MATERI PENGAYAAN - Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari...

69
WULANGAN 5 ETIKA LALU LINTAS NYEMAK Kompetensi Dasar : 5.1. Menanggapi isi wacana lisan rambu-rambu lalulintas melalui media elektronik Indikator : 1. Menceritakan kembali tayangan video tentang lalu lintas dalam santun bahasa Jawa ngoko alus atau krama 2. Mengidentifikasi bentuk-bentuk pelanggaran tata-tertib berlalu lintas dalam tayangan video 3. Menyebutkan jenis-jenis rambu lalu lintas dengan tepat 4. Menjelaskan makna rambu-rambu lalu lintas dari gambar tersaji dengan tepat A. Semaken tayangan video iki! Kecelakaan maut Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas Perilaku buruk pengendara motor Animasi penggunaan helm standar (Sumber : Youtobe) Gladhen 1 1. Critakna maneh salah siji episode ing tayangan video ngenani lalu lintas kang nembe kok semak mau kanthi basa ngoko alus utawa krama! 2. Kesalahan / pelanggaran apa wae kang ditindakake wong-wong kang padha numpak kendharaan ana ing tayangan video mau 3. Kepriye panemumu sawise nonton video ngenani lalu lintas mau? B. Wacanen kanthi sora, dene liyane nyemak! RAMBU LALU LINTAS Awake dhewe kerep banget nyumurupi tandha rambu- rambu lalu lintas ana ing dalan ana kang awujud bunderan, kothak, paju telu/segitiga lan liya-liyane. Rambu lalu lintas mujudake salah LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 1

Transcript of MATERI PENGAYAAN - Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari...

Page 1: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

WULANGAN 5ETIKA LALU LINTAS

NYEMAK

Kompetensi Dasar : 5.1. Menanggapi isi wacana lisan rambu-rambu lalulintas melalui media elektronikIndikator :1. Menceritakan kembali tayangan video tentang lalu lintas dalam santun bahasa Jawa

ngoko alus atau krama2. Mengidentifikasi bentuk-bentuk pelanggaran tata-tertib berlalu lintas dalam tayangan

video3. Menyebutkan jenis-jenis rambu lalu lintas dengan tepat4. Menjelaskan makna rambu-rambu lalu lintas dari gambar tersaji dengan tepat

A. Semaken tayangan video iki!

Kecelakaan maut Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas Perilaku buruk pengendara motor Animasi penggunaan helm standar

(Sumber : Youtobe)Gladhen 1

1. Critakna maneh salah siji episode ing tayangan video ngenani lalu lintas kang nembe kok semak mau kanthi basa ngoko alus utawa krama!

2. Kesalahan / pelanggaran apa wae kang ditindakake wong-wong kang padha numpak kendharaan ana ing tayangan video mau

3. Kepriye panemumu sawise nonton video ngenani lalu lintas mau?

B. Wacanen kanthi sora, dene liyane nyemak!

RAMBU LALU LINTAS

Awake dhewe kerep banget nyumurupi tandha rambu- rambu lalu lintas ana ing dalan ana kang awujud bunderan, kothak, paju telu/segitiga lan liya-liyane. Rambu lalu lintas mujudake salah sawijining piranti kelengkapan dalan kanthi wujud mligi lan ngemot lambang, aksara, angka, ukara utawa gabungan kuwi mau kang digunakake kanggo menehi pepenget, wewaler, prentah lan pituduh tumrap sapa wae kang migunakake dalan. Murih rambu bisa katon cetha disawang mripat ing wanci awan, bengi utawa ing wanci udan mula tandha rambu-rambu lalu lintas biasane digawe saka bahan reflektif, saengga wong sing padha nglakokake kendharaan bisa dituntun dening rambu-rambu mau.

Adhedhasar pesen kang kinandhut, rambu lalu lintas bisa dikelompokake dadi lima , yaiku:

1. Rambu pepenget (Rambu Peringatan)

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 1

Page 2: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Yaiku rambu kang isi pepenget anane bebaya murih kang padha nitih kendharaan ngati-ati anggone nglakokake kendharaane. Biasane rambu jenis iki kanthi werna dhasar kuning kanthi lambang utawa tulisan sarta list ireng. Rambu pepenget wujude bujur sangkar utawa segitiga sama sisi kanthi list abang. Tuladha:

Simpang papat Simpang telu Dalan lunyu

Longsor Dalan mendhak-mendhukul Ana simpangan

2. Rambu pituduh (Rambu Petunjuk)Yaiku rambu kang menehi pituduh utawa katrangan marang sapa wae kang nglakokake kendharaan utawa sapa wae kang migunakake dalan, ngenani arah kang kudu ditempuh utawa mapane sawijining kutha kang arep dituju, papan fasilitas umum kayata masjid, SPBU, restoran lan liya-liyane . Biasane kanthi werna dhasar ijo lan tulisan putih. Rambu pituduh iki wujude persegi panjang Tuladha :

3. Rambu Wewaler (Rambu Larangan)Rambu iki kanggo nglarang kabeh jenis lalu lintas tertamtu kang padha migunakake dalan, jurusan utawa papan-papan mligi. Rambu wewaler wujude bunder/lingkaran Werna dhasar kang dipigunakake yaiku abang kanthi gambar utawa tulisan putih utawa ireng Tuladha:

Kebeh kendharaan ora oleh mlebu Ora oleh mlebu Mobil ora oleh mlebu

Sepedha motor ora oleh mlebu Sepedha ora oleh mlebu Wong mlaku ora oleh mlebu

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 2

Page 3: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Mobil lan Sepedha motor ora oleh mlebu Truk ora oleh mlebu

4. Rambu Prentah (Rambu Perintah)Rambu iki kanggo mrentah kabeh jenis lalu lintas tertamtu kang padha migunakake dalan lan kudu wajib ditindakake. Tuladha :

Rambu Stop (kudu mandheg) Wenehi kalodhangan (Beri kesempatan)

Wajib ngubengi bunderan Wajib mbelok ngiwa

(Terjemahan bebas saka Wikipedia Bahasa Indonesia)

Gladhen 2Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi basa krama!1. Apa sing diarani rambu-rambu lalu lintas iku?

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Sebutna jenise rambu-rambu lalu lintas!Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Sebutna warna dhasar kang digunakake ana ing rambu-rambu lalu lintas!Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Apa pigunane rambu-rambu lalu lintas tumrap kang padha migunakake dalan?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Genea rambu lalu lintas digawe saka bahan reflektif?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Tutupen bukumu nuli :a. Gambarna tandha rambu lalu lintas kang nelakake larangan 2 wae!b. Gambarna tandha rambu lalu lintas kang nelakake pepenget 2 wae!c. Gambarna tanda rambu lalu lintas kang nelakake prentah 1 wae!

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 3

Page 4: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

d. Gambarna tanda rambu lalu lintas kang nelakake papan fasilitas umum 2 wae!7. Apa tegese tandha rambu-rambu lalu lintas iki?

NO GAMBARTEGES

BASA INDONESIA TEGES BASA JAWA

1

2

3

4

5

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 4

Page 5: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

6

7

8

9

10

MICARA

Kompetensi Dasar6.1Menceritakan dan menanggapi wacana rambu-rambu kelalulintasan

sesuai unggah-ungguhIndikator

1. Menceritakan kembali isi wacana dalam santun bahasa Jawa krama

2. Mengartikan kata-kata penting dalam bacaan3. Menanggapi isi wacana dalam santun bahasa Jawa kram4. Menyebutkan etika berlalulintas yang benar5. Menerapkan etika berlalulintas dalam kehidupan sehari-hari6. Mengartikan ungkapan tradisional

A. Wacanen kanthi sora, cetha, lan intonasi kang bener!

Etika lan Sopan-santun Lalu lintas

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 5

Page 6: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Lalu lintas lan angkutan dalan mujudake kabutuhan dhasar kang banget wigati tumraping manungsa pinangka srana interaksi social, mula saka iku murih bisa mahanani lalu lintas kang aman, slamet, tertib, lan lancar mbutuhake etika lan sopan santun lalu lintas, murih tumanem ing dhiri pribadi . Anane kacilakan lalu lintas akeh-akehe disebabake anane pehak- pehak kang padha lena , sembrana, lan lirwa saka kuwajibane nuhoni etika lan sopan santun lalu lintas (ora menehi hak marang sapa wae kang migunakake dalan, ora nggatekake kahanan lalu lintas ing ngarep, ing mburi, kiwa lan tengene, nyalip kendharaan tanpa nggatekake kendharaan liya, lsp). Mula kanggo nanggulangi perkara-perkara mau perlu tuntunan nindakake etika lan sopan santun lalu lintas kaya ing ngisor iki

1. Sikeping pengemudi kang becik : Naliti kondhisi fisik kendharan, kayata: busi, banyu kanggo radiator, bensin,

oli, klakson, lampu, ban, lsp. Nggawa layang-layang kendharaan kayata : SIM, STNK lan layang-layang

liyane kang dibutuhake ana ing dalan lan aja lali ligh on ing wanci awan tumrap motor.

Tumrap sing nitih motor : helm standar nasional, lan luwih becik kelengkapan liyane kayata sarung tangan, masker, jaket, lan sepatu. Dene kelengkapan tumrap sopir sabuk pengaman.

Nalika nyopir utawa nglakokake motor kang waspada, konsentrasi, awak sehat, ora sayah, ora ngantuk, lan ora disambi aktivitas liyane kayata migunakake HP, nonton siran TV ing mobil. Tumindak kaya mangkono mau mbebayani banget tumrap keslametane si sopir lan penumpang uga tumrap wong liya kang migunakake dalan.

Kang ora kurang wigati kudu migatekake rambu lalu lintas lan marka jalan , alat pemberi isyarat lalu lintas (Apill) sarta isarat gerakan lalu lintas awit kabeh kuwi mau mujudake pituduh tumrap sapa wae kang nglakokake kendharaan murih arus lalu lintas bisa lancar ora macet, slamet ora dumadi kacilakan lalu lintas.

2. Sikep nalika nyopir utawa nglakokake motor Nalika arep menggok utawa balik arah kudu migatekake kahanan lalu lintas

ing ngarep, kiwa tengene, lan mburine kendharaan sarta kudu menehi isarat (Pasal 112 ayat (1) UULAJ)

Nalika arep pindhah lajur utawa arep nengen utawa ngiwa kudu migatekake kahanan lalu lintas ing ngarep, kiwa tengene, lan mburine kendharaan sarta kudu menehi isarat (Pasal 112 ayat (2) UULAJ)

Nalika ana ing simpangan dalan kang dikantheni Api (Alat Pemberi Isyarat), ora oleh menggok ngiwa kajaba katemtokake rambu lalu lintas utawa ing simpangan kang ora ana Api-ne

Menehi kalodhangan tumrap kendharaan saka ngarep utawa saka arah cawang simpangan liya manawa bab kasebut kapratelakake mawa rambu utawa marka lalu lintas

Menehi kalodhangan tumrap kendharaan kang teka saka dalan gedhe (utama) manawa pengemudi saka dalan cilik (cawang) utawa pekarangan kang wewatesan karo dalan gedhe

Menehi kalodhangan kendharaan kang teka saka arah prapatan Menehi kalodhangan tumrap kendharaan kang teka saka arah cawang sisih

kiwa ing protelon kang ora tegak lurus Menehi kalodhangan tumrap kendharaan kang teka saka tengen manawa ana

ing simpangan kang mawa bunderan lan dikantheni Api

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 6

Page 7: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Manawa ana ing simpangan sepur kudu : mandheg nalika weruh sinyal wis keprungu lan palang sepur wis nutup; ndhisikake lakune sepur; menehi kalodhangan tumrap kendharaan kang luwih dhisik ngliwati rel sepur

3. Nalika arep nyalip (Pasal 109 UULJ) Migunakake jalur utawa lajur tengen kendharaan sing arep didhisiki Kudu nggatekake jarak pandang kang cukup lan pandangan ora kalingan kudu menehi kalodhang luwih dhisik tumrap kendharaan kang wis menehi

isyarat arep pindhah lajur

B. Wacan ing ndhuwur ringkesen nuli critakna nganggo basa krama ana ing ngarep kelas!Papan kanggo nggarap :………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

C. Tembung-tembung iki golekana tegese ana ing bausastra nuli gawenen ukara

NO TEMBUNG TEGESE UKARA

1 Wigati2 Mahanani3 Etika4 Lirwa5 Nuhoni6 Lena7 Kalodhangan8 Isarat9 Migatekake10 Dumadi

D. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!1. Manut panemu apa wae sing bisa nyebabake kacilakan lalu lintas?

Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Apa pigunane etika lalu lintas iku?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Wenehana tuladha etikane nalika numpak motor!Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Manut panemu kepriye menawa ana wong nglakokake motor utawa nyopir padha disambi SMS-an utawa migunakake HP? Geneya?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 7

Page 8: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

5. Apa wae etikane manawa arep dhisiki/nyalip kendharaan ing ngarepe?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Apa sing diarani marka jalan iku? Ana pira wujude, lan apa tegese? Jlentrehna!Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Kepriye etikane manawa nglakokake motor/nyopir ngliwati prapatan utawa protelon?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8. Wenehana tuladhane sing kalebu API (Alat Pemberi Isyarat)!Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

9. Kepriye etikane manawa ngliwati simpangan sepur?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

10. Kepriye akibate manawa wong sing padha nenumpak kendharaan ing dalan ora padha nggatekake rambu-rambu lalu lintas lan ora nganggo etika berlalulintas?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...

E. Apa tegese ungkapan tradisional ing ngisor iki ?1. Sluman slumun slamet2. Yitna yuwana lena kena3. Alon-alon waton klakon4. Ana bapang sumimpang5. Anggawa ban serep6. Bathang ucap-ucap7. Kebat kliwat gancang pincang8. Sing sapa lena bakal cilaka9. Tumindak kanthi duga lan prayoga10. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pekoleh

Pilihan wangsulan : Sanadyam kanthi alon menawa terus nindakake, mesthi bakal kaleksanan sedyane Senadyan kurang pangati-ati, nanging tansah nemu keslametan Nindakake pakaryan kanthi kebak pangati-ati lan duga kira Sapa sing prayitna bakal slamet, sing sembrana bakal nemahi cilaka Mlaku ing papan adoh kang banget mbebayani Nyingkiri reribed Sapa sing sembrana bakal nemahi cilaka Yen olehe nindakake kanthi rerikatan (kesusu) adate hasile ora maremake Tansah sumadia jagan-jagan Nyambut gawe ora prelu kesusu amrih slamet

MACA

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 8

Page 9: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Kompetensi Dasar: Membaca dan menanggapi wacana sederhana rambu-rambu kelalulintasan beraksara JawaIndikator :

1. Membaca wacana rambu-rambu kelalulintasan beraksara Jawa dengan tepat

2. Mengalih aksara wacana beraksara Jawa ke dalam aksara Latin sesuai dengan EYD bahasa Jawa

3. Menjawab pertanyaan bacaan

A. Wacana mawa aksara Jawa ing ngisor iki wacanen kanthi tliti lan bener!

?nu[aonNip]ntn¿,

?si=fiyrnNi[w=odisipLinHiku,[w=osi=nu[aonNip]ntnL[nHorg[wkpitunni=liyn¿,tnD[n[w=odisipLinHikubecikKp]ib[d[nN,luau/bufi[n,gnepTtk]m[n,z[jnNimr=[w=oliy.aupm[nHi=bbgnLlulinTs¿rmB|rmB|ymnDeg¿jlrnF|mfi[nkcilknLlulinTsKwiwitTnZl=g/rmB|rmB|.[w=oliyffiku/bn¿[r[potLn>ks.mulanbene/[rdisipLinHikune[mTokkensib¿,a[yoprsisWffiymurifK=disipLin¿supybislvC/sinau[n,wrsHw[kK,ai=me_[ko[nbisauripTenT~mLnHyem¿,

B. Wacana mawa aksara Jawa ing ndhuwur gantinen aksara Latin manut tatanan EYD basa Jawa kang trep!Papan kanggo nggarap :………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

C. Wangsulana pitakonan iki adhedhasar wacan Jawa ing ndhuwur!1. Apa irah-irahan wacan kasebut?

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 9

Page 10: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Wangsulan : ………………………………………………………………….2. Wong dhisiplin iku wong kang kepriye?

Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Dhisiplin ana gegayutane karo uripe manungsa, kepriye karepe ?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Apa kowe wis diarni wong dhisiplin netepi aturan lalulintas?Andharna! lan apa sebabe?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Apa akibate manawa wong ora padha dhisiplin, ora padha netepi aturan lalulintas?Andharna panemumu!Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...

NULIS

Kompetensi Dasar7.1 Menulis karangan rambu-rambu kelalulintasan beraksara Latin7.2 Menulis karangan sederhana rambu-rambu kelalulintasan beraksara Jawa

Indikator1. Menentukan topic karangan2. Membuat kerangka karangan3. Mengembangkan kerangka karangan menjadi karangan utuh dalam bahasa Jawa krama

dengan memperhatikan diksi, ejaan dan keefektifan kalimat4. Membetulkan penulisan kalimat sesuai dengan aturan EYD bahasa Jawa5. Menyalin sebagian hasil karangan siswa tentang rambu-rambu kelalulintasan kedalam

aksara Jawa6. Menulis kalimat sederhana rambu-rambu kelalulintasan beraksara Jawa7. Menuliskan arti rambu-rambu lalulintas ke dalam aksara Jawa

A. Nulis Karangan Rambu-rambu Lalu lintas mawa Aksara Latin1. Gawea karangan ngenani rambu-rambu kelalulintasan adhedhasar gambar ing ngisor iki,

supaya karanganmu bisa runtut lan becik gatekna pituduh ing ngisor iki!

a. Goleka tema kang narik kawigatenmub. Gawea cengkorongane karanganc. Mekarna cengkorongan karangan mau dadi karangan wutuh kanthi basa kramad. Gatekna pamilihing tembung, ejaan sarta tandha-tandha panulisan ing karanganmue. Irah-irahan lan isi jumbuhf. Dawane karangan akeh-akehe sarai buku.

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 10

Page 11: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Gambar 1 : Balapan Liar

Gambar 2 : Parkir Sembarangan

Gambar 3 : Numpak montor disambi HP-nan

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 11

Page 12: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

2. Ukara ing ngisor iki benerna manut tatanan EYD basa Jawa sing baku!a. pks puniko cekakanipun tembong patroli keamanan sekolah

Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

b. patroli keamanan sekolah puniko nomo, milo boten kenging dhipun jawekaken utawi dhipun gantos mawi boso sanesWangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

c. saben sekolah kedhah gadah regu pksWangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

d. langkong-langkong sekolah engkang mapanipon wonten ing sacelakipon margi ageng margi engkang rameWangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

e. menawi boten katoto ing margi ingkang rame temtu asring tuwoh kedhadhosan engkang boten ngremenaken upaminipon tabrakanWangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

f. toto tentreming kawontenanipon margi puniko dhadhos tanggel jawabipon sadoyo wargoning negariWangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

g. nanging taksih katah poro sederek engkang boten rumaos satemah perlu dipun awat-awati utawi dipun jagiWangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

h. aparat negari engkang njagi poro engkang lumampah eng margi puniko bapak bapak pulisiWangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

i. kamangko cacahipun bapak-bapak pulisi punikoboten imbang kalian soho awrating jejibahanipunWangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

j. milo ing babagan njagi toto tentreming margi puniko bapak pulisi lajeng ndapuk regu pks Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

B. Nulis Karangan Rambu-rambu Lalu lintas mawa Aksara Jawa1. Asiling karanganmu ing gladhen A 1 mau gantinen aksara Jawa watara saparagraf wae!

Papan kanggo nggarap :

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 12

Page 13: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...

2. Tulisen aksara Jawa!

a. Lampu abang aja bablas wae!Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

b. Sapa sing ngati-ati bakal slamet.Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

c. Sapa sing sembrana bakal cilaka.Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

d. Lampu warna ijo, ayo padha mlaku!Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

e. Mripatku blereng kena sorote lampu mobil kae.Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

f. Marka jalan pedhot-pedhot oleh nyalip.Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

g. Wanci awan lampu sepedha motor kudu murup.Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

h. Klakson kuwi swarane sora.Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

i. Gunakna lajur tengen yen arep nyalip. Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

j. Yen arep menggok kudu nggatekake kahanan lalu lintasWangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 13

Page 14: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

UJI KOMPETENSI 5

Wacan 1

Garret Augusust Morgan iku wong kang sepisanan nemokake lampu lalu lintas. Sadurunge Morgan nemokake piranti mau, wis ana modhel lampu lalu lintas. Wiwit taun 1868, lampu lalu lintas wiwit digunakake ing prapatan-prapatan kutha London lan Inggris. Lampu kang digunakake yaiku rong werna, werna abang minangka tandha kendharaan mandheg, lan ijo minangka mlaku. Piranti iki dilakokak manual dening polisi kang nduweni tugas ing simpangan kanthi nggunakake lampu gas. Nalika lampune werna abang malih dadi ijo utawa sewalike, diatur dening petugas kang adhedhasar jam kang digawa. Nalika kuwi, dudu ngatur mobil nanging ngatur dhokar kang cacahe akeh. Nalika tanggal 2 Januari 1869, lampu lalu lintas mau mbledhos lan nglarani petugas kang lagi ngoprasekake. Kedadeyan mau ndadekake penggalihan ngenani piranti pengatur lalu lintas kang luwih canggih.

Taun 1920, Garrettt Augustus Morgan kasil anggone nindakake percobaan rangkean elektronika kanggo nguripake lampune kanthi cara otomatis. Kanthi ditemokake piranti anyar iki mujudake sumbangan gedhe tumrap transportasi dharat. Piranti anyar iki kawiwitan dipasang ing Claveland, Ohio, Amerika Serikat. Lampu lalu lintas gaweane Morgan mau kaya hurup T kanthi telung sudhut. Saben-saben sudhut ateges mandheg, mlaku, lan kendharaan saka kabeh arah kudu mandheg. Ing wektu sabanjure ,

sudhut-sudhut mau diganti dening werna abang, kuning, lan ijo nganti saiki.

1. Garret Augusust Morgan menika sinten?

a. Pawongan sepisanan ingkang ngginakaken rambu-rambu lalu lintas

b. Pawongan sepisanan ingkang manggihaken lampu pengatur lalu lintas

c. Pawongan sepisanan ingkang manggihaken lampu listrik

d. Pawongan sepisanan ingkang sadeyan lampu pengatur lalu lintas

2. Ing kawitanipun werninipun lampu rambu-rambu lalu lintas menika wonten ....

a. Setunggal b. Kalih c. Tiga d. Sekawan

3. Ing kawitanipun ingkang dipun atur dening lampu rambu-rambu lalu lintas menika menapa?

a. Mobilb. Sepedha motorc. Sepedhad. Dhokar

4. Ingkang dados gagasan pokok ing paragraph 2 dumunung wonten ing ukara ....

a. Ukara 1b. Ukara 2c. Ukara 3d. Ukara 4

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 14

Page 15: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

5. Endi ukara pitakon kang trep kanggo paragrap loro ukara 4 ?

a. Kapan lampu pengatur lalu lintas dipunciptakaken?

b. Wonten pundi lampu lalu lintas kapisan dipunpasang?

c. Kados pundi wujudipun lampu pengatur lalu lintas damelanipun Morgan menika?

d. Sinten ingkang damel lampu pengatur lalu lintas menika?

6. Kang bisa nyebabake kemacetan lalu lintas kaya ing ngisor iki, kajaba …..

a. Mandheg ing papan kang ora samesthine

b. Parkir sembaranganc. Golek menange dhewed. Anane zebra cross

7. Perkara lalu lintas kang nganti seprene durung bisa tuntas kaya ing ngisor iki, kajaba …..

a. Kacilakan lalu lintasb. Kemacetan lalu lintasc. Sarana prasarana dalan kang

nyukupid. Polusi udara

8. Rambu-rambu lalu lintas piguna kanggoa. Rerenggan dalan gedheb. Ngatur lalu lintasc. Narik kawigaten kang padha

liwatd. Ngatur wong mlaku

9. Marka jalan kang pedhot-pedhot nduweni teges ….

a. Kendharaan kudu antrib. Kendharaan kudu alon-alonc. Kendharaan oleh nyalipd. Kendharaan ora oleh nyalip

10. Warna dhasar kuning ana ing rambu-rambu lalu lintas nduweni teges ….

a. Petunjuk/ pituduhb. Peringatan / pepengetc. Larangan/ awisand. Himbauan /pamrayoga

11. Papan kang dicawisake kanggo wong mlaku (pejalan kaki) yaiku ….

a. Trotoar c. Halteb. Marka jalan d. Zebra

cross

12. Rambu-rambu lalulintas ing ndhuwur

nduweni teges …a. Kabeh kendharaan kudu

mandhegb. Ora oleh mlebuc. Papan kanggo mlakud. Papan kanggo nyabrang

13.Rambu-rambu lalu lintas ing ndhuwur nduweni teges ...

a. Gerejab. Rumah sakit/Puskesmasc. Prapatand. Papan kanggo mandheg bis

14.

