MakuthaKanggoRatu Alam...Inang Kalikasan nganggo lemah kang subur...

26
Makutha Kanggo Ratu Alam letsreadasia.org

Transcript of MakuthaKanggoRatu Alam...Inang Kalikasan nganggo lemah kang subur...

Makutha Kanggo RatuAlam

letsreadasia.org

Pangripta, pangilustrasi, lan CANVASnyengkuyung sapa wae kanggo nyebar bukuiki lan panjarwane, nanging gambar ing njerobuku ini ora kena diowahi. Matur nuwun.

1

Inang Kalikasan nganggo lemah kang suburlan segara biru resik kanggo roke. Sapelataranmawar putih sing endah lan wangi dadiklambine. Kulit kayu coklat sing alus saka wit-wit alas sing kukuh mbungkus dheweke sakasirah nganti sikil. Praupane ayu lan seger.Rambute ireng kaya mega wayah wengi lanbundere kaya bumi.

2

Pang wit lan godhong njedhul saka sirahe,mula kuwi sing dadi masalahe Inang Kalikasan.Pang wit lan godhong mau marai manuk-manuk gawe susuh ing sirahe Inang Kalikasan.Dheweke pancen seneng dikancani manuk-manuk lan krungu ocehane, nanging, susuhemanuk marai rambute morak-marik. Damen,pang, lan telek manuk mulai ngebaki sirahesing maune endah. Dheweke nyoba nggusahpara manuk, nanging manuk padha bali langawe susuh maneh nalika Inang Kalikasanturu.

3

”Rambutku iki kudu tak apakne?” takone InangKalikasan marang Srengege. ”Aku jane senengbanget karo manuk-manuk kuwi, ning ajamanggon neng sirahku.”

”Kowe tau nutupi sirahmu nganggo caping?”takone Srengege.

”Godhongku bakal mati yen ora kena sorotmu,Srengege. Sirahku uga ora bisa kena udan yenaku nganggo caping.”

4

”Yen ngono ajarana manuk-manuk kuwi supaya resikan nalika manggonneng sirahmu.” ”Manuk-manuk kuwi mardika,Srengenge sayang. Aku ora bakal ngubahsipat asline gur dinggo nyenengake awakku.””Yen ngono aku ora bisa ngewenehi saranmeneh. Aku njaluk ngapura, ratuku kangtanpa makutha.”

5

”Ya kuwi!” tembunge Inang Kalikasan. ”Kowewicaksana tenan, oh Srengengekang padhang!” ”Aku?” Srengenge ngukursirahe. ”Makutha! Makutha!” Inang Kalikasanlunjak-lunjak. ”Kuwi sing tak butuhake, yaikumakutha!”

6

Inang Kalikasan ngakon Angin, ”Mabura singadoh. Kandhakna marang kabeh yen InangKalikasan butuh makutha. Sapa wae singnggawa makutha paling apik kanggo sirahkubakal nampa hadiah.”

7

Angin banjur mabur lan ngumumake welingeratune mau kanggo kabeh makluk sakdonya.Sesuke, InangKalikasan nyawang saka jendhelane lan anabarisan dawa. Kabeh mahluk padha nggawamakutha kanggo ratune.

8

9

Sakelompok duyung duyung lanang lan wadonngaturake makutha saka koral, banyu laut,lan iwak. Nanging makuthane krasa abot lannglarani sirahe. Luwih ora kepenak maneh,banyu saka makutha kuwi marai teles, laniwak padha gelut karo manuk. Ratu maturnuwun marang warga laut, lan ngundangliyane kanggo gawe makutha.

10

Peri-peri saka taman nggawakake makuthakembang. Rante saka kembangmanekawernadironce dadi makutha.Inang Kalikasan ngambung wangine makutha.Nalika dheweke nyoba masang makuthane,kembang-kembang kuwi ngrambat ing rambutlan pang sing ana ing sirahe Ratu. Emane,makuthane ora awet amarga manuk-manuknjupuki kembang lan rambatane kanggo gawesusuh.

