BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa...

34
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum. KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN 2017

Transcript of BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa...

Page 1: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017

MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN

BAHASA JAWA

BAB IV

KASUSASTRAN JAWA KLASIK

OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd.

DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si.

DR. SURANA, M.Hum.

KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN

2017

Page 2: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

1

KISI-KISI DAN BAHAN AJAR

No. Kompetensi Utama

Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator Pencapaian

Kompetensi (IPK)

Materi pokok Kompetensi Inti

Guru (KI) Kompetensi Guru

Mata Pelajaran (KD)

A B C D E F

1. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Menyebutkan makna ungkapan kultural orang Jawa yang sudah menjadi tradhisi lisan

Ungkapan Jawa dalam sesanti

2. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami teori dan genre sastra Jawa

Menganalisis makna wangsalan dalam budaya Jawa

Wangsalan

3. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami teori dan genre sastra Jawa

Menganalisis wangsalan dalam tembang macapat

Wangsalan dalam

tembang

4. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami teori dan genre sastra Jawa

Memaknai cangkriman dalam kehidupan bermasyarakat

Cangkriman

5. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami teori dan genre sastra Jawa

Membedakan makna paribasan, bebasan, dan saloka

Paribasan, bebasan, dan saloka

6. Profesional Menguasai materi, Memahami teori Menggunakan Paribasan

BAB IV

KASUSASTRAN JAWA KLASIK

Page 3: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

2

struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

dan genre sastra Jawa

paribasan dalam budaya Jawa

7. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami teori dan genre sastra Jawa

Menggunakan bebasan dalam budaya Jawa

Bebasan

8. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami teori dan genre sastra Jawa

Menggunakan saloka sesuai dengan konteksnya

Saloka

9. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu

Memahami teori dan genre sastra Jawa

Memberi contoh pepindhan yang memuat etika Jawa

Pepindhan

10. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasi-nya dalam pembelajaran

Membuat sengkalan

Sengkalan

11. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasi-nya dalam pembelajaran

Menganalisis sengkalan memet untuk menunjukkan tahun

Sengkalan memet

I. KASUSASTRAN JAWA

Kasusastran minangka salah sijine perangan kabudayan kang adi luhung.

Kasusastran yen kapilah asale saka tembung [sastra] kang oleh wuwuhan kang

rimbage [ka + su+ sastra + an]. Tembung [sas] tegese wulang utawa kawruh.

Page 4: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

3

Wuwuhan [tra] kanggo mratelakake tembung aran. Tembung lingga [sastra] tegese

‘basa’, banjur oleh wuwuhan [su] ateges becik utawa endah. Dadi [susastra] tegese

basa kang endah, mula kasusastran tegese bab kang gegayutan karo basa kang

endah, bab kang nyakup (isi) basa kang endah (Padmosoekotjo, 1955:33). Olah basa

kang gegayutan karo kasusastran kawedhar awujud tulisan utawa lesan. Tuladhane

basa lumrah (a) lan basa endah (b):

(1) a. Wiwit isih bocah, uripku tansah ngalami ora kepenak.

b. Cilik mula, uripku tansah kutula-tula katali.

(2) a. Watakipun Dipa taksih ajeg kemawon, sanajan sampun kathah ingkang

mituturi. nuturi

b. Watak-wantune Dipa boten saget luntur dening pitutur, boten saged pasah

ing wewarah.

(3) a. Boten pasah dedamel saking tosan.

b. Boten tedhas tapak paluning pandhe, sisaning gurenda (Padmosoekotjo,

1995:34)

Rikala jaman kraton, wong kang lebda utawa pinunjul ing salah sijine kagunan

adi luhung diarani wong guna. Wong guna ing babagan kasusastran diarani

pujangga, kang uga sinebut kawitana, kawindra, utawa kawiswara. Kang diarani

pujangga nduweni kalimpadan 8 warna, yaiku:

(1) Paramengsastra (parama = pinunjul + ing sastra) = limpad ing babagan sastra.

(2) Paramengkawi (parama = pinunjul + ing kawi =ing karangan, reriptan) = limpad

ing babagan ngarang (ngripta).

(3) Awicarita = limpad ndongeng utawa carita kang nengsemake.

(4) Mardawa lagu = limpad ing babagan tembang lan gendhing (mardawa= alus).

(5) Mardawa basa = limpad migunakake basa kang ngresepake, kang njalari

trenyuhing ati, kang mahanani gumbira, kang nenangi sih-wilasa lsp.

(6) Mandraguna = lebda bisa ing babagan kagunan.

(7) Nawung kridha = alus rasa-pangrasane nganti bisa nanggapi krenteging atine

liyan.

(8) Sambegana = utama banget (uripe) (Padmosoekotjo, 1955:46)

Amarga dhuwure ukurane pujangga Jawa, mula sawise R.Ng.Ranggawarsita nganti

saiki ora ana kang sinebut pujangga. Kahanan iku ora ateges kasusastran Jawa mati,

Page 5: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

4

jalaran isih lair pengarang, panggurit, wiracarita, wiraswara, lan isih akeh maneh

pawongan kang sengkut lan gumregut ngrungkebi lestarine kasusastran lan

kabudayan Jawa kang adi luhung salaras karo ajuning jaman.

Ubarampene kasusastraan Jawa kang gegayutan karo basa endah miturut

Padmosoekotjo (1995:93) nyakup: (1) tembung saroja, (2) tembung yogyaswara, (3)

tembung sandi, (4) tembung entar, (5) tembung plutan, (6) keratabasa, (7) paribasan,

(8) bebasan-saloka, (9) dasanama, (10) cangkriman, (11) pepindhan, (12) candra, (13)

gugon-tuhon, (14) purwakanthi, (15) wangsalan, (16) parikan, (17) guritan, (18) ukara

sesumbar, (19) tembang, (20) suluk, (21) japa-mantra, (22) basa peprenesan, (23)

sanepa, (24) pralambang, (25) isbad, (26) sandi-asma, (27) sengkalan, lan liya-liyane.

Wong seneng ing kasusastran prelu mengerteni peprincen kasebut, senajan ora prelu

apal. Tansaya akeh mangerteni bab ubarambe kasebut bakal tansaya muwuhi

anggone olah cipta lan olah kridha babagan kasusastran. Saperangan saka ubarampe

kasebut kaandharake ing ngisor iki.

A. Sesanti

Sesanti/semboyan yaiku ukara kang isine pepuji utawa donga, tekad kang

kuwat, pangarep-arep utawa pituduh kanggo tuntunan urip ing alam bebrayan

(sutiknojawa.blogspot.com/2011/07/sesanti.html kaakses 4 Juli 2016). Kadhangkala

sesanti iku tinemu ing paribasan, nanging ora mesthi awujud paribasan. Miturut isine

sesanti/semboyan kaperang dadi telung warna :

(1) Isine semboyan kanggo nggedhekake semangat.

