Geguritan saka papan lawas

12
GEGURITAN SAKA PAPAN LAWAS

Transcript of Geguritan saka papan lawas

Page 1: Geguritan saka papan lawas

GEGURITAN

SAKA PAPAN

LAWAS

Page 2: Geguritan saka papan lawas

Yen dak etung dina kaya wis sewunan mranaYen dak etung warsa kaya wis kakehan angkaYen dak etung abad kaya wis seprapat kliwat

Page 3: Geguritan saka papan lawas

Wiwit aku maca cetha nganti nganggo kacamataSaben dina mulang wurug marang para siswaGonta-ganti teka lunga mbuh kabeh wis pirang angka

Page 4: Geguritan saka papan lawas

IKI MANGSA AKEH BOCAH SING PADHA MATUR CETHA PAK OLEH SALAM SAKA IBUKU LHA IBUMU SAPA ....? NDHISIK KOWULANG HANACARAKA

Page 5: Geguritan saka papan lawas

PAK OLEH SALAM SAKA PAKDHEKULHA PAKDHEMU SAPA ...?DHISIK KOWULANG MBENAKKE LISTRIK

Page 6: Geguritan saka papan lawas

Pak oleh salam saka simbahku

Lha simbahmu sapa ...?

nDhisik kancamu lungguh sameja

Oooooooo dak tampa … bales salam aturna

Page 7: Geguritan saka papan lawas

Kaya-kaya kabeh mau nggugah rasa .....Ngelingke marang umur jebul wis tuwaIya le ... iya nduuuk ....nDhisik kae-kae dak wulang isih bubar sunat

Page 8: Geguritan saka papan lawas

Ana sing nyanthel nanging ana uga sing ngeyel Piye maneh pancen wayahe isih padha seneng mbanggel Ora urus pancen kabeh durung mikir butuh

Page 9: Geguritan saka papan lawas

Nanging jebul k

ahanan saiki w

is padha m

apan

mBangun kulawarga m

awadah sakinah la

n

barokah

Nyandhang dra

jat pangkat s

arta lu

ngguh

kursi ja

batan

Page 10: Geguritan saka papan lawas

Siji loro telu sing wadon ya ayu-ayuPapat lima enem sing lanang ya nggantheng-nggantheng

Page 11: Geguritan saka papan lawas

Ati kebak rasa marem lan rasa senengNgungkuli wong sing dipunjung berkat lan arem-aremMeruhi kahanan kabeh wis padha ayem-ayem

Page 12: Geguritan saka papan lawas

Amiin ... Amiin ... Amiin