pidato bahasa jawa
-
Upload
aak-kawulz -
Category
Documents
-
view
4.776 -
download
6
Transcript of pidato bahasa jawa
PENGETAN DINTEN KARTINI
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa
ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal
manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan
pengetan dinten Kartini samang-ke punika.
Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini
pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia.
Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge
majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening
bangsa penjajah.
Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-
langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun
bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara
langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.
Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang
kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi
kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini
ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.
Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene
para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel
mongkoging manah.
Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken
gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging
dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri
Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap
sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
PIDATO HARI ULANG TAHUN KEMERDEKAAN RI
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. م� و�ه�ز� �د�ه� ن ج� �ع�ز� و�أ �د�ه� ع�ب �ص�ر� و�ن ع�د�ه� و ص�د�ق� ��ذ'ي و�ال و�ح�د�ه� �ة' ي �ح�ر* 'ال ب �ا �ع�م�ن �ن ا ��ذ'ي ال �ح�م�د� لله' �ل ا
. . 'ه' ب ا �ص�ح� و�ا 'ه' �ل ا و�ع�ل�ى �ع�د�ه� ب 'ي� �ب ن � ال م�ح�م�د1 �ا ن *د' ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس� ة� � و�الص�ال و�ح�د�ه� اب� �ح�ز� �ال ا م� �ح�ز� �ال ا
بعد أم6ا د�ه� �ش ر� 'ع� �ب ت �.و�م�ن
Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati !
Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken raos puji
syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho
Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko,
dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan
Republik Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan
meniko dipun catat dening Alloh SWT. Minongko dados amal soleh kulo lan
panjenengan Amin.
Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetep dipun
limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga
lan sahabatipun.
Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun
paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal
meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Alloh SWT sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah
sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an
ه�ا ��ح�ص�و ت � ال الله' 'غ�م�ة� ن �ع�د>وا ت �'ن ا و�
Ingkang artosipun :
“Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung“
Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun
parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun
proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko
pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening
Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah
cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan
selalu di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman
Rohim Alloh SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro
Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang
kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945,
Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.
Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi
kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening
Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo,
adil makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh.
Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Qur’an surat Ibrahim ayat 7
�د< د'ي ل�ش� 'ى ب ع�ذ�ا 'ن� إ ��م ت ��ف�ر ك �'ن �ئ و�ل ��م �ك ن �د� ز'ي �ء� ال ��م ت ��ر ك ش� �'ن �ئ ل
Ingkang Artosipun :
“Demi yekti lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko Ingsun
nambahi nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur maring nikmat-Ku,
mangko saktemene sikso-Ku iku banget …….”
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan poro
pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge
merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo
sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang ingkang
sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun
bales dening Alloh, dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun,
ingkang berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten
ngersanipun Alloh SWT. Amin-amin yaa Rabbal alamin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito
berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho memelihara
lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat
kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hura-
hura ingkang boten berarti, tanpa ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto
kemanfaatan lan kemaslahayan Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata
hadiah saking bangsa asing ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi
berkah jasa-jasa poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi
kedah mengisi kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade
dateng, utawi kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun Ulama
rumiyin…..
�ا ن �ع�د� ب �اس� الن �ل� ك � �أ ي �ى ت ح� �غ�ر'س� �ن ل �ا �ن 'ن و�إ �ا �ن �ل ك ف�اء� و�ا س� غ�ر� ��ق�د ل
Ingkang Artosipun :
“Yekti wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasa’ake marang jasa lan
sa’temene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso mangan
jasa kito.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan kito
arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados generasi-
generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan
Negoro AMin yaa Rabbal alamin.
Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng
pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo.
Masang pulut ning duwur cemoro
Menawi luput kulo nyuwun ngapuro
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
حين مفرو الفقير بخط
الجفسى ر منو6 بن
PIDATO RESEPSI HALAL BIHALAL
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. . * 'اال ب �ا ن م�ر�� و�أ ' �ام و�الص�ي �ة' 'الص�ال ب �ا �ن �ي ع�ل ج�ب� ��و و�ا ' �م ال �'س �ال و�ا �م�ان' 'ي �ال ا 'ع�م�ة' 'ن ب �ا �ن �ي ع�ل �ع�م� �ن ا الذى لله �ح�م�د� �ل ا
. . 'ه' ب ا �ص�ح� وا 'ه' �ل ا و�ع�ل�ى ' �ام �ن ا ال �ر' ي خ� م�ح�م�د1 �ا ن *د' ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس� ة� � و�الص�ال ' ح�ام ��ر ا ال �ة' و�ص'ل اد' *ح� ت
. �ن�. �ج�م�ع'ي ا ��م �ك و�م'ن م'ن� الله� �ل� �ق�ب ت �ن� 'ز'ي ئ �ف�ا و�ال �ن� 'د'ي �ع�ائ ال م'ن� بعد م6ا أ ' ام �ك'ر� .ال
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati !
Langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT, ingkang sampun
paring Rohmat shoho ni’mat, sehingga kulo lan panjenengan saget pepanggihan wonten
meniko majlis, dalam rangka “bersilaturrohim”, utawi resepsi “Halal bi halal” kanti
keadaan sehat wal afiat, sami ugi sehat lahiriah, utawi batiniyah.
Kaping kalihipun Rohmat Ta’dzim dan salam bahagia Alloh, mugio tetep dipun
limpahaken dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, shoho poro ahli keluarga lan
sahabatipun.
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian !
Wonten ing saat meniko kito sampun manggihi wulan syawal malih. Kranten wonten ing
wulan sakderengipun yakni wonten ing wulan Romadhon kito sampun sukses nindakaken
ibadah puasa sebulan penuh. Kanti menambah amalan-amalan ibadah lintunipun kados
dene sholat tarowih, tadarus Al-Qur’an lan sanesipun. Lan ugi wonten akhiripun wulan
Romadhon kita tutup mawi Zakat Fitrah kanti harapan kulo mugi-mugi nopo ingkang kito
laksanakaken wonten ing wulan Romadhon kolo wahu minongko dados amal ingkah
sholeh. Ingkang mbuahaken amalan-amalan ingkang sahe wonten wulan-wulan
sakterusipun, sehinggo saget ndadosaken fitrah utawi lambang kesucian, wonten ing
manah kito sedoyo.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Kranten hikmah nindaaken ibadah poso meniko disamping kito ninda’aken perintahipun
Allah SWT kanti ngeker hawa nafsu wonten ing siangipun wulan Romadhon, meniko ugi
kito saget ngraosaken betapa sedih lan gelisahipun si Fakir-Miskin ingkang wonten ing
saben dintenipun selalu ditimpa kekurangan dahar, ngunjuk, shoho keluhan lan
kelemahan tenogo, ingkang akhiripun kito timbul roso belas kasihan kito dateng Fakir
Miskin, sehinggo kito purun nafkahaken sebagian harta benda kito kangge shodaqoh
dateng Fakir-Miskin kolo wahu.
Poro hadirin ingkang kulo hormati ! menawi kito mboeten purun nglampahi ibadah
puoso, berarti kito meniko gesang nuruti kemauan howo nafsu lan kemauan weteng utawi
dados Abdul butun alias hamba perut, selalu dikuasi Howo Nafsu. Setiap hari selalu
dalam pemborosan, mangan ngumbe sak katahipun, selalu berlebih-lebihan, melampauai
batas tanpa mengukur kekuatanipun. Padahal, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an :
�ن� ر'ف'ي ��م�ش ال �ح'ب> ي � ال الله 'ن� إ ف�و�ا ر' ��س ت � و�ال �و�ا ب ر� �و�اش ��و �ل ك
Ingkang artosipun :
“Mangano siro kabeh lan ngumbiho. Lan ojo ngliwati bates. Saktemen Alloh ikut ora
demen marang wong kang ngliwati bates“
Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian !
Sak meniko sampun dugi wulan syawal, wulan ingkang penuh dipun rameaken lan dipun
meriahaken dening sedoyo umat Islam. Kranten ing wulan menikolah saat meledakipun
kegembiraan ingkang penuh harapan menuju kearah hidup baru gesang ingkang langkung
sahe, katimbang wulan ingkang berlalu.
Pramilo monggo kesempatan wulan syawal meniko kito ginaaken kangge
bersilaturrohim, mempererat tali persaudaraan antara keluarga, famili, konco-konco lan
sanak, shoho sederek seagomo lan seperjuangan. Mungkin wonten ing saat-saat ingkang
berlalu terjadi kesalahan-kesalana utawi sering melakukan hal-hal ingkang mboten
nyekecoaken manah. Sering timbul rasa iri, dengki, buruk sangka, mangkel-mangkelan
lan sanesipun.
Pramilo saat meniko kito bucal, kito lenyapaken mawi berjabatan tangan, kito isi kanti
halal bihalal, saling maaf memaafkan lahir lan batin.
Monggo kito ndugeni, kito panggihi sanak keluarga, sahabat karib, tiyang sepuh kito,
guru-guru kito, kanti bersilaturahim, supados gesang kito meniko angsal berkah sangking
Alloh SWT. Kanjeng Nabi sampun dawuh :
ح'م�ه� ر� ��ص'ل �ي ف�ل �ر'ه' �ث أ ف'ى �ه� ل اء� �س� �ن و�ي ق'ه' �ر'ز ف'ى �ه� ل �س�ط� �ب ي ��ن أ �ح�ب� أ � م�ن
Artosipun :
“Sing sopo wonge pengin diluasne rizkine, lan didawakne (di berkahi) umure, mongko
becik silaturrohmi (nyambung sanak sedulure)”
Poro Bapak, Poro Ibu hadirin sekalian !
Dados wal hasil wonten ing kesempatan wulan Syawal meniko, monggo kito tingkataken
mutu pendidikan lan praktek, utawi mewujudkan sedoyo amal ingkang saget mbeto
bahagia, sejahtera wonten ing duniyo lan akhirat. Mengingat kata penyair :
* ع�م�ر'ى �م'ن ك� ذا ف�م�ا �د]ا ي �'غ ص�ن� أ ��م و�ل �م] ع'ل ��س'ب �ت �ك أ ��م و�ل �و�م� �ي ال 'ى �ن ف�ت 'ذ�ا إ
Ingkang artosipun :
“Naliko wis ngliwati aku sijining dino, lan aku durung ngasilken ilmu pengetahuan, lan
durung ngasilaken pekerjaan tangan, Mongko opo gunane umurku ing dino iku”
Poro hadirin sekalian !
Sesuai kalian kata syair kasebut, monggo kito berusaha ningkataken pendidikan dateng
putri-putri kito generasi mendatang, supados dados generasi ingkang berguna lan berjasa,
ingkang sanggup dibebani seribu macam tugas, saking agomo, bangsa lan negoro.
Kranten generasi meniko ingkang menentukan masa ingkang bade dateng. Kata penyair
malih :
�ا * ن �ع�د� ب �اس� الن �ل� ك � �أ ي �ى ت ح� �غ�ر'س� �ن ل �ا �ن 'ن و�إ �ا �ن �ل ك ء� ف�ا و�ا س� غ�ر� ��ق�د ل
Ingkang artosipun :
“Sa’temen wong-wong sakwuse kito wis podo nandur jasa, lan kito sing mangan jasane.
Lan yektine kito ugo nandur jasa supaya wong-wong sing sak wusi kito biso mangan jasa
kito (metik jasa kito)”
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Kintenipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan nyuwun pangapunten.
