Ngrimbag - Web viewNarada iku patihe para dewa. Sri . Narendra kondur ngedhaton. Rampungna ukara...

71
NYEMAK Kompetensi Dasar : 5.1 Menanggapi wacana tatakrama berjalan Indikator : 1. Menyimak tata krama orang berjalan melalui tayangan media pembelajaran 2. Menyebutkan tata krama orang berjalan dengan tepat 3. Mempraktekkan tata krama orang berjalan dengan baik dan benar 4. Menerapkan tata krama berjalan dalam kehidupan sehari-hari sesuai dengan norma-norma yang berlaku bagi masyarakat Jawa A. Wacan Salah siji siswa maca, siswa liyane nyemak! Kepleset Kulit Gedhang Kaya padatan, esuk-esuk bocah telu mangkat sekolah bebarengan. Kang digunem sadalan-dalan warna-warna; kalebu ulangan kang bakal diparingake Ibu Guru Ambarwati mengko jam kaping sapisan. Yakuwi ulangan IPA. Rumangsa akeh kang durung ngreti, sinambi mlaku Bambang maca buku, sinau IPA. Karo sadhela-dhela takon marang Junaedi lan Gladhi Basa Jawi 7 Semester GenapPage 1 WULANGAN 5 TATAKRAMANE MLAKU

Transcript of Ngrimbag - Web viewNarada iku patihe para dewa. Sri . Narendra kondur ngedhaton. Rampungna ukara...

NYEMAKKompetensi Dasar :

5.1 Menanggapi wacana tatakrama berjalan

Indikator :1. Menyimak tata krama orang berjalan melalui tayangan media pembelajaran2. Menyebutkan tata krama orang berjalan dengan tepat3. Mempraktekkan tata krama orang berjalan dengan baik dan benar4. Menerapkan tata krama berjalan dalam kehidupan sehari-hari sesuai dengan norma-norma yang berlaku bagi masyarakat Jawa

A. WacanSalah siji siswa maca, siswa liyane nyemak!

Kepleset Kulit Gedhang

Kaya padatan, esuk-esuk bocah telu mangkat sekolah bebarengan. Kang digunem sadalan-dalan warna-warna; kalebu ulangan kang bakal diparingake Ibu Guru Ambarwati mengko jam kaping sapisan. Yakuwi ulangan IPA.

Rumangsa akeh kang durung ngreti, sinambi mlaku Bambang maca buku, sinau IPA. Karo sadhela-dhela takon marang Junaedi lan Partana. Bambang goreh atine. Jebul akeh bab kang pancen durung dingerteni. Mula bola-bali takon marang kancane.

Ujug-ujug, klusud, glayar-glayar, breg, prak. Bambang kepleset kulit gedhang; tiba krengkangan; sikile keplengkang; bokonge kanteb ing pinggir dalan; bukune mencelat; drijine tangan tengen getihen kesaruk betonan; clanane reged lan kebarut-barut. Ngadeg wiwit krasa perih-perih. Bambang dieterake mulih digolekake obat abang. Sidane Bambang dipamitake, ora melu ulangan.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 1

WULANGAN 5TATAKRAMANE MLAKU

Wong tiba, kepleset, kesandhung kuwi lumrah. Nanging bab lelakone Bambang kasebut prayoga dadi pengalaman lan pepeling. Jer mlaku ing dalan karo maca iku sejatine klebu nerak tatakrama. Wis kabukten, yen kurang ngati-ati, bisa kacilakan, kaya Bambang kuwi. Wong mlaku karo maca ateges ora nggatekake sakiwe tengene. Kurang anggone nggatekake sapepadhane. Mung mburu karepe dhewe. Mung mburu cukupe dhewe.

Mula, dieling-eling, aja padha nganti nemahi bab kaya lelakone Bambang kuwi

Kajaba iku:

Aja mlaku sinambi memangan! Aja mlaku karo dandan, mbenakake panganggo, ngilo karo jungkatan utawa pupuran! Mlaku ing dalan kanthi lumrah, ora ninggal pangati-ati. Ora menga-mengo. Ora

ndhingkluk bae. Ora karo gojegan. Mlaku karo wong liya sabisa-bisa gawe tentrem lan ngayomi wong liya. Mlaku ngliwati wong liya kudu ngadhepi wong liya kasebut, aja ngungkurake. Mlaku ing omah aja nganakake swara kang mbribeni sing lagi turu. Luwih-luwih yen ana

sing lagi lara. Mlaku ing dalan kang rame utawa dalan gedhe prayogane jejer loro-loro ora ngebaki

dalan lan mlaku ing sisih kiwa, ora gojegan sakarepe dhewe, ngematake kahananing dalan kang diliwati, supaya ora kejeglong utawa kepleset.

Menawa mlaku nglancangi wong liya, gelema uluk-uluk kanthi matur: ‘mangga’, ‘nuwun sewu ngrumiyini, lan sapanunggalanipun

Mlaku ing ngarepe wong tuwa utawa wong kang lagi lenggahan utawa jumeneng becike matur: “Nuwun sewu. ndherek langkung” sinambi awak mendhak sethithik.

Mlaku bebarengan karo wong tuwa utawa wong kang diajeni, awake dhewe ngaturi tindak dhisik, banjur nututi ing mburine. Saliyane iku nyaosi dalan utawa mbukakake lawang, kanthi leren sedhela ing sacerake lagi melu mlebu.

Manawa nyabrang dalan gedhe yen ana zebra cross prayogane ya liwat zebra cross mau.

Kuwi tatakramane wong mlaku. Tatakrama kang tumuju marang kabecikan, marang keslametan. Yen ora dienggo, yen ora digatekake, adate marakake mbilaeni. Yen ora ngati-ati dadi sembrana. Wong sembrana watake lena. Amarga ora ngati-ati, amrga ora nganggo tata karma, Bambang tiba keplengkang kepleset kulit gedhang.

(M.A Sudi Yatmana, 1992 : 39-40)

B. Ngandharake GagasanAndharna pokok-pokok isi wacan kasebut kanthi lisan nganggo basamu dhewe!

C. Tembung Wigati Rembugen karo kancamu tegese tembung-tembung ing ngisor iki, banjur gawenen ukara!

1. Goreh atine : ……………………………………………………………………….Ukarane : …………………………………………………………………………………...

2. Glayar-glayar : ……………………………………………………………………….Ukarane :……………………………………………………………………………………

3. Kepleset : ……………………………………………………………………….Ukarane : …………………………………………………………………………………...

4. Tiba krengkangan : ……………………………………………………………………….Ukarane : …………………………………………………………………………………...

5. Keplengkang : ……………………………………………………………………….Ukarane : …………………………………………………………………………………...

6. Kesarug : ……………………………………………………………………….

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 2

Ukarane : …………………………………………………………………………………...7. Pepeling : ……………………………………………………………………….

Ukarane …………………………………………………………………………………….8. Ngayomi : ……………………………………………………………………….

Ukarane : …………………………………………………………………………………...9. Mbribeni : ……………………………………………………………………….

Ukarane : …………………………………………………………………………………...10. Mbilaeni : ………………………………………………………………………

Ukarane : …………………………………………………………………………………..

D. Mangsuli PitakonWangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi basa krama!1. Sinten kemawon ingkang bidhal sekolah?

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Menapa sababipun dene Bambang goreh manahipun?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Menapa jalaranipun Bambang ngantos dhawah kepleset kulit pisang?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Kados pundi kawontenanipun Bambang sasampunipun dhawah?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Wusananipun menapa Bambang saged ndherek ulangan IPA?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Pepenget menapa kemawon ingkang saged kapendhet saking lelampahanipun Bambang sakanca?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Menapa bebayanipun menawi mlampah dipunsambi gojegan?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8. Mlampah sesarengan kaliyan tiyang sanes sasaged-saged ngayomi tuwin damel tentremipun tiyang sanes, menapa tegesipun pratelan menika?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9. Menapa tegesipun tetembungan: “Tatakrama iku tumuju marang kabecikan lan keslametan?”Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

10. Menapa tegesipun tetembungan : “Wong sembrana watake lena?”Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 3

E. Unggah-Ungguh Basa

Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku:1. Ngoko lugu2. Ngoko alus3. Krama lugu4. Krama alus

1. Basa Ngoko Lugu    Wujude: Tembunge ngoko kabeh ora ana kramane.    Panganggone:    a. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.    b. Menyang sing kaprenah enom.    c. Yen lagi ngunandika.    d. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.

Tuladha:- Kowe mengko sore sida ngampiri aku les? - Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya!

2. Basa Ngoko Alus     Wujude: Tetembunge ngoko kacampuran krama inggil.

    Panganggone:    a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate.    b. Garwane priyayi marang sing kakung.    c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.     Tuladha:     - Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa      takdherekake?     - Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi?    - Yen kersa mengko dakaturi sejinah.

3. Basa Krama Lugu    Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma)     Panganggone:     a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.    b. Garwane priyayi marang sing kakung.     c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade.    Tuladha:     - Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta      sepedha motor mas?   - Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?

4. Basa Krama Alus    Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama)      lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).    Panganggone:    a. Wong enom marang wong tuwa.    b. Batur marang bendarane.    c. Murid marang gurune.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 4

    d. Andhahan marang pimpinane.    e. Kanca karo kanca sing durung kulina.    Tuladha:     - Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng      eyang, kula badhe tengga griya kemawon.    - Tindak-tandukipun kanca kula ingkang namanipun Edo punika lucu     sanget.

F. Gladhen Unggah-Ungguh Basa1. Basa ngoko ing ngisor iki gawenen krama lugu !

a. Wong mlaku kuwi prayoga sing lumrah wae. Aja glelengan, jogedan, ngesaki tangan, lan liya-liyane mundhak digeguyu.Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

b. Mlaku yen karo nyambi memangan, njulukake kathok, mbenakake klambi, jungkatan, kukur-kukur awak, lan liya-liyane iku kurang prayoga amarga katone saru.Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

c. Sanajan mung ana ngomah, mlaku uga nganggo tatanan. Tuladhane ora gedebugan, sikil aja digdrug-gedrugake, yen nganggo sandhal ora disered, lan menawa jubine resik prayoga sandhale dicopot.Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Basa ngoko alus ing ngisor iki gawenen krama alus!a. Aku didhawuhi ndherekake simbahIbu Kepala Sekolah mundhut kertas lan keperluan

kantor ana toko.Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

b. Ibu Kepala Sekolah ngasta payung dakaturi tindak tindak rada ana ing ngarep, aku ora jejer.Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

c. Ana ing Toko, payung lan barang-barang sing dipundhut dakgawakake.Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

d. Kondure nitih becak lan Ibu kepala Sekolah dakaturi pinarak dhisik, aku lungguh keri.Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

e. Tekan sekolahan aku mbukakake lawang, Ibu Kepala Sekolah tindak mlebu dhisik, aku ndherekake ana ing buri.Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 5

MICARAKompetensi Dasar :6.1 Menceritakan dan menanggapi wacana tatakrama berjalan

Indikator :A. Mendemonstrasikan wacana percakapan dengan lafal dan intonasi yang

tepatB. Menceritakankan isi percakapan tersebut secara lisan dalam santun bahasa

Jawa kramaC. Mengartikan kata-kata penting dalam bacaanD. Menjawab pertanyaan berkaitan dengan isi percakapan tersebut dengan tepat

A. Wacan Wacana Tatakramane wong mlaku1. Pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi lagu wicara kang salaras karo surasane.2. Yen wis lanyah, wacanen maneh kanthi paraga papat, yaiku: Bu Retna, Tana, Tini, lan

Tanta.3. Paragakna subasita kang katindakake dening Bu Retna, Tini, Tana, lan Tanta.

Tana Meh Nabrak Bu RetnaWulangan Matematika wis rampung arep ganti basa Jawa, nanging Bu Retna

durung katon rawuh. Dumadakan, Tana ngadeg banjur kesusu metu. Bareng tekan lawang, …. Mak jegagig meh nabrak Bu Retna kang arep mlebu kelas. Geeeeerrrrr…..bocah sakelas ngguyu kabeh.Tana ; “Nyuwun pangapunten, Bu. Dalem boten mangertos.”Bu Retna : “Sembrana! Mlaku ora ngati-ati. Iki, aku nganti trataban. Gek ya kesusu kuwi arep ngapa?”Tana : “Badhe eee….., badhe anu, Bu. Badhe ngedalaken angin wonten njawi supados boten ngambet-ambeti!”Geeeerrrr……!Bocah-bocah padha ngguyu maneh. Bu Retna uga banjur gumujeng, ora sida duka karo ngepuk-epuk sirahe Tana.Bu Retna : “Wis, kana metu, ngebom sing sora!”Tana : “Wah….boten siyos Bu! Sampun ical, Bu!” (karo ngelus-elus bokonge)Bu Retna : “Ora sida? Ya uwis gek lungguh!” (Tana banjur lungguh)Tini : “Nglajengaken wulangan basa Jawi ingkang wingi inggih Bu. Ingkang dereng rampung rak bab tatakrama.”Bu Retna : “Iya, ayo diterusake!

Bocah-bocah, Tana iki mau karepe becik. Ora arep gawe polusi hawa ing njero kelas. Nanging, emane anggone mlaku kurang subasita. Nganti meh numbuk Ibu.”

Tanta : “Menawi makaten, tiyang mlampah menika ugi wonten tatakramanipun inggih Bu?’Bu Retna : “Ana! Ana! Tatakramane malah werna-werna! Tuladhane, Ibu

lenggah (Bu Retna banjur lenggah ing kursi) lan Tini arep metu liwat sandhinge Ibu. Coba kepriye subasitane?” (Tini banjur mlaku alon-alon, bareng tekan sandhinge Bu Retna mendhak sethithik tangan ngapurancang karo matur)Tini : “Nuwun sewu, ndherek langkung, Bu.”

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 6

Bu Retna : “Ya, ya … bener. Pinter kowe Tin. Saiki maneh, tuladhane Tanta mlaku ana ing burine Ibu banjur arep nglancangi. Kepriye subasitane?” (Bu Retna nuli tindak alon-alon. Tanta maju ngetutake banjur nglancangi karo mendhak lan matur)

Tanta : “Nyuwun pangapunten, Bu. Kepareng dalem ngrumiyini.”Bu Retna : “Bagus, bagus….! Ya mangkono kuwi sopan tur ngati-ati. Isih

ana maneh Upamane, Tana mlaku-mlaku dumadakan papagan karo Ibu. Kepriye subasitane? Coba, Tana maju!” (Tana maju mlaku alon-alon. Bu Retna uga tindak. Bareng wis arep pethukan Tana mandheg, ngapurancang karo mbungkuk sethithik, banjur nyuwun priksa)

Tana : “Sugeng enjing, Bu! Nuwun sewu kok piyambakan. Enjing- enjing makaten, Ibu badhe tindak pundi?”

Bu Retna : “Bagus….! Apik banget! Tana rak banjur ora numbuk Ibu ta? Saiki padha dipikir, menawa Bu Retna tindak-tindak karo garwane sing baguse uleng-ulengan kae. Ibu ana ing sisih ngendi?”

Tini : “Bu Retna tindak wonten ing sisih kiwa, garwanipun Ibu wonten ing sisih tengen.”

Bu Retna : “Bener ! Ayu tenan kowe Tin! Nanging geneya garwane Ibu ana ing sisih tengen?”

Tanta : “Amargi priyantun kakung menika wajib ngayomi garwanipun, sampun ngantos dipuntabrak menapa kemawon.”

Bu Retna : Bagus! Seratus untuk Tanta! Isih maneh, tuladhane Bu Retna tindak-tindak karo putrane sing isih cilik. Ibu ana ing sisih ngendi?”

Tini : “Bu Retna tindak ing sisih tengen, adhik wonten ing sisih kiwa.”

Tanta : “Adhik kaliyan dipungandheng Ibu supados boten mlajeng- mlajeng.”

