BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang...

37
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT] | Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 1 BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapat Tembung “tembang” kalebu leksikon basa Jawa ngoko, basa kramane “sekar”; lan “sekar” uga nduweni teges “kembang”, gumantung gegayutaning ukara. Tuladha: Kula nembe gladhen sekar macapat Mijil. Ibu nembe mundhut sekar Mlathi wonten peken. Wondene “macapat” mujudake sawijining jinising te mbang kang ana lan sumebar ing tanah Jawa. Tembang utawa “kagunan seni” mujudake kasiling basa sing edi lan endah , sing wujude rerangkening tembung-tembung kang kawengku pranatan- pranatan kang gumathok, yaiku “lagu”. Jalaran tembang iku mujudake wujuding karangan kang didhasari lagu utawa metrum. Jinising tembang kuwi akeh banget, kayata: tembang Gedhe ‘sekar Ageng’, tembang Tengahan, tembang Cilik ‘sekar Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. Ing buku Mardawalagu anggitane Raden Ngabehi Ranggawarsita, diandharake apa sebabe diarani “tembang macapat”, jalaran: (a) Wacan kapisan ngemot “Sekar Ageng/ Tembang Gedhe”, (b) wacan kapindho ngemot “Tembang Gedhe”, (c) wacan kaping telu “Tembang Tengahan”, lan (d) wacan kaping papat ngemot “Tembang Alit utawa Sekar Macapat. Wondene wacan kapisan tumeka kaping papat mau menawa diwaca kanthi urut, unine “Maca Salagu, Rolagu, Trilagu, Patlagu”. Dadi wacan kaping papat utawa maca pat lagu kang ngemot “Sekar Alit”, tumeka saiki diarani “Tembang Macapat, jalaran mujudake urutan wacan kang kaping papat. Asal usul lan tegese tembang macapat tumeka saiki durung ana pasarajukan kang gumathok, antarane pemanggihing para winasis siji lan liyane. Wondene tegese tembang macapat, yaiku. a. Macapat tegese tangga desa kang ngubengi (Poerwadarminta, 1959: 292); maknane tembang macapat wis sumebar lan dikenal masarakat, malah masarakat wis padha wasis nembang utawa nglagokake. Tangga desa kang ngubengi maksude tangga ing sisih: wetan, kidul, kulon, lan lor wis padha tepung sarta akrab sanget kalihan tembang macapat.

Transcript of BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang...

Page 1: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 1

BAB I TEMBANG MACAPAT

1. Tegese Tembang Macapat

Tembung “tembang” kalebu leksikon basa Jawa ngoko, basa kramane “sekar”;

lan “sekar” uga nduweni teges “kembang”, gumantung gegayutaning ukara. Tuladha:

Kula nembe gladhen sekar macapat Mijil. Ibu nembe mundhut sekar Mlathi wonten

peken. Wondene “macapat” mujudake sawijining jinising tembang kang ana lan

sumebar ing tanah Jawa. Tembang utawa “kagunan seni” mujudake kasiling basa sing

edi lan endah , sing wujude rerangkening tembung-tembung kang kawengku pranatan-

pranatan kang gumathok, yaiku “lagu”. Jalaran tembang iku mujudake wujuding

karangan kang didhasari lagu utawa metrum. Jinising tembang kuwi akeh banget,

kayata: tembang Gedhe ‘sekar Ageng’, tembang Tengahan, tembang Cilik ‘sekar

Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk.

Ing buku Mardawalagu anggitane Raden Ngabehi Ranggawarsita, diandharake

apa sebabe diarani “tembang macapat”, jalaran: (a) Wacan kapisan ngemot “Sekar

Ageng/ Tembang Gedhe”, (b) wacan kapindho ngemot “Tembang Gedhe”, (c) wacan

kaping telu “Tembang Tengahan”, lan (d) wacan kaping papat ngemot “Tembang Alit

utawa Sekar Macapat. Wondene wacan kapisan tumeka kaping papat mau menawa

diwaca kanthi urut, unine “Maca Salagu, Rolagu, Trilagu, Patlagu”. Dadi wacan kaping

papat utawa maca pat lagu kang ngemot “Sekar Alit”, tumeka saiki diarani “Tembang

Macapat, jalaran mujudake urutan wacan kang kaping papat.

Asal usul lan tegese tembang macapat tumeka saiki durung ana pasarajukan

kang gumathok, antarane pemanggihing para winasis siji lan liyane. Wondene tegese

tembang macapat, yaiku.

a. Macapat tegese tangga desa kang ngubengi (Poerwadarminta, 1959: 292); maknane

tembang macapat wis sumebar lan dikenal masarakat, malah masarakat wis padha

wasis nembang utawa nglagokake. Tangga desa kang ngubengi maksude tangga ing

sisih: wetan, kidul, kulon, lan lor wis padha tepung sarta akrab sanget kalihan

tembang macapat.

Page 2: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 2

b. Macapat, dumadi saka tembung “manca” utawa “panca” tegese lima; lan tembung

“pat” wancahan saka tembung “repat” tegese kumpul. Jalaran pathokan utawa

paugeran baku tembang macapat menika adhedhasar “kumpulaning swara lima”,

yaiku:

1) Lagnyana utawa legena, suwarane a;

2) Ulu utawa wulu, suwarane i;

3) Suku, suwarane u;

4) Taring utawa Taling, suwarane e;

5) Taling tarung utawa taring tarung, suwarane o.

c. Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake; lan

tembung “pat” kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi) wancahan

saka tembung “nikmat”, maknane: enak utawa krasa banget (Poerwadarminta, 1939:

298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa endah lan nikmat.

d. Macapat dumadi saka tembung maca, lan pat kang owah dadi “mat”, kang asale

saka basa Walanda /Belanda “maat”, tegese: irama, tembang, metrum. Mula

macapat tegese maca kanthi iramaning tembang utawa metrum utawa menyanyi.

Irama utawa lagu sajroning tembang macapat iku sing lumrah kanthi gregel, yaiku

lak-luking suwara, munggah mudhuning suwara kang winates 4 (papat) titilaras.

e. Macapat dumadi saka tembung “maca” lan “pat” wancahan saka tembung “papat”;

jalaran anggone maca utawa nglagokake mandheg papat-papat (4-4 wanda) waton

pas entek utawa tumibaning tembung, boten kenging medhot tembung. Mula

gumantung tembung-tembung kang digunakake sajroning tembang; bisa mandheg

ing pedhotan loro telu (2-3); telu loro (3-2); telu-telu (3-3).

2. Tuwuh lan Pangriptane Tembang Macapat

Tembang macapat mujudaken basa Jawa Baru kang wis lumrah kanggo nulis

buku-buku utawa karya sastra gagrag anyar (baru); lan basa Jawa Baru wiwit wiwitane

abad 16 Masehi digunakake kanggo nulis kasusastran Jawa. Sajroning Serat Centhini

(PB V) kang katulis ing jaman karaton Surakarta Hadiningrat mratelakake menawa

versine ana 6 (enem) lan kabeh mawa sengkalan kanggo ngeling-eling taun panulise;

Page 3: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 3

wondene kabeh sengkalan mau mratelakake dumadi ing wiwitane abad 19 Masehi

(Sumidi Adisasmita sajroning Darusuprapta, 1962: 152). Dadi tuwuhipun tembang

macapat bisa dipesthekake antarane pungkasaning abad 16 Masehi tumeka wiwitane

abad 19 Masehi.