Tuladha :

a. Rawe-rawe rantas malang-malang putung

Tegese: sapa bae kang ngalang-ngalangi kekarepane kena disirnakake

(dipateni)

b. Sadumuk bathuk sanyari bumi

Tegese: Nglabuhi pepati marang bebener.

c. Rukun agawe santosa crah agawe bubrah

Tegese: Karukunan ndadekake kuwat, dene yen tukaran utawa crah

ndadekake bubrah/rusak.

d. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti

Tegese: Tumindak angkara murka bakal sirna dening tumindak becik.

(2) Isine donga utawa pepuji pangarep-arep (harapan)

Tuladha :

Page 6: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

5

a. Jembara kubure, padhanga dalane

Tegese: Donga pangarep-arep supaya gampang anggone sowan marang Gusti

kanggone wong sing tilar donya.

b. Adhang-adhang tetesing embun

Tegese: Njagakake barang mung saolehe bae/ njagakake barang sing ora

mungkin klakon.

(3) Isine pituduh kanggo tuntunan urip ing bebrayan.

Tuladha :

a. Yatna yuwana, lena kena.

Tegese: Sing sapa ngati-ngati bakalnemu slamet, sing sapa ora ngati-ngati

bakal nemu cilaka

b. Wong enom aja wedi ing angel, nanging wedia ing gampang

Tegese: Wong enom iku kudu wedi ngadhepi samubarang kang angel lan

akeh tantangane sarta aja mung seneng ngadhepi samubarang kang

gambang kelakone.

c. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani

Tegese : Wong kang bisa menehi tuladhan becik, nduweni tekad makarya,

lan bisa menehi semangat marang wong liya.

B. Cangkriman

Cangkriman yaiku rumpakan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa

dibedhe maksude (Padmosoekotjo, 1955:201). Adhedhasar dhapukan, surasa, lan

wujude, jinise cangkriman kaya ing ngisor iki:

1) Cangkriman kang awujud tembung wancahan

Wancah iku tegese cekak. Cangkriman wancahan iku kudu dibatang kanthi

disusun saka gatra kang ana. Tuladhane:

a. burnas kopen = bubur panas kokopen.

b. wiwawite, lesmbadhonge = uwi dawa uwite, tales amba godhonge.

c. itik pertis, ibo perbeng = tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng

d. pakbomba, paklawa, pakpiut = tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi

ciut

2) Cangkriman kang ngemu surasa pepindhan utawa irib-iriban

Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya

kanyatane.

Tuladhane:

Page 7: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

6

a. bosok malah enak (tempe)

b. dicakot pucuke, sing kalong bongkote (wong ngrokok)

c. dijupuki malah dadi mundhak gedhe (juglangan)

d. mboke dilus-elus anake diidak-idak (andha)

e. emboke wuda anake tapihan (pring, bung)

3) Cangkriman kang ngemu surasa blenderan/ plesedan

Cangkriman blenderan iki cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa

gawe bingung yen macane salah. Tuladhane:

a. Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.

b. Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam-mesem wong sing

nunggu, dudu sing mati.

c. Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil.

d. Wong wudunen sugih pari = paringisan jalaran kelaran.

4) Cangkriman sinawung ing tembang

Cangkriman iki rinakit arupa tembang. Tuladhane:

a. Bapak pucung, renteng-renteng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu

wesi miring, sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)

b. Bapak pucung, dudu watu dudu gunung, sangkamu ing Plembang, ngon-

ingone sang Bupati, yen lumampah, si pucung lembehan grana. (gajah)

C. Wangsalan

Wangsalan iku unen-unen saemper cangkriman kang batangane kasebut ana ing

perangan gatra mburine kanthi dicangking sawanda utawa luwih (Padmosoekotjo,

1982:71). Cangkriman sajrone wangsalan iku dibatang (dibedhek) dhewe. Ukarane

ora persis nanging memper wae. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga

awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:

a. Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni.

(saron bumbung =angklung)

b. Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

Katilik saka wujude, wangsalan ana pirang-pirang jinis, yaiku: (1) wangsalan

lamba, (2) wangsalan rangkep utawa camboran, (3) wangsalan memet, (4)

wangsalan padinan, (5) Wangsalan Edi-peni, (6) Wangsalan kang sinawung ing

tembang,

Page 8: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

7

(1) Wangsalan Lamba

Yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan

lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep

wangsalane, gatra mburine isi batangane.Tuladha:

a. Pindhang lulang, kacek apa aku karo kuwe. (pindhang lulang = krecek)

b. Jenang gula, kowe aja lali. (jenang gula= glali)

2) Wangsalan rangkep (camboran)

Yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan

rangkep kadadeane saka rong ukara, saben ukara kadadean saka rong

gatra.Ukara kapisan wangsalane, dene ukara kapindho isi batangane.

Tuladha:

a. Jenang sela (apu), wader kalen(sepat) sasonderan.

Apurata, yen wonten lepat kawula.

b. Petis manis (kecap), sarine kaca benggala (banyu rasa)

Aja ngucap, yen durung weruh ing rasa.

3) Wangsalan Memet

Yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksude

tetembungane ambal kaping pindho. Tuladhane:

a. Uler kambang, yen trima alon-alonan (satitahe wae)

Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing

tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, ya

iku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk

sakepenake bae, kanthi alon-alonan.

b. Ngembun-ngembun enjing anjejawah sonten ( nyuwun rabi)

Embun wayah enjing kuwi tegese uwun banjur ana tembung nyuwun. Jawah

ing wayah sore jenenge rarabi, mula banjur ana tembung nyuwun rabi.

4) Wangsalan Padinan

Yaikuwangsalan kang ora nyebutake batangane, sabab wong-wong sing krungu

wis dianggep ngerti batangane lan maksude.

Tuladha:

a. Wong kae sejatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku

mathuke digudheg.

Page 9: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

8

Jangan gori = nggudheg. Maksude wangsalan njagan gori ya iku mbudheg,

api-api ora krungu.

b. Wah, olehe nggentha dara nganti kedhep tesmak.

Gentha dara = sawangan, maksude olehe nyawang.

5) Wangsalan Edi-peni

Yaiku wangsalan sing mawa paungeran purwakanthi basa. Pangrakite kanthi

paugeran:

(1) Unen-unene kadadean saka 1 ukara (wangsalan lamba), kang dumadi saka 2

gatra.

(2) Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep). Saben saukara

kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda ).

(3) Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru

swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.

Tuladha:

a. Reca kayu (golek) , goleka kawruh rahayu (4 wanda + 8 wanda)

b. Kulik priya (tuhu), priyagung Anjaniputra (anoman)(4 wanda + 8 wanda)

Tuhu eman, wong anom wedi kangelan.(4 wanda + 8 wanda)

c. Tepi wastra (kemada), wastra kang tumprap mustaka (iket) (4 wanda + 8

wanda)

Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.(4 wanda + 8 wanda)

6) Wangsalan kang Sinawung Tembang

Yaiku wangsalan kang ana sajrone cakepan tembang. Cacahe wandane lan

tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing

guru wilangan lan guru lagune tembang. Guru wilangan lan guru laguning

tembang kudu tansah menang, lire ora kena owah, kudu tansah manut

paungerane tembang.

