WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar...

44
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 1 www.alangalangkumitir.wordpress.com WEWARAHING KYAI RASAJATI P U R W A K A Wewarah ingkang kaanggit punika mujudaken pepacuh menggah jatining agesang. Ing pangajab, sageda dados piwucal ingkang migunani tumrap anak-putu, sumrambah dhateng sok sintena ingkang kepingin memetri pitedahing para leluhur. Menawi katindakaken, istingarah gesang punika anggadhahi wewaton lan paugeran ingkang tumuju dhumateng kayuwanan. Jlèntrèhing wewarah rinumpaka ing Sekar Macapat. Déné uruting pupuh boten miturut tataran, namung awewaton krenteg saha sreging manah. Kirang gaduking pangertosan menggahing basa lan budaya Jawi, mahanani kithal saha kirang runtuting ukara. Mugi wonten pigunanipun. Kaanggit ing Jakarta Pungkasaning taun 1995 Rasajati M I J I L 1. Mijil saking jro telenging kalbi Rasajati ingong Nilar rupeking buwana ramé Miyak rudatin lebeting batin Wineca king gaib Ngudhar wangsityèku 2. Hangga aking nilingken Hyang Widi Krasa lamun bodho Jibeg bebeg ati kang mangkéné Nanging paksa mèt kapti kang hening Murih waged nampi Lumunturing wahyu 3. Rasajati ngulir sagung budi Datan kena mopo Pan manungsa pinasti ing tembé Lamun datan luwèh ing pamisik Wedharing pangerti Gumragèh ginayuh 4. Kayektèn ginelar Rasajati Tan samar ing batos Lumintir kadi tumètèsing wé Paring wuruk mring kang ngorong nampi Kadya kang jinarwi Dhandhanggendhis nèku

Transcript of WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar...

Page 1: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com

WEWARAHING KYAI RASAJATI

P U R W A K A

Wewarah ingkang kaanggit punika mujudaken pepacuh menggah jatining agesang. Ing pangajab, sageda dados piwucal ingkang migunani tumrap anak-putu, sumrambah dhateng sok sintena ingkang kepingin memetri pitedahing para leluhur. Menawi katindakaken, istingarah gesang punika anggadhahi wewaton lan paugeran ingkang tumuju dhumateng kayuwanan. Jlèntrèhing wewarah rinumpaka ing Sekar Macapat. Déné uruting pupuh boten miturut tataran, namung awewaton krenteg saha sreging manah. Kirang gaduking pangertosan menggahing basa lan budaya Jawi, mahanani kithal saha kirang runtuting ukara. Mugi wonten pigunanipun. Kaanggit ing Jakarta Pungkasaning taun 1995

Rasajati

M I J I L 1. Mijil saking jro telenging kalbi

Rasajati ingong Nilar rupeking buwana ramé Miyak rudatin lebeting batin Wineca king gaib Ngudhar wangsityèku

2. Hangga aking nilingken Hyang Widi Krasa lamun bodho Jibeg bebeg ati kang mangkéné Nanging paksa mèt kapti kang hening Murih waged nampi Lumunturing wahyu

3. Rasajati ngulir sagung budi Datan kena mopo Pan manungsa pinasti ing tembé Lamun datan luwèh ing pamisik Wedharing pangerti Gumragèh ginayuh

4. Kayektèn ginelar Rasajati Tan samar ing batos Lumintir kadi tumètèsing wé Paring wuruk mring kang ngorong nampi Kadya kang jinarwi Dhandhanggendhis nèku

Page 2: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 2

www.alangalangkumitir.wordpress.com

DHANDHANGGULA 5. Kawignyané wong urip puniki

Yèn datan wruh sapuluh prakara Nistha kuciwa dadiné Dhihin karem ing ngèlmu Kaping kalih bisa njinarwi Ping tiga bisa maca Mring lampahing kayun Catur tanggap maring rasa Panca laku kang aris lawan patitis Sat sarèh lan samadya

6. Sapta tuhu uning mangénjali Astha brata tarak durlaksana Tebih saking lampah séjé Dé kaping nawanipun Olah suksma bekti mring Gusti Asih maring sasama Kamot jroning kalbu Dasa pasrah myang sumarah Pepesthèné ingkang pinanci Hyang Widhi Patitis ing kamuksan

7. Mangkya kiyé babaring pamardi Kang jinarwa nut gaduking nala Ngèsthi ana pigunané Karem ngèlmu puniku Ibaraté sangsam kang salit Ngupaya toya gesang Datan kendhatipun Dyan kudu minggaha arda Tumuruna mring jurang paparang curi Tetep dipun upaya

8. Ngèlmu iku ngemot rong prakawis Datan kena pinisah-pisaha Saking siji lan sijiné Pratama nami ilmu Kanthi jarwa sarwi pangerti Mring sagung kasunyatan Sempuluring umur Minangka sanguning lana Lelananing wong urip ing alam mangkin Ywa nganti tan jinangka

9. Nadyan akèh wong mastani pingging Kanthi ilmu èsem kang katartya Nora gampang kabrangasé Dé darbya sangu cukup Kanggé olah lakuning dhiri Isarating agesang Datan badhé wurung

Page 3: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 3

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pan ginayuh samangsanya Dèn butuhken nora bakal nguciwani Temah ayem ing driya

10. Boten namung kasunyatan èlmi Nanging nenggih wruh jatining sila Trapsilaning titah dhaté Ngerti tataning laku Lelakoné kang sarwi perti Permati datan gampang Kapéncut ing semu Giri-godha mawa wisa Wisunané wasana ambabar tuni Keduwung nora guna

11. Yekti sanggya tumitah sadyèki Pinaringan warah kang utama Endi bener lan luputé Ing salebeting kalbu Temah bisa sinaring sami Tan meleng mring kang ala Miling myang kang luhur Leluhuring bebudènnya Dèn leluri temahan manggih basuki Ngerti nering Hyang Suksma

12. Bebener kang sirik tindak juti Hyang Ma Agung wus amaringana Ya ing lathinira kiyé Tan cukup mung ingemut Nanging swawi dèn udanèni Supaya tinuturna Mring kang tindak luput Ywa ajrih sung pariwara Wiwarané bebener wiwit ing nguni Nulad maring Hyang Suksma

13. Kawruh mungguh bab bebener ugi Rinaketken jroning angganira Supaya glis kalairé Mung muni nora cukup Lamun datan bisa nglampahi Ywa kongsi kadya ditya Tan wruh rasa saru Surasané sarak rasa Datan nganggo rinasa-rasa kaèsthi Pan dadi kadhodhoran

14. Pan lakunira sadarum iki Hyang Suksma mesthi datan kèweran Ana ing ngendi jluntrungé

Page 4: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 4

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Kang iku sembah kalbu Nenalesi kèhing semèdi Wutuhing pancadriya Geleng gilig sèstu Mung meleng lenging Hanindha Sagung karya pinisungsung mring Hyang Widi Mrih mulyaning asmaNya

15. Kapindhoné kang winastan ngèlmi Iku nyakep trap ing lakunira Tan mandheg ing pangertosé Kanthi ilmu karuhun Jalma kudu bisa métani Endi laku kang nistha Miwah kang tan patut Siningkirana sadaya Kang piniji prakara kang bener kaki Trep traping rèh sampurna

16. Lamun sira, wruh jatining hagni Awewatak panas lir baskara Iya mangkono wujudé Yèn dèn gunakken cukup Kagunané pan munpangati Lamun kaladuk ndadra Mrabawani layu Ya mangkono ilmunira Ingecakna jumbuh klawan butuhrèki Empan papan samadya

17. Ngèlmu bener pepindhané rukmi Yèn binesot ngungkuli salaka Saya katon prabawané Déné cak-cakanipun Sineksènan sagung sujalmi Dadi tepa tuladha Ing salampahipun Dyan tan golèk pangastawa Prastawané sumunar-sunar madhangi Tumus harjaning janma

18. Ilmu uga nyakup kang puniki Uninga sangkan-paraning jalma Tan liya mung Pangérané Kang iku mung mituhu Sembah raga suksma myang ati Kanthi srah lan sumarah Sembah sujudipun Datan nyingkur pangwasa-Nya Kanthi setya ngabekti kang Maha Suci Kang ngruwat dosanira

Page 5: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 5

www.alangalangkumitir.wordpress.com

19. Pan tumanduk winedhar sadyèki

Tresna-asih gung sapadha-padha Tan mbédakaken jejeré Dyan janma sudra pilu Ingaosan jatining dhiri Ywa tiningalan ina Kawontenanipun Awit ing ngarsèng Hyang Murba Sagung titah kalenggahanira sami Minangka citraning Hyang

20. Lamun sira nggatosken kang alit Akekucah tetulung myang welas Teges bekti mring Gustiné Wit Pangéran Ma Agung Ngéjawantah manuswa tuni Marepegi andika nDadar bektinipun Ingkang lulus tresnanira Pinaringan wewengan kaswargan jati Pan uripé tan siya