�ن� �ج�م�ع'ي ا ��م �ك و�م'ن م'ن� الله� �ل� �ق�ب ت �ن� 'ز'ي �فائ و�ال �ن� 'د'ي ئ �ع�ا ال م'ن�
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO PERINGATAN NUZULUL QUR’AN
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. ء' 'ي� �ب �ن �ال ا ف' ر� ��ش ا ع�ل�ى �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال �ن� �ق'ي �م�ت 'ل ل ه�د]ى �ن� ا ��ق�ر ال ل� �ز� �ن أ �ذ'ى ال �ح�م�د� لله' �ل ا
. . القرآن فى تعلى الله فقال بعد م6ا أ �ن� �ج�م�ع'ي أ 'ه' ب ا �ص�ح� و�ا 'ه' �ل ا و�ع�ل�ى م�ح�م�د1 �ا ن *د' ي س� �ن� 'ي ل س� ��م�ر و�ال
ف'ظ�و�ن� : ا �ح� ل �ه� ل �ا 'ن و�ا �ر� ك الذ* �ا �ن ل �ز� ن �ح�ن� ن �ا 'ن إ .العظيم
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang saat meniko monggo kulo lan
panjenengan sedoyo tansah muji syukur dateng ngersanipun Alloh SWT. Ingkang
sampun paring Rahmat, Nikmat dateng kito sedoyo sehingga ing saat meniko, kulo lan
panjenengan saget bersilaturrohim wonten ing meniko majlis ingkang mubarok, dalam
rangka menghadiri acara peringatan “Nuzulul Qur’an” ingkang kados meniko
meriyahipun.
Ingkang kaping kalih sholawat soho salam sejahtera Alloh mugi tetep dipun limpahaken
dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan
sahabatipun. Amin
Poro Bapak, Poro Ibu ingkang kulo hormati !
Kisah perjalanan manusia gesang wonten ing alam dunia menuju dateng Alam akhirot
meniko saget kito ibarataken kados dene seorang musyafir ingkang lagi menyebrang
lautan, menuju sebuah pantai. Utawi kados dene tiang ingkang lagi kesesahan nyebrang
segoro mawi sebuah perahu menuju suatu pantai (pelabuhan), sampan sakmestinipun
tiang ingkang lagi nyebrang. Meniko wonten ing tengah perjalanan memaggihi pinten-
pinten halangan lan rintangan. Kadang-kadang si musafir lagi tenang-tenang wonten
nginggil perahu tiba-tiba angin datang meniup. Kadang-kadang badai dan gelombang
menggelegar ombak menyeberang. Ia memenuhi suasana ingkang kados mekaten meniko
kok si musyafir meniko lengah anggenipun mengemudi, utawi boten gadah gondelan
ingkang kukuh, saget-saget kapalipun meniko numplek lan tenggelam wonten ing tengah-
tengah lautan. Akhiripun mboten saget dumugi dateng suatu tujuan.
Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Semanten ugi kito gesang wonten Alam dunia menuju dateng alam akhirat. Meniko
sering kito panggihi pinten-pinten cobaan lan rintangan. Kadang-kadang tiang gesang
meniko dipun coba kalian Alloh di timpa kemiskinan, ekonomi kirang mencukupi,
kadang di coba putrinipun sakit, usaha sesuatu boten berhasil lan sanes-sanesipun lan
kangge menanggulangi hal meniko, Alloh sampun nurunaken kitab Al-Qur’an, ingkang
supados damel pedoman gesang wonten ing alam dunyo supados saget wilujeng lan
bahagia wonten akhirat. Dawuhipun Alloh surat Al-Hajr ayat songo :
ف'ظ�و�ن� ا �ح� ل �ه� ل �ا 'ن و�ا �ر� ك الذ* �ا �ن ل �ز� ن �ح�ن� ن �ا 'ن إ
Ingkang artosipun :
“Sa’temene ingsun wis nurunake Al-Qur’an sa’temene Ingsun tetep jogo marang Al-
Qur’an.
Poro rawuh, ugi wonten ayat lintu Alloh dawuhaken wonten surat An-Nahl : 89
Ingkang artosipun :
“Lan ingsun nurunake maring siro (Muhammad) kitab Al-Qur’an kangge jelasake
sekabehe perkoro. Lan minongko dadi pituduh lan Rohmat lan kabar gembira tumrape
tiang Islam”QS. An-Nahl : 89).
PIDATO MENYAMBUT BULAN ROMADHON
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. ان' �غ�ف�ر� ال �ل' �ي ن ف'ى �ة] �ل ي �و�س م�ض�ان� ر� ه�ر� ش� و�ج�ع�ل� �م�ن' 'ي �ال و�ا ' �م ال �'س �ال ا �ن' 'د'ي ب �ا �ع�م�ن �ن أ ��ذ'ي ال �ح�م�د� لله' �ل ا
. . أ �ق�رآن بال �ن� ك'ي �م�س* �م�ت ال 'ه' اب �ص�ح� و�ا 'ه' �ل ا ع�ل�ى و� ان �س� 'ن �ال ا �ف�ض�ل' ا م�ح�م�د1 �ا *د'ن ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال
بعد م6ا
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati !
Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji syukur
dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten Alloh sampun paring Rohmat, Ni’mat
dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam.
Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu dipun
limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun.
Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken
anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun,
shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih meniko :
Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso wonteng ing
wulan Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Qur’an :
Ingkang artosipun :
“Hei wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso. Koyo
dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo taqwa”
(Al-Baqarah : 183).
Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito sambut kanti
gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Qur’an, Shodaqoh dateng
fakir miskin, lan sanes-sanesipun.
Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan Ramadhan meniko kito
tindakaken poso kanti khusus’ khitmah, shoho nebihi larangan-larangan ingkang
nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang awon, ngrasani tiyang sanes,
lan lintu-lintunipun. Kranten menurut sebagian Ulama’, tembung poso meniko bahasa
arabipun saking kata >م� ,ingkang hurufipun wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod ص�و
huruf Wawu lan huruf Mim. Tigang huruf meniko anggadahei makna/arti piyambak-
piyambak.
Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum ( ingkang (ص�م�ت<
artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun saking guneman
ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun.
No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waro’un (>ع utawi Wiro’i. Ingkang (و�ر�
maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wira’i utawi nebihi sangking perkawis
ingkang haram, utawi perkawis-perkawis ingkang dipun cela/dipun wodho minggahipun
syara’.
No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun ( �ك< ingkang artosipun ngeker, utawi (م�ل
mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker lan nyegah perkawis-
perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso.
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri anggen kulo
matur, manggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon meniko kito isi kanti
amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon kito
angsal nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito.
kranten kanjeng ingkang sahe, sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten
kanjeng Nabi dawuh :
'ه' �ب ذ�ن �م'ن �ق�د�م� ت م�ا �ه� ل غ�ف'ر� ]ا ب ا 'س� و�اح�ت ]ا �م�ان 'ي إ م�ض�ان� ر� ق�ام� �م�ن
Ingkang artosipun :
“Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh. Mongko
den ngapuro duso-dusone kang wis kliwat”
Poro rawuh….kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo kelepatan, kulo nyuwun
pangapunten lahir lan batin.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PERINGATAN ROJABIYAH
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. ا �ر] �ذ'ي و�ن ا �ر] ي �ش' ب �ه� ل س� ��ر و�ا آ �ر� �ب �ك ال �ة' �يل ل ف'ى �م�ق�د�س' ال �ت' �ي ب 'ل�ى ا �ة� م�ك �م'ن اه� ر� �'س إ ج�ع�ل� �ذ'ى ال �ح�م�د� لله' �ل ا
. و�ع�ل�ى ى �و�ر� ال �ف�ض�ل' أ م�ح�م�د1 �ا *د'ن ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال أ �ر] 'ي و�م�ن اج]ا ر� س' 'ه' 'ذ�ن 'إ ب الله' 'ل�ى إ ]ا ي ع' و�د�ا
بعد أم6ا ا �ر] 'ي �ث ك �م] ال و�س� �ة] ص�ال 'ه' اب �ص�ح� و�ا اله
الكريم ان القر فى تعالى الله : فقال
Dumateng poro Bapak, poro Ibu soho hadirin ingkang kulo hormati.
Sakderengipun kulo matur ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyin kulo
muji syukur Alhamdulillah dateng ngersanipun Alloh SWT. Shoho nyuwunaken
tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dumateng
junjungan kito Nabi Muhamamd SAW, shoho poro ahli keluargo lan sahabatipun.
Poro hadirin sedoyo ingkang kulo mulyakaken !
Pengajian ing saat meniko dalam rangka memperingati dinten ulang tahun Isro’ Mi’roj
ipun junjungan kito Nabi Besar Muhamamd SAW. Kini kembali mengenai hal-hal
historis revolusi fisik, utawi sejarah perjuanganipun Rosululloh SAW, ingkang
panjenenganipun tepat tanggal 27 Rojab tahun 571 M. Dipun aturi kalian Malaikat Jibril,
nindaaken perintahipun Alloh SWT, dipun Isro’aken utawi dipun lampahaken dalu, awit
saking Masjidil Harom (Mekkah) ngantos Masjidil Aqsho (Palestina). Selajeng dipun
Mi’roj aken saking Masjidil Aqso minggah dateng langit ngantos Syidrtoul Muntaha.
Ingkang perlunipun dipun sumerapaken dateng pinten-pinten tanda kekuasa’anipun Alloh
SWT, shoho nampi kewajiban ibadah sholat gangsal wekdal. Hal meniko dipun jelasaken
wonten Al-Qur’an surat Bani Israoil ayat 1 ingkang surasosipun mekaten :
Ingkang artosipun :
“Maha suci Allah ingkang nglampahaken dateng hambanipun wonteng ing wekdal dalu,
saking Masjidil Harom dateng Masjidil Aqso kang ingsun berkahi kiwo tengene, sa’perlu
ingsun tunjukne sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun. Saktemene Alloh iku Maha
Mendengar lan Maha Mengetahui“
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Kanti pengajak kulo monggo kanti wontenipun peringatan Isro’ lan Mi’roj meniko, kito
tingkataken segala bidang, Monggo Pak, Bu, warga umat Islam, ,lewat peringatan
meniko, kito tingkataken No. 1 Bidang Ubudiyah urusan ibadah dateng Alloh SWT,
ingkang maksudipun sak sampunipun peringatan Rojabiyah meniko, sampun ngantos
wonten tiang ingkang ngaku agamane Islam, anangeng ibadahe taksih plintunan, utawi
namun asal kober, menawi boten kober boten ibadah. No. 2 Niat bantu program
pemerintah, dalam rangka meratakan pendidikan utawi mencerdaskan Bangsa ingkang
maksudipun, saksampunipun peringatan Rojabiyah nimu sampun ngantos wonten umat
Islam sing taksih lolak-lolok utawi taksih dereng sadar hidup berorganisasi, hidup
bermasyarakat, lan hidup bergotong royong lewat jam’iyah-jam’iyah. Lewat pengajian-
pengajian kito saluraken santapan rohani supados umat Islam ngertos endi barang sing
Halal, lan endi barang sing Haram. No. 3 Niat demi terwujudipun Akhlaqul Karimah,
mewujudkan sopan santun, toto kromo, ingkang maksudipun supados umat Islam saget
sesuai antara ucapan lan perbuatan. Sampun ngantos Islam namung dumel akon-akon
thok, nanging tumindha’ipun boten sesuai. Mangane boten diatur coro Islam, pergaulane
boten diatur coro Islam, nek pados rizki boten diatur coro Islam, meniko sampun ngantos
terjadi. No. 4 Niat demi wujudipun pengamalan wajib ingkang dados rukunipun agami
Islam. Terutama pengamalan wajib ingkang dados intinipun utawi hasilipun Isro’ Mi’roj
meniko ingkang sampun dipun kumndangaken setiap waktu, wonten masjid-masjid,
utawi saben-saben mushollah.
��ة الص�ال ع�ل�ى ح�ي�
…………. nopo BU…? Inggih meniko sholat gangsal wkedal.