Sapa kang yasa utawa ngripta tembang macapat, pira cacahe durung apa

pamanggih kang gumathok lan gumolong, mula kerep dadi pasulayaning panemu ing

sarasehan-sarasehan; jalaran jawabane beda-beda durung gumathok. Wondene

pemanggihing para winasis tuwuhe sekar macapat bisa kaperang dadi 2 utawa rong

panemu, yaiku.

a. Adhedhasar Panemu Tradhisional utawa Para Sepuh

Kang yasa tembang macapat iku para wali, kira-kira ing jaman Mataram akhir

tumeka jaman Pajang, kurang luwih akhir abad 15 Masehi tumeka wiwitan abad 16

Masehi; wiwitane budaya Islam lumebu ing tanah Jawa. Wondene para wali kang yasa

tembang macapat, yaiku:

1) Sunan Kalijaga yasa tembang macapat: Dhandhanggula,

2) Sunan Giri: Asmaradana lan Pocung,

3) Sunan Bonang: Durma,

4) Sunan Kudus: Maskumambang, Mijil,

5) Sunan Muria: Sinom, Kinanthi,

6) Sunan Drajad: Pangkur (Umar Hasyim, 1974).

Ana pemanggih liya, yaiku Sri Sulistiani, dkk. (2017: 15); menawa tembang

macapat kang cacahe ana 11 (sewelas) iku dicipta para walisanga; kaya ing ngisor iki.

No. Sekar/ Tembang Pangripta

1 Mijil Kanjeng Sunan Geseng

2 Sinom Kanjeng Sunan Giri Kedhaton

Page 4: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 4

3 Maskumambang Kanjeng Sunan Majagung

4 Pangkur Kanjeng Sunan Muryapada

5 Durma Kanjeng Sunan Bonang

6 Kinanthi Kanjeng Sultan Adi Herucakra

7 Asmaradana Kanjeng Sunan Giri Kedhaton

8 Dhandhanggula Kanjeng Sunan Kalijaga

9 Gambuh Natapraja

10 Megatruh/ Dudukwuluh Kanjeng Sunan Giri Parapen

11 Pocung Kanjeng Sunan Gunungjati

b. Adhedhasar Sujarah

Tuwuhe tembang macapat ing pungkasaning jaman Majapahit utawa Majapahit

akhir, rikalane pengaruh utawa pangaribawa Hindu sangsaya tipis lan luntur, wondene

rasa manunggaling bangsa Indonesia tambah kiyat. Mula wujud/ bentuk kakawin kanthi

metrum Hindhu sangsaya luntur lan sumingkir, lan tuwuhipun kidung lan tembang

macapat kanthi metrum asli Jawa.

Kanthi dhedhasar rong panemu ing dhuwur bisa kadudut utawa disimpulake

menawa tembang macapat iku tuwuh/ timbul ing pungkasaning jaman Majapahit, yaiku

anane kidung ing sajroning kasusastran Jawa Tengahan. Sawise pungkasaning abad 16

Masehi diarani tembang macapat kanggo ngripta/ nganggit kasusastran Jawa Anyar.

3. Gunggunging Tembang Macapat

Cacah utawa gunggunge tembang macapat antarane para winasis kagunan seni

siji lan sijine durung ana pasarujukan kang gumathok; nanging menawa kagerba ana

telung pamanggih/ panemu, yaiku.

a. Cacah/ gunggunging tembang macapat ana 9 (sanga/ nawa), kang dhasar wiwitane

tembang: Dhandhanggula, banjur tuwuh tembang macapat: “Durma, kinanthi,

Maskumambang, Mijil, Pangkur, Asmaradana, Pocung, lan Sinom”.

Page 5: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 5

b. Tembang macapat cacahe ana 11 (sewelas), yaiku padha karo 1) ng dhuwur

katambah tembang: Gambuh lan Megatruh/ Dudukwuluh.

c. Tembang macapat gunggunge ana 15 (limalas), kaya angka 1) lan 2) andharan ing

dhuwur, katambah tembang: “Jurudemung, Wirangrong, Balabak, lan Girisa”

(Pemanggih/ panemu iki ora lumrah, jalaran papat tembang iku kagolong tembang

tengahan. Ananging uga ana panemu menawa tembang Tengahan iku sejatine

tembang Macapat kang tuwuhe luwih dhisik; mula paugeran lan pranatane padha

antarane tembang tengahan lan macapat.

Telung panemu mungguh gunggunge tembang macapat ing dhuwur kang lumrah lan

adhedhasar ngrembakane kasusastran Jawa ing jaman saiki, padha nyarujuki

menawa gunggung utawa cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas).

Tuladha Tembang Macapat Pangkur, Laras Pelog Pathet Nem.

Cacahing sekar macapat/

kang sedaya wonten sewelas nenggih/

Mijil Maskumambang Pangkur/

Sinom Asmaradana/

Dhandhanggula Durma Gambuh lan Megatruh/

Kinanthi Pocung pranyata/

ngemot piwulang kang adi//

(Imam Sutardjo, 2016)

Pangkur; Laras Pelog, Pathet Nem

3 5 5 5 5 3 3 3

Se- kar pang- kur kang wi- nar- na

3 5 5 6 1 1 1 1 2 3 3

Le- la buh- an kang kang- go wong a- u- rip

5 6 I I i I I

Page 6: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 6

a- la lan be- cik pu- ni- ku-

I 6 5 5 5 5 5

Pra- yo- ga ka- wruh a- na

3 5 6 5 3 1 1 1 1 2 1 2 3 3

a- dat wa- ton pu- ni- ku di- pun- ka- du- lu

1 1 1 1 1 1

mi-wah ing- kang ta- ta kra- ma

1 2 3 1 2 3 3 2 1

mum- pa- ngat- i ba- dan ne- ki

Piwulang lan Andharan Tuladha Tembang Macapat “Pangkur” ing Dhuwur

Pada/ bait tembang macapat ing dhuwur iku anggitane Ingkang Sinuhun Kanjeng

Susuhunan Pakubuwana IV, isine pitutur, wewarah/ nasihat sabda Dalem marang para

putra wayah; supaya: (a) wong urip kudu tansah ndarbeni labuh labet, lelabuhan,

migunani marang sesama (kulawarga, pabrayan, pawiyatan/ pasinaon, agama, bangsa,

lan negara). (b) Kudu lan wajib mangerti lan ngamalake tumindak ala lan becik aneng

bebrayan agung (masyarakat). (c) Adat lan tatacara budaya tradisi kang wis maton lan

becik kudu dimangerteni, dipepetri, lan dingrembakakake, sarta diamalake. (d)

Tatakrama, etika, unggah ungguh, sopan santun tansah dijaga lan diamalake ing saben

dinane. Kabeh mau bisa njalari uripe bakal ayem lan tentrem, bagya sarta mulya.

4. Gunane Tembang Macapat

Page 7: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 7

Sinau tembang macapat mujudake salah sawijine sarana lan pambudidaya

kanggo nglestarekake seni tradhisi lan nyinau piwulang-piwulang ing kasusasran Jawa

kang sumimpen sajroning cakepan ‘syair, teks’ tembang macapat. Jalaran serat-serat

Jawa ing jaman kuna (karaton) akeh kang katulis kanthi wujud basa pinathok ‘puisi

tradisional’ kakawin, tengahan, mligine tembang macapat. Wondene guna paedahe

sinau tembang macapat, yaiku;

a. Nyenengake kang padha maca utawa nembang, amarga menawa waleh /

bosen cengkok siji, bisa ganti cengkok liyane.

Ing jaman karaton Surakarta Hadiningrat, para winasis kagunan seni utawa

pujangga kang mumpuni lan lebda ing babagan tembang, yaiku: (a) Mas Ngabehi

Sudirjagantang, kang yasa tembang macapat cengkok Palaran, (b) Panembahan

Buminata, kang yasa cengkok Buminatan. (c) Raden Tumenggung Sastranegara

(Yasadipura) kang nganggit cengkok Sastranegaran (Yasadipuran).

