Ppt Bahasa Jawa Paragraf

23
Menentukan kalimat yang mengandung gagasan utama Menentukan kalimat penjelas Menjelaskan perbedaan paragraf deduktif , induktif, campuran Tujuan Pembelajaran

Transcript of Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Page 1: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Menentukan kalimat yang mengandung gagasan utama Menentukan kalimat penjelas Menjelaskan perbedaan paragraf deduktif , induktif, campuran 

Tujuan Pembelajaran  

Page 2: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan non sastra berbahasa jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.

Kompetensi Dasar : Membaca intensif paragraf deduktif dan induktif

Page 3: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

PARAGRAF DEDUKTIFPARAGRAF INDUKTIFPARAGRAF CAMPURAN

Page 4: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

PARAGRAF DEDUKTIF

PARAGRAF INDUKTIF

PARAGRAF CAMPURAN

Page 5: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

PARAGRAF DEDUKTIFYaiku : Paragraf ingkang ukara bakunipun manggen wonten ing wiwitanipun paragraf

Page 6: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

PARAGRAF INDUKTIFParagraf INDUKTIF inggih punika paragraf ingkang ukara bakunipun manggen wonten ing pungkasanipun paragraf

Page 7: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

PARAGRAF CAMPURAN UTAWI PARAGRAF DEDUKTIF INDUKTIFParagraf deduktif induktif inggih punika

paragraf ingkang ukara bakunipun manggen wonten ing wiwitanipun paragraf ugi wonten ing pungkasanipun paragraf, utawi ukara bakunipun sumebar wonten ing paragraf

Page 8: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

PARAGRAF……………….

Gunung Merapi pancen ngedap-edapi. Taun 1006 gunung iku njebluk lan ngajurake kraton Mataram Hindhu. Raja Mataram sarta punggawane dadi kurban. Taun 1672 njeblug maneh kanthi kurban 300 jiwa. Taun 1822 nggawa kurban wong 100 an, lan taun 1872 Merapi nglalab kurban 200 jiwa.

Page 9: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Paragraf………………………..

Njebluge Gunung Merapi pancen nuwuhake panandhang. Nanging, lahar kang suwe-suwe dadi watu sumadya ngembraherah ing kali Boyong. Kang mengkono iku mujudake bebungah tumrap warga sakiwatengene. Warga kang pangujiwane dodol watu lan wedi kaya mentas kulakan bae. Dadi, sanajan nyusahake, Merapi uga ngasili tumrap warga.

Page 10: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Paragraf……………………..

Kanthi maca masyarakat bisa mangerteni lakune jaman, kayata babagan politik, ekonomi, social lan kabudayan. Kanthi mengkono bisa kadudut menawa maca iku penting banget tumrap masyarakat jaman saiki.

Page 11: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Paragraf…………………

Geguritan uga diarani puisi Jawa modern. Wujude kaya puisi ing basa Indonesia nanging tetembungane basa Jawa. Geguritan iku minangka kasile cipta, rasa, lan karsa kang tinulis mawa tetembungan kang mentes, endah, lan basa kang runtut. Ing geguritan ora ana watesan ngenani guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.

Page 12: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

PARAGRAF……………..

Sawijine adat tatacara mantenan, yaiku siraman. Sadurunge acara siraman calon penganten putrid, sedina sadurunge, wong kang duwe gawe wis utusan pawongan golek banyu pitung sumber. Sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa awujud sendhang utawa sumur, dadi dudu banyu kali.

Page 13: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

PARAGRAF NARATIF, DESKREPTIF, DEDUKTIF-INDUKTIFParagraf punika rerangkenipun ukara, ukara setunggal lan sanesipun tansah sesambungan, sami-sami mbeberaken satunggalipun gagasan, kangge nyengkuyung gagasan ingkang langkung rowa, inggih punika gagasan ingkang kapacak ing sadaya seratan.

PARAGRAF NARATIF CONTO PARAGRAF NARATIF

Paragraf naratif inggih punika paragraf ingkang nyritakaken prastawa utawi kedadosan kados-kados tiyang ingkang maos, nyekseni piyambak utawi ngalami piyambak prastawa wau.

Srengenge wis ngglewang mangulon, kepara mepet ing sikile langit. Angin sumilir agawe segere swasana. Pangeran Jolang sajak wis rampung anggone gladhen klawan para prajurit saka Mataram. Putra ing Mataram iku nuli reresik salira ing padhepokan Ragajampi, papan anggone mesanggrah. Sarampunge iku dheweke nuli tata-tata anggone arep tindak menyang Tamansari Kadhipaten Blambangan, saperlu nemoni Dewi Sedhah Merah.

Page 14: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Paragraf deduktif :Paragraf deduktif yaiku paragraf kang ukara bakune mapan ana ing perangan ngarep sawijining paragrapf senajan ora kudu ing ukara kang kawitan (kalimat pertama).

TULADHA TITIKANE Tuladha paragraph deduktif : Kabeh warga melu kerja bakti

ngadhepi dina kamardikan. Nyatane, warga RT 02/RW XIV ana bapak-bapak akehe 20 kang padha metu saka omah lan reresik dalan, dene kang 6 jejring randha ya lumrah yen ora melu kerja bakti. Warga RT 01/RW XIV sajake dipondtho-pontho dadi telu, ana kang ngecet gapura, ana kang ngresiki slokan lan ana kang babat-babat sukte ing lapangan. Dene warga RT 03/RW XIV padha reresik lapangan basket.

