Tembang gambuh wedhatama pada 13-18

20
“TEMBANG GAMBUH PADA 13-18

Transcript of Tembang gambuh wedhatama pada 13-18

Page 1: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

“TEMBANGGAMBUH”

PADA 13-18

Page 2: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

KELOMPOK 3ANGGOTA :

1. Choirunisa Hifzhu A ( 11 )2. Erlin Dana A. G ( 12 )3. Hanif Arya A. N( 14 )4. Muthia Rofida ( 21 )5. Nadya Elvira ( 22 )6. Rifqilya Nurul F( 30 )7. Yusuf Rifa’i ( 39 )

Page 3: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

Pangerten

Watak

Paugeran /

PathokanMakna

Teks Asli

Page 4: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

PANGERTENE TEMBANG GAMBUH

Gambuh iku tambuh, embuh, gambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane nata praja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing jaman Mataram. digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak).

Page 5: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

WATAKE TEMBANG GAMBUH

Watake tembang gambuh yaiku supeketing kakulawargan/akrab, sumadulur.

Page 6: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

PAUGERANE TEMBANG GAMBUH

Guru wilangan : Cacahe wanda (suku kata) saben gatra. 7, 10, 12, 8, 8 Guru lagu : Tibane swara wanda pungkasan ing saben gatra. u, u, i, u, o Guru gatra : Cacahe larik/gatra saben pada (bait). 5

Page 7: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

MAKNANE TEMBANG GAMBUH

Gambuh iku saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing pada dhuwèni rasa tresna wau, ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan lan isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kulawarga, masyaratkat,pribadi, lan Gusti Allah.

Page 8: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

TEKS ASLI

Pada 13Pada 14Pada 15Pada 16Pada 17Pada 18

Page 9: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH

Pada 13

Mring jatining pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu, lamun lugu legutaning reh maligi, lageane tumalawung, wenganing alam kinaot.

Alam penglihatan yang sejati,Menggapai sasaran dengan tata cara yang benar.Biarpun sederhana tatalakunya dibutuhkan konsentrasiSampai terbiasa mendengar suara sayup-sayup dalam keheningan Itulah, terbukanya “alam lain”

Page 10: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH

Gancaran :Ingkang tumuju paningalan kang sejatos, remen ing penggalih supados saget nggayuh tujuan kang nyata. Namung biasa nanging kedhah ditindakake kanthi tenanan miturut tata caranipun. Ngantos sampun biasa midhangetaken suara sayup-sayup wonten suasana ingkang sepen menika kabuka alam sanes. Bakal kabuka alam ingkang sae.

Pitutur :Alam ingkang sae bakal kagayuh kanthi cara ingkang leres lan

ninggali aturan kang becik.Ngupadi gegayuhan supados kaleksanan mboten pareng

dianggep enteng, nanging kedhah tenanan lan manut aturan.

Page 11: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH

Pada 14

Yen wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening, eling,  Ilanging rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon.

Bila telah mencapai seperti itu,

Saratnya sabar segala tingkah laku.Berhasilnya dengan cara membangun kesadaran, mengheningkan cipta, pusatkan fikiran kepada Tuhan. Dengan hilangnya rasa sayup-sayup,Di situlah keadilan Tuhan terjadi. (jiwa  memasuki alam gaib rahasia Tuhan)

Page 12: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH

Gancaran :Menawi sampun mangertos mekaten, dipunlajengaken kedhah saget tumindak miturut syarat penghayatan anggenipun tumindak, yaitu sabar, tenang, lan sadar. Bebarengan kaliyan icalipun raos, inggih menika bakal pikantuk keadilan saking Gusti Allah ingkang maha kuwaos.

Pitutur :Sak liyane ngupadi kanthi miturut tata caranipun, wong urip kedhah

sabar, tenang, lan sadar

Page 13: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH

Pada 15

Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit nora dadi, Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.

Gugurnya jika menuruti kemauan jasad (nafsu)Tidak suka dengan indahnya kehendak rasa sejati,Jika merasakan keinginan yang tidak-tidak akan gagal.Maka awas dan ingat lahdengan yang membuat gagal tujuan

Page 14: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH

Gancaran :Bakal gugur/gagal menawi nuruti gegayuhan manah, lan mboten pangen gegayuhanipun kasembadan. Jinising gagasan menawi terus dipunlaksana bakal gagal, kanthi mekaten kedhah waspada lan sadar hal ingkang saget damel gugur ing laku.

Pitutur :Manungsa kedhah ngendhaleni hawa nepsu lan eling babagan kang

saget ngalangi kasembadan supados mboten gugur (gagal) anggenipun ngupadi.

Page 15: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH

Pada 16

Samengko kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari, arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.

Nanti yang diajarkanSembah ketiga yang sebenarnya  diperuntukkankepada Hyang sukma (jiwa).Hayatilah dalam kehidupan sehari-hari Usahakan agar mencapai sembah jiwa ini anakku !

Page 16: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH

Gancaran :Mangke ingkang badhe kaucap inggih menika sembahyang kaping tiga ingkang mesti dipunlaksanakaken ing ngarsanipun gusti Allah ingkang maha kuwaos kanthi khusyuk sak mben dinten. Sembahyang wonten ing manah bakal kecakup marang kabecikan

Pitutur :Manungsa kedhah sembahyang dhumateng gusti Allah kanthi

khusyuk lan dzikir supados pikantuk kabecikan lan kasembadan.

Page 17: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH

Pada 17

Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan Awas Emut, mring alame alam amot.

Sungguh lebih penting,Yang disebut sebagai ujung jalan spiritual,Tingkah laku olah batin, yakni menjaga kesucian dengan awas dan selalu ingatakan alam nan abadi kelak.

Page 18: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH

Gancaran :Penting sanget perlu dimangertos, kangge amalan ingkang pungkasan yaiku tumindak ingkang kinait kaliyan olah batin, supados kasucian tetep dipun jaga lan tansah eling marang alam baka

Pitutur :Manungsa anggenipun tumindak kedhah njaga kesucian batin lan

tansah eling marang akherat.

Page 19: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH

Pada 18

Ruktine ngangkah ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad cilik, Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono.

Cara menjaganya dengan menguasai, mengambil,mengikat, merangkul erat tiga jagad yang dikuasai.Jagad besar tergulung oleh jagad kecil,Pertebal keyakinanmu anakku !Akan kilaunya alam tersebut.

Page 20: Tembang gambuh  wedhatama pada 13-18

GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH

Gancaran :Ngruktinipun kanthi cara nguasai, ngiket, ngrangkul tiga jagad kang dikuasai. Jagad ageng gimulung jagad alit. Kapiyatan kedhah dikandeli. Kedhah eling marang kelaping alam/jagad kasebut.

Pitutur :Anggenipun njaga kasucian batin inggih menika kanthi cara ngukut,

ngiket, lan ngrukut jagad kang dikuasai.Manungsa kedhah ngandeli kapiyatan lan eling marang kelaping

alam/jagad.