Contoh tembang “Dhandhanggula cengkok Palaran”, Laras Slendro Pathet Sanga.

. . . . . . . . . .

2 2 2 2 , 2 2 1 1 2 1 6 ,

Yo - gya - ni - ra kang pa - ra pra- ju - rit ,

6 6 6 6 , 6 6 5 2 3 5 6

˙

la - Mun bi - sa sa - mya a - nu - lad - a

. . . . .

Page 8: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 8

2 2 1 1 6 6 1 6 5 ,

ka - Dya ngu- ni ca - ri - ta - ,

. . . . .

5 6 1 1 1 2 6 1 ,

an - del - i - Ra Sang Pra - bu ,

5 2 3 2 1 , 1 1 1 2 2 ,

Sa - sra - ba - U Ing Ma - es - pa - ti ,

2 2 2 2 2 2 1 6 ,

a - Ran Pa - tih Su - wan - da ,

6 6 6 1 6 5 6 1 2 ,

˙ ˙ ˙ ˙ ˙ ˙

le - la - Buh - An - i - pun ,

. . . . . .

2 2 2 2 1 6 1 5 6 ,

kang gi - ne - lung Tri pra - ka - ra ,

Page 9: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 9

5 2 3 2 1 , 5 5 5 5 3 3 5 3 2

gu - na - ka - Ya pu - run - e kang den- an - tep - I

2 2 2 1 1 2 6 1 1 .

˙

nu - ho - Ni trah U - ta - ma .

Piwulang Sajroning Tembang Macapat “Dhandhanggula” ing Dhuwur.

Tembang macapat “Dhandhanggula” sapada/ bait ing dhuwur iku kapethik saka

Serat Tripama, yasan Dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangukenegara

IV. Isine pitutur, piwulang marang para prajurit utawa supaya bisa nuladha utawa

nyonto Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda anggone ngabdi lan labuh labet marang

Negara Maespati Prabu Harjunasasrabau, kanthi tekad lan prasetya 3 (telung) prakara,

yaiku: guna, kaya, purun. Dadi dwija, satriya, generasi mudha kudu tansah bebela lan

mbelani bumi pertiwi nganti tumekaning pati.

Cengkok ‘gaya’ Buminatan; Dhandhanggula Buminatan, Laras Slendro Pathet

Sanga.

. . . . .

2 5 6 6 , 6 1 2 2 2 2 ,

Sas- mi- ta- ne´ nga- u- rip pu- ni- ki ,

. . .

2 2 6 1 6 , 6 6 6 6 6 6 ,

Page 10: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 10

a - pan e´ - wuh yen no - ra we - ruh - a ,

.

5 6 6 6 6 6 1 6 5 ,

Tan ju - me - neng ing u - rip - e´ ,

. . . .

6 1 2 1 6 1 5 6 ,

A- keh Kang nga- ku - a - ku ,

6 6 6 5 2 , 2 2 2 2 1 6 ,

pang- ra - Sa - ne´ sam -pun u - da - ni ,

1 2 2 2 2 2 2 ,

Tur du- Rung wruh -ing ra - sa

3 5 1 1 2 1 6 5

˙ ˙

ra - sa Kang sa - tu - - hu

5 3 2 1 6 , 6 6 6 6 6 1 2 2 ,

˙ ˙ ˙ ˙ ˙ ˙

Page 11: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 11

u - pa - ya - nen da- ra- pon sam- pur- na u - gi ,

5 6 1 6 2 1 6 1 .

˙ ˙ ˙ ˙

Ing ka - u - rip - an - i - ra .

b. Nggampangake pangeling-eling kanggo mangerteni prakara-prakara kang

diwujudake ing tembang macapat. Tuladhane: angka neptu saptawara lan

pancawara, lan liya-liyane.

Tuladha: neptu Saptawara lan Pancawara; tembang Dhandhanggula :

“Pan alima Ngaad nyarkarani/

Senen papat Salasa tetiga/

Rebu pepitu neptune/

Kemis wolu puniku/

Apan nenem Jumuah neki/

Setu neptune sanga/

Kaliwon wewolu/

Legi gangsal ing neptunya/

Paing sanga Pon pitu ing neptu neki/

Wage catur neptunya”//

BAB II PAUGERANE TEMBANG MACAPAT

Page 12: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 12

Paugeran, pranatan utawa aturan menawa nganggit/ yasa tembang macapat

lumrahe mawa lelewaning basa kang gumathok, kayata: (a) nggunakake tembung-

tembung kawi utawa arkhais, tembung garba, baliswara, plutan, wancah; (b) guru gatra,

guru wilangan, guru lagu/ dhong-dhing; (c) purwakanthi ‘persajakan’; (d) dayasastra

yen ditulis kanthi aksara Jawa utawa ketemu ater-ater anuswara dadi luluh, kejaba ing

tembung lingga kang konsonan ‘katutswara’ suwarane abot (g, j, dh, d, b) ora bisa luluh

‘asimilasi’; (e) sasmita tembang; (f) sandi asma; (g) titimangsa ‘waktu’.

Tembang utawa puisi Jawa tradhisional iku lumrahe nggunakake basa kang edi

lan endah, supaya bisa nyenengake kang padha nembang lan kang mirengake. Mula basa

ing tembang iku: luwes, pantes kang bisa nuwuhake rasa endah, saged narik lan

nyenengake kang padha maca lan ngrungokake (Hadiwidjana, 1967: 52). Pangripta

tembang macapat lumrahe nggunakake “rengga basa/ basa rinengga”.

a. Tembung-tembung Kawi/ Arkhais Ing Tembang Macapat

Tembung-tembung kawi kang digunakake sajroning tembang macapat ing basa

Jawa Baru, tuladhane kaya ing ngisor iki:

Tabuh sapta nudya Buda Manis/

Wulan Sura kaping tigangdasa/

Ing mangsa kapat wukune /

Kuranthil Je kang taun/

“Sirneng tata pandhita siwi”/;(1750 Jw.)

sangkala duk manurat/

hagnya maha nurun /

mangun langening carita/

caritane Bathara Rama ing kawi/

jinarwaken ing karma//

Page 13: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 13

Tuladha tembang Dhandhanggula ing dhuwur nggunakake tembung-tembung

kawi yaiku tembung-tembung kang lumrah digunakake ing seni sastra atau tembang,

nanging ora lumrah digunakake ing basa padintenan. “Titikane tembung kawi mono:

tembung kang uga lumrah kanggo ana ing basa pedhalangan utawa tembang, nanging

yen kanggo ana ing paguneman padinan kok malah rada dadi geguyon (Hadiwidjana,

1967: 38).

Tuladha tembung: tabuh sapta = pukul (jam) tujuh; Buda Manis = Rebo/ Rabu

Legi;

Sangkala duk = waktu ketika; Manurat = menulis; Hagnya, agnya =

perintah;

Mangun langening carita = gawe endahing carita; lan liya-liyane.

b. Tembung-tembung kang Maligi (Tembung Tinamtu ingkang boten Limrah)

Tembung=tembung tinamtu kang ora lumrah digunakake kanthi cara leksikal

(tembung) lan tatabahasa (gramatikal/ ukara), mung kanggo gawe endahing

tetembungan; Tuladhane.

1) Awujud tembung kuna : nudya = nuju, pinuju, mbeneri, ‘tatkala ; bersamaan

(waktu)’

2) Awujud tembung kang karasa luwih endah; tuladhane :

Winidyan = wineruhan = kinawruhan, lebih indah, lebih puitis daripada

diweruhi, dipunsumerepi, kaweruhan; Jinarwaken = jinarwakaken,

kajarwakake; lan liya-iyane.

