yudhistira

3
YUSTINA BANGUN RESTU .W XD / 30 YUDHISTIRA Yudhistira iku putrane pembarep Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi Kunthi. Sedulure nunggal ibu ana loro, yaiku Bratasena lan Janaka. Sedulur nunggal bapa seje ibu uga ana loro, yaiku Nakula lan Sadewa. Sedulur lima mau diarani Pandhawa. Sesebutan liyane yaiku Puntadewa, Darmakusuma, Darmaputra, Dwijakangka. Tata lair Yudhistira iku putrane Prabu Pandhu, nanging sejatine Yudhistira iku putrane Dewa Darma, mula Yudhistira uga diarani Darmaputra. Garwane aran Dewi Drupadi. Peputra siji aran raden Pancawala. Yudhistira kadunungan getih putih, mula sabar, narima, ora bisa nesu, ora gelem goroh, wicaksana, bekti marang Pangeran, lan jujur. Kagungan pusaka Jamus Kalimasada paringane Bathara Darma. Pusaka liyane Tumbak Tunggulnaga lan Tumbak Kyai Karawelang. Nalika Pandhawa diancam patine dening Kurawa, Yudhistira diajak main dhadhu karo Sengkuni. Amarga kelicikane Sengkuni, Yudhistira kalah. Pandhawa diukum buang ing alas suwene 13 taun. Pandhawa ora kena konangan Kurawa. Yen konangan ukumane bakal ditambah 13 taun maneh, yen konangan maneh, ditambah 13 taun maneh, mangkono sateruse. Yudhistira sakadang banjur nyamur laku. Yudhistira ganti asma dadi Dwijakangka. Dwijakangka lan adhi- adhine Suwita ing Wiratha.

description

(bahasa jawa) tentang wayang yudhistira

Transcript of yudhistira

Page 1: yudhistira

YUSTINA BANGUN RESTU .WXD / 30

YUDHISTIRAYudhistira iku putrane pembarep Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi Kunthi. Sedulure

nunggal ibu ana loro, yaiku Bratasena lan Janaka. Sedulur nunggal bapa seje ibu uga ana loro, yaiku Nakula lan Sadewa. Sedulur lima mau diarani Pandhawa.

Sesebutan liyane yaiku Puntadewa, Darmakusuma, Darmaputra, Dwijakangka. Tata lair Yudhistira iku putrane Prabu Pandhu, nanging sejatine Yudhistira iku putrane Dewa Darma, mula Yudhistira uga diarani Darmaputra.

Garwane aran Dewi Drupadi. Peputra siji aran raden Pancawala. Yudhistira kadunungan getih putih, mula sabar, narima, ora bisa nesu, ora gelem goroh, wicaksana, bekti marang Pangeran, lan jujur. Kagungan pusaka Jamus Kalimasada paringane Bathara Darma. Pusaka liyane Tumbak Tunggulnaga lan Tumbak Kyai Karawelang.

Nalika Pandhawa diancam patine dening Kurawa, Yudhistira diajak main dhadhu karo Sengkuni. Amarga kelicikane Sengkuni, Yudhistira kalah. Pandhawa diukum buang ing alas suwene 13 taun. Pandhawa ora kena konangan Kurawa. Yen konangan ukumane bakal ditambah 13 taun maneh, yen konangan maneh, ditambah 13 taun maneh, mangkono sateruse. Yudhistira sakadang banjur nyamur laku. Yudhistira ganti asma dadi Dwijakangka. Dwijakangka lan adhi-adhine Suwita ing Wiratha.

Yudhistira sakadang bisa ngedegake Praja Indraprastha. Iki ing lakon wayang Babad Wanamarta. Critane apik banget, para Pandhawa perang karo jim. Indraprastha uga arep dijaluk Kurawa. Iki dadi sarana pambuka perang Bharatayuda.

Salawase urip Yudhistira mung perang sepisan yaiku nalika lumayan senapatining Kurawa aran Prabu Salya. Miturut Kresna, ora ana sing bisa ngalahake Salya kajaba Yudhistira. Salya duwe aji Candhabirawa. Yen diwateg, saka anggane Salya timbul buta bajang siji. Yen buta mau dipateni dadi loro, yen loro dipateni dadi papat, mangkono sateruse, saya dipateni cacahe saya tambah. Pandhawa meh kalah. Saya pamrayogane Kresna lan uga pangandikane Prabu Salya, Salya bakal kalah mungsuh karo satriya getih putih. Yudhistira maju perang. Aji Candhabirawa ora bisa tumama marang Yudhistira, malah buta Candhabirawa ninggal Salya manunggal karo Yudhistira.

Page 2: yudhistira

Kacarita aji Candhabirawa kawitane darbeke Begawan Bagaspati, begawan kang kadunungan getih putih (mara tuwane Salya, nom-nomane aran Raden Narasoma). Bagaspati dipateni dening Narasoma. Dening Begawan Bagaspati Narasoma malah diparingi aji Candhabirawa. Welinge diwanti-wanti, aji Candhabirawa bakal ninggalake Narasoma lan manunggal kalamun ana satriya getih putih. Ditinggal aji Candhabirawa lan kataman Jamus Kalimasada, Salya gugur ing palagan.

Salawase urip, Yudhistira ora tau goroh. Nalika Durna dadi senapati Ngastina, ora ana senapati Pandhawa kang bisa lumayan. Durna iku gurune para Pandhawa. Kresna golek akal. Durna bakal nggrantes atine menawa Aswatama mati. Werkudara didhawuhi mateni gajahe Hestitama tunggangane Bogadhenta. Banjur dikabar-kabarake, menawa Aswatama mati. Durna bingung, ora percaya, kabeh prajurit Pandhawa (Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa) ngomong Aswatama mati. Mung siji wong sing ora bisa goroh. Durna takon marang Yudhistira. Yudhistira binggung, ditakoni tansah meneng wae, ora gelem goroh. Prabu Kresna golek cara, supaya Yudhistira matur alon-alon banget pas tembung Hestitama, “Inggih Bapa, Hestitama pejah ing paperangan.” Durna wis tuwa suda rungu, krungune Aswatama. Durna gumyur sirahe, anak siji sing didama-dama mati, ora ana gunane golek kamulyan. Durna nglokro, perange dadi ora tenanan, Werkudara waspada, Durna dikepruk gada Rujakpala, Durna klimpungan. Drusthajumena mulat Durna sing lagi kantaka katigas janggane.

Yudhistira dadi ratu ing Ngamarta ambeg adil paramarta, kawulane makmur, tata titi tentrem kerta raharja, gemah ripah loh jinawi. Dhasar negarane kasinungan Dewi Sri (dewi pari) lambanging kemakmuran.

Sawise njumenengake Parikesit dadi ratu ing Ngastina, Yudhistira lan kadange lelana brata. Kabeh kadange wis mati ing segara wedhi. Yudhistira katekan Bathara Darma banjur muksa saragane tumuju swarga. Yudhistira ora weruh kadange ing swarga. Bathara Guru dhawuh manawa kadange ana ing naraka jalaran sanajan satriya tau tumindak ala, mula kudu nebus dosane. Yudhistira ora trima (protes). Dheweke ora gelem ana swarga banjur nyebur ing naraka. Kaelokan dumadi neraka ganti, wujud dadi swarga kang endah.

----ooOoo----