Tembang macapat sinom

7

Click here to load reader

Transcript of Tembang macapat sinom

Page 1: Tembang macapat sinom

1. Ahmad usuludin

2. Danang Eko Saputro

3. Hari Prayogo

4. Sri Wahyu Widayat

1 AGRONOMI 2

SMK N 1 ( STM Pembangunan ) Temanggung

KELOMPOK 7

Page 2: Tembang macapat sinom

• Machapat iku tembang tradisional ing tlatah JAWA. Saben bait macapat nduweni baris sing diarani gatra, lan lan saben gatra nduwe sawetara guru wilangan tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.

• Macapat kalebu tembang cilik/alit lan uga tembang tengahan

Aturane – aturan jroning macapat mau antara liya :

Guru gatra : wilangan larik / gatra saben pada ( bait )

Guru wilangan : wilangan wanda ( suku kata ) saben gatra

Guru lagu : tibane swara wanda ing pungkasan ing saben gatra

Page 3: Tembang macapat sinom

• macapat sinom yaiku salah sawijining tembang macapat kang manggoniurutan ke-3 ing macapat.

• Sinom saka tembung sinoman, sinoman yaiku kumpulan bocah – bocah enom kang ngrewangi wong kang nduwe hajat.

• Ana penemu liya yen sinom ono hubungane saka upacara – upacara bocah enom jaman biyen

• Ing serat Purwaukara diwenehi arti seskaring rambut kang artine anak rambut

Page 4: Tembang macapat sinom

Sinom, yaiku nggambarake cah enom.

Enom berarti isih bodho, mula ana :

1. Sinom Ginonjing, bocah kang pikirane gampang molah malih, niat lan pikirane durung stabil.

2. Sinom Kentar, Mulane pikirane gampang molah maleh, anak bisa kentar ( keli ) utawa gampang kesapu adoh. Lan gampang dipengaruhi amarga isih seneng ambruk -ambruk gedhang

3. Sinom Grandhel, tembung grandhel tegese gumantung, bocah sing wis kambang mbutuhake ' gantungan ', isih padha gumantung ing wong tuwa loro lan mbutuhake panutan

4. Sinom Pangrawit, Rawit ateges alus lan apik, mula saiki bocah enom mundhak akale. Mula padha nggaya

Page 5: Tembang macapat sinom

• Kesimpulan :

• Sinom artine kanoman. Nggambarake mangsa wayah enom, akeh pangarepan lan angen – angen, lan nggolek ilmu gawe ngawujudake

• Tembang sinom nduweni awatak ethes ( semangat ), prasaja ( bijaksana ), grapyak ( renyah )

Page 6: Tembang macapat sinom

Tembang sinom nduwe 9 gatra yaiku,

8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a

Nuladha laku utamaTumraping wong tanah JawiWong agung ing NgeksigandaPanembahan SenapatiKapati amarsudiSudaning hawa lan nepsuPinesu tapa brataTanapi ing siyang ratriAmamangun karyenak tyasing sasama

Ngeksiganda = mataram

Kapati = usaha

Amarsudi = nganggo atine

Brata = nganggo cara

Tanapi = tapa

Ratri = bengi

Amamangun = mbangun

Karyenak = ketentreman

Tyasing = sesama

Page 7: Tembang macapat sinom

CAKEPAN :

Nuladhaa prilaku kang apik tumraping wong jawa, wong gedhe saka mataram yaiku panembahan senopati, panembahan senopati iku nduweni prilaku kang becik, nganggo usaha lan tekad panembahan senopati bisa ngendalikake napsune, nganggo cara semedi lan dedonga bengi lan awan, ngawujudake seneng mbangun ketentreman warga