20. KEMPALAN PANDONGA 3.docx

11

Click here to load reader

Transcript of 20. KEMPALAN PANDONGA 3.docx

Page 1: 20. KEMPALAN PANDONGA 3.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

139

PUNAPA GADHAH TANGGEL JAWAB?

1. Wekdal Ening

2. Rerangkèning Atur Panuwun:Ibu : Kawula ngaturaken panuwun

dhumateng Paduka Gusti, awit brayat peparing Paduka.

Bapak : Kawula ngaturaken panuwun karana pangreksa Paduka, ing salebeting bingah lan sisah.

Anak : Ing salebeting kabegjan lan kakirangan.

Semua : Ing sadaya kawontenan, kawula badhé ngluhuraken asma Paduka.

Ibu : (Ngidungaken Rèff. KPK BMGJ 29)Reff.: Nyawa kula gya sumyak sung pujayekti Allah Maha kwasanyawa kula gya sumyak sung pujiyekti Allah Maha kwasa.

WULAN BRAYAT

BAHAN 3

KidungKPK BMGJ 29: 1,2,3KPK BMGJ 38: 1,2,3KPK BMGJ 300:1,2

WaosanLukas 12:39-48

bahan kempalan pandonga

Page 2: 20. KEMPALAN PANDONGA 3.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

140

Putri : (Ngidungaken KPK BMGJ 29: 1,2)Adhuh Gusti lamun kula nyipati

lintang abyor ing dalu kang sepiwah gumlegering gludhug ing akasa kula ngungun gunging kamulyanta

Sadaya : (Ngidungaken Refrein KPK BMGJ 29)nyawa kula gya sumyak sung pujayekti Allah Maha kwasanyawa kula gya sumyak sung pujiyekti Allah Maha kwasa.

Kakung : (Ngidung KPK BMGJ 29:2)Lamun nlasak tengahing wana wasa sato peksi kekidungan ramya,wonten ngaré dalah ing ardi ugi, bra gumelar sesawangan adi.

Sadaya : (Ngidungaken Refrein KPK BMGJ 29)nyawa kula gya sumyak sung pujayekti Allah Maha kwasanyawa kula gya sumyak sung pujiyekti Allah Maha kwasa.

3. Pandonga Pambuka

4. Kidung Pamuji

KPK BMGJ 38: “Haléluyah, Puji Gusti”

Para Laré:Pinuji Gusti kang nitahken jagad siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat.

Page 3: 20. KEMPALAN PANDONGA 3.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

141

Sadaya: Haléluya sagung puji tansah konjuk Gusti Haléluya sagung bekti mring ratu swargi.

Bapak:Pinuji Gusti Sang Juru Basuki kang ngurbanken sarira nebus manungsa.

Sadaya: Haléluya sagung puji tansah konjuk Gusti Haléluya sagung bekti mring ratu swargi.

Ibu: Pinuji Gusti yéku Sang Roh Suci kang nuntun ing kraharjan wah kasampurnan.

Sadaya: Haléluya sagung puji tansah konjuk Gusti Haléluya sagung bekti mring ratu swargi.

5. Pamaosing Kitab Suci: Lukas 12:39-48(Saged kawos gentosan, bapak, ibu lan laré)

6. Renungan (ayat nats: Lukas 12:43)

PUNAPA GADHAH TANGGEL JAWAB?

Titikaning manungsa ingkang ndarbèni adhab (alusing bebudèn, tatakrama, kasusilan) inggih punika tanggel jawab. Gusti Allah nitahaken manungsa minangka titah ingkang gadhah tanggel jawab (Purwaning Dumadi 1: 28). Wonten tanggel jawab dhateng dhiri pribadi, tiyang sanès, masyarakat, punapadéné tanggel jawab dhumateng Gusti. Kamus Besar Bahasa Indonesia nerangaken tanggel jawab minangka kawontenan ingkang

Page 4: 20. KEMPALAN PANDONGA 3.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

142

wajib nanggel sadaya prakawis (menawi wonten punapa-punapa saged dipun prakawisaken, dipun lepataken lsp.) Kanthi nyanggi tanggel jawab piyambak-piyambak, gesang punika lajeng mlampah kanthi saé lan tumata. Nanging émanipun, boten sadaya tiyang nindakaken tanggel jawabipun.