M bok menawi wonten Umat Islam sing dereng nglampahi sholat, mugu-mugi enggalo
dipun paringi hidayang dening Alloh. Amergi sholat meniko merupakan barometer utawi
alat pengukur dateng pengamalan kito sedoyo. Tegesipun pengamalan kito sedoyo saget
sahe utawi boten meniko dipun ukur utawi dipun tingali, kalihan anggenipun ngalmpahi
sholat. Kranten dawuhipun Alloh wonten Surat Al-Angkabut, ayat 45 :
Artosipun :
“Sholat iku saget mencegah sangking perbuatan keji lan mungkar“
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sedoyo pramilo monggo urusan ibadah meniko dipun
tingkataken ingkang sa’estu, terutami dumateng putra-putri kito utawi generasi kito
sedoyo, meniko kito didik, kito wulang, lan kito arahaken dateng urusan ibadah, sampun
ngantos kito umbar, mboten kito arahaken, supados mangke dados generasi ingkang saget
berguna tumrap agomo, bongso lan negoro.
Kranten lare meniko saget sahe utawi awon tergantung tiyang spuhipun ingkang
mendidik. Dawuhipun bapak kiai :
Senajan wadah gede isi gemuk oli. Panggonane ono ngisro ora aji
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo
Nopo maleh wonten ing zaman akhir meniko katah sanget pengaruh-pengaruh sangking
arus gamebyaripun dunyo, katah iman ingkang podo kenter ketendang banjir kepuntir-
puntir ilmu agama boten kepikir, maksud kulo, banjir kebudayaan-kebudayaan ingkang
merusak mental umat Islam.
Kanjeng Nabi naliko Mi’roj sampun diparingi gambaran-gambaran ingkang dados
lambang ingkang bade terjadi wonten ing dunyo meniko. Termasuk kanjeng Nabi dipun
sumerepi tiyang estri ingkang ayu….teng pinggir dalan celuk-celuk dateng kanjeng Nabi,
tapi piambakipun boten mandeg, slajeng dipun tanggledaken dateng Malaikat Jibril, Jibril
maringi penjelasan, bilih meniko lambangipun dunyo sak isine, kok menawi panjenengan
wahu mandek, tentu umat panjenengan bade milih dunyo sak isine, ninggal perkoro
akhirot.
Pramilo meniko manggo manah kedah dipun gembleng, dipun isi iman ingkang kuat
mugi-mugi kulo panjenengan benjang sagedo wilujeng dunyo lan akhirat. AMin yaa
Robbal a’alamin. Cekap semanten aturan kulo, sedoyo kelepatan nyuwun angunging
pangapunten.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO PERINGATAN MAULID NABI
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. �ة� و�الص�ال ' �م�م �ال ا ف�ة' �ا ك ع�ل�ى �ه� ل �و س� ر� س�ل� �ر� و�أ ' �م ال �'س �ال و�ا �م�ان' 'ي �ال ا 'ع�م�ة' 'ن ب �ا �ن �ي ع�ل �ع�م� �ن أ الذى لله الحمد
. . . تعالى الله فقال بعد أم6ا ' ام �ك'ر� ال 'ه' اب �ص�ح� و�ا 'ه' �ل ا و�ع�ل�ى ' �م �ن �ال ا �ر' ي خ� م�ح�م�د1 �ا ن *د' ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس�
. �ن� �م'ي �ع�ال *ل ل ح�م�ة] ر� � 'ال إ �اك� �ن ل س� �ر� أ و�م�ا الكريم أن القر .فى
Hadratul Mukarromin, Poro Ulama’ul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian
ingkang kulo hormati.
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko, monggo kulo lan
panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha
Kuoso, ingkang nitahaken poro menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso,
dumateng tiyang ingkang nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan
nelongso, soho boten purun sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan
iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso,
Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin.
Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken dateng
kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang beto umat manusia
saking masa ingkang murko, bengis lan kejam, menuju masa damai, aman lan tentram,
yakni masa jahiliyah menuju masa Islamiyah.
Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !
Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara, ingkang
sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko saget kulo gunakaken
sak sahe-sahenipun. AMin
Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko sampun boten terpandang asing
wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados keharusan, utawi dados hal
ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun pimpin meniko mengenang utawi
melestarikan sejarah seorang pemimpinipun.
Lha panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin ingkang sukses
perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking zaman jahiliyah
menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab Tareh, wonten kitab
Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi
lahir keadaan alam gelap gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib
dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang menyembah berhala, menyembah hewan,
kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih
qoum wanita katah ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal
perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat Rohman Rohimipun
Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya
ingkang terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul
Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados paring
tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten Al-Qur’an
surat Al-Anbiya : 107
Ingkang artosipun :
“Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta
alam”
Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !
Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko,
monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh
SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan
minongko kangge mbuktekaken rasa cinta kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah
selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan
agama Islam. Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng
Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi ajaranipun, kranten
kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito sebagai umat ingkang
mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng
Nabi. Kados dawuhipun kanjeng Nabi :
ع�ت'ى ف�ا ش� �ه� ل ��ت ب و�ج� �'د'ي ل �م�و �ى �ن 'ع�ت إ �م�ن
“Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku“
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu
ثة ) ثال 6ة المحب (اركان
Rukunipun cinta meniko wonten tigo
Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban demi cinta, tanpa
korban cinta sia-sia.
Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang dipun cintai, enjing
sonten, siang ndalu, selalu emut lan nyebut-nyebut
Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan perkataanipun tiang ingkang
dipun cintai. Tanpa mencocoki lan mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade
timbul perselisihan, ingkang akhiripun timbul kegagalan.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
La’ kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan cinta dateng
Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban kangge memperingati dinten
maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat meniko.
Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito dateng kanjeng
Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo
ingkang dados laranganipun. Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing
majelis puniko sageto tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi
syafa’atipun, benjang ing dinten qiamat.
Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun
agungipun pangapunten.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PERANAN WANITA DALAM PEMBANGUNAN
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. . ع�ل�ى �م� ال و�الس� �ة� والص�ال �ن' و�الدي �ا �ي الد>ن �م�و�ر' ا ع�ل�ى �ن� �ع'ي ت ��س ن 'ه' و�ب �ن� �م'ي �ع�ال ال ب* ر� �ح�م�د� لله' �ل ا
. . لله. با اال ة قو6 وال حول فال بعد اما �ن� �ج�م�ع'ي أ 'ه' ب �و�ص�ح �له ا و�ع�ل�ى م�ح�م�د1 �ا ن *د' ي س� �ن' 'ي ل س� ��م�ر ف'ال ر� ��ش ا
العظيم العلى
Poro Bapak poro Ibu muslimat ingkang kulo multa-aken, soho mbak-mbak fatayat
ingkang kulo hormati. Ugi poro adik-adik, poro generasi penerus perjuangan Islam
ingkang kulo sayangi !
Sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiyo nglahiraken, rasa puji syukur
dateng ngersanipun Allah SWT kanti ucapan Alhamdulillah. Keranten Alloh sampun
paring Rohmat soho Ni’mat dumateng kito sedoyo, sehinggo kito saget berkumpul utawi
bersilaturrahim wonteng ing majlis puniko, kanti wilujeng, mboten wonten satunggal
Alangan punopo.
Ingkang kaping kalih, mugi salam bahagia Alloh lan Rohmat, tansah tetep dipun
limpahaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad, salah satunggalipun Nabi pimpinan
umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at, binjang wonten ing dinten qiamat. Mugi-mugi
pertemuan kito ing saat meniko saget andadosaken sababiyahipun kito angsal syafa’at
saking kanjeng Nabi ing dinten qiamat.
Poro Rawung ingkang kulo hormati !
Getuk menopo gedang goreng ?
Sampun ngantuk menopo dereng ?
Monggo ing sa’at meniko kito niyat wonten ing manah, niat bade ngaji, niat pados ilmu,
niat ngibadah dateng ngersanipun Alloh SWT. Kranten pancen dados tiyang Islam lho
Bu……?! Ngaji utawi pados ilmu meniko wajib tumrap sedoyo. dawuhipun kanjeng
Nabi.
'م�ة1 ل �و�م�س 1 'م م�سل ع�ل�ى �ض�ة< ف�ر'ي ' �م �ع�ل ال ط�ل�ب�
Ingkang artosipun : Pados ilmu meniko Fardhu tumrap saben-saben tiyang Islam jaler
utawi istri (priyo lan wanito).
Kanti wontenipun Hadist meniko kito sampun jelas bilih ingkang, wajib pados ilmu
meniko boten namung tiang jaler thok, boten piyantun priyo mawon, tapi tiang istri
inggih dipoun wajibaken pados ilmu. Kranten kangge nyekapi kebutuhan gesang meniko,
menungso boten cukup berbekal harta benda, tapi ingkang langkung penting meniko
berbekal ilmu pengetahuan. Nopo maleh wonten ing abad modern meniko poro kaum
wanito boten purun ketinggalan. Kaum wanito boten cukup mendel teng nggriyo utawi
cukup teng dapur mawon boten usah boten dados so’al
Asal sampun saget dandan utawi mack
Asal sampun saget njangan utawi masak
Asal sampun saget babaran utawi manak
Tapi kejawi saking meniko kaum wanito, kedang tumut belajar lan berjuang kangge
membela Agama, Bangsa lan Negara. Kranten kanjeng Nabi dawuh :
�د�ت ف�س� �د�ت ف�س� 'ذ�ا و�إ �ص�ل�ح�ت �ص�ل�ح�ت 'ذ�ا إ �د' 'ال �ب ال ع'م�اد� �ة� أ ��م�ر �ل .ا
Ing artosipun :
“Wanito meniko dados cagakipun negoro. Menawi wanitonipun sahe Negari ugi sahe.
Lan menawi wanitonipun rusak, Negari ugi rusak”
Poro Rawuh kejawi saking meniko, tiyang istri menawi nglampahi amal-amal ingkang
sahe, meniko ugi bade dipun jamin kalian Alloh, dipun bales dipun paringi gesang
ingkang bahagia wonten akhirat. Hal meniko dipun jelasaken wonten Al-Qur’an surat
An-Nahl, ayat 97 ingkang surosonipun :
م�ا ح�س�ن'� �أ ب �ه�م �ج�ر� أ ��ه�م �ن �ج�ز'ي �ن و�ل �ة] *ب ط�ي �اة] ي ح� �ه� �ن 'ي ي ��ح �ن ف�ل م�ؤ�م'ن< و�ه�و� �ى �ث �ن أ �و
� أ �ر1 ذ�ك �م'ن 'ح]ا ص�ال ع�م'ل� �م�ن
�و�ن� �ع�م�ل ي �و�ا �ان .ك
Ingkang artosipun :
“Sopo wonge kang ngamal soleh, podo ugi lanang utowo wadon kanti beriman, mongko
yekti ingsun paringi kehidupan kang bagus. Lan ingsun bales kanti balesan kang luwih
apik ketimbang amale” (QS. An-Nahl : 97)
Poro Ibu-ibu lan mbak fatayat ingkang kulo hormati !
Pramilo saking meniko, monggo Ibu-ibu lan mbak fatayat, sebagai kaum wanito, isoho
dadi wanito sing cocok karo sebutane wanito, utawi jeneng wanito. Siang ateges
wanihoto, wani noto, wani ditoto, nopo malih menawi kito enget perjuanganipun kanjeng
Nabi Muhamamd SAW. kados pundi sepak terjangipun Siti Khodijah ? piyambakipun
selalu ngorbanaken harta bendanipun kangge mbelo lan menolong perjuangan Rasululloh
SAW. Kejawi meniko piyambakipun ugi mencurahkan tenaga lan fikiranipun mbantu
perjuangan Rosululloh lan, kados pundi sikap Siti Aisah binti Abu Bakar. Piyambakipun
ugi boten ketinggalan selalu mendampingi lan mengikuti Rasulullah SAW, di dalam
menegakkan Agama Islam sehinggo piambakipun dipun paringi gelar utawi sebutan
“Umil Mu’minin”. Anggenipun menghadapi hal nopo ke’mawon, piyambakipun ber
I’tiqod teguh lan jujur, sehingga ngantos Rosululloh wafat, “Siti Aisah” tetep berjuang
membela lan nerusaken perjuanganipun kanjeng Nabi.
