SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL...

20
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB VI TEMBANG DOLANAN LAN TEMBANG MACAPAT OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum. KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN 2017

Transcript of SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL...

Page 1: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017

MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN

BAHASA JAWA

BAB VI

TEMBANG DOLANAN LAN

TEMBANG MACAPAT

OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd.

DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si.

DR. SURANA, M.Hum.

KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN

2017

Page 2: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

1

KISI-KISI DAN BAHAN AJAR

No. Kompeten

si Utama

Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator

Pencapaian

Kompetensi (IPK)

Materi

pokok Kompetensi Inti

Guru (KI)

Kompetensi Guru

Mata Pelajaran

(KD)

A B C D E F

1. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan

pola pikir

keilmuan yang

mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Memahami bahasa,

sastra, dan budaya

serta

implementasinya

dalam

pembelajaran

Menganalisis

nilai-nilai budi

pekerti dalam

lagu dolanan

Lagu

dolanan

2. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan

pola pikir

keilmuan yang

mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Memahami teori

dan genre sastra

Jawa

Mengidentifikasi

nama tembang

macapat

Nama

tembang

macapat

3. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan

pola pikir

keilmuan yang

mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Memahami teori

dan genre sastra

Jawa

Menganalisis

aturan tembang

macapat

Aturan

tembang

macapat

4. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan

pola pikir

keilmuan yang

mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Memahami teori

dan genre sastra

Jawa

Menganalisis

makna bagian

tembang

macapat yang

memuat budi

pekerti luhur

Tembangma

capat

5. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan

Memahami teori

dan genre sastra

Jawa

Menganalisis

ajaran moral

dalam

Tembangma

capat

BAB VI

TEMBANG DOLANAN LAN TEMBANG MACAPAT

Page 3: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

2

pola pikir

keilmuan yang

mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

tembangmacapat

6. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan

pola pikir

keilmuan yang

mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Memahami teori

dan genre sastra

Jawa

Mengidentifikasi

purwakanthi

dalam suatu

tembangmacapat

Tembangma

capat

A. TEMBANG DOLANAN

Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo paugeran guru

watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Dadi tembang dolanan ora padha

karo karo tembang macapat, nanging uga ora padha karo tembang tengahan uga

tembang gedhe. Tembang dolanan lumrahe biyen ditembangake dening bocah-

bocah cilik, utamane ing padesan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane

lan bisa uga diiringi gamelan. Lumantar tembang dolanan, bocah-bocah ditepungake

bab sato kewan, tanduran, bebrayan, lan alam. Mula saka iku, adhedhasar isi kang

kasebut iku mau jinise tembang dolanan ana tembang dolanan bab sato kewan,

tanduran, bebrayan, lan alam.

Siji-sijine tembang dolanan nduweni tetenger arupa irah-irahan utawa judhul.

Emane, awit pangrembakane tembang dolanan kanthi gethok tular, mula judhule

kerep owah, malah uga ana sing nut lagune uga owah. Tembang dolanan wiwit

sumrambah ing bebrayan Jawa ing awal abad kaping 20. Rikala iku ora bisa kasebut

sapa sing ngripta tembang-tembang kang wiwit sumebar. Upamane tembang

Gundhul Pacul Pelog Barang, Nyata Kowe Wasis Pelog Barang, Jaran Teji Pelog Lima

(sing owah dadi Jaranan), Emplek-Emplek Ketepu Slendro Sanga, Sluku-Sluku Bathok

Slendro Sanga, uga Kauman Slendro Manyura (sing owah judhule dadi Sarsur

Kulonan, uga owah pathete dadi Slendro Sanga) ora kawruhan sapa pangriptane.

Sabanjure bubar kamardikan pangripta tembang dolanan wiwit kacathet,

kayadene R.C. Hardjasoebrata kang akeh ngripta tembang dolanan ing taun 1950-an.

Page 4: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

3

Riptane R.C. Hardjasoebrata, kaya ta Kidang Talun (Ndolani Adhiku) Slendro Sanga,

Nuthuk Kethuk Kleru Kenong (Semar, Gareng, Petruk) Slendro Sanga, Aku Duwe Pitik

Slendro Sanga (sing owah judhule dadi Pitik Tukung), Wulung Slendro Sanga, Mengko

Sore Nggonku (Ndelok Wayang) Slendro Sanga, Yo Dha Dadi Wayang Slendro Sanga,

Paman Tukang Kayu Slendro Sanga, Jago Kate Pelog Barang, Kupu Kuwe Pelog Nem,

Menthog Karo Jago Pelog Nem (sing owah judhule dadi Methog-Menthog), lan isih

akeh nanging ora pati kesuwur. Ing Taun 1960-an tuwuh tembang dolanan, kayadene

Gugur Gunung Pelog Barang karipta dening Darmasoewita, Lumbung Desa uga

Lesung Jumengglung padha-padha Slendro Sanga riptane Ki Nartasabda. Reriptane Ki

Nartasabda uga kayadene Swara Suling Pelog Lima (sing owah judhule dadi Gambang

Suling), Ayo Praon Pelog Lima (sing owah judhule dadi Prau Layar), Ngundha

Layangan Pelog Lima, lan isih akeh liyane.