21. Ngèlmu sangkan paraning dumadi Cihnanira wruhanta kang tata Nembah budi lan batiné Tan tambuh kang tinuju Amung Gusti Kang Murbèng Bumi Ilang sumlanging rasa Wus lebur satuhu Pepesthèné wus katata Pecat raga bali mring Kang Maha Suci Tan kena sumelanga

22. Ya mangkono udharing kang ngèlmi Dadya dilah pepadhanging rasa Rasanta nggayuh banjuré Sang Rasajati muwus Mbabar nalar kanggo njarwani Ngèlmu ingkang jinarwa Iku tegesipun Nora mung manjing pribadya Nanging uga tinular tumrap sasami Kinanthi kautaman

K I N A N T H I

23. Ngèlmi jinarwi puniku Sasarengan olah kardi

Page 6: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 6

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pakaryaning bangsa makna Maknané dipun udhari Tinandur thukul ngrembaka Tundhoné dadya basuki

24. Piguna padhanirèku Lamun dèn tuturna kaki Winulangken gung sujalma Panjalmaning Suksma Jati Kang tinitah dadya duta Dinuta lampah tetèki

25. Wedharing ngèlmu satuhu Sinartan meneping ati Tinutur kanthi tuladha Waskitha wisiking gaib Dadi paran pitakonan Wèh resep mring sapadhèki

26. Nadyan tan rumangsa unggul

Ngungkuli kèhing sesami Nanging marga olah rasa Rasajati wèh pawerti Rasanta antuk nugraha Nugrahanirèng Hyang Widi

27. Mbabar pangerti puniku

Tan kanthi durgamèng dhiri Mung mirid wisiking suksma Suksmané menep ing sepi Tan nyahak mring kang Ma Kwasa Nilingken karsaning Widi

28. Nora namung manut umur Nanging meneping tyasrèki Nebihi hardaning hawa Tundhoné waskithèng gati Pinareng sihing Bathara Mulat kang sinengker sami

29. Nanging lamun tansah ngugung Pepénginan daging kaki Tyas tinutup ing ruhara Tan wruh pituduh sayekti Apa manèh mbabar jarwa Mokal kalamun kuwawi

30. Rasajati legeg lamun Ciptané pan dèn udhari Yekti tebih wangenira Mbabar sengkeraning Widi Rumasa yèn tan gaduka Prandéné mosik ing ati

31. Wisiking Hyang marang ulun

Page 7: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 7

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Tan padha ciptanirèki Klawan ciptaning-Sun iya Lir bumi kalawan langit Kadya kulon klawan wétan Mokal kalamun pinanggih

32. Nanging Rasajati luhung Sira tumungkul ing bumi Ywa alit ing manahira Mara Sun paring pangerti Wacanen Kitab Waluya Bakal ntuk ngèlmu jinarwi

33. Mula dhuh sasaminingsun Jarwané ngèlmu sayekti Mung pinanggya anèng sabda Sabdané Kang Maha Suci Pan iku tinlatènana Supayantuk werdi jati

34. Lumintir lir tèsing ranu Lumintu tan kendhat yekti Madya lelananing rasa Rumesep asepé nuli Gya winedhar jroning nala Dadya wruh dununging kikis

35. Aywa kendhat dipun luru Nenuwun ing siyang-ratri Pinaringan kasagedan nJinarwa karsèng Hyang Widi Dyan sapangu gesangira Piguna harjaning jalmi

36. Rasajati gya tumungkul Rumangsa mlarating budi Krenteg nggenturken tapanya Dyan émut ringkihing dhiri Pangajab mbirat papanya Nggambuh nugrahaning Widi

G A M B U H

37. Maca lampahing kayun Aywa namung kayungyun ing tembung Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu Pan ngerti sajroning batos

38. Tan samar ing sasamun

Page 8: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 8

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Nadyanta tan kalair ing wuwus Wasis mawas sabarang kahanan jati Waskithèng wataking diyu Sumirih miwah waspaos

39. Yèn kalépyan ing kalbu Datan awas waspadèng pandulu Bisa klèru kalimput ing alam lungit Lelakoné dadi buntu Katilar larasing raos

40. Ing madyaning sasrawung Kudu tanggap ilapating semu Pasemoné prakara ingkang siningid Dyan tan makna ing pandulu Dineleng telenging batos

41. Wong kang tumindak luput Sesiliban sisipé linimput Nanging baya tan bangkit ngumpetken wadi Jro panon poladanipun Tan wurung mesthi kawaos

42. Mangkono laku apus

Nora makna lamun adu burus Barang barès ginawé angèl kepati Datanpa meneping kalbu Mokal lamun bisa maos

43. Manah meneng satuhu Eneng-ening kadidéné wiku Pranyanané landhep tanggap lampah lamis Lamun dèn anggepa cubluk Dèn blithuk tetep rekaos

44. Ywa peteng ing pandulu Mawas réka rerékaning satru Satrunira tan liya laksana juti Tilar kawignyan pan lampus Winastan uripé kawon

45. Tumindak datan amung Ngegungaken apa kang kabujung Wusanané nglirwakken kayektèn jati Tan maca kahananipun Begja-begjané ketanggor

46. Wewéka aywa samun Tinalesan driya ingkang yutun Dhéngah lampah tinimbang-timbang sayekti Maca kahanan dèn gupuh Jumangkah pan sarwi maton

Page 9: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 9

www.alangalangkumitir.wordpress.com

47. Grusa-grusu puniku

Paribasan nyaketken bebendu Bebenduné badan-suksma datan kèri Mrana-mréné sarwa klèru Kléléran saenggon-enggon

48. Limpad maca satuhu Tan winates kang bisa dinulu Kasasaban samubarang sarwa sisip Tundhoné tan wruh ing gati Kang pinaringken Hyang Manon

49. Sagung hawa tinutup Namung suksma ening ciptanipun Mahas neges mangekes maring Hyang Widi Supayantuk rèh kang puput Pinaringan weruh ingong

50. Yèn wus dugi neripun Tumaratas rèh sepi asamun Suksma kéntar buntas tatas tanpa tepi Ngriku wisiking Pukulun Winedhar sajroning raos

51. Datan rumaos apun Amangerti sanggya karsanipun Mung sadrema sapira ingkang piniji Ingkang badhé dados wujud Sinélakana rekaos

52. Lamun pesthinirèku Sagung jalmi mung kudu mituhu Anampèni kalawan tulusing ati Luhung ngaturna panuwun Dé paring wedhar wigatos

53. Begjané wong kang ngluru Nratas sepi nora karem turu Kanthi resik uripé dipun prasudi Saka karsané Pukulun Pan kepareng bisa maos

54. Poma ingkang tuwajuh

Karsaning Hyang kupiya ginayuh Nanging éling ywa nganti marlupèng dhiri Yèn keblasuk dadi umuk Tan wurung dadi geguyon

55. Milaur kanthi tekun

Anggegulang ngrèh lampahing kayun

Page 10: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 10

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Jinumbuhna kalawan karsaning Gusti Nora mbadal dhawuhipun Manah ngenut kang sayektos

56. Aja nganti keladuk

Ngangah-angah nggapé kang tan gaduk Néka-néka ngreréka wangsitirèki Ketapang angrangsang gunung Ngantya kiamat tan jégos

57. Luhung manah tumungkul Srah sumarah pepesthèn kang thukul Pepindhané trawaca nrawang wiyati Abyoring lintang kadulu Wijanging nalar tan éwoh

58. Nyegah tutur kalantur Lantip nggraita kahanan kuwur Idhep-idhep sembur adas saupami Kaèsthi pigunanipun Kasmaran uger kang maton

A S M A R A N D A N A

59. Tanggap raos jarwinèki Bisa krasa lan rumangsa Pangertos datan talompé Mring jatinira pribadya Miwah sapadha-padha Sumrambah titah sadarum Lan saisiné buwana

60. Aja sira kumawasis Dyan wus tebih lampahira Ngudi èlmi pangertiné Awit isih ana liya Kang mesthi ngungkulana Lir wiyati èmperipun Tanpa wangenan inggilnya

61. Wong umbag kang lumuh aris Tansah rumangsa yèn bisa Sabarang kardi ingembé Nging datan bisa rumangsa Mung samenir kawruhnya Sesongaran sarwi umuk Kaya-kaya mrantasana

62. Lamun tumanduk ing gati Briga-brigi nora pana

Page 11: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 11

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Seserepanira kiyé Kikuk-kidhung kang linakya Nora sumbut gunemnya Wusana jugar tan rampung Wirang mungguh rinasakna

63. Wruhanta manah kang pingging

Rasa isin datan darbya Mung tembung wah pangudiné Dyan nora panggah ing karya Parandéné jumawa Tansah nggrangsang ciptanipun Ngangah-angah kadya ditya

64. Jalma kang tanpa pangerti Tan naker kabisanira Adu wani piandelé Datan tanggap maring rasa Kang wèh wruh tatarannya Nunjang-palang tindakipun Numbuk-bentus nora tata

65. Mangkya jana sarjanadi Mulat dhiri tan durgama Ninggal sagung sembranané Mulur sempulur pangrasa Rasané sanggya rasa Sinipat jejering kayun Titis tetes temah tatas