Tuladha:

a. Tembang Sinom

Edane wong keneng guna,

ambatik sinambi nangis,

malam wuntah balabaran,

geni mati muring-muring,

prembenahan mbrebes mili,

gawangan sinendhal putung,

Page 10: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

9

ya talah ta si kakang,

puluh-puluh awak mami,

petis manis wis kudu dadi pocapan.

Batangane: petis manis = kecap

b. Tembang Pangkur

Jirak pindha munggwing wana,

Sayeng kaga we rekta kang muroni,

Nyenyambi kalaning nganggur,

Wastra tumrap mustaka,

Pangikete wangsalan kang sekar pangkur,

Baon sabin ing nawala,

Kinarya langen pribadi.

Batangane:

o jirak pindha munggwing wana = wit kesambi

o sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala)

o we rekta kang muroni = anggur

o wastra tumrap mustaka = iket

o baon sabin = karya.

c. Tembang campursari Kangen

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni,

mung sliramu wong bagus kang dadi ati,

rina wengi mung tansah takimpi-impi,

jroning ati kangenku setengah mati,

jenang gula ya mas ya mbok aja lali,

ngelingana rikala jaman semana,

sliramu janji aku setya ngenteni,

lair batin tresnaku terusing ati,

kangen wong kangen ngene-ngene rasane,

rindhu-rindhu tambane kudu ketemu,

klapa mudha enake kanggo rujakan,

leganana aku kang nandhang kasmaran,

mbalung janurwong bagus takanti-anti,

ngusadani wong kangen kang antuk jampi.

Batangane:

jenang gula = glali (aja lali)

Page 11: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

10

klapa mudha = degan (leganana)

mbalung janur = sada (ngusadani)

Kajaba kang wis kalumrah ana ing buku-buku utawa ing pasrawungan, kita uga

bisa gawe wangsalan. Carane ngarang wangsalan, yaiku:

(1) Ukara sing isi batangane dikarang luwih dhisik, banjur ngarang perangan ngarep

kang arupa wangsalane.

(2) Tumrape wangsalan rangkep, cacahe gatra antara wangsalan lan batangane kudu

padha.

(3) Nyundhukake tibane uni saben gatra kanthi nggunakake purwakanthi guru

swara.

C. Paribasan, Bebasan, lan Saloka

Paribasan, bebasan lan saloka nduweni dhapukan kang khas kanthi

paugeran kang gumathok. Pandhapuke kaya mangkene:

1) Paribasan, yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges

tartamtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung

(frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa

tegese uga gumathok, lumrahe ateges wantah. Paribasan ngemu teges:

tetandhingan, pepiridan (saemper pasemon). Tuladhane:

a. Becik ketitik ala ketara.

Tegese: sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara.

b. Cebol nggayuh lintang.

Tegese: wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake.

c. Gayuk-gayuk tuna.

Tegese:samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.

d. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.

Tegese: kerukunan ndadekake kasantosan, congkrah ndadekake karusakan.

e. Jaluk ora weweh.

Tegese: seneng jaluk ora seneng weweh.

f. Welas tanpa kalis.

Tegese: saking tresnane nanging malah nyilakakake.

(2) Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu

surasa pepindhan. Kang dipindhakake kahanan utawa sesipatane wong/barang.

Page 12: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

11

Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake

kahanane utawa tindak-tanduke. Tuladha :

a. Kocak tandha lukak / lokak ora kebak (tong kosong nyaring bunyinya)

Tegese: wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.

b. Sedhakep ngawe-awe

Tegese: wis mareni marang tumindak ala nanging ing batin isih kepengin

nindakake maneh.

c. Ngubak-ngubak banyu bening

Tegese: gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.

d. Ancik-ancik pucuking eri.

Tegese: nyambut gawe tansah minggrang-minggring wedi yen luput.

e. Kebo lumumpat ing palang.

Tegese: ngadili prakara ora nganggo wewaton (pathokan ukum)

f. Diwenehi ati ngrogoh rempela.

Tegese: wis diwenehi sethithik, malah njaluk luwih akeh.

(3) Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone (gumathok) mawa teges entar,

ngemu surasa pepindhan, nanging kang dipindhakake wonge. Tuladhane:

a. Gajah ngidak rapah

Tegese: wong kang nglanggar wewalere dhewe

b. Sumur lumaku tinimba

Tegese: wong kang kumudu-kudu dijaluki warah

c. Lahan karoban manis

Tegese: wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene

d. Ora ganja ora unus.

Tegese: wong kang ala rupane uga ala atine.

e. Ngalem legine gula.

Tegese: ngelembana kapinteran lan kaluwihane wong kang pancen pinter

utawa

linuwih.

f. Kutuk marani sunduk

Tegese: wong kang marani cilakane.

D. Pepindhan

Pepindhan iku unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, irib-iriban utawa

emper-emperan. Kang dipindhakake arupa barang, kahanan siji karo barang utawa

kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng: kaya, lir, kadi, pindha,

kadya, lir pendah. Pepindhan kerep dipigunakake ing pacelathon padinan, panyandra

jroning adicara penganten, pagelaran utawa jroning babagan sastra.

Page 13: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

12

Miturut Padmosoekotjo (1955:28) dhapukane ukara pepindhan ana telung jinis,

yaiku:

(1) Mawa tembung “pindha” utawa dasanamane, kayata: kaya, lir, pendah, lir-

pendah, yayah, anglir, sasat, prasasat, kadi, kadya, pangawak.

Tuladhane:

a. Sumbare kaya bisa mutungake wesi gligen. (Gligen kalebu tembung plutan

saka tembung giligan)

b. Lir sinabit talingane. (kaya disuwek kupinge, amarga nesu banget)

c. Psemone Sang Dewi luruh kadi putri ing Banoncinawi. (Maksude kaya

Sembadra)

d. Tepunge kaya banyu karo lenga. (Srawunge ora bisa raket supeket)

(2) Mawa tembung andhahan kang ateges “pindha”.

Tuladhane:

a. Parine lagi gumadhing. (awarna putih semu kuning kaya wernane gadhing

gajah)

b. Panase semelet. (Tumamane panasing srengenge ing awak kaya tumibane

selet (sabet)

c. Jarite simbah suwek nyangkem kodhok. (suweke awangun kaya camkem

kodhok, yaiku awangun maju telu)

d. Brengose Werkudara nguler keket. (Kaya uler keket)

(3) Tanpa tembung “pindha” utawa tembung andhahan kang ateges “pindha”

Tuladhane:

a. Wangsulane saur manuk. (Wangsulana wong akeh swarane mung sawarna,

nanging ora beberengan)

b. Gawe nam-naman menyan kobar iku ora angel. (Nam-naman awarna kaya

menyan kobong, yaiku awarna ireng lan putih)

c. Ramene suraking wadyabala ambata rubuh. (Mawurahan = rame, umyung )

Pepindhan uga ana kang sinawung ing tembang. Tuladhane:

Tembang Sinom

(Abimanyu-kerem, (lakon wayang) M. Soekir)

Page 14: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

13

Busananya Sri Narendra,

topong mas pinatik-patik,

ajamang mas sungsun tiga,

gruda-mungkur mangka kancing ,

utah-utah rinukmi sumping,

surengpati mungguh,

samya pinatik retna,

dawala ngiras tetali,

prabangkara salimpet rajawredi bang.