Ngancik taun 1970-an reriptan tembang saya ngrembaka, kabeh uga ora

nganggo paugeran guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging ora

kabeh pantes sinebut tembang dolanan. Tembang dolanan isih nduweni iketan arupa

titilaras utawa nut uga lagu/”melodi” kang prasaja, larik kang cekak, uga isi kang

murwat kanggo bocah. Wiwit taun kasebut uga reriptan tembang kang arupa

langgam lan lagon wiwit mecungul. Sateruse reriptan lagon nganti saiki terus

jemrudhul. Mula saka iku, paugeran wekasan mau kudu dicakake kanggo matesi

tembang dolanan apa dudu. Upamane lagon-lagon riptane Ki Nartasabda, Mbok Ya

Mesem Slendro Sanga, Aja Dileroki Pelog Lima, Sapu Tanganku Pelog Nem, Mari

Kangen pelog Nem, Sarung Jagung Pelog Barang, lan sapanunggale, kabeh tanpa

ngugemi paugeran guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging

titilaras utawa nut uga lagu/”melodi” ora prasaja, larik ora cekak, uga isi ora murwat

kanggo bocah, mula ora bisa kasebut tembang dolanan.

Semono uga yen ing taun 2000-nan ngrembaka kayadene lagon Cucak Rawa

Slendro Sanga, senajan titilaras utawa nut uga lagu/”melodi” prasaja, larike cekak,

nanging isine ora murwat kanggo bocah. Mangkono uga sing wiwit taun 2016 bocah-

bocah cilik padha nembangake, yaitu lagon Banyuwangi Kanggo Rika Pelog Lima, uga

kalebu titilaras utawa nut uga lagu/”melodi” prasaja, larike cekak, nanging isine ora

murwat kanggo bocah. Saklompok nanging beda, yaiku kang ana ing taun-taun

sadurunge sing sumrambah angger bocah cilik melu-melu nembangake yaiku Lagon

Page 5: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

4

Oplosan uga Mester Mendem. Lagon-lagon kasebut sanajan isine apik, ngajak ing

bebener, nanging panyuguhe lagu ing cakepan kang kebacut blak-blakan dadi ora

murwat kanggo bocah. Mula saka iku kabeh, mula nitiki teges kang kinandhut ing

tembang dolanan dadi utama. Teges kang kinandhut iku dadi landhesan kanggo milih

tembang dolanan kang patut diwulangake ing pamulangan.

Teges kang kinandhut sajrone tembang dolanan umume wejangan bebuden

becik. Dene wujude peprincene bebuden becik iku maneka warna. Ana teges kang

kinandhut ing tembang bab tresna marang negara utawa bisa kasebut patriotisme

yaiku ing tembang dolanan Kuwi Apa Kuwi Pelog Barang, kang bisa kadulu ing ngisor

iki.

Kuwi apa kuwi, e kembang melathi, sing takpuja-puji aja dha korupsi, merga yen korupsi negarane rugi, piye-piye kuwi, aja ngono-ngono kuwi. Kuwi apa kuwi, e kembange waru, sing takpuja-puji rakyate bersatu, merga yen bersatu negarane maju, piye-piye kuwi, aja ngono-ngono kuwi. Kuwi apa kuwi, e kembange waru, sing takpuja-puji rakyate dha makmur, merga yen dha makmur negarane subur, piye-piye kuwi, aja ngono-ngono kuwi.

Tembang dolanan kasebut ing ndhuwur rinipta ing taun 1967 kacek telung taun

karo tembang dolanan Gugur Gunung padha laras Pelog pathete Barang uga padha.

Werdine uga saemper, bisa katitik ing cathetan iki.

Ayo-ayo kanca ngayahi karyane praja, kene-kene kene-kene gugur gunung tandang gawe, sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane, lila lan legawa kanggo mulyane negara, siji loro telu papat maju papat-papat, diulang-ulungake mesthi enggal rampunge, olobis kontul baris olobis kontul baris, olobis kontul baris olobis kontul baris. Ana teges kang kinandhut ing tembang dolanan bab netepi unggah-unggah

kanthi tumindak ngati-ati utawa ora grusa-grusu. Teges kasebut ana ing tembang

Page 6: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

5

dolanan Gundhul Pacul uga Pelog Barang, kang wis ana sadurunge taun 1930-an lan

ora kawruhan pangriptane. Cakepan asline kaya ing ngisor iki.

Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan, nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan, wakul glempang segane dadi saratan, wakul glempang segane dadi saratan.

Tembang kang nggambarake durwiweka kasebut kejaba owah titilarase saka

asline, uga ngalami owah-owahan cakepane, kang dadine kaya ing ngisor iki.

Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan, nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan, wakul glempang segane dadi salatar, wakul glempang segane dadi salatar. Reff: Ana bocah gundhul dhul lunga menyang sawah, nyunggi-nyunggi wakul kul karo gembelengan, mlaku neng tengah dalan ora wedi bebayan, mlaku neng tengah dalan ora wedi bebayan, wakule ngglempang dadi salatar. Aja nangis ndhul, mundhak tambah gundhul, aja nangis ndhul, mundhak tambah gundhul.