66. Rèhing rasa dèn resepi Nora samar werdining mar Marmané binabar kiyé Éndah èdi lir kartika Rinimat ing Hyang Suksma Mbabar waskithaning wiku Wikan jatining priyangga

67. Waskitha jatining dhiri Empan papan tumindaknya Éling wewates ugeré Nilingken sagung wewarah Pituduh myang pranatan Sirik cidra arsa unggul Nir sedya ala rinipta

68. Rasa suka dèn watesi Mekak hawa aywa ngrebda Sesukan mung sakadaré Gampang gumun siningkiran Jer kabèh mung sandhangan

Page 12: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 12

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Datan langgeng wontenipun Abyor sakedhap gya muspra

69. Lamun tan waskithèng kalbi Rasanta gampil kagodha Kayungyun ing kasukané Temah lupa sarak tata Angger-ugering gesang Kapéncut myang kapiluyu Éndah-èdining dursila

70. Tundhoné dumugèng lalis Getun keduwung pan siya Siku dhendha pinanggihé Papa cintraka kalakya Sinandhang ing jiwangga Apan émut wus kebacut Katrucut tekaning laya

71. Begja janma kang patitis Ngrucat pepénginanira Sirik nerak sarak siré Tanggap lamun samudaya Tan langgeng ing kahana Sawatara pan wus kukut Gung kasukan sakeplasan

72. Rasa dhuhkita myang branti Aywa kalantur ginarba Sedyanta marlupèng raté Angur pinupus samadya Jasad ywa nandhang roga Tinalesan manah mulung Ing pepesthèning Bathara

73. Mulata maring sasami Sadarum titahing Indra Ingaosana jejeré Ywa nganti mawang sandhangan Kang sipat kalairan Nging dugèng jatining manu Manuswa ingkang sanyata

74. Kathah-kathahing pamanggih Pandulu sulap mring gebyar Tata lair tetalesé Ngajèni maring pepadha Nora tumus jro nala Kalenggahan bandha bandhu Kang minangka takerannya

Page 13: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 13

www.alangalangkumitir.wordpress.com

75. Sinten ingkang darbé aji

Yèku kang mompyor wiraga Éndah èdi busanané Dyan awewatak raseksa Brukut linimput samya Laksita pindha priyagung Sangar mrabawa anggepnya

76. Kathah ingkang datan ngèksi Jejer jatining manuswa Mung kayungyun lelamisé Sulap gebyar kang katartya Temah klèntu nalarnya Wong pengung malah ginunggung Pinuji kadya brahmana

77. Balik janma sudra kaki Asring datan pinétangna Kanggep tan makna anané Aja manèh ingaosan Dèn paèlu pan nora Pinanggya mbuwang pandulu Sungkan lamun ningalana

78. Dyan suci atinirèki Nging tan rinengga busana Kadonyan drajat pangkaté Sapa baya arsa nyapa Wah malih anilingna Mring tutur ingkang winuwus Pinusus lésus pan muspra

79. Dé kang tanggap rasajati Tan meleng mring barang makna Kasilep tata lairé Nanging nilingken pranyata Reseping pariwara Wewarah agung kalangkung Nadyan winedhar ing sudra

80. Tan mawang janmanirèki Nora nisihken sapadha Nging ngaosi pamerdiné Dyan mijil lathining ina Lamun gwah ing wewarah Tinilingaken satuhu Dadya cecalaning lana

81. Ywa ngembé padhanirèki

Page 14: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 14

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Janma tan kena ingina Tinitah nut pepancèné Ajènana lir Hyang Suksma Supayantuk nugraha Tinebih manah adigung Andhap-asor lembah nala

82. Raos asih myang premati Sumrambah sagung tumitah Rinumat mrih lestariné Samukawis jro bawana Wus patitis tinata Pangwasané Hyang Ma Agung Rumeksa kanthi samekta

83. Mula hèh titahing Widi Aywa nuruti angkara Mbujung senengira kiyé Nging nglirwakaken pranata Mung mburu rèh hardanta Nilar waskithaning kalbu Supé wisiking Hyang Suksma

84. Rasajati wèh pawerti Myang sujanma kang rumangsa Butuh wruh mring kajatiné Murih tumanggap ing rasa Rasanta mèt raharja Raharjaning sanggya manu Nurutana nering rasa

85. Neping rasa kang kaèsthi Tan kabranang watak murka Nora rongèh pangrasané Anteng manekung jatmika Temah tanggap sasmita Dyan ringkih pinaring surup Mungguh werdi kang utama

86. Sarpa kresna sekul gurih

Wreksa rekta pahit wohnya Namung semanten gaduké Lamun tan tebih tebanya Ywa maoni kéwala Pupus asem tibèng laku Sinom jumangkahing lana

S I N O M

Page 15: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 15

www.alangalangkumitir.wordpress.com

87. Patitising lakunira Waskithèng lampahirèki Samubarang pinikirna Tan grusa-grusu sayekti Tinimbang kang taliti Tumindak tan kumawantun Angger purun lan sagah Tan wurung wekasan tuni Mangka getun keduwung nora piguna

88. Lamun sira darbya sedya Ywa kadereng hardanèki Lumuh aglis kalakyanta Lupa daksina myang paksi Tan wruh jantraning margi Ngangsa lir wataking diyu Luhung ris linimbanga Mirid kaoting tyasrèki Jinumbuhna klawan sanggya kawikanta

89. Poma praya sabar drana Antèr pamikir sayekti Sélak kabrananging rana Paribaya dèn adhepi Kanthi sarèh premati Tan mingkuh kèhing pakéwuh Nyidhem mulading rudra Waspaos sajroning kapti Sanggya gati tinuntas kanthi waskitha

90. Lantip ngudhari ruhara Nyimpang sawarnining sisip Pramana milah prakara Tan worsuh cinampur sami Wijang jroning pambudi Dèn lusi lir lawé kusut Ingijir temah cetha Gampil rampung kanthi rampit Sanggya karya tan bingung mbebidhung nala

91. Miyat paékaning liyan Nora kadereng ing kingkin Lir mulat lèsing warastra Waspaos graitèng budi Tumindak ngati-ati Ywa gampil pracayèng rungrum Pranyana dèn landhepna Dimèn trawaca ing gati Temah titis luput saking sandi kala

Page 16: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 16

www.alangalangkumitir.wordpress.com

92. Aywa ngrèmèhken sasama Drajat semat donya arti Kabisan wah kagunannya Myang agal-alusing budi Angèl yèn dèn jajagi Sring nyolong pethèk sadarum Luhung yèn dèn anggepa Samukawis anglangkungi Luwih begja tan kecélik ing panduga

93. Watak umbag sesongaran Rumaos wasis nglangkungi Angandelken kagunannya Miwah jajaging pangerti Tan ana kang madhani Manèh lubèr bandha-bandhu Wuwuh éring pangwasa Digang adigung ing budi Solah bawa pamurih ingalembana

94. Béda prabawèng satriya Ngleluri darmaning aji Mekak dhiri olah rasa Primpen kawruh dèn simpeni Siningid rasajati Unggul tan kraos pinunjul Ywa pamèr kabisannya Andhap-asor trus ing ati Sanggya gati tan sélak dipun rampungna

95. Pribadyèng satriya tama Sirik mbujung pangastuti Datan serik dipun ina Bingah winada sesami Tan susah dèn waoni Adreng ngudi budi luhur Asih maring sesama Tan males manah kang sengit Ngrucat donya meleng maring rèh sampurna

96. Lampah aris paramarta Sarèh tumanduking sami Datan sawiyah deksura Ngrèmèhken titahing Widi Nungkulken ingkang alit

Page 17: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 17

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Nanging ngajèni sadarum Mimpang datan ngasorna Pikolèh tan damel tuni Dipun gega tan mawi dipun telukna

97. Lès aris rinengga basa Tan karya runtik ing kapti Raras pinireng ing karna Tumus rumesep waradin Mrak ati amranani Tinilingken wèh tyasarju Adhem trusing wardaya Nyidhem brahala pan bangkit Tumamanya karya basuki raharja

98. Kalamun dadya pangarsa Pangandikan pan jinagi Ywa gampil ngumbar kamurkan Tembung ladak dèn singkiri Tan wengis waton muni Natoni manah sadarum Andhahan jinemalan Nanem wiji nabet ati Becik lamun ririh araras nengsemna

99. Mring dasih suka tuladha Tindak-tanduk sarwi manis Titis pangangkah utama Kinèn dinadya palupi Tinulat pan mranani Nora mung kakèhan wuwus Ngegungken panguwasa Salir préntah kudu dadi Kumalungkung edir deksura daksiya

100. Pan kawula tindak lupa Ingélingken kanthi aris Bramantya dipun leremna Poma aywa ngumbar hagni Ngalad-alad ambesmi Luhung wèh reseping tutur Bebener tinuduhna Pepèngeté sinartan sih Tan akarya runtik jro tyasing pra amba

101. Kalamun dadya andhahan

Page 18: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 18

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Waged mapanaken dhiri Weruh ing rèh myang pranatan Tan trunyak-trunyuk nglingsemi Nging manis amrak-ati Kinasih maring priyagung Setya dhateng bebahan Marmané dèn pitadosi Pinitaya tinresnan déning bendara