Bu Retna : “Bagus….! Bener kabeh! Ibu ing sisih tengen karo nggandheng adhik. Amarga yen ora digandheng mesthi mlayu-mlayu mutawatiri. Adhik sing ciliik kae rak isih durung ngerti

bebaya.” (Haryana Harjawiyana, 1997 : 12-13)

B. Intisari WacanTulisen intisarine pacelathon kasebut nganggo basa krama, nuli critakna kanthi lisan!Papan kanggo nggarap :…………………………………………………………………………………………….…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

C. Tembung WigatiGolekana tegese tembung-tembung iki ana ing bausastra, rembugen karo kancamu!1. Tatakrama : ……………………………………………………………………….2. Subasita :………………………………………………………………………..3. Trataban :………………………………………………………………………..4. Mak jegagik :………………………………………………………………………..5. Ngapurancang :………………………………………………………………………..

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 7

6. Papagan :………………………………………………………………………..7. Nglancangi :………………………………………………………………………..8. Numbuk :………………………………………………………………………..9. Baguse uleng-ulengan :……………………………………………………………….10. Mutawatiri :………………………………………………………………………..

D. Mangsuli PitakonWangsulana pitakonan ing ngisor iki?1. Apa sebabe Tana kesusu metu kelas?

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Geneya Bu Retna ora duka priksa patrape Tana?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Kepriye tatakramane menawa arep liwat ana sandhinge wong sing kapernah tuwa utawa diajeni?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Kepriye subasitane menawa arep nglancangi Bu Guru kang lagi tindakan?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Kepriye subasitane menawa mlaku papagan karo Pak / Bu Guru?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Geneya menawa mlaku bebarengan Bu Retna karo garwane, Bu Retna ana ing sisih kiwa?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Geneya menawa mlaku bebarengan karo adhimu sing isih cilik, kowe ana ing sisih tengen?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

E. Widya Tembung1. Widya tembung yaiku ngelmu bab tembung (kata) kang uga diarani morfologi. Tembung iku

rerangkening swara kang kawetu saka sajroning lesan kang ngemu teges lan bisa dimangerteni surasane.Widyatembung utawa tara tembung iku minangka sempalane paramasastra kang ngrembug bab dumadine tembung sarta owahe sawijining tembung amarga oleh tambahan utawa imbuhan.

Wujude tembungMiturut wujude, tembung jawa iku kaperang dadi papat yaiku tembung lingga, tembung andahan, tembung rangkep lan tembung camboran

Tembung linggaSing dikarepake tembung lingga (kata dasar) iku tembung kang isih wutuh, lire durung oleh imbuhan. Tembung lingga uga diarani tembung kang isih wungkul, isih wancah utawa isih asli jalaran tembung mau during kawuwuhan apa-apa. Tembung lingga dumadi saka wanda (suku kata) ana sing sak wanda,

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 8

rong wanda lan telung wanda. Tembung sak wanda kayadane las,tas,tang, ting,tong, bom, bam, bas, gang, gong lsp. Tembung rong wanda kayadene pulpen, potlot,tangi, turu, nglilir, melek, mangan lsp. Tembung telung wanda kayadene rejeki, kepenak, rekasa, kapiran, kulina, lemari lsp.

WandaWanda (suku kata) ana kang menga lan ana kang sigeg. Diarani wanda menga yen pungkasaning wanda awujud vokal a,e,i,o,u , dene yen pungkasaning wanda awujud konsonan sinebut wanda sigeg. Wanda menga-menga kayadene rama, sapa, wage, kere, roti, sapi, belo, loro, sapu, kuru. Wanda sigeg-sigeg kayadene, rantang, penting, lontong, banting. Wanda menga-sigeg kayadene maling, mapan, tepung, kepang, jaran, mabur, pacul.Wanda sigeg-menga kayadene rante, lampu, panci,klambi,buntu,bantu,gerdu,kertu.Wanda menga-sigeg-menga kayadene tangekna, uculna, kapriksa, diterke.

Tembung WodTembungWod (akar kata) iku wujude mung sakwanda utawa sakecap nanging wis nduweni teges utawa surasa kayadene tas, tang, ting, tong, gang, bom lsp.

Tembung andhahanSing diarani tembung andhahan (kata jadian) yaiku tembung kang wis owah saka linggane jalaran oleh wuwuhan utawa imbuhan , dene kang wujud wuwuhan yaiku : (1) ater-ater, (2) seselan lan (3) panambang, jlentrehe mangke :1. Ater-ater    Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang dumunung aneng sangarepe    tembung.    Warna-warnaning ater-ater yaiku:    a. Ater-ater anuswara: an, am, any, ang (m, n, ny, ng)        Tuladha:        - an + tonton     = nonton        - am + pinggir   = minggir        - any + setor     = nyetor        - ang + andhep = ngadhep    b. Ater-ater tripurusa: dak-, ko-, di-        Tuladha:        - dak + gayuh  = dakgayuh        - ko + gawe    = kogawe        - di + angkat   = diangkat    c. Ater-ater liyane: a-, ma-, ka-, sa-, pa-, pi-, pra-, kuma-, kapi-, tar-        Tuladha:        akarya, makumpul, katuku, sakantor, pomah, pituduh, pratandha,         priagung, kumalancang, kamiseseg, kapiluyu, tarkadhang2. Seselan    Seselan yaiku aksara utawa wanda kang dayane ana setengahe tembung.     Seselan ing basa jawa iku ana papat yaiku: -um-, -in-, -el-, -er-    Tuladha:    - titah + -um-  = tumitah   - tutuh + -in-   = tinutuh    - dewer + -el- = delewer   - cuwil + -er-  = ceruwil3. Panambang     Panambang yaiku aksara utawa wanda kang mapan ing samburine    tembung. Dene wujude panambang: -i, -ake, -ne, -e, -a, -ana, -ku,     -mu, -en. Kajaba saka iku isih akeh panambang saka basa manca     kayata man, wan, wati, isme.     Tuladha:     milihi, nitipake, nukokake, kabare, mikira, tutupana, ibuku, sapimu,    tebasen, seniman, sastrawan, seniwati, sosialis, kapitalisme

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 9

    Katrangan:    1. Wanda yaiku kumpulan aksara sing wujude swara sakecap,        (basa Indonesia: suku kata)    2. Aksara ana werna loro yaiku:        a. aksara urip (vokal): a, i, u, e, o        b. aksara mati (konsonan): b, c, e, f, g, h, j, k, l,m, n, p lan liya-liyane

4. Ngrimbag tembung

Ngrimbag yaiku ngudhal tembung andhahan kanthi goleki ater-ater, seselan utawa panambang lan linggane.Tuladha;1.   pakumpulan = pa- + kumpul + -an2.   tinengeran = tenger + -in- + -an3.   daktitipake = dak- + titip + -ake4.   tinembihaken = tebih + -in- + -aken5.   dicedhaki = di- + cedhak + -i6.   panggilingan = pa- + -ang- + giling + -an7.   kalurahan = ka- + lurah + -an8.   njagakake = an +jaga + -ake9.   kojembarake = ko- + jembar + -ake10. tumempuh = tempuh + -um

5. Tembung ing ngisor iki udhalen kaya tuladha ing nomer 4 dhuwur, banjur gawenen ukara!a. Mundhutake = …………………………………………………………………….

Ukarane = ……………………………………………………………………b. Pawuhan = ……………………………………………………………………

Ukarane = ……………………………………………………………………c. Kumambang = ……………………………………………………………………

Ukarane = ……………………………………………………………………d. Nukokake = ……………………………………………………………………

Ukarane = ……………………………………………………………………e. Daksamaki = ……………………………………………………………………

Ukarane = ……………………………………………………………………f. Kerelip =……………………………………………………………………

Ukarane =…………………………………………………………………….g. Tulisane = ……………………………………………………………………

Ukarane = ……………………………………………………………………h. Gawanen = ……………………………………………………………………

Ukarane = ……………………………………………………………………i. Kalurahan = ……………………………………………………………………

Ukarane = ……………………………………………………………………j. Makani = ……………………………………………………………………

Ukarane = ……………………………………………………………………

6. Tembung ing njeron kurung iki sampurnakna supaya dadi ukara kang becik!a. Bapak Kepala Sekolah jumeneng ing (ngarep)………………….. gapura sekolah.b. Tini uluk salam lan caos kurmat karo (salam)……………………. marang Bapak

kepala Sekolah.c. Mangkono (ngendika) …………………Bapak Kepala sekolah mangsuli uluk salame

Tini.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 10

d. Nuwun sewu Pak, kula badhe dhateng kelas rumiyin, saperlu (resik) …………………kelas kaliyan (kanca) ……………………

e. Tekan ing kelas, malah ana sing wis (tandang) ……………..gawe.f. Bocah-bocah lanang padha (unggah) ……………….kursi, (bukak)

……………..cendhela lan (resik)………………… papan tulis.g. Bocah –bocah wadon padha (nyapu) ………………jogan lan (sulak) ……………….

Jendhelah. Uwuh-uwuh padha (wadhah) …………………ing bak sampah.i. Kabeh padha (rasa) …………………seneng, ing sekolahan kang anyar.j. Anggone (tandang) ……………….gawe (kanthi) ………………rasa ikhlas lan rasa

handarbeni.

MACAKompetensi Dasar :7.1 Mengungkapkan dan menanggapi isi wacana tatakrama berjalan Indikator :

1. Membaca dengan lafal dan intonasi yang tepat2. Mengartikan kata-kata penting dalam bacaan3. Mernyusun kalimat dengan kata-kata penting4. Menjawab pertanyaan bacaan5. Membaca kalimat sederhana beraksara Jawa

A. Wacan

Wacanen kanthi becik!

Nggatekake Duga, Prayoga, Watara lan Reringa

Walikota Solo Joko Widodo (Jokowi) nate ngudarasa manawa patrape masarakat saiki sansaya indi-vidualistik, nggagas awake dhewe lan ora preduli marang liyan. Saliyane iku wus ora sabaran, ora tertib, ora disiplin lan sansaya ilang sipat andhap asor lan unggah-ungguhe minangka wong Jawa. “Ing urip padinan, rasane sansaya angel ditemoni rasa urmate bocah enom marang wong kang luwih tu-wa. Conthone saiki wus arang katon ana bocah enom mbungkukake awake nalika liwat ing ngarepe wong tuwa. Durung maneh basa gaul-e cah enom saiki kang ora beda karo bocah-bocah kang uripe ing kutha metropolitan. Malah saiki ya akeh bocah Solo kang ora bisa basa Jawa, kamangka lair lan gedhene ing lingkungan kulawarga Jawa,” pratelane Jokowi, sawetara wektu kapungkur ing UNS Solo. Apa kang di-rasakake Walikota iku sajane uga dirasakake saperangan gedhe wong Solo. Nanging sambat thok rasane ora cukup lan ora bakal bisa ndandekake warga Solo padha dunung unggah-ungguh. Pancen prelu digate-

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 11

kake saperangan laku kanggo nguripake patrap lan pangucap kang becik tumrap warga Solo minangka gegambaraning masarakat Jawa. Kang baku, wulangan budi pakerti lan unggah-ungguh iku kudu diugemi dening wongtuwa utawa kulawarga, sekolahan lan lingkungan masarakate. Unggah-ungguh iki kudu dibarengi kanthi laku tepa sli-ra supaya ana imbangane antarane sing tuwa lan enom, ndhuwuran lan ngisoran. Saliyane iku, kita bisa nyinau piwulang-piwulang luhur saka leluhur kang kamot jroning karya sastra. Upamane jroning Serat Wedhatama, Sasanasunu, lan Serat Wulangreh. Mligine Serat Wulangreh ing pupuh Pangkur ngandhut piwulang tata krama utawa unggah-ungguh kang nyebutake: Sekar pangkur kang winarna, Lelabuhan kang kang kanggo wong ngaurip, Ala lan becik puniku, Prayoga kawruhana, Adat waton puniku dipunkadulu, Miwah ta ing tatakrama, Den kaesthi siyang ratri.

Deduga lawan prayoga, Myang watara reringa haywa lali, Iku parabot satuhu, Tan kena tininggala, Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, Angucap meneng anendra, Duga-duga nora kari.

Intisarine tembang rong pada iku :Manawa wong urip iku kudu bisa mbedakake lan bisa dunung marang kabecikan lan apa-apa kang diang-gep elek, sarta ajeg ngetutake tata krama ing ngendi wae lan kahanan apa wae. Landhesan tata krama kang ora kena dikiwakake yaiku deduga, prayoga, watara, lan reringa. Darusuprapta njlentrehake bab iku ing seratane, Wulangreh Anggitan Dalem Sri Pakubuwana IV.Deduga yaiku lelandhesane tata krama kanthi nimbang apa-apane sadurunge njangkah, prayoga yaiku nimbang becik-alane, watara yaiku mikir tenanan sadurunge mutusi utawa ora grusa-grusu lan reringa yaiku tansah ngati-ati sadurunge yakin tenan marang putusane iku. Kanthi patrap kang linambaran tata krama kang nengenake rasa tepa selira uga adhedhasar deduga, prayoga, watara lan reringa, kodrat mi-nangka titah moral, titah sosial lan titah individu bakal kagayuh kanthi becik. - Oleh : dsp 

(Sumber : Blog Taman Bacaan Bastari Samarinda)

B. Tembung WigatiGolekana tegese tembung-tembung iki ana ing bausastra nuli gawenen ukara!1 Duga prayoga, tegese ……………………………………………………………….. Ukarane : …………………………………………………………………………….2. Reringa , tegese ……………………………………………………………………...

Ukarane : …………………………………………………………………………….3. Ngudarasa, tegese ……………………………………………………………………

Ukarane : …………………………………………………………………………….4. Individualistik, tegese ……………………………………………………………….

Ukarane : …………………………………………………………………………….5. Kutha metropolitan, tegese ………………………………………………………….

Ukarane : …………………………………………………………………………….6. Dunung , tegese ……………………………………………………………………..

Ukarane : ……………………………………………………………………………7. Tepa slira, tegese ……………………………………………………………………

Ukarane : ……………………………………………………………………………

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 12

8. Mligi, tegese ………………………………………………………………………..Ukarane : ……………………………………………………………………………

9. Landhesan, tegese …………………………………………………………………..Ukarane : ……………………………………………………………………………

10. Grusa-grusu, tegese …………………………………………………………………Ukarane : ……………………………………………………………………………

C. Mangsuli PitakonWangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi wangsulan kang ganep kanthi basa karma!1. Jokowi iku sapa?

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Manut Jokowi kepriye patrape masarakat ing jaman saiki?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Wenehana tuladhane basa gaule cah enom ing jaman saiki sing ora cocog karo etika lan tatakrama Jawa!Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Kepriye manut panemumu yen ana kulawarga Jawa sing lair lan gedhe ing lingkunganmu sing ora bisa basa Jawa, malah ngulinakake guneman nganggo basa Indonesia utawa basa Inggris marang putra-putrane?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Sapa sing kudu ngugemi budi pekerti lan unggah-ungguh iku?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Sebutna karya sastra kang ngemot piwulang luhur!Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Tulisna isi pokok Serat Wulangreh ing pupuh Pangkur!Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8. Apa sing dikarepake tembung “deduga lan prayoga” iku?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9. Apa sing dikarepake tembung “watara” iku?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

10. Apa sing dikarepake tembung “ reringa” iku?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

D. Isenana andharan ing ngisor iki nganggo tetembungan kang wis cumawis ing ngisore!1. Anggonku mlaku nglancangi Bu Tini kang lagi tindak, anggonku matur :

……………………………………………………………………………

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 13

2. Aku liwat sangarepe bapak guru kang lagi jumeneng ing ngarep lawang , anggonku matur : …………………………………………………………

3. Kula mlampah ing sangajengipun tiyang sepuh ingkang nembe lenggah anggen kula matur : ………………………………………………………

4. Liwat ing sangarepe Bapak/Ibu Guru kang lagi jumeneng utawa lenggah, prayogane awakku ……………………………………………………….

5. Kula mlampah ………………….sandhal, sampun ngantos sandhal wau ……………………………………………………………………………

6. Mlampah kanthi sepatu utawi sandhal dipunseret, badhe ………………….7. Kula kedah ngatos-atos anggen kula mlampah, supados kula boten ………. Utawi

……………………………………………………………………….8. Menawa aku bebarengan karo kanca-kanca, ora kena anggonku mlaku……. Lan padha

…………………………………………………………………..9. Sacelak kula wonten tiyang sepuh ingkang nembe jumeneng , kula lajeng

……………….., papan lungguh kula, lajeng kula …………………………10. Kala wingi kula ………………bis, dene simbah lan ibu………….taksi.

