tembung rinengga>saloka

Post on 20-Jul-2015

191 views 12 download

Transcript of tembung rinengga>saloka

Kelompok 5 :

Adhitya Eko Saputra (01)

Dewi Inne K. (12)

Famillya Yuni P. (14)

Lilis Tirta W. S (20)

Milenia Rosyi D.M (18)

SMA NEGERI 1 NGAWI

TAHUN PELAJARAN 2014 / 2015

SALOKA

Tegese : Unen-unen kang

racikane gumathok,nduweni

teges tartamtu lan lumrahe

teges entar,mligine kanggo

nyemoni.

Arep jamure emoh watange

Gelem kepenake ora gelem

rekasane

Milih-milih tebu boleng

Kakean pilihan, wusanane entuk seng ora

becik

Nglungguhi klasa gumelar

Kari nemu penake, tanpa melu

rekasane

Tekek mati ing ulane

Nemoni cilaka amarga saka guneme

dewe

Yuyu rumpung mbarong ronge

Omahe njenggarang nanging sejatine

mlarat

Iwak kelebu ing wuwu

Kena apus sarana gampang banget

Mbidhung api rowang

Ethok-ethok mitulungi, nanging sejatine ngrusuhi

Cethok gawel

Ora diajak rembugan, nanging melu-melu ngrembug

Diwenehi ati ngrogoh rempela

Nyuwun, wis di paring saithik, ndadak nyuwun akeh

Gawe kulangan , ngurugi luwangan

Golek utangan mung perlu kanggo nyaur utang

Kadang konang

Ngakoni sedulur mung karo seng sugih-sugih

Kebat kliwat gancang pincang

Tumindhak sarwa kesusu

Kendel nyringkel, dhadhag ora godag

Ngakune (kathone) kendel lan pinter, jebule jirih tur bodho

Kencana wathon wrangka

Senajan bagus utawa ayu, tetep ora di tresnani

Keplok ora tombok

Melu seneng-seneng nanging ora melu muncul wragad

Kocak tandha lukak

Akeh omonge tandha kurang kwaruhe

Meneng widoro uleran

Wong kang laire katon anteng, nanging tibake

ala atine

Menthung koja kena sambagine

Rumangsane ngapusi nanging sejatine malah

kapusan

Tulung menthung

Katone tetulung, nanging sejatine malah

nyusahake

Ora ganja ora unus

Wong kang ala rupane uga ala atine