Pramilo saking meniko, manggo kito sebagai muda-mudi Islam, penerus perjuangan
Rosululloh, kito giataken lan kito tingkataken. Segala bidang kito tanam, benih-benih
iman lan taqwa wonten ing manah kito sedoyo supados tetep kuat lan teguh menghadapi
liku-liku kehidupan, ingkang beraneka ragam, macam lan warna. Sehinggo saget
tercapailah cita-cita kito, cita-cita Agama, Bangsa lan Negara. Amien.
Kintinipun cekap semanten atur kulo. Sedoyo kelepatan kulo, awal ngantos akhir, kulo
nyuwun agungipun pangapunten.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO PEMBERANGKATAN JENAZAH
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. سيدنا على والس6الم والص6الة [ ع�م�ال �ح�س�ن� ا ��م >ك �ي ا ��م ك �و� �ل �ب 'ي ل �اة� ي �ح� و�ال �م�و�ت� ال ل�ق� خ� �ذ'ى ال �ح�م�د� لله' �ل ا
. ا �ه�ار] ن ��ع�ت ط�ل �ق�م�ر� و�ال م�س� الش� م�ت' م�اد� به واصحا اله وعلى [ و�ف'ع�ال [ ال �ق�و ل�ق' �خ� ال ن' �ح�س� أ محمد
. . .� و�ال ع�ة] ا س� و�ن� خ'ر� ��اء ت ��س ي � ال ��ه�م ل ج�� أ آء� ج� 'ذ�ا إ الكريم القران فى تعالى الله فقال بعد م�ا
� أ � �ال �ي و�ل
راجعون إليه إنا و لله 'نا إ �ق�د'م�و�ن� ت ��س .ي
Poro Rawuh, Hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !
Ing mriki kulo atas nami wakilipun Bapak H. Umar sekeluargi, ingkang ing dinten
meniko nampih musibah sangking ngarsanipun Alloh, inggih puniko sedanipun ……. (SI
Fulan).
Sepindah kulo muji syukru Alhamdulillah, shoho ngaturaken matur nuwun atas
kerawuhan panjenengan sedoyo, ingkang sami keroyo-royo kerso ta’ziah utawi bela
sungkowo, lan hormat atas jenazahipun si Fulan meniko. Ing mriki kulo nyuwun
agunging pangapunten dateng panjenengan sedoyo, amergi kulo mboten saget nyaosi
papan pinaraan ingkang sekeco, shoho hidangan ingkang ngremenaken manah
panjenengan sedoyo. Kejawi saking meniko kulo boten saget bales menopo-nopo atas
bantuan panjenengan sedoyo ingkang arupi tenaga lan fikiran shoho sanesipun. Lan ing
mriki, kulo, namung saget ndongaaken mugi-mugi sedoyo amal sholeh panjenengan
kolowahu dipun trami dening Alloh SWT. Lan dipun bales ingkang sak katah-katahipun.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sampun sakmesthinipun sangking keluarga Bapak H. Umar lan poro kerabat, shoho kulo
panjenengan sedoyo meniko sami susah lan getun, atas sedanipun si Fulan meniko.
Ananging kados pundhi maleh pancen sampun dados taqdiripun Alloh ingkang boten
saget kito gadali lan boten saget dipun unduraken malih. Inggih boten sanes monggo kito
ikhlasaken mawon, lan dipun paringi jembar kuburipun, shoho dipun ngapunetn dosa-
dosanipun lan dipun tampio amal-amalipun ingkang sahe sehingga sagedo angsal rahmat
sangking ngarsanipun Allah SWT. Lan mugi-mugi kito sedoyo ingkang dipun tilar
sagedo nerusaken perjuanganipun lan nyampurnakaken amal kesahenanipun soho
usahanipun ingkang kapundut. Amin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sa’derengipun jenazah dipun berangkataken, ten mriki kulo aturaken dateng panjenengan
sedoyo bilih sak sumerep kulo si Fulan meniki termasuk golongan tiang ingkang sahe.
Baik segi ibadah dateng Alloh, ugi sesrawungan dateng tanggo, utawi dateng tiyang
sanes. Tapi ing mriki perlu kulo saksekaken dateng panjenengan sedoyo, bilih
jenazahipun si Fulan puniko sahe nopo sahe ? 3x. Alhamdulillah.
ض' ��ر �ال ا ع�ل�ى � ه�د�أ ش� ��م �ت �ن أ
Poro Rawuh nggih si Fulan meniko anggadahi “haqqul Adam”, utawi utang piutang, soho
sanesipun dateng panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan sedoyo, kulo
suwun supados panjenengan ihlasaken. Dene menawi amrat menawi dipun ikhlasaken,
kulo suwun supados langsung mawon hubungan kalih pihak keluarga utawi ahli
warisipun. Lain malih sebagai meningso tentu kemawon sekedi utawi katah, si Fulan
meniko gadah kalepatan dateng tiang sanes. Pramilo saking meniko, ing mriki kulo
aturaken sedoyo kalepatan si Fulan meniko, saking segi nopokemawon, panjenengan
kersoho paring pangapunten.
Kintinipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten.
Monggo jenazah sareng-sareng kito berangkataken, kanti mahos Sholawat (kalimat
Toyibah).
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO WALIMATUL KHITAN
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. �ة� : و�الص�ال �ف]ا 'ي ن ح� �م� اه'ي �ر� 'ب ا �ة� م'ل �'ع �ب ات �ن' ا �ك� �ي 'ل ا �ا �ن ي �و�ح� ا �م� ث الكريم به كتا فى قال قد الذى لله الحمد
م6ا ا ف'ى �و� و�ال الص*د�ق' �ه�ل' ا 'ه' اب �ص�ح� و�ا 'ه' �ل ا و�ع�ل�ى �م�ص�ط�ف�ى ال 'ي* �ب الن م�ح�م�د1 �ا ن *د' ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس�
بعد
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati !
Sepindah Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken rasa puja lan puji
syukur dateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat lan
taufiq soho hidayah dumateng kito. Sehingga wonten ing kesempatan meniko kito saget
rawuh wonten ing puniko majelis dalam rangka Jabatud Da’wah, utawi ngrawuhi dateng
undangan dateng walimatul khitan, mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo, kalian Allah
dipun catet minongko dados amal sholeh kito sedoyo amin-amin ya robbal alamin.
Ingkang kaping kalih, mugi-mugiho salam bahagia Allah, lan rahmatipun, tansah
kalimpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW sebagai Nabi
pemimpin umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at dateng sedoyo umat benjang wonten
ing dinten qiamat mboten pandang sugih utawi mlarat. Mboten pandang rakyat utawi
pejabat, selagi umat puniko taksih purun nindaaken syariat, tegesipun taksih purun to’at
lan boten purun ngelampahi maksiat.
Ingkang kaping tigonipun kawulo matur nuwun dumateng sederek pembagi acara
ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo. Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget
kulo gunakaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Nindaaken khitan utawi sunat meniko derek tindak lampanipun Nabi Ibrahim as ingkang
wonten sejarahipun Nabi Ibrahim nindaaken khitan meniko sampun yuswo 80 tahun. Lan
jenggote kaleh brengosipun sampun dowo. Tur wonten zaman semanten, dereng wontek
calak utawi dokteng ingkang tukang nyunat. Dados dipun sunat piyambak !? Mungkin
bapak-bapak utawi ibu-ibu timbul pertanyaan. Lhoooo! Menopo Nabi Ibrahim puniko
tiyangipun wedi pemes, utawi wedi lading kok sampek umur 80 tahun lagek sunat ?
Poro Ibu ingkang kulo hormati !
Nabi Ibrahim puniko sanes tiyang jerih utawi tiyang weden. Shoho sanes tiyang wedi
pemes utawi lading. Tapi pancen wontenipun printah sunat utawi khitan meniko inggih
sampun umur 80 tahun niku. Dados asal-usulipun sunat puniko awit zamanipun Nabi
Ibrahim. Lajeng Alloh SWT paring wahyu dateng kanjeng Nabi supados derek
agaminipun Nabi Ibrahim. Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an
Artosipun :
“Nuli ingsun wahyuake marang siro (Muhammad), supoyo melu (condong) marang
agamane Nabi Ibrahim” (QS. An-Nahl ayat 123).
Poro Bapak poro Ibu ingkang kulo hormat !
Lhoooo…… sakniki fungsinipun utawi faedahipun khitan meniko katah ing antawisipun :
No. 1 Dipandang saking segi agama, khitan meniko saget ngilangi najis utawi kotoran
ingkang kentung wonteng pucukipun zakar/kucur utawi kepala penis. Padahal ngilangi
najis puniko dados syarat absyahipun sholat. Lhoooo sholat gangsal wekdal meniko
wajib. Pramilo menurut qo’idah ushul fiqh :
ج'ب< و�ا ف�ه�و� ��و�اج'ب ال 'ل�ى إ 'ه' ب ص�ل� �و� �ت ي م�ا �ل> ك
Artosipun :
”Sakabehe perkoro sing digawe lantaran maring nindakne perkara wajib meniko hukume
wajib“
Pramilo ngilangi najis utawi kotoran wonten pucukipun zakar utawi kucur/helm puniko
wajib. Sebab andadosaken absahipun sholat. Dene kaidah ingkang No. II inggih puniko :
Dipandang sangking segi kesehatan dokter khitan puniko saget ngilangi penyakit-
penyakit ingkang timbul sangking pucukipun zakar utawi kucur.
Dene faedah ingkang No. III khitan meniko saget nambahi dateng keberanian utawi
kekendelan, shoho nambahi kewibawaan. Hal meniko saget dipun bukte’aken menawi
panjenengan pikir, sedoyo poro pejuang 45 ingkang gagah berani, wantun ngusir
panjajah, wantun bertanding melawan musuh, meniko sedoyo, pejuang-pejuang
kolowahu inggih sampun sunat. Lan boten wonteng tiyang ingkang dereng sunat, puniko
wantung perang ngusir penjajah.
Dados mekatenlah pentingipun khitan utawi sunat. Pramilo kangge akhir kata kulo
monggo bapak poro ibu menawi kagungan putro dereng dipun khitanaken, enggal mawon
dipun khitani. Kranten hubunganipun meniko dateng masalah ibadah.
Kintenipun cekap semanten atur kulo
Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetepa dadi sedulur
Masang pulut ing duwur cemoro
Menawi luput nyuwun ngapuro
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO WALIMATUL MAULID
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. �ه� ل �ج� و�ا ق�ه� ز� و�ر� �ه� و�ت ق�ا و�ش� ع�ااد�ة� س� و�ق�د�ر� �ن1 ط'ي �م'ن ان� �س� 'ن �ال ا ل�ق� خ� ��ذ'ي ال �ن� �م'ي �ع�ال ال ب* ر� �ح�م�د� لله' �ل ا
. . ع�لى �م� ال و�الس� ة� � و�الص�ال �ن 'ي م�ب �ئ1 ي 'ش� ب �م� �ع�ل ي � ال و�ه�و� �م*ه' ا �ط�ن' ب �م'ن ج�ه� �خ�ر� و�ا �ن1 م�ك'ي ر' ق�ر� ف'ى و�ه�و�
بعد ام6ا �ن الد*ي ��و ي 'ل�ى ا 'ع�ه� �ب ت �و�م�ن 'ه' ب ا �ص�ح� و�ا �له ا و�ع�ل�ى �ن� �ج�م�ع'ي ا ل�ق' �خ� ال �ف�ض�ل' ا م�ح�م�د1 �ا ن *د' ي س�
Poro Bapak poro Ibu, hadirin, hadirot ingkang kulo mulya’aken !
Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke, sepindah monggo
kulo lan panjenengan sedoyo, samio nglahiraken rasa puji syukur dateng ngarsanipun
Alloh, kang Maha Kuasa kanthi ucapan Alhamdulillah. Dene menopo wonten ing saat
meniko, Alloh sampun paring pinten-pinten rahmat, taufiq, dateng kulo lan panjenengan
sedoyo, sehinggo kulo panjenengan sedoyo saget karoyo-royo bucal tempo ninggalno
griyo, ninggal bondo lan rojo koyo, saget ngrawuhi undanganipun Bapak Ahmad
sakeluarga. Dene menopo wonten ing saat puniko, Bapak Ridhwan nampi ni’mat
sangking ngarsanipun ingkang Maha Kuoso, ingkang arupi kelahiran sang putro, ingkang
lahiripun kanti keadaan wilujeng, boten wonten satunggal alangan punopo.
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo, dene kulo panjenengan dipun rawuhaken wonten
ing dalem meniko, boten sanes dipun suwuni tambahipun barokah dugo mugi-mugi putri
ingkang tembih lahir puniko, sagedo dados putro ingkang berguna migunani tumraping
masyarakat, bangsa lan agama. Amien.
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Dene bayi ingkang nembeh lahir ing saat meniko dipun paringi tetenger, utawi dipun
paringi asmo “Zainul Haqqi” (contoh) pancen sampun dadaos kewajibanipun tiang sepuh,
meniko menawi kagungan putro, kedah pareng asmo ingkang sahe, shoho paring
pendidikan-pendidikan dateng putronipun kados ingkang dipun dawuhaken dening
Kanjeng Nabi Muhammad SAW
��ر ي � ال ��ن و�ا �ة� م�اي و�الر� ح�ة� �ا ب و�الس* �ة� �اب 'ت �ك ال *م�ه� �ع�ل ي ��ن و�ا �ه� ب �د� و�ا م�ه� �'س ا ن� �ح�س' ي ��ن ا �د'ه' و�ل ع�ل�ى 'د' �و�ال ال ح�ق>
ك� �د�ر� ا 'ذ�ا ا ج�ه� و* �ز� ي ��ن و�ا ]ا *ب ط�ي � 'ال ا ق�ه� ز�
Ingkang artosipun :
“Haq utawi kewajibanipun tiang sepuh dumateng putranipun inggih meniko :
Kedah paring asmo utawi nami ingkang sahe
Kedah mbagusi dateng adabipun
Kedah mulang nyerat utawi nulis
Kedah mulang dateng renang utawi nglangi
Kedah mulang dateng manah utawi nembak
Kedang paring rizki ingkang halal
Kedah ngrabekaken/nikahaken menawi sampun dewasa utawi menawi sampun ketemu
jodohipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi keterangan wonten ing nginggil kolo wahu bilih anak meniko amanatipun Alloh
ingkang dipun titipaken dumateng kito sedoyo, ingkang mbenjang wonten akhirat kito
dipun suwuni pertanggung jawab. Tegesipun kito dipun dangu kados pundi anggen kito
ngramut dateng putro kito. Menawi didikan kito meniko sahe, kito inggih dipun bales
sahe dening Alloh, shoho putro ingkang sholeh meniko saget dados amal jariyahipun
tiyang sepuh, menawi sampun sedo. Dene menawi anggen kito didik putro meniko awon,
meniko kito inggih pikantuk sikso sangking ngarsanipun Alloh kanjeng Nabi dawuhaken.
�ه� ل �ع�و ��د ي 'ح1 ل ص�ا �د1 �و�و�ل ا 'ه' ب �ف�ع� �ت �ن ي 1 �م ل ع' ��و ا �ة1 ار'ي ج� ص�د�ق�ة1 �ث1 �ال ث �م'ن � 'ال ا �ه� ع�م�ل �ق�ط�ع� 'ن إ �د�م� أ �ن� 'ي إ م�ات� 'ذ�ا إ
Ingkang artosipun :
“Naliko Ibnu Adam (Manungso) meniko sampun sedo/wafat mangko putus sedoyo
ngamalipun kejawi saking tigang perkawis. 1. Sodaqoh, 2. Ilmu ingkang manfaat 3. Putro
ingkang sholeh, ingkang ndongaaken dateng Ibnu Adam kolo wahu (utawi tiang
sepahipun)“
Poro rawuh ?! pramilo lewat kesempatan meniko, kulo ngajak dateng panjenengan
sedoyo, monggo putro-putro kito meniko kito didik ingkang sahe kito wulang dateng
ilmu agomo, supados benjang dados lare ingkang sholeh, minongko dados amal
jariyahipun kito sedoyo.
Kejawi saking meniko ugio saget nerusaken perjuangan kito sedoyo, supados kejayaan
Islam lan kemulyaan Islam ing masa mendatang saget tetep gilang gemilang. Amin.
Poro rawuh
getuk menopo gedang goreng ?
Sampun ngantuk menopo dereng ?
Kintenipun cekap semanten atur kawulo, menawi lepat nyusun pangapuro.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO NASEHAT PERNIKAHAN
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. م�ح�م�د1 *د'ن� ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال ح' ف�ا الس* ع�ن' �ه�م �ه�ا و�ن �اح� *ك الن �اد'ه' 'ع'ب ل س�ن� ال6ذى لله �ح�م�د� �ل ا
م�ا : � أ �ن� �ج�م�ع'ي ا 'ه' اب �ص�ح� و�ا 'ه' �ل ا و�ع�ل�ى �ام�ة' �ق'ي ال �و�م� ي �م�م� �ال ا �م� 'ك ب 'ر� �اث م�ك *ى 'ن ف�إ �و�ا ل س� �ا �ن و�ت �ح�و�ا ك �ا �ن ت �'ل �ق�ائ ال
' �م �ع�ظ'ي ال �ع�ل'ي* ال لله' 'ا ب � 'ال ا ق�و�ة� � و�ال � ح�و�ال � ف�ال �ع�د� .ب
Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang kulo hormati, poro
hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati.
Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampung paring
rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget pepanggihan
wonten ing puniko majlis, dalam rangka menyambut hari kebahagiaan, utawi hari resepsi
pernikahan ingkang sanget keramat meniko
Mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados amal sholeh
kito sedoyo. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang kaping kalih mugiho rohmat ta’dzim dan salam bahagia Alloh tansah dipun
limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli
keluarga lan sohabatipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di kalangan umat
Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam, melaksanakaken nikah meniko dipun catat
sebagai amal ibadah. Sebab nikah meniko derek sunnahipun kanjeng Nabi, soho
ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi :
�ام�ة' �ق'ي ال �و�م� ي �م�ة� �ال ا �م� 'ك ب 'ر� �اث م�ك 'rى ن ' ف�إ ��و ل س� �ا �ن و�ت �ح�و�ا ك �ا �ن ت
Ingkang artosipun :
“Podo nikaho siro kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk ingsun ing
dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro kabeh“
Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah. Menurut Islam, nikah
boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados kanti meniko saget kito simpulaken, bilih
Islam lan nikah, meniko merupakan hal ingkang selalu berhubungan, mboten kenging
dipun pisahaken. Sebab nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah. Dene Islam
didalam nikah meniko, dados syarat syahipun nikah.
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Salajengipun menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken bilih tembung nikah
meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf. Inggih meniko :
Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha’ (Nikah نكح) ing tigang huruf kolowahu anggadahi
singkatan utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun meniko
singkatan sangking kata Ni’mat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang nikah meniko
ngraosaken nikmat lahir lan batin.
Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah utawi keramat.
Tegesipun dados manten meniko selalu dipun mulyaaken selalu keramat, sehinggo
panggonan lenggahipun meniko dipun utamaaken wonten ngajeng piyambak kados dene
palenggahanipun raja lan permaisuri.
Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah. Ingkang artosipun cerito
tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko maleh saget cerito-cerito kaleh
garwanipun, benten kaleh tiang taksih bujangan, menawi wonten kamar tilem piambek
kleasak-klesik, glimpang-glimpung, kaleh bantal guling, tapi menawi sampun nikah, yen
teng kamar saget cerito-cerito kaleh garwane
Poro rawuh ingkang kulo hormati !!
Kajawi saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang kedah dipun
laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang jaler sebagai suami,
meniko kedan mulang dumateng istrinipun ingkang sahe. Shoho perintah ngamalaken
dawuh-dawuhipun Alloh kados dene : puoso, sholat, sesuci, adus jinabat, lan sanesipun.
Kranten tiang jaler meniko ingkang bertanggung jawab dumateng tiang istri lan putro-
putrinipun.
Alloh sampun dawuh wonten Al-Qur’an
ء' آ *س� الن ع�ل�ى ن� �ق�و�ام�و ج�ال� الر�
Artosipun :
“Bilih tiang jaler meniko ingkang jemenengi/mimpin dateng tiang estri“
Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun inggih meniko, menawi
dipun sawang ingkang jaler, kedah tansah bingahaken. Lan menawi dipun perintah kedah
selalu to’at, utawi manut, selagi perintahipun kolo wahu mboten perkawis maksiat. Shoho
menawi dipun tinggal kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi
badanipun) lan njagi bandanipun, kados dawuhipun kanjeng Nabi, ingkang dipun
riwayataken dening shohabat Abi Hurairah, ingkang dawuhipun mekaten :
ف'ى �ك� ح�ف�ظ�ت �ه�ا ع�ن �ت� غ'ب �'ن و�ا �ك� ع�ت �ط�ا ا �ه�ا ت ��م�ر ا �'ن و�ا �ك� ت ر� س� �ه�ا �ي 'ل إ ت� ��ظ�ر ن 'ذ�ا إ �ة< أ 'م�ر� إ آء' *س� الن �ر� ي خ�
ه�ا �ف�س' و�ن 'ك� م�ال
Ingkang artosipun :
“Sak apik-apike wong wadon sing naliko siro sawang, deweke tansah bungahake marang
siro, lan naliko siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo, tansah jaga
awake lan bondo siro“
Porp Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo, lintu wekdal Insyaa Allah
saget dipun sambung malih.
Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetep dadiho sedulur
Akhiripun sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO SAMBUTAN WALIMATUL URSY
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. 'م�ا و�إ ��م ك �اد' ب ع' �م'ن �ن� ي 'ح' و�الص�ال ��م �ك م'ن �ام�ى �ي �ال ا �ك'ح�و�ا �ن و�ا �م �ر'ي �ك ال 'ه' �اب 'ت ك ف'ى ل� ق�ا �ق�د �ذ'ال ال �ح�م�د� لله' �ل ا
. ع�ل�ى �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال �م< 'ي ع�ل ع< و�اس' الله� و� 'ه' ف�ض�ل �م'ن الله �ه'م� 'ي �غ�ن ي اء� ف�ق�ر� �و�ا �و�ن �ك ي �'ن إ ��م 'ك ئ 'م� و�إ ��م 'ك ئ
و� اله و�عل�ى 'ى �ت ن 'س� ب �س�ن� �ت �ي ف�ل 'ى ت ف'ط�ر� �ح�ب� أ �ف�م�ن 'ى �ت ن س� ح� 6كا الن القائل م�ح�م�د �ا �ن و�م�و�ل �ا *د'ن ي س�
بعد ام6ا وااله و�م�ن به ا ص�ح�� أ
Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-
pinten rohmat dateng kito sedoyo, sehinggo kito saget makempal wonten ing meniko
majlis, dalam rangka menghadiri undangan walimatul Ursy ing saat meniko.
Poro rawuh ingkang kulo hormati,
Ngawontenaken walimah meniko hukumipun sunah, kranten meniko derek dawuhipun
kanjeng Nabi, bilih wonten salah setunggulipun wekdal, sohabat Abdurrohman bin Auf,
matur dateng kanjeng Nabi, bilih piyambakipun nglaksanaaken nikah damel maskawin
(Mahar) rupi emas sak bobotipun kelungsu kurmo salajengipun kanjeng Nabi ngendiko.