Kejeglong, ngebaku dalan, kepleset, gojegan, ngadeg, caosaken, nuwun sewu ndherek langkung, Nuwun sewu Pak/Bu, ndherek langkung, rada mendhak sethithik, ngangge, dipunseret, ngeres-eresi kuping, Nuwun sewu Bu kula ngrumiyini, nitih, numpak.

E. Tulisan Jawa iki wacanen!1. ?amLkuanai=sisihkiw.

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. ?ajfismBimznHutw[zo[mB…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. ?ajk[ropupu/rnHutwzi[lo.…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. ?[ynVb]=an[j+b][c]os¿,…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. ?amLkuanai=[t]o[tow/.…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. ?yenN|mP[kMo[t/okufuz=[go[aXm¿,…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. ?ajzebutM|nDkBevJ|t¿,…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8. ?si=ztiatibkl¿sLmet¿,…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9. ?si=semB`nbklCilk.…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

10. ?a[lonH[lonW[ton¿kL[kon¿,…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 14

F. Widya Ukara

Ukara yaiku wedharing karep ganep saebab. Dene tandha-tandhane ukara ana patang warna, yaiku:1) Bisa madeg dhewe2) Yen ing panulisan diwiwiti nganggo aksara murda (huruf capital) lan kapungkasan

tandha titik (.), pitakon (?) , utawa pakon (!)3) Saora-orane dumadi jejer (subyek) siji, wasesa (predikat) siji4) Katitik saka laguning pocapan (intonasi)

1. Ayahane Tembung

Ayahane tembung uga diarani lungguhing tembung ing basa Indonesia diarani “jabatan kalimat”. Ngudhal ukara manut ayahaning tembung ateges nggoleki perangane ukara sing diarani jejer, wasesa, lesan, utawa katrangan.Ing basa Indonesia:a. jejer = pokok kalimat = subyekb. wasesa = predikat = sebutanc. lesan= pelengkap = obyekd. katrangan = keterangan.Katrangan:

Jejer yaiku: samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi bakuning gunem utawa ukara . Manut pranataning ukara, jejer mapan ing ngarep wasesa. Lumrahe awujud tembung aran, sarta dadi wangsulane pitakon:Apa sing …?Sapa sing…?

Wasésa yaiku: samubarang kang ngandharake jejer, lan miturut urutaning ukara, wasesa dumunung saburine jejer. Wasesa lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud tembung: aran, kaanan, sesulih, wilangan, lan sapanunggalané. Sarta dadi wangsulan saka pitakon:kepriyé…?ngapa…?

Lésan yaiku: samubarang kang dadi watesaning wasesa, utawa kang nerangake wasesa. Lesan kuwi lumrahe tembung aran utawa tembung sesulih purusa (kata ganti orang). Lesan dumunung ing burine wasesa, lan ora saben ukara ana lesane.

Katrangan yaiku: yaiku kang dadi andharaning wasesa. Mapane katrangan bisa ana ngarep, ana tengah, utawa ana ing buri.

Wujude katrangan : a. katrangan wektu: saiki, taun ngarep, jam telu, wingi.b. katrangan papan: ing kene, ing latar, ing kutha, ing kalic. katrangan wilangan/ cacah: siji, lima, sewu, sayuta keh, sithik, kabeh (ora biso diitung)e. katrangan piranti/alat: nganggo peso, nganggo f. katrangan sebab: sebab lara, jalaran udan deres, amarga lungag. katrangan tujuan: supaya pinter, kareben resik, dimen lulush. katrangan kahanan: apik, alum, pucet, segeri. katrangan akibat: nganti mati, satemah kelaran, dadi sugih.

2. Ukara Lamba (Kalimat Tunggal)

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 15

Miturut gatrane utawa wujude pandhapuke , ukara lamba bisa kadadean saka perangan :1) Jejer – Wasesa (J – W)

Tuladha :Bapak lagi sare. J WPartana adus. J W

2) Jejer – Wasesa – Lesan (J – W – L )Tuladha :Ibu ngiris jadah. J W LEyang ngunjuk wedang.J W L

3) Jejer – Wasesa – Katrangan (J – W – K )Tuladha :Mau esuk Budi nangis. K J W

Bagya mancing ing kali. J W K

4) Jejer – Wasesa – Lesan – Katrangan (J – W – L – K )Tuladha :Aku ngonceki pelem nganggo lading.J W L K

Murid-murid tuku buku ing Koperasi Siswa. J W L K

3. Ukara ing ngisor iki udhalen manut kalungguhane kaya tuladha ing ndhuwur!1. Adhik nangis amarga lara weteng.

Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

2. Pak tani nandur jagung hibridha.Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Mas Agung sinau basa Jawa ing perpustakaan.Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Adhik nyapu latar.Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Aku ngggarap tugas nganggo computer.Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Bapak lan ibu lagi tindak.Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..

7. Dhek wingi sore ibu mundhut ageman ing Pasar Bringharjo.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 16

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8. Aku sregep sinau supaya pinter.Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9. Pardiman wis mulih wingi bengi.Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

10. Luwak iku mangan pitik.Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki kanthi pola J- W – L a. Nimbali

Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..

b. PiknikWangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

c. MaosWangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

d. Pak dhokterWangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

e. Sapi Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

NULIS Kompetensi Dasar :8.1 Mengungkapkan dan menanggapi wacana tatakrama berjalan

Indikator1. Menyalin wacana beraksara Jawa ke huruf latin2. Mengungkapkan kembali isi wacana dalam ragam bahasa Jawa krama3. Menanggapi pertanyaan bacaan4. Menulis kalimat sederhana beraksara Latin ke dalam aksara Jawa

A. Wacan Wacan Jawa iki tulisen aksara Latin manut tatanan EYD basa Jawa kang bener!

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 17

?[sopnSnÒ|nHi=fln¿

?titikK[nN[w=omLkuk=becikHikuanF|[wnisikepTeliti,disipLin¿[sopn¿lnZ[jnNi[w=oliyk=pdmigunkK[kfln¿,answetrbbK=kufufig[tk[k[fni=spw[ak=pdamLkuai=flvaiku;1;?mnwmLkulwrnW[ap][yog[nHnai=[t]o[tow/.mnw[aor an[t]o[tow/&amLkuai=pi=gi/kiw, l[nHor puvJ|[lJ[j/ luwihsk[lo[ro.

;2;?mnwmLkubebxznK[rop]iyyisepuh,k[rownit,autwk[ro[bochcilikHw[kK[d[wkufutnShbisg[wtenT~mLnBisz[yomMi.

;3;?amLkuai=wyhbezibeci[kKz=[gosnD=znK=we/n[nHe[nomHutwputih.Papan kanggo nggarap :

………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………B. Wacan Jawa ing ndhuwur gantinen nganggo basa krama!

Papan kanggo nggarap :………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 18

………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………C. Mangsuli Pitakon

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki adhedhasar wacan Jawa ing ndhuwur!1. Apa irah-irahan wacan Jawa ing ndhuwur?

Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

2. Kepriye titikane wong mlaku kang becik iku?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Manawa mlaku mung lawaran prayogane kepriye?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Kepriye manut panemumu yen trotoar kanggo dodolan utawa kanggo parkir kendharaan ? jlentrehna pawadanmu!Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Kepriye etikane manawa mlaku bebarengan karo wong tuwa, karo wanita utawa karo bocah cilik?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

D. Tulisen aksara Jawa1. Mlakua sing ngati-ati ing sisih kiwa.

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Aja padha sembrana mundhak cilaka.Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Trotoar iku kanggo wong mlaku.Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Numpak motor wajib nganggo helem.Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Aja hapenan nalika nglakokake motor.Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

UJI KOMPETENSI 5

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 19

I. Pilihen salah siji wangsulan kang kok anggep bener!1. Manawa mlaku nglancangi wong sing luwih tuwa, anggoku matur ….

a. Nuwun sewu, kula tindak riyin Pak! c. Nuwun sewu, kula ngrumiyini Pak!b. Nuwun sewu ndherek langkung Pak! d. Nuwun sewu, kula mlampak riyin Pak!

2. Aku liwat ngarepe Pak Guru kang lagi lenggahan, anggonku matur ….a. Klawit sewu Pak, kula ajeng liwat c. Nuwun sewu Pak, ndherek langkungb. Nyuwun sewu Pak, dalem badhe langkung d. Nyuwun sewu Pak, kula ajeng langkung

3. Mlampah sesarengan kaliyan kanca kathah, prayoganea. mlampah kaliyan gojegan c. mlampah ngebaki margib. mlampah jejer-jejer kathah d. mlampah jejer kalih-kalih

4. Gatekna pratelan ing ngisor iki!1) mlaku disambi mangan2) mlaku ngati-ati lan waspada3) mlaku kanthi ngematake rambu-rambu dalan4) mlaku karo ngilo, pupuran, gandhengan

5. Solah bawane wong mlaku supaya slamet yaiku….a. 1,3 b. 2,3 c. 1,4 d. 2,4

6. Ani (atur) ibune manawa dheweke wis (siram) kembang mawar. Tembung njeron kurung benere ….a. matur, nyirami c. ngaturi, siram-siramb. nyatur, nyiram d. matur, nyiramake

7. Mas Andi nukokake sepedha anyar.Tembung nukokake yen diudhari dadi ….a. n + tukon + ake c. n + tukok + akeb. n + ukok + ake d. n + tuku + ake

8. Tuladhane tembung kang mawa ater-ater hanuswara:a. tumata, kumambang c. digawe, kokpanganb. nyaponi, mangana d. pawuhan, pakiwan

9. Tanto matur kanthi ngapurancang. Patrap ngapurancang iku ….a. tangan dibanda ing burib. tangan ngepel ing sisih kiwa lan tengen pupuc. tangan ing ngarep setut, driji mlebu ing sela-selaning drijid. tangan ing ngarep karo ngepel

10. Sing sapa ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka, paribasane …..a. Sluman slumun slamet c. Yitna yuwana lena kenab. Alon-alon waton klakon d. Kebat kliwat gancang pincang

11. Bambang goreh atine amarga durung sinau. Goreh atine tegese padha karo .....a. rumangsa seneng atine c. ora tentrem atineb. bingung atine d. ora seneng atine

12. Kowe kok isih (takon) wae apa durung mudheng?Tembung ing njeron kurung benere ….a. takon-takonan c. ditakonib. nakoni d. tokan-takon

13.1. mbungkuk 2. ngulatake 3. mlayu4. meneng 5. sumeh 6. matur “ndherek langkung”7. matur “klamit sewu” 8. matur “nuwun sewu”

Patrape awakmu kang becik nalika mlaku ing sangarepe wong tuwa kang lagi lenggah, yaiku kapacak ing nomer …

a. 1, 2, 5, 6 c. 1, 2, 4, 5

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 20

b. 1, 2, 5, 7 d. 1, 2, 3, 5,814. Bali sekolah, kowe mlaku bebarengan. Nalika mlaku bebarengan ana bab kang ora becik/ ora

kena dilakoni yaiku ….a. mlaku jejer loro ana sisih kiwa c. jejer loro lan ora karo gojeganb. kena wae nggrombol anggere ana sisih kiwa d. mlaku jejer loro, tansah ngati-ati

15. Ibu maos kalawarti ing kamar tamu. Kang pinangka Lesan ing ukara iku ….a. ibu c. kalawarib. maos d. kamar tamu

16. Adhiku lan kancane padha sinau. Ukara iki polane …a. J-W c. J-W-Kb. J-W-L d. J-W-L-K

17. Ukara ing ngisor iki polane J-W, kajaba ….a. Bocah-bocah kelas siji padha piknik c. Ibu nembe sareb. Budhe Marta namung gumujeng d. Ibu Guru nimbali ketua kelas siji

18. Pak Tani lagi nandur pari lan palawija. Wasesane ukara iki …a. nandur c. pari lan palawijab. lagi nandur d. lagi nandur pari

19. Tembung “komputer” ing ukara iki endi kang kalungguhane pinangka katerangan?a. Komputer iku murah regane. c. Bapak mundhut komputer.b. Aku nggarap tugas nganggo komputer. d. Bocah-bocah kelas siji lagi praktek komputer.

20. Trotoar iku satemene dicawisake tumrap ……..a. Pedhagang kaki lima c. Liwat kendharaanb. Parkir kendharaan d. Wong mlaku

21. Tuladha nglakokake motor sing ora bener yaiku ……a. Nganggo helm b. Nggawa SIM, STNK c. SMS-an utawa migunakake HPd. Menehi tandha utawa tandha Manawa arep menggok

22. Pratelan iki endi sing bener?a. Senajan isih SMP manawa sekolah aku nggawa montor amarga Pak polisi ya ora nglarangb. Bocah sing isih SMP manut aturan ora dikeparengake nggawa montor amarga durung duwe

SIMc. Kanca-kancaku SMP akeh sing nggawa motor nalika sekolah mula aku ya melu-melu

kancakud. Manawa sekolah aku nggawa montor amarga omahku adoh, wong tuwaku ora kersa

ngeterake lan ing dalan ya ora dilarang dening Pak polisi

23.Gambar rambu-rambu lalu lintas ing dhuwur tegese ……a. Papan kanggo nyabrang c. Awas akeh wong mlakub. Zebra cross d. Papan kanggo wong mlaku

24. Mlakua ing sisih kiwa.Yen ditulis Jawa sing bener …..a. ?mLkuwai=sisihkiw. c. ?mlkuaai=sisiHkiw.b. ?mLkuaai=sisihkiw d. ?mLkuai=sisihkiw.

25. Manawa mlaku ing ngarepe wong tuwa sing lagi lenggahan becike sapa aruh …..a. m=gmtu/nuwun\ c. nuwu[nSwua[nD[rkL=ku=b. kLmi[tSwukulliwt\ d. vuwunPzpunTen\

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!1. Tulisna tatakramane wong mlaku 5 wae!

2. Gantinen basa karma sing trep unggah-ungguhe!a. Bapak manawa mlaku mesthi ngati-ati.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 21

b. Aku mlaku karo kanca-kancaku ing sisih kiwa.

