SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun...

25
www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 1 www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados tuwin bebener Gatoloco ngemot piwulang babagan sangkan paraning dumados. Ananging, Gatoloco mboten saget dipun dhudhah kanthi lambaran Islam wantah jalaran ing Gatoloco kenthel sanget werna sinkretisme-nipun. Gatoloco anyariyosaken bantahipun Gatoloco tandhing kaliyan Dewi Perjiwarti lan dados lambang pamoring jalu wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar buku Gatolotjo ingkang kaimpun dening RM Suwandi ing Surakarta lan kawedalaken dening Penerbit Tan Khoen Swie, taun 1954. Katambah katrangan ing buku Tafsir Gatoloco , anggitanipun Joko Su’ud Sukahar, wedalan Wuwung Surabaya. Suluk Gatoloco anyariyosaken lelampahanipun manungsa ingkang awon rupinipun tuwin awon ugi pratingkahipun. Manungsa punika nganggep pribadinipun dados lelananging jagad, lan ugi nganggep pribadinipun minangka tiyang kakung ingkang mumpuni. Jejeripun Gatoloco inggih nedahaken pribadi ingkang ndudut raos eram. Wasis micara, nguwaosi ngelmu filsafat tuwin pinter madani utawi ngece asanes. Kathah tiyang ingkang ngakeni bilih Gatoloco punika tiyang ingkang pinter lan linuwih ngelmunipun. Ananging amargi pratingkah tuwin tumindakipun ingkang tansah lelandhesan sipat umuk, adigang, adigung lan adiguna, wusana ndadosekan tiyang sanes mboten saget ngajeni Gatoloco. Saksitena kemawon ingkang mangertos sinten Gatoloco limrahipun milih mboten pinanggih kemawon.

Transcript of SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun...

Page 1: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados tuwin bebener Gatoloco ngemot piwulang babagan sangkan paraning dumados. Ananging, Gatoloco mboten saget dipun dhudhah kanthi lambaran Islam wantah jalaran ing Gatoloco kenthel sanget werna sinkretisme-nipun. Gatoloco anyariyosaken bantahipun Gatoloco tandhing kaliyan Dewi Perjiwarti lan dados lambang pamoring jalu wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar buku Gatolotjo ingkang kaimpun dening RM Suwandi ing Surakarta lan kawedalaken dening Penerbit Tan Khoen Swie, taun 1954. Katambah katrangan ing buku Tafsir Gatoloco , anggitanipun Joko Su’ud Sukahar, wedalan Wuwung Surabaya. Suluk Gatoloco anyariyosaken lelampahanipun manungsa ingkang awon rupinipun tuwin awon ugi pratingkahipun. Manungsa punika nganggep pribadinipun dados lelananging jagad, lan ugi nganggep pribadinipun minangka tiyang kakung ingkang mumpuni. Jejeripun Gatoloco inggih nedahaken pribadi ingkang ndudut raos eram. Wasis micara, nguwaosi ngelmu filsafat tuwin pinter madani utawi ngece asanes. Kathah tiyang ingkang ngakeni bilih Gatoloco punika tiyang ingkang pinter lan linuwih ngelmunipun. Ananging amargi pratingkah tuwin tumindakipun ingkang tansah lelandhesan sipat umuk, adigang, adigung lan adiguna, wusana ndadosekan tiyang sanes mboten saget ngajeni Gatoloco. Saksitena kemawon ingkang mangertos sinten Gatoloco limrahipun milih mboten pinanggih kemawon.

Page 2: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 2

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Gatoloco ingkang dados paraga ing suluk utawi serat punika mujudaken tiyang ingkang kinurmatan. Gatoloco ing serat punika mujudaken putranipun narendra ingkang cacat badanipun. Gatoloco medal saking karaton lajeng ngulandara kangge ngudi sejatining dhiri. Ing lampah ngulandaranipun dipunkancani abdi dalem nama Darmogandhul ingkang ugi gadhah kawasisan ingkang pinunjul. Darmogandhul abdinipun Gatoloco punika nggadhahi kalangkungan ing ngelmu sihir lan ugi gadhah kalangkungan daya kasekten ingkang linuwih. Mbokmenawi inggih jalaran saking punika ingkang ndadosaken Gatoloco rumaos dados tiyang kakung lelananging jagad. Miterut andharan ing buku Tafsir Gatolotjo, karyanipun Joko Su’ud Sukahar, wedalan Wuwung Surabaya, Gatoloco punika menawi dipunpirid sami tegesipun kaliyan darmogandhul. Ugi sami kaliyan lingga utawi planangan. Pralambang punika limrah kaginakaken ing kasusastran Jawi, minangka pralambangipun wadi, rasa pangrasa lan naluri. Sanesipun punika, ugi minangka lambang daya mistis, sakral lan jujuripun manah. Wonten sadhengah pamanggih babagan sinten ingkang nganggit Suluk Gatoloco. Wonten ingkang nyebat asma Soerjanagara, wonten ingkang nyebut Raden Ngabehi Ranggawarsita, ananging wonten ugi ingkang nyebut punika anggitanipun priyayi ing Kediri. Gatoloco pinanggih kyai saking Pondhok Rejasari Cariyos ing Suluk Gatoloco kawiwitan ing negara gung gemah ripah tata raharja karan Jajarginawe. Negara punika dipunkuwaosi dening ratu ingkang kondhang mumpuni ing

