E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

download E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

of 129

Transcript of E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    1/129

    1

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    2/129

    2

    ~1~

    Udan grimis nelesi tlatah dhusun

    Sidomukti, sawijining dhusun sing

    mapan neng ngisor gunung Kendhil.

    Warsidi katon kesusu nuntun pit onthel

    tuwa sing katon kebak sayur barang

    dagangane, tumuju neng gubug

    sakpucuking dalan desa iku. Priya sing

    wis rada tuwa umure kang durung nate

    ngrasakake endahing rabi iku arep

    ngeyupake awake uga barang dagangane

    saka tumetesing banyu saka langit rikala

    subuh iku.

    Alhamdulillah maturnuwun

    Gusti, sampun kersa paring rejeki enjing

    punika. Mugya jawah punika

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    3/129

    3

    ndadosaken barokah kangge kulanyambut damel mangkih, amiin,

    pocape kanthi optimis sinambi ngiyup

    saka udan kairing atise hawa

    pagunungan sing nujes nganti jroning

    balung.

    Mbok menawa ora ana sing

    nyana. Priya sing dedeg piadege kaya

    dene werkudara, praupane tansah

    sumunar, bagus kaya janaka uga sopan

    tindak-tanduke iku kudu ngupaya

    semono rekasane, kanggo uripe

    dheweke, uripe adhi-adhi lan ibune sing

    wis sepuh.

    Awake Warsidi kang katutup

    dening jaket ireng lusuh iku nuli

    disendhekake ing pojokan gubug.

    Dheweke slonjor kanthi nyawang pit

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    4/129

    4

    tuwa kagungan almarhum bapake singwis suwi banget katimbalan dening

    Gusti Allah. Pit iku ngibarat wis dadi

    seksi lika-likuning urip kang dilakoni

    Warsidi sak kulawarga. Urip dadi wong

    susah paribasan mrana-mrene ora kajen.

    Sanadyan mengkono, priya iku ora

    prenah rumangsa cilik atine.

    Mas Warsidi ten pundi ta Bu?,

    kok mboten ketingal? punapa sampun

    tindak?, pitakone Maya marang mak

    Onah, ibune. Iya ndhuk, masmu mau

    isuk-isuk wis mangkat, wangsulane

    mak Onah. Maya iku adhine Warsidi

    sing paling tuwa. Bocah wadon sing

    manis rupane iku wis sekolah kelas 2

    SMA. Dheweke banjur lunga menyang

    kamare adhine sing isih turu. Jenenge

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    5/129

    5

    Saipul. Bocah sing lagi sekolah kelasloro iku banjur digugah kanthi alus.

    Dhik ayo tangi yoooo,

    pakpung terus salat?, gugahe Maya

    kanthi swara alus marang adhine.

    Mengko dhisit mbaaaaak sih atis

    ki.., saure Ipul. Ayo tangi ta dhik

    IpulWis awan lo, mengko mundak

    telat sekolahe lan didukani bu guru.

    Bocah lanang iku banjur tangi, lan

    nuruti apa kandhane mbakyune. Maya

    banjur ngadusi adhine ning kamar

    mandi. Sawetara Maya ngadusi adhine,

    mak Onah masak sega sak lawuhe apa

    anane ning dhapur kanggo sarapan

    putra-putrane.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    6/129

    6

    Tumetesing banyu langit kangngendhegake lakune Warsidi wis entek.

    Wah wis terang iki kayane, tak

    mlaku maneh lah, selak kawanen.

    Bismillah hirrahmaan nirrahiim.

    Priya iku nuli nggenjot pit onthele

    tumuju papan kang biyasa kanggo

    nawakake dagangan sayure, dhusun

    Lumintu.

    Yurrrrsayuuuurrr! Sayur

    Bu Sayuuurr.., anggone tawa-tawa.

    Ora wetara suwe ibu-ibu warga dhusun

    Lumintu padha metu lan blanja.

    Mangga Bu, badhe ngersakaken

    punapa?, Warsidi ngaturi bu Yayuk,

    garwane lurah dhusun Lumintu. Aku

    tuku sop-sopan, ayam setengah kilo karo

    lombok telung ewu wae Di. Oh

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    7/129

    7

    inggih Bu sekedhap kulapendhetaken, wangsulane Sidi karo

    gagenan njupukake apa sing arep

    ditumbas bu Yayuk. Mangga Bu

    punika ingkang Ibu kersakaken

    kalawau. Oh iyaaa pira kabehe

    Di?, ngendikane bu Yayuk kanthi

    ngetokake duwit ning dhompete.

    selakung ewu kemawon Bu. Oh

    iyaaaiki duwite. Eh Di sesuk

    Minggu sore kowe bisa mara myang

    omah apa ora?, mau bapak pesen arep

    nyuwun tulung kanggo mbenekake

    gendheng omah. Bapak kan wis sepuh,

    wis ora wani munggah-munggah,

    pitakone bu Yayuk. Inggih Bu

    insyaallah kula saged, benjing sonten

    kula tak sowan bapak kaliyan ibu

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    8/129

    8

    wonten dalem. Yawis maturnuwunyaa Di, mangga sedaya

    wassalamualaikum, bu Yayuk pamit

    marang kabeh wong sing blanja ana ing

    kono.

    Srengenge wis jumeneng nata.

    Sayur dagangane Warsidi sing maune

    kebak wis kari sithik. Dheweke seneng

    banget, amarga dagangane dina iki laris.

    Tawaran nyambut gawe srabutan

    kanggo mbenekake gendheng daleme

    pak lurah dhusun Lumintu uga nambah

    bungahing atine. Bocah iku banjur bali

    menyang omah kaya biyasane.

    ***

    Assalamualaikum Bu.

    E. walaikumsalam Leee. Piye

    daganganmu? laris ta?, pitakone mak

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    9/129

    9

    Onah marang Sidi. AlhamdulillahBupangestunipun. Dagangan kula

    dinten punika telas, malah kalawau kula

    didhawuhi kaliyan bu Yayuk,

    garwanipun pak lurah dhusun Lumintu,

    wangsulane priya kuwi kanthi nada

    swara sing bungah banget.

    Alhamdulillah. didhawuhi apa ta

    Le?. Punika lo Bu ndandosi

    gendheng dalemipun pak lurah dhusun.

    Panjenenganipun sampun sepuh, mila

    kula kadhawuhan ndandosi. Lumayan

    Bu, saged kangge tambah-tambah arta

    kangge sekolah adhik-adhik. Husss...

    aja ngono, niate ngrewangi kuwi ora

    kena ngarepake piwales kaya

    mengkono. Yawiskana gek ndang

    adus. Warsidi nindakake apa sing

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    10/129

    10

    didhawuhake biyunge lan enggal-enggalning kali saprelu ngresiki awake.

    Dina ngancik awan. Maya lan

    Ipul wis bali sekolah. Adhi-adhine

    Warsidi padha bali kanthi gawa kabar

    sing rada nggegirisi jroning ati. Bocah

    loro kuwi mau wis dijaluk mbayar SPP

    ning sekolahe dhewe-dhewe. Bungah

    atine Warsidi dina iku dumadakan

    katutup dening mega mendhung saka

    kabar iku. Uripe Warsidi sakulawarga

    pancen susah banget. Kanggo mangan

    saben dina wae kluwarga iku wis

    kangelan. Mak Onah sing wis sepuh

    mung dadi buruh umbah-umbah sing

    bayarane ora sepira. Warsidi uga

    mangkono. Sanadyan dheweke durung

    tuwa banget, ananging dheweke ora

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    11/129

    11

    tamat SMP. Priya sing bagus rupane ikuwis ora mikir sekolah, nanging mikir

    kepriye carane supaya adhi-adhine bisa

    sekolah. Nadyan kaya mengkono nnging

    Sidi ora tau ngangkluh, dheweke tetep

    sabar lan usaha kanthi nyambut gawe

    apa wae sing penting halal.

    Bu kula badhe pamit kesah

    rumiyin, badhe sowan pak lurah dhusun

    Lumintu. Iya Le ati-ati ya? Nek wis

    rampung ndang bali, welinge mak

    Onah. Inggih Bu Assalamualaikum.

    Warsidi metu saka omahe kanthi

    numpak pit onthel. Dheweke lunga

    kanthi dedunga, supaya bisa antuk

    gaweyan liya sakrampunge iku, sing

    bisa nambahi duwit kanggo mbayar

    sekolah adhi-adhine.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    12/129

    12

    kulanuwun AssalamualaikumPak, Bu... Warsidi ndhodhog daleme

    pak kepala dhusum Lumintu.

    Walaikumsalam eeeee, Warsidi,

    kene mlebu kene kae bapak ning

    njero, bu Yayuk nyumanggakake Sidi

    kanthi semanak. Sidi banjur guneman

    sedhela karo pak lurah dhusun Lumintu.

    Sakwise rampung guneman dheweke

    banjur gagenan nglakoni apa sing dadi

    tugase dina iku. Sidi kanthi sabar lan

    ngati-ati ndandani gendeng-gendeng

    iku.

    Pak, Bu gandheng punika

    sampun purna, kula badhe nyuwun

    pamit. Sampun dipuntengga ibu ten

    dalem, ature marang Bu Yayuk

    sakulawarga. Oh iya wis

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    13/129

    13

    maturnuwun ya Di? Iki ana rejeki sithikminangka tandha panuwune Bapak lan

    Ibu kanggo Kowe. Bu Yayuk maringi

    sidi amplop putih sing isine dhuwit.

    Walah Bu maturnuwun sanget,

    nggihpun kula pamit rumiyin,

    Wassalamualaikum.

    Sore iku Warsidi bali menyang

    omahe ning dhusun Sidomukti sing

    adohe udakara limang kilometer saka

    dhusun Lumintu. Sadalan-dalan

    dheweke tansah mikir babagan dhuwit

    kanggo bayaran sekolah adhi-adhine

    wulan iki sing cacahe sakyuta. Lakune

    dumadakan mandheg amarga dheweke

    penasaran karo isine amplop putih sing

    diparingi bu Yayuk mau. Amplop putih

    sing ora sepira kandhele iku jebule isine

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    14/129

    14

    100 ewu. Warsidi mung mesem.Alhamdulillah aku kudu golek

    tambahan dhuwit 900 ewu maneh

    kanggo mbayar sekolahe adhi-adhiku.

    Sanadyan dheweke mesem, nanging

    kahanan atine tansah sumelang. Sidi ora

    kepengin adhi-adhine medhot sekolah.

    Dhusun Sidomukti, papan ana

    ngendi Warsidi lair, gedhe lan entuk

    maneka warna pengalaman urip wis ora

    adoh maneh. Lakune pit onthel tuwa iku

    mandheg sanalika. Ora sengaja Sidi

    weruh ana dhompet ireng ning pinggir

    ratan tumuju desane. Dhompet ireng

    sing rada kandel iku nuli dibukak.

    Mripate Sidi dumadakan dadi melek tan

    kedhep nadyan mung sepisan, weruh ing

    dhompet iku isine dhuwit satus ewunan

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    15/129

    15

    sing cacahe rong puluh alias rongyutaakehe. Kakung kang bagus iku mamang

    atine.

    Apa sing dadi mamange Sidi

    kacaritakake ning mak Onah. Dhompet

    sing wis katemokake mau dibukaki

    isine. Jebul ning njero dhompet iku ana

    KTP-ne sing nduwe dhompet, Arif

    Wicaksono jenenge. KTP iku nyebutake

    menawa sing nduwe iku daleme ana ing

    dhusun Parangrusak, tangga dhusun

    Sidomukti.

    Bu dhompet punika isinipun

    arta kalih yuta, kagunganipun mas Arif

    Wicaksono ingkang dalemipun wonten

    dhusun Parangrusak mrika, ature

    marang ibune. Dhuwite akeh ya Le?,

    mak Onah sumaur kanthi swara polos.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    16/129

    16

    Wanita tamatan SD iku durung nateweruh dhuwit sing akehe rong yuta mau.

    Apa dhuwite iki disilih sik kanggo

    mbayar sekolahe adhi-adhimu ya Le?,

    ngendikane mak Onah marang putrane.

    Krungu wangsulan iku, jantunge

    Warsidi kaya-kaya mandheg greg.