Titikane Paragraf deduktif :

o Ukara baku mapan ana perangan ngarep/kawitane paragraf.

o Wiwit saka ukara kang sifate umum menyang ukara kang sifate mligi (khusus).

Page 15: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Paragraf induktif :Paragraf induktif yaiku paragraf kang ukara bakune mapan ana ing pungkasane paragraf. Lumrahe ukara baku ing paragraf induktif nganggo konjungsi penyimpul antar kalimat.

Tuladha : Kanggo ngadhepi pengetan dina

kamardikan, warga RT 02/RW XIV ana bapak-bapak akehe 20 kang padha metu saka omah lan reresik dalan, dene kang 6 jejring randha ya lumrah yen ora melu kerja bakti. Warga RT 01/RW XIV sajake dipontho-pontho dadi telu, ana kang ngecet gapura, ana kang ngresiki slokan lan ana kang babat-babat sukte ing lapangan. Dene warga RT 03/RW XIV padha

reresik lapangan basket. Mula bisa diarani kabeh warga melu kerja bakti ngadhepi dina kamardikan.

Titikane Paragraf induktif :

o Ukara baku mapan ana perangan mburi/wekasan paragraf.

o Wiwit saka ukara kang sifate mligi (khusus) menyang ukara kang sifate umum.

Page 16: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Paragraf deduktif - induktif Paragraf deduktif–induktif yaiku paragraf kang ukara bakune mapan ing wiwitan lan pungkasane paragraf. Dene ukara baku kang mapan ana pungkasane paragraf dhapur ngambali utawa gawe mantep lan ora mesthi padha, nanging tetep nduweni gagasan baku sing padha. Tuladha paragraf deduktif - induktif

Dadi murid kudu ngulinakake sinau kang sregep. Awit gegayuhan bakal keturutan yen disaranani pambudidaya kang temenan. Duwe panjangka kudu dijangkah. Aja kakehan dolan utawa nonton TV. Yen kakehan dolan, wektu kanggo sinau entek, awake kesel banjur wegah sinau. Semono uga nonton TV, kudu bisa milih endi kang migunani lan endi kang ora ana gunane, utawa malah ngrusak moral. Awit nyatane tontonan mau ana kang patut dotonton lan ana kang ora. Ana kedadeyan amarga nonton TV terus neniru tindak-tanduke paraga kang ninggal kasusilan, satemah dadi rerasanan wong akeh. Senajan niate kang kawogan ngrantam tayangan duwe karep mbeber kasunyatan, nanging kudu eling tumrape bocah, racake mung neniru kang

dideleng lan dirungokake. Mula sing padha sregep sinau supaya dadi wong kang migunani tumrap bangsa lan negara

Titikane paragraf deduktif - induktif

o Ukara bakune mapan ing wiwitan lan pungkasane paragraf.

o Ukara baku kang mapan ana pungkasane paragraf dhapur ngambali utawa gawe mantep lan ora mesthi padha, nanging tetep nduweni gagasan baku sing padha.

Page 17: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

1. Ukara baku (topik).Paragraf ingkang sae nggadhahi gagasan baku setunggal. Gagasan wau dipunbeberaken awujud ukara-ukara ingkang kadhapuk ing paragraf.

2.dipUkara baku (topik).

Paragraf ingkang sae nggadhahi gagasan baku setunggal. Gagasan wau dipunbeberaken awujud ukara-ukara ingkang kadhapuk ing paragraf.2. Ukara panerang (ukara ingkang damel cetha).Ukara punika boten saged dipunpisah kaliyan ukara baku. Awit ukara punika badhe damel cetha ukara Baku.

Page 18: Ppt Bahasa Jawa Paragraf
Page 19: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Raden Werkudara utawi Bima inggih punika putra nomer kalihipun Dewi kunthi kaliyan Prabu Pandudewanata. Nanging sejatosipun Bima punika putranipun Batara Bayu kaliyan Dewi Kunti amargi Prabu Pandu mboten saged gadah putra. Punika amargi kutukan saking Begawan Kimindama. Namung amargi Aji Adityaredhaya ingkang dipun gadahi Dewi Kunti, pasangan pasangan punika saged gadah putra.

Page 20: Ppt Bahasa Jawa Paragraf
Page 21: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

Gunungan inggih punika wayang ingkang wujudipunkados gunung. Wonten ngajeng gunungan wonten gambar lawang, kalih raksasa, gambar uwit. Wonten ing uwtipun wonten ulo kalih .Gununganpunika nggambaraaken donya kaliyan isinipun. Keginaan gunungan inggih punika kaagem tandi cerita badhe kawiwitan utawi sampun rampung. Keginaanipun ingkang sanes inggih punika kagem titikan menawi cariosipun badhe gantos.

Page 22: Ppt Bahasa Jawa Paragraf

SUGENG PINANGGIH ING SANES

WEKDAL, GUSTI MBERKAHI

Page 23: Ppt Bahasa Jawa Paragraf