaukakus : Tierkes, Gorgia,lsp

6. Basa-basa Austrisa. Basa-basa Autro Asia : Malaka kuno, Khasi,

Nikobar, Khmer, Munda, lsp.b. Basa-basa Austronesia : Basa-basa Indonesia

(Melayu, Jawa, Malagasi, Formosa, Filipina),Oseania (Melanesia), Polinesia (Basa ing NewZeland)

7. Basa-basa ing Asia lan Oceaniaa. Basa-basa Papuab. Basa-basa Dravidac. Basa-basa Australiad. Basa-basa Andamane. Basa-basa Paleo Asia

8. Basa-basa Afrika

Basa Khoisan : basa basa San (Bushman), basa-basanama (Hotentot)

9. Basa-basa Amerikaa. Basa-basa Amerika Utara : Algonkin, Irokese,

Na-Dene, lsp.b. Basa-basa Mexiko lana Amerika Tenaghc. Basa-basa Amerika Selatan

BAB II

RUMPUN BASA AUSTRIS

Basa Austris kaliput basa ingkang dipun-ginakakenpenduduk pribumi ingkang dipunwatesi dening KepulauanTaiwan ing sisih utara, Kepulauan Madagaskar ing sisihbarat, kepulauan Selandia Baru ing Selatan, lankepulauan Rapanui utawi kepulauan Paskah ing sisihTimur.

A. Perkembangan Ilmu Basa

Tuladha tembung ingkang ngandhut persamaan ingantawis basa ingkang kalebet rumpun basa Indo-Eropa :

InggrisPerancis Jerman LatinYunani Sangsekerta

Mother mere Mutter matermeter matar(=Ibu)

New nouveau neu nuvos neosnava(=baru)

Nose nez nase nasus rhisnas(=hidung)

Three trois drei trestreis tri (tiga)

B. Perluasan Basa Sasaran

Wilhem von Humboldt salebeting bukunipu Uberdie Kawi Sprache auf der Insel Java ( ngrembag basakawi ing Pulau Jawi). Ngandharaken bilih antawisbasa-basa ing Indonesia kaliyan basa-basa ingPolinesia, kepulauan ing Lautan teduh pikantukkathah persamaan. Salajengipun H.C.Van der Gabelentsmanggihaken ugi bilih gegayutanipun tasih wiyarmalih, kaliput basa-basa Melanesia.

Basa-basa ing Filipina lan basa-basa ingkangdipunginakaken penduduk asli ing kapulauan Taiwanugi kanyata gegayutan kulawargi kaliyan basa-basaing Indonesia.

C. Nemtokaken Gegayutaning Kaluwargaan

a. Persamaan amargi kaleresan (Kebetulan)

Ciri-rinipun persamaan (unsur) basa amargikaleresan ing antawisipun inggih punika:a. Panutur ingkang basanipun ngandhut persamaan

punika boten nate gegayutan, becik kanthi fisikugi utawi saged kanthi kultural. Kanthi carafisik maksudipun, panutur kekalih basa punikagegayutan kanthi cara langsung, komunikasinipunkanth lisan, boten mredulikaken pihak pundiingkang ngrawuhi, pihak ingkang kathah ngampili(tembung utawi unsur basa sanesipun) utawipihak ingkang kathah ngampili. Kanthi carakultural maksudipun, panutur kekalih bas punikagegayutan lumantar panutur basa sanesipun malihutawi sarana sanesipun, kadosta buku, alatperekam, film lsp.

b. Jumlahing unsur basa ingkang ngandhut persamaanpunika sakedhik. Umumipun namung tembungkemawonlan punika sipatipun acak. Maksudipun,pangertosan ingkang kinandhut salebetingtembung-tembung ingkang kanthi cara kaleresansesarengan punika boten saged dipunpanthasalebeting bidang-bidang kanthi logis lansistematis.

b. Persamaan amargi (Ampilan) PinjamanPersamaan amargi ampilan punika persamaan

unsur basa ingkang kadadosan basa ingkangsatunggal mundhut saking basa ingkang sanesipun.

Ciri-cirinipun ing antawisipun:a. Arupi tembung-tembung ingkang pangertosanipun

ingkang wiwitanipun boten dipun-gadhahi deningbasa panyambutan.Tuladha tembung panyambutan kadosta sorga, negara(Basa Sangsekerta), ilmu, ibadat (Basa Arab),

kantor, bangku (Basa Belanda), komputer, riset (BasaInggris)

b. Arupi tembung-tembung ingkang ngandhut nilairasa tertamtu, langkung sopan bilihdipunandharaken kaliyan tembung sambutan.Tuladha sambutan jini punika salebeting basaIndonesia inggih punika istinjak (B. Arab), sperma(B. Belanda)

c. Persamaan Amargi gegayutan Kakulawargan

Cak-cakanipun persamaan jinising punika ing antawisipun:

a. Persamaan punika awujud sedaya unsur basa senajan kadosipun frekuensinipun benten-benten.Artosipun, bilih gegayutaning punika boten winates lan sampun kalangsungaken salebeting wekdal ingkang lami

b. Persamaanpunika kaliput tembung-tembung pokok, inggih punika tembung ingkang dipun-gadhahi dening sedaya basa, becik panutur basa punika sampun modernugi saged tasih primitif.

c. Persamaan punika kanthi cara relatif logis lan konsisten.

