sesorah basa jawa

download sesorah basa jawa

If you can't read please download the document

Transcript of sesorah basa jawa

Tanggap Wacana Upacara Pametaking Layon Assalamu alaikum wr. wb. , Innalillahi wa innaillahi roji un. Manungsa punika asalipun saking Pangeran, wangsulipun dhumateng Pangeran. Bapak-bapak, ibu-ibu para ta jiyah ingkang kinurmatan. Kula ingkang kajibah minang ka wakilipun kulawarga ingkang nembe bela sungkawa (ingkang nandhang dhuhkita). Ingkang sepisan ngaturaken puja-puji pudyastuti dhateng Gusti ingkang Maha Kuwao s. Ingkang kaping kalihipun,para ahli waris kulawarga ngaturaken gunging panuwun in gkang tanpa upami dhumateng para ta jiyah sadaya ingkang sampun kersa ngrawuhi sah a paring pakurmatan upacara angkatipun layon suwargi almarhum/almarhumah Kaping tiganipun, para ahli waris kulawarga sadaya ngaturaken agunging panuwun i ngkang tanpa upami katur para sanak sedherek, pamong mitra tangga tepalih, ingka ng sampun kanthi rila legawaning penggalih paring pambiyantu lan panyumbang ingk ang awujud punapa kemawon tumrap upacara pakurmatan layon. Mugi-mugi sedaya sih kadarman lan amal kesaenan panjenengan sedaya pikantuka lelintu kanugrahaning Pa ngeran ingkang matikel-tikel. Kaping sekawanipun, para ahli waris nyuwun gungan donga pamujinipun para ta jiyah sadaya mugi-mugi rohipun aimarhum/almarhumah pikantuka berkah rohmating Pangeran, p inaringan jembar kuburipun, lepas paranipun, pinaringana pajar marginipun, dipun apunten sedaya kalepatanipun, linebura sadaya dosa-dosanipun, katampia sadaya am al kautamanipun, katampia ing ngarsaning Gusti Allah SWT. Dipunpapanaken wonten ing ngarsanipun Pangeran satimbang kaliyan punapa ingkang dados kautamenipun won ten ing alam bebrayan. Saha mugi sadaya kulawarga ingkang tinilar pinaringan man ah ikhlas, rila, lan narima ing takdir, saha pinaringan sabar lan tawakal, lan k ekiyatan lahir batin anggenipun ngleksanani dharmaning agesang.Jer manungsa puni ka namung nampi punapa ingkang sampun tinakdiraken Gusti ingkang Maha Agung. Man ungsa namung sadremi nglampah. Manungsa punika namuog titipanipun Pangeran ing s awanci-wanci kapundhut kita amung saged sumarah wonten ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung. Wasana, mbok bilih rikala sugengipun almarhum/almarhumah nggadhahi kalepatan, pa ra ahli waris nyuwun gunging pangapunten.Kula kinten kirang prayogi manawi katha h-kathah anggen kula matur, lan sampun dumugi titiwancinipun layon badhe enggal kaangkataken. Pramila kula cekapi semanten kemawon atur kula,mbok bilih wonten k lenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami. Wassalamu alaikum wr. wb. Nuwun!