3) Wujuding tembung kang mawa seselan –in- ( luwih endah katimbang awalan:

di- , dipun-, ka-, den- ). Tuladha: cinandra, binukaning budi, sinangkalan.

Page 14: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 14

4) Wujud sandi, garba. “garba” = sambung/ gandheng; digarba = vocal utawa

aksara swarane disambung. Tembung loro sing disambung lan vokal (aksara

swarane) dadi luluh ‘asimilasi’ ewah dadi vokal liya. Tembung garba/sandi

digunakake sajroning tembang, supaya pranatan guru wilangan ing gatra bisa

pas lan jumbuh.

Tuladha: Sira + arsa = sirarsa; narpa + atmaja = narpatmaja; Dupi + arsa =

dupyarsa; lagi + antuk= lagyantu; Nara + iswari = nareswari; nara + indra =

narendra; Nuju + ari = nujwari; jalu + astri= jalwestri;

Tuladha: Tembang Macapat Mljil;

Kumenyaring diwangkara keksi/ neng wetan tumlawong; (kang limrah

tumlawung)/

sirat-sirat sumirat sunare/ wimbuh atis rumesep bun manjing/

anggeges mastitis/ anrus ing bebalung// (M. Mardjana; 1955 : 19)

Mijil; Laras Pelog Pathet Nem

6 6 I I

De- de- lan e gu-na la-wan sek- ti

I 6 I i

ku-du an- dhap a- Sor

I i 6 5 5 5 5 6.53

wa- ni nga- lah lu- hur we- kas- an - e

Page 15: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 15

2 3 5 6 5 3 3 3 3 2 . 3

tu-mung-kul-a yen di- pun- du- ka - ni

5 6 6 6 6 5 6

ba- pang den sim-pang -i

2 3 5 5 5 6 5 3 . 2

a- na ca- tur mung- Kur

Andharan Piwulang/ Pitutur Tembang Macapat “Mijil” ing Dhuwur.

Tembang macapat Mijil sapada ing dhuwur isine piwulang marang para

manungsa (nom tuwa, lanang wadon); supaya tansah mbudidaya utawa usaha dadi

manungsa kang: guna ‘pinter utawa piguna ‘bermanfaat’ lan sekti ‘tansah slamet utawa

ngayomi marang sesama’. Wondene saranane lan carane, kanthi: (a) andhap asor

(lembah manah, rendah hati, ora gumedhe); (b) wani ngalah luhur wekasane (wani

ngalah kanggo njaga kerukunan, persatuan; lan supaya luhur/ mulya utawa kajen uripe);

(c) yen dituturi wong tuwa kudu digatekake lan kajupuk gunane; (d) Tumindak ala

tansah disingkiri lan didohi; (e) tansah tumindak becik (positif thingking), ora seneng

tumbak cucukan ‘fitnah’.

c. Baliswara

Baliswara yaiku rerangkening tembung-tembung kang susunane ukara ora

lumrah utawa diwalik, wondene gunane kanggo njumbuhake pranatane dhong-dhing

(guru lagu) ing pungkasane gatra/ baris.

Tuladha tembang macapat Mijil.

Sumrik gandaning kang sari/

Page 16: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 16

sami mekar katon/ (susunan kang lumrah : katon sami mekar)

ambrengeng bremara swarane/ (susunan kang lumrah : swarane bremara)

rumyang mamrih mangisep ing sari/

rirising bun tistis/

wimbuh karya trenyuh//

Gegayutan karo pranatan ‘konvensi’ dhong-dhinging tembang, pangripta

tembang macapat mbudidaya kanthi cara ngowahi tembung ing suwarane ‘ bunyi/ vokal’

ing pungkasaning tembung; supaya jumbuh karo dhong-dhinge tembang, mula tembung-

tembunge ora jumbuh karo basa lumrah/ padinan.

Tuladha: tumlawong, kang lumrah : tumlawung; wuwuh – wuwoh ; suruh – suroh ; isih

– iseh ; arsa – arsi ; warsa – warsi ; kapir – kopar ; Mataram – Matawis – Matarum –

Ngeksiganda; lan liya-liyane.

1. Paugeran utawa Pathokan ing Tembang Macapat (Guru-gatra; Guru-

wilangan; Guru-lagu atawa Dhong-dhing)

Adhedhasar paugeraning utawa konvensi guru-gatra, guru-wilangan lan guru-

lagu (dhong-dhing) tembang tengahan lan macapat bisa digawe tabel ing ngisor iki.

Nama tembang

Pocung 12-u 6-a 8-i 12-a - - - - - -

Maskumambang 12-i 6-a 8-i 8-a - - - - - -

Gambuh 7-u 10-u 12-i 8-u 8-o - - - - -

Megatruh 12-u 8-i 8-u 8-i 8-o - - - - -

Page 17: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 17

Balabak 12-a 3- 12-a 3-e 12-a 3-e - - - -

Kinanthi 8-u 8-i 8-a 8-i 8-a 8-i - - - -

Mijil 10-i 6-o 10-e 10-i 6-i 6-u - - - -

Pangkur 8-a 11-i 8-u 7-a 12-u 8-a 8-i - - -

Asmaradana 8-i 8-a 8-

e/o 8-a 7-a 8-u 8-a - - -

Durma 12-a 7-i 6-a 7-a 8-i 5-a 7-i - - -

Jurudemung 8-a 8-u 8-u 8-a 8-u 8-a 8-u - - -

Girisa 8-a 8-a 8-a 8-a 8-a 8-a 8-a 8-a - -

Sinom 8-a 8-i 8-a 8-i 7-i 8-u 7-a 8-i 12-a -

Dhandhanggula 10-i 10-a 8-e 7-u 9-i 7-a 6-u 8-a 12-i 7-a

2. Sipat (Watak) Sekar Tengahan/ Macapat

Gunggung, cacah lan jenenge tembang macapat iku ana 11 (sewelas), lan

tembang tengahan ana 4 (papat); kang mratandhani menawa panganggone pupuhing

tembang iku ora kena sakarepe dhewe, nanging kudu dijumbuhake karo wataking

tembang. Wondene wataking tembang macapat; kaya ing ngisor iki.

1) Pocung : Watake sasenenge/ sakarepe dhewe, lucu, sembrana

parikena. Cocok/ jumbuh kanggo cangkriman, nggambarake

prakara kang sembranan.

2) Gambuh : Paseduluran ‘familier’, sumadulur. Jumbuh kanggo pitutur;

pitutur marang kulawarga, pitutur babagan paseduluran.

Jumbuh kanggo andharan babagan kulawarga, pitutur,

Page 18: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 18

pendidikan, panembah.

3) Pangkur : Gumregah, semangat, nesu, perang. Jumbuh/ cocok kanggo

paprangan, padudon, pitutur kang semangat makarya,

ngendhaleni hawa nepsu; asih tresna kang makantar-kantar.

4) Durma : Semangat, nesu, gummregah, padudon. Cocok/ jumbuh

kanggo andharan rasa nesu, cecongkrahan; rasa jengkel,

carita paprangan.

5) Maskumambang : Sedhih/ susah, trenyuh, getun/ gela. Jumbuh/ cocok kanggo

nggambarake rasa susah/ sedhih, getun geduwung, nelangsa.

6) Megatruh : Susah, prihatin, gela/ getun. Jumbuh kanggo nggambarake

prekara kang susah, rasa sedhih, kuciwa, lan gela.

7) Wirangrong : Wibawa, anggun. Jumbuh kanggo nggambarake kaanan

kanga gung utawa wibawa, kaindahaning alam, pendidikan,

lan liya-liyane.

