Download - Naskah Geguritan - Pirsanana Putu

Transcript
Page 1: Naskah Geguritan - Pirsanana Putu

Pirsanana Putu-Putu Panjenengan, MbahDening Nadiah Lukita Sari

Pirsanana putu-putu panjenengan, MbahSandhang panganggone sarwa gumebyar, ngumbar wewadi kang kudune tansah disingidake kanthi premati

Pirsanana putu-putu panjenengan, MbahSing lagi kembul bojana adrawina, ngrahabi maneka warna jajanan saka negara manca, sarwa mirasa, nanging wis ora tepung karo thiwul apamaneh sega megana

Pirsanana putu-putu panjenengan, MbahApal sakabehing tembang landa, nanging mung bisa pecuca-pecucu nalika ngumandhangake Indonesia Raya

Pirsanana putu-putu panjenengan, MbahAkeh sing wis padha lali purwa duksina, lali sakabehing pituturing wong tuwa

Keli kentir dening ilining banyu kamardikan, wis ora preduli budaya bangsa sing kagerus rodhaning jaman

Yogyakarta, 7 Desember 2013