Tata Laksana Bojana Ekaristi2

download Tata Laksana Bojana Ekaristi2

of 5

Transcript of Tata Laksana Bojana Ekaristi2

Misa Syukur Pengetan Pesta Nama lan Ulang Tahun Wilayah Gorolangu XXVIII

Misa Syukur Pengetan Pesta Nama lan Ulang Tahun Wilayah Gorolangu XXVIII Sembahyang Pamartobat I : Ayo padha ngaturake keduwunging ati ana ing ngarsa Dalem Gusti, supaya kita saged pantes ngriyayaaken pesta nama wilayah Gorolangu. Kawula ngakeni.. : Ing ngarsaning Allah . : Muga Allah kang Maha Kuwasa karsa paring palimirma lan pangapuraning dosa sarta nuntun marang urip langgeng. : Amin. (Puji Agung) (Puji Agung)

TATA LAKSANA BOJANA EKARISTILITURGI PAMBUKAKidung Pambuka: IBU MARIA KAPUNDHUT MENYANG SWARGA Pratandha agung katon ing langit; Wanita abusana surya, rembulan kinarya bebancik sampeyane, Dene mustaka ajejamang lintang rolas. Ngengidunga kidung anyar kagem Gusti, Jer Panjenengane akarya kang nggumunake.

U I

U

Kidung Gusti Nyuwun Kawelasan Kidung Kamulyan

Sembahyangan Pambuka. Konjuk lan pambagya marang umat. I I : Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci. U I U : Amin. : Gusti manunggala : Kaliyan kula sadaya. U : Amin. : Ayo padha munjuk, Gusti Allah, Putra Dalem medharaken kamulyan wonten ing puncaking redi, kekeraning pengandel ingkang baken sampun kateguhaken sineksen Nabi Musa lan Nabi Elias. Punapa dene kawula sami kaangkat dados putra-putra Dalem. Keparenga kawula tansah nggatosaken saha ngestokaken sabdanipun, supados pantes ndherek dados ahli waris Dalem ing swarga. Lantaran Gusti Yesus Kristus Putra Dalem ingkang gesang tuwin mengku keprabon ing salami-laminipun.

Atur pambagya marang umat dening romo..

Misa Syukur Pengetan Pesta Nama lan Ulang Tahun Wilayah Gorolangu XXVIII

Misa Syukur Pengetan Pesta Nama lan Ulang Tahun Wilayah Gorolangu XXVIII Waosan II : 1 Kor 15:20-26 P : Waosan kapindho kapethik saking seratipun Kapisan Rasul Paulus dhateng umat ing Korintus. Sing dhisik dhewe Sang Kristus minangka pembarep, nuli wong-wong liyane kagungan Dalem. Para sadulur, Sang Kristus sanyata wis wungu saka seda, ngrumiyini kabeh sing wis mati. Awit pati teka jalaran wong siji, samono uga tangi saka pati jalarane ya wong siji. Kaya dene kabeh mati ana ing Adam, mangkono uga kabeh bakal diuripake maneh ana ing Sang Kristus. Nanging manut gilirane: sing dhisik dhewe Sang Kristus minangka pambarep, nuli liya-liyane kagungan Dalem besuk yen Sang Kristus rawuh. Wasana ing pungkasaning jaman Sang Kristus bakal masrahake kaprabon marang Allah Hyang Rama samangsa nglengser sakehe pangreh, paprentahan lan panguwasa. Awit wis ditetepake, yen Sang Kristus bakal mangreh nganti para mungsuh nungkul dadi bebancine pada Dalem. Dene mungsuh pungkasan sing bakal disirnakake yaiku pati.

LITURGI SABDAWaosan I : Wahyu 11:19a; 1:1.3-6 P : Waosan kapisan kapethik saking Kitab Wahyu Wanita asingeb surya jumeneng ngancik rembulan Nalika samanapadalemaning Allah ing swarga binuka lan pratandha agung katon ing langit. Wanita asingeb surya jumeneng ngancik rembulan ngagem jamang lintang rolas ing mustaka. Nuli ana pratandha liya katon ing langit; Naga gedhe abang branang; sirahe pitu, sungune sepuluh lan saben sirah nganggo jamang. Lan pethite naga mau nyapu sapratelone lintang lintang dibuwang ing bumi. Naga mau ngadhang ana ing ngarepe Sang Wanita, arep nguntal putrane samangsa miyos. Lan Sang Wanita mbabar putra kakung kang bakal mangreh sakehe bangsa mawa cemethi kawat. Sanalika putrane sinambut disowanake ingarsane Allah ing dhampar Dalem. Dene Sang Wanita nuli ngungsi menyang papan ing ara-ara samun sing wis dicawisake Allah. Lan aku krungu swara sora saka swarga, Saiki wis tekan titiwancine panebusan. Panguwasa lan kraton lumadi ing Allah-ku lan pamisesa konjuk ing Sang Kristus. Makaten sabda Dalem Kitab Suci. U : Sembah nuwun konjung ing Gusti. PA. 610 .5 / 7 i 5 7 / i . 0 //

Makaten sabda Dalem Kitab Suci. U : Sembah nuwun konjung ing Gusti.