Tegese rambu-rambu ing ndhuwur : Awas dalane .....

a. luvu c. kyaulb. [m=[gokZiw d. niku=

15.Lampu abrit boten pareng ......12. [knFel\ c. mnDeg\13. bbLs\ d. p/ki/

16. Menawi wonten mobil ingkang mogok wonten ing margi ageng biasanipun dipunsukani tandha rambu-rambu ......

a. c.

b. d.

17. Menawa numpak kendharaan ing dalan kudu sing ngati-ati. Yen dikramakake ....

a. Menawa nitih kendharaan ing margi kedah sing ngati-ati

b. Menawi nitih kendharaan ing dalan kedah sing ngatos-atos

c. Menawi nitih kendharaan wonten margi margi kedah ingkang ngatos-atos

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 15

Page 16: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

d. Menawi numpak kendharaan ing dalan kedah ingkang ngati atos

18. Ingkang boten kalebet tumindak sembrana nalika nglampahaken kendharaan inggih menika ....

a. SMS-anb. Ngebutc. Nrabas rambu lampu abritd. Ngangge helm

1. Helm 2. Sepatu 3. SIM4. Masker 5. Sarung tangan 6. STNK

19. Ingkang kalebet sarat wajib nglampahaken motor ing margi ageng inggih menika .....a. 1 – 2 – 3 c. 1 – 3 – 6 b. 3 – 5 – 6 d. 2 – 4 – 5

20.

Gambar Marka Jalan ing ndhuwur tegese .....a. Ora oleh mbelokb. Ora oleh nyalip, ora oleh parkir, ora

oleh mbelokc. Oleh nyalipd. Ora oleh nyalip

21. Tembung APILL ana ing rambu-rambu lalu lintas ing ndhuwur cekakan saka .....

a. Alat Pengatur Isyarat Lampu Lalu Lintas

b. Alat Pemandu Isyarat Lalu Lintasc. Alat Pemberi Isyarat Lalu Lintasd. Alat Petunjuk Isyarat Lalu Lintas

22. Sapa sing ngati-ati bakal slamet, sapa sing sembrana bakal cilaka, kaya unine paribasan ......

a. Alon-alon maton klakonb. Yitna yuwana lena kenac. Sepi ing pamrih rame ing gawed. Sluman slumun slamet

23. ?fumfi[nkcilknLlulinTsKwiwitTn\zL=g/rmBurmBu.

Manut wacan ing ndhuwur dumadine kacilakan lalu lintas iku kawiwitan .....a. Nglanggar marka jalanb. Nglanggar lampu bang joc. Ora dhisiplind. Nglanggar rambu-rambu

24. Kacilakan lalu lintas iku akeh-akehe disebabake .....

a. Kendharaan ora layak jalanb. Fasilitas dalan kang elekc. Human error/kesalahan manusiad. Minime rambu-rambu lalu lintas

25.

Tanda rambu-rambu ing ndhuwur biasane dipasang ana ing ......

a. Pasarb. Lintasan sepurc. Sekolahand. Dalan rawan kecelakaan

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 16

LURUS IKUTI LAMPU APILL

Page 17: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

WULANGAN 6PERTANIAN TRADISIONAL

NYEMAK

Kompetensi Dasar :5.2 Memahami dan menanggapi isi wacana lisan pertanian tradisional

Indikator1. Menyebutkan isi pokok yang terdapat dalam berita bacaan yang dibacakan atau

siaran radio ataupun TV yang disampaikan secara langsung menggunakan bahasa krama

2. Menjawab pertanyaan tentang isi bacaan atau informasi yang telah disampaikan atau dibacakan menggunakan santun bahasa Jawa ngoko lugu.

3. Mengartikan istilah-istilah pertanian dalam isi bacaan atau informasi yang telah dibacakan dengan tepat

4. Menyebutkan nama alat pertanian tradisional dan kegunaannya dari gambar tersaji dengan tepat

A. LKS ditutup, nuli rungokna wacan kang diwaca kancamu utawa Bapak-Ibu guru iki kanthi permati!

NANDUR PARI

Beras dadi kabutuhane masyarakat, mula ya ora nggumunake manawa ora sethithik beras kang kudu dicawisake. Dene kang kajibah nyukupi beras ora liya para among tani, srana nggarap sawah nandur pari. Mungguh kaya ngapa lan kepriye carane nindakake nggarap sawah, mbok manawa na becike yen diandharake sawatara, wiwit gawe winih tumekane panen.

Dhek jaman biyen, nalika irigasi durung tumata, sadurunge ngancik ngolah lemah padha nganggo petungan mangsa. Dene mangsa kang diugemi yaiku mangsa kanem lan uga ngungak lintang luku kang wis katon manjer ing sisih wetan. Lumrahe pangolahe lemah kawiwitan gawe pawinihan. Gawe winih mono ana kang nganggo ngurit/nyebar. Cara-cara iku kajumbuhake karo kahananing lahan. Yen ing sawah kono banyune angel, adate katindakake kanthi ngurit. Ngurit yaiku ndhedher wiji pari kang isih wulen, dene kretegan yaiku pari kang disebar garingan tanpa dilebi banyu. Kekarone wiji pari iku kadhedher ana ing lemah garing. Dene nyebar, wiji didhedher ing lemah teles, wujud gabah kang wis nokol/thokol.

Sinambi ngenteni gedhene winih, Pak Tani nuli nggarap sawah. Sawah dilebi nuli diluku, luwih dhisik sawah disukoni, yaiku maculi pojok-pojoking sawah kang ora bakal kaambah dening luku. Nyukoni iku bisa uga katindakake sawise diluku, Bakda iku, lemah dilebi lan dileremake sawatara sina supaya suket lan gegodhongan padha bosok dadi lemi. Tindak mangkono iku arane didhayungake. Sinambi ngenteni anggone ndhayungake, lumrahe pak tani nampingi utawa nembok galengan supaya ora padha bolong, bisa wutuh, rapi lan rata.

Sawise cukup anggone ndhayungake, lemah dilumahake, tegese digawe rata srana digaru. Kanthi mangkono brongkalan-brongkalan lemah padha ajur, satemah lemah dilawet dadi leleran.

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 17

Page 18: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Yen wis mangkono lahan siap ditanduri. Supaya tandur bisa tumata larikane, katon runtut, luwih dhisik nancepake kepala, yaiku tancepan tandur kang bakal dadi panutan.

Kanggo rerangken tandur, ora lali dicawisake sesaji kanggo panuwun lan panyuwun marang Gusti. Sawise dipasrahake nganggo didupani, sajen banjur dikepung sing padha arep tandur, lumrahe para wanita. Piranti sing kanggo tandur yaiku wilah sing diwenehi tetenger kang padha elete. Piranti iki diarani klathakan utawa blak. Blak ditrapake manut kepala, nuli saben tetenger ditancepi winih. Mangkono sabanjure lumaku mundur.

Watara setengah sasi tandur wiwit ijo, mracihnani yen urip, diarani nglilir. Watara umurt sesasi diwatun utawa digosrok. Kajaba kanggo ngilangi suyket sing ngganggu, uga duwe tujuan nggemburake lemah. Bakda iku tandur dirabuk. Ora antara sasi tandur dadi ijo royo-royo, gumadhung. Tandur mekar, mundhak gedhe lan dhuwur. Ora suwe maneh mlecuti, siji loro katon wulene. Dene yen wulen par iwis jumedhul kabeh, arane mrekatak. Bakda iku wulen kang mentes padha tumungkul, dene sing gabug padha ndangak. Saya suwe pari saya kuning. Yen wis mangkono becike sawah disat supaya nyepetake pari padha tuwa. Sawise sesaji “wiwitan” dileksanani, pari banjur dipanen.

Supaya panenane apik, mesthine para among tani padha nindakake Panca Usaha Tani kang digiyarake dening Penyuluh Pertanian, yaiku:

1. pamilihing bibit unggul2. pangolahing lemah3. pangrabuking lemah4. ngature ilining oncoran (irigasi)5. mbrastha ama manawa perlu

Sabanjure Panca Usaha Tani dingrembakakake dadi Sapta Usaha Tani, katambah:

6. pangedoling kasil panenan (pemasaran)7. Pasca panen (pangrumate kasil lan lemah sawise panen).

(Drs. Sofwan, dkk, 1996: 7 – 8)

B. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana!1. Terangna bedane sega, beras lan pari!

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Apa lelabuhane para among tani marang masyarakat?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Saiki para among tani apa isih padha ngugemi pranata mangsa lan dununging Lintang Luku?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Apa karepe dene lahan didhayungake sawise diluku?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Apa ta paedahe namping lan nembok galengan?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Kepriye yen lahan kang ditanduri pari iku lemahe ora rata temenan?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Bakda diwatun lan dirabuk, sawah ora dilebi sawetara dina. Apa tujuane?

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 18

Page 19: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

8. Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9. Kanggo ngolah lemah, ngrontogake pari (ngiles) apadene nutu saiki wis diganti mesin. Kepriye panemumu?

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

10. Sawise pari mrekatak, pari kudu ditunggu saben dina. Apa karepe?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

11. Terangna tegese Panca Usaha Tani lan Sapta Usaha Tani !Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

C. Kawruh Basa Wangsulana kanthi milih jawaban kang wus cumawis!

SOAL WANGSULAN

1. ndhaut

2. matun

3. ngurit

4. nyukoni

5. dilawet

6. leleran

7. wulen

8. galengan

9. ndhayung

10. blak

wilah kang diwenehi tenger kang padha elete kanggo

tandur

ngleremake lemah sawise diluku

maculi pojokaning sawah kang ora kambah luku

mbedholi winih saka pawinihan

lahan awujud lendhut

diejur dadi lembut

pari sagagang

gawe winih pari wulen

mbubuti suket ing sela-selaning tandur

lemah kang diunthuk-unthu dawa kanggo mbatesi sawah

D. Piranti tetanen tradisional iki apa jenenge lan apa gunane!

No Gambar Jenenge Gunane

1.

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 19

Page 20: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

2.

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

MICARA

Kompetensi Dasar :5.3 Memahami dan menanggapi isi wacana lisan pertanian tradisional

Indikator1. Menyebutkan isi pokok yang terdapat dalam wacana yang dibacakan

menggunakan bahasa krama2. Mengartikan kata-kata penting dalam wacana3. Menjawab pertanyaan tentang isi bacaan dengan menggunakan bahasa Jawa

ngoko lugu.4. Mengartikan ungkapan tradisional yang berhubungan dengan pertanian

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 20

Page 21: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

A. Wacanen lan tindakna ing ngarep kelas kanthi lagu kang becik!

LEMAH TETANEN

Ing wanci sore Ahmadi marani simbahe sing lagi ngaso ing emper pinarak ing lincak, bareng putune nyedhaki Mbah Marta banjur ngacarani ngendikane mangkene:

Simbah : Ana apa le, kok njanur gunung kowe nyedhaki simbah, apa ana bab kang

wigati apa le?

Ahmadi : Kasinggihan Mbah, saestunipun kula menika rak ngemban tugas saking

Bapak Guru kula bab pasiten ingkang kangge tetanen, kamangka kula kirang paham bab pasiten wau!

Simbah : Lha apa sing ora kok ngerteni bab lemah tetanen mau?

Ahmadi : Pasiten ingkang saged dipuntanemi menika rak kathah sanget wujudipun

ta Mbah, lajeng menika menapa kemawon Mbah?

Simbah : Pancen bener, lemah tetanen iku wujude maneka warna ing antarane sing

dak sumurupi yaiku sawah, pategalan, pakebonan, pagagan, babadan,

talun, pagajih, lan sapanunggalane.

Ahmadi : Kula suwun Simbah kersaa paring katrangan satungal-satunggalipun bab

pasiten kala wau!

Simbah : Sawah mono lemah sing ditanduri pari mawa galengan kang dileni banyu utawa katiban banyu udan, dene wujude sawah dhewe ana loro yaiku sawah sorotan lan sawah tadhahan.

Ahmadi : Menapa bentenipun sawah kekalih wau Mbah?