Owah-owahan tembang dolanan Gundhul Pacul kasebut saya nyethakake teges

kang kinandhut uga ndadekake greget wejangane kawistara. Ora beda karone karo

tembang Methog-Methog Pelog Nem. Tembang iku uga owah saka pangriptane. Yen

asline mangkene:

Menthog-menthog takkandhani, sasolahmu angisin-isini, mbok ya aja ngetok, ana kandhang wae, enak-enak ngorok ora nyambut gawe, menthog-menthog mung lakumu, egag-gegog gawe guyu.

Jago-jago takkandhani, sasolahmu angisin-isini, aja krubyag-krubyug apa wedi banyu, aja klubag-klubug ayo tutna aku, jago-jago gek mentasa, aja umuk dhemen mada.

Page 7: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

6

Cakepan tembang ing ndhuwur mungkret kari dadi sapada uga ana owahe

tembung-tembunge, kaya ing ngisor iki.

Menthog-menthog takkandhani, mung solahmu angisin-isini, mbok ya aja ngetok, ana kandhang wae, enak-enak ngorok, ora nyambut gawe, methog-menthog mung lakumu, megal-megol gawe guyu.

Sanajan owah titilarase, uga owah padane, lan owah saperangan tembunge,

nanging teges kang kinandhut ing tembang kasebut tetep wae. Tembang kasebut uga

ngandhut wejangan bebuden becik bab unggah-ungguh kanthi tumindak ora ngina

liyan, uga ngerteni kodrate Gusti krana kang didarbeni liyan. Saemper karo isine

tembang kasebut yaiku tembang dolanan Jago Kate Pelog Barang uga riptane R.C.

Hardja Soebrata. Cakepane bisa kadulu ing ngisor iki.

Jago kate te te te, kug kug klurug kok, amecece ce ce ce kug kug klurug, balang watu bocah kuncung, keyog kena telihe njranthal pelayune, mari umuk mari ngece si kate katon yen tukung.

Werdi kang kinandhut ing tembang dolanan bisa katitik ora mung kanthi

ngerteni cakepane. Ana kang luwih wigati kanggo merdeni tembang dolanan, yaiku

bab titilaras lagune utawa cengkoke. Upamane tembang Kauman, Sluku-Sluku

Bathok, uga Emplek-Emplek Ketepu, siji-sijine yen katiti saka cakepane angel bisa

kadumuk werdine.

Kauman Slendro Manyura Sar sur kulonan mak mak gemake re te te te, takoyake re te te te , takoyake yen kecandhak dadi gawe, babo mesthi mati, babo mesthi mati, takbedhile mimis wesi, thong thronthong-thronthong dher, thong thronthong-thronthong dher, takbedhile e e mimis wesi.

Page 8: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

7

Sluku-Sluku Bathok Slendro Sanga Sluku-sluku bathok, bathoke ela-elo, si rama menyang Sala, leh-olehe payung muntha, pak jenthit lo lo bah, wong mati ora obah, yen obah medeni bocah, yen urip goleka dhuwit.

Emplek-Emplek Ketepu Slendro Sanga Emplek-emplek ketepu wong lanang goleka kayu, ala la yah golek-golek pisan, ala layah golek-golek pisan, o eyo golek pisan, o e yo, golek pisan, lamun golek wong lanang aja lah menek, ala la yah menek-menek pisan, ala layah menek-menek pisan, o e yo menek pisan o e yo, menek pisan, lamun menek wong lanang aja lah mencit, ala la yah mencit-mencit pisan, ala layah mencit-mencit pisan, o e yo mencit pisan, o e yo, mencit pisan, lamun mencit wong lanang aja lah tiba, ala la yah tiba-tiba pisan, ala la yah tiba-tiba pisan, o e yo tiba pisan o e yo, tiba pisan lamun tiba wong lanang aja lah mati, ala la yah mati-mati pisan, ala layah mati-mati pisan, o e yo mati pisan, o e yo, mati pisan, lamun mati wong lanang ya takbelani. Saemper karo tembang-tembang ing ndhuwur, ana riptane R.C. Hardjasoebrata

taun 1951 kang angel diwerdeni, yaiku Kidang Talun Slendro Sanga. Tembang kang

uga diparingi irah-irahan Ndolani Adhiku iku sakawit mung sapada, salakune jaman

dadi telung pada. Kejaba iku nute uga owah. Sapada kawitan kasebut yaiku:

Kidang talun, mangan kacang talun, mil kethemil mil-kethemil, si kidang mangan lembayung. Pada kasebut isih tetep lumaku nganti saiki, nanging kasusul anane tambahan

pada kapindho kaya ing ngisor iki.

Gajah belang, saka tanah Plembang, nuk renggunuk-nuk renggunuk, si gajah nyemplung ing blumbang. Utawa: Gajah belang, saka tanah sebrang, nuk renggunuk-nuk renggunuk, gedhene meh padha gunung.

Page 9: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

8

Kejaba pada kapindho iku uga kasusul pada katelu, kang uga ana bebedane

kaya ing ngisor iki.