Kidung Cecala Injil : Alleluya 3 A-

PA. 612

Kidung Antara : Sang Prameswari i 7/ 5 Sang 7 i 7 / 5 3 4 5

3 / i i i 7 5 7 / i . . 3 4 / 5 . 4 . / 3 . 0 // le- lu- yah. A- le- luyah. A- le- luyah.

Prameswa

ri jumeneng ing sa - tengen Da - lem.

Misa Syukur Pengetan Pesta Nama lan Ulang Tahun Wilayah Gorolangu XXVIII Injil Suci : Lukas 1:39-56 I U I U : Gusti manunggala. : Kaliyan kula sadaya. : Pethikan Injil Suci anggitane Santo Lukas. : Linuhurna Gusti. Agung pakaryane Sang Mahakuwasa tumprap aku, para asor papa padha jinunjung. Nalika samana Ibu Maria tindak gegancangan menyang kutha ing pegunungan Yudea, papan padunungane Zakarias. Mlebu ing daleme Zakarias mau Ibu Maria uluk salam marang Ibu Elisabet. Bareng ngrungu uluk salam, sakala jabang bayi ing guwagarbane njola lan Ibu Elisabet kapenuhan Hyang Roh Suci, nuli nguwuh sora, tembunge, Sami-sami wanita panjenengan pinuji piyambak lan pinuji ugi wohing guwagarba panjenengan. Sinten ta kula punika, dene nampi kabegjan dipun rawuhi Ibunipun Gusti kula? Awit sareng miring uluk salam panjenengan, jabang bayi ing guwagarba kula njola saking bingahipun. Rahayu panjenengan, margi pitados bilih sabda pangandikanipun Pangeran dateng panjenengan badhe kaleksanan. Ibu Maria nuli ngandika, Sukmaku ngluhurake Pangeran, lan rohku bungah karana Allah karahayonku, awit wus karsa mriksani asoring abdi. Jer wiwit samengko sakehe bangsa bakal nyebut aku rahayu, awit agung pakaryan Dalem Allah Sang Mahakuwasa tumrap ing aku lan suci asma Dalem. Lan sih kawelasan Dalem turun temurun, ngluberi para wedi asih ing Gusti. Kuwasaning asta Dalem wis katonton, agawe bingung sing atine kumlungkung. Para kuwasa kalorod kalenggahane, para asor papa padha jinunjung. Sing kekurangan keroban bandha, sing sugih katundhunh nglenthung. Gusti ngukup Israel abdi Dalem, awit ngengeti palimirma Dalem, miturut pangandika Dalem marang para leluhur, Bapa Abraham saturunturune ing salawase. Watara telung sasi Ibu Maria lerep ing daleme Elisabet, banjur kondur. Mangkono sabda Dalem Gusti.

Misa Syukur Pengetan Pesta Nama lan Ulang Tahun Wilayah Gorolangu XXVIII U : Sembah nuwun konjung ing Gusti.

HOMILI Kawula Pitados Sembahyangan Umat Imam : Kita umat kabeh dipitaya Gusti Allah, diparingi ayahan mbangun jagad anyar lan urip miturut Roh Dalem. Mula kanthi pangestune Ibu Maria kang kaangkat ing swarga sajiwa ragane, ayo padha nyuwun pitulungan lan semangat sajrone ngayahi pakaryan lan panuwunan kita. Lektor : Gusti, mugi karsaa ngamping-ampingi Sri Paus, para Uskup, imam, diakon, bruder, suster lan para rohaniawan saha umat ingkang nderek cawecawe makarya ing pasamuwan suci amrih saged nindakaken tugas pelayananipun kanthi sae. Kawula nyuwun.. Umat : Kanjeng Ibu Dewi Maria, mugi karsaa nglantaraken pasambat kawula dateng ingkang Putra Gusti Yesus Kristus, amrih kasembadan sadaya panyuwunan ingkang kawula aturaken punika. Lektor : Gusti, mugi tansah njagi tuwin ngayomi nagari kawula Indonesia ingkang sampun mardika sewidak enem tahun menika amrih sageda lestantun mardika saha tata tentrem karta raharja, supados rakyat sawetahipun sageda ngabdi Gusti tuwin sesami mbangun masyarakat ingkang adil tuwin makmur. Kawula nyuwun U : Kanjeng Ibu Dewi Maria, mugi karsaa nglantaraken pasambat kawula dateng ingkang Putra Gusti Yesus Kristus, amrih kasembadan sadaya panyuwunan ingkang kawula aturaken punika.

Misa Syukur Pengetan Pesta Nama lan Ulang Tahun Wilayah Gorolangu XXVIII L : Gusti, mugi para Ibu karsaa nulad tuladhanipun Ibu Maria anggenipun sami nggula wenthah putra-putranipun lan para putra ugi saged nuladha dateng ingkang Putra, inggih Gusti Yesus piyambak. Kawula nyuwun

Misa Syukur Pengetan Pesta Nama lan Ulang Tahun Wilayah Gorolangu XXVIII

U

: Kanjeng Ibu Dewi Maria, mugi karsaa nglantaraken pasambat kawula dateng ingkang Putra Gusti Yesus Kristus, amrih kasembadan sadaya panyuwunan ingkang kawula aturaken punika.