102. Tumindak kang nuju prana Tulus dènnya anglampahi Nora mung lamis kéwala Sapawingking ngiwi-iwi Batos ngrantam bilahi Ngrerancang pakaryan slingkuh Anganggit tembung dora Kala jiret kang cinawis Neniwasi kadya upasing taksaka

103. Poma sanggya pakaryanta Tinalesan niat suci Titis tetes ukaranta Trus dugèng telenging kalbi Kadereng sir kang resik Jujur tinanem sempulur Éklas lila legawa Nggresula pan dèn tebihi Wani ngampah pawekasan nemu bungah

104. Kasaénan tan pinétang Potang tumraping sesami Nging linampah kanthi bingah Inganggep kadarman jati Kang kudu dèn ugemi Pangalem nora binuru Karya saé sedyanta Sumrambah dhateng sadyèki Lenging nala tan liya mung paramarta

105. Watak lamis tinebihna

Sinanantunan burus yekti Satuhu ingkang kawarna Wardayanta pindha rukmi Nora betah sengadi Bebener ingkang binujung Lir nuring sasadara Jro peteng padhang nelahi

Page 19: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 19

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Suka tuduh tumrap kang nalisir marga

106. Katemenan dèn udiya Pinracaya sagung janmi Makarya tinales setya Kajibah tamtu tinampi Sanggèn tan dèn sélaki Suthik cidra colong playu Milaur tinombokna Misungsung dhiri pribadi Ya mangkono watak-wantuning satriya

107. Mangkono werdi sanyata

Patitising lampahrèki Nyingkirken sagung ruhara Kang damel dhuhkitèng kalbi Sirna dhedheting ratri Gantya pepajar winantu Rumantya ri pirena Karenan rahajeng nuli Sanggya lapa siningkur tinilar samya

P A N G K U R

108. Wewarah kang kaping satnya Tumrap trap-treping lampah puniki Sarèh samadya pan kudu Dadya pandoming rasa Sumarambah olah pikir, tembung, laku Murih kasampurnanira Poma samya dipun udi

109. Lamun ngadhepi prakara Nirlupa kabidhung adrenging karsi Linimbang-limbang satuhu Pinikir ingkang prenah Tundhonipun anteng-antèr kanthi mungkul Mring panuntuné Hyang Suksma Ngéntasken sagunging karti

110. Rasa sarèh sirik serah Dhéngah karya dèn tuntas kanthi rampit Tan aglis mupus pan lampus Nging wantun mrantasana Sinartanan sabar titi tan kasusu Wijang rantasing ubaya Kapengkok tan mbalénjani

111. Tan gampil semplah myang wegah

Sungkan kesèd luhung tinilar sami

Page 20: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 20

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Sanggya reruweting laku Dèn dhepi kanthi bingah Nukulaken rasa sreg sajroning kalbu Dadya daya kang santosa Piguna temah ngrampungi

112. Pamikir aywa dèn peksa

Anglangkungi murwating nalarèki Kamot kinemat pan saguh Momot sagung ruhara Pangrantamé salir pakéwuh tan mingkuh Kanthi sarèh dipun sangga Ènthèng jro nalar lan budi

113. Lamun kamu ngangsa-angsa

Kuyang nggènnya gupuh nggayuh pradani Nguntar-untar hardanipun Nanging ingkang jinangka Nora netes kang pinanggih namung lempung Kacaryan datan kaduman Wasna kuciwa hudmani

114. Nora waspadèng wisata Datan mulur agé-agé mrepegi Dhawah wisayaning satru Jiniret tanpa daya Gung prayogi manah sarèh dipun émut Wikan dhumateng wasyasat Wismaya mamrih basuki

115. Pamikir ingkang kabranang

Sring akarya pikurihaning sami Luhung pakeken kang agung Sesumber king Hyang Suksma Cinepengan kanthi kenceng jroning kalbu Nenuntun gesang pakena Nugraha mangrèh hastuti

116. Tembung sarèh dèn kekuca

Aywa kongsi nengenken waton muni Tan karya tabeting tatu Manjing tumrah gung jalma Dèn upaya ukara marganing sarju Sirna sedyaning sulaya Pan ayem tentrem piniji

117. Dyan pinitenah ing liyan Nora males sagung piawon sami Tinampi éklas tan rengu Sak serik kang akarya Pinujèkna dimèn tebih king bebendu

Page 21: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 21

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Uning maring kaleresan Tuk pitedahing Hyang Widi

118. Tembung cidra siningkiran Ukaranta pepisuh dipun sirik Kang temen miwah kang burus Tumus dugèng wardaya Pangèsthinya bebener ingkang tinuju Sanggya prasida tinampa Kanthi puja pangastuti

119. Laku sarèh tan gegabah

Gegondhélan mring gegyan wasitadi Gibanta tinrap kang patut Mirid rèhing Sampurna Histanira sumingkir saking bebendu Nging karya harjaning jalma Mrabawa hayuning bumi

120. Ywa macangkrama piala Sagung laku tinebih saking tapi Sannya muhung tujèng luhur Angudi kasaénan Sabar sarèh kang lepat pinaring ampun Tinuntun mring kaleresan Raras sadarum kaèsthi

121. Lumaris pan sarwi mapan

Nora waton sumanggem dèn antepi Cepet kalakyan binujung Tilar waspadèng gata Pikolèhé datan sanès raos getun Luhung tinata sedyanta Pinethik amigunani

122. Ngraosna sagunging rasa

Mung kéwala samadya angresepi Rasanta aywa kaladuk Yèn bungah ngélingana Kasusahan pan asring dugi nyenyaru Mangkono menawa béla Émut gambiraning ati

123. Senenga mring samubarang

Waspadakna aywa sengsem kepati Supaya tan nganti wuru Nilarken kaprayitnan Damel lupa mring kautaman sadyèku Kapéncut nora rinasa Kalépyan ugi tan risi

Page 22: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 22

www.alangalangkumitir.wordpress.com

124. Déné kosok-wangsulira Lamun sengit gethingnya dèn watesi Tan ngigit-igit linangkung Mrih tan niksa wardaya Pan mangsané mbutuhken tan wirang sinu Wolak-waliking gitaya Binenci pan dèn kangeni

125. Olah pikir pan samadya

Tan pineksa lwih abot dèn momoti Wèh saharsa kang satuhu Sinèlèhna yèn awrat mBaka sithik wijang-wijang dipun rampung Angkaten ingkang kuwawa Temah wèt gesang puniki

126. Andon gita kang pasaja Nora medhar kandha datanpa werdi Pinurih emating tembung Piguna pinitaya Pangastawa ingucapna ingkang cukup Tan perlu linangkungana Kanyatan ingkang dèn udi

127. Srengena ingkang marlupa

Datan nilar tata parama becik Sinuprih kang laku kliru Wangsul jatining marga Aywa nyimpen panas-branan jroning kalbu Tembung péling mung samadya Kliwatan aneniwasi

128. Déné tindak apracura Puruhita nuladha satriyadi Samadya nora kaburu Nanging tan ngénak-énak Dèn jumbuhna kalawan apa kang perlu Ngangsa datan anguntungna Tan cukat tinilar kèri

129. Tingkah-lampah sakadarnya

Tinarbuka ngaksama ingkang sisip Émut mring ringkihing manu Amung titah walaka Lamun supé waged lumaksita klèntu Dyan lepat tan kanggep lumrah Waskitha amawas dhiri

130. Watak pamèr sumimpanga

Nora mongkog mring éraming sesami Kasugyan datan lestantun

Page 23: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 23

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Kabisan arsa muspra Panguwasa namung sawatawis taun Tan wènten ingkang abadya Poma ywa umbag sayekti

131. Kumèrèn asoring rasa

Mélik unggul pinunjul king sadyèki Lamun nyenyalad ing kayun Kadya anelahana Sambartaka sumirat senen kekuwung Nanging sadaya tan makna Sakedhap pan musna sami

132. Langkung prayogi samadya

Lenging prana tumindak mrih basuki Lila legawa winantu Lumingsir saking hawa Lamlam nala lumuyut sagunging napsu Lembita lampah utama Linumat jroning pambudi

133. Poma pacah tinuruta

Pacalané kanthi meneping ati Pranawa nulya maujud Prayitna ing satitah Paran-paran parama tyasih tinuju Parma kang bakal kadarbya Pacondhang pan dèn tebihi

134. Ruruhing rasa respatya Rerangkèné raras rinasuk ririh Rurah rusra pan riningkus Riris rumesep ing rah Rorotunggil rinakit dinadya ramu Rerenggané rasararja Rerem rumaket retnani

135. Kasengsem luhuring budya Kang karantan tangèh lamun mumpuni Karirangga pénginipun Karuh mring kang kretarta Kadayané dèn udi kang nganti putus Katunan pan sumingkira Kawarna pucung puniki

P U C U N G

136. Kaping pitu sumrap mring kang adi luhung Sagung kaéndahan

Page 24: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 24

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Kang pinaringken Hyang Widi Dèn resepna anèng teleng manahira