Tikus buntung, nduwe anak buntung, cit cit ciyit-cit cit ciyit, si tikus saba ing wuwung. Pada katelu uga ana kang ngowahi dadi mangkene. Tikus pithi, nduwe anak siji, cit cit ciyit-cit cit ciyit, si tikus seneng ngrikiti. Utawa:

Tikus pithi, nduwe anak siji, cit cit ciyit-cit cit ciyit, maju perang wani mati. Pangrembakane tembang dolanan kasebut ora mandheg, ing taun 2010-an

tuwuh pada kang kaping papat, kaya mangkene:

Macan tutul, nduwe anak tutul, thuthul-thuthul thuthul-thuthul, macan kok senenge thiwul.

Werdine tembang dolanan uga ana bab unggah-ungguh marang alam donya

saisine. Ana tembang riptane R.C. Hardjasoebrata taun 1951 kanthi judhul Bocah-

Bocah Dolan (Padhang Mbulan) Pelog Nem, cakepane mangkene:

Padhang-padhang mbulan kaya rina, latare jembar, njjingglang padhange, kareben bingar akeh kancane, ayo padha keplok-plok surak hi yo, ayo padha keplok-plok surak hi yo.

Riptane R.C. Hardjasoebrata kasebut yen katandhingake karo reriptan ing taun

2000-nan iki kanthi judhul padha Padhang Mbulan laras lan pathet uga padha, Laras

Pelog Pathet Nem, kepriye ya?

Yo prakanca dolanan ing njaba, padhang mbulan padhange kaya rina, rembulane kang ngawe-awe, ngelikake aja turu sore-sore.

Kekarone padha-padha ngajak suka parisuka uga ngerteni owah gingsire alam donya

kanthi nyawang swasana ing wayah padhang rembulan, kanthi werdi kanng sinandhi

kabeh iku peparinge Gusti, mula kudu konjuk amemuji atur sukur.

Page 10: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

9

Isih akeh tembang-tembang dolanan kang durung diterangake teges kang

kinandhut utawa werdi kang didarbeni, sebab kejaba cacahe tembang dolanan kang

akeh banget uga reriptan tembang dolanan isih terus ngrembaka.

B. TEMBANG MACAPAT

Tembang ing bebrayan Jawa kaperang dadi 3 jinis, yaiku tembang gedhe/sekar

ageng (kawi miring), tembang tengahan/sekar tengahan, lan tembang cilik/sekar alit

utawa tembang macapat. Jinis-jinis iku jumbuh karo kang tinemu ing tlatah Bali. Ing

Bali tembang-tembang kasebut karan sekar ageng, sekar tengahan (sekar madya),

lan tembang macapat (sekar alit). Andharan kasebut jumbuh karo katrangane

Poerbatjaraka (1957), kang surasane tembang macapat utawa kidung, wujude lan

tuwuhe meh bareng yaiku ing jaman Majapahit, nalika agama Islam wis ngrembaka,

utamane ing tlatah pesisir lor Pulau Jawa. Tembang macapat ora mung tinemu ing

masyarakat Jawa, nanging uga ing Sunda, Bali, Lombok, lan Madura.

1. Titikane Tembang Macapat

Tembang macapat yaiku jinis reriptan tembang sing nganggo paugeran arupa

guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tembung guru ing bab iki

ateges pathokan/panutan. Dhasar utama kang nemtokake tembang macapat yaiku

guru watak, jalaran saka watak kang tinamtu iku bisa kasebut tembang macapat

tartamtu. Saperangan tembang tengahan ana kang kaiket guru gatra, guru wilangan,

lan guru lagu, nanging tembang kasebut ora nduweni watak tinamtu. Kang kalebu

tembang tengahan kasebut, yaiku tembang Balabak, Girisa, Wirangrong, lan

Jurudemung. Yen mung sinebut anane paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru

lagu, mula cacahe tembang macapat ana 15. Dene, amarga kang dadi dhasar utama

tembang macapat iku guru watak, mula cacahe tembang macapat ana 11.

Tembang macapat uga kaya tembang gedhe lan tembang tengahan yaiku

nggunakake basa Jawa anyar. Perlu kawuninga, akeh anggepan yen tembang

tengahan iku nggunakake basa Jawa Tengahan lan tembang gedhe nggunakake basa

Jawa Kuna. Kejaba iku paugeran tembang macapat akeh-akehe mung disebutake

telung prakara, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Kamangka kang utama

utawa kang dadi lanjere ing tembang macapat iku watake, mula guru watak kudu

Page 11: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

10

ndhisiki. Kanggo ngerteni bab basa kasebut bisa katandhingake telung tembang kang

wis umum tinemu ing bebrayan Jawa ing ngisor iki.

Sekar Ageng Kusumastuti:

Dhuh kulup putraningsun, sireku wus wancine, pisah lan jeneng ing wong, ywa kulineng hardi, becik sira neng Praju, suwiteng narpati, wulu cumbu madukara paran, margane ketemu, ha mung ta wekas ing wong ywa pegat teteki.

Sekar Tengahan Dhudha Gandrung:

Peksi pita, sendhang lit kinurung, sun cecadhang wiwit timurnya, wehing mayang pandam ingkang ratri, ing tembe sun kawulani, perak rekta, mangke wus diwasa, suteng baya, warnanya punjul, gandhes luwes grapyak kaduk manis, wyeng engeta mring kawula.

Sekar Macapat Pangkur:

Mingkar-mingkur ing ukara, anakarana karenan mardisiwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining nglemu luhung, kang tumrap neng tanah Jawa, agama ageming aji.