D. Daerah Dumadine Basa Austris

Kangge mangertosi daerah dumadine asal basaAustronesia punika H.Kern ngempalaken tembung-tembungsalebeting maneka warna basa katurunan basaAustronesia ingkang kathah ngandhut persamaan.

Ing antawisipun tembung-tembung lan kedadeyaningkang saged dipundadosaken pituduh kangge

nemtokaken daerah asal basa Austronesia inggih punika:

1. Nami Wit-witanNami wit-witan ingkang kathah ngandhut

persamaan ing antawis basa-basa keturunan basaAustronesia ing antawisipun pari, tebu, gedhang,bambu, krambil.

2. Nami kewanNami-nami kewan ingkang kathah ngandhut

persamaan ing antawis basa-basa keturunan basaAustris ing antawisipun urang, iwak pari, gurita,baya, penyu.

3. Sejarah MigrasiMigrasi inggih punika perpindahan penduduk

kanthi cara pepanthan saking satunggaling daerahtumuju daerah sanesipun.

Wekdal kapengket migrasi kadadosan tumuju arahingkang tebih saking Asia Tengah. Bangsa ingkangsapunika numindakaken pagesangan ing Benua Eropa lansalajengipun nyebar tumuju benua sanesipun daerahdumadinipun inggih punika Asia bagiyan barat. BangsaIndian ing Benua Amerika ugi asalipun saking Asia.Panjenenganipun rawuh tumuju Amerika lumantar SelatBering.

Bangsa Arab lan Yahudi punika numindakakenpagesangan ing Afrika, Eropa lan ugi ing bagiyan donyasanesipun, ugi asalipun saking Asia bagiyan baratdaya. Penduduk pribumi Australia ugi asalipun sakingAsia.

BAB III

BASA NUSANTARA

Basa Nusantara inggih punika basa ingkang dipun-ginakaken panuturipun tumrap jaman kapengker. Basapunika boten wonten malih ing jaman saniki. Ingkangwonten inggih punika basa-basa keturunan basa-basaketurunan-keturunan basa nusantara kasebut.

Asiling rekonttruksi basa Nusantara purba inggih punika

A. FonemTuladha Hukum /r/- /g/- /h/ langkung lanjutipunpikantuk salebeting daftar ing ngandhap:

Indonesia Tagalog Bali

Layar layag layahTelur italog taluhRatus gatos halusNyiur nyiug nyiuh

Tuladha hukum /r/- /d/- /l/ inggih punika:

Indonesia Jawa BimaPadi pari paleEmpedu peru foluHiding leung ilung-ilung (belalai)

BAB IV

AKAR KATA LAN KATA DASAR

Kata dasar kadisri saking satunggal, tiga lan sekawan wanda (suku kata) utawi langkung. Umumipun gadhah ciri-ciri inggih punika :

a. Kata dasar ingkang kadiri saking satunggal suku kataumumipun arupi kata seru, kadosra ah, o, hai, arupi tembung tugas, inggih punika preposisi utawi konjungsi, kadosta ke, ing, lan, utawi tembung-tembung sanes ingkang nduduki panggenan subyek, predikat lanobjek salebeting satunggal ukara, kadosta yang, tak, nun.

b. Ingkang kasusunsaking sekawan tembung umumipun ngandhut unsur ingkang nggadhahi perulangan utawi unsur ingkang madani imbuhan rangkep. Kadosta anai-anai, laba-laba, kura-kura, kaliyan ingkang madani imbuhan rangkep kadosta gemericik, gemeletak, kemudian. Wonten sekawan suku kata ingkang arupi tembung camboran (majemuk). Artosipun, bentuk kata dasar sekawan suku

tembung punika sami kaliyan bentuk suku tembung ingkang dipungarba, kadosta halilintar, kelelawar.

BAB V

TEMBUNG-TEMBUNG BASA INDONESIA

LAN NUSANTARA

BAB VI

BASA KETURUNAN BASA NUSANTARA

Atas dasar wilayahipun, ing ngandhap punikadipunwicantenaken basa-basa kasebut.

A. Basa-basa ing wilayah Republik Indonesia1. Basa Indonesia

Basa Indonesia punika basa keturunan basaNusantara ingkang kalebet ageng, salebeting artijumlahing panutur lan wiyar wilayahipun.

Ing ngandhap punika salajengipun badhedipunrembag kanthi perbedaan lan kemiripan inggihpunika :a. Fonem

Basa Indonesia tasih nggadhahi fonemingkang dipun gadhahi dening basa Nusantara.Namung /r/ velar basa Nusantara ingkang sampunboten pikantuk malih wonten salebeting basaIndonesia. Tuladhanipun : beras, ratus, darah.