    Dheweke pancen butuh dhuwit kanggo

    mbayar sekolah adhi-adhine, ananging

    priya iku sadar yen dhuwit sing ana ing

    dompet iku dudu duweke lan ora

    sakmesthine dheweke nguthik-uthik

    nadyan mung serupiyah. Nuwun sewu

    Bu, nyuwun pangapunten. Prayoginipun

    dhompet punika mbenjing langsung

    kemawon dipunwangsulaken dhateng

    alamat ingkang kaserat wonten KTP

    kalawau, awit dhompet punika rak nggih

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    17/129

    17

    sanes gadhahanipun kita. DospundiBu?, pitakone Sidi. Mak Onah tan

    kumocap sawetara. Wanita kang wis

    tuwa iku nuli ngunjal ambegan lan

    mesem. Yawis Le, cah bagus. Yen iku

    dadi keputusanmu aku manut wae.

    Kowe wis gedhe putraku, wis ngerti ndi

    sing becik lan ndi sing ala. Jebule mak

    Onah sarujuk dening apa sing dadi

    keputusane Sidi.

    Mega kang sinandhing rembulan

    wis gumanthi dening padhang

    sumunaring surya. Adhi-adhine Warsidi

    wis padha mangkat sekolah. Dheweke

    mangkat dodol rada awan, merga arep

    dodol ning desa Parangrusak, sekaliyan

    arep nggoleki alamat lan mbalekake

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    18/129

    18

    dhompet ireng sing ditemokake ningdalan wingi.

    Jam tansaya ngancik rada awan,

    Warsidi wis rampung anggone tata-tata.

    Dina iku dheweke nganggo rasukan sing

    rada apik, amarga sakrampunge dodol

    arep nglakoni apa sing dadi wajibe

    marang apa sing ditemokake. Sidi

    nggoleki ibune, mak Onah saprelu pamit

    lan nyuwun pangestu. Nanging, isuk

    kang padhang njingglang lan isih seger

    dumadakan malih dadi peteng ndhedhet,

    sumpeg. Mak Onah katemokake

    semaput dening Warsidi ning pawon

    kanthi getih sing ana ning tlapak tangan

    lan tutuke. Warsidi enggal-enggal

    nggawa ibune menyang puskesmas.

    Rencana arep mbalikake dhuwit sing

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    19/129

    19

    katemokake ning dalan mau durung sidadilakokake. Dheweke banjur nggawa

    mak Onah menyang puskesmas.

    ***

    Dokter puskesmas wis rampung

    anggone mriksa mak Onah. Dospundi

    kawontenanipun ibu kula, Dok?,

    pitakone kanthi mingseg-mingseg.

    Ibune sampean gerah TBC Mas. Iki tak

    wenehi resep, mangga ndang dijupuk

    ning loket, supaya obate bisa ndang

    dinjuk ibune sampean, lan bisa ndang

    dhangan saka gerahe.

    Wangsulane dokter puskesmas

    iku gawe Warsidi tansaya sumelang

    atine. Nadyan ragane katon rosa,

    nanging atine Sidi susah. Kahanan iku

    ndadekake dheweke kudu golek dhuwit

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    20/129

    20

    maneh kanggo mbrobatake biyunge.Mbak... kula badhe nebus obate Ibu

    kula. Oh nggih Mas... total sedaya

    ingkang kedah dibayar setunggal yuta.

    Ngerti yen obate biyunge nganti rega

    semono, Warsidi ora sida nebus obat

    kanggo ibune.

    Dhuwit rong yuta sing dicekel

    dheweke disawang-sawang. Sidi

    kepepet banget, dumadakan mbutuhake

    bea sing ora sithik. Dhuwit sing

    ditemokake kuwi kena kanggo mbayar

    sekolah adhi-adhine, uga kanggo

    mbayari ibune sing lagi gerah ning

    puskesmas. Ananging atine tetep ing

    karep awale, yaiku mbalekake dhuwit

    iku marang sing nduwe.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    21/129

    21

    Mas, dospundi kawontenanipunibu Mas?, Maya teka ning puskesmas

    kanthi ngajak Ipul. Ibu orapapa dhik,

    mau wis dipriksa karo pak dhokter kok.

    Awakmu karo dhik Ipul wis maem

    durung?, pitakone Sidi sinambi

    ngresiki luhe. Alhamdulillah adhik

    sampun Mas, kalawau. Menawi kula

    mangkih gampil. Yawissing

    penting aja nganti ora maem ya Dhik?,

    iki tak gawani dhuwit sithik kanggo

    cekelan. Mas arep mbalekake dhuwit

    sing Mas temokake winginane nalika

    bali dodol. Ibu dijaga ya? Mas tak lunga

    sik..Assalamualaikum, omonge Sidi

    marang Maya sing isih nganggo

    seragam sekolah. Inggih Mas,

    Walaikumsalam..

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    22/129

    22

    Pit onthel tuwane Sidi miwitilakune ngukur dalan tumuju desa

    Parangrusak. Manah sing kebak dening

    swaraning setan kalah dening tekade

    sing kuwat kanggo mbalekake dhuwit

    rong yuta sing lagi digembol priya iku.

    Assalamualaikum Bu nuwun

    sewu, badhe nyuwun pirsa. Ibu

    mangertos alamat punika punapa

    mboten nggih?, Warsidi takon marang

    salah sawijinining ibu-ibu kang ana ing

    dalan desa Parangrusak. Oh kuwi

    Mas, sing omahe paling gedhe kuwi lo

    Mas. Cat pethak punika Bu?,

    Iya..iyaa, bener Mas. Nggihpun..

    maturnuwun nggih Bu?

    Wassalamualaikum. Lajuning onthele

    Sidi saiki wis cetha. Tunggangane iku

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    23/129

    23

    nuli diarahake marang omah gedhongsing dituduhake ibu-ibu mau.

    Tekane priya gagah ing omah

    gedhong iku dipapag dening pitakone

    satpam sing ora kalah gagahe. Dheweke

    banjur ngandharake apa prelune. Jebule

    dompet sing ditemokake Sidi iku

    duweke bose si satpam gagah sing

    mapag sidi ana ngarepan gapura omah

    mau. Sidi gumun nalika wis mlebu

    gapura omah iku. Omah kok apike

    kaya ngene ta ya Allah kapan isa

    duwe omah apik kaya ngene.., batine.

    Nuwun Sewu Bapak punika

    wonten mas-mas saking dhusun

    Sidomukti badhe kepanggih Bapak,

    sanjangipun badhe nyaosaken

    dompetipun Bapak ingkang

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    24/129

    24

    dipuntemokaken ten radosan, aturesatpam marang bose, Arif Wicaksono.

    Oh iyaaawingi pas aku bali

    ngojek merga mobilku mogok kae

    dompetku sempet ilang mbuh ning ndi

    Jo, yawis kon mrene wae iku mas-

    mase!. Assalamualaikum Bapak,

    anggone Sidi miwiti mertamune kanthi

    mundhuk-mundhuk. Walaikumsalam

    mangga pinarak mriki Mas, mangga

    mangga. Priya loro kuwi banjur

    ngomong-ngomong kanthi swasana sing

    grapyak semanak.

    Ora krasa anggone Sidi mertamu

    wus sakjam suwene. Priya iku banjur

    nyuwun pamit karo sing duwe omah.

    Arif ujug-ujug ngetokake dhuwit teka

    njero dompete. Dhuwit sing cacahe

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    25/129

    25

    sakyuta saka dompet iku arepdiparingake marang Sidi. Priya kang

    lagi sumelang atine iku wiwitane sajak

    isin-isin arep nampa, ananging merga

    kahanan dheweke banjur nampa apa

    sing diparingake Arif. Wis Di

    anggep wae iki tandha panuwunku

    marang awakmu. Muga-muga tali

    paseduluran iki bisa tetep mlaku nganthi

    sakteruse ya, maturnuwun lho.

    Amin mas Arif, maturnuwun

    sangetkula nyuwun pamit rumiyin,

    pareng-pareng, Wassalamualaikum.

    Pit onthel tuwa iku metu saka omah

    gedhong duweke Arif.

    Warsidi atine ayem sawetara

    amarga bali gawa dhuwit cacahe

    sakyuta sing diwenehi Arif mau. Dhuwit

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    26/129

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    27/129

    27

    ~2~

    Tika pamit marang bapak lan

    ibune saprelu mangkat sekolah.

    Wanodya kang ayu kinyis-kinyis iku

    nyepedha kaya biasane tumuju ing SMA

    Giri Bangun. Praupane katon semangat

    banget kanggo ngangsu kawruh lan

    seserapan ana kana.

    Pak lan Bu Karman, wong

    tuwane Tika klebu kluwarga sing

    nduweni drajad ing dhusun. Mula ora

    gumun yen Tika bisa sekolah ing SMA

    Giri Bangun, sekolah sing bisa dikandha

    minangka sekolah favorit ing dhusun

    Brajamukti. Ora saben bocah bisa

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    28/129

    28

    sekolah ing SMA Giri Bangun kejabayen anake wong sing nduwe.

    Tika wis tekan sekolah.

    Piwulangan dina iku kawiwitan kanthi

    ulangan matematika. Tika sing klebu

    bocah pinter sajak ora gugup blas nalika

    soal ulangan lan lembar jawabe dibagi

    dening bu Frida, guru matematikane.

    Joni, bocah lanang sing paling

    mbeling sak sekolahan dumadakan

    mlebu kelas. Joni!!! Saka ngendi wae

    kowe kok jam semene nembe teka???,

    pitakone bu Frida marang bocah lanang

    sing bagus, gedhe dhuwur, putih

    nanging ora duwe tata lan mbelinge

    naudzubillah. Aku mau nongkrong sik

    Bu ngopi-ngopi sik ning warunge

    mak Yem! Sorry yen mlebu kelase

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    29/129

    29

    telat, sumaure kanthi entheng. Kowebisa sopan sithik ora karo wong tuwa?

    Wis tekane telat! Ngomong ora duwe

    tata! Tobat tenan! Wis kana lungguh!.

    Joni lungguh ana neng mburine Tika.

    Guru-guru ing SMA Giri

    Bangun wis ora kaget karo kelakuane

    Joni sing sakpenake dhewe. Guru-guru

    ora ana sing wani maringi ukuman

    marang dheweke, amarga Joni iku

    putrane Pak Sakti, priyayi sing

    kagungan yayasan Giri Bangun. Guru-

    guru uga padha wedi yen arep maringi

    biji elek marang Joni, kamangka bocah

    iku bijine mung do-re-mi-fa-sol.

    Tik! Tika!! Aku nyilih

    garapanmu!!, anggone Joni bisik-bisik

    ngomong karo Tika sing lungguh ana

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    30/129

    30

    ngarepe. Tika sing wis ngerti kaya apapakulinane Joni mung meneng wae.

    Celuke Joni mau kaanggep kaya dene

    angin kang liwat. Tik!! Tika!! Kowe

    wani karo aku???, swarane Joni

    nyeluki Tika kanthi nada swara kang

    rada dhuwur. Kursine Tika nganti

    ditendhangi saka mburi, nanging

    dheweke tetep meneng ora noleh.

    Joni sing pancen brandhalan dadi

    serik atine. Dheweke rumangsa

    diremehake dening bocah wadon siji

    kuwi. Titeni kowe Tik! Tak Garap

    kowe!, omonge sajroning batin kanthi

    niat kang ala. Ragane Joni sing wis

    kelebon pil setan lan miras gawe emosi

    kang ana ing atine tansaya angel

    dikendhalikake.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    31/129

    31

    Tumeka ing wancine mulihsekolah, Joni metu ndhisikan saka kelas.

    Bocah kuwi banjur umpetan ana ing

    samping kelas karo ngenteni Tika liwat.

    Dheweke arep ngetutake Tika mulih

    kanggo gawe rencana ala kanggo males

    apa sing ditindakake bocah wadon iku

    nalika ulangan matematika mau.

    Bocah wadon ayu kang dienteni

    Joni wus metu saka kelas lan enggal-

    enggal mara ning papan kanggo parkir

    pit ing SMA Giri Bangun. Joni saka

    adoh isih ngawasi mobah-mosiking

    bocah wadon ayu iku. Tika katututan

    dening Joni awit saka sekolah nganti

    tekan omahe. Kena kowe cah ayu!

    Enteni wae tanggal maine! Ancur

    kowe!, batine karo gumuyu kanthi

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    32/129

    32

    sinis. Joni banjur mulih lan ngomongkaro kanca-kanca brandhalane sing

    klebu preman-preman. Dheweke ngajak

    kanca-kancane kanggo nindakake

    rencana alane marang Tika.

