Praktek Kelas 6 Pidato Boso Jawa

2
Praktek Kelas 6 Pidato Boso Jawa Assalamualaikum Wr. Wb Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak – Ibu ingkang satuhu luhuring budi lan konco – konco kelas 6 ingkang sami kulo tresnani. Monggi kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung, ingkang sampun maringi sedoyo nikmat lan kawerasan dumateng kito. Sakmeniko kito saged makempal wonten ing adicara perpisahan kelas 6 semangke. Kulo, wakil sangking konco – konco kelas 6 ngaturakn maturnuwon ingkang agung dumateng Bapak / Ibu Guru ingkang sampun nggulowenthah kulo lan konco-konco wonten pawiyatan meniko ingkang dangunipun 6 warso utawi 6 tahun. Mboten keraos kulo lan rencang sedoyo sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing acara menika, kulo piyambak soho konco – konco nyuwun agunging pangapunten dumateng Bapak / Ibu guru, amargi wonten ing 6 warso meniko ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan konco-konco mbokbilih gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi – mugi Bapak / Ibu Guru kerso paring pangapunten sedoyo keleatan kulo sak konco. Sejatosipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten mriki sampun kados sederek lan kaluargo. Naming amargi kulo lan konco – konco kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, kulo lan konco – konco kedah saget ikhlas nilaraken pawiyatan menika. Kulo sakonco nyuwon tambahing pangestu dumateng Bapak / Ibu Guru wonten pawiyatan mriki. Mugi – mugi kulo sakonco saged nggayuh cita – cita kulo wonten ing pawiyatan sak lajingipun.

description

pidato boso jowo

Transcript of Praktek Kelas 6 Pidato Boso Jawa

Praktek Kelas 6 Pidato Boso Jawa

Assalamualaikum Wr. WbIngkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak Ibu ingkang satuhu luhuring budi lan konco konco kelas 6 ingkang sami kulo tresnani. Monggi kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung, ingkang sampun maringi sedoyo nikmat lan kawerasan dumateng kito. Sakmeniko kito saged makempal wonten ing adicara perpisahan kelas 6 semangke. Kulo, wakil sangking konco konco kelas 6 ngaturakn maturnuwon ingkang agung dumateng Bapak / Ibu Guru ingkang sampun nggulowenthah kulo lan konco-konco wonten pawiyatan meniko ingkang dangunipun 6 warso utawi 6 tahun. Mboten keraos kulo lan rencang sedoyo sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing acara menika, kulo piyambak soho konco konco nyuwun agunging pangapunten dumateng Bapak / Ibu guru, amargi wonten ing 6 warso meniko ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan konco-konco mbokbilih gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi mugi Bapak / Ibu Guru kerso paring pangapunten sedoyo keleatan kulo sak konco. Sejatosipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten mriki sampun kados sederek lan kaluargo. Naming amargi kulo lan konco konco kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, kulo lan konco konco kedah saget ikhlas nilaraken pawiyatan menika. Kulo sakonco nyuwon tambahing pangestu dumateng Bapak / Ibu Guru wonten pawiyatan mriki. Mugi mugi kulo sakonco saged nggayuh cita cita kulo wonten ing pawiyatan sak lajingipun. Wasana cekap semanten kulo matur. Bilih wonten kalepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten ingkang agung. Kulo akhiri. Wassalamualaikum wr. Wb