3. Tembung-tembung iki kepriye pangrimbage/ kedadeane?a. Mundhutab. Ngrungokakec. Tumatad. Ngresmekakee. Nakokake

4. Ukara iki udhalen manut kalungguhane!a. Wingi sore aku nonton bal-balan.b. Bapak lan ibu tindak peken.c. Bocah-bocah nyirami kembang

nganggo banyu kalen.5. Tulisen aksara Jawa!

a. Ayo mlaku bebarengan.b. Nyabrangan kanthi ngati-ati

NYEMAK

Kompetensi Dasar :5.2 Menanggapi wacana hari besar nasional

Indikator :1. Membaca wacana dengan lafal dan intonasi yang tepat 2. Mengartikan kata-kata penting dalam bacaan dengan tepat3. Menjawab pertanyaan bacaan dengan tepat dalam santun bahasa Jawa karma4. Menyebutkan nama pahlawan nasional5. Mengartikan ungkapan tradisional Jawa

A. WacanSiswa maca kanthi giliran, liyane nyemak.

Pengetan Dina Pendidikan Nasional

Sapa sing ora kenal karo Bapak Taman Siswa utawa Bapak Pendidikan Nasional Ki Hadjar Dewantara, tokoh sing duwe lelabuhan mbangun jagading pendidikan ing Indonesia. Ki Hadjar Dewantara nalika isih timur asma R.M. Suwardi Suryaningrat isih kalebu dharah biru awit Panjenengane wayahe Kanjeng Gusti Paku Alam III. Perjuwangane Ki Hajar Dewantara diwiwiti minangka jurnalis ing pirang-pirang layang kabar . Nalika panjenengane nulis artikel kanthi judul “Als ik een Nederlander was “(Umpama Aku Dadi Wong Landa) ndadekake nesune Pemerintah Kolonial Belanda. Mula panjenengane banjur dibuwang ing Negara Walanda . Ki

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 22

WULANGAN 6

PENGETAN DINA AGUNG

Hajar Dewantara Karo Douwes Dekker, ngedegake layang kabar De Expres. Ki Hadjar aktif dadi pengurus Boedi Oetomo lan Sarikat Islam. Sakbanjure karo Cipto Mangun Kusumo lan Douwes Dekker — dijuluki ”Tiga Serangkai” . Panjenengane ngedekke Indische Partij, organisasi politik kaping siji ing Indonesia sing kanthi tegas nuntut Indonesia mardika. Ing jaman Jepang, perjuwangane Ki Hadjar Dewantara tetep makantar ora kendho . Karo Soekarno, Hatta, lan Mas Mansur, dijuluki “Empat Serangkai”,  mimpin organisasi Putera. Nalika mardika, Ki Hadjar dadi Menteri Pengajaran Kapisan.

Tumapaking Hardiknas (Hari Pendidikan Nasional) kuwi pas karo dina pengetan wiyos-ane swargi Ki Hadjar Dewantara utawa RM Soewardi Soerjaningrat, tanggal 2 Mei 1899. Ing ja-gade pamulangan apadene panggulawenthahane para siswa swargi Ki Hadjar Dewantara wis kondhang ngedegake lan dadi pimpinane Pawiyatan Taman Siswa, sing madeg ing Ngayogyakar-ta tanggal 3 Juli 1922.

Jejere Ki Hadjar Dewantara minangka bapak Pendidikan Nasional wis kawentar amarga sukses ngesuhi pawiyatan Taman Siswa kuwi. Semboyan telung larik kang misuwur kanthi Tri Logi Kepemimpinan kanggone jagad pamulangan utamane ing tanah Jawa wis dudu barang sing aeng maneh. Telung prakara sing dadi semboyane Pendidikan Nasional kuwi dadi srana hanggul-awenthahe para siswa ing pawiyatan kanggo lelantaran nggayuh idham-idhamane, yaiku sepisan, Ing ngarsa sung tuladha , tegese ing sangarepe para siswa guru kudu taberi maringi tuladha sing becik-becik . Kaping pindhone, Ing madya mangun karsa , tegese : ing tengah-tengahe pa-ra siswa guru kudu kuwagang nggugah semangate kanggo ngangsu kawruh linambaran tekad sre-gep sinau.Kaping telune, Tut wuri handayani , tegese guru minangka pamong kudu siyap siyaga ngawat-awati para siswane saka mburi kareben padha kuwagang madeg dhewe utawa mandhiri kanggo hanggayuh idham-idhamane sing luhur kang murabaki kanggo nusa lan bangsane.

(Saka maneka warna sumber )

B. Tembung Wigati Golekana tegese tembung-tembung wigati ing ngisor iki, rembugen karo kanca-kancamu!

1. Timur : ………………………………………………………………2. Wayah : ………………………………………………………………3. Jurnalis : ………………………………………………………………4. Artikel : ………………………………………………………………5. Wiyose : ………………………………………………………………6. Swargi : ………………………………………………………………7. Nggulawenthah : ………………………………………………………………8. Ngarsa : ………………………………………………………………9. Tuladha : ………………………………………………………………10. Madya : ………………………………………………………………11. Karsa : ………………………………………………………………12. Wuri : ………………………………………………………………13. Handayani : ………………………………………………………………14. Ngawat-awati : ………………………………………………………………15. Murakabi : ………………………………………………………………

C. Mangsuli PitakonWangsulana pitakonan ing ngisor iki!1. Apa labuh labete Ki Hadjar Dewantara tumrap bangsa Indonesia?

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Apa sebabe dene Ki Hadjar Dewantara nampa ukum buwang ing Negara Walanda?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Sapa wae kang oleh sebutan Tiga Serangkai iku?

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 23

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Apa jenenge organisasi politik kapisan ing Indonesia lan Sapa sing mimpin?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Apa jenenge sekolah kang diedegake Ki Hadjar Dewantara iku lan kapan madege?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Sebutna semboyan kang digagas Ki Hadjar Dewantara kang misuwur pinangka Trilogi Kepemimpinan iku?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Apa sing dikarepake unen-unen Ing Ngarsa Sung Tuladha?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8. Apa sing dikarepake unen-unen Ing Madya Mangun Karsa ?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9. Apa sing dikarepake unen-unen Tut Wuri Handayani?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

10. Apa unine semboyan Pendidikan Nasional iku?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

D. Mbedhek GambarRembugen karo kancamu sabangku sapa asmane gambar tokoh pahlawan ing ngisor iki tulisna kanthi ringkes lelabuhane utawa jasa-jasane tumrap bangsa Indonesia?

NO GAMBAR ASMA JASA-JASANE

1.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 24

2.

3.

4.

5.

E. Paribasan, Bebasan, lan Saloka1. Paribasan

Paribasan iku unen-unen sing ajeg panganggone mawa teges entar (makna kias), tetembungane wantah, ora ngemu surasa pepindhan.Paribasan ing ngisor iki golekana wangsulana kanthi milih jawaban sing wis cumawis!

a.Angon ulat ngumbar tanganb.Criwis cawisc.Dahwen ati opend.Adigang-adigung adigunae.Anak polah bapa kepradhahf. Yitna yuwana lena kenag.Tuna satak bathi sanakh.Desa mawa cara Negara mawa tatai. Jer basuki mawa beyaj. Rawe-rawe rantas malang-malang putung

Pilihan Wangsulan Kabeh sing ngalang-alangi sedyane bakal disirnakake Yen diprentah tansah maoni utawa mbantah nanging nyatane gelem nglakoni Golek limpene wong saperlu arep nyolong Samubarang kang tumuju marang kabecikan mbutuhake pangurbanan utawa wragad Saben papan nduweni adat utawa tatacara dhewe-dhewe Wong tuwa nemu wirang amarga saka polah tingkahe anak

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 25

Sapa sing ngati-ati bakal slamet sing sembrana bakal cilaka Nacad nanging arep dimelik dhewe Tuna sawetara ora dadi ngapa anggere tambah sedulur Ngendel-endelake anggone rosa, kaluhurane, lan kapinterane.

2. BebasanBebasan iku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake kahanane utawa sesipatane wong utawa barang. Bebasan ing ngisor iki golekana wangsulana kanthi milih jawaban sing wis

cumawis!a.Emban cindhe emban siladanb.Adol lenga kari busikec.Nglungguhi klasa gumelard.Mburu uceng kelangan delege.Nggenthong umosf. Esuk dhele sore tempeg.Diwenehi ati ngrogoh rempelah.Kocak tandha lukaki. Ngubak-ubak banyu beningj. Sandhing kirik gudhigen

Pilihan wangsulan Wong kang ora bisa nyimpen wewadi (rahasia) Mung kari nemu kepenake Mencla-mencle rembuge Srawung karo wong ala bakal ketularan pialane Wong dumdum nanging awake dhewe malah ora komanan/keduman Gawe rusuh ing papan kang wis tentrem Wong kang akeh omonge pratandha during akeh kawruhe Wis diwenehi meksa isih durung trima njaluk maneh Ora adil pangrengkuhe Ngangkah barang sing remeh utawa sepele wusana malah kelangan sing

luwih aji3. Saloka

Saloka iku unen-unen sing ajeg panganggone mawa teges entar ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake uwonge. Lumrahe saloka iku mawa jejer araning kewan, tuwuhan, utawa barang. Bebasan ing ngisor iki golekana wangsulana kanthi milih jawaban sing wis

cumawis!a. Bathok bolu isi madub. Timun wungkuk jaga imbuhc. Gajah ngidak rapahd. Belo melu setone. Kebo nusu gudelf. Jati ketlusuban ruyungg. Tekek mati uloneh. Iwak klebu ing wuwui. Palang mangan tandurj. Kutuk marani sunduk

Pilihan Wangsulan Wong tuwa njaluk warah marah wong enom Ala rupane nanging sugih kapinteran Dipercaya njaga malah gawe rusak Wong sing mung anut grubyug ora ngerti rembug

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 26

Golongane wong becik kelebon wong ala Wong bodho iku kanggone mung yen ana kekurangane wae Wong sing mlebu ing paekaning mungsuh wis ora bisa ngoncati maneh Wong gedhe kang nrajang marang wewalere dhewe Wong kang nemu cilaka amerga saka guneme dhewe Wong kang njarag marang kacilakan

MICARAKD. 6.2 Menceritakan dan menanggapi wacana peringatan hari besar NasionalIndikator :1. Dapat membaca wacana dengan intonasi yang tepat2. Dapat mencari dasanama kata-kata penting dalam bacaan dan menerapkan dalam kalimat

yang lain3. Dapat menceritakan kembali isi wacana “Garebeg Sekaten” ditinjau dari sejarah, peralatan,

makna, dan tata upacara dengan basa Jawa ngoko lugu atau krama lugu4. Dapat menjawab berbagai pertanyaan tentang Garebeg Sekaten yang dilaksanakan oleh

Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat

A. Wacan Garebeg Sekaten

Garebeg Mulud asring kasebat Sekaten. Garebeg Sekaten kapendhet saking namaning gamelan pusaka Kyai Sekati ing kraton Ngayogyakarta. Gamelan Kyai Sekati dumados saking kalih prangkat gamelan, inggih punika gamelan Kyai Gunturmadu kaliyan Nagawilaga.

Gamelan Kyai Sekati dumunung wonten ing pagongan sisih ler lan pagongan sisih kidul ing kompleks Mesjid Agung Kraton Ngayogjakarta. Gamelan punika dipunthuthuk tanpa kendhat, kajawi ing wayah salat lan malem Jemuah dumugi salat Jum’at. Gendhing-gendhing ingkang dipunungelaken sedaya anggitanipun para wali sanga. Utaminipun Sunan Kalijaga, Sunan Bonang, Sunan Giri, lan Sunan Kudus. Gendhing-gendhing kala wau ancasipun kangge syiar agami Islam. Pramila nama-namaning gendhing ngangge basa Arab kanthi lafal basa Jawi. Tuladhanipun Salatun Subinah, Ngajatun, Sumiyah,lan Jaumi.

Ing Kalender Jawi, wulan Hijriyah Robiul Awal kasebat wulan Mulud. Sekaten utawi Garebeg Mulud kawontenaken dening Kraton Kasultanan Ngayogyakarta ing wulan Robiul Awal. Satunggal minggu saderengipun pengetan miyosipun Nabi Muha Muhammad SAW. Dening masarakat ing Surakarta lan Ngayogyakarta garebeg Mulud limrahipun kangge pisowanan.

Adicara ingkang baku inggih punika Garebeg Mulud utawi Pasowanan Mulud utawi Sekaten. Adicara punika awujud kegiyatan waosan utawi pengajian riwayat Nabi Muhammad

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 27

SAW lan salawat Nabi. Adicara punika kawontenaken ing Masjid Agung Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadingrat dening Kyai Kanjeng Pengulu. Biasanipun Sri Sultan utawi Sri Suhunan tedhak saperlu ngrawuhi adicara punika. Ing pasowanan punika Sultan caos sedhekah kangge para kawula ingkang dipun wastani nyebar udhik-udhik.

Enjingipun medal gunungan pinangka puncaking adicara Sekaten utawi Garebeg. Pareden Gunungan ing Sekaten punika awujud tumpeng ingkang isinipun sekul saha ubarampe saking asili bumi. Pareden utawi Gunungan tansah dipuntengga dening tetiyang ingkang badhe ngalap berkah. Sasampunipun dipundongani kangge keslametan, kawilujengan , kasantosaning raja , sentana miwah sedaya kawula, gunungan lajeng dados rebutan masarakat ingkang sampun andher nengga wiwit enjang.

B. Tembung WigatiGolekana dasanamane tembung-tembung saka wacan “Garebeg Mulud” iki. Sabanjure gawenen ukarane!

No Tembung Dasanamane Ukarane

1. Gamelan …………….……. ………………………………………..……………..

2. Dumunung …………….……. ………………………………………..……………..

3. Anggitan …………….……. ………………………………………..……………..

4. Pasowanan …………….……. ………………………………………..……………..

5. Adicara …………….……. ………………………………………..……………..

6. Baku …………….……. ………………………………………..……………..

7. Wiyaga …………….……. ………………………………………..……………..

8. Kawula …………….……. ………………………………………..……………..

9. Sentana …………….……. ………………………………………..……………..

10. Kawilujengan …………….……. ………………………………………..……………..

C. Mangsuli PitakonWangsulana pitakonan kang cumawis nganggo basa karma!1. Garebeg Mulud uga kerep disebut apa ?

Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

2. Apa jenenge gamelan rong prangkat Kyai Sekati?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

3. Gamelan rong prangkat mau dipapane ana ing ngendi?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 28

4. Ing wanci apa gamelan Kyai Sekati ora ditabuh?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

5. Sapa wae sing ngripta gendhing-gendhing sekatenan iku?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

6. Duwe ancas apa para wali ngripta gendhing-gendhing kanggo upacara Sekaten mau?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

7. Garebeg Mulud dianakake ing kraton ngendi wae?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

8. Apa wujude gunungan sekaten iku?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

9. Nalika malem 12 Mulud ing Masjid Gedhe dianakake apa?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

10. Apa Sekaten isih perlu ditindakake ing jaman saiki? Apa pawadane?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

D. Nyritakake ManehCritakna maneh kanthi lisan isine wacan “Garebeg Sekaten” ing ngarep kelas!

E. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki kanthi milh wangsulan kang wis cumawis!

1. Dinten Isro’ Mi’roj inggih punika pengetan ……………………Nabi Muhammad SAW dhateng ngarsanipun Allah SWT.

2. Dinten Nuzulul Qur’an inggih punika pengetan ….. ……………….kitab suci Al Qur’an3. Dinten Idul Fitri punika dinten pengetan umat Islam sampun rampung nindakakaen …..

………………..ing wulan Ramadhan4. Dinten Natal punika dinten pengetan ……………………………Isa Almasih5. Dinten Paskah punika dinten pengetan ………………………….Isa Almasih6. Maulud Nabi punika kangge mengeti ……………………… Nabi Muhammad SAW7. Dinten Idul Adha punka sami kaliyan dinten ageng …. …………………Tumrap Agami

Islam8. Dinten Nyepi punika pengetan umat Hindhu mapag taun enggal taun ………………9. Pengetan 1 Sura punika sami kaliyan taun enggal …………………..Tumrap agami Islam10. Pengetan dinten …………………… dipunpusataken wonten ing Candhi Barabudur lan

Candhi Mendut.