Sakirang-kirangipun wonten sebab kalih, kénging punapa tiyang boten tanggel jawab. Sepisan, karana dipun sengaja. Punika kelampahan saged karana kesèd utawi nganggep bilih tiyang sanès ingkang kedah langkung tanggel jawab. Saged karana wontenipun adicara ing télévisi ingkang narik kawigatosan, lan alesan sanèsipun. Minangka conto, laré sekolah boten purun sinau jalaran kesèd, utawi dèrèng wonten ujian, utawi langkung nengenaken anggènipun dolanan. Sinau dèrèng dipun anggep satunggaling kuwajiban.

Kaping kalih, karana tiyang léna dhateng satunggaling prakawis temahan nglirwakaken tanggel jawabipun. Umpaminipun léna anggènipun ngginakaken telpon tangan (hp), internèt, utawi karemenan (hobi). Satunggaling ibu lirwa nggatosaken anakipun karana kasengsem dhateng sinétron. Utawi satunggaling bapak karana karemenanipun lajeng kirang sesambetan kaliyan anakipun.

Nglirwakaken tanggel jawab asring boten namung damel tunanipun dhiri pribadi nanging inggih tiyang sanès, brayat, malah bangsa lan nagari. Tiyang sepuh utawi anak ingkang boten tanggel jawab badhé ndayani tumrap brayatipun.

Page 5: 20. KEMPALAN PANDONGA 3.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

143

Pendhudhuk ingkang kesèd utawi wekdalipun dipun telasaken kanggé sesukan, temtu kemawon badhé nukulaken bangsa ingkang gapuk. Kamangka bangsa kita asring kadhatengan samukawis ingkang pinangkanipun saking nagari manca (wiwit saking sabun dumugi handphone, motor lan mobil ingkang dipun ginakaken). Kita namung dados péhak ingkang nganggé. Satata panenimbang ing babagan ékonomi lan kajiwan, sayektinipun kita saweg dipun jajah déning bangsa manca. Ing wekdal ingkang sinebat globalisasi lan kamajenganing tèknologi kados ing samangké, kita dipun ajak supados waspada ing sakathahing bebaya wau.

Lukas 12:40 ngèngetaken kita, “Mulané kowé kabeh padha tansah rumantia, awit rawuhé Putrané Manungsa iku ing wektu kang ora koknyana.” Salajengipun ing ayat 43-44 kapangandikakaken, “Begja abdi kang ketemu nindakaken kawajibané nalika bendarané rawuh. Aku pitutur marang kowé: Satemené bendarané mau mesthi bakal ngangkat dheweké dadi abdi kang tinanggenah rumeksa marang sabarang kagungané bendarané kabeh.”

Gusti ngersakaken supados kita nindakaken tanggel jawab kanthi setya. Gusti Yesus inggih sampun paring patuladhan ing bab kasetyan salebeting nindakaken tanggel jawab. Panjenenganipun rila ngurbanaken sarira, nandhang sangsara lan séda ing kajeng salib amrih kawilujenganipun manungsa. Sasampunipun nindakaken sadaya wau, Panjenenganipun

Page 6: 20. KEMPALAN PANDONGA 3.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

144

kamulyakaken déning Ramanipun lan kaparingan asma ngungkuli sakathahing nama (Filipi 2:9).