    ***

    Telung dina sakwise ulangan

    matematika sing gawe atine Joni kalap

    iku ana kagiyatan ing SMA Giri

    Bangun. Tika sing klebu salah

    sawijining pengurus OSIS neng kana

    melu nyengkuyung. Kagiyatan iku

    ndadekake Tika kudu bali rada sore

    amarga ngrewangi kanca-kancane resik-

    resik sakwise acara rampung.

    Joni sing wis ngerti kahanan iku

    enggal metu saka sekolah seprelu siap-

    siap kanggo nglakoni rencana sing wis

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    33/129

    33

    kasusun karo kanca-kanca premane.YunSof, aku tak mulih ndhisik ya?

    wis meh surup ki, pamite marang

    kanca-kanca rakete, Yuyun lan Sofi.

    Heem Tik yawis kana ndang bali

    wae, mesakke nek balimu bengi-bengi,

    tapi wani ta?, sumaure Yuyun. Apa

    tak terke aku?, Sofi nyaut omongan.

    Wani kok Yun ora usah Sof, aku tak

    bali dhewe wae, maturnuwun..hehe, aku

    bali sik ya? Assalamualaikum... Tika

    banjur metu saka sekolahe.

    Ndesayo padha siap-siap

    ning tugase dhewe-dhewe, ki bocahe

    wis mulai ngepit mrene, Joni ngabani

    kanca-kanca premane. Ora wetara suwe

    Tika wis katon saka kadohan. Joni lan

    kanca-kancane arep nindakake rencana

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    34/129

    34

    alane iku ning dalan sadengahing kebontebu sing saben dina diliwati Tika.

    Mbaktulung Mbak, kula nembe

    ditabrak tiyang ngangge sepedha motor,

    tulung Mbak, dumadakan Tika weruh

    ana wong lanang ning pinggiran dalan

    njaluk tulung kanthi tatu-tatu ning

    awake. Nalika dheweke arep nulungi,

    kanca premane Joni nutup tutuke Tika

    saka mburi, lan sing loro liyane

    nggoceki tangane Tikal banjur diseret

    marang tengah-tengah kebon tebu. Tika

    jerit-jerit karo nangis. Joni sing dadi

    dhalang saka tumindak kang ala iku

    banjur metu saka wit-witan tebu karo

    ngekek-ngekek. Halo cah ayu

    ngapa? kaget ya? kowe wis wani karo

    aku, saiki rasakna! Entek kowe!.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    35/129

    35

    Bajingan kowe Jon! Karo wong wedokwae maine kroyokan ngene!

    Cuuuhhh!!!!!, Tika ngidoni raine Joni.

    Setan alas! Menenga!. Joni ngeplak

    pipine Tika sing alus iku karo mbentak

    dheweke. Pipi sing putih iku dadi abang

    merga tangane Joni.

    Tika sing ora bisa obah ora

    mandheg anggone mbengak-mbengok

    njaluk pitulungan. Kanca-kanca

    premane Joni banjur nguculi seragam

    sekolahe Tika. Tangise Tika tansaya

    kejer ngerteni kadadeyan iku. Mas

    ampun Mas, ampuuun. Ayo cah

    ayumenenga ta, wis ta enak kok!

    Kowe ora usah wedi, ya ya ya?, saut

    salah siji kanca premane Joni karo

    cengengesan. Seragam putih kang mau

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    36/129

    36

    nutupi awake Tika saiki wis gantidening miniset putih. Awake sing

    memel kaya dene model banjur

    kasawang dening para bajingan kancane

    Joni. Pambayun montoge bocah wadon

    ayu sing apik bebudene kuwi katon

    mencungul saka mburi minisete, agawe

    kanca-kanca premane Joni tansaya

    nepsu arep ngrudapeksa Tika.

    Ampun Maaasssampuuuun,

    aku ora tau urusan karo sampean-

    sampean, ampun Massss..ampuuuun,

    panjaluke Tika kanthi melas marang

    prema-preman iku. Joni mung ngakak-

    ngakak ndelok kahanan iku. Rasakna

    kowe! Ben dirudapeksa dening

    bajingan-bajingan kuwi!, omonge

    sajroning batin karo ngguyu cekakan.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    37/129

    37

    Tika sing wis kalucutan klambiseragame ora mandheg anggone bengak-

    bengok. Kahanan ning kana yen surup

    pancen sepi, jarang ana wong lewat.

    Nanging Gusti Allah iku mesthi bakal

    paring pangayoman dening sapa wae

    kang sregep ngibadah lan apik bebudene

    marang sasama.

    Kok kaya ana swara wong

    wadon njaluk tulung kae sapa ya? ning

    ndi kae? Lha iki ana pit ning pinggir

    dalan ngene, Warsidi sing bali saka

    dodol sayur ngendhegake pit onthele.

    Dheweke banjur nututi tipak sing ngarah

    sajroning kebon tebu. Sidi kaget

    nyawang ana bocah wadon sing arep

    dirudapeksa.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    38/129

    38

    Woy!! Bejad banget lakunesampean-sampean iki!! Yen wani aja

    karo wong wedok!! Bajingan tengik!!!,

    pambengoke Sidi sajak gethem atine.

    Kowe sapa? Meh dadi pahlawan ning

    kene?, saut Joni. Kanca-kanca

    premane Joni banjur melu panas lan

    ngeculake Tika. Adu kaprigelan gelut

    ora bisa kasingkirake maneh. Warsidi

    dikeroyok dening Joni lan preman-

    preman kang nyatane nggawa gaman

    landhep. Nadyan mengkono ora dadi

    masalah kanggo Sidi sing mbiyen tau

    sinau pencak silat. Joni sak wadya

    balane kawon.

    Mbakmangga kula

    dherekaken kondur, Sidi nawani

    ngeterke bali marang Tika.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    39/129

    39

    maturnuwun Masmaturnuwun,ature Tika kanthi nangis sesenggukan.

    Nggih Mbak, sami-samimangga kula

    dherekaken, nuwun sewu rasukanipun

    dipunagem rumiyin. Wong loro iku

    banjur mlaku kanthi nuntun pit

    bebarengan tumuju desa Brajamukti,

    omahe Tika.

    Namine sinten Dhik?, pitakone

    Sidi marang Tika kanggo ngedhemake

    swasana. Kula Tika Mas.

    Emmmmsak iki wis kelas pira

    dhik?, Kelas 3 Mas. Tika sajak

    tatu atine amarga kadadeyan mau,

    saengga apa sing dadi pitakone Sidi

    mung diwangsuli kanthi cekak aos.

    Assalamualaikum,

    Walaikumsalam ya Allah ndhuk,

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    40/129

    40

    kenangapa kowe? Kok bali-bali kayangene?, pitakone bu Karman marang

    anak wedoke. Tika badhe dirudapeksa

    Bu, luhe Tika mbrebes mili deres

    maneh ning pangkone Ibune. Sapa sing

    arep ngrudapeksa kowe anakku?!!!,

    Pak Karman metu kanthi ngamuk-

    ngamuk gawa clurit. Joni kaliyan

    kanca-kancanipun Bapak. Sabar

    Pak, sabar prayoginipun Bapak

    enggal-enggal lapor polisi kemawon,

    Sidi menggak. Sapa kowe?, Mas-mas

    punika kalawau ingkang nulungi kula

    Pak, Bu. Aku ora trima anakku

    diperlakokake kaya ngene!! durung

    ngerti sapa aku kae bocah!!. Sabar

    Pak..sabar, luwih becik mengko dhewe

    bareng-bareng ning kantor polisi wae,

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    41/129

    41

    kandhane bu Karman nglerem atinebojone.

    Tika sakluwarga lan Sidi bareng-

    bareng menyang kantor polisi. Joni lan

    kanca-kancane jebul wis dadi target sing

    diincer dening polisi amarga dheweke

    lan kanca-kancane uga dilaporake

    mbegal, dodol pil setan lan miras ing

    dhusun sebelah. Maturnuwun ya

    Likwis kersa nulungi Tika, iki ana

    tandha panuwun sithik, kandhane bu

    Karman karo ngulungake duwit atus

    ewonan cacah lima. Mboten

    Bumboten, maturnuwun. Saestu, kula

    ikhas kok, maturnuwun. Sapa

    jenengmu cah bagus? omahmu ana

    ngendi?, pitakone bu Karman kanthi

    mesem manis. Kula Warsidi Bu

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    42/129

    42

    griya kula ten dhusun Sidomukti. Orawetara suwe pak Karman sing lagi

    emosi ngajak bali. Tembung

    maturnuwun nganti ora kumocap saka

    lambene pak Karman. Bu Karman lan

    Tika mung banjur manut apa kandhane

    pak Karman. Sidi sing wis katon kesel

    banget banjur bali ning dhusun

    Sidomukti kekancan pit onthel tuwane.

    Assalamualaikum Bu

    nyuwun pangapunten radi telat dugi

    griya. Walaikumsalamiya Le,

    orapapa, saka ngendi ta? Kok yahmene

    nembe tekan omah?, mak Onah katon

    penasaran. Warsidi sing gobyos kringet

    banjur nyritakake kanthi nrithik apa sing

    njalari dheweke mulih telat sinambi

    ngaso.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    43/129

    43

    Wenih katresnan ora sengajasumebar ning atine Sidi. Kadadeyan

    mau gawe mripate priya iku ora bisa

    merem nadyan awake kesel banget. Sidi

    kelingan wajah ayune Tika. Dheweke

    rada gela amarga ora bisa tepungan akeh

    karo wanodya kang ayu iku.

    ***

    Bu pamit rumiyin, badhe

    bidhal sadeyan. Iya Leati-ati ya??,

    mengko mulih jam pira?, pitakone mak

    Onah marang putrane. Mangkih kados

    biyasanipun kok Bu, dospundi?,

    Orapapa, mengko Ibu arep rewang ning

    daleme bu Tarjo, mengko adhi-adhimu

    diurusi sik ya Le?. Sidi nyaguhi

    dhawuhe mak Onah banjur mangkat

    dodol sayur.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    44/129

    44

    Dina iku dina Minggu, Warsidising wis suwe ora bisa turu angler

    amarga lam-lamen Tika sengaja dodol

    ning dhusun Brajamukti. Ora kanyana,

    Sidi kepethuk maneh karo Tika.

    Mas Sidi!!!, EhDhik Tika

    ta jebule, tak kira sapa,

    Assalamualaikum??, saut Sidi

    mangsuli pambengoke cah ayu sing nate

    ditulungi iku. heheWalaikumsalam,

    sehat Mas?, Tika sajak bungah banget

    ketemu maneh karo Warsidi.

    Alhamdulillah DhikSehat, hehehe

    Dhik Tika sehat? Minggu-Minggu kok

    ora dolan? pitakone Sidi.

    Alhamdulillah Mas, kula inggih

    mekaten. Mboten Masbadhe

    ngrewangi Ibu masak kok, hehehe

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    45/129

    45

    niki kula diutus Ibu tumbas bahan, ehmalah kepanggih sampean Mas,

    nggihpun kula tak sekaliyan tumbas ten

    penjenengan mawon. Bocah loro kuwi

    banjur guneman ngalor ngidul ngetan

    ngulon. Mbok menawa pancen wis

    rejekine Sidi, dagangane ning desa

    Brajamukti entek ludhes. Sidi banjur

    mulih kanthi ati sing bungah banget.

    Bungah merga dagangane laris lan bisa

    ketemu maneh karo sing gawe dheweke

    ora bisa turu pirang-pirang dina.

    ***

    Sidi lungguh-lungguh ing teras

    omahe, ora wetara suwe mak Onah

    nyusul ngancani. Mak Onah nyawang

    putrane ngguya-ngguyu dhewe kaya-

    kaya wong kang nandhang kasmaran.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    46/129

    46

    Le anaapa ta? Kok sajake kaya lagikasmaran ngono?. Eh Ibumboten

    kok Bu, punika lo kemutan dhagelan

    ketoprak ingkang kula tingali

    kalawingi. Dhagelan apa dhagelan?,

    Mak Onah mbeda. Ibune sing wis tuwa

    iku sajak wis ngerti yen apa sing

    dikandhakake putrane iku mung apus-

    apusan, nanging mak Onah mung

    mesem tok.

    ***

    Ora krasa yen Sidi karo Tika wis

    sesambungan nganti pirang-pirang taun.