Waisak; Saka; Hijriyah; minggahipun; sedanipun; siyam ; kaji; tumurunipun ; miyosipun ;

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 29

F. Dina ing Pananggalan Jawa

Pananggalan Jawa utawa ‘’’Kalèndher Jawa’’’ kuwi diétung miturut saka peredharané mbulan, kaya pananggalan Islam. Pananggalan liya ana sing dhasaré saka lakuné srengéngé. Miturut sajarah, sadurungé bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwé pananggalan dhéwé kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerané para among tani. Pranata mangsa iki adhedhasar perédharané rembulan (Komariah). Wiwitané pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawisé tanggal 10 April yakuwi pungkasané mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan (Kasa utawa Kartka) yakuwi ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwèn saéngga ditetepaké mangsa ka sewelas (Destha utawa Padrawana)) lan karolas (Sadha utawa Asaji) saéngga genep dadi rolas sasi. Pananggalan Saka diwiwiti tanggal 15 Maret taun 78 Masèhi. Taun Saka padha karo Taun Masèhi yakuwi didhasaraké saka perédharan srengéngé (Syamsiah). Pananggalan Saka uga mérang sataun dadi 12 sasi padha karo pananggalan Pranata mangsa lan pananggalan Masèhi. Wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriah utawa tanggal 8 Juli 1633, pananggalan Pranata Mangsa diowahi déning Sultan Agung lan dijumbuhaké karo pananggalan Hijriah (Pananggalan Islam).

1. Arane Dina Cacahing dina ing pananggalan Jawa (Saptawara) ana pitu kayadéné ing pananggalan Masèhi lan Hijriah, mung pocapan lan cara panulisané waé kang rada béda . Arané dina ana ing pananggalan Jawa lan padhanané ing basa Jawa kuna, basa Indonésia lan basa Arab kaya kasebut ing tabel ngisor iki:

Tabel dina Jawa, Indonésia lan Arab/Islam

Jeneng dina Jawa anyar

Jeneng dina Jawa kuna

Jeneng dina Indonésia

Jeneng dina Arab/Islam Neptu

Ngaat/Minggu Radhité Minggu Ahad 5Senèn Soma Senin Itsnayn 4Selasa Anggara Selasa Tsalaatsa 3Rebo Buda Rabu Arba'a 7Kemis Respati Kamis Khamiis 8Jemuwah Sukra Jum'at Jum'aat 6Setu Tumpak Sabtu Sabt 9

2. PasaranSaliyané dina saptawara , ing pananggalan Jawa ana uga pétungan pasaran (pancawara) kang cacahé ana lima:

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 30

Tabel pasaran

Pasaran Kawi Tegese Neptu

Pahing Jenar Pait 9

Pon Palguna Petak 7

Wagé Cemengan Cemeng 4

Kliwon Kasih Asih 8

Legi Manis Manis 5

3. Jeneng WulanCacahing wulan ana ing pananggalan Jawa kuwi ana 12, nanging jeneng lan puterané ora padha karo pananggalan Masèhi, amarga diitung miturut perédharanné bulan. Yèn dipadhakaké karo pananggalan Masehi, saben tahun ana gèsèh watara 11 dina.

Tabel wulan Jawa lan wulan Islam

Jeneng wulan Jawa Jeneng wulan Islam

Jeneng Jawa kuna Makna Neptu

Sura Muharram Warana Rijal 1Sapar Safar Wadana Wiwit 3Mulud Rabiul awal Wijanga Kanda 4Bakdamulud Rabiul akhir Wiyana Ambuka 6Jumadilawal Jumadil awal Widada Wiwara 7Jumadilakhir Jumadil akhir Widarpa Rahsa 2Rejeb Rajab Wilapa Purwa 3Ruwah Sya'ban Wahana Dumadi 5Pasa Ramadhan Wanana Madya 6Sawal Syawal Wurana Wujud 1Sela Dzulkaidah Wujana Wusana 2Besar Dzulhijjah Wujala Suwung 4

Umur saben sasi (wulan) ing pananggalan Jawa béda-béda, yakuwi ana kang umur 29 dina lan ana kang umur 30 dina . Klompok kasiji dumadi saka taun kapisan (Alip), katelu (Jimawal), kaenenm (Bé) lan kapitu (Wawu), klompok kaloro dumadi saka taun kaloro (Éhé), kapapat (Jé) lan kawolu (Jimakir), déné klompok katelu dumadi saka taun kalima (Dal). Kanggo luwih cethané pirsani tabel ing ngisor iki:

Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Arbangiyah (Pananggalan Sultan Agung)

Jeneng wulan Jawa Jeneng wulan Islam Taun Jawa1,3,6,7

Taun Jawa2.4.8

Taun Jawa

5Sura Muharram 30 30 30Sapar Safar 29 29 30Mulud Rabiul awal 30 30 29Bakdamulud Rabiul akhir 29 29 29Jumadilawal Jumadil awal 30 30 29Jumadilakhir Jumadil akhir 29 29 29

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 31

Rejeb Rajab 30 30 30Ruwah Sya'ban 29 29 29Pasa Ramadhan 30 30 30Sawal Syawal 29 29 29Sela Dzulkaidah 30 30 30Besar Dzulhijjah 29 30 30

4. Jeneng TaunTaun Jawa cacahé ana wolu lan ditata jroning siklus wolung taunan kang disebut windu.

Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, yakuwi: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya.Ana sawetara ciri wigati jroning pranatan taun Jawa, yakuwi: Nguri-uri kabudayan asli Jawa kayadéné pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalané), sarta Primbon lan pétungan Jawa liyané. Bisa nglestarèkaké kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan seni lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraské karo pétungan Arab kayadéné penanggalan Hijriyah kanggo nggampangaké mèngeti dina-dina riyaya lan ibadah Islam. Jeneng taun kang luwih spèsifik yakuwi yèn tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengaké taun Sukraminangkara (taun urang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Setu, dijenengaké taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateké: sithik udan. Yèn tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengaké taun Ditekalaba (taun klabang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Senèn, dijenengaké taun Somawertija (taun cacing), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Selasa, dijenengaké taun Anggarawrestija (taun kodok), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Rebo, dijenengaké taun Buda-wiseba (taun kebo), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Kemis, dijenengaké taun Respati-mituna (taun mimi), wateké: akèh udan.Jeneng lan umuré taun Jawa kaya kang kasebut ing ngisor iki:

Alip (Purwana), umuré 354 dina Éhé (Karyana), umuré 355 dina (lawas), 354 dina (anyar)[5]

Jimawal (Anama), umuré 354 dina Jé (Lalana), umuré 354 dina (lawas), 355 dina (anyar) Dal (Ngawanga), umuré 355 dina Bé (Pawaka), umuré 354 dina Wawu (Wasana), umuré 354 dina Jimakir (Swasana), umuré 355 dina

(Sumber Wikipedia Basa Jawa) Gladhen

1. Saiki sasi Pasa , telung wulan candhake wulan …….2. Nabi Muhammad miyos ing wulan Robi’ul Awal, yen sasi Jawa …….3. Partana lair ing dina Kemis Pahing, jumlah Neptune ana ……4. Sang prabu Nala nalika ari Sukra Kasih sumpena ketemu Dewi Damayanti. Sukra Kasih

iku dina …….5. Tahun Jawa iku adhedhasar peredharan …….6. Wong Jawa biasane nyirik sasi ……… kanggo gawe mantu.7. Taun maenda (taun wedhus) iku manawa tanggal 1 sura tiba dina ……8. Sasi …….. tumrape wong Jawa dipigunakake kanggo nyekar utawa kirim donga marang

leluwur.9. Dina Selasa Pahing iku tembunge kawi ……..10. Sajrone seminggu ana pitung dina mula diarani dina …….11. Sewindu iku ana ……. taun12. Selapan iku ana ……taun13. Indonesia dijajah bangsa Walanda jroning telu setengah abad, padha karo suwene ……….

taun.14. Saiki dina Rebo Wage, dina Rebo candhake tiba dina ……..

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 32

15. Sing ngowahi penanggalan Saka dadi penanggalan Jawa iku ………

MACA

Kompetensi Dasar :7.2 Mengungkapkan dan menanggapi isi wacana peringatan hari besar nasionalIndikator :1. Membaca wacana dengan nyaring dan lafal yang benar2. Mengartikan kata-kata penting dalam bacaan3. Menjawab pertanyaan bacaan4. Mengungkapkan kembali pokok isi wacana dalam bahasa Jawa karma5. Mengartikan tembung rura basa6. Mengartikan tembung kerata basa

A. WacanWacanen kang tlesih, sora, lan tliti!

SEJARAHE SUMPAH PEMUDA

Saben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah Pemuda. Kadadean kasebut dipengeti saben taun. Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah.

Ing sakawit bangsa Walanda tekane ana ing bumi Indonesia iku mung arep dagang. Gegandhengan nyumurupi kemakmurane negara Indonesia banjur tuwuh karepe kepengin nguwasani. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan julig banget. Wekasane bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara sakisine nganti telung atus seket taun lawase.

Ana sawetara priyayi kang ngendika, manawa kalahe bangsa Indonesia dhek rikala nglawan Walanda amarga gegamane kalah modern. Bab iku mujudake Sawijining alesan sing kurang trep utawa

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 33

kurang gumathok. Coba saiki kita priksani Perang Diponegoro. Pangeran Diponegoro anggone nglawan penjajah Walanda nganti limang taun suwene yaiku taun 1825 – 1830. Ing samengko kita bandingake karo Perang Dunia I kang suwene mung patang taun lawase yaiku taun 1914 – 1918.

Kanthi mangkono Perang Diponegoro bisa kanggo bukti manawa kekuwatan rakyat sing nyawiji dadi sawijining kekuwatan sing ampuh, ora gampang dikalahake. Bukti liyane maneh yaiku rikala perang kamardikan kabeh rakyat Indonesia anggolongake tekad nyawiji ngusir penjajah Walanda saka bumi Indonesia. Dadi cekak aose kalahe bangsa Indonesia anggone nglawan penjajah iku amarga ora ana persatuan lan kesatuan antarane bangsa Indonesia dhewe.

Gegandhengan bukti-bukti kang wis nyata manawa persatuan lan kesatuan iku mujudake gegaman kang ampuh, pemudha-pemudha kang wektu iku isih asipat kesukuan lan kedhaerahan padha nganakake konggres. Konggres Pemudha sing kapisan yaiku tanggal 2 Mei 1926. Dene Konggres Pemudha sing kapindho tanggal 28 Oktober 1928. Ana ing Konggres Pemuda sing Kapindho iku organisasi-organisasi kepemudaan kaya ta Yong Java, Yong Sumatra, Yong Selebes, Yong Ambon padha nyawiji ngikrarake persatuan Indonesia. Dene ikrar kasebut kanthi jeneng Sumpah Pemuda.

(Djarot Heru Santosa, 2008:73)

B. Tembung Wigati Apa tegese tembung-tembung kang magepokan karo wacan ing nduwur!

1. Uwal =2. Regemane =3. Julig =4. Modern =5. Gumathok =6. Nyawiji =7. Cekak aose =8. Gegaman =9. Kongres =10. Ikrar =

C. Mangsuli Pitakon Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi ganep lan migunakake basa krama kang trep!

1. Saben tanggal pira bangsa Indonesia mengeti dina Sumpah Pemuda?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Apa tujuan sakawit bangsa Walanda teka ana ing Indonesia?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Apa sebabe bangsa Walanda kepengin nguwasani Indonesia?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Wenehana tuladha cara-cara julig lan kasar bangsa Walanda kanggo nguwasani Indonesia!Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Apa sebabe bangsa Indonesia kalah mungsuh kaum penjajah?

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 34

Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Wenehana bukti manawa kekuwatan rakyat kang nyawiji dadi kekuwatan kang ampuh kanggo ngadhepi penjajah!Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Kapan Konggres Pemuda Kapisan diadani?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8. Kapan Konggres Pemuda Kapindho diadani?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9. Sebutna organisasi pemudha kang padha melu konggres ing Konggres Pemudha Kapindho!Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

10. Sebutna isi ikrar Sumpah Pemudha !Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

D. Ngringkes WacanWacan Sejarahe Sumpah Pemudha ing ndhuwur ringkesen kanthi basa karma!Papan kanggo nggarap :………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

E. Kawruh Basa1. Dasanama

Tuladha:Ki Hajar Dewantara sawijining pemimpin kang kena kanggo tepa palupi.Tembung tepa palupi tegese padha karo : tuladha, conto, sudarsana, lupiya, tulad.Tembung pirang-pirang kang duwe teges siji kaya mangkono iku diarani dasanama

Tembung kang kacithak miring ing ngisor iki golekana dasanamane!a. Akeh pahlawan kang gugur mbelani nusa lan bangsa.

Gugur = ………………………………………………………………………………..b. Tanggal 28 Oktober misuwur pinangka dina Sumpah Pemuda.

Misuwur = ……………………………………………………………………………...c. R.A Kartini berjuwang kanggo ngangkat drajade kaum wanita.

Wanita = ………………………………………………………………………………..d. Pahlawan Slamet Riyadi iku putrane Raden Ngabehi Prawiropralebdo.

Putra = ………………………………………………………………………………….e. Patih Kala Sekipu ambruk ndhepani bantala.

Bantala = ……………………………………………………………………………….

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 35

f. Ing gisiking segara angin sumilir midit gawe tentrem.Angin = ………………………………………………………………………………...

g. Muga-muga kabeh pinaringan slamet ora ana alangan sawiji apa.Slamet = ………………………………………………………………………………..

h. Ngayogyakarta iku kalebu wilayah Indhonesia iring kulon.Wilayah = ………………………………………………………………………………

i. R.M. suwardi Suryaningrat iku asma timure Ki Hajar Dewantara.Asma = …………………………………………………………………………………

j. Srengenge jumedhul ing sisih wetan.Srengenge = ……………………………………………………………………………

2. Kerata BasaKerata basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wandane( mengartikan kata dilihat dari suku katanya).

Tuladhane :Gelas : yen tugel ora kena dilas. Teges salugune gelas yaiku barang / piranti kanggo ngombe sing bakale saka beling (glass). Gelas uga nduweni teges kaca utawa beling bae.

Tuladha liyane :1. Piring = sepine yen miring.2. Tebu = antebing kalbu.3. Cengkir = kencenging pikir.4. Gedhang = digeged bubar (lebar) madhang.5. Kupluk = Kaku nyempluk.

Tembung-tembung ing ngisor iki golekana kerata basane!a. Guru = ………………………………………………………………………………. b. Kaji = ……………………………………………………………………………….c. Sekuter = ……………………………………………………………………………….d. Tandur = ……………………………………………………………………………….e. Kuping = ……………………………………………………………………………….f. Sirah = ……………………………………………………………………………….g. Prawan = ……………………………………………………………………………….h. Kathok = ……………………………………………………………………………….i. Kupluk = ……………………………………………………………………………….j. Siti = ……………………………………………………………………………….

3. Rura Basa

Rura basa yaiku basa sing luput ananging dianggep lumrah ana ing basa padinan.1. Tuladha

adang sega sing bener adang beras supaya dadi segamangan awan sing bener mangan sega ing wayah awanmbunteli tempe sing bener mbunteli dhele godhog kang wis diragenimenek klapa sing bener menek wit klapamikul dhawet sing bener mikul angkring isi wadhah dhawet

Tembung-tembung ngisor iki golekana rura basane!

a. Adang                : ………………………………………………………………..b. Ngodhog wedang         : ……………………………………………………………….c. Nandur gedhang        : ………………………………………………………………..d. Nulis layang               : ………………………………………………………………..