U

: Kanjeng Ibu Dewi Maria, mugi karsaa nglantaraken pasambat kawula dateng ingkang Putra Gusti Yesus Kristus, amrih kasembadan sadaya panyuwunan ingkang kawula aturaken punika. : Gusti, keparenga kawula sangsaya pitados bilih katresnan sampun ngawonaken sesengitan, lan pejah sanes sirnanipun samukawis, kados ingkang kawula lelimbang salebeting sugengipun Ibu Dewi Maria. Kawula nyuwun.. : Kanjeng Ibu Dewi Maria, mugi karsaa nglantaraken pasambat kawula dateng ingkang Putra Gusti Yesus Kristus, amrih kasembadan sadaya panyuwunan ingkang kawula aturaken punika.

L

Imam : Gusti Allah, Rama ingkang Langgeng tuwin Maha Kuwasa, kawula munjuk sembah nuwun dene Ibu Maria jinunjung dados Ibunipun Putra Dalem saha umat manungsa, saha samangke sampun kapundhut ing swarga sajiwa-raganipun. Kamulyan ingkang sampun tinampi punika mujudaken kasagahan saha tanggelan tumprap kawula. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Umat : Amin.

U

Kidung Pisungsung : L : Gusti, ing sakiwa tengen kawula taksih kathah para umat ingkang rumaos alit, miskin, kasrakat, kasingkir, lan cacat. Mugi tansaha paring berkah panglipur, semangat ingkang handayani, lan kawula ugi saged suka pambiyantu dateng sesami miturut kekiyatan kawula piyambak. Kawula nyuwun .. : Kanjeng Ibu Dewi Maria, mugi karsaa nglantaraken pasambat kawula dateng ingkang Putra Gusti Yesus Kristus, amrih kasembadan sadaya panyuwunan ingkang kawula aturaken punika. : Gusti, mugi karsaa midanget umat Dalem ingkang sami mbetha panyuwunan sacara pribadi.. (ngaturaken sembahyangan pribadi ing salebeting batos piyambak) Kawula nyuwun .. PARA PUTRA TUMENGA PA. 614

U

L

1. Para putra tumengaa mring swarga gung yekti. Pra malekat suka-suka lan pra suci. Ibu Kenya minggah swarga sru pinuji yekti. Pra malekat suka bingah amemuji. 2. Tanpa wilang angabekti sowan mring sang Kenya. Samya caos atur pudyan lan pambagya. Duh sang Dewi Kenya Suci Hyang Agung, Tanpa cirri wus mulya ing swarga luhur. 3. Amba putra aneng donya mantep lan pracaya, jer paduka tansah enget mring pra putra. Manah sabar boten samar nampi sih nugraha, tuking lejar tetep dados Ibu amba.

Misa Syukur Pengetan Pesta Nama lan Ulang Tahun Wilayah Gorolangu XXVIII Sembahyangan Cecawis Pisungsung. Imam : Gusti Allah, Rama Maha Asih, mugi roti anggur, tandhaning pangabekti kawula punika, sumengkoa ingarsa Dalem, saha mugi manah kawula lajeng kauurubna ing latuning katresnan jati sarta tansah tumujua dateng ingarsa Dalem, awit saking pengestunipun Ibu Maria ingkang sampun kapundhut ing swarga sajiwa raganipun. Ingkang dipun pahargya sesarengan kaliyan ulang tahun wilayah Gorolangu punika. Umat : Amin

Misa Syukur Pengetan Pesta Nama lan Ulang Tahun Wilayah Gorolangu XXVIII 2. Sami-sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yesus. 3. Dewi Maria, Ibuning Allah, kawula tiyang dosa, sami nyuwun pangestu Dalem, samangke tuwin benjing dumugining pejah.

Sembahyangan Bakda Komuni I : Ayo padha munjuk, Gusti Allah, Rama sumbering gesang saha tangining badan, kawula sampun kepareng nderek bojana mulyakaken Ibu Maria ingkang dipun angkat dateng swarga sajiwa-raganipun, ingkang dados pangayoman kagem Wilayah Gorolangu punika. Mugi karana berkah lan pangestunipun Ibu Dewi Maria, ibuning Putra Dalem, kawula kepareng nderek ngraosaken tangining badan saha gesang langgeng. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. : Amin.

Prefasi Kidung Suci-suci Sembahyangan Puji Panuwun Agung Anamneses Rama Kawula Kidung Cempening Allah Komuni PA. 317 Kidung Adi Kidung Adi Teks PA. 318 U

Pengumuman lan atur panuwun. Berkat Penutupan.

Kidung Komuni: SAKEHING BANGSA Refrain: Sakehing bangsa bakal nyebut aku rahayu, awit agung pakaryan Dalem Hyang Maha Kuwasa tumrap ing aku. Ayat : 1. Sembah bekti kawula Dewi Maria, kekasihing Allah, Pangeran nunggil ing Panjenengan Dalem. PA. 615