Post on 21-May-2015
Universitas Sarjanawiyata Tamansiswa
NAMA: RIZAL AL RIZQINIM: 10015059KELAS: 1BPRODI: PGSD
ATUR PAMBUKA
Sampun ngantos gumun menawi para siswa dipunajak sinau sinambi dolanan menapa dolanan sinambi sinau. Sedaya kala wau nggadhahi pangangkah supados pasinaon para siswa saged kalampahan kanthi ngremaenaken.Buku Remen Basa Jawa dipunrakit kanthi adhedhasar Kurikulum Muatan Lokal Bahasa Jawa tahun 2004. Wonten ing salebatipun buku menika kathah kabeber carios, dongeng, gambar, tuntunan dolanan, sekar utawi tembang lan taksih kathah malih sanesipun. Sedaya kala wau dipunajab saged kangge nggladhi para siswa ing babagan kaprigelan basa inggih menika nyemak, micara, maca, lan nulis.Para siswa temtu ugi sami remen cariyos, dongeng, tuwin cariyos wayang. Menapa para siswa sami kepengin mangertosi isinipun maneka cariyos kala wau/ sumangga para siswa sami maos piyambak buku Remen Basa Jawa menika. Dhumateng para siswa ingkang remen geguritan saha macapat ugi saged nyinau babagan sastra kala wau.Ing pungkasaning atur, sumangga sesarengan sami sregep nyinau basa Jawi supados basa ingkang adiluhung menika saged lestantun tuwin ngrembaka.Sampun ngantos kesupen menawi wonten panyaruwe babagan isi buku menika, sumangga dipun kintunaken dhumateng Tim Karya Guru. Kawula saged mundi panyaruwe saking sinten kemawon, amrih sampurnanipun buku menika.Semanten rumiyin, nuwun.
Daftar Isi
Tembung Katrangan
Tembung katrangan iku tenbung kang gunane kanggo nerangake tembung – tembung sangarepe.
Contoh:
Banu duwe klambi anyar. anyar nerangake klambi
Ibu mundut ember biru. Biru nerangake warna ember
Bawa pancen bocah pinter. Pinter nerangake bocah
Wingi Ibu tindak swalayan. Wingi nerangake wektu tindak
Daftar Isi
Tembung Linggo
Tembung linggo yaiku tenbung sing durung owah saka asale.Tembung ditabuh asale saka tembung tabuh oleh ater – ater di-.Tembung tabuh diarani tembung linggo. di - + tabuh.Tembung pinanggih asale saka tembung lingga panggih, oleh seselan/sisipan in, dadi p+in+anggih = Pinganggih.Tembung anane, asale saka tembung lingga ana, oleh panambang e. ana + e = anane.
Daftar Isi
Tembung katrangan (adverbia)
Tembung katrangan iku tembung sing nerangake wujud utawa wong.Contone =Wingi, minggu = katrangan wektuIng stasiun = katrangan papanSebab, jalaran = katrangan sebabYen munggah = katrangan syarat
Nulis
Nulis katrangan iku diwiwiti saka netepake irah – irahan lann ukara pokok utawa kerangka karangan. Kerangka mau ora mung siji nanging cocok karo dawa chendake karangan. Kerangka mau saged ditambahi ukara sing nyethakake, katrangan – katrangan sing perlu, lan di tambah uga conto – conto.
Ancer – ancer sing perlu digatekke yen ngarang yaiku :
1.Karangan kudu nganggo irah irahan.2.Pambuka ngrembug kahanan kang dienggo mlebu tumuju isine karangan.3.Isi karangan mbeberake kang dadi kawigatene cocok karo irah – irahane.4.Panutup iku minangka pungkasaning karangan ngemot panemu utawa piwulang tumrap karangan.5.Aja lali basane, tulisane, lan ejaane sing bener.
Daftar Isi
Ukara Manut Pola Jejer-wasesa-lesan-katrangan
Perangganing ukara iku ana werna 3 utawa 4 yaiku :Jejer : peranganing ukara sing nindakake pakaryanWasesa : pakaryan kang ditindakakeLesan : bagean sing dadi kawigaten diupakaraKatrangan : tembung sing nyethakake pakaryan.Contone : Bawa nulis layang ana buku.