    Tresna ing antarane priya lan wanita iku

    thukul ijo royo-royo. Sidi lan Tika dadi

    luwih asring ketemu, dolan lan guyon

    bebarengan. Lumrahe wong sing lagi

    kasmaran, donya rasane kaya duweke

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    47/129

    47

    wong loro. Dina-dinane Sidi sing kududilakoni kanthi rekasa dodol sayur

    kanggo uripe dheweke, ibu lan adhi-

    adhine dadi ora krasa rekasane merga

    kairing tresnane marang Tika. Meneng-

    meneng Warsidi nyelengi dhuwit

    kanggo ngrabi wanodya sing dadi

    pepujaning atine iku.

    Tresnaning bocah loro sing wis

    kaya dene mimi lan mintuna iku durung

    kangerten dening pak Karman lan bu

    Karman. Mak Onah uga durung ngerti

    yen putrane sing dadi sakaning

    kluwarga iku kaiket dening tali tresna

    marang anake juragan mbako dhusun

    Brajamukti.

    Dhikkepriye ya yen bapak

    ibumu pirsa marang sesambungane

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    48/129

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    49/129

    49

    tresna kang thukul tansaya tumuncepjeru ing ati.

    Sidi mulih kanthi kebak mamang

    ing atine. Priya iku tresna banget

    marang putrane juragan mbako saka

    dhusun Brajamukti, sing mbiyen tau

    ditulungi nalika arep dirudapeksa,

    ananging dheweke uga ora bisa selak

    yen kahanan kluwargane karo kluwarga

    pepujaning atine iku kaya dene bumi

    langit, adoh!.

    Lajuning pit onthel tuwa sing

    kanggo riwa-riwi dadi seksi

    sesambungan atine Sidi lan Tika sing

    dilakoni kanthi sesidheman.

    ` Assalamualaikum Bu,

    dheweke mlebu omah, praupane katon

    rada lesu. Walaikumsalam Le teka

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    50/129

    50

    ngendi ta? Kok nembe bali?, pitakonemak Onah. Sidi dumadakan trataban

    atine. Priya iku kepengin banget matur

    karo ibune menawa dheweke kepengin

    ngrabi Tika, putrane Pak Karman,

    juragan mbako dhusun Brajamukti.

    Ndelalah, dhuwit kanggo ngrabi sing

    diklumpukake suwe kanggo rabi wis

    cukup yen mung kanggosyukurancilik-

    cilikan. Nanging Sidi rumangsa yen

    durung wancine kanggo mak Onah pirsa

    babagan iku. Wusanane, dheweke mung

    banjur ngempet ature.

    ***

    Ngancik sawijining dina nalika

    atine Sidi wis ora bisa ngempet apa

    kang dadi kodrate minangka priya

    normal. Mak Onah sing lagi nglempiti

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    51/129

    51

    klambine adhi-adhine banjur dicedhakisaprelu diajak rembugan. Sidi arep

    matur apa sing dadi karepe. Ya.

    ngrabi Tika, putrane Pak Karman,

    juragan mbako dhusun Brajamukti.

    Bu kula badhe matur. Arep matur

    apa ta Le?, pitakone mak Onah karo

    mesem. emmmmmenawi kula badhe

    rabi kepareng punapa mboten?. Mak

    Onah kaget sakwise krungu pitakone

    putrane. Tangane sing mau sibuk

    nglempiti kumbahan dindhegake. Ya

    pareng wae ta cah bagus. Memange arep

    rabi karo sapa?. Ibu taksih kemutan

    rikala kula nulungi tiyang estri ingkang

    badhe dirudapeksa?. Yanjur?,

    wangsulane mak Onah. Jantunge Sidi

    dheg-dhegan arep mbacutake ature.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    52/129

    52

    Kula badhe ngrabi piyambakipun Bu.Naminipun Tika, larenipun ayu sanget,

    pinter ugi sae tindak tanduk

    bebudenipun. Wahapik ta Le?. La

    nggih Bu mila punika kula kepengin

    sanget rabi kaliyan piyambakipun.

    Ananging, Sidi mandheg le matur

    banjur tumungkul. Ananging apa Le?

    Kok ana nanginge barang ta?. Mak

    Onah sajak bingung, lan ngerti yen ana

    masalah ing sesambungan putrane lan

    cah wedok sing kacritakake mau.

    Sidi sing tumungkul ngunjal

    ambegan banjur mbacutake ature.

    Dheweke matur karo mak Onah yen

    Tika iku putrane juragan mbako sing

    sugih banda donya. Mak Onah ngandani

    perkara gayute tresna lan banda donya.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    53/129

    53

    Ibune Sidi iku pancen pangerten banget.Niyat apike Sidi kanggo merjuwangake

    tresnane wis dipangestuni. Ngerti yen

    mak Onah mangestuni apa sing dadi

    karepe gawe luhe bocah lanang iku

    tumetes. Atine lega banget lan tansaya

    semangat kanggo nemoni pak Karman

    lan bu Karman ing desa Brajamukti

    saprelu nyuwun pangestu arep ngrabi

    Tika.

    ***

    Rembuge Sidi lan mak Onah

    wingi langsung dibacutake kanthi

    tumindak kaya dene apa sing

    diwelingake dening para ustadz

    ustadzah, yen niyatan apik iku kudu

    enggal-enggal dilakoni. Sidi prei

    anggone dodol sayur lan dandan

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    54/129

    54

    nganggo klambi sing paling apik. MakOnah ibune ora gelem ketinggalan.

    Dheweke uga dandan ayu ora kaya

    biasane yen arep nyambut gawe.

    Sampun siap kepanggih calon mantu

    Bu?, pitakone Sidi karo nggoda ibune.

    Ya wis ta Le ora weruh pa piye wis

    dandan ayune kaya ngene?,

    wangsulane karo gegojegan. Wong loro

    iku banjur boncengan tumuju omahe

    Tika ing dhusun Brajamukti numpak pit

    onthel sing biyasa kanggo dodol sayur.

    Menawa pancen dudu rejekine

    Sidi. Isuk iku Tika disidang dening pak

    Karman. Jebule dheweke didhawuhi

    dening pak Karman supaya rabi karo

    pengusaha mebel sing sugih tur isih

    nom. Pak! Kula mboten purun rabi

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    55/129

    55

    kaliyan tiyang kakung punika Pak!.Sampun wonten tiyang kakung sanes

    ingkang kula tresnani Pak, Tika matur

    karo pak Karman karo mata sing wiwit

    ngecembeng dening luh. Sapa he?

    Sapa?. Mas Warsidi!, wangsulane

    kanthi cekak aos nanging manteb. Luhe

    bocah wadon iku mbrebes mili nelesi

    swasana isuk sing dumadakan dadi

    mendhung. Apa? Kowe meh rabi karo

    bakul sayur kuwi? Wis tuwa, kere sisan!

    E jabang bayiiii kowe rak mikir apa

    piye ta ndhuk?!!!. Pak Karman sajak

    emosi krungu apa sing diaturake Tika.

    Mbok ngajeni bapakmu iki sithik ta!

    Bapakmu iki juragan! Mosok juragan

    duwe mantu bakul sayur ecek-ecek

    ngono?!!! Tuwa sisan! Isin aku!! Isin!!

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    56/129

    56

    Ngerti kowe?!!. Tapi Pak??,buKarman arep matur karo bojone nanging

    dipenggak. Wis!!! Cukup Bu

    menenga!!! Ora usah melu-melu!!

    Pokoke kowe Tika, kowe kudu rabi karo

    wong lanang piliyanku mau!!!. Tika

    lan ibune tangis-tangisan.

    Swara rembuge pak Karman, bu

    Karman lan Tika mau jebulr keprungu

    nganti njaba omah. Kamangka, Sidi

    karo ibune wis ana ngarepan nalika ana

    rembug mau. Warsidi sing krungu bab

    iku dadi campur aduk rasaning atine.

    Dheweke rumangsa diremehake

    minangka wong lanang, nanging

    dheweke uga sadhar yen kluwargane iku

    pancen ora nduwe. Likterus piye?

    Ayo nek emang arep mertamu ya gek

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    57/129

    57

    ndang mlebu wae. Sing mau ethok-ethoke wae dhewe ora krungu,

    ngendikane mak Onah nglipur lan

    nyemangati atine Sidi sing wis remuk.

    Mboten sah mawon Bu, kula mboten

    lila menawi mangkih Ibu nggih

    dipunasoraken kaliyan pak Karman.

    Mpun cekap kula mawon. Nadyan kula

    dereng matur, ning kula sampun ngertos

    punapa wangsulanipun kok menawi kula

    matur. Mangga Bu, kula dherekaken

    wangsul kemawon.

    Mak Onah ngerti yen atine Sidi

    ajur mumur awit saka omongane pak

    Karman iku. Sakdalan-dalan mulih saka

    dhusun Brajamukti, pandhenge Sidi

    kosong. Semangat sing maune

    makantar-kantar dumadakan sirna

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    58/129

    58

    sanalika. Wiwit kadadeyan iku dina-dinane Sidi tansah katutup mega

    mendhung. Dheweke dadi luwih asring

    lungguh ijen, ngambara ing awang-

    awang nyawang impene sing wis mabur

    mbuh nengndi. Wiwit saka kadadeyan

    iku uga Sidi lan Tika bajur ora tau

    ketemu maneh.

    Sidi sing bebasan wis ora duwe

    daya nuli nggawe layang kanggo

    pepujaning atine. Lumantar layang iku

    dheweke mijilake isen-isening atine.

    Assalamualaikum Dhik, piye

    kabarmu? Muga-muga kabarmu tansah

    bergas waras, amiin. Ngapurane ya

    dhik?, aku pirang-pirang dina iki ora

    bisa dolan nemoni awakmu.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    59/129

    59

    Winginane aku karo ibuku wisarep mlebu ning daleme bapakmu, arep

    sowan bapak lan ibumu. Nanging,

    pranyata ana sawijining barang kang

    ora dakgawa sowan, amarga aku ora

    duwe apa sing dadi sejatine barang iku.

    Dhik, aku tresna banget marang

    sliramu. Ning yen pancen Gusti ora

    maringi jodho sliramu marang awakku,

    aku lila dhik. Mbok menawa aku sing

    wong ora nduwe iki pancen ora mathuk

    yen dadi mantune wong gedhongan

    kaya sliramu.

    Dhik, sepisan maneh aku

    nyuwun ngapuramu. Aku tresna marang

    sliramu, aku lila diasorake dening wong

    tuwamu, nanging aku ora lila yen wong

    tuwaku uga diasorake.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    60/129

    60

    Muga rahmat sahapangayomaning Gusti tansah

    pinaringan kanggo sliramu ya Dhik,

    wassalamualaikum.

    Sing tansah tresna sliramu

    Warsidi

    Mengkono isine layang kang

    digawe Sidi kanggo Tika. Luhe Sidi

    nelesi kertas kanggo nulis layang iku.

    Semono uga Tika. Dheweke maca

    layang iku kanthi mbrebes mili

    sesenggukan. Tangise ora kalah derese

    karo Sidi. Tika lan Sidi mung bisa

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    61/129

    61

    pasrah nampa kahanan sing abot bangetkaya mengkono.

    Tika sing gelem ora gelem

    kepeksa kudu nurut bapake kaya dene

    wayang. Pengusaha mebel sing isih nom

    tur sugih saka Jakarta iku ngentukake

    ragane bocah wadon ayu sing atine wus

    ambyar merga tresnane ora bisa

    kelakon.

    *****

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    62/129

    62

    ~3~

    Maya lan Ipul wis ngancik

    diwasa. Maya sing saiki wis lulus SMA

    wis duwe pamikiran sing rada lumayan.

    Dheweke nduweni kekarepan ngrewangi

    mikul ekonomi kluwargane. Bocah iku

    melas nyawang ibu lan kangmase sing

    mbiyen kanthi rekasa nyekolahake

    dheweke lan adhine. Ibune tansaya

    sepuh, tansaya lara-laranen awake.

    Maya ora tegel nyawang kahanan ibune

    kang kaya mengkono.

    Bu... Mas, kula badhe matur..

    celathune nalika padha kumpul neng

    teras. Arep matur apa ta nok, cah ayu.

    Kok kayane penting banget?, mak

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    63/129

    63

    Onah mangsuli kanthi mesem manis.Kula kalawingi kepanggih kaliyan

    mbak Surti Bu. Mbak Surti nawari kula

    nyambut damel ten Jakarta, dados

    rewang Bu. Swasana sing maune

    grapyak dumadakan owah dadi sepi

    sawetara wektu. La karepmu kepriye

    Dhik?, Sidi sing genti mangsuli.