Simbah : Manawa sawah sorotan iku sawah kang diileni banyu saka irigasi, dadi senajan mangsa ketiga ya bisa ditanduri. Dene sawah tadhahan, iku sawah kang mung njagagake saka banyu udan, dadi bisane ditanduri ya mung ing mangsa rendheng.

Ahmadi : Salajengipun kados pundit katrangan sanesipun Mbah?

Simbah : Pategalan yaiku lemah sing ditanduri pala kasimpar, palawija utawa pala kependhem.

Ahmadi : Manawi pakebonan lan pekarangan menapa wonten bentenipun Mbah?

Simbah : Kekarone pancen lemah ing sakiwa tengene pomahan, nanging sing mbedakake mung jinising tanduran ing kono. Manawa pakebonan iku ana tandurane pala kependhem, pala gumantung lan pala kirna kaya dene tanduran ing ing pategalan. Dene pekarangan ditanduri tanduran sing ora suwe umure upamane kacang lanjaran, tomat, gedhang, kates lan sapanunggalane. Malah saiki pekarangan mung ditanduri kembang kanggo pepasren wae.

Ahmadi : Menawi sawah, pategalan, pekarangan lan pakebonan menika kula asring miring Mbah, nanging manawi , pagagan, babadan, talon, lan pagajih kok kula awis-awis miring, menika kados pundi Mbah?

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 21

Page 22: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Simbah : Pancen lumrahe bocah saiki wis arang-arang ngerti bab tetanen, mula aku bungah banget dene Bapak Gurumu isih nggatekake babagan tetanen iki. Mangkene ya le, pagagan iku sawah sing ditanduri pari gaga, ngarepake mangsa rendheng. Babadan iku palemahan sing sadurunge dadi sawah awujud alas lan dibabadi luwih dhisik. Talun iku sawah sing mapane ing pegunungan, tulas palemahan bera ing gunung. Dene pagajih iku palemahan ing sakiwa tengene kali utawa bengawan, sing kala mangsane lemahe dijupukake saka kali utawa bengawan mau, supaya kali bengawan mau dadi jero.

Ahmadi : Bab asiling tetanen Mbah, menapa menika pala kasimpar, pala wija, pala kapendhem lan pala kirna?

Simbah : Pala kasimpar iku, tanduran kang wohe ana ing sadhuwuring lemah kayata: semangka, waluh, bligo, jipang, timun, lan sapanunggalane. Yen palawija tanduran kang ditandur ing sawah saliyane pari, kayata: jagung, dhele, kacang brol, lan sapanunggalane. Manawa pala kapendhem iku wohe ana ing sajeroning lemah, tuladhane: kenthang, tela, gembili, uwi, tales, lan sapanunggalane. Dene pala kirna iku tanduran kang nduweni umur dawa kayata: pelem, duren, nangka, rambutan, klapa, lan sapanunggalane.

Ahmadi : Wah pranyata pangertosan bab tetanen lan pasiten wau migunani tumrap kula mbah, katrangan saking simbah menika badhe kula serat ing buku minangka njangkepi tugas saking Bapak Guru, pramila kula matur nuwun sanget dhateng simbah, ingkang sampun kersa mbiyantu anggen kula ngrampungaken tugas menika.

Simbah : Iya le , enggala ngrewangi Bapakmu kana!

(Citra Widyatama 2, Warih Jati rahayu: Kaca 1- 2)

B. Wangsulana pitakonan iki!1. Apa karepe Ahmadi nyedhaki simbahe sing lagi lenggahan?

Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Bapak Guru maringi tugas apa marang AhmadiWangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Sawise diparingi tugas Bapak Guru, apa sebabe ahmadi dadi bingung?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Coba aranana wujude lemah tetanen!Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Sawah iku wujude ana pira? Coba aranana!Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Apa bedane pakebonan lan pekarangan?

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 22

Page 23: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Asiling tanduran lumrah diarani pala, coba aranana wujude pala-pala-an sing kok ngerteni!Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8. Apa bedane kalen, kali, lan bengawan?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9. Sawise dijlentrehake dening simbahe, kepriye panemune Ahmadi?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

10. Coba aranana tanduran ing pekarangan lan pakebonan ing sekolahanmu utawa ing omahmu, banjur aranana kalebu pala apa?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Coba ringkesen katrangane simbah bab Lemah Tetanen ing ndhuwur kanthi basa krama!

Papan kanggo nggarap :................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................4. Kawruh Basa1. Tembung iki golekana tegese, nuli gawenen ukara!

a. LincakTegese : ………………………………………………………………………………......Ukarane : …………………………………………………………………………………..

b. WigatiTegese : ………………………………………………………………………………......Ukarane : …………………………………………………………………………………..

c. NgembanTegese : ………………………………………………………………………………......Ukarane : …………………………………………………………………………………..

d. PasitenTegese : ………………………………………………………………………………......Ukarane : …………………………………………………………………………………..

e. TetanenTegese : ………………………………………………………………………………......

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 23

Page 24: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Ukarane : …………………………………………………………………………………..

f. GalenganTegese : ………………………………………………………………………………......Ukarane : …………………………………………………………………………………..

g. RacakeTegese : ………………………………………………………………………………......Ukarane : …………………………………………………………………………………..

h. DibabadiTegese : ………………………………………………………………………………......Ukarane : …………………………………………………………………………………..

i. Awis-awisTegese : ………………………………………………………………………………......Ukarane : …………………………………………………………………………………..

j. MigunaniTegese : ………………………………………………………………………………......Ukarane : …………………………………………………………………………………..

2. Kawruh bab tetanen Terangna tegese tetembungan babagan lemah tetanen iki!

a. TalunTegese : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

b. PategalanTegese : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

c. PakebonanTegese : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

d. PekaranganTegese : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

e. PagaganTegese : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

f. BabadanTegese : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

g. PagajihTegese : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

h. Lemah beraTegese : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 24

Page 25: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

i. Sawah sorotanTegese : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

j. Sawah tadhahanTegese : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Terangna asiling tetanen ngisor iki banjur wenehana tuladhane loro-loro!a. Palawija

Yaiku : ………………………………………………………………….Tuladhane : ………………………………………………………………….

b. Pala kependhem Yaiku : …………………………………………………………………. Tuladhane : ………………………………………………………………….

c. Pala kesimpar Yaiku : …………………………………………………………………. Tuladhane : ………………………………………………………………….

d. Pala gumantung Yaiku : …………………………………………………………………. Tuladhane : ………………………………………………………………….

e. Pala kirna Yaiku : …………………………………………………………………. Tuladhane : ………………………………………………………………….

4. Pratelan ing ngisor iki golekana paribasan, bebasan, utawa saloka kang trep kanthi milih wangsulan kang wus cumawis!

a. Kowe kuwi angger urun rembug mesthi ora salaras karo sing dirembug, kaya unine bebasan : ………………………………………………………….

b. Dursasana karo Durmogati wis padha kekethikan , sarujuk arep maeka Werkudara kanthi cara diombeni racun kaya unine saloka ………………………………………………………………………………..

c. Samubarang kang wis owah iku arang-arang kang bisa pulih becik kaya maune, kaya unine bebasan : ………………………………………………………………………………..

d. Anita iku prawan kang ayu, kenes, tur supel ewadene nganti umur 25 tahun ora ana jejaka kang nyedhaki luwih-luwih nakokake, kaya unine saloka :………………………………………………………………………………..

e. Bocah kuwi wis dikandhani bola-bali nanging meksa ora mareni, ora nggugu isih nindakake colong jupuk, kaya unine bebasa :……………………………………………………………………………….

f. Bawang Merah saben dina dikon nyambut gawe abot dening ibune kwalon lan Bawang Putih, kaya unine paribasan :……………………………………………………………………………….

g. Yu Rijah kuwi biasane …………………………………………sing tegese ninggal pagawean sing pancen ngolehake opah.

h. Aja srawung karo wong kang ala watake mundhak ketularan, kaya unine bebasan : ……………………………………………………………………

i. Yen nggoleki Parjo kuwi angel golek-golekane sebab dheweke kuwi paribasane ……………………………………………ora duwe padunungan utawa papan kang maton.

j. Yen kowe mbantu wong liya ya sing iklas lila legawa aja duwe pamrih kaya unine bebasan …………………………………………. Sing tegese gawe kabecikan marang liyan kanthi pangarep-arep bisaa oleh pinwales.

Pilihan wangsulan : Lambe satumang kari samerang Nandur pari jero Dudutan lan anculan Dudu berase ditempurake Beras wutah arang bali marang takere

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 25

Page 26: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Digarokake dilukokake Derep tinggal tumpukan Gambret singgang mrekatak ora ana sing ngeneni Aja cedhak kebo gupak Gabah sinawur

Bothekan tembung wigatiTumang = lambe luweng Merang = gaganging pariAnculan = memedi sawahNempur (tempur) = tuku berasTaker = Derep = buruh methik pariGambret = kemayu, kenesSinggang = semen(trubusan, thukulan) pari sakbadane dieneni

MACA

Kompetensi Dasar :7.1 Membaca dan menanggapi wacana sederhana pertanian tradisional

beraksara Jawa

Indikator :1. Membaca wacana beraksara Jawa dengan benar dan lancar2. Mengalihaksarakan wacana beraksara Jawa ke aksara Latin3. Menjawab pertanyaan isi bacaan

A. Wacanen bola-bali wacana aksara Jawa ing ngisor iki nganti lancar!

?nnF|/ke[tl.?ke[tlaikuan[r=ow/n,yaikuke[tlrmBtLnKe[tlkyu.nzi=w/n[lo[roaikuk[go[l=o:auwi.[f[nsi=axpKc]itkH[kyaikup]krke[tlkyu.?ke[tlkyuaikujen_[zluwihsksiji,yaiku:ke[tl[poau=,auwikyu,auwitnh,k[sP,[bo[ln\bufin\,ai=c]itaikifiarnNislhsiji[nb[ayaiku;[poau=.?[poau=bisauripBecikMnwfitnF|/hi=ppnK=aw[nsed_.[f[nsi=fia=[gobibitYaikuwi[tTautwse[tk\,?Xmhk=axpFitnF|/rifipculDisikKnQifiwzu[nB=o

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 26

Page 27: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

wujufGX=znGe[d,auku/r[nNje[rokirkir:40:[cnTi[mte/,tekn\;60;[cnTi[mte/,amBnNi=rtnGX=znKirkir:60;[cnTi[mte/.?milihbibitK=wrsLnHjketuwnHutwke[nomMen\,witSi=axpFig[wbibitSi=aumu/[rkirkir;8;wuln\,fw[nbibitHnTr;35;tekn\;40;[cnTi[mte/.[b=o[ko[tTfilnCipPi,supygmP=fi

tvCebB[kai=gX=z[nNlnSupy[aorruskÑ|li[tT.?miturutHftPra[m=otni,si=apikK=[gonnF|/[poau=yaikuai=[m=oskpt\[ynK=[gozunD|hai=[m=oskji,ffikirkirtnF|/rnWisHumu/;10;wuln\,X[monSi=[co[cogÒ|m]pWi[tPoau=yhiku;pupukKnD= Autw[ko[mPos\,

(Kapethik saking Gladhen Maca Tulisan Jawa 1, Dening Sarjadi HS.)

B. Wacan aksara Jawa ing dhuwur gantinen aksara Latin manut tatanan EYD basa Jawa kang trep!Papan kanggo nggarap : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

C. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur!1.Ketela iku ana pirang werna? Sebutna!

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2.Sebutna jenenge liya ketela!Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3.Kanggo nandur ketela sing becik iku prayogane ditandur ing papan sing hawane kepriye?

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 27

Page 28: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4.Sing kanggo bibit ketela iku apane?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5.Lemah sing arep ditanduri ketela prayogane diwangun apa?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6.Pira gedhe sarta jerone galengan sing arep ditanduri ketela?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7.Ketela sing arep kanggo bibit iku becike uwit sing umure piraWangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8.Apa sebabe bongkote bibit ketela sing kanggo bibit dilancipi?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9.Nandur ketela sing becik iku ing mangsa apa? Lan dipanen yen wis umur pira?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

10. Rabuk apa sing paling becik tumrape tanduran ketela iku?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

D. Ayo Nembang

1. LUMBUNG DESASlendro Pathet Sanga

Lumbung desa pra tani padha makarya, Ayo dhiNjupuk pari nata lesung nyandhak alu, Ayo yuPadha maju yen wis rampung nuli adang, Ayo kangDha tumandang nosoh beras ana lumpang.