E. Purwakanthi

Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi iku maksude

nggandheng kang kasebut ing purwa (wiwitan) disebutake maneh ana ing buri

(Padmosoekotjo, 1955;120). Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, tembung,

utawa wanda kang ngarep nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.

Purwakanthi kaperang dadi 3 warna, yaiku:

1) Purwakanthi Guru Swara (Asonansi)

Tembung “guru” ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru

swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan runtute swara.Tuladhane:

a. Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati. (nunggal swara/ i/)

b. Yen gelem obah bakal mamah.(nunggal swara /ah/)

c. Desa mawa cara negara mawa tata.(nunggal swara /a/)

d. Tamba teka lara lunga (nunggal swara a)

e. Becik ketitik ala ketara (nunggal swara a)

f. Kembang kencur tinandur neng pinggir sumur, bakal makmur yen

sandhang pangan den atur (nunggal swara u, nunggal sastra r).

2) Purwakanthi Guru Sastra (Aliterasi)

Yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.Tuladhane:

a. Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.(nunggal sastra /b/)

Page 15: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

14

b. Sing sapa salah bakale seleh.(nunggal sastra/s/)

c. Ruruh, rereh, ririh ing wewarihipun, mrih reseping para myarsi.(nunggal

sastra/r/)

d. Pak kerta tuku kertas, nunggang kreta medhun kreteg, kreteg kertasana,

..... (nunggal sastra k,t, r,

e. Kala kula kelas kalih, kula kelop-kelop. Kalung kula kolang kaling keli kali

kilen kula. (nunggal sastra k, l)

f. Tata titi tentrem (nunggal sastra t)

3) Purwakanthi Guru Basa utawa Lumaksita

Yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara

candhake. Tuladhane:

a. Urip iki ora angel, angele sok ginawe dhewe,

b. Dheweke tan ngrasa bisa, bisane mung nyadhong dhawuh,dhawuhe Kang

Murba Amasesa.

c. Ngelmu iku luwih pangaji, ajine datanpa tandhing, tandhingna bandha lan

arta, arta iku gampang sirna.

Kejaba digunakake ing guneman padinan, purwakanthi uga digunakake ing

wujud kasusastran liyane, kayata: paribasan, bebasan, tembang, parikan, lan guritan.

Tuladhane:

a. Gawe luwangan, ngurugi luwangan. (bebasan: purwakanthi guru basa)

b. Kebat kliwat, gancang pincang. (paribasan: nunggal swara/at/ lan /ang/)

c. Busuk ketekuk, pinter keblinger. (paribasan: nunggal swara/uk/ lan /er/)

d. Tuladhane purwakanthi sajrone geguritan:

IBU

Dening : Wahyu Sulistiyaningsih

Ibu . . .

Sliramu kadya candra yang suminar ing tengah wengi

Madhangi kahanan peteng kanthi cahyamu

Ibu . . .

Sliramu kadi lintang gumintang ing plataran langit

Kang agawe endah bumi rikala wengi

Ibu . . .

Sliramu lir surya kang tasih jumedhul ing sisih purwa

Gawa kawontenan anget marang putra

Esemu kaya dene eseme widadari kang katon ayu, Ibu

Ibu . . .

Page 16: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

15

Katresnanmu sejati marang putra-putramu

Sanadyan putramu asring nglarani penggalihmu

Kesabaranmu kang ageng satuhu

Anganti sliramu nora tega netesake eluh ing sangarepe putramu

Ibu . . .

Putra anamung saged nyuwun pangapura

Awit saking sampun asring agawe kuciwa

Mugi Gusti tansah paring kasarasan dhumateng Ibu

Mugi Ibu tansah pinaringan kabahagian sejati dening Gusti

Ibu . . .

Anamung setunggal ukara kang kula badhe matur

“Kula tresna Ibu”

Pamawas:

Sajrone guritan ing dhuwur tinemu purwakanthi guru swara, guru sastra, lan

guru basa kang muwuhi tansaya endahing guritan.

e. Tuladhane purwakanthi sajrone reriptan tembang:

Tembang Maskumambang

Angendhanu si mendhung andhudhah sedhih,

kedher kedhap-kedhap,

kang pepadhang lir kalindhih,

dhedhep tidhem sabawane.

F. Parikan

Miturut pamawase Padmosoekotjo (1949, 16) kang diarani parikan iku unen-

unen mawa paugeran telung warna, yaiku (1) kedadean saka rong ukara kang

dhapukane nganggo purwakanthi guru-swara, (2) saben saukara kedadeyan saka rong

gatra, lan (3) ukara kapisan mung minangka purwaka, dene ngese utawa wose

dumunung ing ukara kapindho. Ukara purwaka gunane kanggo narik kawigaten, lan

ukara kapindho minangka isi. Parikan iku ngutamakake rerangkening tembung kang

awewaton gunggunge wanda, runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan

pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Parikan iku kaya pantun

nanging mung rong larik, sarta migunakake purwakanthi guru swara.

Ing piwulang Basa Indonesia diarani pantun. Jangkepe titikane parikan kaya

mangkene:

(1) Cacahe wanda ukara sepisan , kudu padha karo ukara kapindho.

Page 17: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

16

(2) Ukara kang ngarep mung kanggo pambuka/bebuka, dene ukara sabanjure

minangka isi (wose).

(3) Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.

(4) Parikan biasane kedadean saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.

(5) Bisa kedadean saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadean saka

wolung wanda saben sagatra.

Miturut pandhapuke, parikan kaperang:

(1) Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2

Tuladhane:

a. Pitik blorok, manak siji.

Jare kapok, malah ndadi.

c. Wajik klithik, gula Jawa.

Luwih becik, sing prasaja.

d. Nyangking ember, kiwa tengen.

Lungguh jejer, tamba kangen.

e. Plesir sore, dina ahad.

Naksir kowe, kakehan ragat.

f. Plesir sore, dina minggu.

Naksir kowe ora kewetu.

(2) Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2

Tuladhane:

a. Bisa nggender, ora bisa ndemung.

Bisa jejer, ora bisa nembung.

b. Bisa nggambang, ora bisa nyuling.

Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.

c. Manuk emprit, menclok godhong tebu.

Dadi murid, sing sregep sinau.

(3) Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2

Tuladhane:

a. Bayeme, wis kuning – kuning.

Ayeme, yen wis nyandhing.

b. Timune, diiris – iris.

Gumune, ora uwis – uwis.

c. Sirahe, dianguk – anguk.

Senenge, yen wis kepethuk.

Page 18: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

17

(4) Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2

Tuladhane:

a. Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.

Isih murid aja seneng keceh dhuwit.

b. Kembang menur, sinebar den awur – awur.

Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.

c. Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong.

Yen wis condhong, tindakena gotong royong.

d. Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.

Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.

(5) Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2

Tuladhane:

a. Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu.

Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut sinau.

b. Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula.

Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.

c. Kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati.

Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Bocah-bocah kang lagi ajar ngucapake utawa gawe parikan, ora mesthi

nglungguhi paugeran. Semono uga parikan kang dianggo nggerongi lelagoning

gendhing, dhapukan ukarane ora tansaha nglungguhi paugeran, sabab cacahe

wandane kawengku ing lagune gendhing. Tuladhane:

a. Ngetan, bali ngulon (2 wanda + 4 wanda)

Tiwas edan, nora klakon (4 wanda + 4 wanda)

b. Kece, ora enak (2 wanda + 4 wanda)

Melu kowe, ora kepenak (4 wanda + 5 wanda)

c. Peyek, diremet – remet (2 wanda + 5 wanda)

Ngenyek, aja banget – banget (2 wanda + 6 wanda)

d. Pitik walik, jambul wulung (4 wanda + 4 wanda)

Dilirik, wadul mring kakung (3 wanda + 5 wanda)

e. Miri di thek-thek, durung di tari wis ngethek (5 wanda+8 wanda)

G. Panyandra

Panyandra saka tembung candra. Candra iku candra kahananing maujud kang

endah utawa kang ngedab-edabi sarana pepindhan (Padmosoekotjo, 1955:47).

Page 19: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

18

Panyandra yaiku unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan

sarta ngemu teges mirip utawa memper. Kang dicandra bab becike lan mengku

ngalem kaendahan, kayata kahananing manungsa, kahanane sata kewan, kahanane

tetuwuhan, kahanane alam, kahanane mangsa, kahanane alam, lan sapanunggalane.

Tuladhane:

a. Candrane Perangane Awake Manungsa

(1) Alise nanggal sapisan

(2) Astane nggandewa gadhing

(3) Athi-athine ngudhup turi

(4) Bangkekane nawon kemit

(5) Bathuke nyela cendhane

b. Candrane Solah Bawa ( Tandang Gawe )

(1) Lakune kaya macan luwe

(2) Pangamuke kaya bantheng ketaton

(3) Swarane kaya mbelah – mbelahna bumi

(4) Lembehane mblarak sempal.

c. Candrane Wong Nesu

Candrane wong nesu sinawung ing tembang:

Lir sinabit talingane,

jajabang mawinga-winga,

sinabeta merang sagedheng,

bel dadi geni,

angga pindha mubal dahana,

netra andhik angatirah,

imba tepung,

idep mangada-ada,

waja gathik,

kumedhut pardoning lathi.

saking bangete nggeget waja,

kecoh marus ariyak ludira.

Maksude kaya mangkene :

Candra ing dhuwur nggambarake wong kang lagi nesu banget, atine panas kaya

disabet sagedheng merang kobong. Lan digambarake mripate mencereng abang,

alise nganti gathuk, idepe ngadeg njegrag lan untune nggeget nganti metu getihe.

Page 20: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

19

Candra kaya mangkene biyasane bisa kita temoni ing lakon pean utawa ana ing

kethoprak.

d. Candrane Wong Minum

(1) Eka padmasari: ngombe arak sak sloki menyang cayane (rai) katon

sumringah kaya kembang trate.

(2) Dwi amartani : ngombe arak 2 sloki marakke kalis ing pepati.

(3) Tri kawula busana : ngombe arak 3 sloki, solahe wiwit nganeh-anehi ora

kaya adate.

(4) Catur wanara rukem : ngombe arak 4 sloki, guneme wiwit ndleming(kaya

kethek mere-mere ing uwit rukem).

(5) Panca sura panggah : ngombe arak 5 sloki, atine tatag (kendel) ora duwe

rasa sumelang.

(6) Sad guna weweka : ngombe arak 6 sloki, ilang pangati-atine.

(7) Sapta kukila warsa :ngombe arak 7 sloki, njedhindhil kaya manuk kodanan.

(8) Asta sacara-cara : ngombe arak 8 sloki, solah tingkahe wis ninggal kasusilan.

(9) Nawa gra lapa : ngombe arak entek 9 sloki, awake lemes,nglumpruk tanpa

daya.

(10) Dasa yaksa mati : ngombe arak 10 sloki, wis ora obah kaya buta mati.

e. Candraning Mangsa ( Kahananing Alam )

(1) Sotya murca saking embanan = candrane mangsa kasa, mangsa 1. Tegese:

Wiwit wit-witan padha brindhil.

(2) Bantala rengka = candrane mangsa karo. Tegese: lemah-lemah padha nela

(mlethek ).

(3) Suta manut bapa = candrane mangsa ketelu. Tegese: wit gembili (gadhung)

padha mrambat.

(4) Waspa kumembenng jroning kalbu = candrane mangsa kapat. Tegese: tuk –

tuk padha pipet ( bumpet ).

(5) Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima. Tegese: wiwit

akeh udan.

(6) Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kanem. Tegese: ungsum woh –

wohan mirasa

(7) Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu. Tegese: akeh lelara.

Page 21: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

20

(8) Ajrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu. Teges: mangsane kucing

gandhik.

(9) Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasanga. Tegese: mangsane

gareng muni, gangsir ngenthir.

(10) Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh. Tegese: akeh

kewan meteng, manuk ngendhog.

(11) Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada. Tegese: mangsane manuk

nggloloh.

(12) Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta. Tegese: mangsa bedhidhing

utawa adhem.

e. Candrane paprangan

(1) Swaraning gong, beri, pusur, tambur, tempuk lan gathiking watang sarta

bengingehing jaran, kaya mbelah-mbelahake bumi.

(2) Polahe wadya bala kaya gabah diinteri.

(3) Tandange kaya bantheng ketaton.

(4) Kehing pepati kaya babadan pacing.

(5) Ing paprangan prasasat banjir getih asarah wangke.

f. Candrane Danawa

Karakit ing tembang Mijil :

Ageng inggil gagah godheg-wok bris,

netrane kadya mong,

wuluwawar sumingkal alise,

simbar jaja pan kadya walingi,

idepnya angisi,

wulune ngrembuyung.

Pethikan kasebut nggambarake buta gedhe dhuwur, raine kebak rambut,

godhegen, brewoken, uga jenggoten lan mripate kaya mata macan. Wulu ing

dhadhane gedhe-gedhe lan dawa-dawa kaya suket wlingi, alise kandel, lan idepe

sakisi-kisi (kisi =wesi kang kuwat).

g. Panyandra Tumrap Temanten

Tuladhane:

Page 22: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

21

Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana manda, kawistara jengkaring sri atmaja temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi papan wangi wus hangarani ateges mijil saking panti busana nedya humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing salebeting sasana rinengga kinanthenan Ibu _____ saha Ibu ___ Sri temanten putri hangagem busana ingkang sarwa retna hangemba busananing garwa nata, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prenah. Hangagem puspita rinonce ing ukelira, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah Bathari ___________ tumurun. Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh - lengkeh pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala. Wus handungkap prapta hunggyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu. (Kapethik saking: Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara, Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi)

I. Sengkalan/ Candrasengkala

Candrasangkala utawa Sengkalan iku tetengere taun sing disandhi nganggo

tetembungan (ukara), gambar utawa pepethan (Padmosoekotjo, 1982:157).

Sengkalan kang awujud tetembungan diarani sengkalan lamba, dene kang awujud

gambar utawa pepethan diarani sengkalan memet. Sengkalan iku asale saka tembung

[saka+kala+an], banjur muni [sangkalan] lan wusanane luluh dadi [sengkalan].