    Kajeng kula nggih kula ndherek mbak

    Surti Mas, nanging punika nggih

    menawi Ibu kaliyan Mas Sidi

    ngeparengaken, menawi mboten nggih

    mboten punapa. Mak Onah nyawang

    anak wedoke sing saiki wis gedhe.

    Kenangapa ta Nok, kok kowe kepengin

    nyambut gawe?. Kula kepengin

    mbiyantu Ibu kaliyan mas Sidi, damel

    dhapur kluwarga kita ngebul Bu. Ibu

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    64/129

    64

    kan sampun sepuh, badanipun nggihsampun mboten rosa kados rumiyin

    nalika taksih timur. Pepenginan kula

    punika namung minangka tandha bekti

    kula Bu. Pandhenge Maya marang

    ibune Jeru, kebak pangarep-arep.

    Nduk... yen pancen kuwi wis dadi

    keputusanmu, lan atimu wis manteb, Ibu

    mung bisa mangestoni lan

    ndongakake., Tapi Bu?!! Maya punika

    rak nggih taksih alit ta Bu? Wong

    nembe kemawon lulus SMA., Sidi

    nyaut ngendikane Ibune. Swasana dadi

    rada kenceng. Apa sing dadi karepe

    Maya dipangestoni dening biyunge,

    nanging ora dening Warsidi, kangmase.

    Kembang kang nembe mekrok

    iku sida budhal menyang Jakarta.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    65/129

    65

    Dheweke melu mbak Surti nadyankangmas saktemene ora lila. Nanging

    gandheng atine wis manteb, lan ibune

    wis mangestoni, bocah iku njangkahake

    sikile saprelu golek kamukten kang

    dikarapake. Bu... kula badhe nyuwun

    pamit kesah dhateng Jakarta, nyuwun

    pangestunipun nggih Bu?, pamite

    marang Ibune. Iya nduk, mugya

    rahayu, kalis rubeda lancar sakabehe,

    dongane Ibu ora bakal kendhat.

    Kekarone padha tangisan, mung Sidi

    sing ora nangis nadyan batine ora lila

    ngeculake adhi wedok siji-sijine kang

    banget ditresnani. Mas... aku nyuwun

    pamit, Maya salaman karo kangmase.

    Ora ana tetembungan kang kumocap

    saka lambene Sidi.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    66/129

    66

    Ayo nok, ndang gage mangkat,selak ketinggalan bis!, pangajake mbak

    Surti. Inggih... . Mak Onah lan Sidi

    mung bisa nyawang lungane Maya.

    Luhe mak Onah isih mbrebes mili nelesi

    pipine kang wus kriputen. Sidi sing ora

    ngomong apa-apa nggrantes atine

    nyawang kahanan iku, dheweke

    meneng-meneng melu dedunga

    sajroning batin kanggo rahayune Maya

    ning Jakarta kana.

    ***

    Azan subuh wis keprungu ning

    kuping. Wong-wong kang ngrasuk

    agama Islam wis padha nglempiti

    kemule. Semono uga Maya lan mbak

    Surti. Bis sing nggawa Maya lan mbak

    Surti wis tekan Jakarta. Kekarone banjur

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    67/129

    67

    subuhan ana ing langgar terminal nggonbise mandheg.

    Maya lan mbak Surti nerusake

    lakune tumuju ing sawijining omah

    gedhe duweke priyayi sing jenenge Arif

    Wicaksono. Ya... Arif Wicaksono, wong

    kang dompete nate dibalekake dening

    Sidi pirang-pirang taun kepungkur

    nalika dheweke isih manggon ing

    dhusun Parangrusak.

    Nuwun sewu Bapak, Ibu...

    punika lare ingkang badhe rewang-

    rewang ten mriki. Mbak Surti banjur

    nepungake Maya marang ndarane. Maya

    sing isih lugu katon gumun nyawang

    omahe ndarane sing gedhe tur apik

    banget. Dheweke rumangsa kaya ngimpi

    bisa mlebu ning njero omah sing biasane

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    68/129

    68

    mung bisa kasawang ning tipi sajroningfilm-film. Ayo nok... barang-barangmu

    diselehna ning kamar sik., mbak Surti

    ngajak Maya menyang kamar pembantu

    sing ana ing mburi cedhak pawon.

    Maya miwiti tugase dadi

    rewang. Sore sakwise tangi turu,

    dheweke nyapu lan ngepel omahe

    ndarane sing amba. Mbak Surti sing

    bagiyan umbah-umbah, nyetrika lan

    masak.

    Mbak... mengko yen wis bar

    nyapu lan ngepel jogan, tandurane

    disirami ya?, dhawuh garwane pak

    Arif. Maya sing isih isin-isin karo

    ndarane mung mesem karo manthuk,

    tandha yen dheweke bakal nindakake

    dhawuh.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    69/129

    69

    Tanduran kang ana ing tamankaton endah banget. Maya nyirami

    tanduran-tanduran iku kanthi bungah

    atine merga nyawang kaedahan iku.

    Dheweke nyirami tanduran sinambi

    gumrengeng nembang.

    ***

    Tan krasa anggone Maya

    nyambut gawe aneng daleme juragan

    Arif wis setaun suwene. Saben wulan

    dheweke mesthi ora lali ngirim dhuwit

    ning mak Onah lan kangmase ing desa

    kana. Lik... iki ana kiriman maneh saka

    adhimu ning Jakarta kana, iki ana

    layange uga. Mak Onah lan Warsidi

    nuli maca layang iku bebarengan.

    Layang iku nuduhake kahanane Maya

    ning Jakarta sehat, ora kurang sandhang

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    70/129

    70

    lan pangan. Ati lan batine wong loro ikukrasa ayem sakwise maca layang iku.

    Mangka Maya mung anak wedok siji-

    sijine. Sekolahe bocah iku ya ora

    dhuwur, mung tamat SMA. Kekarone

    wedi yen Maya mung dadi sasaran apus-

    apusan wong liya ning kana. Warsidi

    sing wiwit mula ora lila yen adhine

    lunga nyambut gawe ning Jakarta tansah

    sumelang atine nadyan wis ana warta

    sing katampa. Warsidi tansah wedi yen

    wengise kutha Jakarta nguntal adhi

    wedoke. Nanging dheweke ora gelem

    gawe duka penggalihe mak Onah sing

    wis katon bungah. Pancen, ekonomi

    kluwargane mak Onah saiki wis rada

    apik wiwit Maya kerja ning kana.

    Omahe sing mbiyen bebasan ora kena

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    71/129

    71

    kanggo kandhang wedhus saiki sithikmbaka sithik wis didandani dadi tansaya

    pantes diarani omah.

    Maya sing mbiyen langsing,

    wiwit nyambut gawe ning daleme

    juragan Arif malih dadi weweg lan

    tambah ayu kinyis-kinyis. Nadyan mung

    babu ning kana, nanging dheweke

    kondhang minangka babu paling ayu

    ning tlatah kana, kang gawe sapa wae

    wong lanang sing nyawang bakal

    kesengsem. Malah ana sing ngarani

    menawa garwane juragan Arif dhewe

    kalah ayu dening Maya sing saiki wis

    ngerti piye carane nata awake supaya

    katon seger. Urip ning kutha pancen

    bisa gawe wong nduweni adat kang rada

    beda karo wong sing urip ning ndesa.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    72/129

    72

    Jon... ana iwak gurameh ora?,pitakone marang Jono, bakul blanjan

    langganane. Wah... ya ora ana ta, iwak

    gurameh rak ya larang? Mengko yen

    aku nggawa iwak gurameh njur ora

    payu, rak ya malah aku sing rugi?,

    sumaure. hahaha... ya mbok menawa

    ana, yawis aku pesen iwak gurameh

    sekilo, sesuk gawa ya?, ndaraku

    ngersakake iku soale. Celathune Maya

    sinambi milih-milih sayur dagangane

    Jono. Oh siap beb!, Maya mandheg

    milihi sayur krungu saurane Jono.

    Bab..Beb..Bab..Beb, Bebek? karo

    nyabetake sawi sak iket ning raine Jono.

    Jono mung guya guyu. May... kowe ki

    kok ayu-ayu gelem dadi rewang ngono

    ta?. Maya mung mesem. Joooon...Jon,

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    73/129

    73

    kowe ki ya lucu. Aku nyambut gawe ikirak ya supaya aku bisa urip, supaya

    kluwargaku ning ndesa kana bisa

    kacukupan. Perkara aku ayu apa ora, ya

    kuwi wis peparinge Gusti. Rak ya

    ngono? Maya mangsuli kanthi

    wicaksana. Iya... bener kandhamu

    May, nanging yen kowe gelem ki kowe

    bisa lho dadi mulya tanpa kudu dadi

    rewang. Maya dadi bingung lan kebak

    pitakon bab apa sing dikarepake Jono.

    he? maksudmu piye Jon?, kowe

    kuwi rak ya ayu ta May. Aku wani

    totohan, ora ana wong lanang sing bisa

    selak menawa kowe gelem mbukak

    atimu sithik wae. Maya malah gantian

    gumuyu krungu omongane Jono iku.

    Ahh.. kowe ki Jon, kuwi rak ya

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    74/129

    74

    gombalmu? Wis wis... pira iki kabehe?Ndang gage diitung, selak didukani

    ndaraku. Mengko dikira aku ngrumpi

    karo kowe. Maya bali kanthi guya-

    guyu dhewe merga isih geli dhewe karo

    omongane Jono. Sakwise tekan omah,

    Maya masak apa sing dituku mau.

    Setaun nyambut gawe ning kana Maya

    saiki wis bisa sembarang ndengah.

    Dheweke wis diajari macem-macem

    kaprigelan nyambut gawe karo mbak

    Surti, dadi saiki gaweyane bisa

    gentenan. Apa sing durung dilakoni

    mbak Surti ya ditandhangi dheweke.

    Dina iku kebeneran Maya lagi kepengin

    masak kanggo dhahar juragan Arif lan

    garwane mengko bengi.

    ***

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    75/129

    75

    Ora krasa wis ngancik dina liya.Srengenge sajak wis anguk-anguk arep

    njedhul. Subuh iku Maya ora lali

    subuhan lan resik-resik omahe juragan

    Arif. Nalika resik-resik iku dheweke

    krungu yen garwane juragan Arif arep

    ana acara karo ibu-ibu arisan piknik

    ning Bali seminggu. Maya sing durung

    nate lunga menyang Bali dadi kelingan

    susah uripe mbiyen. Nalika SMA

    dheweke ora bisa melu study tour

    menyang Bali merga kahanan

    kulawargane sing nalika semana

    bebasan kanggo tuku beras wae angel.

    Nanging crita jaman mbiyen iku enggal

    bisa dilalekake dening bocah iku. Maya

    nerusake gaweyane.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    76/129

    76

    Ndhuk... tandurane wis mboksirami durung? mbak Surti ndangu

    Maya sing lagi resik-resik. Dereng

    Mbak..., Oh yawis, mbak tak umbah-

    umbah lan masak ning dhapur ya.

    mbak Surti ngandhani dheweke sinambi

    mlaku menyang mburi. Inggih Mbak,

    mangkih saksampunipun resik-resik

    kula tak ngupakara tandurane.

    Garwane juragan Arif tindak

    ning Bali sore iki. Maya sing nembe

    rampung nyirami tanduran didhawuhi

    ngewangi nyepakake ageman kang

    bakal diasta ndarane.

    Wis rong dina garwane juragan

    Arif tindak menyang Bali. Omah sing

    gedhe kaya kraton iku dadi suwung.

    Mbak Surti sing mau ning njaba

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    77/129

    77

    dumadakan mlebu kanthi rupa kangsumelang lan kaya meh nangis. Mbak,

    panjenengan kenapa? pitakone Maya.

    Iki May, aku nembe wae nampa layang

    yen bapakku gerah ning rumah sakit,

    saiki kahanane isih kritis. Aku kudu

    mulih. dumadakan luhe Surti mbrebes

    mili nelesi pipine. Ya Allah Gusti...

    yawis mbak, enggal matur wae ning

    ndara Arif, matur yen penjenengan

    nyuwun ijin pirang-pirang dina kanggo

    ngancani bapak. Mengko gaweyane tak

    rantasi aku orapapa, Iya May... matur

    nuwun ya? Aku tak matur ning pak Arif

    ndhisik. mbak Surti banjur enggal-

    enggal menyang ngarep saprelu nyuwun

    ijin arep bali ning ndesa.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    78/129

    78

    Omah iku tansaya suwung.Mung ana juragan Arif karo Maya.