2. LESUNG JUMENGGLUNGSlendro Pathet Sanga

Lesung jumengglung, sru imbal-imbalanLesung jumengglung, manengker mangungkungNgumandang, ngebeki sajroning padesanThok-thok-thek-thok-thok-gungThok-thok-thek-thok-thek-thok-gungThok-thok-thek-thok-thok-gungThok-thok-thek-thok-thek-thok-gung.

3. Negesi Tembung

Lumbung : papan kanggo nyimpen pariMakarya : nyambut gaweLesung : piranti kanggo nutu pari awujud kayu dawa di krowokiAdang : ngliwet nganggo dandang lan kukusanNosoh : mutihake berasJumengglung : swarane rame kaya jengglung/ gongSru imbal-imbalan : sero genti-genti nganggo iramaManengker mangungkung : swarane rame ngumandhang

4. Makna & Isine TembangMakna lan bebuden luhur kang ana ing tembang Lumbung Desa :

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 28

Page 29: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Guyup rukune para kadang tani ing padesan anggone padha ngolah pari supaya dadi beras kang siyap didang/ diliwet. Makna lan bebuden luhur kang ana ing tembang Lesung Jumengglung :Para kadang tani supaya ora krasa kesel anggone nutu pari dikantheni gejog lesung mawa irama kang kepenak ngebaki ing saindhenging karang padesan.

NULIS

Kompetensi Dasar :8.1 Menulis karangan bertema pertanian tradisional beraksara Latin

Indikator :1. Menentukan topic karangan2. Membuat kerangka karangan3. Mengembangkan kerangka karangan menjadi karangan utuh dalam bahasa

Jawa krama dengan memperhatikan diksi, ejaan dan keefektifan kalimat4. Menerapkan antonym dalam kalimat5. Menerapkan tembung camboran dalam kalimat6. Menerapkan tembung saroja dalam kalimat7. Mengartikan tembung entar8. Membuat kalimat dengan tembung entar

A. Gawea karangan ngenani pertanian tradisional, supaya karanganmu bisa runtut lan becik gatekna pituduh ing ngisor iki!

1. Goleka tema bab pertanian tradisional kang narik kawigatenmu2. Gawea cengkorongane karangan3. Mekarna cengkorongan karangan mau dadi karangan wutuh kanthi basa krama4. Gatekna pamilihing tembung, tandha-tandha panulisan ing karanganmu5. Irah-irahan lan isi jumbuh6. Dawane karangan akeh-akehe sarai buku.

B. Tembung kang kacithak miring ing ukara ngisor iki golekana kosok baline!

1. Parine katone isi jebule bareng ditepleki akeh sing ……2. Yen dipangan walang sangit biasane parine padha ……. Ora tumungkul.3. Desa ing kulon kali wis padha panen, dene desa wetan kali lagi ……4. Sabin menika sitinipun loh, dene tegalan kula sitinipun …….5. Wit lombok sing ditandur Pak Suta mbiyet, nanging tanduranku wohe …..6. Wulan Agustus iku mangsa ketiga dene yen wulan Desember iku wis ngancik

mangsa …….7. Sawo iki isih mentah imbunen supaya ……8. Yen pangrabuke bener tandurane bisa lemu-lemu, nanging yen ora dirabuk mesthi

ya ……9. Lemahe digaru sing rata aja …… supaya kabeh tandure bisa oleh banyu.10. Sawahe Pak Marta jembar, dene tegalaan kang …… iku duwekku.

C. Tembung CamboranTembung camboran utawa kata majemuk (komposisi) yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji, lan tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar. Sing dikarepake teges anyar ing kene beda karo tegese tembung nalika tembung-tembung mau isih awujud tembung lingga, kang during digandheng dadi tembung camboran. (Sry SatriyaTjatur Wisnu Sasangka , 1989 : 79)Tuladha : lareangon (arane ula), maratuwa (wong tuwane bojo), buntut urang (rambut njenthit ing githok).Tembung camboran sing baku ana loro, yaiku camboran wutuh lan camboran tugel.1. Camboran wutuh

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 29

Page 30: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Tembung camboran wutuh yaiku tembung kang dicambor awujud tembung-tembung kang isih wutuh.Tuladha : dhadha menthok, gantung siwur, wedhak pupur, kalamenjing, lsp.

2. Camboran tugel Camboran tugel yaiku tembung kang dicambor awujud tembung wancahan (ringkesan) utawa tugelan. Sing diwancah utawa ditugel bisa mung salah siji, bisa uga loro-lorone awujud wancahan kabehTuladha : panastis ( panas atis = adhem panas), naksanak ( anak sanak)Kakkong (tungkak bokong), lunglit (balung kulit), dubang (idu abang)

3. Tembung camboran dadi arane :a. Arane panganan (kuliner)

Tuladha : semar mendem, randha royal, nagasari, kuping leo, mata kebo, mata sapi, lsp.

b. Arane motif bathikTuladha : sidamukti, sidomulyo, sida wirasat, sida luhur , sri nugoho, latar putih, parang rusak, parang klithik, merang kecer, kawung beton, naga puspa, lsp.

c. Arane gendhing JawaTuladha : Manyar Sewu, Singa Nebak, Carang Gantung, Kutut Manggung, Kembang Kates, Kembang Jeruk, Gambir Sawit, Puspa Warna, lsp.

d. Arane aji-aji/ sipat kandelTuladha : Semar Mesem, Jaran Goyang, Waringin Sungsang, Lembu Sekilan, Candha Birawa, Lindhu Panon, Lebur Sakethi, Lebur Geni, lsp.

e. Arane tuwuhanTuladha : cocor bebek, raja lele, ilat baya, sangga langit, kuping gajah, ceplok piring, makutha dewa, kumis kucing, lara setu, lsp.

f. Arane dhapur keris lan pamor kerisTuladha : nagasasra, tilam upih, jalak ngore, ganggeng kanyut, bandha segara, kupu tarung, beras wutah, tunggak semipudhak setegel, unthuk banyu, lsp

g. Arane panggonan Tuladha : Wonosari, Wonogiri, Imogiri, Boyolali, Wonosaba, Banyumas, Banyuwangi, Surabaya, Yogyakarta, Salatiga, lsp.

4. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki nganggo tembung camboran sing mathuk!a. Ibu mundhut nyamikan semar …... ………..arep kanggo rapat PKK mengko sore.b. Sawahe ditanduri pari raja …… ……..lemu-lemu.c. Lara …………. Iku arane tetuwuhan sing oyode wangi.d. Kumis ………………. Iku jarene kena kanggo nambani lelara batu empedhu.e. Temante sarimbit ngagemnyamping Sida …………………f. Mbakyuku gawe naga ……………………. Enak banget.g. Lara ……………… iku padha karo lara cacar.h. Bapakmu gawekna mata ……………… kanggo lawuh dhahar awan iki!i. Prabu Salya duwe aji-aji candha ………………..j. Awake bocah kuwi mung kari lung …............ amarga wis sesasi anggone lara.

D. Tembung SarojaTembung saroja yaiku tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese kang dienggo bebarengan lan wis gumathok pasangane.Tuladha :

Jalma manungsa, sato kewan lan tetuwuhan iku kabeh titahing Gusti Kang Akarya Jagad.Tembung jalma tegese padha karo manungsa. Sato tegese padha karo kewan.

Tembung saroja ing ngisor iki ganepana!1. Bocah sekolah iku kudu ngerti tata ………….lan kudu andhap ………. marang wong

tuwa apadene bapak ibu guru.2. Pak Wardaya yen nerangake mesthi terang ………………saengga murid-murid padha

ngerti lan dhong tenan.3. Dadia jalma kang kena kanggo tepa …………marang anak putune .4. Anggone ndadani omah mung tambal …………….. mula ya suwe dadine.5. Sabinipun dipuntanemi pantun lan palawija kanthi gilir ………….6. Pak Naya iku saiki uripe mukti …………….amarga akeh tirakate.

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 30

Page 31: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

7. Mula ………….prakawis menika kula boten mangertos.8. Sekar Macapat menika kalebet kabudayan Jawi ingkang adi ………..9. Para among tani sami sayuk ………….. ndandosi ilen-ilen sabin.10. Nik ! tandang ……………… mbok ya sing alus, aja kasar kaya ngono kuwi!

E. TEMBUNG ENTARTembung entar utawa tembung silihan yen basa Indonesia makna kias utawa makna konotasi yaiku tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe wae. Dadi tegese ora salugune utawa ora samesthine.Tuladha : Harya Suman iku yen guneman lunyu ilate

Tembung lunyu ilate, ora kok tegese wantah ilate lunyu nanging tegese entar : omongane ora kena diugemi, mencla-mencle utawa ana sing ngarani esuk dhele sore tempe

Tembung-tembung entar iki tegesana nuli nomer 1 – 5 gawenen ukara!1. Dawa tangane, tegese …………………………………………………………………

Ukarane : ……………………………………………………………………………...2. Kembang lambe, tegese ……………………………………………………………….

Ukarane : ……………………………………………………………………………….3. Mata dhuwiten, tegese …………………………………………………………………

Ukarane : ……………………………………………………………………………….4. Gedhe endhase, tegese …………………………………………………………………

Ukarane : ……………………………………………………………………………….5. Tipis lambene, tegese …………………………………………………………………..

Ukarane : ……………………………………………………………………………….6. Kethul pikirane, tegese …………………………………………………………………7. Adus kringet, tegese ……………………………………………………………………8. Ngabangake kuping, tegese ……………………………………………………………9. Cilik atine, tegese ………………………………………………………………………10. Jembar segarane, tegese ………………………………………………………………..

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 31

Page 32: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

UJI KOMPETENSI 2

Wacan 1

LUMBUNG DESA

Lumbung desa pra tani padha makarya, ayo dhiNjupuk pari nata lesung nyandhak alu, ayo yuPadha nutu yen wis rampung nuli adang, ayo kangDha tumandang nosoh beras ana lumpang

1. Lumbung desa pra tani padha makarya. Tembung makarya, tegese …..a. Gugur gunung b. Kumpulan c. Nyambut gawed. Gotong royong

2. Lumbung iku papan kanggo nyimpen …..a. Sega b. Beras c. Pari d. Pangan

3. Nutu iku cara ngonceki kulit gabah migunakake a. Lesung lan alu b. Lesung lan lumpang c. Gilingan d. Mesin

4. Nosoh iku cara …. beras ana ing lumpang.a. Ngonceki b. Ngresikic. Ngremuk d. Mutihake

5. Bratasena lagi tembok , tegese …..a. Maliki lemah nganggo paculb. Mopoki galengan nganggo lendhutc. Mbubuti suket ing sakiwa tengene

tandurand. Mbedholi winih saka pawinihan

6. Gathutkaca wingi nyukoni sawah, tegese ….a. Mbubuti suket ing sela-selaning

tanduranb. Ngratakake lemah nganggo garuc. Maculi pojokan sawah kang ora bisa

dilukud. Maliki lemah nganggo garu

7. Cangik lan Limbuk nembe derep, tegesipun ….a. Methiki parib. Buruh methik paric. Ngrontogake pari d. Nandur pari

8. Tuwuhan dhele, kacang brol, jagung kalebu ....a. Pala gumantung

b. Pala kirnac. Pala kasimpar d. Palawija

9. Kang kalebu tuwuhan pala kesimpar yaiku .....a. Semangka, timun, jipangb. Semangka, bengkoang, uwic. Timun, tela rambat, gembilid. Timun, tela kaspa, nggarut

10. Piranti tetanen iki gunane kanggo methik pari, kajaba .....

a. c.

b. d.

11 Kandhang kelompok kena kanggo nyengkuyung lemah kang cengkar dadi ….a. berab. suburc. produktifd. ijo royo-royo

12. Sabinipun Pak Sumantri wiyar, dene kagunganipun Pak Sukosrono ……a. Cilikb. Jembarc. Ciyutd. Sekedhik

13. Pari iku yen ndhungkluk pratandha isi, nanging yen ndangak pratandha …..a. Mentes b. Gabugc. Lemu d. Kopong

14. Pak tani ngingah raja kaya kangge celengan.

Kang kalebu raja kaya yaiku …..a. Truwelu , jaran, wedhusb. Sapi, kebo, wedhusc. Pitik, menthok, banyakd. Sapi, pitik, menthok

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 32

Page 33: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

15. Tomcat iku jenis predator alami kang satemene mbiyantu pak tani kanggo nanggulangi ama ....a. Tikus b. Wereng c. Uret d. Menthek

16. Jejibahane among tani kang lumrahe katindakake sadurunge ngolah lemah yaiku …..a. Gawe pawinihan b. Gawe alat perontok c. Gawe saluran irigasi d. Gawe lumbung

17. Tulisan kang bener ejaane , yaiku …..a. Bapak nandur wit gedhang kluthuk.b. Bapak nandor wit gedang klutuk.c. Bapak nandhur wet gedhang klutuk.d. Bapak nandur wit gedang klutuk.