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 36

e. Nguleg sambel           : ………………………………………………………………..f. ndeplok gethuk           : ………………………………………………………………..g. ndhudhuk sumur      : …………………………………………………………………h. ndondomi klambi    : ………………………………………………………………..i. nganam klasa             : …………………………………………………………………j. gethok gedhang        : …………………………………………………………………

NULISKompetensi Dasar :8.2 Mengungkapkan dan menanggapi wacana hari besar nasional

Indikator :1. Mengalihaksarakan wacana beraksara Jawa menjadi wacana aksara Latin sesuai

dengan aturan penulisan yang baik dan benar2. Menyusun pertanyaan isi wacana beraksara Jawa dengan tepat3. Mengartikan kata-kata penting dalam bacaan dan menerapkannya dalam kalimat

dengan tepat4. Menulis kalimat dengan aksara Jawa

A. WacanWacan mawa aksara Jawa iki wacanen kang tliti nuli gantinen aksara Latin manut tatanan EYD basa Jawa!

?[psTaems\,

?kulw/grukunW/gtelu,klurhanKfip[tn\s[j]o[n[mluz][mkH[k[psTaem[sRpubLik\I[nDo[nsiy.zfnim[nkw/nkegiytTn\,an[lomBbfMi[nTon\sekk\pi=[po=,[f[npunCkHcrz=[go[pnTsSni.?s[j]oni=[psTseniksebut\figel/r[kwy=[boch,musikHnkHnkLnKe[qop]k\,anaug[lomBbusnmtrmMn\[lomBmcpt\,k[bhkegiytTnHikuk=[go[mzetTifinkm/fikni=b=sI[nDo[nsiy,k=aumu/[r[sketTaun\,mulbnJ|/fiarnNi[psTaems\,kegiytTnLisi=k[bhw/g[npdnnFzi,yaikups=lmPum[p[nJo/m[nkw/nai=skiwteze[nNfln\,[ynFisw=ai=wyhbezik[tonHs]ibzet\pti=k}lipG[wxspPi=pnF|lu.

(C. Sri Hartuti, 1996 : 5 – 6)

Papan kanggo nggarap:

………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 37

………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

Gawea ukara pitakon tumrap wangsulana ing ngisor iki!1. Ingkang ngawontenaken pesta emas inggih punika kulawarga Rukun Warga Tiga Kalurahan

Kadipaten.Ukara pitakon : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Para warga ngawontenaken kegiatan lomba badminton, pingpong, busana mataraman, lan tembang macapat.Ukara pitakon : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Kegiyatan kangge mengeti dinten kamardikan punika namanipun pesta emas.Ukara pitakon : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Pentas seni punika arupi wayang bocah, musik anak-anak, lan kethoprak.Ukara pitakon : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Kegiyatan sanesipun ingkang njalari gebyaring kawontenan ing wanci dalu inggih punika margi-margi dipunpasangi lampu lan penjor.Ukara pitakon : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

B. Tembung WigatiTembung-tembung iki tegesena, banjur gawenen ukara!1. Ngadani, tegese : …………………………………………………………………………

Ukarane : ………………………………………………………………………………..2. Pesta emas, tegese : ………………………………………………………………………

Ukarane : …………………………………………………………………………………3. Gebyar, tegese ……………………………………………………………………………

Ukarane : …………………………………………………………………………………4. Penjor, tegese ……………………………………………………………………………….

Ukarane : ……………………………………………………………………………………5. Busana , tegese : …………………………………………………………………………….

Ukarane : ……………………………………………………………………………………

C. Nulis JawaUkara ing ngisor iki tulisen aksara Jawa!1. Para siswa padha mengeti dina Kartini.

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

2. Tanggal 21 April pengetan dina Kartini.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 38

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

3. Kartini tokoh emansipasi wanita.…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

4. Wanita bisa sadrajat karo priya.……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Kartini iku putri Jepara.……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

D. Tembung PanyilahIng basa Indonesia tembung panyilah diarani kata sandhang. Sing kalebu tembung panyilah yaiku : si, sang, sri, sanghyang, sing, ingkang, para. Tuladha :1. Sanghyang Narada iku patihe para dewa.2. Sri Narendra kondur ngedhaton.

Rampungna ukara ngisor iki nganggo tembung panyilah!1. …………………Merah Putih kumlebet ing antariksa.2. …………………pahlawan gugur pinangka kusuma bangsa.3. …………………Sultan Hamengku Buwana IX iku kalebu pahlawan nasional.4. Sapa ……………komandhan upacara ing pengetan Dina Pahlawan iku?5. …………………ngagem surjan menika Bapak Kepala Sekolah.6. Aku wis tau didongengi …………………kancil dening ibu.7. Baguse temanten kakung kaya ………………….. Kamajaya.8. Prapteng wisma …………………pocung mutah guwaya.9. ………………….Prabu Dasamuka iku ratu angkara murka.10. ………………….Ibu menapa wonten dalem, Pak?

1. Dinten Isro’ Mi’roj inggih punika pengetan ……Nabi Muhammad SAW dhateng ngarsanipun Allah SWT.a. Minggahipun c. Mandhapipunb. Wiyosipun d. Sedanipun

2. Dinten Nuzulul Qur’an inggih punika pengetan ….. kitab suci Al Qur’ana. Waosan c. Panyeratipunb. Tumurinipun d. Panampinipun

3. Dinten Idul Fitri punika dinten pengetan umat Islam sampun rampung nindakakaen ….. ing wulan Ramadhana. Haji c. Siyamb. Shalat id d. Khataman

Datan keri bapa-biyungSungkem mring pepadaneNjawat asta marang sesamineDina kang fitrah tansah den antuMbuseg sakehing dosaLupute manungsa

4. Guritan ing ndhuwur njupuk tema ……

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 39

UJI KOMPETENSI 6

a. Maulud Nabi c. Idul Fitrib. Idul Adha d. Nuzulul Qur’an

5. Sungkem mring pepadane. Tegese pepadane, yaiku …..a. Tangane c. Pipineb. Sikile d. Rama ibu

5. Njawat asta marang sesamine . Tegese njawat asta, yaiku …..a. Salaman c. Njaluk ngapurab. Silaturahmi d. Nyekel tangan

Pangkur

Sasi Syawal sampun prapta,Rupi-rupi nggennya sami mastani,Ana kang mastani kulup,Jarene Riyaya Kupat,ngaKu lePat ngantos lair batosipun,nglebur dosa mring sasama,murih dhiri resik suci.

6. Manut tembang ing ndhuwur Sasi Syawal uga diarani ……a. Idul Fitri c. Bakda Kupatb. Riyaya Kupat d. Lebaran

7. Manut tembang ing ndhuwur tembung Kupat nduweni teges …..a. Kula lepat c. Ngaku lepatb. Laku papat d. Aku lepat

8. Tembang ing ndhuwur iku ana 7 ……a. Wilangan c. Padab. Tembangan d. Gatra

9. Larik 5 tembang ing ndhuwur guru wilangane ana ….a. 5 c. 8b. 10 d. 12

10. Upacara Garebeg ana ing jaman Majapahit diarani ….a. Sekaten c. Sradha Agungb. Nyadran d. Galungan

11. Gamelan kang ditabuh ana ing Upacara Sekaten jenenge …… lan …….a. Udan Arum & Kyai Jimatb. Kyai Guntur Manis & Kyai Guntur Maduc. Kyai Guntur Madu & Kyai Naga Wilagad. Kyai Madu Sari

12. ……… …. Sultan Hamengku Buwana IX iku sawijining pahlawan nasional. a. Sang c. Srib. Si d. Samghyang

13. Tanggal 12 Mulud, yen ditulis Jawa …… a. ?t=gl;12;muluf. c. ?t=gl\ ;12;muluf\,

b. ?t=gl\ 12muluf\, d. ?t=gL:12:mulF|.

14. Saben selapan dina dianakake rapat kampong. Selapan dina iku ana …. Dinaa. 20 c. 35b. 30 d. 60

15. Saiki dina Setu Pahing, dina Setu candhake tiba Setu …..a. Legi c. Wageb. Pon d. Kliwon

16. Dina Pasaran iku ana lima mula uga diarani ….a. Nawa wara c. Hastha warab. Sapta wara d. Panca wara

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 40

17. Sadurunge sasi Pasa, biasane wong Jawa padha nyekar.Iku katindakake ing sasi …..c. Sawal c. Ruwahd. Dulkaidah d. Besar

18. Menapa ancas tujuanipun bangsa Walanda dhateng ing Indonesia?a. Pados tanah jajahanb. Badhe dedaganganc. Badhe nguwasani Indonesiad. Badhe makmuraken nuswantara

19. Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara sakisine nganti telung atus seket taun lawase.Ukara pitakon kang trep tumrap wangsulan kasebut yaiku .....a. Pira suwene Walanda nguwasani bumi Nuswantara?b. Kapan Walanda nguwasani bumi Nuswantara?c. Pirang abad Walanda nguwasani bumi Nuswantara?d. Apa sebabe dene Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara?

21. Tahun 1825 – 1830 ing bumi Nuswantara ana kedadean apa?a. Bangsa Walanda teka ing bumi Nuswantarab. Kongres Pemudha kapindhoc. Perang Diponegorod. Perang Dunia I

22. Bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara kanthi kasar lan julig. Tembung liyane julig yaiku ..a. Sawiyah-wiyah c. Sugih balab. Sawenang-wenang d. Sugih akal

23. Tahun 1922 Ki Hajar Dewantara ngedegake pawiyatan …….. ing Ngayogyakarta a. Tamansiswa c. Budi Utomob. Budi Mulia d. Muhammadiyah

24. Dadi pemimpin kudu tansah paring patuladhan marang sing dipimpin kaya unine sesanti ……a. Ing ngarsa sung tuladha c. Tut wuri handayanib. Ing madya mangun karsa d. Ing ngarsa mangun tuladha

25. Kekuwatan rakyat sing nyawiji dadi sawijining kekuwatan sing ampuh, ora gampang dikalahake. Kaya wujude ..... kang disuhi.a. Kesed c. Sapu sadab. Sapu seped d. Sulak

Wacan 1

Dina Pahlawan 10 Nopember mujudake salah sijine prastawa paprangan kang kebak pangorbanan, kesinatriyan lan kepahlawanan. Bangsa Indonesia nalika mbela lan ngrungkebi lemah wutah getihe, isih sarwa sekeng gegamane. Sing diduweni amung gegayuhan lan semangat kepahlawanan kang makantar-kantar ing dhadhane arek-arek Surabaya lan para pejuwang kita kang wis kaloka ora gelem pasrah marang mungsuh. Tekad lan kekendelane iku dibuktekake kanthi semboyan “Merdeka atau mati”, “Rawe-rawe rantas, malang-malang putung”. Urip minangka bangsa kang mardika utawa gugur minangka kusumaning bangsa.

(Bahasa Jawa VII, Sumarlan, S.Pd. Hal. 6326. Kang dadi dadi underaning gagasan ana ing paragraf ing ndhuwur yaiku ....

a. Urip minangka bangsa kang mardika utawa gugur minangka kusumaning bangsa.b. Bangsa Indonesia nalika mbela lan ngrungkebi lemah wutah getihe kanthi kebak semangat.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 41

c. Arek-arek Surabaya lan para pejuwang kita nduweni semboyan “Merdeka atau mati”, “Rawe-rawe rantas, malang-malang putung”

d. Dina Pahlawan 10 Nopember mujudake salah sijine prastawa paprangan kang kebak pangorbanan, kesinatriyan lan kepahlawanan. Bangsa Indonesia

27. Semboyan “Rawe-rawe rantas makang-malang putung” nduweni teges ......a. Sapa sing ngalang-alangi sedyane bakal disirnakakeb. Kamardikan mbutuhake pangurbanan jiwa lan ragac. Kabeh gegayuhan mbutuhake semangat lan wragadd. Sapa sing kepengin kepenak uripe perlu usaha

28. Bangsa Indonesia nalika mbela lan ngrungkebi lemah wutah getihe, isih sarwa sekeng gegamane. Tembung sekeng tegese ....

a. Tradisional c. Kekuranganb. Sethithik d. Mlarat

29. Arek-arek Surabaya lan para pejuwang kita kaloka ora gelem pasrah marang mungsuh. Dasanamane tembung kaloka kaya ing ngisor iki, kajaba ....

a. Kawentar c. Misuwurb. Kondhang d. Kendel

30. Urip minangka bangsa kang mardika utawa gugur minangka kusumaning bangsa.Tembung gugur ing ukara ndhuwur padha tegese karo ukara ing ngisor iki:a. Raden Gathutkaca satriya kang luhur bebudeneb. Kala Sekipu mati ndhepani bantala dening Gathutkacac. Raden Kumbakarna nglilakake jiwa ragane kanggo bumi Ngalengkad. Prabu Puntadewa iku ramane Raden Pancawala

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!1. Tulisna arane dina pancawara kanthi urut!2. Tulisna arane dina saptawara nganggo basa kawi kanthi urut!3. Terangna tegese ukara sesanti : Tut wuri handayani4. Tulisen aksara Jawa!

a.Kebo nusu gudelb.Gajah ngidak rapah

5. Gantinen aksara Latin!

?ai=wyhbezik[tonHs]ibzet\pti=k}lip\,

NYEMAK

A. WacanSalah siji maca liyane nyemak

TATAKRAMANE SISWA MARANG GURU

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 42

WULANGAN 7TATAKRAMA PASRAWUNGAN

Ana ing pamulangan, bocah-bocah saliyane diwulang kawruh liya-liya, becike iya diperdi bab tata krama . Upamane nalika teka mlebu sekolah ngadhep gurune , dilelatih matur : “Sugeng enjing, wilujeng enjing, sugeng sonten” lan sapanunggalane, apese iya manthuk tandha aweh hurmat. Nalika kasep mlebu kelas, kamangka wulangan wis lumaku kudu matur:”Nyuwun pangapunten, kula kasep jalaran jawah “.upamane. Ora kena mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh bangkune.Nalikane nuju arep metu saka kelas marga arep menyang pakiwan, uapamane , ora kena ndadak metu mbludhus bae, nanging matur gurune dhisik: “Bu Guru, keparenga kula badhe dhateng wingking.”Yen sesuke arep ora mlebu, iya pamit. Dene yen ana keperluan dadakan nganti ora kober nyuwun pamit luwih dhidik, ing dina sesuke nalika mlebu maneh, enggal matur apa sebabe dene wingi ora mlebu. Ana guru kang nggresah, jare saiki iki, bocah-bocah angel wulang-wulangane bab tata krama. Kudune mung arep mbantah bae, awit kira-kira bae padha nduweni panemu yen tata krama iku kudu dibuwang marga tinggalane kaum feodal.Ana uga kang ngira, yen tindak tanduk kang sarwa alus iku dianggep tindake wong kang jirih. Kosok baline, tindak tanduk kang kasar dianggep patrape wong kang kendel.Bocah-bocah kang susila, ora ateges bocah kang jirih lan ora nduweni greget maju, nanging bocah kang bisa aweh pakurmatan marang sapa bae kang pantes dihurmati. Wedi sabarang tindak kang klebu larangan lan kang mitunani wong liya. Wani ngakoni kaluputane dhewe, nanging iya wani ngandhemi bebener lan tekade kang wis dadi keyakinane.Murid kang sopan lan ngerti marang tata krama iku :1. Yen kepapag gurune ana ing dalan, ora bakal mlayu ngenthar, nyingkiri. Balik malah sareh mapagake sarta asung kurmat kanthi manthuk.2. Yen ketemu gurune ana ing toko utawa panggonan liya, ora ndadak ndhelik amping- ampingan wong liya, nanging panggah tenang kaya ora ana sapa-sapa. Yen gurune mriksani , malah banjur asung kurmat.3. Yen ana sajrone kelas, arep nyuwun pirsa wulangan, ora ndadak enggone ngaturi sarana suwat-suwit utawa tangane ngetheki kaya yen ngundang pitik kae. Nanging sarana ngacungake tangane sarta matur :” kepareng nyuwun pirsa”.