8) Mijil : Prihatin, asih tresna. Jumbuh kanggo andharan utawa

nggambarake babagan asih tresna, prihatos, pangajak,

pitutur. Jumbuh/ cocok kanggo nggambarake rasa asih

tresna, prihatin, pangajak, lan pitutur.

9) Kinanthi : Seneng, gembira, asih tresna. Jumbuh kanggo pitutur/

nasihat, nggambaraken rasa asih tresna, lan liya-liyane.

10) Balabak : Sembrana, sakepenake. Jumbuh kanggo nggambarake

prakara sing rada lucu, sakepenake dhewe.

11) Asmaradana : Asih tresna, sedhih, kasmaran. Jumbuh/ cocok kanggo

nggambarake babagan katresnan, asih tresna, kasmaran, lara

branta, lan liya-liyane.

Page 19: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 19

12) Jurudemung : Kenes, prenes, ethes. Jumbuh kanggo nggambarake prakara

kang maneka warna solah tingkahe, mubaling rasa asmara.

13) Girisa : Gagah, santosa, wibawa. Jumbuh kanggo andharan babagan

kawibawan, pendidikan/pengajaran.

14) Sinom : Asih tresna, lincah, canthas. Jumbuh utawi cocok kanggo

prakara kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang lincah

‘kreatif’.

15) Dhandhanggula : Luwes, nyenengake, grapyak semanak. Cocok/ jumbuh

kanggo nggambarake sakabehe suwasana/ kawontenan.

3. Sasmita Tembang Macapat

Buku-buku ing kesusasteraan Jawa kang sinerat tembang macapat iku arang

kang menyebutkake jenenge “pupuh” kanthi walaka utawa terus terang, nanging kanthi

cara nganggo “sasmitaning tembang, sasmita araning tembang, sasmita namaning

sekar”. Wondene sasmita tembang iku lumrahe mapan/ manggon ana; (a) wiwitaning

pupuh, (b) pungkasaning pupuh, kang maksude nuduhake jenenge tembang pupuh

sabanjure.

Tetembungan kang lumrah kanggo sasmitane tembang macapat, yaiku :

a. Pocung : mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung

kang nduweni wanda “cung”.

b. Gambuh : tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan tembung-

tembung kang awanda “mbuh”.

c. Makumambang : kambang, kentir, kencana timbul ing warih.

d. Megatruh : duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, aruh.

Page 20: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 20

e. Wirangrong : wirang, mirong.

f. Balabak : kabalabak, klelep.

g. Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng.

h. Mijil : wiyos, winiraos, rarasati, metu.

i. Pangkur : mingkur, munkur, kukur-kukur, yuda kenaka.

j. Asmaradana : asmara, kasmaran ing driya, branta, kingkin,

sedhih.

k. Durma : mundur, udur, durcara, duraka.

l. Jurudemung : mas juru, mung, jurudemung,amung sliramu.

m. Girisa : miris, giris.

n. Sinom : anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit,

weni, logondhang.

o. Dhandhanggula : manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang,

guladrawa.

4. Carane Nglagokake Tembang Macapat

Tembang macapat iku kawengku ing guru gatra, guru wilangan, dhong-dhing,

pedhotan, lan watak. Mula yen sinau lan nglagokake tembang macapat kudu

mangerteni 5 (lima) bab, yaiku paham lan ngerti: (a) guru lagu lan guru wilangan; (b) ala

lan beciking suwara; (c) wataking tembang; (d) tetembungan utawa ukara kang salah;

lan (e) paham lan nguwasani marang tembung-tembung lan basa basa kawi

(Hardjowirogo, 1958: 13).

Carane nglagokake tembang macapat supaya bener lan becik, kudu mangerteni

paugerane lan paham sarta nguwasani ing babagan: (1) laras utawa nada (Slendro lan

Page 21: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 21

Pelog); (2) titilaras ‘nada, notasi’, yaiku urutane nada (notasi) saka kang cendhek

dhewe nganti nada kang dhuwur dhewe. Gunane titilaras, yaiku kanggo: (a) nulis notasi

tembang; (b) gawe cengkok tembang; lan (c) sinau tembang. Titilaras ing tembang Jawa

iku adhedhasar nada utawa titilaras gamelan Kepatihan. Mula yen wis paham lan

mangerteni titilaras bakal gampang menawa sinau lan nglagokake tembang macapat.

Titilaras iku ora mung mujudake urutane angka, nanging urutaning angka kang wis

ditata lan mujudake sawijining tembang atau lagu. Bedane urutane angka ing titilaras

laras Sledro lan Pelog, yaiku.

Urutan titilaras laras Slendro : 1 – 2 - 3 – 5 – 6 – i

Urutan titilaras laras Pelog : 1 – 2 – 3 – 4 – 5 – 6 – i/ - 7

(3) Cengkok, yaiku gaya utawa model utawa warna lagu, lan tembang macapat

nduweni cengkok (gaya utawa lagu) kang akeh. Cengkok mujudake wujud kreativitas

seni tembang, pramila cengkok asipat rongeh ‘gampang owah’. Tembang kang tanpa

cengkok diarani tembang wantah (lugu, polos, milah, mbalung), lan tembang kang

nggunakake cengkok diarani tembang garap (sengsem, sanggit)(Suwardi Endraswara,

2010: 86). (4) Pakecapan kudu cetha, supaya kang padha ngrungokake bisa mangerteni

isining tembang, bisa mbedakak vocal pepet utawa taling, d lan dh, t lan th, lan liya-

liyane. (5) Pedhotan, gatra ‘baris’ kang cacah utawa gunggunging wanda 5 – 8, prayoga

dilagokake sajroning sakpanas (ora perlu mandheg utawa dipedhot ing satengahing

ukara/ baris). Pedhotan sajroning nglagokake tembang macapat ana werna 2 (loro),

yaiku: (a) pedhotan kendho, yaiku pedhotan kang ana ing pungkasaning tembung, lan

(b) pedhotan kenceng, yaiku pedhotan ing satengahing tembung kang ora wutuh utawa

durung rampung (pedhotan kang cacat/ ala). (6) Gatra utawa baris kang guru wilangane

luwih saka 8 (wolu) wanda, prayogane mandheg ing napas 4 (papat) wanda kapisan,

lan diterusake saknapas sakbanjure. Menawa 4 (papat) wanda kapisan ora tumiba

pungkasaning tembung; prayogane anggone mandheg ing pungkasaning tembung,

sanajan lima utawa enem wanda. (7) Kudu bisa mbedakake purba andhegan ‘berhenti

bernafas’, ing satengahing gatra, lan mandheg ing pungkasaning gatra, lan mandheg ing

Page 22: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 22

pungkasaning pada ‘bait’. (8) Nggatekake laya ‘irama’ sajroning tembang, supaya bisa

jumbuh karo wataking tembang. Tuladha tembang Pangkur kudu semangat, jalaran

wataking tembang Pangkur, yaiku “gumregah, perwira, semangat, wani”. (9) Paham

gregel,yaiku membat mentuling suwanten utawa embat, lan gunane kanggo gawe

endahing tembang macapat. Wondene gregel ing tembang macapat iku kathahipun 4

(papat) gelombang titilaras. Gregel bisa dibedakake ana 2 (loro), yaiku: (a) gregel

andhap, maksudnya gregel yang dilakukan pada bagian suku kata akhir baris, misalnya

“ra” pada kalimat: mingkar mingkur ing angkara.(b) gregel hanung, artinya permainan

gregel yang dilakukan pada sebelum suku kata akhir baris, misalnya “ka” pada kalimat:

mingkar mingkur ing angkara. (10) Paham luk, yaiku munggah mudhun utawa ombake

suwara kang ditentokake titilaras (nada, notasi) kang digawe. Ing tembang macapat, luk

ora becik menawa ngluwihi tigang titilaras, jalaran luk kang dawa iku arane bawa.