18. Parine lemu-lemu, yen ditulis Jawa …..a. prineXmuXmub. pri[nXmuXmuc. pri[nlemulemud. prinelemulemu

Wacan 5?ke[tlaikuan[r=ow/n,yaikuke[tlrmBtLnKe[tlkyu.

19. Manut wacan Jawa ing dhuwur ketela iku ana rong werna yaiku ...... lan ......a. Ketela rambat lan ketela kayub. Ketela kayu lan ketela karetc. Ketela ketela karet lan ketela pohungd. Ketela rambat lan ketela pendhem

20. Parine padha gembrang, jalaran ……a. Dipangani emprit b. Dipangani tikusc. Dipangani sapi d. Diserang ama wereng

21. Palemahan kang ditanduri pari gaga diarani …..a. Pagajihb. Sawahc. Pagagand. Pekarangan

22. Upacara kanggo miwiti panen pari diarani ….a. Nyadranb. Wiwitc. Majemukand. Ruwatan

23. Ana ing legenda Jawa Widadari kang dadi dewaning pari yaiku ….a. Bethari Durgab. Dewi Pertiwic. Dewi Srid. Dewi Sinta

24. Wong sadesa padha tandang ….. nyukupi kabutuhane dhewe-dhewe.Supaya dadi tembung saroja, kudu diganepi tembung ...

a. grayangb. tandukc. gawe d. tumandang

25. Wohing pari aku nganti ….. nyawang kowe

Ukara wangsalan kang trep kanggo nyampurnakake ukara iku …..

a. judhegb. sebahc. bingungd. jengkel

26. Sawah sakedhok galengane sitok, cangkriman iki batangane …..

a. Blarakb. Klasac. Godhong gedhangd. Payung

27. Gambar ing ndhuwur iku kalebu tetuwuhan …..e. Pala gumantungf. Palawijag. Pala kirnah. Pala kasimpar

28. Tanduran ing gambar ndhuwur kalebu tuwuhan ….a. Pala kependhemb. Pala kependhemc. Pala gumantungd. Pala kirna

29. Kang kalebu pala kependhem yaiku …..

a c

b d

30. Dudu berase ditempurake, tegese ……a. Urun rembug nanging ora salaras

karo sing dirembugb. Wong sing nyalahi aturanc. Nandangi pagaweyan srana

gentenand. Wong sing gawe kabecikan

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 33

Page 34: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

WULANGAN 3PERTANIAN MODERN

NYEMAKKompetensi Dasar :5.3 Memahami dan menanggapi isi wacana lisan pertanian modern

Indikator1. Menyebutkan isi pokok yang terdapat dalam wacana yang dibacakan menggunakan bahasa

krama2. Mengartikan kata-kata penting dalam wacana3. Menjawab pertanyaan tentang isi bacaan dengan menggunakan bahasa Jawa ngoko lugu.4. Menjelaskan kegunaan alat pertanian modern dari gambar tersaji5. Menerapkan unggah-ungguh ngoko lugu

A. Semaken wacan ing ngisor iki!

Hidroponik

Tomat asil hidroponik

Hidroponik asalé saka tembung Yunani yaiku hydro kang tegesé banyu lan ponos kang tegesé daya utawa kerja. Dadi hidroponik tegesé mbudidayakaké tanduran kanthi mupangataké banyu dadi médhia kanggo nandur utawa kena diarani soilles. Hidroponik ora nggunakaké lemah kanggo nandur. Tanduran kang dibudidayaké kanthi cara hidroponik yaiku tanduran kang larang regané, tanduran iki biyasané cepet payu nalika didol ing pasaran. Tanduran kang ditandur kanthi cara hidroponik umpamané paprika, tomat, timun jepang, melon, térong jepang, seladha. Saliyané jinis tanduran ing dhuwur uga ana jinis tanduran liyane kang dibudidayakaké kanthi cara hidroponik ananging biyasané mung kanggo hobi.

Nandur tanduran kanthi sistem hidroponik ing donyaning tetanèn wis ora dadi sistem kang anyar manèh. Ananging nganti saiki akèh masarakat kang durung ngerti kanthi cetha piye carané nandur kanthi sistem hidroponik lan apa waé kauntungané. Hidroponik luwih

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 34

Page 35: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

mentingaké nutrisi kanggo tanduran nalika ditandur. Tèknik nandur hidroponik digawé amarga manungsa ngerti wigatiné rabuk kanggo tanduran.

Ing endi waé panggonané tanduran bisa thukul kanthi subur yèn kabèh nutrisi utawa unsur hara kang dibutuhaké dicukupi. Ing kontèks iki fungsiné lemah yaiku kanggo nyangga tanduran lan banyu kang ana dadi dat kang nglarutaké unsur hara utawa nutrisi kang dibutuhaké saéngga bisa disesep tanduran. Saka pola pikir iki akiré digawé tèknik nandur kanthi sistem hidroponik, déné sistem iki luwih ngutamakaké kabutuhan nutrisi utawa unsur hara kang dibutuhaké tanduran.

Bahan kang dibutuhaké nalika arep nandur kanthi sistem hidroponik yaiku pot kang ukuran lan gedhéné dicocokaké karo tanduran kang dadi maskot. Tanduran maskot iki bisa arupa janganan kayata térong lan liyané kayata tanduran taunan kayata dhondhong, jambu, utawa kembang-kembangan. Pot kang digunakaké luwih becik pot kang tingkat lan ana wadhah kanggo nampung banyu ing ngisoré. Bahan saka pot uga digawé saka lemah lempung lan plastik, loro-loroné nduwèni kaunggulan lan kakurangan dhéwé-dhéwé. Pot kang digawé saka lemah lempung nduwèni kaunggulan bisa njaga stabilitas suhu medhia, ananging luwih cepet lumuten lan cepet rusak. Déné pot kang digawé saka plastik luwih awèt ananging ora bisa dirembesi banyu saka témbok pot saéngga stabilitas medhia ora stabil. Sawisé iku banjur digunakaké medhia tandur kayata pasir, watu apung putih, watu zeolit, pecahan bata, watu kali dan kawat kasa nilon. Kanggo njaga sterilitas bahan, luwih becik kabèh bahan digodhog dhisik sadurungé dadi medhia kanggo nandur. Déné tandurané dijupuk saka tanduran kang wis thukul ing njero polybag lan wis siap direplanting ing njero pot.

(Saka Wikipedia Basa Jawa)

1. Tembung wigatiGolekana tegese tembung saka basa Indonesia lan manca iki ana ing bausastra, nuli gawenen ukara sing luwes!

a. Medhia : …………………………………………………………………………...b. Soiles : …………………………………………………………………………..c. Sistem : …………………………………………………………………………..d. Nutrisi : …………………………………………………………………………..e. Teknik : …………………………………………………………………………..f. Unsur hara : …………………………………………………………………………..g. Maskot : …………………………………………………………………………..h. Stabilitas : …………………………………………………………………………..i. Sterilitas : ………………………………………………………………………….j. Direplanting : ………………………………………………………………………….

2. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!a. Kepriye asal-usule tembung hidroponik iku?

Wangsulan : …………………………………………………………………………………………….………………………………………………………………………………………

b. Apa sing dikarepake nandur cara hidroponik?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

c. Apa alesane wong nenandur kanthi cara hidroponik?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

d. Biasane tanduran sing dibudidayakke kanthi cara hidroponik iku tanduran sing kepriye?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

e. Kepriye pola pikire dene wong nenandur cara hidroponik?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

f. Bahan apa wae kang dibutuhake nalika arep nandur cara hidroponik?

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 35

Page 36: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

g. Apa kaluwihane pot kang saka lempung?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

h. Apa kekurangane pot kang saka plastik?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

i. Wenehana tuladha medhia tanam kanggo nandur cara hidroponik iku!Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

j. Apa pamrihe bahan sing arep kanggo medhia tanam hidroponik kudu digodhog dhisik?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

B. Gambar piranti pertanian modern iki gunane kanggo apa?

1. Gunane kanggo : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Gunane kanggo : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Gunane kanggo : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 36

Page 37: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

4. Gunane kanggo : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Gunane kanggo ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Gunane kanggo : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Gunane kanggo : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8. Gunane kanggo : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9. Gunane kanggo : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 37

Page 38: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

10. Gunane kanggo : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

Pilihan Wangsulano Nyemprot amao Mipil gagungo Ngonceki kacang brolo Matun lan nggemburake lemah ing tanduran pari (Sosrok/slodho)o Panen pario Nandur pari o Nyelep pari (ngonceki lan mutihake pari/ beras)o Perontok pario Malik lan ngratakake lemah (ngluku lan nggaru)o Ngratakake rabuk kandhang/ rabuk kompos

C. MATERI PENGAYAAN

Tembung Rangkep

Tembung rangkep ana telung werna, yaiku rimbag dwipurwa, dwilingga lan dwiwasana. 1. Dwipurwa

Tembung dwipurwa iku wewangunaning tembung andhahan sing kedadeyan  saka tembung lingga kang   wandane wiwitan dirangkep. Umpamane:

a.       Ateges nganggo               : kekudhung, pepayungb.      Ateges sing dianggep       : lelurah, sesepuhc.       Ateges kabeh sing            : pepeteng, reruwetd.      Ateges ora gumathok       : tetuku, sesuluh, tetiga

2. Dwilingga Tembung dwilingga iku warna-warna wujude, yaiku: a.       Dwilingga Wantah Dwilingga wantah Yaiku dwilingga kang dumadine mung sarana karangkep tembunge bae tanpa owah-owahan. Tuladha:

-          Bocah-bocah-          Mangan-mangan-          Mbalang-mbalang-          Weruh-weruh

b.      Dwilingga Salin Swara Dwilingga salin swara yaiku dwilingga kang dumadine sarana ngowahi:

o Swaraning tembunge kang ngarep. Tuladha:

Sapa                    : sopa-sapa Sendhen              : sendhan-shenden Bali                      : bola-bali

o Swaraning tembunge kang mburi.Tuladha:Pindhah               : pindhah-pindhehKembang             : kembang-kembengSlendhang           : slendhang-slendheng

o Swaraning tembunge loro pisan ngarep lan mburi.Madhang             : modhang-medhengGonjing               : gonjang-ganjingCempreng           : comprang-campreng

o Tembung dwilingga nduweni teges : Akeh/ jamak, tuladha : Bocah-bocah padha shalat ing masjidWola-wali, tuladhaKowe kok tokan-takon apa during mudheng?Senajan, tuladha :Cilik-cilik kae Lombok rawit kuwi pedhes banget.Tansah, tuladha :Arep makani pitik kok lola-lali wae.Ora cetha wujude, tuladha:

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 38

Page 39: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Sing kelip-kelip kae apa konang, ta?c. Dwilingga Semu

Dwilingga semu yaiku kang wujude kaya dwilingga ananging ora ana linggane.Tuladha:Kolang-kaling               ondhang-andheng             alun-alunAndheng-andheng        ula-ula                             ugel-ugelCamboran tunggal yen digawe dwilingga, karangkep kabeh.Tuladha:Semar  mendem              : semar mendem-semar mendemParang rusak                   : parang rusak-parang rusak

3. Rimbag DwiwasanaRimbag Dwiwasana iku dumadine saka tembung rong wanda kang karangkep wandane pungkasan kaucapake kaping pindho, wandane kapisan swara e (pepet).

Yen wandane wekasan sigeg, sesigeke dibuwang dhisik.Tuladha:Cenges //ce-nges-nges : CengengesCeluk     //ce-luk-luk        : celulukJegik      //je-gik-gik         : jegigik

Yen wandane kang kapindho sandhangan cakra utawa keret, yen diseselake cakra lan kerete ilang.Jegreg   //je-greg-greg   : jegegregCekruk  //ce-kruk-kruk  : cekukruk

4. GladhenTembung ing njeron kurung ing ngisor iki rimbagen nganggo : dwipurwa, dwilingga, apa dwiwasana kang mathuk karo ukarane!a. Sapa sing dadi (sepuh) ing desa kene?b. Muga-muga kabeh (peteng) enggal sirnac. Sapa sing ngguyu(cekak) kae?d. Aja (bengok) ana njero omah, ora ilok!e. Sing katon (putih) kae apa ya?f. Ing mangsa ketiga akeh (wit) kang alumg. (godhong) katon ijo royo-royo asri lamun dinuluh. Ing Pulo Bali akeh (sawang) kang endah nengsemakei. Aja sedhih nyuwuna (padhang) karo Gusti Allahj. Yen lagi sholat aja disambi (guyu) karo kancamu, dosa!