Bocah-bocah iku ing tembe kang dadi kekembanganing bangsa. Iya nom-noman kang saiki iki kang bakal gumanti para sepuh enggone mbanjurake dadi panuntune bangsa. Mula saka iku , bocah-bocah kudu nduweni rasa-pangrasa marang ajining dhiri, ajining bangsa, kudu nggegulang tata-krama kang laras karo jamane. Aja gampang kelud marang adat pakulinan manca (luar negeri) kang ora mesthi mathuk marang tata cara kabangsan kita.Bocah-bocah kita becike padha nduweni semboyan :” Putraning bangsa kudu ngerti tata krama”.Aja dumeh wis dadi wong gedhe mardika banjur ora gelem nindakake suba sita lan unggah – ungguh marang wong tuwa lan gurune.Aja dumeh pemudha wis nate labuh bangsa, banjur ora perlu ngurmati sapadha-padha.Aja dumeh wis rumangsa pinter banjur rumangsa kudu diajeni, nanging lumuh ngajeni.Aja dumeh duwe pangkat dhuwur , banjur lali marang kamardikaning liyan lan ora ngurmati wewenanging liyan. Lire : Para murid, kajaba sregep ngundhakake kawruh,. supaya pinter ing bab wulangan, wasis ing bab kagunan , uga wajib ngerti marang tata-krama. Srawunge bocah-bocah kudu cedhak karo gurune

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 43

nanging aja ninggalake tata krama lan suba sita. Ora kena matur marang gurune mung nganggo basa ngoko bae, kaya caturan karo kancane dhewe. .

(Sumber : nguripuripbasajawa.blogspot.com/ Sugeng Kariyodiharjo )

B. Tembung WigatiApa tegese tembung sing dicetak miring iki?1. Saliyane diwulang kawruh becike bocah-bocah uga diperdi bab tatakrama.2. Ora kena mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh bangkune3. Bu Guru, keparenga kula badhe dhateng wingking4. Ana guru kang nggresah, jare saiki iki, bocah-bocah angel wulang-wulangane bab tata

karma5. Ana kang nduweni panemu yen tata krama iku kudu dibuwang marga tinggalane kaum

feodal.6. Bocah-bocah kang susila, ora ateges bocah kang jirih lan ora nduweni greget maju7. Awake dhewe kudu ngandhemi bebener kang wis dadi keyakinane8. Bocah-bocah kudu nggegulang tatakrama9. Aja gampang kelud marang adat pakulinan manca10. Aja dumeh wis rumangsa pinter banjur rumangsa kudu diajeni, nanging lumuh ngajeni.

C. Ngganepi UkaraGanepana ukara ing ngisor iki!1. Nalika teka mlebu sekolah ngadhep Pak utawa Bu Gurun aku

matur……………………………………………………………………………………2. Manawa aku telat mlebu kelas, mangka pelajaran uwis diwiwiti, aku matur

…………………………………………………………………………………………3. Mbeneri wulangan aku kebelet pipis, mula aku nyuwun idin Pak utawa Bu Guru karo

matur …………………………………………………………………………………...4. Manawa aku diparingi apa-apa dening wong liya, aku matur

………………………………………………………………………………………….5. Aku ketemu karo Bu Guru ana ing Pasar, anggonku aruh-aruh

………………………………………………………………………………………….6. Aku ora nggarap PR mula aku nyuwun pangapura karo Bu Guru karo matur

………………………………………………………………………………………….7. Aku mamitake adhiku marang jalaran lara, anggonku matur marang Bu Guru

………………………………………………………………………………………….8. Sepatuku wis rusak mula aku banjur nyuwun dhuwit Bapak kanggo tuku sepatu ,

anggonku matur ………………………………………………………………………………………….

9. Aku arep sekolah ora lali pamit marang bapak lan ibu, anggonku matur ………………………………………………………………………………………….

10. Mbeneri wulangan basa Jawa sirahku krasa mumet aku banjur menyang UKS mula aku nyuwun idin marang Pak Guru karo matur ………………………………………………………………………………………….

NULISKompetensi Dasar

8.3 Menulis wacana beraksara Latin

Indikator1. Menentukan topic karangan2. Membuat kerangka karangan3. Mengembangkan kerangka karangan menjadi karangan utuh dalam santun

bahasa Jawa karma lugu atau ngoko alus dengan memperhatikan diksi, ejaan

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 44

dan keefektifan kalimat

A. Tuladha Karangan

TATAKRAMANE BOCAH MARANG WONG TUWA.

Bangsa kang wis padha dhuwur kabudayane, ora mung wong-wonge kang wus diwasa bae kang padha ngenggoni tata krama, nanging bocah-bocahe iya padha ngerti marang subasita.Bocah-bocah ing omah lan ing pamulangan kudu diperdi marang tata krama , supaya ing tembene ora kidhung (kaku) lan bisa ngerti marang sopan santun.Bapa biyung iya kudu merdi supaya wewatakan lan budine bocah dadi luhur, marga alusing tata kramane. Saranane ora liya , wong tuwa kudu menehi tuladha sarana pakarti , yaiku nglakoni dhewe, kejabane iku kudu tansah tlaten menehi wulangan lesan. Nalikane bebarengan mangan karo wong tuwa , bocah-bocah dituladhani kepriye carane mangan kang mawa tata krama. Nalikane bocah-bocah dolanan karo kanca-kancane, nalikane diajak maradhayoh, kudu tansah diperdi murih ngerti marang tata krama kang becik.Upamane nalikane diwenehi apa-apa dening wong tuwane kudu diwulangi aweh panarima, klawan matur : “Matur sembah nuwun” apa “ terima kasih”. Luwih-luwih yen kang menehi iku mau wong liya, si bocah aja nganti lali nelakake atur panuwune.Yen pamit mulih , bocah iya diwulangi carane wong pamitan.Tata krama, kang ditindakake wong tuwa ing sadina-dina becik diwulangake marang bocah-bocah baka sethithik, supaya bisa kulina, satemah ing besuke banjur manjing dadi pakulinane dhewe.Yen bocah arep mangkat sekolah, becike diwajibake pamit :“Bu, kula badhe bidhal”“Mbah, keng wayah nyuwun pamit mangkat sekolah “Samono uga sawise mulih, becike iya kudu matur, apese ngetok marang wong tuwa.Mangkono yen lelungan menyang pasar utawa dolan menyang omahe kancane , kudu dikulinakake pamit dhisik, supaya ngerti marang pranatan, sarta iya ora bakal gawe bingunge sing ana ngomah.Bocah-bocah kudu dingertekake nganti manjing dadai pakulinane, yen :1. Wong memisuh iku ala, ora patut ditindakake dening bocah-bocah kang sopan.2. Wong menganggo ora dibenikake iku kurang apik, ora patut tumrape bocah-bocah kang ngerti tata krama.3. Bocah adus tanpa patelesan bebarengan karo wong akeh, karo wong akeh iku saru, ora pantes ditindakake dening bocah-bocah sekolahan.4. Wong mbebuwang ing papan kang katon dideleng wong liya iku ora sopan, ora pantes ditindakake dening bocah kang susila.5. Wong kang gawe geger ing pasamuwan utawa tontonan iku klebu ora apik, ora pantes

ditindakake bocah-bocah pengajaran. (Sumber : nguripuripbasajawa.blogspot.com/ Sugeng Kariyodiharjo )

B. Ngarang Gawea karangan kanthi milih salah siji tema sing kok senengi lank ok ngerteni :

1. Pengetan dina agung nasional, tuladhane :a. Mahargya pengetan dina Kartini

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 45

b. Mahargya pengetan dina Kamardikan Republik Indonesiac. Pengetan dina Sumpah Pemudad. Pengetan dina Pendidikan Nasionale. Pengetan dina Ibu, Lsp

2. Pengetan dina agung keagamaan, tuladhanea. Idul Fitrib. Idul Adhac. Nataland. Pengetan Nuzulul Qur’ane. Pengetan Isro’Mi”roj, Lsp

3. Tatakramaa. Tatakramane wong numpak kendharaanb. Ajining dhiri saka lathic. Sopan-santun ing daland. Tatakrama ing sekolahane. Tatakrama ing masarakat

Supaya karanganmu bisa runtut lan becik gatekna pituduh ing ngisor iki!a. Goleka tema kang narik kawigatenmub. Gawea cengkorongane karanganc. Mekarna cengkorongan karangan mau dadi karangan wutuh kanthi basa kramad. Gatekna pamilihing tembung, tandha-tandha panulisan ing karanganmue. Irah-irahan lan isi jumbuhf. Dawane karangan akeh-akehe sarai buku.

NULIS

Kompetensi Dasar8.4 Menulis wacana sederhana beraksara Jawa

Indikator :1. Menulis kalimat dan atau wacana beraksara Jawa yang menggunakan angka Jawa2. Mengalihaksarakan kalimat dan atau wacana beraksara Jawa yang menggunakan

angka Jawa ke dalam aksara Latin

A. Materi Pembelajaran1. Angka Jawa

1 = 1 6 = 62 = 2 7 = 73 = 3 8 = 84 = 4 9 = 9

5 = 5 0 = 02. Aturan baku Nulis angka Jawa diapit pada pangkat ( ; ) Tuladha

;1; ?fw[n;36;[snTi[mte/. ( Dawane 36 sentimeter.)

;2;?mXm\ ;1;sur pdtirktTn\, ( Malem 1 Sura padha tirakatan.)

3. Tulisen aksara Jawa!a. 1 Januari warsa enggal.b. Yuswanipun 50 taun.c. Surya kaping 31 Desember 2011.d. Saiki taun 2012.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 46

e. Regane buku basa Jawa Rp. 17500.f. Selapan ana 35 dina.g. Sewindu ana 8 taun.h. Pandhawa cacahe ana 5.i. Indonesia mardika taun 1945.j. Aku duwe sapi 3 lemu-lemu.

4. Gantinen aksara Latin!a. ?bklHikifw[n;120;[snTi[mte/.b. ?setaunHn;12;wuln\,c. ?kurwcch[a;100;.d. ?kvCkuskels\;32;ln=;15;w[fon\;17;.e. ?[bo[bo[tTadiku;25;ki[log]m\,f. ?tmu[nsi=rwuh;16;k[bhnitih[mo[to/.g. ?tsHikixg[n;178500;rupiyh.h. ?[ynSeps/an;5;fin.i. ?taunKbist\;366;finTen\,j. ?fink/tini;21;Ap]il\,

UJI KOMPETENSI 7

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!

1. Tulisna tatakramane murid marang guru sing kok ngerteni!2. Tulisna tatakramane anak marang wong tuwa sing kok ngerteni!3. Kepriye tatakramane lan tetembungane manawa kowe telat mlebu kelas kamangka wulangan wis

diwiwiti?4. Kepriye tatakramane lan tetembungane manawa kowe pamitan marang wong tuwamu nalika arep

mangkat sekolah?5. Kepriye angggonmu matur manawa kowe nyuwun dipundhutke klambi anyar marang wong

tuwamu?6. Benerna panulise ukara ing ngisor iki nganggo ejaan Basa Jawa sing trep!

ono sawijining wanito numpak sepor karo nggendong anake seng iseh bayek, lagi nangis kepiyer. ora oleh lungguhan. ing sacedake kono ono kursi kang dilungguhi nom-noman. wes suwe wanito mau anggone mbudidoyo supoyo bayine gelem meneng. nanging tetep ora gelem meneng malah soyo sero anggone nanges.

7. Wenehna tuladha pakulinan ala kang ora sopan sing kok ngerteni loro wae!8. Gantinen Basa krama

a. Nalika mengeti dina Kartini kanca-kancaku padha nganggo busana dhaerah.b. Bapak guru padha nganggo busana kejawen katon gagah merbawani.c. Ibu guru padha jarikan lan nganggo kebaya mula anggone mlaku ngati-ngati.

9. Gantinen aksara Latin!?t=gl\;21;Ap]ilFi[pzetTib=sI[nDo[nsiypin=kfink/tini.

10. Gantinen aksara Jawa!

Wong memisuh iku ala, ora patut ditindakake dening bocah-bocah kang sopan.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 47

ULANGAN AKHIR SEMESTER 2

Pilihen salah siji wangsulan kang paling bener kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara A, B, C utawa D ing lembar wangsulan kang cumawis!

Wacan1

Ing sakawit bangsa Walanda tekane ana ing bumi Indonesia iku mung arep dagang. Gegandhengan nyumurupi kemakmurane negara Indonesia banjur tuwuh karepe kepengin Nguwasani. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan julig banget. Wekasane bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara sakisine nganti telung atus seket taun lawase.

Ana sawetara priyayi kang ngendika, manawa kalahe bangsa Indonesia dhek rikala nglawan Walanda amarga gegamane kalah modern. Bab iku mujudake Sawijining alesan sing kurang trep utawa kurang gumathok. Coba saiki kita priksani Perang Diponegoro. Pangeran Diponegoro anggone nglawan penjajah Walanda nganti limang taun suwene yaiku taun 1825 – 1830. Ing samengko kita bandingake karo Perang Dunia I kang suwene mung patang taun lawase yaiku taun 1914 – 1918.

Kanthi mangkono Perang Diponegoro bisa kanggo bukti manawa kekuwatan rakyat sing nyawiji dadi sawijining kekuwatan sing ampuh, ora gampang dikalahake. Bukti liyane maneh yaiku rikala perang kamardikan kabeh rakyat Indonesia anggolongake tekad nyawiji ngusir penjajah Walanda saka bumi Indonesia. Dadi cekak aose kalahe bangsa Indonesia anggone nglawan penjajah iku amarga ora ana persatuan lan kesatuan antarane bangsa Indonesia dhewe.

(Djarot Heru Santosa, 2008:73)

1. Menapa ancas tujuanipun bangsa Walanda dhateng ing Indonesia?a. Pados tanah jajahanb. Badhe dedaganganc. Badhe nguwasani Indonesiad. Badhe makmuraken nuswantara

2. Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara sakisine nganti telung atus seket taun lawase.Ukara pitakon kang trep tumrap wangsulan kasebut yaiku .....a. Pira suwene Walanda nguwasani bumi

Nuswantara?b. Kapan Walanda nguwasani bumi

Nuswantara?c. Pirang abad Walanda nguwasani bumi

Nuswantara?d. Apa sebabe dene Walanda bisa

nguwasani bumi Nuswantara?3. Tahun 1825 – 1830 ing bumi Nuswantara

ana kedadean apa?a. Bangsa Walanda teka ing bumi

Nuswantarab. Kongres Pemudha kapindhoc. Perang Diponegorod. Perang Dunia I

4. Bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara kanthi kasar lan julig. Tembung liyane julig yaiku ..a. Sawiyah-wiyahb. Sawenang-wenangc. Sugih balad. Sugih akal

5. Cekak aose kalahe bangsa Indonesia anggone nglawan penjajah iku amarga ora ana persatuan lan kesatuan antarane bangsa Indonesia dhewe.Tembung cekak aose bisa diganti tembung ....

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 48

a. Sakjaneb. Jebulanec. Sababed. Ringkesing tembung

6. Kekuwatan rakyat sing nyawiji dadi sawijining kekuwatan sing ampuh, ora gampang dikalahake. Kaya wujude ..... kang disuhi.a. Kesedb. Sapu sadac. Sapu sepedd. Sulak

Wacan 2

Dina Pahlawan 10 Nopember mujudake salah sijine prastawa paprangan kang kebak pangorbanan, kesinatriyan lan kepahlawanan. Bangsa Indonesia nalika mbela lan ngrungkebi lemah wutah getihe, isih sarwa sekeng gegamane. Sing diduweni amung gegayuhan lan semangat kepahlawanan kang makantar-kantar ing dhadhane arek-arek Surabaya lan para pejuwang kita kang wis kaloka ora gelem pasrah marang mungsuh. Tekad lan kekendelane iku dibuktekake kanthi semboyan “Merdeka atau mati”, “Rawe-rawe rantas, malang-malang putung”. Urip minangka bangsa kang mardika utawa gugur minangka kusumaning bangsa.