137. Tanem tuwuh sumrambah sato sadarum

Malih pra manusa Miwah saisiné bumi Kanthi wijang pinaringan kaluwihan

138. Kabèh iku wus kinanthèn mring Hyang Agung

Salir wewatekan Wèh resep sawiji-wiji Kawruhana ywa nganti kadamel ura

139. Lamun kamu nggatosken ingkang satuhu

Salir kanugrahan Winiraos kraos èdi Temah nala ening kadereng memuja

140. Gesang namung lumingsir jroning sapangu

Aywa tanpa tanja Kélangan ingkang pangaji Silar rasa, datan wruh rèhing Hyang Suksma

141. Gung pepacuh tinungkulna ingkang mungkul Dimèn uningaa Pangaosji mangénjali Ywa rinisak wit adrenging hardanira

142. Déné manu minangka punjering suluh

Langkung kagunannya Tinitah kanthi linuwih Rasa budya tembung lampah éndah guna

143. Jagad agung muwus mulyaning Pukulun

Lamun dèn eningna Kawuryan genging sih kang wi Karya nala ayem tentrem srah sadrema

144. Raos wardu asung warti kusung-kusung

Swawi samya yitna Kadarman tuking basuki Datan liya Ingkang Akarya Bawana

145. Kang maujud sanggya kasunyatan misud

Luhuring Hyang Suksma Gung sihé tansah ngopèni Kapranata patitis ing sapangrèhnya

146. Pan aturut mring sadya karsèng Pukulun

Éndah tebanira

Page 25: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 25

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Nenuntun titah maniwi Angabektya lir péndah sang muniwara

147. Gung sasangkul gesang madyèng alam satu

Tan ana manasya Lamun maneseb astuti Langkung adya Hyang Suksma manadukara

148. Lambak tuhu manjing manunggil Hyang Luhur

Temah angraosna Ayem tentrem lawan èdi Kasirnakna sanggya lapa jroning nala

149. Aywa klèntu mrawasa larasing kidung

Gitayèng bawana Nyenyekar sagung harjanti Lamun risak tan kena tinukar arta

150. Andon wuwus poma dèn udi kang alus

Éndah munggwing prana Pinireng ngelam-elami Amranani karya asreping angkara

151. Tembung saru ywa sami dipun geguru

Nyirnakken prabawa Miwah pangajining dhiri Damel camah rinèméh sarta winada

152. Béda lamun mrasudi lésan lir tatur

Nora mung rirangga Nging yekti tumusing ati Tutur èdi mijil king telenging rasa

153. Pan sadyèku nyingkirken manah kang rengu

Nyaketken nugraha Tumanduk dhateng sesami Kang mangkono upayanen aywa kemba

154. Kanthi tulus pikir dèn ulir kang lurus

Ywa ngantya sumimpang Saking margining utami Pinuntua murih wèh harjaning jana

155. Dèn talusur talesih memet tan kuwur

Ingkang sarwa adya Miling dadi nering budi Manah sotya sumingkir saking piala

156. Jroning samun becik manungku nenuwun

Kalis lelamunan

Page 26: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 26

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Ngrerantam kang mbilaèni Pilangbara meleng maring rèh utama

157. Nering kalbu prenahna tan nganti kliru

Mikir kang prayoga Pijinen barang kang èdi Tumusira raras rerem jro wardaya

158. Among wantu marmané trep traping laku

Raras yèn rinasa Éndah kalamun kaèksi Samudaya badhé tansah nuju prana

159. Tindak-tanduk dèn udi supaya mathuk

Jumbuh myang kahanan Sarwa-sarwi katon pèni Kawistara titis lantip olah kridha

160. Aja tambuh waspadakna amrih weruh

Sabarang kang makna Pilihen ingkang taliti Singkirana apus kramaning panggodha

161. Budi sadu katitik sajroning laku

Patrap kang utama Iku cihnaning pangerti Piniliha mawèh harjanta nugraha

162. Bekti lulut ngarsaning Hu pan aturut

Uning mring karsanta Tan mbadal sagung karsèki Lega-lila kéntar nut ing sapangrèhNya

163. Yèn pinesu jiwa raga myang bebayu

Bisa dinayanan Ing panguwaosing Bathari Pinaringan aji jaya kawijayan

164. Kang dèn bujung sanès atosing bebalung Miwah wuletira Kulit daging amrih sekti Paribasan tan tedhas lamun jinara

165. Bisa larut nyawiji kumepyur pulut Kalayan Hyang Suksma Tan ana ginggang samreki Satindaknya namung nut ingkang pinancya

166. Tan kumrungsung kasesa dadya linangkung mBebujung karosan

Page 27: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 27

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Nanging nyingkur Hyang Pramèsthi Yèn mangkana sumimpang kesasar marga

167. Kang ginayuh jugar wigar nora tuwuh Ura ngambra-ambra Pangèsthiné salah dadi Kawruh mentah datan éca dipun tedha

168. Kabèh iku pepacuh ingkang satuhu Éman dèn tilarna Milaur dipun prasudi Dèn èstokna dadya darma kang utama

D U R M A

169. Apa baya wewarah kang kaping astha Brataning wong nenepi Laku angupaya Mustikaning manuswa Supados amunpangati Ing samudaya Ywa muspra tanpa werdi

170. Atetarak tan muhung ing kalairan

Cegah dhahar lan guling Pasa lan aderma Tlatèn maring agama Nging ati tan dèn rawati Pan nora tanja Sami kadi tyang pingging

171. Sesongaran pamèr darbya kaluwihan

Kaya tan ana malih Janma ingkang padha Tandhing lan kabisannya Angrèmèhken mring sesami Dadi tan guna Ngrasuk maring agami

172. Jangkepira manungku maring Jawata Kathah kang dipun sirik Nora rupa boga Dudu pranata puja Nanging sagung lampah sisip Dipun tilarna Puniku wèh hastuti

173. Nadyan rupak prananira dèn wiyarna Nora cupet ing budi Nututi candhala

Page 28: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 28

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Nurut hardaning hawa Nerak sarak tanpa isin Nir ing kayitnan Nalisir nyimpang margi

174. Pepénginan makantar-kantar angrebda

Poma dèn kemudhèni Pinekak ywa ndadra Pinuntu kanthi lamba Pepacuh myang wasitadi Pakekenira Pan nuntun laksitèki

175. Tindak mblasar atetawa kanikmatan

Tumrap kang tan udani Tumama ing karsa Temah kayungyun godha Tan kuwagang anyingkiri Trékah sulaya Tundhoné dadya tuni

176. Siluk rumpil ngambah margi kaleresan

Sasat tan ana gampil Satuhu ing budya Sasmita dèn tilingna Sinartan antebing pikir Sirik piala Sumenggah hardèng karsi

177. Kabèh ika kalakyan lamun dèn udya

Kanthi tlatèn taliti Kineker jro nala Kinemat ingecakna Kaprasudi dipun gladhi Kridhaning suksma Karèh nut ing prayogi

178. Dèn gegulang pamardi ingkang utama

Datan pegat martapi Dyan awrat sinangga Dipun embat wardaya Déné yèn wus dèn antepi Dadya kuwawa Daryana gung utami

179. Lamun léna nilaraken kaprayitnan Lumuh macala kapti Lali pariwara Lelumban madyèngkara Léngah enering paniwi Lampah sulaya

Page 29: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 29

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Lalis datanpa werdi 180. Muja tapa atetarak durlaksana

Mungkurken sagung yogi Meleng ing karsanta Manekung pancadriya Manunggil karsèng Hyang Widi Mat kautaman Mulung myang kang pinanci

181. Ingkang lagya ginadhuhan pangawasa

Nilarna watak dhiri Milaur prasaja Tan ngendhakken sasama Nyingkiri tumindak sisip Wisésanira Nora kanggé ngakali

182. Tinahena salir pikir tan pakena

Miwah sir kang nalisir Poma dèn cegaha Ywa jinarken ngrembaka Yèn kadhung amemalahi Tan gampil mendha Lir nyirep bagaspati

183. Pepénginan ngangah-angah ner kasugyan

Nyalad adrenging karsi Tan ana warana Nyenyingget krodhanira Temah alepas kendhali Binandhang tebya Sir wangsul datan wani

184. Donya brana myang arta asring misésa

Ngrèh manu dados abdi Lamun dèn turuta mBebudhak sakarepnya Ngicalken prayitnèng budi Dadya kethaha Lingsem tinilar sami

185. Wit hartaka asih darma waged musna

Tegel maring pepati Pitenah deksura Paéka masang kala Wus tan ngéman sapadhèki Uger panjangka Kasil ginayuh yekti

186. Ya mangkana watak winengku kamurkan

Page 30: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 30

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Gegyan kang dèn ugemi Tan sipat prawira Lumuh wyataning dwija Pepoyan kang dèn antepi Langkung kuncara Mimpang wang kawon janmi

187. Lamun donya dadya punjer atinira

Sinembah kadya Gusti Wlasarsa pan muspra Asih nora kadarbya Tegel roganing sesami Lampah daksiya Nguber mulyaning dhiri