Bawa = jejer nulis = wasesa layang = lesan ana buka = katrangan
Daftar Isi
Ukara Langsung Lan Ukara Ora Langsung
Daftar Isi
Tembang Macapat
Jenise tembang macapat iku ana 11 yaiku mijil, Kinanthi, Dhandanggula, Pangkur, sinom, Asmarandana, pocung, Durma, Gambuh, Megatruh, lan Maskumambang.Sapa wae sing nulis tembang kudu ngelingi paugerane tembang manut guru wilangan, guru lagu, lan guru gatra.Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben larike.Guru lagu yoiku dhong – dhinge swara ana ing pungkasane saben gatra/larik (wulu = I, suku = u, legenda = a, taling = e, taling tarung = o)Guru gatra/larik yaiku cacahing larikan saben sapada
Contone MacapatDaftar Isi
Aksara JawaDaftar Isi
Wernane Basa Ngoko
Ngoko lugu : tembung – tembunge ngoko kabeh.Tuladha : Aku arep mulih.Ngoko alus : tembung – tembunge ngoko kecampuran kromo inggil.Tujadha : Bapak guru lagi gerah waose.
Ibu tindak pasar.
Daftar Isi
Geguritan
Maca geguritan kang becik kudu bisa ngerteni jiwane wong sing nggawe geguritan mau. Wong ngawe geguritan jenenge pangurit. Pangurit anggone nulis lan ngripta nduweni tujuwan. Tujuane ngripta geguritan maneka warna. Ana kang nelakake rasa bungah, susah, ana uga kang ngesokake gagasan – gagasane supaya dadi kondang dingerteni wong akeh.Sajroning moco geguritan perlu digatekke lagune. Ora kena padha karo maca wacan biasa. Kudu nganggo rasa pangrasa, yaiku ngrasakake apa kang katulis iku kaya dene kahanane tenanan. Kahanan susah uga trenyuh, seneng nganggo mesam – mesem, yen perlu nganggo tangan srawean nalika nuduhake papan ing jagad iki. Upamane mikir banjur sing dicekeli sirah, mantep dhadha katebah, lan sapanunggalane. Nanging uga ora kena lali pocapane kang cocok karo aksarane.Dene isine geguritan uga ana sing nelakake rasa nyindir, nggrantes, ngalem, seneng, lan uga kuciwa.
Daftar Isi
Nulis GeguritanDaftar Isi
Maca Parikan
Parikan iku unene – unen kang nganggo sampiran lan isi sertha purwakanthi utawa sajak. Ing basa indonesia diarani pantun.
Daftar Isi
Contone Parikan
nggolek obat nang wonokitriliwat ciliwung akeh polantaseonok maksiat ojok dicedekinek wis kecemplung angel mentase....
ketemu simbah mangan korokorone diwadahi klosoakeh musibah nang isine ndunyomergo menungsone kakean duso
ndas ngelu kebenthuk pendusotuku obat nang apotek sehatnek wis rumongso kakean dusoayo podho tobat lan ojok lali sholat
Nulis parikanDaftar Isi
Tembung Entar
Tembung Entar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Umpamané: Anang-abang lambé : Ora tenanan/ora serius Abang rainé : Nandhang isin Abang kupingé : Kesuh/nesu banget Adus kringet : Nyambut gawé abot banget Adol kringet : Nyambut gawé Ala jenengé : Ora iso dipercoyo Bening ati : Sumèh Cagak urip : Nggo nyukupi kabutuhan urip Dawa tangané : tegesé clemer, seneng nyolong. Dawa ususe : sabar. Jembar segarané : tegesé seneng ngapura kasalahané liyan. Kuat isin : Ora tau isin Ora duwé ati : wong sing tega Lunyu ilaté : tegesé mencla-ménclé. Wani mati : Kendel banget/rada nekad Weteng karèt : Akèh mangané
Daftar Isi
Tembung saroja
Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.Tuladha:
sato kéwan : perkara kéwanayem tentrem : tentrem tenantepa tuladha : tuladhatresna asih : asih tenancolong jupuk : perkara nyolong utawa kagiatan
nyolong.
Daftar Isi