Tugas Bahasa Jawa by Pandhu Satriya

6
TUGAS BAHASA JAWA “LAPORAN KEGIATAN” KD 8.1 : Menulis laporan kegiatan. Pembimbing : Suntik Purwati S.Pd Oleh : Bima Surya Khoirul Fikri (IXA/03) Bimo Prakoso (IXA/04) Muhammad Chanif Tamimi (IXA/13) Pandhu Satriya Wasista (IXA/16)

description

Bom Atom laporan kagiyatan bahasa jawa

Transcript of Tugas Bahasa Jawa by Pandhu Satriya

TUGAS BAHASA JAWALAPORAN KEGIATANKD 8.1 : Menulis laporan kegiatan.

Pembimbing : Suntik Purwati S.PdOleh : Bima Surya Khoirul Fikri (IXA/03) Bimo Prakoso (IXA/04) Muhammad Chanif Tamimi (IXA/13) Pandhu Satriya Wasista (IXA/16)

SMP NEGERI 5 KOTA PROBOLINGGOJl.Cokroaminoto No 26 Probolinggo Kode pos 67213 telepon (0335) 422636 Website: http://www.smpn5-pbl.sch.id Email: [email protected] LAPORAN

Tema : Kahanan Alun - Alun Kutha ProbolinggoJudul : Pasar Minggu Alun-Alun Kutha ProbolinggoJenise laporan : Laporan KegiatanDilaksanaake kagiyatan : Minggu, 01 Maret 2015Panggonan : Alun-Alun Kutha ProbolinggoMetode Pengamatan : Mengamati lan WawarembugJumlah panderek : 4 (Bima,Bimo,Chanif,Pandhu)Biaya : - Ongkos dherek : Rp 7500- Ongkos akomodasi (mangan + ngombe) : Rp 10.000- Ongkos Parkir : Rp 1000- Total : Rp 20.000Umbarampe : Kamera, dhuwit, catetan. Latar belakang : Alun - Alun Kutha Probolinggo iku salah sawijining panggonan sing akeh dikunjungi wisatawan amarga saben dina Ahad, Pamarentah Kutha Probolinggo nyelenggaraake Pasar Minggu. Lapangane amba, lahan parkire amba, akeh pedagang sing dodolan dadi wisatawan sing berkunjung padha olahraga, golek panganan lan liya-liyane. Alun- Alun Kutha Probolinggo iku strategis amarga letake ana ing tengah tengah Kutha Probolinggo. Oleh sebab iku, akeh dikunjungi wisatawan. Sawijining latar belakang liyane, kula lan kanca kanca uga mlaku-mlaku lan golek panganan kanggo refreshing sawise nampa pelajaran.Tujuan : Kanggo ngenalake kagiyatan ing Alun-Alun Kutha Probolinggo. Kanggo golek panganan lan sarana rekreasi sawise nrima pelajaran.

Kagiyatan saktekane panggonan sing dituju :

1. Nyiapke barang sing dianggep perlu. Kayata : Dhuwit, kamera lan liya liyane.2. Observasi saka ngarep masjid Alun Alun Kutha Probolinggo. Kayata : foto - foto 3. Wawarembug 4. Mlebu Alun-alun lan observasi maneh.5. Keliling Alun-Alun sekitar. Observasi, wawarembug, lan golek panganan.

Kagiyatan sakwise rampung :

1. Ngecek foto-fotone, data wawarembuge, lan liya-liyane.2. Sakwise kagiyatan dianggep cukup, Mulih saka Alun Alun Kutha Probolinggo.Hasil wawarembug kaliyan wisatawan & pedagang: 1. Alun Alun Kutha Probolinggo salahsawijining sarana rekreasi murah meriah.2. Alun Alun Kutha Probolinggo ugarampene bisnis sing nguntungake kanggo pedagang sing dodolan ing sakitare alun - alun.3. Lingkungan Alun Alun Kutha Probolinggo isih asri,ayem lan tentrem. Hasil pengamatan kagiyatan panggonan sing dituju :

1. Jam 06.00 : Alun-Alun Kutha Probolinggo sepi amerga udan deres.2. Jam 06.30 : Alun Alun Kutha Probolinggo wis akeh sing marani.3. Jam 07.00 : Alun Alun Kutha Probolinggo wis rame padhet. 4. Jam 07.00 : Uwong-Uwong padha mlaku-mlaku,Tuku panganan, lan liya-liyane.5. Jam 08.30 : Uwong-uwong wis akeh sing ninggalake Alun-Alun Kutha Probolinggo. 6. Jam 09.00 : Pedagang wis ngringkesi dagangane.7. Jam 10.00 : Alun-Alun kutha Probolinggo wis sepi lan dalane dibuka kanggo umum.

Pasar Minggu Alun-Alun Kutha ProbolinggoMinggu, 01 Maret 2015, Aku budhal menyang Alun-Alun Kutha Probolinggo kanggo olahraga lan mlaku-mlaku refreshing sakwise nampa pelajaran. Sawijining tujuwan liyane kanggo nulis laporan kegiyatan. Aku budhal saka omah jam 05.45 WIB. Sakdurunge aku adus dhisik lan nyiapake barang-barang sing diperluake kanggo mlaku mlaku ing Alun-Alun Kutha Probolinggo. Saktekane ing Alun-Alun Kutha Probolinggo, Aku langsung observasi lan neduh ing wit-witan amarga udan. Foto- foto sekitare alun-alun, wawarembug karo pedagang, tuku-tuku lan liya liyane. Jam 06.30 WIB uwong-uwong wis padha sing akeh menyang Alun-Alun Kutha Probolinggo. Ana sing numpaake anake sepur-sepuran, ana sing main voli, ana sing tuku tuku, ana sing delok konser dangdut lan liya-liyane. Minurut wisatawan, Alun Alun Kutha Probolinggo rame amarga strategis ana ing tengah - tengah kutha, lahan alun alun isih asri, murah meriah, lan jembar saengga iso dadi sarana olahraga. Kaunggulan liyane, Alun-Alun yaiku rindang sejuk akeh uwong dodolan panganan, dodolan klambi, lan liya-liyane. Saengga, uwong-uwong sing dha mari olahraga mangan-mangan ing Alun Alun. Jam 07.00 WIB Alun-Alun Kutha Probolinggo kebak uwong uwong, jalane macet pol, parkiran kebak speda motor, pedagang tambah akeh. Ana sing senam ibu sing lagi ngandut, ana sing nggawa kucing, wis pokoke kebak manungsa. Jam 08.30 WIB, uwong-uwong wis padha ninggalake Alun-Alun Kutha Probolinggo. Parkiran wis padha sepi. Suasanane wis padha renggang. Jam 09.00 WIB, pedagang wis dha ngringkesi dagangane. Parkiran tambah sepi, uwong-uwong wis ninggalake AlunAlun, suasane sepi banget, dinane tambah panas. Jam 10.00 WIB, Parkiran ing dalan menyang Alun Alun Kutha Probolinggo wis dibuka kanggo dalan umum. Ora ono pedagang maneh ing dalan sakitare Alun Alun Kutha Probolinggo kacuali pedagang ing ngisore wit-witan. Aku meriksa maneh hasil wawarembug lan foto fotone. Sakwise dianggep cukup aku mulih mbalik menyang omah.

Lampiran :