Panulisan titi mangsa iki asring kagunakake ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan.

Carane maca sengkalan padha karo maos ukara umume, nanging angka sing

kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaos saka mburi mengarep utawa saka tengen

mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegese, angka saka ukara sing keri saka sengkelan

mau dadi angka taun sing ngarep dhewe. Tuladhane:

a. Sirna ilang kretaning bumi, yen dijarwakake dadi angka 0, 0, 4, 1, banjur diwalik

lan diwaca dadi taun 1400 utawa taun 1478 Masehi.

Page 23: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

22

b. Tangan Yaksa satataning Janma, dijarwakake dadi angka 2,5, 5, 1, banjur

diwalik lan diwaca dadi taun 1552 Jawa utawa taun 1670 Masehi.

Tembung “sengkalan” asale saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka

iku jenenge bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala ya iku kalane ana

ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku

wiwitanetahun saka, ya iku taun 1 utawa taun 78 Masehi. Mungguh kang dikarepake

“sengkalan”, yaiku unen-unen sing nduweni teges angkaning taun. Ing jaman biyen

sing kanggo petungan ing Tanah Jawa iku taun Saka, nanging saiki ana sing

migunakake taun rembulan utawa taun candra. Petungan sing sasine manut lakuning

rembulan diarani “Candrasengkala”. Sengkalan kang adhedhasar taun srengenge

banjur diarani “Suryasengkala”.

Amarga sengkalan kalebu rerangkene basa endah, mula pangrakite sengkalan

bisaa salaras karo kedadean kang disengkalani, aja nganti ukara sengkalan mung

awujud tetembungan kang dijejer-jejer. Isine sengkalan bisa awujud kekudangan,

pangarep-arep, pangalembana, pamuji, panyeda, panalangsaning ati, lan

sapanunggalane. Carane ngrakit sengkalan kaya mangkene:

(1) Sepisanan kudu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama

(persamaan arti kata), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwe watak

wilangan sing padha. Umpamane : gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.

(2) Kaping loro, guru sastra (persamaan kata), tetembungan sing duwe wujud

tulisan sing padha, dianggep duwe wilangan sing padha. Tuladhane : esthi sing

tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges kekarepan kang duwe

watak wolu (8).

(3) Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan sing

duwe golongan padha dianggep darbe watak wilangan sing padha, contone :

rembulan, srengenge, bumi, iku duwe watak wilangan siji (1).

(4) Kaping papat, guru wanda (persamaan suku kata), yaiku tetembungan sing duwe

wanda utawa unine padha dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku

papat (4).

(5) Kaping lima, yaiku migatekake anane guru sarana (persamaan fungsi), yaiku

sarana utawa alat.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane).

Page 24: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

23

Tuladhane : ilat (lidah) sing ngunakake rasa dianggep duwe watak wilangan

padha, yaiku enem.

(6) Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sifat kerja) yaiku barang lan

karyane, watak wilangane dianggep padha, umpama mata lan mandeng,

dianggep darbe watak wilangan padha, yaiku loro (2).

(7) Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat), yaiku sipat salah sawijining barang

(benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha. Tuladhane panas

dianggep duwe watak wilangan sing padha, yaiku telu (3).

(8) Kaping wolu, yaiku nggoleki guru jarwa(persamaan arti utawa sinonim).

Tetembungan sing duwe teges makna (arti ) sing padha. Contone, retu,obah lan

horeg, dianggep duwe watak wilangan sing padha, yaiku enem (6)

(https://jv.wikipedia.org/wiki/Sengkalan, diakses tanggal 6 Juli 2016).

Tembung-tembung kang dianggep nduweni watak wilangan kanggo gawe

sengkalan, yaiku:

1) Watak siji

a. Tembung kang nduweni teges “ siji” kayata : iji, wiji, tunggal, tunggil, eka.

b. Tembung kang nduweni surasa mung siji, kayat : jati (sajati, sejatos), nyata

(sanyata), yekti (sayekti, sayektos), Gusti, lsp.

c. Jenenge perangane awak sing cacahe mung siji, kayata : dhara (weteng), nabi

(wudel), iku (buntut).

d. Barang sing awangun bunder, kayata : bumi, srengenge, rembulan lsp. Bunder

iku dianggep wungkul, tegese isih wutuh siji.

e. Wong lan dasaname, kayata : wong, manungsa, janma, jalma.

f. Rerimbagane tembung-tembung kang kasebut ing a nganti e.

2. Watak loro

a. Tembung-tembung kang ateges “loro”, kayata: loro, kalih, dwi.

b. Tembung-tembung kang ngemu surasa “loro” , kayata: kembar, penganten,

kanthi lsp.

c. Perangane awak sing cacahe loro, kayata: tangan, suku, swiwi, lar, lsp.

d. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti c.

Page 25: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

24

3. Watak telu

a. Tembung-tembung kang nduweni teges telu “telu”, kayata : telu, tiga, tri.

b. Geni lan dasanamane, kayata : geni, bahni, pawaka, lsp. Ujaring kandha

leluhure Ijajil iku asorot warna telu : abang, kuning, lan biru.

c. Kahanane geni lan kang gegayutan karo geni, kayata : panas, murub,

padhang, geseng, kukus, sorot, obor, lsp.

d. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti c.

1. Watak papat

a. Banyu lan dasanamane (tirta, warih, udaka lsp). Ujaring kandha , banyu iku ana

warna 4 (banyu saka bumi, saka langit, saka manungsa, saka kewan).

b. Tembung-tembung kang ateges 4 , kayata : papat, sekawan, catur.

c. Kahanane banyu, kayata : bening, suci, tawa, lsp.

d. Kang ngemu surasa banyu lan sing isi banyu, kayata : bun, jawah, seganten,

sumur, lsp.

e. Kang ateges “gawe, karya” , kayata : gawe, karti, kardi.

f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

5. Watak lima

a. Tembung-tembung kang nduweni teges “lima” , kayata : lima, gangsal, panca,

Pandhawa, .

b. Buta lan dasanamane , kayata : danawa, yaksa, ditya, raseksa, lsp. Buta iku

kalebet pancabaya, tegese bebaya warna lima 5, yaiku : bebaya saka dewa,

saka manungsa, saka kewan, saka raseksa.

c. Angin lan dasanamane, kayata : samirana, bayu, maruta, lsp. Karimbag saka

“pancaroba” angin saking 5 panggonan ngerobi, yaiku angin saka keblat 4 lan

saka ndhuwur. Utawa karimbag saka “pancarowa”, angin saka 5 panggonan

awor dados dadi siji.

d. Jemparing lan dasanamane (panah, sara, hru, lsp) . Jemparing iku kalebu

gegaman kanggo pancakara (perang) sing ateges nindakake 5 perkara, yaiku:

mara cangkem, mara tangan, mara sikil, mara bandhem, mara gegaman.

e. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti d.

6. Watak nenem/ enem

a. Tembung-tembung sing ateges nenem, yaiku : nenem, sad.