11

Sawise iku makutha saka kewan-kewan alas. Makuthane digawe saka kulit kayulan pang. Inang Kalikasan ngilo lan nyawangyen makutha iku persis kaya pang-pang nengsirahe.

12

Para malaikat nggawakake makutha sakamega sing mumbul terus lan ora bisa nemplekneng sirahe Inang Kalikasan.

13

Raksesa nggawakakemakutha saka watu kanglangsung ditolak lan ora dicoba. Makutha kuwigedhe lan abot banget.

14

Para kurcaci gawe makutha cilik banget sakaemas lan logam, tibake gur bisa dadi gelangeRatu.

15

Srengege menehi makutha saka sorot langeni. Nanging makutha iku padhang banget,nglarani mripate Inang Kalikasan. Wulanlan lintang ngaturi makutha saka suwekanmega wengi, kang emane ora ketok nalikadisandhingke neng rambute Ratu kang ireng.

16

Pungkasane, sarombongan bocah mleburuangan arep ngaturi makutha.

17

”Kulanuwun,Inang Kalikasan!” kandhane Maya, pemimpinebocah-bocah kuwi. Saka kranjange,Maya njupuk omah manuk gaweane dhewe.”Makutha niki kula cet werni ijo. Kula ngertospanjenengan remen kaliyan werna menika.”

18

Inang Kalikasan ngangkat Maya lan ngolehakebocah cilik wedhok kui masang omah manukning sirahe. Sakdurunge Inang Kalikasanngudhunake Maya, ana manuk sing mlebusawijining omah manuk iku.

19

Bocah-bocah liyane niru Maya. Saben bocahngaturi omah manuk. Omah-omah manuk ikuwerna lan bentuke beda-beda. Bocah-bocahiku ngati-ati masang omah manuk neng siraheKalikasan. Saben omah manuk langsungdileboni manuk.

20

Sawise bocah sing paling keri masang omahmanuk neng sirahe Inang Kalikasan, Ratungilo. Makuthanemarakake pang lan godhongdadi apik, rambute Ratu dadi luwih endah,sirahe dadi luwih resik, lan paramanuk iku dadiduwe omah sing apik.

21

Inang Kalikasan mesem. ”Aku milih hadhiahebocah-bocah iki kanggomakuthaku,” kandhane InangKalikasan marang donya. ”Bocah-bocah, saikipadha pengin apa? Lapangan kanggo playonsedina? Alas sing isine wit-witan kanggopenekan dan kewan-kewan sing bisa dijakdolanan? Utawa tlaga neng nggonanmudhewe kanggo nglangi lan dolanan karo iwaksaka subuh nganti surup?”

22

Maya mlangkah maju lan ngomong, ”Sedayaniku sampun panjenengan paringaken, InangKalikasan!” Inang Kalikasan mesem. Manuk-manuk ngoceh. Inang Kalikasan lan bocah-bocah padha njoged. Sing teka ing kanamesem lan ngguyu, banjur melu njoged.Kabeh melu pesta nganti wulan lan lintangmetu. Saiki wayahe turu.

23

24

Brought to you by

Let’s Read! is an initiative of The Asia Foundation’s Books for Asiaprogram that fosters young readers in Asia. booksforasia.org

To read more books like this and get further information aboutthis book, visit letsreadasia.org

Original StoryMother Nature’s Bad Hair Day, author: Recle E. Vibal. Published byCANVAS, http://www.canvas.ph/art-and-stories/inang-kalikasans-bad-hair-day ©CANVAS. Released under CC BY 4.0.

This work is a modified version of the original story. © The AsiaFoundation, 2019. Some rights reserved. Released under CC BY4.0.

For full terms of use and attribution,http://creativecommons.org/licenses/by/4.0/

Contributing translators: Citra Pertiwi Rahayuningsih, Krismariana,Yayasan Litara, and Anna Farida