MICARAKompetensi Dasar :

6.2 Mengungkapkan dan menanggapi isi wacana lisan pertanian modern

Indikator :1. Menjawab pertanyaan wacana informasi bercocok tanam modern secara lisan 2. Meringkas wacana pertanian modern dalam bahasa Jawa krama3. Menceritakan kembali isi wacana dalam bahasa Jawa krama di depan kelas4. Merubah kalimat berbahasa Jawa ngoko lugu ke dalam bahasa Jawa ngoko andhap

A. Bukumu tutupen nuli rungokna lan cathethen bab-bab kang wigati apa kang bakal diaturake dening Bapak/ Ibu guru iki!

LOMBOK TUMPANG SARI

Lombok lan brambang klebu jinis sayuran kang sarat panguripane meh padha, yakuwi mbutuhake lemah kang subur, gembur lan ngandhut humus sarta PH 5 – 6,5. Kajaba saka kuwi

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 39

Page 40: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

ora patiya akeh mbutuhake banyu udan jalaran manawa nganti kakehan banyu udan malah gampang ketaman penyakit.

Saliyane kuwi lombok lan brambang mujudake taneman sayuran kang nduweni nilai ekonomi cukup becik. Meh saben ibu rumah tangga mbutuhake loro-lorone minangka rerangkene bumbu masak

Kanthi sipat-sipat tanduran lelorone kang meh padha, saiba becike yen tanduran sakarone ditumpang sari anggone nandur. Kanthi mangkono keuntungane petani bisa dhobel, yakuwi panen lombok lan panen brambang.

Carane nindakake tumpang sari

Pakaryan iki kawiwitan saka gawe bedhengan kanthi ukuran kang ambane 175 cm lan dawane miturut kaperluan. Antarane bedhengan siji lan sijine digawekake kalenan, kajaba kanggo mbanyoni uga kena kanggo liwatan yen kapinujon ngrumat tanduran iki. Ambane kalenan udakara 20 cm.

Sabanjure bedhengan mau diolah sacukupe, sarana dipaculi jerone kira –kira 30 cm lan lemahe dialusake kaping 3 utawa kaping 4. Mbarengi pangolahe lemah kuwi ora adoh saka papan kono kita ndhedher winih lombok ing lemah sing wis disiapake sarta wis diolah lan diwenehi rabuk kandhang sacukupe supaya bibit lombok mau cepet gedhe.

Panandure

Brambang kanga arep dienggo bibit kudu dipilih kang gedhene sedhengan, wangune normal sarta wis disimpen kurang saka rong wulan. Nalika arep ditandur pucuke kudu dikethok luwih dhisik. Sabanjure bibit mau ditandur ngadeg ing bedhengan kanthi jarak tanem 20 x 20 cm utawa 15 x 15 cm disalarasake karo kesuburane lemah.

Sawise tanduran brambang mau umur 25 dina, bibit lombok kang didhedher wis umur 35 dina lan wis wancine dielih menyang bedhengan ing sela-selane tanduran brambang kanthi jarak tanem 50 x 50 cm.

Tanduran lombok sing mentas ditandur ora patiya ngganggu panguripane tanduran brambang kang wis ditandur luwih dhisik. Lan nalika tanduran lombok wiwit urip subur, kira-kira umur 35 dina tanduran brambang wis ngancik umur 60 dina lan wis ngancik panen.

Pangrabuke

Pangrabuke tanduran brambang diperang dadi rong bageyan. Rabuk dhasar diwenehake sadina sadurunge winih brambang ditandur awujud Urea 30 Kg, TSP 90 Kg, KCL 45 Kg saben hektare.

Rabuk susulan kang kawitan dirabukake nalika tanduran brambang umur 15 dina dumadi saka rabuk Urea 45 kg, TSP 90 kg saben hektare. Rabuk susulan kapindho nalika tanduran brambang umur 30 dina, yakuwi Urea 45 kg, tanpa nganggo TSP.

Tumrap tanduran lombok, yen isih ana tanduran brambang ing bedhengan, ora usah nganggo dirabuk. Awit senajan tujuane ngrabuk brambang nanging uga nduweni pangaribawa marang tanduran lombok. Semono uga pakaryan liyane kayata matun, ndhangir, lan mbrastha ama sarta penyakit tanduran liyane uga mangaribawani marang tanduran lombok. Lagi sawise brambange panen wektu iku tanduran lombok wis umur 35 dina, pangrumate kang mligi tanduran lombok nembe diwiwiti. Pangrabuke katindakake seminggu sepisan nganti titi mangsane panen kang kawitan. Rabuk dumadi saka Urea 60 kg, TSP 60 kg lan KCL 60 kg saben hektare. Tanduran lombok wiwit ngasilake ing sawise umur telung wulan, sawise kuwi pemupukan dianakake saben rong minggu sepisan kanthi dhosis padha kaya kang uwis-uwis.

(Kapendhet saking : Mardi Basa 2 , Soetarno, 1995)

1. Pitakonan ing ngisor iki wangsulana nganggo basa krama!a. Kang diarani tanduran tumpang sari iku apa?

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 40

Page 41: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

b. Lombok lan brambang iku kagolong sayuran kang becik nilai ekonomine. Buktine kepriye?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

c. Kepriye panggawene bedhengan kanggo nandur lombok lan brambang cara tumpang sari?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

d. Supaya tanduran lombok lan brambang bisa maremake kepriye pangolahe bedhengan?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

e. Apa tujuane nggawe bedhengan-bedhengan kuwi?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

f. Bibit brambang kang becik iku brambang sing kepriye lan carane nandur sing becik iku kepriye?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

g. Supaya bibit lombok kang ditandur cara tumpang sari karo brambang iku becik kudu nganggo pathokan kepriye?Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

h. Pathokan nandur bibit lombok kaya ing ndhuwur iku bisa nguntungake sing nandur. Kepriye genahe?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

i. Pangrabuke tanduran brambang kang prayoga ana 3 ambalan. Rabuk-rabuk iku wujud apa lan kapan titi mangsa pangrabuke?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

j. Kapan pangrabuke tanduran lombok lan apa wujude rabuk?Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Ringkesen wacan ing ndhuwur nganggo basa krama akeh-akehe 10 larik!Papan kanggo nggarap :………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Coba Critakna ana ngarep kelas carane nandur brambang lan lombok kanthi cara tumpang sari kanthi basa krama. Supaya critamu bisa runtut mula tulisen pokok-pokoking informasi tetanen utawa ringkesan sing bakal kok critakake!

B. Undha-usuking basa slaras karo unggah-ungguhing basa

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 41

Page 42: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

     Undha-usuking basa yaiku tataraning basa Jawa manut penganggone, wondene unggah-ungguhing basa iku panataning basa miturut lungguhing tatakrama (tatakrama anggone nggunakake basa Jawa). Tujuwan nggunaake unggah-ungguh basa yaiku kanggo ngajeni awake dhewe lan ngajeni wong-wong sing pancen kudu diajeni. Sejatine unggah-ungguh basa Jawa iku yen disinaoni kanthi njlimet akeh banget perangane, ing jaman biyen perangane kayata:1.  Ngoko:  a.   Ngoko Lugu     b.   Ngoko Alus: Antya basa, Basa antya2.  Madya

a.   Madya ngokob.   Madyantara

     c.   Madyakrama3.  Krama  a.   Mudha karma  b.   Kramantara  c.   Wredha krama  d.   Krama desa     e.   Krama inggil4.  Kedhaton                     Amarga saka owah gingsiring jaman lan kanggo nggampangake para siswa anggone nyinaoni basa Jawa, ing jaman saiki undha-usuking basa Jawa iku kaperang dadi 2 (loro),  yaiku: 1.  Ngoko:   a.   Ngoko lugu                    b.   Ngoko alus2.  Krama:   a.   Krama lugu                    b.   Krama alus (inggil)

1.  Ngoko Lugu      Basane ngoko kabeh, ora dicampuri tetembungan krama.      Penganggone yaiku:

o Kanca padha kanca sing wis akrab.o Wong sing drajate luwih dhuwur marang wong sing drajade luwih 

 endhek.o Kanggo situwasi resmi sing pancen perlu ngoko (umpamane tulisan

ing majalah utawa buku).      Tuladhane:      a.    Dhuwite  mau digawa apa durung ya karo mas Budi?      b.    Kowe iku yen diwenehi apa-apa kok mesthi ora gelem, piye ta?      c.    Aku arep lunga menyang pasar.

2.   Ngoko Aluso Basane ngoko dicampuri krama inggil.o Basa krama sing digunakake kanggo aweh pakurmatan marang

mitra wicara.o Tembung sing perlu dikramake yaiku wonge, panindake lan barang

kaduwekane.o Ater-ater lan panambang ora dikramakake ( tetep di- utawa –ake, -ke)

Tuladha : diasta, diastakke, didhaharo Kowe dadi sampeyan utawa panjenengan

      Penganggone yaiku:

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 42

Page 43: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

o Kanca raket nanging padha ngajeni (umpamane wong pangkat  marang wong pangkat).

o Wong tuwa utawa sing luwih duwur drajade marang wong enom,  nanging wis akrab banget.

o Yen lagi ngrembug wong liya sing diajeni banget.o Wong wadon marang bojone (yen nggunakake basa ngoko).o Tulisan ing majalah kanggo ngajeni wong sing maca.

      Tuladhane:      a.   Dhuwite mau wis diasta apa durung ta, mas Budi?      b.   Panjenengan mau arep diparingi kok ora kersa, genahe ta?      c.   Eyangku isih durung bisa kondur saiki jalaran isih tindak pasar.      d.   Panjenengan kok ora dhahar dhisik ta Pak, saiki wis jam pitu lo!      e.   Matur nuwun marang sapa wae sing wis kersa paring panyaruwe.

3.   Krama Luguo Basane awujud krama lugu, ora dicampuri krama inggil apadene ngoko.o Basa iki watake ngajeni marang sing diajak guneman nanging kurang  alus.o Ater-ater lan panambang kudu dikramakake.

      Penganggone yaiku:o Wong sing sadrajad nanging padha dene ngajeni.o Wong biasa sing durung nate tepung utawa durung akrab.o Ing swasana resmi (upamane lagi macakake rantaman adicara).

      Tuladhane:      a. Sampeyan wau sampun mbeta napa kemawon?      b. Sampeyan malah sampun angsal, sinten ingkang nyukani?      c. Acara salajengipun inggih punika donga pamuji.

4. Krama Aluso Basane luwih alus lan ngajeni banget, wujude basa krama kacampuran

krama inggil.o Tembung sing perlu dikramakake, yaiku: wonge, panindake lan barang

 kaduwekane.o Awake dhewe ora kena dikramakake inggil.

    Penganggone yaiku:o Wong sadrajad utawa padha pangkate, kang padha ngajen-ingajeni 

        banget ing antarane siji lan sijine.o Marang wong sing luwih dhuwur drajade (anak marang wong tuwa, 

         murid marang guru, abdi marang bendarane lan sapanunggalane).o Wong luhur kang durung nate tepung lan durung akrab.    Tuladhane:    a.   Pak, panjenengan mangke menapa saestu tindak dhateng kantor?    b.   Bilih wonten dhanganing penggalih panjenengan kula aturi rawuh!    c.   Panjenengan ta ingkang asma Pak Karto punika?

Kanggo luwih gampang mbeda-bedakake ing antarane tataran undha-ushuking basa mau, coba gatekna katrangan ing ngisor iki:

Ngoko Lugu Ngoko Alus Krama Lugu Krama AlusAku arep lunga menyang omahmu.

Aku arep lunga menyang dalem panjengan.

Kula badhe kesah dhateng griya sampeyan.

Kula badhe kesah dhateng dalem panjenengan.

C. Ukara ngoko lugu ing ngisor iki owahana dadi

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 43

Page 44: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

a. Ngoko andhapb. Krama luguc. Krama alus

1. Bapak nukokake pit anyar adhiku.a. Ngoko andhap :

……………………………………………………………………………….b. Krama lugu :

……………………………………………………………………………….c. Krama alus :

……………………………………………………………………………….2. Bu Parto disuguh wedang lan panganan.

a. Ngoko andhap : ……………………………………………………………………………….

b. Krama lugu : ……………………………………………………………………………….

c. Krama alus : ……………………………………………………………………………….

