GEGURITAN SAKA PAPAN LAWAS
Embed Size (px)
description
Transcript of GEGURITAN SAKA PAPAN LAWAS

GEGURITAN
SAKA PAPAN
LAWAS

Yen dak etung dina kaya wis sewunan mranaYen dak etung warsa kaya wis kakehan angkaYen dak etung abad kaya wis seprapat kliwat

Wiwit aku maca cetha nganti nganggo kacamataSaben dina mulang wurug marang para siswaGonta-ganti teka lunga mbuh kabeh wis pirang angka

IKI MANGSA AKEH BOCAH SING PADHA MATUR CETHA PAK OLEH SALAM SAKA IBUKU LHA IBUMU SAPA ....? NDHISIK KOWULANG HANACARAKA

PAK OLEH SALAM SAKA PAKDHEKULHA PAKDHEMU SAPA ...?DHISIK KOWULANG MBENAKKE LISTRIK

Pak oleh salam saka simbahku
Lha simbahmu sapa ...?
nDhisik kancamu lungguh sameja
Oooooooo dak tampa … bales salam aturna

Kaya-kaya kabeh mau nggugah rasa .....Ngelingke marang umur jebul wis tuwaIya le ... iya nduuuk ....nDhisik kae-kae dak wulang isih bubar sunat

Ana sing nyanthel nanging ana uga sing ngeyel Piye maneh pancen wayahe isih padha seneng mbanggel Ora urus pancen kabeh durung mikir butuh

Nanging jebul kahanan sa
iki wis p
adha mapan
mBangun kulawarga mawad
ah sakinah la
n
barokah
Nyandhang drajat pangkat s
arta lu
ngguh
kursi jabatan

Siji loro telu sing wadon ya ayu-ayuPapat lima enem sing lanang ya nggantheng-nggantheng

Ati kebak rasa marem lan rasa senengNgungkuli wong sing dipunjung berkat lan arem-aremMeruhi kahanan kabeh wis padha ayem-ayem

Amiin ... Amiin ... Amiin