Kejaba salang surupe bab basa ing tembang, uga lirwane ing bab lanjere tembang

macapat, yaiku bab guru watak. Guru watak yaiku pathokan bab wewatakane saben-

saben tembang macapat. 11 jinis tembang macapat nduweni watak sinebut ing

dhaftar ngisor iki.

No. Sekar/Tembang Watak Penganggene

1 Mijil Gandrung, prihatos

Slaras kangge medhar piwulang,

pangalembana, lan asmara ingkang

kebak raos prihatos.

2 Sinom Wantah, grapyak Medhar wejangan, piwulang, utawa

Page 12: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

11

bawa raos kanthi grapyak sumanak.

3 Maskumabang Nelangsa,

prihatos sanget

Medharaken panalangsanipun

manah kang nembe sedhih,

sungkawa, lan nelangsa, kadya

nalika pepisahan, wonten lelayu.

4 Pangkur Sereng Cocog kangge medhar cariyos

ingkang tumemen lan blaka.

5 Durma Nepsu, sereng

sanget

Cocog kangge medhar cariyos

ingkang kasar, kados tiyang nembe

duka, prajurit nembe tantang-

tantangan, lsp.

6 Kinanthi Asih asuh

Cocog kangge medharaken

piwulang, wejangan, utawi kangge

medhar asmara, ugi cariyos bab

asmara.

7 Asmaradana Gandrung, Prihatos,

welas

Cocog kangge medhar cariyos

ingkang ngemu asmara, gandrung

wuyung, utawi lara branta. Kelebet

gandrung dhumateng kahanan kang

utami ugi Pangeran.

8 Dhandhanggula Luwes, manis

Cocog kangge medhar wejangan,

piwulang, katresnan, saged ugi

kangge murwakani lan mungkasi

cariyos.

9 Gambuh Radi sereng Cocog kanggo medhar wejangan,

nanging kanthi grapyak sumanak.

10 Megatruh/

Dhudhuk Wuluh Prihatos, getun

Slaras kangge medharaken raos

kuciwa, getun, utawi nalangsa. .

11 Pucung Sasekecapanipun

Medharaken piwulang ingkang

asipat prasaja, gampil dipunngertosi.

Kangge gegojegan arupi cangkriman.

Dhaftar ing ndhuwur kajangkepi karo penganggone tembang-tembang macapat.

Perangan iku kaangkah kanggo negesake watake tembang-tembang kasebut. Kejaba

guru watak, tembang macapat isih kaiket ing guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

Guru gatra yaiku gunggunge gatra utawa larik ing saben sapada (Indonesia: bait).

Guru wilangan, yaiku gunggunge wanda ing saben sagatra/salarik (Indonesia: baris).

Dene guru lagu utawa kasebut dhong-dhinge swara yaiku swara ing saben

Page 13: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

12

pungkasaning gatra/larik (Padmosoekotjo, 1958:15). Iketan tetelune tumrap 11

tembang macapat bisa karingkes ing dhaftar ngisor iki.

No Sekar/Tembang Guru

Gatra

Guru Wilangan saha Guru Lagu Larik Kaping

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10

1 Mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6u

2 Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a

3 Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a

4 Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i

5 Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i

6 Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i

7 Asmaradana 7 8i 8a 8e/o 8a 7a 8u 8a

8 Dhandhanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

9 Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o

10 Megatruh/

Dhudhukwuluh 5 12u 8i 8u 8i 8o

11 Pucung 4 12u 6a 8i 12a

Kejaba 11 tembang macapat kasebut ing ndhuwur, uga ana 4 jinis tembang

tengahan kangkalebu tembang tengahan akhir, uga nggunakake paugeran guru

gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Paugeran kasebut bisa kapirsani ing dhaftar

ngisor iki.

No Sekar/Tembang Guru

Gatra

Guru Wilangan saha Guru Lagu Larik Kaping

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10

1 Wirangrong 6 8i 8o 10u 6i 7a 8a

2 Girisa 8 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a

3 Balabak 6 12a 3e 12a 3e 12a 3e

4 Jurudemung 7 8a 8u 8u 8a 8u 8a 8u

2. Merdeni Isine Tembang Macapat

Tembang macapat kejaba mawa paugeran arupa guru watak, guru gatra, guru

wilangan, lan guru lagu, uga nduweni isen lan pepasren arupa maneka werna bab,

kayadene pitutur, wangsalan cangkriman, purwakanthi, uga tembung Kawi.

Tembang macapat umumipun nduweni isi ngenani pitutur. Pitutur yaiku

unen-unen kang kanggo mulangake lan nggegulang bebener lan kabecikan. Wujude

Page 14: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

13

pitutur bisa wantah bisa uga samudana, kayadene ing Serta Tripama, pitutur

kagambarake kanthi paraga utama ing carita, yaiku Kumbakarno, Adipati Karna, lan

Patih Suwanda. Beda karo kang ana ing Serat Wulangreh, Wulang Sunu, Wulang

putri, uga Serat Candra Rini, pitutur kang ana dicethakake.