3. Wis telung dina iki simbah lara, ora gelem mangan apa-apa.a. Ngoko andhap :

……………………………………………………………………………….b. Krama lugu :

……………………………………………………………………………….c. Krama alus :

……………………………………………………………………………….4. Pakdhe Suta apa wis teka ndhuk?

a. Ngoko andhap : ……………………………………………………………………………….

b. Krama lugu : ……………………………………………………………………………….

c. Krama alus : ……………………………………………………………………………….

5. Yen kowe sida mangkat menyang Jakarta, apa aku oleh melu Mas?a. Ngoko andhap :

……………………………………………………………………………….b. Krama lugu :

……………………………………………………………………………….c. Krama alus :

……………………………………………………………………………….6. Bapak tangi turu banjur adus.

a. Ngoko andhap : ……………………………………………………………………………….

b. Krama lugu : ……………………………………………………………………………….

c. Krama alus : ……………………………………………………………………………….

7. Yen karepe ibu mangkono, yaw is aku melua. Ngoko andhap :

……………………………………………………………………………….b. Krama lugu :

……………………………………………………………………………….c. Krama alus :

……………………………………………………………………………….8. Bali saka Semarang bapak nggawa oleh-oleh akeh banget.

a. Ngoko andhap : ……………………………………………………………………………….

b. Krama lugu : ……………………………………………………………………………….

c. Krama alus : ……………………………………………………………………………….

9. Dit, buku iki wenehna Pak Guru ya!a. Ngoko andhap :

……………………………………………………………………………….

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 44

Page 45: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

b. Krama lugu : ……………………………………………………………………………….

c. Krama alus : ……………………………………………………………………………….

10. Aku diwenehi LKS gratis Pak Guru jalaran saben ulangan bijiku 10.a. Ngoko andhap :

……………………………………………………………………………….b. Krama lugu :

……………………………………………………………………………….c. Krama alus :

……………………………………………………………………………….

MACA

Kompetensi Dasar :7.2 Membaca dan menanggapi wacana sederhana pertanian

modern beraksara Jawa

Indikator :1. Membaca wacana beraksara Jawa dengan benar dan lancar2. Mengalihaksarakan wacana beraksara Jawa ke aksara Latin3. Menjawab pertanyaan isi bacaan

A. Wacan aksara Jawa iki wacanen bola-bali nganti lancar!

?I[nTnSip+iksi.

? si=fiarnNiI[nTnSip+iksi pe/tniyn yaikup[zolhai=lanPe/tniynK=anknQisbecikBeci[kKk=[gonikelL[kasilLi=tet[nnKn\, I[nTnSip+iksia[khktinFkH[kai=pu[lojwlnBlik=rc[kKpra[m=otnimu=anF|[wnNiXmhk=ciyut\,

?ai=skwit\I[nTnSip+iksipertniynFitemPuhknqi[p]og]mPnCausatni,k=sbnJ|/[rfiterusS[k[p]og]mSpTausatni.

[f[nspTausatniaikuvkupKegiytTn\:

:1:?p[zolhai=Xmhk=becik\,

:2:?Irigsik=tumtutwtertu/.

:3:?pmiliai=bibitHu=gul\,

:4:?pz]bu[kKtnF|/rn\,

:5:? pmB`sQni=amlnPvkitTnF|/rn\,

:6:?pze[folLi=ksileTt[nn\,

:7:?psKp[nnHutw pz(m[tTksilLnLemhswi[sSp[nn\, ?sliy[nI[nTsip+iksipe/tniynHnm[nhausak=[gonikelL[kpmetuautwasilLi=tet[nnYaiku:Ek[sTnSiP+iksipe/tniyn\di[s/tip+iksi[p/tniyn\[mknissipe/tniyn\ln[rabilitsipe/tniyn\,

B. Wacan Jawa ing ndhuwur gantinen aksara Latin manut tatanan EYD basa Jawa sing bener!Papan kanggo nggarap :

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 45

Page 46: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

C.Wangsulana pitakonan iki!1. Apa sing diarani intensifikasi pertanian iku?

Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Apa wae Sapta Usaha tani iku?Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Wenehana tuladha usaha irigasi kang tumata iku apa wae!Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Saliyane program intensifikasi apa ana program liyane kanggo nikelake asiling tetanen?Coba sebutna!Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

5. Apa sing diarani usaha mekanisasi pertanian iku? Wenehana tuladhane!Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

D. Homonim

Homonim yaiku tembung kang padha panulise, padha pocapane nanging beda tegese.

Tuladha:

1. Salake isih enom mula rasane sepet.

2. Keset iki digawe saka sepet.

Tembung sepet ing tuladha 1 tegese araning rasa, dene tembung kedalon ing

tuladha 2 tegese kulit klapa.

Tembung- tembung homonim ing ukara iki terangna tegese !

1. a. Sekar Mlathi menika gandanipun wangi.

sekar tegese............................................................................................................

b. Pocung menika satunggaling sekar macapat.

sekar tegese............................................................................................................

2. a. Simbah sampun nggadhahi wayah gangsal.

wayah tegese..........................................................................................................

b. Wayah labuh para among tani wiwit nandur pari.

wayah tegese..........................................................................................................

3. a. Ibu boten kersa dhahar amargi gerah waja.

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 46

Page 47: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

waja tegese............................................................................................................

b. Pirantos menika kadamel saking waja.

waja tegese.............................................................................................................

4. a. Adhik dipunpundhutaken sepatu enggal.

Enggal tegese.........................................................................................................

b. Yen wis rampung enggal bali, mundhak diarep- arep ibu.

Enggal tegese ........................................................................................................

5. a. Ingkang jumeneng ing ngajeng kelas menika ibu Sri Hariyani.

Jumeneng tegese....................................................................................................

b. Prabu Duryudana jumeneng nata ing Ngastina.

Jumeneng tegese....................................................................................................

6. a. Ibu Kartini ngundhakake drajade kaum wanita.

Kaum tegese..........................................................................................................

b.Sawise didongani bapak kaum bancakane digawa mulih.

Kaum tegese..........................................................................................................

7. a. Ana kapal kang labi labuh.

Labuh tegese..........................................................................................................

b. Mangsa labuh para tani padha nenandur.

Labuh tegese .........................................................................................................

8. a. Bareng disuwuk simbah larane adhik mari.

Disuwuk tegese .....................................................................................................

b. Gamelane disuwuk amarga sedhela maneh bakal rampung.

Disuwuk tegese......................................................................................................

9. a. Aku ora bakal lali piwelingmu.

Bakal tegese...........................................................................................................

b. Ibu mundhut bakal klambi.

Bakal tegese...........................................................................................................

10. a. Kala wingi bapak tindak Sala.

Kala tegese.............................................................................................................

b. Manuke dicekel nganggo kala.

Kala tegese.............................................................................................................

Gawea ukara nganggo tembung- tyembung ing ngisor iki !

1. Ngasta sing tegese:

a. mulang

...............................................................................................................................

b. nggawa

...............................................................................................................................

2. Golek sing tegese:

a. wayang

...............................................................................................................................

b. ngupaya

...............................................................................................................................

3. Ngelih sing tegese:

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 47

Page 48: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

a. luwe

...............................................................................................................................

b. mindhah

4. Kalong sing tegese:

a. araning kewan

...............................................................................................................................

b. suda

...............................................................................................................................

5. Kedalon sing tegese:

a. kewengen

...............................................................................................................................

a. kematengen

……………………………………………………………………………...........

NULISKompetensi Dasar :

8.4 Menulis karangan sederhana pertanian modern beraksara Jawa

Indikator :1. Mengalihaksarakan satu paragraf hasil karangan pertanian

modern beraksara Latin ke dalam aksara Jawa dengan tepat

A. Wacan ing ngisor iki gantinen aksara Jawa!

Nandur tanduran kanthi sistem hidroponik ing donyaning tetanèn wis ora dadi sistem kang anyar manèh. Ananging nganti saiki akèh masarakat kang durung ngerti kanthi cetha piye carané nandur kanthi sistem hidroponik lan apa waé kauntungané. Hidroponik luwih mentingaké nutrisi kanggo tanduran nalika ditandur. Tèknik nandur hidroponik digawé amarga manungsa ngerti wigatiné rabuk kanggo tanduran.

Papan kanggo nggarap : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

B. Ayo Nembang1. Tembang ing ngisor iki ayo padha ditembangake kanthi titi laras sing

bener!KANCA TANI

Bawa Dhandhanggula

Ilir-ilir tandure sumilir

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 48

Page 49: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Kanca tani kang padha makaryaSinawang lejaring galeh,Parine lemu-lemu,Katon subur nyenengke ati,Kalis ing sambekala,

Iku panyuwunku,Sihing Gusti mring kawula,Kanca tani yekti saka guru nagri,Uga betenging bangsa.

LAGU E,e, eba senenge kanca tani yen nyawang tandurane,

Nyambut gawe awak sayah seneng atine, Parine lemu-lemu palawija lan uga sawernane, Katon subur kabeh tuwuh kang sarwa tinandur.

Panyuwunku tinebihna saking sambekala Sihing Gusti mugi-mugi lestari widada,

Sayuk rukun rame-rame, Gotong-royong kang dadi semboyane Kanca tani yekti saka guru tumrap negarane. (Transkrip VCD: Campur Sari RCL)

2. Tegese tembung-tembung wigatiIlir-ilir = tepas-tepasSumilir = angine midit alonMakarya = nyambut gaweLejar = seneng, bungahGalih = atiKalis = ora ketaman, luput ing lelara, ora pashaSambekala = kacilakan, alanganYekti = nyataSaka guru = cagakingLestari widada= slamet3. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!

a. Para among tani anggone nyambut gawe kanthi kepriye?b. Apa panyuwune para kawula marang Gusti Allah?c. Apa buktine yen sedulur tani iku pinangka saka guru lan bebetenging negara?d. Apa sebabe kadang tani padha seneng atine?e. Wenehana tuladha sing kalebu palawija iku apa wae?f. Apa sing dikarepake kalis ing sambekala tumrape sedulur tani?g. Apa semboyane sedulur tani?h. Wenehana tuladha pakaryan kang katindakake kanthi gotong royong dening

sedulur tani!i. Apa karepe kabeh tuwuh kang sarwa tinandur?j. Wenehana tuladha amaning pari iku apa bae lan kepriye pambrasthane ama mau!

4. Gancarane Tembang Dhandhanggula Angin midit tumiyup ing tandur njalari kanca tani kang padha makarya padha seneng atine. Dhasare parine lemu-lemu katon subur nyenengake ati. Dak sesuwun muga-muga asihing Gusti marang kawulane kabeh kang tinandur ora ketaman ing ama. Nyata manawa kanca tani dadi saka guru lan bebetenging negara.

5. Struktur metrum tembang Dhandhanggula Guru Gatra I II III IV V VI VII VII

I IX X

Guru Wilangan 10 10 8 7 9 7 6 8 12 7Guru Lagu i a e u i a u a i a

6. Isine Tembang

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 49

Page 50: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

Kanca tani kang pinangka saka guru lan betenging nagara padha makarya kanthi senenging ati amarga tandurane bebas saka ama lan katon subur.Kanca tani senajan sayah awake nanging rumangsa seneng amarga pari, palawija lan kabeh kang tinandur bisa urip suburKang disesuwun marang Gusti tandurane bisa kalis saka amaAnggone makarya kanca tani kanthi semboyan kerukunan lan gotong royongMula ora mokal menawa kanca tani iku nyata dadi saka gurune negara.

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 50

Page 51: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 51

Page 52: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

LAMPIRAN GAMBAR

Rambu-Rambu Lalu Lintas & Marka JalanRambu lalu lintas adalah perangkat yang memuat lambang, huruf, angka, kalimat dan/atau perpaduan diantaranya, dan digunakan sebagai peringatan, larangan, perintah atau penunjuk bagi pemakai jalan.

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 52

Page 53: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 53

Page 54: MATERI PENGAYAAN -    Web viewSemaken tayangan video iki! Kecelakaan maut. Kecelakaan jalan Wonosari - Yogya. Pelanggaran rambu-rambu lalu lintas . Perilaku buruk pengendara motor

LKS GLADHI BASA JAWI VIII/2 Page 54