اة1 'ش� ب ��و و�ل �'م و�ل� أ �ك� ل الله ك� �ار� ب
“Tegesipun kanjeng Nabi donga’aken barokah, lajeng perintah ngawontenaken walimah
senajan namun nyembelih maendho setunggal.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Bicoro masalah walimah meniko, weninipun katah. kados ingkang kasebut wonten ing
kitab-kitab fiqih. Wonten kala : Walimatul ‘Ursy wonten kalane walimatul khitan,
wonten kalane walimatul maulid, wonten kalane walimah ngedekaken griyo utawi
boyongan, shoho sanesipun. Dene ingkang paling utami utawi ingkang afdhol inggih
meniko “Walimatul ‘Ursy utawi Walimah Manten”
Dene masalah ijabatut-da’wah, utawi dugeni dateng walimah, meniko hukumipun inggih
benten-benten. Menawi walimah manten, meniko ingkang dipun undang, wajib ndugeni,
selagi wonten majlis walimah manten kolowahu, boten wonten perkawis mungkar utawi
maksiat. Lan menawi wonten perkawis maksiat utawi perkawis ingkang nglaraaken
manah, meniko boten wajib nekani.
Dene menawi walimah saklintunipun manten, sami ugi walimah khitan utawi maulud,
utawi aqiqoh, meniko ndugeni hukumipun sunat. Poro rawuh !, sa’lajengipun, menawi
wonten setunggal wekdal meniko wonten undangan kaleh, utawi tigo, meniko ingkang
dipun dugeni gedah ingkang langkung parek griyanipun. Dene menawi perekipun,
meniko podo ingkang dipun dugeni langkung rumiyin ngundangipun. Hal meniko damel
dasar hadisipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken deneng Abu Dawut RA
. �ق� ب س� �ذ'ي ال �ج'ب� ف�أ �ح�د�ه�م�ا أ �ق� ب س� �'ن ف�إ ]ا �اب ب �ه� ب �ق�ر� أ �ج'ب
� ف�أ �ان' ي ع' د�ا �م�ع� ت �'ج إ 'ذ�ا إ
Ingkang artosipun :
“Menawi kempal tiang ngundang kalih (sareng wekdalipun) moko ingkang dipun dugeni,
tiang ingkang langkung parek lawang griyonipun. Menawi salah setunggalipun meniko
langkung rumiyin, inggih ingkang langkung rumiyin meniko ingkang dipun dugeni“
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kolo wahu kawulo ngaturaken bilih ndugeni dateng undangan walimah manten meniko
hukumipun wajib. Benten kaleh dugeni undangan saklintunipun walimah manten, kados
dene walimah khitan utawi walimah maulid meniko dugeni hukumipun sunat.
Poro rawuh, meniko nopo rahasianipun utawi sebabipun masalah dugeni walimah meniko
kok benten-benten ? menurut sebagian Ulama meniko wonten ingkang njelasaken,
menawi ndugeni datang walimah manten meniko wajib. Sebabipun wonten ing majlis
walimah manten meniko wonten tiyang ingkang nyandang susah utawi sakit malah
sedoyonipun ngraosaken ayem seneng lan bungah. Tegesipun tiyang ingkang dipun
unddang seneng, lan menikolah ingkang dados wajibipun dugeni undangan walimah
manten.
Lan menawi walimah khitan utawi walimah maulid (kelahiran) tumrap tiyang ingkang
dipun undang dugeni walimah meniko hukumipun sunat, kranten wonten ing griyanipun
tiyang ingkang kagungan hajat meniko wonten ingkang ngraosaken sakit utawi payah.
Tegesipun tiyang ingkang dipun undang seneng tiyang ingkang ngundang seneng, tapi
lare ingkang dipun khitani utawi ibu ingkang nglahiraken meniko ngalami sakit. Pramilo
dugeni dateng undangan walimah khitan utawi kelahiran hukumipun sunat boten wajib.
Tepi sedoyo kolowahu utaminipun dipun dugeni kranton meniko derek dawuhipun
kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken dening Imam Muslim :
��ط�ع�م �ي ف�ل ا م�ف�ط'ر] �ان� ك �'ن و�ا �ص�ل* �ي ف�ل 'م]ا ئ ص�ا �ان�� ك �ن ف�إ ��ج'ب �ي ف�ل ��م �ح�د�ك ا د�ع'ي� 'ذ�ا إ
Ingkang artosipun :
“Menowo siro diundang mangko becik tekoho manwa siro poso mangko donga’no bagus
lan barokah menawo siri ora poso mongko mangano“
Poro Rawuh kintenipun cekap semanten kangge sambutan kulo akhiripun kulo akhiri
kupat lepet taline janur, lepat luput panggahodadi sedulur, sedoyo kelepatan kulo nyuwun
pangapunten.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO PENERIMAAN KEMANTEN
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال ا �ر� ق�د'ي >ك� ب ر� �ان� و�ك أ و�ص'ه�ر] ]ا ب �س� ن �م�ه� ع�ل ف�ج� ا ر� �ش� ب �م�اء' ال م'ن� ل�ق� خ� الذى لله' �ح�م�د� �ل ا
. . . � ف�ال �ع�د� ب م�ا� أ ا �ر] 'ي �ث ك �م]ا ال و�س� �ة] ص�ال 'ه' ب �و�ص�ح 'ه' �ل أ و�ع�ل�ى ى �و�ر� و�ال ل�ق' �خ� ال �ف�ض�ل' أ م�ح�م�د1 �ا *د'ن ي س� ع�ل�ى
' �م �ع�ظ'ي ال �ع�ل'ي* ال 'الله' ب � 'ال ا ق�و�ة� ل� و� .ح�و�ل�
Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy ingkang kawulo
mulya’aken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar kemanten ingkang
kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot ingkang kulo hormati.
Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi ingkang
kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan syukur dateng Alloh SWT,
ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat Taufik shoho Hidayah dumateng kito
sedoyo. Sehinggo kito saget keroyo-royo, guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing
dalemipun Bapak Hamid puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat.
Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dateng junjungan
kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng poro ahli keluarga lan poro
sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo ing saat meniko andadosaken
sababiyahipun kito mbenjang pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi. ن�� �م'ي ل �ع�ا ال ب� ر� �ا ي �ن� �م'ي ا
Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati
Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Hamid ingkang kagungan dalem
sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro tamu-tamu sedoyo, sami ugi
sangking undangan walimatul Ursy, utawi poro pengantar kemanten. Dene punopo
panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun Bapak Hamid sekeluarga boten
kesupen Bapak Hamid sekeluarga ngaturaken.
��م ك ر' �'ح�ض�و ب [ �ه�ال أ ]ا ب ح� �م�ر
Ingkang kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun agunging pangapunten dateng
hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo kemawon. Sami ugi sangking
segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho poro sinoman ingkang sami leladen,
lan monggo hidangan ingkang sampun kasediaaken meniko kito ni’mati utawi kito dahar
kanthi dipun kawiti mawi upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar
sa’wontenipun.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Sa’lajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri sampun
masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun dumateng Bapak
Hamid selaku tiang sepahipun penganten putri inggih puniko ingkang asmo sederek
Hindun. Pramilo ing mriki kanti raos maremipun penggalih shoho bingahipun manah,
shoho kanti ucapan Alhamdulillah, penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto
kaleh. lan langsung mulai saat meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi dados putro
kulo kiambak lan dados keluarga kulo. Shoho kulo nyuwun tambahi doa restu. Mugi-
mugi kulo selaku tiyang sepuh mriki, sageto mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh
kolowahu, sehinggo saget membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera,
maslahah lan barokah dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, menawi
panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih nyumbanggaaken, ugi malah
matur nuwun. Dene menawi terus kundur kawulo mboten saget nyangoni menopo-
menopo, namung saget ndonga’aken, mugi-mugi kundur panjenengan saking griyo mriki,
ngantos dumugi dalemipun piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng,
mboten wonten alangan punopo Amien.
Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang langkungipun anggen
kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO PENYERAHAN KEMANTEN
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. . �ذ'ى ال م�ح�م�د1 �ا ن *د' ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال ح� ف�ا الس* �ن� �ي ع�ل م� و�ح�ر� ح� �ا *ك الن �ا �ن ل �ح� أ �ذ'ى ال �ح�م�د� لله' �ل ا
. � 'ال إ ق�و�ة� � و�ال ح�و�ل� � ف�ال بعد� م�ا� أ �ح' و�الص�ال الص6د�ق' 'ه' �ه�ل أ 'ه' اب ص�ح�
� و�أ 'ه' �ل ا و�ع�ل�ى �ج�اح� الن �ل' 'ي ب س� 'ل�ى إ �ا ن ه�د�ا
'الله' ب
Poro Bapak, Poro Ibu, Poro Tamu undangan ingkang kawulo mulyaaken, shoho poro
tamu pengantar penganten ingkang kulo hormati. Sa’derengipun kulo matur nopo
ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyen kulo muji syukur Alhamdulillah
dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng
kulo lan panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget rawoh wonteng
ing majlis puniko, kanti kawontenan rahayu wilujeng widodo lir sambi kolo.
Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat Ta’dzim Alloh soho salam tansah tetep dipun
limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW soho para ahli keluarga
lumeber dateng kito ingkang sami rawuh ing majlis puniko. Sehinggo kanthi pertemuan
kito ing majlis puniko saget dadosaken sababiyahhipun kito pikantuk syafaatipun kanjeng
Nabi benjang ing dinten Qiamat. Amien
Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Ingkang kaping tigonipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek
pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko
saget kulo gunaaken ingkang sa’sahe-sahenipun.
Poro rawuh, wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking walinipun pengantin
putro shoho atas nami wakil sedoyo tamu pengantar pengantin putra.
Sepindah kawula ngraos syukur Alhamdulillah dateng Allah SWT. Shoho matur nuwun
sa’agengipun dumateng Bapak Shohibul baik mriki sekeluarga, ingkang sampun bersusah
payah budhi dhaya nyediaaken papan pinara’an, shoho hidangan engkang arupi daharan
lan unjukan ingkang kados mekaten meniko mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas
nami wakil para tamu pengantar pengantin, mboten saget mbales atas penghormatan
meniko kejawi namung saget dungaaken dateng Bapak Shohibul bait mriki kanthi ucapan
ا �ر] �ث ك ا �ج�ز� ال �ر� ي خ� الله� �م� ك ا ج�ز�
Mugi-mugi atas jerih payahipun utawi penghormatanipun Bapak Shohibul bait mriki
sekeluarga tansah andadosno amal sholehipun ingkang ditrimo dening Allah, shoho dipun
bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun. ن�� �م'ي ل �ع�ا ال ب� ر� �ا ي �ن� �م'ي ا
Poro rawuh sedoyo kangge selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko wakil
saking walinipun pengantin putro inggih puniko Bapak Hamid. Kolo wahu bidal
sangking dalemipun, kawulo nampi Amanat sangking Bapak Hamid, ingkang supadoso
masrahaken si manten jaler ingkang Asma sederek Hasan puniko, dumateng bapak
Shohibul bait mriki minongko tiyang sepuhipun pengantin putri. Pramilo, sakrehning
sederek Hasan puniko sampun trami dados putro mantunipun bapak shohibul bait mriki,
ugi kulo wahu sampun dipun laksanakaken Aqad Nikah. Pramilo kanti raos bingahipun
manah, shoho kanthi ucapan “Bismilah” sederek Hasan meniko kulo pasrahaken
sa’doyonipun dumateng Bapak Shohibul bait mriki, kanti pasrah bongko’an tegesipun
inggih kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene menawi wonten kekirangipun
sangking segi nopokemawon, Dene menawin wonten kekiranganipun sangking segi
nopokemawon, sami ugi : segi pendidikan, segi pengalaman, pendamelan lan sanesipun,
kawulo suwun Bapak Shohibul bait mriki umumipun, sedoyo keluarga lan masyarakat
mriki kersoho paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo mulya’aken !
Ingkang terakhir kawulo ugi atas kami nami wakil saking rombongan pengantar
penganting mbok bilih acara puniko mangke sampun paripurno, kawulo sa’rombongan,
ugi nyuwun pamit pindah, soho nyuwun tambahipun do’a restu. Mugi kulo sa’rombongan
wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng griyanipun piyambak, tansah dipun paringi
slamet, wilujeng, boten wonten setunggal alangan punopo. Amien.