188. Datan lepat wasitaning Hyang Indriya

Paring tuduh mring janmi Kacaryan hartana Wewijining candhala Damel risaking pamardi Pan dadya ura Jugar tatanirèki

189. Yèn ketaman branta ngempalaken brana

Wuru tetandho rukmi Angles wit kasmaran Kasulistyaning sandhangan Supé myang leresing margi Dadya kantaka Lamun panggayuh tuni

190. Samubarang kaudi cekap samurwat

Dé pikantuk nglangkungi Swawi tinampia Nugrahaning Jawata Loma lila mitulungi Kang kacingkrangan Ywa nyimpen manah cethil

191. Poma-poma aywa tilar kautaman

Nggegulang sasmitadi Dohna kadurjanan Temen rèh kaprawiran Tinangsulan ing tyasrèki Aywa dèn culna Bundhelen kang permati

192. Aywa nyimpang dedalan maring pepadhang

Dyan ciyut sukar rumpil Dipun tlatènana Kinanthèn sabar drana

Page 31: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 31

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Supayantuk kang kaèsthi Mrih tan kuciwa Pinegat tan wruh margi

MEGATRUH

193. Marma iki kaping nawaning pepacuh Mirid wedhar rasa jati Mijil saking tyas manekung Manungku ngarsaning Widi Manjing manunggil Hyang Katong

194. Kang pangaji munggwing gesang kang satuhu

Macala suksma kaèsthi Pinurih karuh myang tuduh Mring punjering jasadrèki Uninga jatining Manon

195. Aywa kongsi darbé nétra tan andulu Tuk wijiling suksma jati Sangkan paran nora weruh Temah ical nering kapti Lumaksana tanpa waton

196. Wasitadi wineca dwija rumuhun Nélakna kahanan janmi Kanthi tetanya lir tambuh Wicalen titah kang ngèksi Miwah kang gesang sayektos

197. Dèn wangsuli apatitis miwah jujur Kahana ingkang sayekti Tyang wuta kathah linangkung Makaten ugi kang lalis Klayan kang urip kinaot

198. Apan janmi nadyan melèk socanipun Ananging boten udani Aosing gesang satuhu Asor prabawaning budi Acecanuk nora tinon

199. Iku kadi pasemoné titah blilu

Ingkang suthik aningali Ismayaning Hyang Ma Agung Isin miyat urip jati Ilang lumuyuting batos

200. Nenggih sami klayan jana karan layu

Page 32: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 32

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Nadyan tata wadhag urip Nanging datan wikan ilmu Nasar anggènnya lumaris Nora béda kadya layon

201. Urip jati kudu kinanthènan kawruh

Uninga jatining urip Upami lirwa binuru Uwal king jejering janmi Uwas tumraping lelakon

202. Kasmaran mring pepuntoning sanggya laku

Kadidéné tèsing warih Kinempal myang asalipun Kumeplas manjing jaladri Kekalihnya luluh winor

203. Suksma kéntir ngenut jantraning Pukulun

Sumarah pasrah tan banggi Sirna pepénginanipun Sumuyut wetah sadyèki Sumilak dugèng pangampon

204. Olah batin pan tilar sesuker sagung Osiking tyas mung nyawiji Manunggil klayan Hyang Agung Memet rinasuk sesuci Mrasudi puji kang twajoh

205. Neng samadi lelana lebeting anung

Nilarna rupeking pikir Ning nering suksma sumusup Nenungku niat mratapi Nir sanggya sedya piawon

206. Tan angudi kuncara pamurih kasub

Tatasing puja siningid Tinutup korining napsu Trékah léngah dèn singkiri Tulus numusi kang anon

207. Ngarsèng Widi dhéngah lampah sarwi katur

Tan wènten ingkang sinelip Sagung prasida kadulu Ginelar wijang katawis Losna sadarum sumaos

208. Aywa nganti darbé raos wus linangkung

Nindakken kasucèn yekti Kawentar buntasing kawruh Lepat saking lampah sisip

Page 33: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 33

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Ngarsaning Hu andhap-asor 209. Gung prayogi kanthi manasya dhedheku

Rumaos dèrèng pinanggih Sampurnaning tata-laku Temah kadereng mrasudi Minta apuraning Manon

210. Sembah bekti kinanthènan manah wutuh Iswara cinepeng sami Hastungkara ingkang mungkul Wèh tentrem myang hasastani Asmaralaya cinadhong

211. Dipun èsthi tresna asih mring sadarum

Lir tumrap diri pribadi Samubarang dipun émut Tinepakna sarirèki Temah tumindak tan waton

212. Mring sesami nala kasengsem sung asih

Tan remen miruda janmi Punapa malih nyenyaru Akarya tabeting ati Ywa damel asanès wirong

213. Lamun uning manuswa gesang tan patut

Bebasan pinanggang hagni Nyanggi bebahaning laku Dèn éklasna suka warih Paring asrep mring kang ngorong

214. Winigati ingkang mbetahken pitulung Sasagednya dèn jurungi Wirya paring timbang nyuwun Damel wikaraning kapti Sung awanda myang kang éwoh

215. Yèn angèksi wakala kang lagi nempuh

Nora merem tan preduli Nanging legawa misungsung Pinurih awinda gingsir Wèh wiryawan kang prihatos

216. Udani mring roga-yogi awrat lalun Pan arsa asyah ngrerujit Kanthi wikrama wèh lipur Awicarita binangkit Rahajeng linepat régoh

217. Nora sengit tumanduk tumrah kang klintu

Asih rumangkang jro kalbi

Page 34: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 34

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Lila ngaksama atulus Seserik binuwang tebih Winengku sucining batos

218. Manah drengki tan winales dimèn tatu

Nging binayar tindak becik Winungkus pangaksama gung Sinupèkna nadyan rungsit Pan mesgul datan sumiwo

219. Dipun èsthi bisa kamot jroning kalbu

Gumelar kadya jaladri Nadyan bengawan sadyèku Lumintir mili ngebeki Tan pisan-pisan arsa rob

220. Tanpa tepi nora jajag lebetipun

Momot sagunging prakawis Sabarang kawrat tan mingkuh Rinendhem madyaning warih Nora nggresah datan kisroh

221. Ya kadyèki prana aywa gampil pugut Mupus kalamun ngadhepi Bebahan awrat linangkung Lir langkap pinenthang tuni Lepat tan ngéntasken gatos

222. Angadhepi manéka trékahing manu Miwah wuwus kang nyakiti Pamigunanipun satru Pinggala pangucap rasmi Dharana rinaswa kamot

223. Dèn tebihi watak mrahat péndah margu

Sereng-buteng lir tyang pingging Dharaka sinantun puguh Murcita ingkang pinanggih Luhung matirta waspaos

224. Janma dhikih asring kathah godhanipun

Tilar rasikaning ati Gung rusid minangka pangkur Tan panggah megeng karsèki Radyalpa ngengurung raos

225. Rismarini pinanggya anèng Pukulun

Tumrap kang maratuka Ji Kanthi tlatèn dèn maraup Pujinira ruma amrik Dadya pangabekti yektos

Page 35: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 35

www.alangalangkumitir.wordpress.com

226. Kadya rawi suka tuduh padhangipun Narbuka dhedheting ratri Sanggya rastala mataun Trawaca tan ana kèri Makaten tiyang ngabektos

227. Ganaresi ingkang ajumeneng ratu

Nggegurua pangrèh aji Taksaka lit wisa manjur Aywa sumelang tan dhaning Lir tatur kumambang abyor

M A S K U M A M B A N G

228. Lhah puniki pawingkingipun pamardi Kang kaping sadasa Jangkep piwucal utami Ywa nganti sinélakana

229. Pungun-pungun kalamun dèrèng udani

Kuwatos miwah was Tanpa kumandel ing Widi Nora wruh keplasing suksma

230. Titi wanci wangsul mring sangkanirèki

Mesthi bakal teka Nora kena dèn sélaki Poma tan miris ing nala

231. Yapwan janmi tan mawastu rèhing Gusti

Yekti dadya susah Sang Mahasasa nyarangi Yamani mahèr yitmanya

232. Lamun prapti titi wanci kang pinasthi

Kodheng jroning rahsa Yojana tan uning sami Awinda nering panjangka

233. Janma pingging talompé ngeningken gati

Kikising agesang Tumrahing titah sadyèki Temah nguja hardèng karsa

234. Gumarangsang kasukan dipun turuti

Mumpung maksih pana Plethèking sang bagaspati Tan nyaruwé yamaloka

235. Tan kayaa yatma madyèng jagad mangkin

Page 36: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 36

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Nyarwètèh lampahnya Mahara anyakrawati Puguh kasupèn Hyang Suksma