    Juragan Arif lan garwane wis pirang-

    pirang taun rabi, ananging nganti

    seprene durung diparingi putra karo

    Gusti kang Maha Agung. Ditinggal

    garwane pirang-pirang dina gawe

    juragan Arif ngrasa sepi. Biyasane turu

    wong loro nanging pirang-pirang dina

    iki mung ijen. Sore iku sakwise tangi

    turu juragan Arif anguk-anguk ana ing

    teras kamare ning ndhuwur. Katon ana

    Maya ning ngisor kang lagi nyirami

    tanduran. Pikirane juragan Arif sing lagi

    suwung merga ditinggal garwane

    menyang Bali dumadakan dadi reged.

    Dheweke nyawang Maya sing weweg,

    putih, ayu lan isih kinyis-kinyis saka

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    79/129

    79

    ndhuwur. Pikire Arif tekan ngendi-ngendi, nganti ora sadhar kathok cekake

    tansaya cekak. Maya sing lagi enak-

    enak nyirami tanduran mlinguk

    mendhuwur. Dheweke ora ngerti yen

    awit mau juragane ning kana. Maya

    mung manthuk karo mesem banjur

    mlebu omah merga gaweyane nyirami

    tanduran wis rampung. Arif sing uga

    isih kepenak ngambara ning pikiran

    regede sajak gela. Priya iku banjur melu

    mlebu ning kamar.

    Rina wis ngancik wengi, wus

    wancine mangan. Maya...arep

    menyang ngendi? Yen aku dikancani

    maem piye? panjaluke Arif marang

    bocah sing nembe wae rampung

    nyaosake dhaharan ning meja. Inggih

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    80/129

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    81/129

    81

    rasukan sing mesthi bakal gawe priyangendi wae ora kedhep yen nyawang.

    Arif sing wiwit mau sajak

    dikuwasani dening nepsu setan merga

    pirang-pirang dina ditinggal bojone ora

    bisa turu. Jroning pikir mung tansah

    lam-lamen endah ragane bocah wadon

    kang mau ngancani dheweke mangan.

    Arif banjur menyat saka kasure, lan

    kanthi alon-alon menyang kamare

    Maya. dhik...dhik Maya..., Arif wis

    ana ngarep lawang kamare Maya, lan

    ngundang karo ndhodhog lawang

    kamare kanthi lirih. dhik... (tok tok

    tok). Maya sing lagi turu merga

    kekeselen ora krungu yen lawang

    kamare digedhog-gedhog ndarane, mula

    lawang kamare ora dibukakake.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    82/129

    82

    Arif sing wis kalimputan deningnepsu setan mau banjur alon-alon nyoba

    mbukak lawang kamare Maya.

    Dheweke wis ora mikir sapa dheweke

    lan sapa Maya iku. Pikirane priya iku

    mung kepriye carane dheweke bisa

    nglampiasake rasa suwunge.

    Lawang sing maune katutup

    rapet saiki wis kabukak. Arif mung

    mlongo, ngowoh amarga nyawang

    kaendahan kang ana ing ngarep mripate.

    Kathok cekake dadi tansaya cekak kaya

    ndhek mau nalika dheweke ning

    ndhuwur teras kamare. Awake Maya

    kang weweg tur putih dadi suguhan

    kang luwih sedhep timbang panganan

    sing mau bengi dipangan Arif

    bebarengan. Kanthi alon priya iku

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    83/129

    83

    nyedhaki bocah wadon kang lagi turuiku. Setan-setan tansaya akeh sing

    nggondheli Arif. Kadadeyan iku banjur

    ora bisa diselaki. Maya dirudapeksa

    dening ndarane. Kringete Maya lan Arif

    ambyur dadi siji ning paturon.

    Maya mung nangis karo

    ngrukupi awake kang wus tanpa busana

    nganggo urung kasure. Bocah kang lagi

    enak-enak turu iku kedarung nandang

    cidra ing ati lan ragane merga saka

    tumindak bejat priya. Pak... tegane

    sampean nglakoni iki marang aku!

    Bajingan sampean! Bajingan!

    pamisuhe Maya marang ndarane kanthi

    dleweran luh. sssttt... wis ta, wiss...

    mengko gajimu tak undhakake, kowe

    aja kuwatir cah ayu, celathune Arif

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    84/129

    84

    karo guyon sinambi nganggo busanane.Awas sampean! dak laporake pulisi!

    Bajingan!. Plakk! swara tlapak

    tangane Arif gawe tatu pipi kiwane

    Maya kang putih mulus. Titenana! Yen

    perkara iki nganti kengerten bojoku, apa

    maneh kok pulisi, dak pesthekake kowe

    lan kluwargamu bakal sengsara! Aja

    wani-wani kowe!. Krungu ukara iku

    Maya tansaya sesenggukan nangis.

    Dheweke bingung kudu kepriye. Yen

    dheweke matur bab perkara iku marang

    bojone Arif, dheweke mesthi bakal

    kelangan gaweyan. Mangka, dheweke

    isih butuh dhuwit kanggo uripe lan

    kluwargane ning desa kana. Nanging

    yen ora matur sapa-sapa, dheweke

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    85/129

    85

    rumangsa abot yen kudu mikulkadadeyan iku dhewe.

    Setengah wengi iku diliwati

    kanthi mikir, mikir lan mikir bab apa

    sing kudu ditindakake uga apa kang

    bakal kadadeyan sakbanjure. Luhe tan

    kendhat nelesi pipine bocah wadon iku.

    Dheweke kaya wong kang linglung.

    Sedina, rong dina, telung dina dheweke

    mung meneng wae. Maya, bocah wingi

    sore kang wus dadi kurban wengise

    kutha Jakarta banjur milih yen dheweke

    kudu tatag, njaga apa sing dadi aibe iku

    dhewe.

    Kanyantane, Arif netepi apa

    kang dadi janjine nalika semana sakwise

    dheweke ngrudapeksa, yaiku arep

    ngundhakake gajine Maya. Perkara

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    86/129

    86

    dhuwit pancen ora angel kanggopengusaha mebel iku. Perkara gajine

    sing diundhakake ora dingerteni dening

    bojone. Nanging, kanyatane uga pait

    kanggo Maya. Saben bojone Arif lunga,

    Maya sing kudu dadi sasaran kanggo

    nglampiasake nepsu bejade Arif. Iya...

    Maya sing mbiyen ngajeni marang

    juragane saiki babar pisan ora. Wong

    siji iku paribasan wis kaanggep iblis

    kang wengis. Maya rumangsa dadi

    gembrik. Rumangsa kaya dene gombal

    amoh. Maya ora bisa nyelaki nasibe

    sanadyan mung kepeksa nuruti nepsu

    bejad ndarane kanggo uripe lan

    kluwargane.

    *****

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    87/129

    87

    ~4~

    Mak Onah bungah banget

    amarga wis pirang-pirang wulan iki

    dheweke nampa kiriman dhuwit saka

    anak wedoke sing cacahe rada akeh.

    Dheweke rumangsa yen anak wedok

    sing nyambut gawe ing Jakarta iku wis

    wiwit sukses. Layang sing ngiringi uga

    isine ngandhakake yen kahanane Maya

    apik-apik wae. Nanging ora mengkono

    kanggo Warsidi. Atine Warsidi kaya

    ngrasa ana sawijineng bab sing ora

    beres. Nang... iki aku nampa kiriman

    layang lan dhuwit saka adhimu, Maya.

    Waaah...sajak wis wiwit sukses

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    88/129

    88

    dheweke neng kana, alhamdulillah.Mak Onah katon sumringah. Inggih

    Bu... mbok menawi nggih ngaten,

    alhamdulillah.. . Warsidi ora tegel arep

    matur marang Ibune babagan atine

    dheweke sing ngrasa sumelang.

    Wis wolung sasi kliwat sakwuse

    tragedi iku kadadeyan. Maya sing kala-

    kala isih kepeksa dadi gembrik kanggo

    Arif nalika bojone ora neng omah

    pranyata ngandhut. Dheweke wis telat

    rong sasi. Dina iku Maya mual-mual,

    muntah lan mriang kaya lumrahe wong

    kang lagi ngandhut. Mbak, sampean

    kenapa? lara? pitakone bu Arif.

    Mboten kok Bu, mbok menawi

    namung masuk angin. Kalawau dalu

    kula kesupen dereng nedha, sumaure

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    89/129

    89

    Maya kanggo nutupi apa sing dadisejatine. Maya wis krasa yen dheweke

    ngandhut. Yawis kana Mbak kanggo

    ngaso wae, ora sah nyambut gawe sik,

    wis kareben ditandhangi mbak Surti,

    Inggih Bu... maturnuwun.

    Bocah wadon iku sumelang

    atine. Dheweke keweden amarga

    wetenge bakal tansaya gedhe. Gelem ora

    gelem mesthi bakal konangan yen

    dheweke wis ngandhut. Menawa bu

    Arif nganti ngerti yen aku ngandhut, aku

    mesthi bakal ditakoni, kepriye larah-

    larahae kok aku bisa ngandhut?. Dhuh

    Gusti... pacoban punapa malih ingkang

    panjenengan paringaken kula. Maya

    nangis sesenggukan. Kelingan wolung

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    90/129

    90

    sasi kepungkur nalika dhewekedirudapeksa ndarane dhewe.

    Mbuh pancen wis dadi rejekine.

    Omahe pak lan bu Arif bakal rame

    deneng tangise jabang bayi. Bu Arif uga

    ngalami kahanan sing padha kaya dene

    Maya. Dheweke uga ngandhut. Pak...

    Pak..., bu Arif sajak gupuh lan bungah

    marani Arif. Ana apa ta Bu? Kok kaya

    wong kemalingan wae!. Kemalingan

    piye ta Pak?, coba iki dipirsani. Pak

    Arif sing lagi lungguh santai neng ruang

    tengah nyelehake ariwarti kang lagi

    diwaca. Sliramu positif ngandhut Bu?,

    Iya Pak... . Kekarone banjur sikepan

    kanthi keket raket saking bungahe. Pak

    Arif durung ngerti yen Maya uga

    ngandhut wenihe dheweke sing wis

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    91/129

    91

    katandur wolung sasi kepungkur. Mayasing kahanan awake wis rada lumayan

    ngerti bab iku. Dheweke ajur atine.

    Banjur nasib jabang bayi sing ana ing

    jero wetengku iki piye?, batine. Awake

    lemes, ora duwe daya sawise krungu

    kabar iku. Neng dikepriyea wae jabang

    bayi iki ora bakal mulya, aku dudu

    garwane Arif. Aku bisa apa?.

    Maya netepake yen dheweke

    arep mandheg nyambut gawe, lan

    dheweke bakal bali menyang desane

    kanthi nanggung apa sing wis dadi aibe.

    Atine wis manteb. Apa sing bakal dadi

    omongan warga desane mengko merga

    kahanane dheweke sing bakal ngalairake

    jabang bayi tanpa bojo wis siap ditampa

    kanthi legawa lan sareh.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    92/129

    92

    ***Pak.. Bu.. kula badhe matur.

    Maya nyedhaki ndarane sing dina iku

    lagi sesrawungan ana ing ruang tengah.

    Arep matur apa Mbak? pitakone bu

    Arif. Pak Arif sing wis nglakoni

    tumindak nistha marang Maya mung

    mandhengi bocah wadon iku kanthi

    sinis. Kula badhe wangsul dhateng

    kampung, mbok menawi mboten badhe

    mriki malih. Bu Arif kaget krungu apa

    sing diaturake Maya. Lo lo lo... kenapa

    Mbak? Gaji sing Bapak Ibu paringake

    kurang apa?, Bapak lan Ibu bakal

    kagungan putra Lo. Mbok ya wis neng

    kene wae, mengko kareben mbak Surti

    ora kangelan ngrumat omah lan putrane

    Bapak Ibu. Maya sing manteb tekade

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    93/129

    93

    mung ndhingkluk wae, ora waninyawang mripate ndarane.

    Maturnuwun Bu sakderengipun,

    nanging nyuwun pangapunten, kula

    mboten sagah. Kalawingi kula

    kadhawuhan supados wangsul lan

    mboten dipunkeparengaken malih

    nyambut damel, nyuwun pangapunten

    nggih Bu, Pak?, Maya dadi ngapusi

    ndarane. Arif sing wis krasa ana

    sawijineng bab sing ora beres mung

    ngentha-entha. Dheweke ora mikiri apa

    sing dadi perkarane Maya.