Tembang macapat uga kerep ngandhut pepasren arupa wangsalan. wangsalan

yaiku tembung-tembung sajrone ukara kang disamunake, wujude cakriman kanthi

batangan ing wandane tembung samburine. cangkriman kanthi batangan ing wanda

tembung salebeting ukara sawingkingipun. Kejaba cangkriman ing wangsalan,

tembang macapat uga ana kang ngemot cangkriman ing sawutuhe pada. Tembang

macapat kang kerep ngemot cangkriman yaiku tembang pucung.

Tembang macapat kejaba nduweni paugeran guru lagu, uga ana kang

majibake anane purwakanthi guru swara. Tembang kasebut uga dumadi ing tembang

pucung, yaiku ing larik pisanan kang dumadi kang ora mung kaiket ing guru wilangan

lan guru lagu /12-u/, nanging wanda kapapat uga kawekasan /u/, jalaran netepi

purwakanthi guru swara karo wanda wekasan larik.

Tembang macapat ana uga kang ngrengkuh anane purwakanthi guru sastra,

uga ana kang ngemot purwakanthi guru basa utawa purwakanthi lumaksita.

Purwakanthi lelorone iku tumrape tembang macapat pancen ora kudu ana, kabeh iku

sipate mung pasren, murih dadi saya apike. Katrangan bab purwakanthi iki bisa

kapirsani ing tembang ngisor iki.

Kembang abang titimbanging gambir, tebih tineba tambah tegalan, pala kirna keh warnane, kencingan kacang kancuh, kara uceng caket kecipir, lang-alang seselingan, glagahireng rayung, ngandhap dhukuh gagawangan, pala pendhem nedheng mangsane ngundhuhi tan kendhat tutundhunan.

Pethikan tembang Dhandhanggula, saka Serat Giripura anggitane KGPAA

Mangkunagara IV, kasebut ngemu purwakanthi guru swara lan purwakanthi guru

sastra. Kang kalebu purwakanthi guru swara, yaiku ing gatra (1) kembang abang

titimbangan gambir.....[runtute swara-ang], (2) tineba tambah tegalan, (3) pala

Page 15: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

14

kirna [runtute swara menga /a/]. Kang kalebu purwakanthi guru sastra, yaiku wanda-

wanda kang ngemu aksara sigeg, tuladhane: kembang abang titimbanging gambir

[runtute swara sigeg /-b/, /ng/], tebih tineba tambah tegalan [runtute swara sigeg /-

t/], pala kirna keh warnane, kencingan kacang kancuh [runtute swara sigeg /-k/],

kara uceng caket kecipir [runtute swara sigeg /-c/], lang-alang seselingan [runtute

swara sigeg /-l/], glagah ireng rayung, ngandhap dhukuh gagawangan [runtute swara

sigeg /-dh/], pala pendhem nedheng mangsane [runtute swara sigeg /-p/, /-dh/],

ngundhuhi tan kendhat tutundhunan, [runtute swara sigeg /-t/].

Dene purwakanthi guru basa utawa purwakanti lumaksita, awujud tetembungan

kang kasebut makaping-kaping, kaya ing sajroning tembang macapat. Tuladhane ing

tembang Sinom iki.

Angajia tata krama, ngajia basa kang becik, ngajia duga prayoga, ngajia weruh wewadi, semu lawan lelungid, ing esit-wangsit den weruh, aywa mbawur kewala, lawan den bisa nyurupi, mring wateke wong siji-siji punika.

Sajrone pethikan tembang kasebut tinemu tembung ‘ngajia’ kang dibolan-

baleni nganti ping papat. Tembung ‘ngajia’ iku kang mangun purwakanthi guru basa

utawa purwakanthi lumaksita. Kejaba purwakanthi lumaksita uga tinemu

purwakanthi guru swara kanthi runtute swara [-a] ing gatra ‘angajia tata krama’.

Pasren kang wekasan tumrape tembang macapat yaiku anane tembung-

tembung Kawi. Tembung-tembung Kawi yaiku tembung-tembung sing endah saka

para kawi utawi para pujangga, sing lumrahe saka basa Jawa Kuna utawa basa

Sanskereta. Bab apike pengananggone tembung-tembung Kawi ing tembang

macapat, ora kaetung saka akeh sethithike tembung kang digunakake, nanging saka

pantes trepe. Pamacane tembung-tembung kasebut kudu kaslarasake karo basa Jawa

anyar, dadi /a/ wanda menga ora kaunekake /a/ miring nanging jejeg kaya padatan

ing basa Jawa saiki.

Perlu kawuninga, tembang macapat cacah sewelas mau, kejaba nduweni

iketan arupa guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, uga ana cathetan

Page 16: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

15

sing yasa jinis tembang-tembang kasebut. Senajan ta cathetan iku uga tanpa bukti

sing nyata, ewasemana wis akeh sumebar ing bebrayan Jawa. Dene cathetan iku

nyebutake kaya ing ngisor iki.

