Naskah Geguritan - Pirsanana Putu

1
Pirsanana Putu-Putu Panjenengan, Mbah Dening Nadiah Lukita Sari Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah Sandhang panganggone sarwa gumebyar, ngumbar wewadi kang kudune tansah disingidake kanthi premati Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah Sing lagi kembul bojana adrawina, ngrahabi maneka warna jajanan saka negara manca, sarwa mirasa, nanging wis ora tepung karo thiwul apamaneh sega megana Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah Apal sakabehing tembang landa, nanging mung bisa pecuca-pecucu nalika ngumandhangake Indonesia Raya Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah Akeh sing wis padha lali purwa duksina, lali sakabehing pituturing wong tuwa Keli kentir dening ilining banyu kamardikan, wis ora preduli budaya bangsa sing kagerus rodhaning jaman Yogyakarta, 7 Desember 2013

description

Geguritan adalah puisi dalam bentuk bahasa Jawa.

Transcript of Naskah Geguritan - Pirsanana Putu

Page 1: Naskah Geguritan - Pirsanana Putu

Pirsanana Putu-Putu Panjenengan, MbahDening Nadiah Lukita Sari

Pirsanana putu-putu panjenengan, MbahSandhang panganggone sarwa gumebyar, ngumbar wewadi kang kudune tansah disingidake kanthi premati

Pirsanana putu-putu panjenengan, MbahSing lagi kembul bojana adrawina, ngrahabi maneka warna jajanan saka negara manca, sarwa mirasa, nanging wis ora tepung karo thiwul apamaneh sega megana

Pirsanana putu-putu panjenengan, MbahApal sakabehing tembang landa, nanging mung bisa pecuca-pecucu nalika ngumandhangake Indonesia Raya

Pirsanana putu-putu panjenengan, MbahAkeh sing wis padha lali purwa duksina, lali sakabehing pituturing wong tuwa

Keli kentir dening ilining banyu kamardikan, wis ora preduli budaya bangsa sing kagerus rodhaning jaman

Yogyakarta, 7 Desember 2013