Jumbuh kaliyan hukum r-g-h ingkang sampundipun andharaken ing ngajeng, /r/ velarsalebeting basa Nusantara salebeting basa-basaketurunan dados /r/ dental, /g/ utawi /h/.Tuladhanipun tembung beras ing basa Indonesia,basa Tagalog arupi bigas, salebeting basapadatan bogas, salebeting basa Dayak behas,salebeting basa Sunda beas, lan salebetin basaJawa wos.

b. Suku KataBasa Indonesia nggadhahi suku kata kanthi

pola V, VK, KV lan KVK. Namung konsonan hambatingkang kanthi swanten dipun-gantos kaliyankonsonan hambat boten wonten swantenipuningkang homorgan. Tuladhanipun ingkangngandhut gejala punika kadosta tembung laut,lalat, ulat. Konsonan hambat dental boten wontenswantenipun, /t/ tumrap katiga basa Indonesiakasebut salebeting basa Nusantara arupi

konsonan hambat dental kanthi swanten, arupilaud, laled, lan uled.

Konsonan hambat dental kanthi swantenbasa Nusantara punika salebeting basa Jawaewah dados /r/, salebeting basa Bali ajeg /d/.Senajan salebeting basa Indonesia ewahdados /t/. Kadosta pari, urang, irung basa Jawikanthi konsonan /r/ ewah-ewahan sakingkonsonan /d/ padi, udang, lan hidung saking basaIndonesia.

c. TembungSalebeting basa Indonesia kata dasar basaIndonesia dipunrumusaken (K)V-V(K), (K)V-KV(K), lan (K)V-KV(K).Ketentuanipun tumrap fonem ingkang urutinggih punika: Urutan kapisan, (K)V- V(K), vokal ingkang

runtut boten saged arupi vokal ingkangsami.

Urutan kaping kalihipun (K)V-KV(K), bilihvokalsuku ngajeng /i/, konsonan ingkangtumut boten /y/, bilih suku ngajeng /u/konsonan ingkang tumut boten /w/, lanbilih vokal suku ngajeng /a/ konsonaningkang tumut boten /h/, kajaba bilih /h/punika dipuntumuti dening vokal /a/.

Urutan kaping tiga (K)V-KV(K). Kekalihkonsonan ingkang langsung punika namungsaged arupi konsonan nasal lan konsonanhambat utawi desis.

Kata dasar ingkang arupi asilingpenggabungan kalih akar tembung gejalanipun

ugi sami kaliyan tumrap perulangan akarkata. Minangka tuladhanipun akar kata ruk,lan akar kata sak, salajengiun dipun garbakedahipun dados ruksak. Nanging, salebetingbasa Indonesia kata dasar arupi gabunganakar kata kasebut inggih punika rusak, botenruksak, kados tembung basa Sunda.

Minangka tuladha akar cin lan akar gongingkang sedaya awalipun kaliyan konsonanhambat, /c/ lan /g/, kaliyan pungkasankonsonan nasal, /n/ lan /ng/.. kata dasarbasa Indonesia ingkang arupi asilingperulangan akat tembung inggih punika cincinlan gonggong

Tembung-tembung basa Nusantara ingkangngandhut suku kata vokal /e/ lan dudukiposisi pungkasan tembung, salebeting basaIndonesia kasebut dipun gantos kaliyan vokalsanesipun, padatan kaliyan /a/. Tuladhanipuntembung laled, uled, bener, denger, nem. BasaNusantara ing salebeting basa Indonesiaarupi lalat, ulat, benar, dengar, lan enam.

d. Frasa lan Ukara (Kalimat)Frasa kaliyan ukara basa Indonesia tasih

ngikuti susunan ingkang pikantuk ingsalebeting basa Indonesia, inggih punikasusunan ingkang dipuntepangaken kaliyan HukumD-M. Diterangkan lan Menerangkan.

Tuladhanipun salebeting frasa rumah besar,rumah arupi bagiyan ingkang dipunterangaken,senajan besar arupi bagiyan ingkang nerangaken.

2. BAHASA MINANGKABAUBasa Minangkabau langkut caket kaliyan basa

Nusantara. Basa Nusantara inggih punika basa

semivokalis. Semivokalis artosipun sepalihvokalis. Basa vokalis inggih punika basa ingkangsedaya tembung utawi suku kata pungkasan kaliyanvokal. Dados basa semivokalis inggih punika basaingkang namung sebagiyan kemawon sakong konsonaningkang dipun gadhahi saged nduduki posisisuku/tembung.

Ing ngandhap punika dipunandharaken tinjauanminangka basa punika supados cetha katingalbenten kaliyan basa sanesipuna. Fonem

Fonem basa Minangkabau becik jumlahingutawi wujudipun sami kaliyan fonem basaIndonesia. Namung vokal /e/ 9pepet0 ingkangboten pikantuk salebeting basa Minangkabau.Vokal /e/ (pepet) ingkang boten pikantuksalebeting basa Minangkabau. Salebeting basaMinangkabau umumipun arupi vokal /a/ /i/ /u/.Umpaminipun tembung basa Indonesia tengah,senang, salebeting basa Minangkabau arupitangah, lan sanang.