Gunane luk kanggo gawe edi, endah lan kepenak menawa dirungokake. Luk bisa

dibedakake ana 4 (papat); yaitu luk: (a) ndhudhuk, maksude luk kang titilaras (nada,

notasi) urut utawa cedhak utawa munggah marang titilaras sadhuwure; tuladhane nada:

23, 35, 45, 56”; (b) niba, tegese nada (titilaras) kang dhuwur mudhun marang nada

sangisore, tuladhane nada: “53, 32, 54, 16, 76”; (c) tangi, maksude luk saka titilaras kang

cendhek tumuju marang nada kang luwih dhuwur, tuladhane titilaras: “235, 356, 367,

561”; lan (d) nyeklek, yaiku luk kang munggah lan mudhun utawa suwalike kanthi

mlumpat kang ora urut, tuladhane nada: “2567, 7532, 6576”.

Tuladha tembang macapat Dhandhanggula :

“Werdining kang wasita jinarwi/

wruhing kukum iku watekira/

adoh marang kanisthane/

pamicara puniku/

weh resepe ingkang miyarsi/

Page 23: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 23

tatakrama punika/

ngedohken panyendhu/

kagunan iku kinarya/

ngupa boga dene kalakuan becik/

weh rahayuning raga//”

Ajaran Moral, Piwulang Kautaman Tembang Macapat “Dhandhanggula”

Tembang macapat “Dhandhanggula” ing dhuwur kapethik saka Serat

Nayakawara, yasan Dalem KGPAA Mangkunegara IV. Wondene isi piwulang ya

ajaran moral supaya manungsa tansah tumindak utama; kanthi nindakake: (a) wruh ing

kukum iku watekira adoh marang kanisthane; (b) pamicara puniku weh resepe kang

miyarsi; (c) tatakrama punika ngedohken panyendhu; (d) kagunan iku kinarya ngopa

boga; (e) kalakuwan becik weh rahayuning raga.

Page 24: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 24

BAB III

MAKNA FILOSOFISE TEMBANG MACAPAT

1. Makna Filosofise Tembang Macapat

Manungsa urip ana ngalam ndonya wiwit lair tumekaning seda, ora luput saka 3

(telung) lelakon kang dialami, yaiku: metu, manten lan mati utawa ing rikalane mbobot,

lair, bayi, rikala anak-anak / lare, mudha/ remaja, rikalane dewasa (palakrama,

kulawarga), lan rikalane seda (Damardjati Supadjar, 1985 : 194). Tembang macapat

menawa diurutake lan kaandharake werdine pranyata ngemot piwulang kang luhur sarta

utama, lan nduweni makna falsafahing manungsa rikala urip ana donya; wiwit lair

tumekaning pati, yaiku :

1. Mijil : yaiku wektu rikala bayi lair utawa metu, mijil ‘keluar,

lahir’. Watake tembang iki prihatin, amarga wong

tuwa (bapa biyung) rikalane padha ngarep-arep lan

nunggu anake kang bakal lair, lumrahe dikantheni

padha prihatin; kang pamrihe supaya anak lan biyunge

tansah nemu slamet, bagya lan mulya. Wiwit ana

guwa garba tumekaning lair nyawang padhanging

hawa, mugya tansah manggih raharja lan uripe tansah

utama sarta bagya mulya. Bapa biyung tansah prihatin,

lan lumrahe linambaran rasa seneng amarga idaman,

gegantilaning ati; yaiku putrane wis lair kanthi

wilujeng. Kanggo mengayubagiya, wetuning rasa,

medharake bebukaning carita ‘rasa syukur lan

panarima laire putra kanggo nyambung sujarahe wong

tuwa’.

2. Maskumambang : nggambarake wektu rikalane isih bayi (anak-anak)

kang kebak nikmating murip, bayi (anak) isih mardika

durung duwe lan ora ngerti rekasaning urip. Lare

Page 25: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 25

(anak-anak) tansah seneng-seneng utawa dolanan,

gegojekan. Anak menika mujudake rajakaya lan

rajabrana kang aji banget menggahe wong tuwa;

amarga kang bakal nyambung sujarah lan gegayuhane

bapa biyung. Watake tembang Maskumambang yaiku

nalangsa ‘prihatin, sedih’; jalaran wong tuwa tansah

nggadhadhahi rasa khawatir, was-was menawa anake

anggone dolanan, gegogegan, lan guyonan tansah

slamet, adoh saka bebaya. Wataking anak kang durung

nduweni petung lan tetimbangan anggone tumindak

lan tansah gegojegan; isih nggugu sakarepe dhewe,

lare (anak-anak) yen duwe karep isih sakarepe dhewe

utawa kaduk wani kurang deduga ‘sangat berani

belum punya pertimbangan’.

3. Sinom : yaiku nggambarake anak wis dadi nom-noman utawa

mudha, watake grapyak semanak, luwes ‘supel’.

Pancen para mudha (nom-nomam) lumrahe tansah

seneng srawung utawa kekancan/ paseduluran, wasis

micara kanggo ngupadi sedulur lan tansah gawe

seneng ‘simpatine’ wong liya.

4. Durma : yaiku nggambarake rikala isih nom utawa mudha kang

lumrahe gampang kagodha lan kapribawan prekara

kang ala, napsu angkara murka, kagodha ombyaking

jaman. Tembang iki watake galak ‘pemberani’, sereng

‘tegang’, seneng critakake babagan padudon utawa

perang. Pancen lumrahe para mudha iku anggone

ngadhepi urip utawa kahanan iku trengginas ‘dinamis’

lan trampil (kreatif inovatif). Para mudha lan mudhi

lumrahe gampang kagodha pasrawungan lan watake

Page 26: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 26

gampang nesu (emosi) lan seneng padudon..

5. Asmaradana : nggambarake nom-nomam (mudha-mudhi) kang wis

wiwit nduweni rasa tresna, kasmaran ‘jatuh cinta’,

kepencut marang wong liya kang beda jinise. Watake

tembang iki grapyak ‘simpatik’, seneng, gembira lan

sedhih. Bab iki nggambarake menawa mudha-mudhi

lagi ketaman asmara, lara branta; lumrahe atine seneng

banget, nanging kacampuran rasa sedhih/ susah;

jalaran khuwatir menawa kekasihe kagodha lan

digodha mudha/ mudhi liyane.

6. Kinanthi : nggambarake wektu utawa rikalane mudha-mudhi wis

wiwit padha gegandhengan tangan utawa urip

bebrayan, wis mbangun bale wisma ‘berkeluarga’,

urip kang rukun lan ayem tentrem, bagya mulya

‘damai’. Watake sarwa seneng, asih, gumolong

‘bersatu’. Pancen rikalane pengentenan anyar lumrahe

tansah seneng, seneng-seneng, nyenengake, lan tansah

asih tresna, asah asih asuh lan sinisihan.

7. Dhandhanggula : nggambarake rikalane wis ngancik lan ngrasakake

dadi wong tuwa, ngopeni anak bojo lan srawung karo

tangga teparo. Mula wiwit mranata lan njumbuhake

kabutuhane urip saben dinane. Anggone urip bebrayan

wiwit ngrasakake rasa kepenak, ayem tentrem lan

bagya mulya ‘nikmat’; amarga wis manunggaling

cipta rasa karsane para anak bojone, lan anak-anake

padha rukun; wusanane sajroning kulawarga bisa

mujudake kuluwarga kang padha dhemen tetulung

(asah, asih, asuh). Watake tembang iki manis,

Page 27: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 27

ngresepake ‘meresapkan, menyenangkan hati’, luwes.