Shoho sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking sedoyo pengantar
pengantin, kulo nyuwun agunging pangapunten, saking tingkah laku, ucapan-ucapan,
tindak tanduk ingkang kurang nyocokidateng panggalehipun Bapak Shohibul Bait mriki
sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo kesalahan awal ngantos akhir kulo
nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO THOLABUL ILMI
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. �ل* ك ع�ل�ى م�ح�م�د1 �ا *د'ن ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال �ع�م�ل' و�ال ' �م �ع'ل ل 'ا ب �د�م� أ �'ي �ن ب ف�ض�ل� �ذ'ى ال �ح�م�د� لله' �ل ا
بعد. أم6ا ��م�ل �ك و�ال ام�ة' �ر� �ك ال �ص�ح�اب' ا 'ه' ب ا �ص�ح� و�ا 'ه' �ل ا ع�ل�ى و� ح�ال1
Dumateng Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian ingkang kulo hormati !
Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh
SWT ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, dumateng kulo, lan
panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal thempo
ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing majlis puniko
boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek rondho. Nanging leres-leres golek
ilmu Agomo. Ilmu sing keno kangge sangu dateng griyane moro tuwo. Shoho ilmu sing
keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Sebagai pengajak kulo monggo iang saat meniko kulo lan panjenengan samiho niat ngaji.
Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. Keranten pancen dados tiyang Islam lho
Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito sedoyo. Kanjeng Nabi dawoh :
( البر ( عبد ابن رواه 'م�ة1 ل �و�م�س 1 'م ل م�س' �ل* ك ع�ل�ى �ض�ة< ف�ر'ي ' �م �ع�ل ال ط�ل�ب�
Ingkang artosipun :
“Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan
istri“
Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu meniko merupakan proses
ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun, dimanapun dan dalam
keadaan bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek,
untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep kewajiban pados ilmu.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Keranten tiyang niku menawi boten gadah ilmu senajan toh ibadah sampek jungkir balik,
utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun ilmuni meniko tiwas bal gedual.
�ل� �ق�ب ت � ال د�ة< �د�و �م�ر �ه� �ع�م�ال ا �ع�م�ل� ي �م ع'ل �ر' 'غ�ي ب �م�ن �ل> ك و�
Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun terimo dening Alloh.
Mardudatun Laa tugbalu.
Pramilo sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama adik-adik lan generasi
Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito belajar. Supados benjang angsal
ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo
lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun Alloh wonten Al-Qur’an, Surat Al-
Mujadalah ayat 11
ج�ات1 د�ر� �م� �ع'ل ال �و�ا و�ت� أ �ن� ي �ذ' و�ال ��م �ك م'ن �و�ا آم�ن �ن� ي �ذ' ال الله ف�ع' ��ر ي
Artosipun :
“Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang
ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat“
Tapi sa’wangsulipun menawi kito boten anggadahi ilmu boten saget ngaji lan boten
purun belajar lan boten sekolah, tengriyo namung kluyur-kluyur jogrok klimprak-
klimprik kados sarung goyor, niku nggih boten patut, sampun ketinggalan jaman.
Amargi, niki sampun jaman merdeka boten kados jaman penjajah. Sa’niki sampun kathah
sekolahan sampun kathah tempat-tempat pendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken
anggen kito belajar, pados ilmu pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro
Bapak, Ibu sampun ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten
purun sekolah, boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan sanes-
sanesipun. Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan
Ilmu Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawi kentandang gaweh
boten purun. Sa’bendino ngente’no sego, jaluki duwit, di tuturi boten manut, karo Ibu
nesu, karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo Kakang mbangkang, karo Paklek
mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur ngladur, karo tonggo ora duwe dugho.
Diajar nangis, kon minggat boten budal, di guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol
ora payu Akheripun tiyang sepuhipun namung susah, gelisah pikiran jibek napas sesek,
dodo ampek, awak dredek, kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek, awak
sak kujur rasane dredek, bendino kur telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe
ora untek menengahe malah mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh susah menopo boten?
Poro Bapak Poro Ibu? Mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados
leres-leres saget kados lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho
ingkang saget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkang
cocok dawohipun kanjeng Nabi
�آس' 'لن ل ��ف�ع�ه�م �ن أ �اس' الن �ر� ي خ�
Artosipun :
“Sa’bagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang, menungso liyane“
Poro rawo ingkang kulo hormati !
Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO KESAN PESAN KEPADA PARA SANTRI
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
الله' �ل' ب 'ح� ب ' 'ص�ام 'ع�ت �ال و�ا اد' *ح� 'ت 'اال ب �ا ن �م�ر� و�ا �ن 'ي �م�ب ال د' �ش الر> 'ل�ى إ �ا ن ه�د�ا ��ذ'ي �ل ا �ن� �م''ي ل �ع�ا ال ب* ر� �ح�م�د� لله' �ل ا
. الله. فقال بعد �م�ا ا �ن� �ج�م�ع'ي ا 'ه' ب �و�ص�ح 'ه' �ل ا و�ع�ل�ى م�ح�م�د1 �ا *د'ن ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال �ن� 'ي �م�ت ال
ق�و�ا : �ف�ر� ت � و�ال �ع]ا ج�م'ي الله' �ل' ب �ح� ب �ص'م�و�ا و�اع�ت تعالى
Dumateng Poro Bapak Pinisepuh, soho Poro Bapak Kiyai ingkang kulo mulya’aken. Poro
konco-konco, Poro santri putra soho Putri ingkang kulo hormati. Boten kesupen
dumateng Adi-adik senasip lan sa’perjuangan ingkang kulo sayangi.
Lewat suasana ingkang indah, cerah terang benderang, pada kesempatan meniko,
kintenipun boten wonteng kata-kata ingkang manis, ingkang pantes kulo aturaken wonten
permulaan atur kulo, kejawi nglahiraken raos puji syukur, dateng Alloh SWT kanthi
ucapan….
�ن� �م'ي �ع�ال ال ب* ر� �ح�م�د� لله' �ل ا
Ingkang kapingkalihipun Rohmat soho salam mugio tetep dipun limpahaken dumateng
junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW shohor poro Ahli Keluarga lan sahabatipun.
Kaping tigonipun kulo aturaken matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang
sampun paring wekdal dateng kulo kangge ngisi wontenipun acara ing saat meniko.
Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo guna’aken ingkang sa’sahe-sahenipun.
Poro konco-konco santri ingkang kulo hormati !
Pada kesempatan niki, kulo saget merasa bangga lan gembira kranten ing saat meniko
kulo dipun takdiraken dening Allah saget bertemu, berpadu lan bersatu kaliyan rekan-
rekan santri ingkang giat lan gigih dalam memperjuangkan syariat Islam Agama Alloh.
Pramilo merupakan suatu hal engkang sanget berharga shoho sanget penting menawi
wonten kesempatan meniko kulo mengajak dumateng konco-konco kangge ningkataken
mutu semangat belajar lan berjuang kanthi sungguh-sungguh lan sabar. Sampun ngantos
putus sebelum berhasil. Nopo malih tumrap kito sedoyo sebagai santri, isoho dadi santri
sing cocok kaleh sebutane santri. Ingkang maksudipun SAN niku Insan utawi menungso.
TRI, niku berarti Tigo. Dados Santri niku insan (manungso) ingkang kedah netepi
perkawis tigo.
Inggih meniko No 1 : الله� �ع� �ط'ي و�ل� No. II (To’at dumateng Alloh) ا س� الر� �ع� �ط'ي To’at) ا
dumateng Rosul) No. III 'ر��م �ال ا �و�ل'ى .(To’at dumateng Pemerintah) ا
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Wonten sebagian Ulama ingkang njelasaken :
Bilih santri meniko singkatan sangking gangsal kata inggih meniko :
SANTRI :
SA berarti sanggup
N berarti nerusaken
T berarti tuntunan
R berarti Rosul
I berarti Ilahi
Dados sebagai santri kedah sanggup nerusaken tuntunan Rosul Ilahi. Shoho kedah
berjuang lan anggadahi I’tiqod ingkang kiat, tabah lan sabar dalam menghadapi sesuatu.
Tak Mundur dalam bertempur. Tak cemas karena panas. Tak heran karena hujan. Tak
goyang karena gelombang. Tak gentar halilintar. Tak muntir karena petir. Tak gopoh
melawan musuh. Mendal karena rayuan gombal. Hal meniko cocok kalian qoulipun Iman
Ibnu Malik wonten kitab Alfiyah ;
* �ع�د�اء' �ال ا م�ر� ز� �ل�ت �و� ت ��و و�ل اء' �ج� �ه�ي ال ع�ن' �ن� ب �ج� ال �ق�ع�د� أ � ال
Ingkang artosipun :
“Aku ora bakal mandek wedi sangking pertempuran senajan musuh berbondong-bondong
melawan“
Kejawi sangking meniko pancen santri meniko ingkang bertanggung jawab dateng maju
munduripun utawi gesang lan matinipun umat beragama wonten masa depan. Imam
Gozali wonteb kitab ; شئين النا njelasaken عظ6ة
�ه�ا * ت �ا ي ح� ��م م'ك 'ق�د�ا إ و�ف'ى �م�ة' �ال ا م�ر�� أ ��م ك �د' ي ف'ى 'ن� إ
Ingkang Artosipun :
“Sa’temene ono ing tangan siro kabeh iku letak urusan umat yakni urip utowo matine lan
ono ing derap langkah siro iku maju lan mundure umat”
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Dados jelasipun menawi kito sebagai santri, boten purun bertekat melingkis celana
melangkahkan kaki, terjun wonten jam’iyah utawi organisasi. Boten purun berjuang
nyiaraken agami Islam, bererti kito meniko nuduhaken kematian lan kemunduruan agami
wonten ing masa depan. Tapi sak wangsulipun menawi kito sedoyo sebagai santri utawi
sebagai generasi muda-mudi Islam purun belajar ilmu agami ingkang mempeng shoho
purun berjuang terjun wonten jam’iyah-jam’iyah, kados dene jam’iyah qiroah utawi
jam’iyah dibaiyah shoho jam’iyah seni hadroah shoho sanes-sanesipun, Insya Allah
kehidupan agama lan kemajuan agama wonten ing masa depan tetap cerah bersinar
terang.
Pramilo sangking meniko monggo kito samiyo ngatah-ngatahaken dongo nyuwun dateng
Alloh, mugi-mugi Alloh ngasilaken perjuangan kito sedoyo sehinggo saget tercapai lain
terwujud cita-cita agama, bangsa lan negara >ر�غ�ف�و tب و�ر� �ة< *ب ط�ي �د�ة< �ل ,Negara aman, damai ب
adil dan makmur penuh ampunan, lan ridlo Allah. Amin.
Cekap semanten atur kulo. Sedoyo kelepatan nyuwon pangapunten ingkang kathah.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO PERJUANGAN
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. . �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال �ن' الد*ي ' �و�م ع�ل �م'ن �ا �ف�ه�م�ن و�أ �ن� �د'ي �م�ع�ت ال و�اذ�ل� �ن� ه'د'ي ا �م�ج� ال م� �ر� �ك ا ��ذ'ي ال �ح�م�د� لله' �ل ا
' م ��و ي 'ل�ى ا �'ع�ه�م �ب ت 'ل�ى ا �'ع�ه�م �ب ت �و�م�ن 'ه' ب ا �ص�ح� و�ا 'ه' �ل أ و�ع�ل�ى م�ح�م�د1 �ا *د'ن ي س� �ن� 'ي ل س� ��م�ر ال ف' ر� ��ش ا ع�ل�ى
. . 'ل�ى ا �د�ع� ا ج'يم�ن' الر� �ط�ان' ي الش� م'ن� 'الله' ب ذ� ��ع�و أ ' �م �ر'ي الك آن' ��ق�ر ال ف'ى �ع�ال�ى ت الله� ف�ق�ال� �ع�د� ب م�ا� أ �ن' الد*ي
. العظيم الله ق صد �ح�س�ن� ا ه'ي� 'ى �ت 'ال ب ��ه�م اد'ل و�ج� �ة' ن �ح�س� ال ع'ظ�ة' ��م�و و�ال �م�ة' �ح'ك 'ال ب *ك� ب ر� �ل' 'ي ب .س�
Hadrotul Mukarromin, poro Ulama’ul Amilin khususipun poro Bapak kiyai ingkang kulo
hormati.