236. Yèn mangkana lirwa mring swarga sayekti

Mbebujung kadonyan Lupa paraning dumadi Kasasar tan manggih tarsa

237. Nanging janmi kang sengsem yogasamawi

Dharannya tumata Mraharana manah suci Sinung pangerti utama

238. Kanthi wijang wijiling tedah suyati

Yadya repah raga Wijaya mangrèh hastuti Rasmana karya raharja

239. Karuh maring sangkan paraning dumadi

Tinitah Hyang Suksma Sumbering sadya darmadi Loka paleremaning suksma

240. Lamun murcat tan tambuh paranirèki

Rusak raganira Yitma méntar gya maniwi Wangsul sangkaning yudana

241. Nora miris ywan Sang Widhitusdha nimbali

Cukup sangunira Sinartanan darma bekti Mituhu sanggya karsanta

242. Trusing ati widhwanta lila tinampi

Larakung linepat Wit luding laris pinasthi Wilapwa tinilar tebya

243. Sihing Widhi dadya wayira pangaji

Kenceng cinepengan Pinangka wot ingkang dyapi Tumuju lokabuwana

244. Dipun ening ngener lukikaning Gusti

Nyawiji sedyanta Tan malang tumolèh margi Nyapih sagunging angkara

245. Wus nyawiji manjing jro jatining waji

Uwal king walitya Ngalindhih krenteg nalisir

Page 37: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 37

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Dumoh saking sanggya dama 246. Kanthi éling manunggil klayan Hyang Rawi

Suméndhé sadrema Sumèlèh pasrah karsa-Ji Cinadhang papan diwala

247. Janma bekti winengku wuyuting rati Sinung panggraita Landhep nilingken pamisik Temah wruh mring pepancènnya

248. Pan patitis kamuksanira udani

Dyan nora jumawa Rumaos darbé pangerti Nging miling rèhing Jawata

249. Nora samar mring pepesthèn kang dumadi

Pepancèning suksma Ingkang tinamtu ing nguni Weruh titi mangsanira

250. Yèn wus dugi kikising gesang puniki

Wangsul mring sangkannya Sang Widhitusdha nimbali Ywa tidha-tidha nglenggana

251. Pan Hyang Widi badhé apeparing gati Minangka pratandha Kekeran pesthining janmi Pinurih samya samekta

252. Nora kénging puguh mirong karsèng Gusti

Nyahak mring karsanta Nguman-uman kang pinaring Tan narimah wilasa-Nya

253. Luhung sami tiniling ingkang winisik

Temahan trawaca Kala-mangsa kang pinasthi Apan samya kawruhana

254. Yèn wus dugi titikan praptaning wanci

Swawi cumadhanga Ywa manesel gesangrèki Sampun cekap lampahira

255. Purnèng anggit wilapakalangyan werdi

Tujuning panjangka Tan sanès amigunani Janma kang munggwing rastala***

JARWINING TEMBUNG KAWI

Page 38: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 38

www.alangalangkumitir.wordpress.com

KAJLÈNTRÈHAKEN URUT ANGKA PADANING SEKAR

1 mijil = medal 135 karantan = karaos kalbi = kalbu, manah karirangga = rinengga rudatin = kasisahan karuh = wanuh

wineca = dipun weca, kababaraken kretarta = kuwaos, kuwasa

2 hangga = angga, badan pucung = angkat, kaangkat

aking = kera, boten pitaya, garing 136 sampun trawaca

mèt = pados, ngupadi 137 sampun trawaca kapti = manah 138 ura = wigar, risak 3 mopo = semplah 139 sampun trawaca pamisik = wisik ingkang kababar 140 sapangu = sakedhap

4 wé = toya silar = sumingkir, nilaraken

5. wignya = wigna, limpad, langkung, saged 141 pepacuh

= wewarah, pranatan, paugeran

dhihin = kapisan, rumiyin mungkul = gentur, kanthi èstu

kayun = pikajengan, manah mangénjali = éndah linangkung, kaéndahan

6. uning = sumerep, mangertos harda = pikajeng, napsu mangénjali = éndah linangkung 142 sampun trawaca

durlaksana = tumindak awon 143 muwus = wicanten, nyariyosaken

7. pamardi = piwucal kawuryan = katingal nala = manah wi = linangkung ngèsthi = kaajab, pangajab 144 wardu = alus sangsam = kidang warti = tutur salit = ngelak yitna = ènget arda = redi 145 misud = ngluhuraken curi = rumpil 146 maniwi = sowan 8. lana = lampah muniwara = pandhita Agung

mangkin = sapunika 147 sasangkul = sesanggèn, sesanggeman

9. pingging = pengung, bodho, wangkot ing manah satu

= satunggal (kanthi werdi : iki)

katartya = katingal manasya = sisah, kasisahan 10 dhat = jejer, jati maneseb = nempuh

wisuna = kasangsaran, tuni, ngrerisak manadukara = njurungi

11 sanggya = sagung, sadaya 148 lambak = labet, lelabet 12 juti = awon, piawon lapa = panandhang pariwara = piwucal, pepènget 149 mrawasa = ngrisak wiwara = piwucal, pangrèh nyenyekar = ngidungaken 13 ditya = denawa, buta harjanti = éndah linangkung sarak = awisan, paugeran 150 sampun trawaca 14 sadarum = sadaya 151 sampun trawaca Hanindha = Maha Agung 152 tatur = jené, emas 15. karuhun = rumiyin rirangga = rerenggan 16. hagni = latu 153 sampun trawaca layu = pejah 154 jana = manusa 17 rukmi = emas, jené 155 sampun trawaca

pangastawa = pangalembana 156 sampun trawaca

prastawa = lelampahan 157 sampun trawaca 18 sampun 158 among wantu = angèn wanci

Page 39: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 39

www.alangalangkumitir.wordpress.com

trawaca (kanthi werdi : 19 sudra = asor empan papan) pilu = sangsara kaèksi = katingal, tiningalan

20 kekucah = peparing kanthi loma nuju prana = nengsemaken manah

tuni = rugi, sangsara 159 kawistara = katingal andika = sampéyan lantip = pinter, wasis

marepegi = methukaken kridha = tindak-tanduk, pandamel

siya = nandhang, sangsara 160 tambuh = kirang pana 21 wruhanta = kasumerepana 161 sadu = aos, saé, lembah

22 sampun trawaca harjanta = éndah linangkung

23 sampun trawaca 162 Hu = Pangéran

24 tetèki = prihatos, nglampahi karsanta = karsanipun

25 sampun trawaca kéntar = késah, kéntir

26 sampun trawaca mbadal = nyahak, lumawan

27 durgama = pongah, grusa-grusu 163 pinesu = dipun gladhi kanthi lampah

28 gati = prakawis, padamelan, perlu 164 jinara

= dipun jara, tinumbak, tinuwek

29 ruhara = pakèwed manéka warni 165 ginggang = pisah, kaletan

30 sampun trawaca pinancya = pinanci

31 sampun trawaca 166 sampun trawaca

32 sampun trawaca 167 sampun trawaca

33 sampun trawaca 168 sampun trawaca

34 ranu = toya 169 munpangati = migunani, piguna lelana = lampah, ngulandara 170 tetarak = sesirik kikis = wates guling = tilem

35 luru = pados pingging = pengung, wangkot ing manah

sapangu = sakedhap 171 darbya = gadhah

36 sampun trawaca 172 boga = tedha, tetedhan

37 kayun = pikajeng, manah 173 rupak = rupek kayungyun = kapéncut candhala = awon, piawon 38 samun = sepi, boten ngedhèng nir = tanpa, nilar, kalis diyu = denawa 174 ngrebda = ngrembaka sumirih = alus, sarèh pinuntu = kapuntu, kabundhel 49. lungit = lembat, angèl lamba = lemba, langkung 40. ilapat = pasemon, pratanda 175 sampun trawaca

siningid = dipun dhelikaken, kadamel wados 176 sumenggah

= ngawonaken, nglindhih

41 sesiliban = boten ngedhèng, dhedhelikan 177 udya = udi

42 makna = maujud, cetha kineker = sinengker burus = jujur, ngeblak 178 martapi = martapa, nglampahi 43 pranyana = pandugi, panginten daryana = pikajeng, thukul 44 lampus = pejah, cilaka 179 madyèngkara = madyaning angkara

45 sampun trawaca 180 yogi = panandhang

46 wewéka = akal, cara 181 sampun trawaca gupuh = énggal-énggal 182 tinahena = dipun ampet

Page 40: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 40

www.alangalangkumitir.wordpress.com

47 sampun trawaca bagaspati = srengéngé

48 limpad = pinter, wasis 183 warana = aling-aling, sesingget

49 mahas = manungku puja tebya = tebih puput = tuntas 184 misésa = nguwaosi

50 sampun trawaca 185 hartaka

= donya brana, bandha

51 apun = buntas ing seserepan 186 wyata = wiyata, piwucal

52 sampun trawaca dwija = guru

53 ngluru = ngupados pepoyan = wewarah, sesanti 54 tuwajuh = kénging pinitaya mimpang = sasap, menang kupiya = nggayuh, usaha 187 sampun trawaca

marlupèng dhiri

= tan ngemuti kawontenanipun, kaladuk 188 hartana = bandha donya, arta

55 sampun trawaca 189 sampun trawaca

56 sampun trawaca 190 sampun trawaca

57 wiyati = langit, akasa 191 sampun trawaca

58 sampun trawaca 192 sampun trawaca

59 sampun trawaca 193 sampun trawaca

60 sampun trawaca 194 sampun trawaca

61 sampun trawaca 195 sampun trawaca

62 linakya = katindakaken 196 tetanya = apitakèn

63 jumawa = umbag, umuk, sesongaran ngèksi = ningali

64 sampun trawaca 197 sampun trawaca

65 jana = manusa 198 tinon = sumerep, ningali sarjanadi = sarjana Agung 199 blilu = bodho, cubluk