Pancen menawa manungsa wis tuwa adhakake tansah

luwes ‘pandai bergaul karena telah berpengalaman’

lan manis utawa ngresepake ‘selalu berbuat baik dan

membuat senang kepada orang lain’, seneng lan

pethel nyambut gawe, lan gotong royong karo

tanggane lan sesamane.

8. Gambuh : nggambarkan umur lan watak rikalane manungsa

tambah tuwa/ dewasa lan kapribadene tambah diwasa,

wusanane bisa njumbuhake kabutuhaning jiwa raga,

lair lan batin; kuluwarga lan masyarakat, pribadi lan

marang Pangeran (hablumminnalooh lan

hablumminnaas). Watak tembange maringi pitutur

‘nasihat’, anggenah-genahake ‘selalu memberikan

penjelasan’. Pancen lumrahe manungsa kang wis tuwa

(dewasa, sepuh) tansah menggalih lan bisa

njumbuhake wigatine urip lan tansah mituturi marang

anak putu utawa sesama; patrap lan pangucap

‘perbuatan dan ucapan’ wis bisa jumbuh, uripe wus

bisa njumbuhake kahanan lair lan batine.

9. Pangkur : nggambarake rikalane umure manungsa wis laluyuswa

‘masa lanjut usia, udzur’; lan wancine ngungkurake

hawa napsu lan kadonyan’. Watake sereng

‘semangat’, prawira ‘perwira’, lan wani. Ing mangsa

iki tansah mbudidaya kanthi gumregut lan semangat

anggone ngendhaleni hawa napsu angkara murka,

napsu kadonyan. Kebutuhaning urip kang asipat boros

‘glamour’, seneng-seneng, hura-hura/ berfoya-foya

wis ditinggalake. Manungsa wiwit sregep ngibadah

Page 28: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 28

lan nyedhak tansah dhedhepe marang Pangeran. Ing

pangajab sawanci-wanci katimbalan Gusti Kang

Mahasuci bisa lancar, selamat; saged mlebet wonten

surganipun Pangeran.

10. Megatruh : nggambarake manungsa kang wis nglenggana marang

pepesthen, takdiring kabeh manungsa yen bakal seda,

mulih mula mulanira utawa megatruh ‘pisahe nyawa

saka raga’. Watake susah, nelangsa, prihatin, getun;

jalaran manungsa yen wis cedhak patine, tansah

nandhang gerah; lumrahe atine susah, sedhih lan

kuciwa, jalaran arep pisah karo kulawarga, anak,

sedulur, lan tanggane; sarta rumangsa gela amarga

ngelingi tumindake sing ora becik nalika isih nom,

isih urip. Malah rumangsa keweden bakal ngadhepi

pangadilaning Pangeran, lan amarga durung siyap

anggone sangu amal kabecikan.

11. Pocung : Nggambarake rikalane manungsa wis seda lan

dipocong, watake sembrana, sakepenake. Manungsa

kang wis seda bakal lali sakabehe, lan sakepenake

dhewe alang ujure. Kabeh mau gumantung marang

sanak sedulure kang padha mrenahake lan anggone

ngurusi jasad utawa layone sarta anggone ngubur

(ngrukti).

Tuladha Tembang Macapat “Sinom”, kanthi Irah-irahan “Falsafahipun Tembang

Macapat Wiwit Lairing Manungsa Tumekaning Seda”.

Falsafahing tembang macapat/

Mijil lairing bebayi/

Page 29: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 29

Maskumambang anak-anak/

Sinom lambang mudha-mudhi/

Smaradana birahi/

Kinanthi wus guyub rukun/

Dhandhanggula wus krama/

Durma Gambuh ngendhaleni/

Pangkur Megatruh Pocung lambang ngruktinya//

(Imam Sutardjo, 2016)

Tuladha Tembang Macapat “Sinom” Laras Pelog Pathet Nem

i i I

Nu- la- da la- ku u- ta- ma

i I I I I i i i 6 . 5

tu- mrap- e Wong ta- nah Ja- Wi

i i I 6 6 5 6

wong a- gung ing Ngek- si- gan- da

6 6 6 5 6 2 2 2 3 1 2 1

Pa- nem- bah- an Se- no- pa- ti

3 5 5 5 5 5 6 5

ke- pa- ti a- mar- su- di

3 2 2 2 2 3 2 1 1 2 2

Page 30: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 30

su- da- ning ha- wa Lan nap- su

1 2 3 3 3 3 3

pi- ne- su ta- pa bra- ta

3 5 5 6 2 2 2 3 1 2 1

ta- na- pi ing si- yang ra- tri

3 5 5 5 5 5 5 6 5 3 2 3 1 2 2

a- me- ma- ngun kar- ye- nak tyas ing se- sa- Ma

2. Makna Filosofise Tembang Tengahan

Tembang tengahan kang cacahe ana 4 (papat) iku sejatine padha tembang

macapat, mung tuwuhe luwih dhisik; buktine paugeran guru (wanda, gatra, pada, guru

lagu /dhang-dhing’) antarane tembang tengahan lan sekar macapat iku padha. Mula

makna filosofise tembang tengahan gayutane karo uripe manungsa sawise manungsa

dipocong lan dikubur (Pocung); yaitu.

a. Girisa: Maksude gawe giris, jalaran rikala jasad utawa layon kang wis dikafani

nganggo mori putih, lan wong liya padha wedi lan miris yen padha mirsani.

Kejaba manungsa kang tansah tumindak becik, lan wis tata-tata sarta nyiapake

amal becik lan tansah dhedhepe sregep ngibadah marang Pangeran; mula

anggone ngadhepi pepati wis dianggep lumrah, ora nduweni rasa wedi jalaran

kabeh manungsa bakale mati.

b. Jurudemung: nggambarake jasad utawa layon wiwit dikubur dilebokake marang

bumi lan dihurugi lemah lan diidak-idak para pelayat, sanak kadang supaya rata

maneh.

c. Balabak: nggambarake rikala layon/ jasad dikubur, adhakane/ lumrahe

nggunakake blabak ‘papan kayu’ sadurunge dihurugi lemah, pamrihe supaya

Page 31: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 31

lemah/ wedhi kang kanggo nggurugi lan diidak-idak para sanak kadang/

kulawarga; ora ngenani jasade layon ‘tubuh mayat’.

d. Wirangrong: nggambarake nyawane layon kudu wira ‘wani, berani’ ijen tanpa

kanca ana ing guwa utawa ing rong ‘kubur’ kanggo ngadhepi pitakonan-

pitakonan lan tanggung jawab saka Malaikat Mungkar lan Nakir, marang kabeh

tumindake kang wis ditindakake nalika isih urip ana ngalam donya, kanggo

ngundhuh wohing pakarti/ panggawe.