Sahabat-sahabat, rekan-rekan, adik-adik senasib lan sa’perjuangan ingkang kulo sayangi.
Langkung rumiyin kulo manjataken puji syukur dateng Alloh SWT, Tuhan Semesta
Alam, ingkang mucal menungso mawi Qolam tentang ilmu ingkang dereng difaham,
shoho Rohmat Allah lan salam mugiho dipun tetepaken dateng Nabi Pejuang Islam. Nabi
pemimpin Arab lan ajam ingkang beto umat manusioa sangking masa ingkang hitam
kelam, masa ingkang penuh sifat murka lan kejam menuju masa damai, aman, tentram,
ingkang penuh cahaya bagaikan sinar bulan ing tengah malam, yakni saking masa
jahiliyah menuju masa Islamiyah.
Poro Hadirin ingkang kulo hormati !
Menurut pandangan Islam, agama ingkang paling mulyo minggahipun Alloh, inggih
puniko agami Islam. Keranten Agami Islam, meniko bade mejamin umat manusia
menuju hidup bahagia lahir lan batin, shoho wilujeng wonteng ing dunyo lan akhirat,
selagi tiyang ingkang memeluk Agami Islam kolowahu-boten menyimpang lan
melanggar dateng garis-garis agami Islam, shoho boten melanggar dateng ajaran Islam,
tapi kangge mencapai lan ngasilaken kebahagiaan, shoho kawilujengan lahir lan batin
meniko boten saget dipun wujudaken sambi turu utawi tenguk-tenguk kaliyan lingguh
silo tumpang, meniko boten saget wujud tanpa dipun tuntut kalian perjuangan ingkang
sungguh-sungguh Sedoyo kolo wahu boten berhasil nopo malih kangge mempertahankan
shoho melestarikan nilai kemulyaan Islam meniko. Kito kedah ringan tangan lan
bermurah hati, ngorbanaken jiwa raga, shoho harta benda demi kejayaan Islam, lan kaum
muslimin.
Firman Alloh wonten Al-Qur’an :
الله �ل' 'ي ب س� ف'ى ��م ك �ف�س' �ن و�أ ��م 'ك ل م�و�ا� 'أ ب ه'د�و�ا ج�ا و�
Ingkang artosipun :
“Lan berjuango siro kabeh klawan bondo siro lan awak siro ing dalem agamane Alloh“
Nopo maleh memasuki abad modern saat meniko katah kebudayaan-kebudayaan asing
ingkang mlebet wonten negari kito Indonesia, ingkang bertentangan kalian agami Islam.
Terutami wonten kalangan muda-mudi, remaja, katah poro remaja ingkang menggemari
kebudayaan luar tapi boten dipun saring, cocok nopo boten kalian ajaran agami Islam ?
niki boten peduli.
Hal meniko menawi kito kurang waspada, utawi boten kito cegah, soyo dangu bade
merajalela, sehinggo saget ngalahaken kebudayaan Islam piyambak akhiripun umat Islam
piambak ingkang bade rugi.
Pramilo sangking meniko kulo anjuraken dateng poro Jutawan, poro اء� �ي �غ�ن poro أ
dermawan, sampun ngatos bahil utawi kumed ngurbanaken harta benda kangge
Kepentingan Agami kito. Kito sebagai generasi penerus pewaris sangking generasi
ingkang rumiyin sampun jerih payah mewarisi kito bangunan masjid-masjid, gedung-
gedung madrasah, langgar lan sanesipun, lan ugi kito ingkang ngraosaken utawi ingkang
nggunaaken bangunan-bangunan kolo wahu. Sa’meniko kito ugi kedah purun bangun,
utawi ndandosi bangunan kolo wahu, supados generasi ingkang bade datang ingkang
ngrahosaken jasa kita. Hal meniko cocok kaleh dawuhipun Al Hukama
* �ا ن �ع�د� ب �اس� الن �ل� ك � �أ ي �ى ت ح� �غ�ر'س� �ن ل �ا �ن 'ن و�إ �ا �ن �ل ك ف�أ و�ا س� غ�ر� ��ق�د ل
Ingkang artosipun :
“Sa’temene wong-wong kang dingin wis podho nandur jasa sehinggo kito sing mangan
jasane lan sa’temene kito ugo nandur sehinggo wongkang sa’wise kito (generasi
mendatang) mangan jasa kito“
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Pramilo sangking meniko kangge ngasilake kejayaan Islam dan kebahagiaan kaum
muslimin monggo sanak famili, tonggo teparu, lan masyarakat kito ajak menuju dateng
dalan agamipun Alloh kanti bijaksana, nanti pitutur ingkang sahe, lan tingkah laku
ingkang ngremenaken, supados saget cocok antara ucapan lan perbuatan. Hal meniko
sesuai kalian dawohipun Allah :
ن� �ح�س� أ ه'ي� 'ى �ت 'ال ب ��ه�م د'ل ا و�ج� �ة' ن �ح�س� ال ع'ظ�ة' ��م�و و�ال �م�ة' �ح'ك 'ال ب *ك� ب ر� �ل' 'ي ب س� �ل�ى إ �د�ع� أ
Ingkang Artosipun :
“Ngajako maring dalane Pangeran iro kanti bijaksana lan pitutur kang bagus lan tukaro
pendapat maring Qoum kelawan toto coro kang bagus“
Poro Rawuh, pramilo monggo sepindah malih semangat berjuang lan beramal selalu kito
tingkataken sampun ngantos bosen utawi waleh, sa’derengipun berhasil. Mugi-mugi
Alloh SWT enggalo paring kesembadan dateng usaha lan perjuangan kito sehinggo,
tercapailah cita-cita kito, bahagia, lan slamet wonten ing donyo lan akhirot Amin.
Cekap semanten atur kulo
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال
PIDATO WAKIL SISWA DALAM PENUTUPAN SEKOLAH
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال
. . 'ل�ال إ �ع�ه�م ��د و�ن �ة' ي ��ق�ر ال �ه�ل� ا 'ه�ا ب �ذ'ر� �ن 'ن ل �ف�ع�ه�ا ن �ل� ئ ��س و�ن ة' اس� الد*ر� م'ن� �اه� �م�ن ت خ� م�ا ع�ل�ى �ذ'ى ال �ح�م�د� لله' �ل ا
, . 'ه' ب ا ص�ح�� و�أ 'ه' �ل ا و�ع�ل�ى الله' �د' ع�ب �ن' 'ب إ م�ح�م�د1 �ا *د'ن ي س� ع�ل�ى �م� ال و�الس� �ة� و�الص�ال �م�ة' �ح'ك 'ال ب �ا *ن ب ر� �ل' 'ي ب س�
. . �ع�د� ب �م�ا ا الله' 'م�ة' �ل ك �ء' 'ع�ال ال �ه�ا ف'ي �م� �ع�ل و�ت �م� ع�ل �و�م�ن ة' س� �م�د�ر� ال ه�ذ'ه' م� �ق�ا أ �م�ن و�ع�ل�ى ��ه و�اال �و�م�ن
Hadratul mukarromin, poro Ulama’ul amilin poro Bapak guru dan bu guru ingkang kulo
taati, poro Bapak wali murid ingkang kulo hormati, poro konco-konco sedoyo siswa-
siswi madrasah……… ingkang kulo sayangi. Poro hadirin sekalian ingkang kulo
hormati.
Sa’derengipun kulo ngaturaken nopo ingkang dados beban kawulo, langkung rumiyin
kulo muji syukur dateng Alloh SWT ingkang sampun paring Rohmat Nikmat dumateng
kulo lan panjenengan sedoyo sehinggo kito sami saged karoyo-royo, saget bertemu,
berpadu lan bersatu wonten ing majelis puniko kanthi keadaan ingkang sehat wal afiat.
Ingkang kaping kalehipun mugi-mugi tambahipun Rahmat Ta’dzim Alloh tetep dipun
limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho dumateng poro
ahli keluarga lan sohabatipun.
Ingkang kaping tigonipun kulo ngaturaken matur nuwun dumateng sederek pembagi
acara ingkang sampun mempercayakan penuh dumateng kawulo, sa’perlu nyampeaken
sambutan atas nama wakil sedoyo siswa-siswi, khususipun siswa-siswi kelas tiga
tsanawiyah, ingkang sekedap maleh bade ninggalaken bangku sekolah wonten ing
Madrasah puniko.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sesuai kalian fungsi sangking tugas kawulo inggih puniko mewakili sangking sedoyo
siswa-siswi khususipun siswa-siswi kelas tigo Tsanawiyah wonten ing madrasah puniko.
Wonteng ing mriki kawulo ngaturaken matur nuwun ingkang sa’agungipun dumateng
Poro Bapak Kyai, soho sedoyo dewan Asyatid ingkang sampun jerih payah ngorbanaken
jiwa raga, tenaga, lan fikiran. Boten pandang wekdal, siang utawi dalu, panas utawi
jawah sak perlu mendidik soho membina dumateng kawulo sa’konco awit milahi mlebet
wonten ing madrasah mriki sehingga wekdal puniko saget dipun wastani Tamat tingkat
tsanawiyah. Wonten ing mriki kulo sa’konco, boten saget bales punopo-punopo atas jerih
payahipun, utawi jasa-jasanipun Poro Bapak Kyai, lan Bapak Guru, kejawi kulo namung
saget ngaturaken….
ا �ر] 'ي �ث ك اء �ج�ز� ال �ح�س�ن� أ الله� �م� ك ا ج�ز�
Mugi-mugi Allah SWT ingkang bales jasa-jasa utawa jerih payahipun Poro Bapak Kiyai,
Bapak Guru lan Ibu Guru kanti balesa ingkang sa’sahe-sahenipun, soho ingkang katah.
Amien yaa Robbal Aalamien.
Poro Bapak poro Ibu soho Hadiri sedoyo, selajengipun kulo sa’konco ngaturaken sedoyo
kalepatan dumateng poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru wonten ing madrasah puniko,
sebab kulo sa’konco sering damel susah payahipun poro Bapak Kiyai soho poro Bapak
Guru sami ugi wonten ing sa’lebetipun Madrasah utwai wonteng ing jawinipun
madrasah. Pramilo sepindah kulo nyuwun dipun aliraken samudra kemaafan lahir lan
batin.
Ingkang terakhir kulo nyuwun barokah do’a restu dumateng Poro Bapak Kiyai soho
Bapak Guru, mugi-mugiu sedoyo ilmu ingkang sampun kulo pelajari sangking madrasah
puniko, sageto manfaat maslahah lan barokah saget manfaati lan barokahi dumateng
pribadi kulo, masyarakat agami, lan negari ingkang akhiripun saget dados lantaran
kangge taqorrub dumateng Alloh, soho ndadosaken sababiyahipun khusnul khotimah.
Amieen.
Lan mugi-mugi sak sampunipun kito tamat sangking tingkat tsanawiyah puniko sageto
nerusaken dateng tingkat sa’terusipun sehinggo saget hasil lan tercapai nopo ingkang kito
cita-citaaken. Amien.
Kintenipun cekap semanten atur sangking kawulo awal ngantos akhir sedoyo kelepatan
kulo, kulo nyuwun agengipun pangapunten.
الهداية و فيق التو بالله و
ته كا وبر الله ورحمة عليكم م والسال