PANGRIPTA SEKAR/TEMBANG MACAPAT

No. Sekar/Tembang Pangripta

1 Mijil Kanjeng Sunan Geseng

2 Sinom Kanjeng Sunan Giri Kedhaton

3 Maskumabang Kanjeng Sunan Mayagung

4 Pangkur Kanjeng Sunan Muryapada

5 Durma Kanjeng Sunan Bonang

6 Kinanthi Kanjeng Sultan Adi Erucakra

7 Asmaradana Kanjeng Sunan Giri Kedhaton

8 Dhandhanggula Kanjeng Sunan Kalijaga

9 Gambuh Natapraja

10 Megatruh/DhudhukWuluh Kanjeng Sunan Giri Parapen

11 Pucung Kanjeng Sunan Gunungjati

A. BUDI PEKERTI ING TEMBANG MACAPAT

Budi pekerti mujudake cipta, rasa, lan karsa kang kawedharake lumantar

tetembungan lan tindak-tanduk solah bawane manungsa. Panggulawenthah babagan

nilai budi pekerti katindakake ana ing kulawarga, sekolahan, lan uga ing bebrayan.

Tuladhane, nilai pitutur lan piwulang kearifan lokal unen-unen “Ora ilok” utawa ‘ora

elok”, tegese ora becik utawa ora apik minangka piwulang kanggo nglarang tumindak

tartamtu. Tujuane supaya bocah-bocah tumindak apik lan sopan, kanthi ninggalake

utawa ora nglakoni tumindak ala lan ora sopan. Tuladhane, unen-unen ora ilok

ngglungguhi bantal, mengko wudhunen (Tidak baik menduduki bantal , nanti

bisulan). Maksude kabeh wae ora oleh nglungguhi bantal, jalaran bantal iku lemeke

sirah nalika turu, kang ora patut yen dilungguhi. Indhikator budi pekerti ing antaran,

yaiku: (1) manembah (taat kepada Tuhan Yang Mahaesa), (2) kebak ing

pamengku(toleransi), (3) anut pranatan (disiplin), (4) ora asor ( harga diri), (5) ora

ngucereng kewuh (tanggung jawab), (6) kagunan (potensi diri), (7) tresna mring

Page 17: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

16

sesama (cinta dan kasih sayang), (8) saiyek saeka kapti (kebersamaan dan gotong

royong), (9) setya (kesetyakawanan), (10) ajen-ingajenan (saling menghormati),

(11)tata krama lan sopan santun, lan (12) blaka utawa prasaja (kejujuran).

Tembang macapat kalebu ewoning sastra piwulang. Piwulang bab tata krama,

akeh kawedhar ing kasusastran Jawa, mligine tinemu sastra kraton kang awujud

tembang. Kanggo merdeni isine tembang macapat, mula bab tembung Kawi,

purwakanthi, cangkriman, wangsalan, lan pitutur kang kamot kudu dingerteni luwih

dhisik. Tembang macapat kalebu ewoning sastra piwulang. Piwulang bab unggah-

ungguh, tatakrama, utawa tatatrapsila akeh kawedhar kanthi wujud tembang

macapat. Tuladha, tembang Dhandhanggula, pada 7, paring pitutur yen wanodya iku

ora becik yen seneng nangga, sebab wong nangga iku lumrahe ngrasani. Sapa wae

bisa dirasani. Tembange mangkene:

Panuwunku mring Hyang Maha Suci, sira iku aja dhemen nangga, gawé camah mring awake, temahan dadi kumprung, pengung bingung wekasan maling,

temah ginuywa tangga, lamun sira gugu,

ujare wong liwat dalan, salugune kang darbe catur puniki,

mung angarah bubraha.

(PB IV, tt).

Pethikan saka Serat Pitutur mring Estri, kasebut paring pitutur marang para

wanodya, mligine sing wis winengku ing priya. Yen wanita iku aja dhemen nangga,

maksude dolan menyang tangga, utawa basane saiki karan “ngrumpi”, sebab wong

nangga iku lumrahe ngrasani. Temahan gawe camah, gawe wirang mring awake.

Tangga iku ora kabeh apik, yen ora seneng malah nggeguyu. Apa maneh yen ngerti

bale wismane bubrah malah seneng. Pitutur iku yen digugu pancen becik. Mbok

menawa pancen wiwit biyen, wanodya iku sok seneng nangga, nanging nangga iku

ora ana untunge malah gawe bubrah. Tuladha liyane kaya ing pada 9, kang surasane

wong sing seneng sasanjan mring tangga. Pethikane kaya mangkene:

Ing desa kene ana wong siji, aremen sasanjan mring tangga, ngluruh dalan saben dinane, lunga esuk mulih surup,

Page 18: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

17

mung puniku karyane yayi, lah yayi tingalana, apa becik iku yen becik sira tiruwa,

lamun ora becik aja anglakoni, satemah dadi ala.

Pethikan kasebut paring tuladha tuna lupute wong sing seneng nangga lan

seneng sanja mring tangga. Saben dina lunga, budhal esuk mulih surup. Pakaryan iku

dilakoni saben dina. Para wanodya didhawuhi mbiji. Becik apa ora, nek apik mangga

ditiru, dadi patuladhan, nanging yen ora becik aja dilakoni lan aja ditiru. Wong wadon

kang seneng nglampra ora becik.