    ***

    Maya nenggalake omahe Arif

    lan mulih menyang desane. Sakdurunge

    sikile dijangkahake luwih adoh,

    dheweke mandhengi omah gedhe

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    94/129

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    95/129

    95

    Mbak... Mbak... Tangi Mbak,wis tekan, bise arep tak resiki gugahe

    kenek bis sing ditumpaki Maya.

    Dheweke sing pirang-pirang jam

    kepungkur turu kanthi kepenak banjur

    njenggirat melek. Maya kaget amarga

    bise wis tekan terminal kamandaka. Oh

    nggih Mas... maturnuwun. Sanalika iku

    thukul rasa bungah neng atine, amarga

    rasa kangene marang desane. Nanging

    iku mung sawetara, dheweke banjur

    kelingan maneh karo apa kang njalari

    dheweke kudu mulih.

    Assalamualaikum, Bu... Maya

    ngucapake salam sinambi mlebu omahe

    kanthi pasuryan sing katon kesel banget.

    Walaikumsalam... Ya Allah, jebule

    kowe ta ndhuuuk. Kangen aku... mak

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    96/129

    96

    Onak grapyak banjur nyikep anakwadone sing mulih tanpa ngabari iku.

    Kowe bali kok ora ngabari ndhisik ta

    Dhik? pitakone Warsidi sing metu saka

    njero omah. Anu Mas... supados

    surprise kok, hehehe, wangsulane

    kanthi santai. Apa kuwi surprise? Aku

    kok ora mudheng basamu? Basa

    Jakartanan pa?. waaah... mboten

    Maaaas, niku bahasa Inggris, artine niku

    kejutan. Oalaaah... hahaha, ya

    maklum ta Dhik, masmu iki kan wong

    bodho, hehehe. Swasana omah sing

    maune sepi dadi rame, amarga guyonan

    iku. Mbak Mayaaaa... Saipul

    dumadakan mlebu ngomah, dheweke

    nembe rampung dolanan bal-balan karo

    kanca-kancane. Eeeehh..Adhikku wis

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    97/129

    97

    gedhene semene, kene kene tak sun sik.Mbak kangene rak karuan.... Mbak

    oleh-oleh kangge adhik pundi?

    Heeee.... Maya mung mesem karo

    ngetokake barang saka tase. Adhine

    digawakake dolanan anyar sing dituku

    neng Jakarta sakdurunge dheweke

    mulih. Ya wis... kana ndang adus sik

    Ndhuk, terus maem. Kae Ibu ndelalah

    masak lawuh senenganmu. Waaah...

    maturnuwun Bu, nggihpun kula tak

    resik-resik rumiyin nggih Bu, mpun

    kecut sedaya niki.

    Maya banjur mlebu neng kamare

    saprelu nyelehake barang-barange.

    Sawise nyelehake barang-barange

    dheweke nindakake apa sing

    didhawuhake mak Onah, yaiku adus lan

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    98/129

    98

    turu. Sakdurunge Maya turu, dhewekemikir, kepriye carane mangsuli yen

    mengko ibu lan kangmase takon

    kenangapa kok dheweke dumadakan

    mulih. Dheweke uga mikir piye carane

    ndhelikake jabang bayi sing ana ing

    njero wetenge. Dhuh... aku kudu matur

    piye ya? Apa aku kudu matur apa anane

    bab kadadeyan apa sing wis dakalami?

    Ya Allah... paringana sabar, paringana

    dalan ya Allah.

    ***

    Wis teka wancine mangan bengi.

    Mak Onah, Warsidi lan Saipul wis

    kumpul ana ing ruwang tengah. Iya,

    ruwang tengah sing mbiyen ciyut,

    jogane mung lemah, saiki wis amba, wis

    dadi apik amarga dhuwit asil saka

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    99/129

    99

    kerjane maya neng Jakarta sing asringdikirimake marang mak Onah. Pul... La

    Mbakmu nengndi? Kok durung ketok

    dhewe?, Sekdhap Bu, kula purugi

    mrika nggih. Bocah kang wis rada

    gedhe iku banjur menyang kamare

    Maya. Mbaaaak...Mbak Maaayaaa, ayo

    mbak dhahar bareng-bareng. Iya

    Dhik.. sik sedhela, mengko Mbak

    nyusul. Maya banjur metu lan mangan

    bebarengan karo kluwargane.

    Wah Bu... kula kangen kalih

    masakane Ibu. Maya ngandhakake rasa

    kangene marang mak Onah. Lha iya

    kudune kangen ta, nek ora kangen

    mengko Ibu ya susah, ateges anake Ibu

    sing ayu dhewe wis lali karo Ibu. Mak

    Onah mbeda putrane. Nggih mboten ta

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    100/129

    100

    Bu... kula mboten badhe lali kalih tiyangingkang sampun nglairaken kula,

    sampun ngrumat kula ngantos saged

    kados sakniki. Mak Onah lan liyane

    padha gumuyu krungu wangsulane

    Maya.

    Swasana grapyak neng ruang

    makan beda banget karo swasana atine

    Maya sing tansah sumelang merga

    dheg-dhegan. Dheweke kuwatir yen ibu

    utawa kangmase takon bab kenangapa

    dheweke mulih. Nanging kanyatane,

    swasana grapyak iku tetep ngrungkepi

    nganti wong-wong iku padha bali

    menyang paturone dhewe-dhewe. Maya

    sawetara rada lega atine. Wengi iku rasa

    sumelang isih ora gelem sirna saka

    atine. Apa maneh bakale si jabang bayi

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    101/129

    101

    sing ana wetenge bakal tambah gedhe,lan mesthi wae bakal ketok mata. Mung

    iku sing dadi pikire wiwit arep mulih

    nganti tekan omah.

    ***

    Nduuuk, Maya... wis salat

    subuh durung?, mak Onah nggugahi

    putrane kanggo salat subuh. nggih Bu...

    sekedhap Maya mangsuli saka njero

    kamar. Bocah iku banjur metu lan

    menyang njupuk wudlu saprelu

    nindakake salat subuh. Warsidi sing

    saiki wis entuk gaweyan sing rada

    lumayan katon wis siap mangkat.

    Dheweke wis nganggo klambi dhinese

    minangka cleaneng serviceneng rumah

    sakit neng kutha. Nadyan mung

    cleaneng service, dheweke nglakoni

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    102/129

    102

    gaweyan iku kanthi tulus lan ora taungeluh. Kabeh ditampa kanthi seneng

    atine. Nyawang kahanan iku atine Maya

    seneng ananging nggrantes. Dheweke

    mung mbatin La ya... Kangmasku sing

    baguse kaya ngono kok mung dadi

    cleaneng service ya? Aku bisa tamat

    sekolah ya jalaran saka jungkir walike

    mas Sidi nalika semana. Sajroneng

    batin dheweke rumangsa luput banget,

    apa maneh yen mengko ibu lan

    kangmase ngerti bab jabang bayi sing

    lagi kaandhut jalaran saka tumindak

    bejade Arif. Mesthi wae atine ibu lan

    kangmase bakal luwih ajur mumur.

    Bu.... Kula bidhal rumiyin

    nggih? Warsidi pamit marang mak

    Onah, Iya Le... sing ngati-ati ya? Kerja

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    103/129

    103

    sing jujur, ora usah neka-neka. Rejekikuwi wis ana sing ngatur, dhewe kari

    ngupaya kanthi cara sing mbener.

    nggih Bu...pangestunipun nggih Bu?.

    Ayo Dhik... Mas tak budhal sik ya?.

    Nggih Mas...mangga ndherekaken,

    Maya mangsuli Warsidi banjur salaman

    lan ngambung tangane kangmase iku.

    Kaya pakulinane ndhisik,

    sakwise Warsidi mangkat nyambut

    gawe, dheweke ngrewangi mak Onah

    resik-resik omah. Omah sing maune ora

    ana prabot apa-apane saiki wis malih.

    Prabotan-prabotan sing rada lumayan

    katon ngebaki omah iku. Gaweyane mak

    Onah sing maune ditindakake dheweke

    nalika Maya nyambut gawe neng

    Jakarta saiki wis ana sing ngrewangi.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    104/129

    104

    Bocah iku kanthi cak-cek nindakake apawae gaweyan sing bisa ditindakake.

    Pakulinane nyambut gawe neng Jakarta

    isih dadisettinganebocah iku.

    ***

    Wulan wis ganti wulan. Wetenge

    Maya sing maune durung ketok

    ngandhut saiki wis rada gedhe. Warsidi

    sing nggatekake adhi-adhine wiwit

    ngrasa ana sing ora beres karo Maya.

    Dheweke nyawang adhine saya suwe

    wetenge saya gedhe. Pambayune Maya

    uga katon saya gedhe, kaya dene wong

    sing lagi ngandhut sing sacara ilmiah

    bakal ana owah-owahan neng bagiyan

    iku amarga ngasilake ASI kanggo

    jabang bayine. Warsidi mung meneng,

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    105/129

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    106/129

    106

    gumuyu krungu kangmase ngomongmengkono.

    Dhik... saktemene kowe kok

    ujug-ujug tanpa ana kabar bali menyang

    omah kenapa?, Warsidi wiwit menehi

    pitakonan sing rada jeru. Maya sing

    ditakoni bab iku kaya-kaya jantunge

    mandheg. Dheweke langsung mandheg

    anggone maca. Maya nyoba piye carane

    supaya dheweke tetep tenang. Lo... nek

    kula dumadakan kangen kaliyan

    panjenengan, kaliyan ibu kaliyan dhik

    Ipul napa mboten pareng ta Mas?. Ya

    ora mengkono maksudku Dhik.

    Swasana dadi malih rada kenceng.

    Kula kan mpun matur ta Mas, kersane

    surprise. Maya malah ngajak guyon

    Warsidi. Dheweke banjur mlebu omah

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    107/129

    107

    kanthi alesan arep neng kamar mandi.Warsidi dadi tansaya sumelang atine.

    Mas Warsidi wis sajak ngerti

    iki. Nanging aku kudu tetep nutupi iki!,

    Mengkono batine Maya. Dheweke

    nyoba tetep kuwat kanggo nutupi

    perkarane iku, sanadyan mengko ing

    tembe mburi ya mesthi bakal konangan.

    ***

    Sore iku langit netesake luhe.

    Hawa adhem sing nujes nganti

    sajroneng balung gawe sapa wae ngrasa

    kadhemen. Maya ora luput ngrasa

    kadhemen uga. Hawa adhem iku gawe

    dheweke bola-bali turas neng paturasan.

    Kahanan iku uga disababake gawan

    saka jabang bayine sing wus gedhe.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    108/129

    108

    Maya sing wis ping 4 menyangpaturasan krasa arep turas maneh.

    Dheweke banjur kanthi rikat menyang

    paturasan. Jalaran saka ora ati-ati, Maya

    banjur kepleset ana paturasan. Dheweke

    banjur semaput lan getih mbrebes mili

    nelesi wentise sing putih.

    Ibu...Mas... kula ten pundi

    niki? Maya sing nembe sadhar saka

    semapute sajak ngrasa bingung. Kowe

    ana neng puskesmas Ndhuk, untung

    jabang bayi lan awakku dhewe

    orapapa. Mripate mak Onah mbrebes

    mili netesake eluhe. Warsidi sing wiwit

    mula ngrasa ana sing ora beres mung

    meneng wae. Pasuryane sajak duka

    amarga ngerti yen Maya ngandhut.

    Bu... Mas... kula nyuwun pangapunten.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    109/129

    109

    Kula sampun damel duka penggalih Ibukaliyan Mas Sidi. Nyuwun

    pangapunten.... Ruwangan puskesmas

    papan kanggo ngrumat Maya dadi banjir

    luh. Sidi uga ora bisa ngempet luhe,

    nadyan anggon luhe mbrebes mili ora

    padha derese karo ibu lan adhine.

    Saestu Bu... kula mboten

    nglampahi tumindak ingkang awon,

    kula kepeksa. Wis...wis, Ibu precaya

    kok ndhuk, sing penting saiki kowe

    ndang maria ya? Mesakke jabang bayi

    sing ana neng wetengmu. Mak Onah

    nyoba kanggo nglipur atine Maya.

    ***

    Maya... saiki ngomonga, sapa

    sing dadi bapak saka jabang bayi sing

    ana ing njero wetengmu iku?!, Warsidi

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    110/129

    110

    nakoni Maya sing dilungguhake ingruwang tengah. Mak Onah uga melu

    lungguh neng kana, kejaba Ipul.