Lumantar Lukas 12: 43 kita kaajak nindakaken kawajiban kita piyambak-piyambak kanthi tuntas lan leres. Kita nindakaken boten karana wonten ingkang ngawasi utawi ajrih yèn sawekdal-wekdal wonten ingkang badhé nyrengeni kita. Kita nindakaken kawajiban jalaran tugas punika minangka péranganing gesang kita piyambak. Kawajiban wau dados bab ingkang prelu karaosaken kanthi prayogi, boten karana kapeksa. Tugas lan tanggel jawab ing gesang punika minangka sih-rahmat. Satunggaling sih rahmat ingkang badhé ndhatengaken kabegjaning gesang.

Ing wulan brayat punika, kita kaajak supados boten namung ngraosaken wigatining kawajiban salebetening gesang, nanging ugi nggulawenthah laré madeg dados pribadi ingkang tanggel jawab. Sikep ingkang kebak tanggel jawab boten jumedhul makaten kémawon. Bab punika kedah dipun gladhi lan boten sakedhik tuwuhing panggodha, mirungga ing jaman samangké. Patuladhaning tiyang sepuh dados kunci sembadaning laré salebeting mangun dhiri dados jalma manungsa ingkang tanggel jawab.

Tiyang ingkang tanggel jawab badhé saged nindakaken kasaénan sanadyan boten wonten ingkang nyumerepi utawi ngawat-awati. Piyambakipun ndarbèni lan nyepengi kanthi bakuh paugeman ing bebener, ndarbèni kekendelan, ngemudhèni dhiri kanggé tumindak ingkang saé. Sanadyan wonten panggodha kanggé nindakaken

Page 7: 20. KEMPALAN PANDONGA 3.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

145

piawon, piyambakipun tetep setya. Sayektinipun sinau tanggel jawab kalebet sinau angurmati lan nresnani sesaminipun, kanggé nelakaken anggènipun kendel salebeting nyepengi paugeman-paugeman ingkang saé, kanggé njembaraken anggènipun ngemudhèni dhiri lan nguwaosi dhiri pribadi.

Nresnani lan ngurmati tiyang sanès punika wujuding tanggel jawab. Boten preduli soksintena tiyang wau, kadospundi warnining pakulitanipun, wangunaning mripat, kadospundi kawontenaning pangupajiwanipun, punapa-déné agaminipun. Wonten tiyang ingkang nganggep leres anggènipun korupsi ing papan panyambut damel kanthi pawadan bilih ingkang dipun korupsi punika bandhaning tiyang sugih (bendaranipun). Punapa kemawon pawadanipun, tumindak ingkang makaten punika tumindak ingkang boten tanggel jawab lan boten kepareng ing ngarsanipun Gusti. Sumangga kita nindakaken gesang kanthi kebak tanggel jawab, minangka wujuding atur panuwun kita karana sih rahmat peparingipun Gusti. Amin.

7. Kidung Tanggapan:

KPK BMGJ 300: 1,2 “Karahayoning Tyang Gegriya”

Arahayu sagunging tyang gegriyaingkang tansah rumaket mring Gusti,mung Gusti, dadya tuking basukinya klayan bingah préntahnya pinundhisékakapti anilingken sabdanya,

Page 8: 20. KEMPALAN PANDONGA 3.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

146

angabekti Allah klayan éklas, rinten ndalu angluhurken asmanya myang sumuyud kalayan trus ing tyas.

Arahayu sagunging tyang semahan, ingkang nunggil tresnanya mring Gusti, runtang runtung dènira sih sinihan, klayan saékapraya lan budi,tansah migatosken sabdaning Allah,sarta memuji ngluhurken Gusti,mantep ing pitados kang trusing manah, saha setya dumugi ing janji.

8. Pandonga Syafaat lan Panutup Ingkang mimpin pandonga saged dipun dum

antawisipun bapak, ibu lan putra. Salah satunggaling panyuwunan ing pandonga

supados saben warganing brayat kasagedaken nindakaken tanggel jawabipun piyambak-piyambak.

Menawi pakempalan pandonga punika katindakaken déning kelompok alit, prayogi menawi pandonga syafaat katindakaken kanthi gegandhèngan asta, utawi samidéné andongakaken satunggal lan satunggalipun.

[MH/TK]