Page 26: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

25

b. Jenenge kewan asikil nenem (sadpada), kayata : kombang, tawon, anggang-

anggang, lsp.

c. Kang ngemu surasa 6 , kayata: naya, winayang (mangsa 6 ), retu (saretu = 6

taun).

d. Tembung-tembung : geger, oreg, oyag, obah, gonjing, moyag-mayig, karimbag

guru jarwa karo retu.

e. Jenenge rasa, sebab rasa iku ana 6 warna (sad-rasa) yaiku : rasaning pandulu,

pangganda, pangrungu, pangenyam, panggrayang, lan sara sejati ( bungah,

susah, tentrem, lsp). Kang lumrah dianggo sengkalan iku sarkara lan

dasanamane rasa, (manis, legi, asin).

f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

7. Watak pitu

a. Tembung-tembung kang ateges “pitu” , yaiku : sapta, pitu.

b. Gunung lan dasanamane (wukir, parwata, aldaka, lsp) . Miturt laying

Darmasonya ing antariksa ana jagat jeneng “sapta prawata” (ateges gunung

pitu) , dienggoni para dewa lan resi gana. Ing sadhuwure jagat iku dununge

jagate Bathara Wisnu.

c. Turangga lan dasanamane (kuda, kapal, aswa, lsp).

d. Pendhita lan dasanamane (wiku, muni, suyati, lsp). Miturut layang

Pustakarajapurwa, Prabun Sri Mahapunggung jumenenge nata ajejuluk Nata

Binathara Sri Maharaja Kano seneksen dewa 9, brahmana 8, pandhita 7, mula

dewa awatak 9, brahmana 8, pandhita 7.

e. Swara dianggep nduweni watak 7, sebab cacahe aksara swara Jawa ana 7,

yaiku : a, I, u, e, o, e, re, le.

f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

8. Watak wolu

a. Tembung-tembung kang nduweni teges wolu , kayata : wolu, astha.

b. Wasu (basu), sebab cacahe wasu (jinising dewa) ana wolu, yaiku : 1. Dara, 2.

Druwa, 3. Soma (Candrama), 4. Anila (Swasana), 5. Anala (Hutasana) , 6.

Pratusya, 7. Aha, 8. Prabasa (Drahyu). Kabeh iku lumrah disebut Asthabasu.

c. Gajah lan dasananmane (liman, esthi, dirada, lsp) sebab “Nagaraja” kejaba

ateges retuning naga (sawer) uga ateges ratuning gajah.

Page 27: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

26

d. Naga lan dasanamane (ula, taksaka, sawer), karimbag guru-dasanamane karo

“basu”, sebab tembung “ basu” uga ateges ula.

e. Pujangga (bujangga), sebab kajaba ateges wong kang wasis ing babagan basa

lan karangan , tembung “Pujangga (Bujangga)” uga ateges ula. Ana maneh

sebabe pujangga awatak 8, amarga pujangga kasinungan limpad (kapinteran)

warna wolu.

f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

9. Watak sanga

a. Tembung-tembung kang nduweni teges 9 yaiku : sanga, nawa.

b. Dewa lan dasanamane (jawata, lsp)

c. Tembung kang nduweni surasa “bolong , mlompong, ora rapet”, kayata :

dwara, wiwara, gapura, dalan, rong, leng, song, guwa, babahan lsp. Babahan

ana sanga, yaiku : bolongane irung 2, mripat 2, kuping 2, lesan 1, planangan

(pawadonan) 1, dubur 1.

d. Kang gegayutan karo kang ngemu surasa bolong, kayata : butul, mbuka,

menga, manjing, mlebu, terus, rumasuk, lsp.

e. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti d.

10. Watak das

a. Tembung-tembung kang surasa “ora ana” utawa “wis ora ana” utawa “wis ora

wutuh” kayata : mati, ilang, sirna, tanpa, datan, telas, nir, brastha, surud,

sempal, swuh, ruska, lsp.

b. Langit dan dasanamane (akasa, gegana, dirgantara, ngawiyat, lsp) sebab langit

(sing awarna biru) salugune ora ana.

c. Sing ngemu surasa “ing langit” , kayata : dhuwur, luhur, inggil.

d. Kang ngemu surasa “ngener langit “ , kayata : mumbul, muluk, kombul, mesat,

mletik, tumenga, lsp.

e. Suwarga , sebab ing pangrasa dununge suwarga iku ana ing dhuwur.

f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

Ana tembung-tembung kang watak wilangane mbingungangke, kayata:

2. Estri, watak 3, guru wanda karo “tri”, ateges 3. Wanita watak 1, guru wanda karo

“awani”, ateges srengenge.

Page 28: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

27

3. Mulat watak 2, karimbag guru karya karo mripat. Uninga watak 3, karimbag guru

dasanama karo obor.

4. Marga watak 5, karimbag guru wanda karo margana, ateges jemparing. Dalan

watak 9 , karimbag guru jarwa karo terus, bisane “terus” jalaran ana dalane.

5. Mulang watak 7, karimbag guru karya karo pandhita (Mulang iku pakaryane

pendhita, ing jaman biyen). Misik watak 5 , karimbag guru-dasanama karo angin.

(wisikan = angin).

6. Gana watak 6, karimbag gur warga karo sadpada (kewan asikil 6). Gegana watak

das, karimbag guru dasanama karo langit. (gana = anak tawon).

7. Nata tembung lingga ateges ratu, watak 1. Karimbag guru dasanama karo raja.

Nata tembung tanduk (an + tata) watak 5 , karimbag guru dasanama karoangin

(tata = angin).

8. Muni watak 7, karimbag guru dasanama karo pendhita. Caturan watak 4,

karimbag guru wanda karo catur. (Catur tembung Kawi = 4 ).

9. Suta watak 1, karimbag guru-dasanama karo anak, atmaja. Yoga watak 4, sebab

yoga iku nduweni teges “jaman”, lan ing jaman iku ana 4 : 1. Kretayoga, 2

Tirtayoga, 3. Duparayoga, 4. Kaliyoga.

10. Ati watak 1, karimbag guru dasanama karo tyas. Nala watak 3, karimbag kari guru

dasanama karo geni. Nala, anala = geni. Driya watak 5, karimbag guru guru

wanda karo pancadriya. (Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 05.39, diakses

tanggal 6 Juli 2016)

Wewatakan tembung kang digawe sengkalan uga ana kang sinawung tembang

supaya gampang diapalake. Wujude tembang kaya mangkene:

(1) Watak Siji

Asmaradana

Janma nabi tunggal gusti,

badan rupa maha buda,

samadi iku pamase,

surya candra sasadhara,

wiji godhong lek kenya,

wungkul buweng urip nekung,

nyata sudira tyas putra.

Page 29: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

28

(2) Watak Loro

Kinanthi

Penganten dwi nembah suku,

gandheng asta ndulu dresthi,

netra myat buja bujana,

karnan ngrengga athi-athi,

paksa apasang carana,

sikara bau suwiwi.

(3) Watak Telu

Pangkur.

Tri jatha lir wrin dahana,

kaya wignya uninga anahuti,

sorot brama api murub,

kobar guna ujwala,

teken siking keksi bahni kukus apyu,

nala benter rananggana,

katon panas pndha agni.