    Dheweke isih durung pantes ngerteni

    bab kuwi, banjur sakdurunge nyidang

    Maya, Ipul didhawuhi dolan karo Sidi

    kanthi diwenehi dhuwit kanggo jajan.

    Juragan kula Mas ingkang

    nindakaken sedaya punika. Kula

    dirudapeksa nalika kula tilem.

    Kadadeyan punika lajeng

    dipunbacutaken ngantos kula ngandhut.

    Saestu Mas, kula mboten neka-neka.

    Maya njlentrehake apa sing dialami

    nalika nyambut gawe neng kana.

    Pokoke gelem ora gelem wong

    iku kudu tanggung jawab!. Sampun

    Mas, sampun... sampun ngantos

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    111/129

    111

    ngginakaken emosi. Dikepripunkemawon, piyambakipun tetep bapak

    saking jabang bayi ingkang kula

    andhut. Wis! Cukup! Kowe meneng

    wae. Prekara iki kudu daktataki. Kowe

    kuwi adhiku, meh piye piye kowe tetep

    tanggung jawabku! Ngerti?!. Maya

    mung nangis. Mak Onah sing ana ning

    sandhinge nyikep anak wedoke iku.

    Wis Di... Wis, istigfar... Aja kaya wong

    kesetanen ngono. Mesakke adhimu iki

    lo. Mak Onah nyoba ngeleremake atine

    Sidi sing lagi kobongan gedhe. Mpun

    Bu... pokokipun perkawis punika kula

    kedah cawe-cawe!. Warsidi banjur

    metu saka ngomah ninggalake ibu lan

    adhine wedok sing lagi tangisan ning

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    112/129

    112

    ruwang tengah. Warsidi durung taungamuk nganti kaya mengkono.

    *****

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    113/129

    113

    ~5~

    Sidi dadi malih sipate wiwit

    dheweke ngerti yen adhine wedok sing

    digadhang-gadhang kudu nandhang

    nasib kaya mengkono. Sidi dadi luwih

    meneng karo ibu lan adhi-adhine. Sak

    umur-umur uripe, kadadeyan iku

    minangka kadadeyan sing kapindo sing

    banget nglarani atine.

    Di... wis maem apa durung?,

    mak Onah nakoni Sidi sing lagi wae bali

    dodol. sampun Bu.... Mung iku sing

    diucapake banjur bablas mlebu kamare.

    Mak Onah mung ngelus dada. Dheweke

    ora maido yen Sidi nganti kuciwa kaya

    mengkono jalaran Sidi uga wis melu

    ngupakara adhi-adhine. Nalika semana,

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    114/129

    114

    Sidi lila medhot sekolahe lan banjurdodol mung supaya pawone bisa tetep

    ngebul lan adhi-adhine bisa tetep

    sekolah. Nanging kanyatane, sakwise

    urip kluwargane bisa rada mulya,

    kadadeyan iku malah teka lan ngrusak

    kabehane.

    Bu... ujug-ujug Maya teka

    karo dleweran luhe. Dheweke ngerti

    tingkah polahe Sidi sing kaya mengkono

    mau. Mak Onah banjur ngrengkuh Maya

    lan uga melu nangis. Sing sabar ya

    ndhuk... iki kabeh mesthi ana dalane....

    Inggih Bu, mung kula rumaos lepat.

    Kula sampun damel cuwaning penggalih

    mas Sidi. Nalika semanten kula nekat

    kesah nyambut damel. Maya kanthi

    getun ning atine nyritakake kadadeyan

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    115/129

    115

    mbiyen nalika dheweke arep mangkatning Jakarta. Wis ndhuk... wis, sing

    wis kelakon ya wis, raksah dipikir. Apa

    sing kadadeyan saiki wae sing kudu

    dipikir kanthi sabar lan digoleki carane

    ngrampungi. Wis...wis..ora usah nangis,

    mesakke jabang bayi sing ana ning

    wetengmu.

    Aku kudu menyang Jakarta,

    aku kepengin ngerti kaya apa ta rupane

    wong sing wani misuda adhiku!

    Kakeane tenan!, batine Warsidi. Dina

    esuke dheweke banjur mangkat

    menyang Jakarta tanpa pamit karo ibu

    lan adhi-adhine.

    ***

    Warsidi sing atine kebak emosi

    wis tekan ing Jakarta. Dheweke nelpun

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    116/129

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    117/129

    117

    Dheweke takon mrana-mrene ngantiomah iku kasil katemokake.

    Ooohh dadi iki ta omahe

    bajingan tengik sing wis gawe ajur uripe

    adhiku lan ngrusak kluwargaku.

    Entenanabakl tak obrak-abrik

    kluwargamu!, Warsidi mbatin kaya

    mengkono. Tangane nggegem rapet

    merga gregeten banget atine.

    Wengi iku dheweke nyepakake

    strategi kanggo sesidheman mlebu ana

    njero omahe Arif. Warsidi ngrancang

    kabehane kanthi remit, amarga dheweke

    uga sadhar yen omah iku dijaga karo

    satpam-satpam. Omah iku uga

    dikupengi dening tembok kang pucuke

    diwenehi pecahan beling.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    118/129

    118

    Rancangan strategi kanggomlebu omahe Arif wis dimantebake.

    Warsidi enggal cepak-cepak saprelu

    mlebu omah iku kanthi sesidheman.

    Wengi tansaya wengi, hawa

    adhem gawe satpam-satpam sing jaga

    wiwit ngantuk, nganti ora sengaja

    satpam-satpam iku akhire padha turu.

    Warsidi sing wis ana ngarep omah mung

    mesem. Hahaha satpam kok padha

    gemblung-gemblung. Ngene iki dadi

    gampang banget ta nggonku mlebu.

    Satpam-satpam sing keturon iku banjur

    dikepruk dening Warsidi saengga

    kekarone saiki ora mung turu, nanging

    semaput ana njero pos.

    Ora wetara suwe Warsidi wis

    kasil mlebu ana ngomah kanthi gancar.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    119/129

    119

    Dheweke banjur kanthi alon-alon golekiana ngendi wong sing wis gawe atine

    muntab iku turu.

    Warsidi kasil nemokake kamare

    Arif. Nalika mlebu kamar iku dheweke

    kaget. Warsidi kaget amarga weruh

    wanita sing dadi gulinge pawongan sing

    wis ngrudapeksa adhine iku jebule Tika,

    wong ayu sing mbiyen dadi pepujaning

    atine. Atine Warsidi tansaya ajur

    mumur, merga tekan seprene dheweke

    isih tresna marang Tika.

    Mbok menawa setan-setan sing

    maune wis akeh dadi tansaya akeh

    ngebaki utege Sidi. Warsidi dadi kalap.

    Arif sing lagi enak-enak turu kelon karo

    Tika banjur ditarik saka kasur banjur

    digitik nganggo gebugan sing wis

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    120/129

    120

    dicepakake dheweke. Arif banjursempoyongan.

    Tika sing dadi gulinge Arif

    njenggirat lan banjur bengok-bengok

    njaluk tulung. Bengoke Tika iku ora

    keprungu dening mbak Surti sing lagi

    turu, apa maneh dening satpam-satpam

    sing lagi semaput, jalaran saka gedhene

    omahe Sidi lan uga kamar iku rada

    kedhap swara.

    Tika sing kesel bengak-bengok

    wusanane mung meneng karo nangis.

    Mas Sidi! Kenangapa kowe tega

    nglakoni iki?!!!. Warsidi mung meneng

    karo mbanda tangan lan sikile Arif.

    Lambene Arif uga ditutup nganggo

    lakban.

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    121/129

    121

    Ngertia ya Tik! Bojomu iki wisngrudapeksa adhiku!. Dheweke uga wis

    gawe remuk atiku. Uripku ajur gara-gara

    dheweke iku ana ing donya iki!. Tika

    kaget krungu kandhane Sidi. Hah?! Aja

    mung waton ngomong kowe Mas!.

    Kowe ngerti kenangapa Maya

    dumadakan mandheg nyambut gawe ana

    kene?! Ha?! Ngerti ora?! Ya kuwi

    merga dheweke meteng! Meteng anake

    bajingan siji iki!. Warsidi ngomong

    kaya mengkono kanthi ndunding-

    nduding Arif. Lakban sing nutupi

    lambene Arif banjur dibukak.

    Heh bajingan! Ngomonga

    marang bojomu iki! Critakna kadadeyan

    sing saktenane! Cepet!, Warsidi meksa

    Arif kanggo crita kanthi ngeplaki pipi

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    122/129

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    123/129

    123

    dheweke arep dirudapeksa deningpreman-preman kancane Joni.

    Klambi turune Tika banjur padha

    diloroti dening Warsidi nganti kahanane

    Tika wis ora ana bedane karo kahanane

    Sidi sing kaya wong kesetanen. Awake

    Tika sing lagi ngandhut gawe Sidi

    tansaya semangat ngrudapeksa Tika.

    Wengi iku Warsidi wis ora ana bedane

    karo Joni lan kanca-kanca premane

    mbiyen. Kepara Warsidi malah luwih

    parah nglakoni tumindak nistha iku

    tinimbang Joni lan kanca-kancane

    mbiyen. Kringete Sidi lan Tika nyawiji

    ing ndhuwur kasur iku lan ana ngarepe

    Arif. Arif mung nangis nyawang

    kahanan iku. Tika uga melu nangis,

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    124/129

    124

    nanging dheweke uga ora bisa nyelakikepenake nglakoni tumindak iku.

    Sakwise rampung anggone

    ngrudapeksa Tika, Warsidi mudhun

    saka ndhuwur kasur. Klambine sing mau

    dicopoti banjur dienggo. Tika isih

    keweden. Dheweke mung lungguh

    njigruk neng pojokan kasur kanthi

    nangis sesenggukan lan nutupi awake

    nganggo kemul sing maune kanggo

    kemulan dheweke lan Arif nalika turu

    mau. hahaha piye rasane atimu Rif

    ndelok bojomu tak rudapeksa? Ngertia

    ya, bojomu nadyan wis tau koktumpaki

    nyatane ya isih penak ya? Manteb!

    Hahaha. Lakban sing nutupi lambene

    Arif dibukak meneh dening Sidi.

    cuhhh!!! Keparat!!! Banci kowe!!!,

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    125/129

    125

    Arif ngidoni raine Sidi. Apa singditindakake Arif gawe emosine Sidi

    tansaya ndadi. Warsidi banjur njupuk

    peso sing uga wis dicepakake ana

    kanthonge, Mati kowe!!!.

    Tika ora bisa kedhep mripate

    ndelok kadadeyan iku. Dhadha kiwane

    Arif ditujes nganggo peso dening

    Warsidi. Arif sing wis gubras getih mati

    sanalika uga amarga sing ditujes pas

    kena jantunge. Mas Ariiiiiiffff!!!

    bengoke Tika banter banget. Dheweke

    banjur mudhun saka kasur ngekep

    jisime Arif sing gubras getih. Tega ya

    kowe Mas! Aku ora nyana yen kowe

    jebule wengise kaya ngene! Bajingan!

    Tika nyedhaki Warsidi lan nggebuki

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    126/129

    126

    priya iku. Sidi mung meneng, nglilakakeawake digebugi Tika.

    Satpam-satpam lan mbak Surti

    sing maune semaput lan lagi turu banjur

    padha teka. Wong-wong kuwi uga

    padha kaget ngerti kahanan iku. Satpam-

    satpam omahe Arif banjur enggal nyekel

    Warsidi lan nggawa priya iku ning

    kantor pulisi. Warsidi mung manut wae.

    Tika sakdurunge aku lunga, aku arep

    ngomong. Satemene aku isih tresna

    banget karo sliramu. Tresnaku ora suda

    nadyan mung sethithik. Wisayo,

    raksah kakean omong! Bajingan!,

    satpam-satpam iku banjur nggawa

    Warsidi menyang kantor pulisi.

    ***

  • 8/9/2019 E-Book Novel Jawa "Sumingkir"

    127/129

    127

    Assalamualaikum Buuu,Yaaa Mayaaa, mbak Surti teka lan

    mlebu omah kanthi gupuh.

    Walaikumsalam ana apa ta Mbak?,

    pitakone Maya. Anu May Mas Sidi.

    Mas Sidi? Mas Sidi kenapa Mbak?,

    pitakone Maya sing sajak kuwatir.

    Anu Mas Sidi ditahan ning kantor

    pulisi, ning Jakarta kana. Loh? Kok

    isa Mbak?, Ana apa ta iki?, Mak

    Onah dumad