B. NILAI MORAL SAJRONE TEMBANG MACAPAT

Moral iku nilai kang ditrapake kang nuduhake apik alane tindak-tanduke

manungsa kang ora ngrugekake pawongan liya adhedhasar nurani dhiri. Manungsa

kang ora nduweni moral diarani amoral, ateges ora nduweni nilai kang becik miturut

pamawase manungsa liyane. Nilai moral dipangaribawani 3 bab, yaiku ajaran agama,

adat istiadat, lan idheologi.

a. Nilai moral sumbere piwulang agama

Kapatutan kang sumbere agama, saengga gumantung marang piwulang utawa

ajaran agamae dhewe-dhewe, kaya ta: nyolong, ngapusi, blenjani janji,

mitnah, tindakan asusila, lan sapanunggalane.

b. Nilai moral kang sumbere adat istiadat

Kapatutan kang sumbere adat istiadat, tuladhane ora lungguh ing panggonan

ndhuwure wong tuwa, ora dolanan sirahe wong tuwa, lan sapanunggalane.

c. Nilai moral kang sumbere idheologi

Kapatutan kang sumbere idheologi utawa pahamesawenehe pawongan,

tuladhane wong kang mantep ora ngrokok salawase uripe, wong kang ora

mangan daging kewan apa wae, lan sapanunggalane.

Sajrone tembang macapat akeh kinandhut nilai moral kang bisa kanggo

tuntutan panguripane manungsa. Piwulang moral mau gegayutan antara manungsa

karo Gusti-ne, manungsa karo sapepadhane, manungsa karo dhiri pribadhine, lan

Page 19: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

18

manungsa karo alam lingkungane (Koentjaraningrat, 1985). Tuladhane kaya tembang

ngisor iki:

Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo wong aurip, ala lan becik puniku, . prayoga kawruhana, adat waton puniku, miwah ta ing tatakrama, den kaesthi siang ratri. Deduga lawan prayoga, myang watara riringa aywa lali iku parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng anendra, duga-duga nora kari. (Darusuprapta, 1992:70).

Tembang Pangkur 2 pada kasebut kapethik saka Serat Wulang Reh, pupuh 4.

Tembang kasebut asung pemut marang putra-wayahe. Dene isine, paring tuntunan

menawa urip ing alam bebrayan, iku ana paugerane. Aja mung tumindak waton,

nanging tumindaka kanthi wawaton. Wawaton iku awujud tatakrama kang kudu

diugemi ing siang-ratri. Lire aja nganti lali lan aja ninggal tatakrama. Tatakrama

minangka lelandhesan urip ing alam bebrayan. Samubarang tumindak tansah

alelandhesan ing deduga lan prayoga, watara, lan reringa. Tegese: deduga: sadurunge

tumindak dipenggalih dhisik. Aja grusa-grusu ben ora getun ing tembe. Prayoga

dipenggalih ala lan becik utawa (untung dan rugi), sadurunge tumindak. Watara,

ngira-ira utawa menggalih apa sing arep ditindakake, lan reringa tegese kudu ngati-

ati ngadhepi samubarang kang durung mesthi. Intine sadurunge tumindak kudu

waspada, aja nganti getun tiba mburi. Miturut Sri Pakubuwana IV, kabeh mau awujud

prabot kanggo srawung ing alam bebrayan. Minangka prabot, mesthine aja nganti

dilirwakake lan kudu tetep diugemi.

Page 20: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo ...

19

DAFTAR PUSTAKA

Hardjasoebrata, R.C., 1951a. Ayo Padha Nembang 1. Jakarta: Noordhoff-Kolff N.V.

-------------------------, 1951b. Surat Tuntunan Aku Bisa Nembang 1. Jakarta:

Kementerian Pendidikan, Pengajaran, dan Kebudayaan

-------------------------, 1951c. Surat Tuntunan Aku Bisa Nembang 2. Jakarta:

Kementerian Pendidikan, Pengajaran, dan Kebudayaan

------------------, 1994b. Kumpulan Gendhing-Gendhing lan Lagon Dolanan Jilid 2

(pangimpun Gatot Sasminto). Sukaharja: Cenrawasih

Hardjowirogo, R. 1980. Pathokaning Nyekaraken (jarwan Sulistyo HS). Jakarta:

Departemen Pendidikan dan kebudayaan, Bagian Penerbitan Buku Bacaan

dan Sastra Indonesia dan daerah

Jumiran. A.Al. 1996. Inovasi Tembang Jawa. Malang. Konggres Bahasa Jawa II.

Nartasabda, Ki, 1994a. Kumpulan Gendhing-Gendhing lan Lagon Dolanan Jilid 1

(pangimpun Sri Widodo Biman Putro). Sukaharja: Cenrawasih

Padmoseokotjo, S., tt. Limpad Nembang Macapat. Surabaya: Trimurti

Padmosoekotjo, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Djawa : Kanggo Para Siswa

Sekolah Guru B Lan Sadjadjare (K.G.B., K.L.P.S.G.B., S.M.P.) Jogjakarta : Soejadi

Padmosoekotjo, S., 1955, Ngengrengan Kasusastran Djawa. Jogjakarta: Hie Hoo Sing.

Subalidinata, RS. 1991. Seluk Beluk sastra Jawa. Yogyakarta. FSK UGM.

Sudjarwadi, IC. 1996. Bahasa Jawa Pada Tembang Dolanan Anak-anak. Malang:

Konggres Bahasa Jawa II.

Sunarto, Ki, tt. Kempalan Macapat. Surakarta: Cendrawasih