(4) Watak Papat

Pucung

Sumber sumur tlaga wening karya masuh,

udan bun her dadya,

warna warih waudadi,

tira nadi dadi suci wedang tawa.

(5) Watak Lima

Durma

Saya galak guling wil yaksa raseksa,

marga pandhawa lungid,

bana wrayang sara,

wisaya pancakara,

cakra hru astra jemparing,

gati tinata,

braja margana angin.

(6) Watak Nenem

Sinom

Mangsa nenem carem raras,

Rasane madu hartati,

Naya sad wuyungan,

Page 30: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

29

Ilat kilat obah manis,

Ginggang prabatang oyig,

Madura sarkara retu,

Lona tikta kayasa,

Anggas anggang-anggang gonjing,

Tahen wreksa winayang kayu anggana.

(7) Watak Pitu

Maskumambang

Resi gunung pitu anitih turanggi,

suka weling wulang,

swara gora angsa muni,

aswa giri gung himawan.

(8) Watak Wolu

Mijil

Astha basu ula slira murti,

gajah tengga bunglon,

tanu sarpa bajul baya tekek,

dipa manggala madya basuki,

dipangga angesthi,

brahmana wewolu.

(9) Watak Sanga

Gambuh

Kusuma ngganda arum,

Dewa sangan mbuka pintu masuk,

Kori menga gatra wangi terus manjing,

Muka wadana marbuk rum,

Anggangsir babahan bolong.

(10) Watak Das

Megatruh

Sirna musna muksa mesat langit mumbul,

pejah tanpa suwarga nir,

brastha rusak swuh wuk suwung,

sunya windu surud sat nis,

sempal ngles gegana adoh.

Page 31: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

30

Sengkalan memet yaiku sengkalan sing digawe ora nganggo ukara, nanging

awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalane. Lumrahe awujud

pepethan 2 utawa 3 dhimensi. Tuladha sengkalan memet ing Kraton Yogyakarta:

(1) Dwi Naga Rasa Tunggal, yaiku patung naga 2 kang padha nggubet (melilit) lan

bisa dideleng sandhuwure renteng kelir baturana ing regol kemagangan lan

gedhung mlathi. Dwi Naga RasaTunggal tegese taun 1692 Jawa, yaiku taun

madege Keraton Yogyakarta.

(2) Dwi Naga Rasa Wani, awujud reca naga loro kang rupane abang ing sangarepe

regol kemegangan. Dwi Naga Rasa Wani ngemu teges taun 1682.

(3) Esthi Sara Esthi Aji, awujud gajah cacah loro kang ana panahe ing tlalene.

Manggone ing regol Danapratapa, yang nadhani dipugare Kori Danapratapa

dening Sultan Hamangkubuwono VII ing taun 1858 Jawa.

Ing Jawa Timur uga ana sengkalan utawa candrasengkala kang tinemu ing

candi, kaya ta kang ana ing candi Penataran kang unine ”Naga muluk sinangga jalma”

kang tegese angka tahun 1208 Saka utawa 1286 M madege candi ing mangsa

paprentahan Prabu Kertanegara. Wujude sengkalan kaya gambar ngisor iki.

Pamahatan relief “naga raja anahut surya” di candi Sawentar II kang nuduhake

angka taun 1323 Saka. Relief iku nggambarake anane prastawa rebutan tahta ing

kerajaan Majapahit. Ing mangsa paprentahane Wikramadharma dumadi perang

Page 32: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

31

kulawarga, antarane Wikramadharma kang mrentah ing tlatah kulon (Majapahit) lan

Bhre Wirabhumi kang mrentah tlatah wetan (daerah Balambangan). Sajrone Serat

Pararatonprastawa iku katelah paregreg. Taun 1318 Saka kang kagambar ing

sengkalan “nagaraja anahut surya” cedhak banget karo dumadine perang paregreg.

Page 33: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

32

DAFTAR PUSTAKA

Darusuprapta. 1992. Serat Wulang Reh.Anggitan Dalem Sri Pakubuwana IV. Surabaya.

CV Citra Jaya Murti.

Hutomo, Suripan Sadi. 1990. Kesastraan Jawa. FPBS IKIP Surabaya.

Padmosoekotjo, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Djawa : Kanggo Para Siswa

Sekolah Guru B Lan Sadjadjare (K.G.B., K.L.P.S.G.B., S.M.P.) Jogjakarta : Soejadi

_________, 1955, Ngengrengan Kasusastran Djawa, Vols. I-I I. Jogjakarta: Hie Hoo

Sing. Paget, R. K.

_________, 1987. Gegaran Sinau Basa Jawi Memetri Basa Jawa. Surabaya: PT Citra

Jaya Murti.

Subalidinata, RS. 1974. Sarining Kasusastran Jawa. Yogyakarta. FSK UGM.

Subalidinata, RS. 1991. Seluk Beluk sastra Jawa. Yogyakarta. FSK UGM.

Sumber Internet:

(1) http://jihankismi.blogspot.com/2013/12/basa-rinengga-kanggo-pepaes-

sastra.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014

(2) http://www.kawuryan.com/?p=335, diakses tanggal 24 Agustus 2014

(3) http://alifbaktak.blogspot.com/2012/07/basa-rinengga.html, diakses tanggal

24 Agustus 2014

(4) http://ithinkeducation.blogspot.com/2012/12/basa-rinengga-ten-boso-jawi-

bahasa.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014

(5) https://karlinasetiyanti.wordpress.com/2014/01/09/tembung-saroja-2/,

diakses tanggal 24 Agustus 2014

(6) http://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/kawruh-bahasa-

jawa/tembung-entar/, diakses tanggal 24 Agustus 2014

(7) http://jv.wikipedia.org/wiki/Wangsalan, diakses tanggal 24 Agustus 2014

(8) http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html,

diakses tanggal 24 Agustus 2014

(9) http://www.kelasjawa.com/2014/03/paribasan-bebasan-lan-saloka.html,

diakses tanggal 24 Agustus 2014

(10) http://corojowo.blogspot.com/2011/11/purwakanthi.html, diakses tanggal 24

Agustus 2014

(11) http://mustofaalmahfud.blogspot.com/2013/05/purwakanthi-bhs-jawa.html,

diakses tanggal 24 Agustus 2014

(12) http://pendekarjawa.wordpress.com/parikan/, diakses tanggal 24 Agustus 2014

(13) Basa rinengga iku basa kang endah (bebasan,paribasan, lan saloka)

(14) http://ptkguru.com/?darmajaya=index&daryono=base&action=listmenu&skins

=1&id=297&tkt=2, diakses tanggal 8 Juli 2016).

(15) (https://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_camboran diakses tanggal 20 Juli

2016).

Page 34: BAB IV KASUSASTRAN JAWA KLASIK - …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · tembang macapat Wangsalan dalam tembang 4.Profesional Menguasai materi,

33

(16) (https://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/.../tembung-entar diakses

21 Juli 2016)

(17) (https://jv.wikipedia.org/wiki/Sengkalan, diakses tanggal 6 Juli 2016).

(18) (sutiknojawa.blogspot.com/2011/07/sesanti.html kaakses 4 Juli 2016)