(Bahasa Jawa VII, Sumarlan, S.Pd. Hal. 637. Kang dadi dadi underaning gagasan ana

ing paragraf ing ndhuwur yaiku ....a. Urip minangka bangsa kang mardika

utawa gugur minangka kusumaning bangsa.

b. Bangsa Indonesia nalika mbela lan ngrungkebi lemah wutah getihe kanthi kebak semangat.

c. Arek-arek Surabaya lan para pejuwang kita nduweni semboyan “Merdeka atau mati”, “Rawe-rawe rantas, malang-malang putung”

d. Dina Pahlawan 10 Nopember mujudake salah sijine prastawa paprangan kang kebak pangorbanan, kesinatriyan lan kepahlawanan. Bangsa Indonesia

8. Semboyan “Rawe-rawe rantas makang-malang putung” nduweni teges ......a. Sapa sing ngalang-alangi sedyane

bakal disirnakakeb. Kamardikan mbutuhake pangurbanan

jiwa lan ragac. Kabeh gegayuhan mbutuhake

semangat lan wragad

d. Sapa sing kepengin kepenak uripe perlu usaha

9. Bangsa Indonesia nalika mbela lan ngrungkebi lemah wutah getihe, isih sarwa sekeng gegamane.Tembung sekeng tegese ....a. Tradisionalb. Sethithikc. Kekurangand. Mlarat

10. Arek-arek Surabaya lan para pejuwang kita kaloka ora gelem pasrah marang mungsuh.Dasanamane tembung kaloka kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Kawentarb. Kondhangc. Misuwurd. Kendel

11. Urip minangka bangsa kang mardika utawa gugur minangka kusumaning bangsa.Tembung gugur ing ukara ndhuwur padha tegese karo ukara ing ngisor iki:a. Raden Gathutkaca satriya kang luhur

bebudeneb. Kala Sekipu mati ndhepani bantala

dening Gathutkacac. Raden Kumbakarna nglilakake jiwa

ragane kanggo bumi Ngalengkad. Prabu Puntadewa iku ramane Raden

Pancawala12. Manawa mlaku nglancangi wong sing luwih

tuwa, anggoku matur ….a. Nuwun sewu ndherek langkung Pak!b. Nuwun sewu, kula mlampak riyin Pak!c. Nuwun sewu, kula ngrumiyini Pak!d. Nuwun sewu, kula tindak riyin Pak!

13. Aku liwat ngarepe Pak Guru kang lagi lenggahan, anggonku matur ….a. Nyuwun sewu Pak, dalem badhe

langkungb. Nyuwun sewu Pak, kula ajeng langkungc. Klawit sewu Pak, kula ajeng liwatd. Nuwun sewu Pak, ndherek langkung

14. Papan kang dicawisake kanggo wong mlaku (pejalan kaki) yaiku ….a. Marka jalan b. Trotoar c. Halted. Zebra cross

15. Astuti (atur) ibune manawa dheweke wis (siram) kembang mawar.

Tembung kang dikurung iku benere ….b. matur, nyiramic. ngaturi, nyiramid. matur, nyiramakee. matur, siram-siram

16. Mas Andi nukokake sepatu anyar. Tembung nukokake yen diwudhari sing bener ….a. n + tukon + akeb. n + tukok + ake

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 49

c. nukok + aked. n + tuku + ake

17. Pemimpin iku kudu bisa menehi conto kang becik marang andhahane, paripasane ….a. Ing ngarsa sung tuladhab. Ing madya mangun karsac. Tut wuri handayanid. Becik ketitik ala ketara

18. Bapak menawi ….. kantor ….. sepedha motor.a. dhateng, numpak b. tindak, nitihc. dhateng, nitihd. kesah dhateng, numpak

19. Mlaku karo wong sing luwih ringkih upamane karo adhik, becike …..

a. Adhik ana ngarepb. Adhik ana mburic. Adhik ana sisih tengend. Adhik ana sisih kiwa

Gatekna pratelan ing ngisor iki!1) mlaku disambi mangan2) mlaku ngati-ati lan waspada3) mlaku kanthi ngematake rambu-rambu

dalan4) mlaku karo ngilo, pupuran,

gandhengan20. Solah bawane wong mlaku supaya slamet

yaiku….a. 2,3b. 1,3c. 1,4d. 2,4

21. Tegese tandha rambu-rambu ing dhuwur ....a. Papan kanggo nyabrang b. zebra crossc. Akeh wong nyabrang d. Ngati-ati akeh wong nyabrang

22. Buku dongengku (silih) Nani, tekan saiki durung (bali).

Tembung ing njeron kurung benere ……a. disilihi, dibalekakeb. disilihake, dakbalekakec. disilih, dibalekaked. nyilihi, mbalekake

Wacan 3

Kepleset Kulit Gedhang

Kaya padatan, esuk-esuk bocah telu mangkat sekolah bebarengan. Kang digunem sadalan-dalan warna-warna; kalebu ulangan kang bakal diparingake Ibu Guru Ambarwati mengko jam kaping sapisan. Yakuwi ulangan IPA.

Rumangsa akeh kang durung ngreti, sinambi mlaku Bambang maca buku, sinau IPA. Karo sadhela-dhela takon marang Junaedi lan Partana. Bambang goreh atine. Jebul akeh bab kang pancen durung dingerteni. Mula bola-bali takon marang kancane.

23. Intisari wacan paragraph 1 ing ndhuwur yaiku ....a. Bambang arep mangkat sekolahb. Bambang mlaku sinambi sinauc. Bambang arep ulangan IPAd. Bambang sakanca mangkat sekolah

24. Ing ngisor iki solah bawane Bambang kang ora prayoga yaiku ....a. Bambang mlaku bareng karo kancaneb. Bambang mlaku sinambi maca bukuc. Bambang bola-bali takon kancaned. Bambang durung sinau IPA

25. Kaya padatan esuk-esuk bocah telu mangkat sekolah bebarengan. Tembung padatan tegese ...a. Biyenb. Kulinac. Adat sabend. Wingi-wingi

26. Tanggal 12 Mulud, yen ditulis Jawa …… a. ?t=gl\;12;muluf.

b. ?t=gL:12:mulF|.

c. ?t=gl\ 12muluf\,

d. ?t=gl\ ;12;muluf\,27. Ayo mlaku bareng. Yen ditulis Jawa....

a. ?a[yomLkubx=.b. ?a[yomLkubr_.c. ?aymLkubr_.d. ?a[yomlkubrez\,

28. Pengetan dina Kartini tanggal ...... April.a. :12:b. :22:c. :21:d. :20:

29. ?mLkuwsi=ztiati. Unine tulisan Jawa kasebut .....

a. Mlaku kanthi ngati-ati.b. Mlakua kang ngati-ati.c. Mlakua ing sisih kiwa.d. Mlakua sing ngati-ati.

30. ?ttk]mjwkufufijg. Tulisan Jawa iki unine ....

a. Tatakrama Jawa kudu dijaga.b. Tatacara Jawa kudu dijaga.c. Tatakrama Jawa kudu den jaga.d. Tatakrama Jawa padha dijaga.

Wacan 4

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 50

Nindakake tata krama iku padha karo nggunakake pangati-ati, deduga lan prayoga. Kabeh tumindake wong urip kuwi becik yen tansah nganggo deduga, prayoga, pangira-ira, pangati-ati, reringa, weweka. Kabeh kuwi padha tegese. Ingkang Sinuwun Pakubuwana IV ing bukune Wulangreh paring dhawuh menawa duga lan prayoga iku katindakake yen pinuju lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu, mangan, sebab duga lan prayoga iku pirantining urip sing ora kena ditinggal.

31. Apa intisarine wacan ing dhuwur?a. Nindakake tatakrama iku kudu

nggunakake duga lan prayogab. Nindakake tatakrama padha karo

nggunakake pangati-ati

c. Kabeh tumindake wong urip kuwi becik yen tansah nganggo deduga, prayoga, pangira-ira, pangati-ati, reringa, weweka

d. Tatakrama iku pirantining urip sing ora kena Ditinggal

32. Ingkang Sinuwun Pakubuwana IV ing bukune Wulangreh paring dhawuh menawa duga lan prayoga iku katindakake yen pinuju ....a. lungguh, ngadeg, mlaku, omongb. lungguh, ngadeg, mlaku, omong,

menengc. lungguh, ngadeg, mlaku, omong,

meneng, turud. lungguh, ngadeg, mlaku, omong,

meneng, turu, mangan

Wacan 5

Garebeg Sekaten

Garebeg Mulud asring kasebat Sekaten. Garebeg Sekaten kapendhet saking namaning gamelan pusaka Kyai Sekati saking Kraton Majapahit. Ing kraton Ngayogyakarta. Gamelan Kyai Sekati dumados saking kalih prangkat gamelan, inggih punika gamelan Kyai Gunturmadu kaliyan Nagawilaga. Sejatosipun upacara Garebeg menika tetilaranipun tradisi krajan Majapahit ingkang ing rikala semanten namanipun Sradha Agung. Nalika Jaman Demak dening para wali dipunagem pinangka sarana dhakwah agami Islam.

Adicara ingkang baku inggih punika Garebeg Mulud utawi Pasowanan Mulud utawi Sekaten. Adicara punika awujud kegiyatan waosan riwayat Nabi

Muhammad SAW lan salawat Nabi. Adicara punika kawontenaken ing Masjid Agung Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadingrat dening Kyai Kanjeng Pengulu. Biasanipun Sri Sultan tedhak saperlu ngrawuhi adicara punika. Ing pasowanan punika Sultan paring sedhekah kangge para kawula ingkang dipun wastani nyebar udhik-udhik ingkang dumados saking arta receh tuwin palawija

33. Upacara Garebeg ana ing jaman Majapahit diarani ….a. Sekatenb. Sradha Agungc. Nyadrand. Galungan

34. Apa jenenge gamelan pusaka Kyai Sekati iku?a. Kyai Guntur Madu & Kyai Naga Wilagab. Kyai Guntur Manis & Kyai Guntur Maduc. Kyai Madu Sari & Kyai Nagawilagad. Udan Arum & Kyai Jimat

35. Apa maknane dene Sri Sultan nyebar udhik-udhik?a. Sultan paring sedhekah marang para

kawulaneb. Sultan paring bebungah marang para

kawulanec. Sultan paring ganjaran marang para

kawulaned. Sultan maringi dhuwit lan pangan

marang kabeh para kawula lan sentana36. Dinten Isro’ Mi’roj punika pengetan ……

Nabi Muhammad SAW dhateng ngarsanipun Allah SWT.a. Minggahipun b. Mandhapipunc. Miyosipun d. Sedanipun

37. Dinten Nuzulul Qur’an punika pengetan ….. kitab suci Al Qur’ana. Tumurinipun b. Panampinipunc. Waosand. Panyeratipun

38. Dinten Idul Fitri punika dinten pengetan umat Islam sampun rampung nindakakaen ….. ing wulan Ramadhana. Hajib. Shalat id c. Siyamd. Khataman

39. Nabi Muhammad SAW lahir nalika 12 Robi’ul Awal wonten ing Mekah. Robi’ul Awal iku yen sasi Jawa wulan .....a. Surab. Rejepc. Muludd. Besar

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 51

40. ...... Ki Hajar Dewantara tanggal 2 Mei dipun pengeti pinangka Hari Pendidikan Nasional.Tembung ingkang trep kangge ngisi cecek-cecek kasebat inggih menika .....a. Sedanipunb. Wilujengipunc. Jengkaripund. Miyosipun

41. Bapak : Le, kowe yen tak jak nonton Pasar malem gelem apa ora le? Anton : Wah ….Pak, ……sanget menawi bapak saestu ngajak kula.

a. Purun, remenb. kersa, senengc. Purun, senengd. gelem, remen

42. Adi : Menawi Bapak …Garebeg menapa …. kula …Pak?

Bapak : Ya mesthi wae oleh, janji kowe prei!

a. Mriksani, angsal, tumutb. Mriksani, kepareng, ndherekc. Ningali, oleh, tumutd. Nonton, angsal, ndherek

43. Tana matur Bu Guru kanthi tangan ngapurancang. Tegese ngapurancang ....a. Tangan dilebokake ana ing sak clanab. Tangan ngepel ing pupu kaya patrape

wong baris c. Driji kiwa lan tengen ditangkupake nuli

diselehake ing sangarepe setutd. Tangan dibanda ing buri utawa posisi

istirahat44. Ibu maos kalawarti ing kamar tamu. Kang

pinangka Lesan ing ukara iku ….a. ibub. kalawaric. maosd. kamar tamu

45. Adhiku lan kancane padha sinau. Ukara iki polane …a. J-Wb. J-W-Kc. J-W-Ld. J-W-L-K

46. Endi sing dudu rura basa?a. Adhik lagi nggodhog wedangb. Ibu anam klasa ing omah ngarepc. Kodhok kuwi teka-teka ndhodhokd. Yu Tum lagi adang thiwul

47. Ukara kang ngemot kerata basa yaiku ….a. Bu Dhe Marta lagi tandur ing sawahb. Bapak lagi negor gedhangc. Yen saka sendhang nyangkinga banyu d. Sing mikul dhawet kae sapa?

48. Saben selapan dina dianakake rapat kampung. Selapan dina iku ana …. dinaa. 35b. 30c. 25

d. 2049. Bu Guru : “Para siswa sapa kang ngerti,

Raden Ajeng Kartini iku lair tanggap pira?”Siswa : ..................................

Wangsulane siswa kang bener .....a. Setunggal likur Aprilb. Kalihdasa setunggal Aprilc. Selikur Aprild. Sijilikur April

50. Urutan dina Pancawara sing bener yaiku ....a. Pon, Legi, Wage, Kliwon , Pahingb. Legi, Pon , Pahing Kliwon, Wagec. Pahing, Kliwon, Wage, Pon, Legid. Legi, Pahing, Pon, Wage, Kliwon

Sugeng Makarya

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 52

DAFTAR PUSTAKA

Djarot Heru Santosa. 2008. Piwulang Basa Jawa VII. Klaten: PT. Intan Pariwara

Darusuprapto, dkk. 2003. Pedoman Penulisan Aksara Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama

Etty Dwaryati, dkk. 1995. Bahasa Jawa 1. Jakarta: Yudhistira.

Haryana Harjawiyana. 1997. Marsudi Basa 1. Yogyakarta: Kanisius.

Mas Fredy Heryanto. 2005. Mengenal Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. Yogyakarta: Warna Grafika.

Mohammad Ngafenan. 1995. Paribasan Bebasan Saloka. Semarang : C.V. Aneka.

Padmasukaca. 1956. Pathine Paramasastra. Jakarta: Nurhop Kolêp.

Poerwadarminta. 1939. Bausastra Djawa. Batavia: JB. Wolters Uitgevers Maatschappij Groningen

Sri Hartuti, C. 1997. Pustaka Aruming Basa 1B. Yogyakarta: CV. Radhita Buana.

__________.2007. LKS Gladhi Basa Jawi VII. Yogyakarta: C.V. Radhita Buana.

Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka. 1989. Paramasastra Jawa Gagrag Anyar. Surabaya: PT. Citra Jaya Murti.

Subalidinata, R.S. 1994. Kawruh Paramasastra Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama

Sudi Yatmana. 1992. Urip Tentrem Raharja. Jakarta: PT. Gramedia Widiasarana.

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 53

___________. 1993. Ajar Basa 5. Semarang: Aneka Ilmu.

Sumarlan. 2007. Bahasa Jawa VII. Surakarta: New Star.

Suryadipura, R.T, dkk. 2008. Cara Belajar Membaca dan Menulis Huruf Jawa 2. Bandung:

CV. Yrama Widya.

Blog Taman Bacaan Bastari Samarinda

Wikipedia Basa Jawa

nguripuripbasajawa.blogspot.com/ Sugeng Kariyodiharjo

http://thnurani.blogspot.com

yswan.staff.uns.ac.id/

herjawa.blogspot.com/2010

Gladhi Basa Jawi 7 Semester Genap Page 54