66 mar = éndah, kawentar, ngambar ismaya = cahya, prabawa

wiku = pandhita, pratapa miyat = ningali

67 sampun trawaca lumuyut = linebur

68 sampun trawaca 200 layu = pejah

69 kalbi = kalbu, manah 201 lirwa = kesupèn, talompé dursila = awon, piawon 202 sampun trawaca 70 lalis = pejah 203 banggi = bangga, suwala

kalakya = kalampahan pangampon = pangempwan, prabu, ratu, Gusti

laya = pejah 204 twajoh = tuwajuh, kénging pinitaya

71 kahana = kawontenan 205 neng = kèndel 72 dhuhkita = sisah anung = ening branti = sedhih 206 kasub = kawentar, kajuwara ginarba = kakandhut anon = aningali rat = jagad, alam kasunyatan 207 prasida = lelampahan

nandhang roga = sakit, sangsara 208 sampun trawaca

mulung = pasrah sumarah 209 manasya = sisah

73 sampun trawaca dhedheku

= dheku-dheku, madhep

74 sampun minta = nyuwun

Page 41: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 41

www.alangalangkumitir.wordpress.com

trawaca 75 laksita = lampah, tindak 210 iswara = sabda kaluhuran

76 sampun trawaca hastungkara = pujibekti

77 sampun trawaca hasastani

= ngrahajengi (hasasta = rahajeng)

78 sampun trawaca asmaralaya = swarga

79 pariwara = piwucal, wewarah 211 sampun trawaca 80 gwah = Agung, adi 212 miruda = meksa, mrawasa

81 sampun trawaca wiruda = paksa, galak

82 sampun trawaca wirong = sedhih

83 sampun trawaca 213 hagni = latu

84 sampun trawaca 214 wirya = luhung, luhur, saé

85 sampun trawaca wikara

= padhang, langkung padhang

86 sarpa = sawer awanda = padhang kresna = cemeng 215 wakala = cilaka wreksa = wit awinda = peteng

rekta = abrit wiryawan = kamuktèn, kamulyan

87 sampun trawaca 216 lalun = langkung

88 daksina = kidul asyah = ngrisak paksi = paksina, lèr ngrerujit = ngejur

ris = aris wikrama = linangkung ing tembung, tata saé

kaot = kiyat awicarita = ayem, raras 89 praya = manah régoh = lumpuh

kabrananging 217 rangkang = griya

rana = kabrananging manah rumangkang = gegriya

paribaya = bebaya, sagung prakawis 218 rungsit = angèl

rudra = angkara sumiwo

= ngaru-biru, mbebidhung

waskitha = titis, wicaksana 219 rob = bena, banjir 90 pramana = awas, waskitha 220 sampun trawaca 91 miyat = ningali, mangertosi 221 pugut = punggel, tugel kingkin = sisah langkap = gendhéwa mulat = ningali, waspada 222 pamiguna = paminter warastra = jemparing, dedamel pinggala = julig rungrum = pangrungrum rasmi = asri, adi

pranyana = pandugi, pangatos-atos, kawaspadan dharana = sabar

92 sampun trawaca raswa = raos

93 sampun trawaca rinaswa = rinaos

94 sampun trawaca 223 mrahat

= kados tiyang urakan

95 sampun trawaca margu = sato

96 paramarta = welasan, adil pingging = bodho 97 lès = pangucap, wuwus dharaka = sarèh runtik = tatu, sakit (ing manah) puguh = wangkot karna = talingan murcita = sisah

Page 42: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 42

www.alangalangkumitir.wordpress.com

tyassarju = manah sengsem matirta = tirakat bangkit = saged 224 dhikih = ringkih 98 pangarsa = pangajeng, pemimpin rasika = suci, wening jinemalan = dinukan ingkang sanget rusid = pakèwed

99 dasih = kawula, andhahan ingkang kaayoman pangkur = buntut, pawingking

kinèn = supados megeng = ngampet palupi = tuladha radyalpa = sangsara 100 bramantya = deduka 225 rismarini = icaling peteng

101 sampun trawaca maratuka = muja

102 taksaka = sawer maraup = sesuci

103 sampun trawaca ruma = wangi

104 sampun trawaca amrik = ngambar

105 nur = cahya 226 rawi = srengéngé sasadara = wulan (rembulan) rastala = bumi

106 sampun trawaca mataun = ningali

107 rumantya = kaentosan, ngentosi 227 ganaresi = resigana, déwa

108 sampun trawaca taksaka = sawer

109 nir lupa = sampun ngantos kasupèn dhaning = endah, aji

110 sampun trawaca tatur = emas, jené

111 sampun trawaca 228 pawingking = pungkasan

102 kemat = wicaksana 229 pungun-pungun = ngungun 103 kuyang = kekajengan udani = ningali pradani = pradana, sugih 230 sampun trawaca

kacaryan = kasengsem, kapéncut 231 yapwan = yèn, bilih, bokmenawi

hudmani = uninga, enget mawastu = mituhu, miturut 114. wisata = manah awon Mahasasa = Maha Kawasa wisaya = paékan nyarang = nyirik wasyasat = cilaka, wewelak yamani = naraka wismaya = waspaos, sengsem mahèr = ngentosi 115 pikurihan = pituna, kapitunan yitma = nyawa, suksma pakeken = pikekah 232 yojana = paningal pakena = pikantuk, mikantuki uning = sumerep hastuti = nyembah, manembah awinda = peteng 116 kekuca = peparing, kaparingaken 233 sampun trawaca gung = sagung, sadaya 234 nyaruwé = mraduli sarju = remen, sengsem yamaloka = naraka 117 rengu = sakit ing manah 235 yatma = gesang sak serik = boten rumaos serik nyarwètèh = boten limrah 118 burus = jujur, barès mahara = ngangkah prasida = lelampahan nyakrawati = ngubengi jagat pangastuti = pamatur nuwun puguh = wangkot 119 gegyan = wewaton, géndholan 236 tarsa = bingah wasitadi = pitedah ingkang luhur 237 yogasamawi = puja semèdi giba = kasagedan dharan = dalan, margi gibanta = kasagedan sampéyan mraharana = meleng hista = cipta, pikajeng 238 suyati = pandhita

120 macangkrama = pepacangan yadya = sanajan

tapi = alahboten, alahora repah = lirih, ringkih

Page 43: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 43

www.alangalangkumitir.wordpress.com

sannya = sedya wijaya = unggul, menang 121 lumaris = lumampah rasmana = pangucap manis kalakyan = kalampahan 239 darmadi = wilujeng g a t a = tata, pranata loka = panggénan, papan

122 kéwala = kémawon 240 240. murcat = pejah

béla = sisah yitma = nyawa, suksma

123 sampun trawaca méntar = késah

124 sinu = linangkung maniwi = sowan gitaya = anggit, kekidungan yudana = manusa 125 saharsa = bingah 241 ywan = yèn 126 gita = tembung 242 widhwanta = pepesthèn

pangastawa = puji, pangalembana larakung = susah

127 marlupa = kesupèn, tumindak lepat lud = tuju, ener parama = linangkung laris = lampah sinuprih = supadosa wilapwa = godha 128 pracura = prayogi 243 wayira = toya wening puruhita = nggeguru dyapi = Kawasa 129 manu = manusa lokabuwana = swarga lumaksita = lumampah 244 lukika = suci walaka = sawantah, kémawon 245 waji = raos, rahsa 130 sumimpang = sumingkir, siningkiran walitya = lepat abadya = langgeng dumoh = nebih 131 sambartaka = téja, kluwung dama = asor, bodho sumirat = sumunar 246. rawi = srengéngé senen = cahya diwala = rinengga asri

132 prana = manah 247. wuyut = ayom, sih

lumingsir = sumingkir, nyingkiraken rati = wulan, rembulan lam-lam = sengsem, remen 248 sampun trawaca lumuyut = nglebur 249 sampun trawaca

lembita = nglangkungi 250 sampun trawaca

lumat = alus, lembat 251 sampun trawaca

133 pacah = waler, wewaler 252 mirong = lumawan

pacala = pangulah wilasa

= kanugrahan, peparing

pranawa = padhanging manah 253 sampun trawaca

prayitna = ènget, waspada 254 manesel = getun, keduwung

parama = linangkung 255 wilapakalangyan = serat rerepèn

parma = kanugrahan rastala = bumi

pacondhang = pangrisak

134 ruruh = luruh, rentah

respatya = respati, nengsemaken

rurah

= reribed, momotaning manah

rusra = kasisahan, pakèwed

riris = antèr, lumintu

ririh = lirih, alon

Page 44: WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 44

www.alangalangkumitir.wordpress.com

ramu

= campur dados nyawiji, tumbal

rasararja

= manah sengsem, bahagya

retnani

= retna, sesotya, inten, sari, adi