Tuladha Tembang Tengahan “Wirangrong”, Laras Pelog Pathet Nem

3 2 3 1 3 2 1 6 6

Den- sa- mya mar- su- deng bu- Di

3 5 6 i I i . i 6

we- we- ka di- pun- was- pa- Os

i 5 . 6 5 3 2 3 1 1 2 3 2

a- ja du- meh du- meh bi- sa mu- wus

2 2 2 3 5 6 5 . 4

yen tan pan- tes u- gi

4 4 2 4 5 6 5 3 2 1

sa- na- dyan mung sa- ke- Cap

3 3 2 1 2 3 1 1 1 2 3 1 2 1

yen tan pan- tes pre- nah- i- Ra

Page 32: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 32

Sekar Tengahan “Balabak” Laras pelog pathet nem

5 6 i i i I I 6 5 4 5 . 6 5 2 3 5

Yen lu- mam- pah tan ka- ya neng nga- las ge- dhe sa- mar- re

5 6 i i i I I 6 5 4 5 . 6 5 2 3 5

la- wan ma- lih na- ra- ka- Di da- lan ge- dhe jem- bar- e

3 3 3 2 1 1 2 3 5 5 5 5 4 5 2 3 2 1

pa- ngan- ten- an no- ra ka- ya kem- bang bo- reh ne- seg- e

Girisa, Laras pelog pathet nem

5 5 5 5 5 6 5 3 3 5 6 6 5

A- nak pu- tu den es- tok- na

5 6 I i 6 5 6 5 3 2

wa- rah wu- ruk e- si ba- Pa

6 5 I 6 2 1 2 1

a- ja na ing- kang sem- bra- na

2 3 5 5 5 5 6 5 3 3 5 6 6 5

ma- rang wu- ruk- e wong tu- wa

5 6 I i 6 5 6 5 3 2

ing la- ir ba- tin den bi- Sa

6 5 I 6 2 1 2 1

Page 33: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 33

a- ngang- go wu-ruk-ing ba- Pa

2 1 2 3 2 1 2 1

ing tyas den pa-dha san- to- sa

3 3 3 5 3 2 3 5 5 6 5 6 5 3

te- guh en- na jro- ning na- la

Jurudemung Buminatan, Laras pelog pathet barang

2 3 5 2 3 5 5 5 5 6 7 5 . 6 5 3

Won- ten ra- re ja- lu ju- ga

3 5 6 6 6 7 6 5 7 6 . 5 5

Ga- lin- thu was ta- ne tu- mut

2 3 5 5 5 5 6 5 3 2 3 5 . 6 5 3

ke- ka- ring mring ra- ma- ni- pun

3 5 6 6 6 7 6 5 7 6 . 5 5

ngambah pa- sa- wah- an- ni- ra

i . i 6

ning ngi- ring ya-yah lu- ma- Ku

6 i i 6 7 6 5

ma- se- mu har- sa- yeng dri- Ya

Page 34: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 34

7 7 6 5 6 7 5 5 6 5 3 . 2

sar- wi- keh pa- ta- nya- ni pun

E. RANGKUMAN

Tembang macapat mujudaken peranganing budaya lan kasusastran Jawa, sarta

tembang macapat ana kang awujud lisan lan tulisan. Tembang macapat iku dianggit

mula bukane kanthi ancas/ pangajab ditembangake lan dirungokake/ dimidhangetake,

jalaran masyarakat Jawa tradisional iku dhasare padha luwih seneng ngrungokake

katimbang sinau dhewe. Teges utawa maknane tembang macapat iku maneka warna

werdine, kang surasane kabeh bener lan bisa tinampa kanthi nalar. Kang nyipta tembang

macapat iku walisanga ing pungkasaning karaton Majapahit akhir abad 15 Masehi.

Wondene cacah utawa gunggunge tembang macapat iku antarane para sarjana, para

winasis siji lan sijine ora padha; nanging kang lumrah lan sumebar ing masyarakat,

cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas). Mula gunane tembang macapat,

saliyane supaya ditembangake; uga kanggo salah sawijining sarana nyimpen/

ndokumentasi prakara-prakara kang penting banget nganggo wujud tembang macapat;

pamrihe bisa nggampangake pangeling-eling lan kanggo nyenengane kang padha maca.

Sajroning tembang macapat iku ngemot pitutur, piwulanging urip kang akeh banget;

kayata: “pitutur para prajurit, generasi mudha kang utama, panyaruwe/ kritik sosial,

cangkriman/ teka-teki, lelucon/ humor, tontonan”.

Paugeran tembang macapat wis kawengku dening guru: “gatra, wilangan/ wanda,

lagu/ dhong-dhing; pedhotan”. Kaindahaning tembang macapat iku bisa kadulu saka

akehing cengkok ‘model, gaya’ tembang macapat (papan panggonan/ dhaerah, asmaning

priyantun); anane sasmita tembang; wataking tembang macapat (nelangsa, sedhih/ susah,

gumregah, wani, lan liya-liyane); purwakanthi ‘persajakan, permainan bunyi’ (swara,

sastra, lumaksiata/ basa); tembung garba ‘persandian’, plutan, wancahan; daya sastra;

baliswara; sandi asma; lan lelewaning basa ‘gaya bahasa’; lan liya-liyane. Anggone

nembangake tembang macapat kudu ngerti lan paham ing babagan: laras (Slendro

Page 35: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 35

pathet: nem, sanga, manyura; apa Pelog pathet: nem, lima, barang); titilaras (nada,

notasi); pedhotan (kendho, kenceng); andhegan (satengahing gatra, pungkasaning gatra,

punkasaning pada); gregel (andhap, hanung); luk (ndhudhuk, niba, tangi, nyeklek).

Tembang macapat lan tengahan migunani kanggo tuntunan (piwulang), tontonan

(hiburan), kekuwatan, filsafating urip kang kaandharake mawa “basa sinandi,

pralambang saha pasemon ‘bahasa kias’; kang perlu didhudhah kanthi teliti lan premati.

Tembang macapat kang cacahe ana 11 (sewelas); kang diwiwiti saka tembang Mijil

tumeka tembang Pocung, pranyata makna filosofise nggambarake wiwit laire manungsa

nganti tumekaning pati. Semono uga tembang tengahan kang cacahe ana 4 (papat) iku

uga nggambarake piwulang tatacarane ngubur utawa ngrukti jasad utawa layon kang wis

pralaya.

Page 36: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 36

DAFTAR PUSTAKA

Damardjati Supadjar. 1985. “Etika dan Tatakrama Jawa Dahulu dan Masa Kini”.

Keadaan dan Perkembangan Bahasa, Sastra, Etika, Tatakrama, dan Seni

Pertunjukan Jawa, Bali dan Sunda. Yogyakarta: Javanologi Direktorat

Kebudayaan Departeman P dan K.

Darusuprapta. 1982. “Nglacak Tembang Macapat” dalam Almanak Dewi Sri.

Yogyakarta: U.P. Indonesia.

. 1985. Serat Wulang Reh. Surabaya: Citra Jawa.

Eddy T. Sutrisno. 1961. Aji – Wara. Surakarta: Penerbit Mas.

Gunawan Sri Hastjarja. Tanpa Tahun. Macapat I, II, III, Surakarta: ASKI.

Hadiwidjana. R.D.S. 1967. Tata Sastra. Yogyakarta: U.P. Indonesia.

Hardjowiraga. R. 1952. Pathokan Nyekaraken. Jakarta: Balai Pustaka.

Imam Sutardjo. 2016. Tembang Jawa (Macapat). Surakarta: Bukutujju.

Mangkunegara IV. tt. Serat Nayakawara. Surakarta: Reksapustaka.

Mardjana. 1955. Pathetan I. Jakarta: Wolters Groningen.

Padmosoekotjo. 1960. Ngengrengan Kasusastran Jawa I, II. Yogyakarta: Hien Hoo

Sing.

Poerbatjaraka. 1957. Kapustakan Djawi. Jakarta: Jembatan.

Poerwadarminta. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: Groningen.

Sri Sulistyani, dkk. 2017. Tembang Dolanan dan Tembang Macapat: Sumber Belajar

Penunjang PLPG 2017. Jakarta: Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan.

Direktorat Jenderal Guru dan Tenaga Kependidikan.

Suwardi Endraswara. 2010. Tuntunan Tembang Jawa. Yogyakarta: Lumbung Ilmu.

Page 37: BAB I TEMBANG MACAPAT 1. Tegese Tembang Macapatppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31216/mod... · 2018-05-28 · Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk. ... Asal usul

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 37

Yayasan Mangadeg Surakarta. 1979. Wedhatama. Jakarta Pusat: Pradnya Paramita.