Page 3: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 3

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

guna kasantikan, nyakup agal lan lembut. Ratu punika peparab Suksmawisesa. Nuju satunggaling dinten kacariyos Sang Sri, inggih prameswarinipun, sampun peputra. Bayinipun sajuga jalu werninipun, bungkik cilik sirahipun, katon bundhel kulit mbesisik, bawuk sarta abangkak, tanpa netra irung, karemanipun namung tilem sadinten-dinten. Danguning-dangu, Sang Sri mboten kiyat gesang kaliyan ingkang putra (salajengipun peparab Gatoloco). Ingkang putra lajeng katundhung, kapurih tapa gentur ing papan sepi ingkang karan Waringinsungsang. Kesahipun kairing abdidalem nama Darmagandhul. Dedeg piyadegipun Darmagandhul ugi mboten becik. Mboten kagungan kuping, lemo lan menawi tilem kadidene pejah, tanpa otot lan balung sedya mbelani gustinipun. Tapanipun tapa ngalong, gumandhul ing pang ing Waringinsungsang. Sasampunipun mertapa salaminipun 21 taun panyuwunanipun katampi dening Hyang Ingkang Murbawisesa. Putranipun ratu ingkang katundhung punika lajeng kasinungan wahyu baud, nyrekal mring samining jalma, tan nggegulang mring wicara langkung wasis, tan sinau nanging lebet ilmunipun. Amumpuni dhumateng sakathahing sastra. Salajengipun nyuwun idi palilah saking ingkang rama, sedya alelana, nuruti sakayun, lan ingkang rama ugi nglilani. Lampahipun alelana nurut derenging ati, kalunta manut jantraning ati. Salaminipun mlampah alelana, Darmagandhul sedhih sanget jalaran gustinipun punika remen madat lan minum, menawi dipunaturi malah ndukani. Gantos cariyos, wonten tigang kyai ing Pondhok Rejasari. Tetiganipun kasinungan ilmu ingkang wiyar. Kathah santri ingkang sinau dhateng para kyai punika. Salebaripun subuh,

Page 4: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 4

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

kyai tiga wau gantos sandhangan jalaran badhe alelana. Lumebet wekdal pajar rahina, tetiganipun mangkat sesarengan. Wonten nenem siswa ingkang ngiringi lampahipun tigang kyai wau. Para siswa punika ambekta ubarampe sangu ing lampah alelana. Wonten ingkang mbekta sajadah tuwin kitab ingkang gungggungipun wonten 40 iji. Para kyai tuwin siswa pangiringipun punika sedya sowan dhateng satunggaling pondhok ing Cepekan. Tigang kyai saking Rejasari sedaya sami mlampah nuju arah kilen. Sasampunipun sawetawis wekdal lajeng ngaso ing pinggir ratan sangandhapipun wit ringin ageng. Nalika tigang kyai saha siswanipun ingkang ngaso punika sami dikiran, saking katebihan ketingal wonten tiyang ingkang mlampah. Dedeg piyadegipun tiyang punika alit, rambutipun kriting, praupanipun kucem, mripatipun kera, kekalih alisipun gathuk, irungipun pesek, tutukipun alit. Tiyang ingkang awon wujudipun punika mbekta teken saking pring tutul ingkang dipungosok, werninipun belang abrit. Alon-alon tiyang punika nyaket dhateng papan dunungipun kyai saking Rejasari. Gatoloco medhar andharan werdinipun gesang Alon-alon Gatoloco lenggah ing sacelakipun tigang guru, inggih kyai saking Rejasari. Gandanipun karaos apek lan sangit sanget. Nanging para kyai saking Rejasari punika mboten tumindak punapa-punapa. Para santri ingkang ngiringi lampahipun ugi ngraosaken ganda apek lan sangit saking badanipun Gatoloco. Tanpa nyuwun idi palilah saderengipun, Gatoloco lajeng mundhut rokok lan lajeng dipunsumet. Sedaya santri ingkang

Page 5: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 5

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

nembe ngaso lajeng karaos keblebeken jalaran peluk rokok ingkang sangit sanget gandanipun. Tigang kyai saking Rejasari lajeng waspada sasampunipun nguningani tumindakipun Gatoloco ingkang tanpa trapsila punika. Salah satunggaling kyai lajeng guneman lirih ingkang wosipun inggih nembe sepisan punika pinanggih titah ingkang wujudipun manungsa nanging mboten gadhah tatakrama lan trapsila. Wonten santri ingkang klesik-klesik wicanten menawi punika sanes manungsa, wangunipun langkung limrah menawi turunipun brekasakan utawi wewe. Gatoloco ingkang mireng sedaya rasan-rasan tuwin klesikanipun tigang kyai lan santri-santrinipun mboten rumaos punapa-punapa. Piyambakipun sampun dangu nglelatih pribadinipun murih saget nebihi sedaya raos nikmat ing alam donya. Nanging danguning-dangu, watak manungsanipun rumaos mboten narimakaken sedaya panacat saking tigang kyai lan santri-santrinipun punika. Kangge nglelipur manahipun, Gatoloco lajeng mundhut simpenan candu lajeng dipuntedha ngantos telas sedaya. Candu lajeng rumesep ing kulit, daging, tenaga, balung lan sumsumipun. Daya pangaribawanipun wangsul malih. Praupanipun malih dados langkung sabar. Tigang kyai saking Rejasari gumun sanget awit owah-owahan punika. Salah satunggal saking rombongan ingkang badhe tumuju dhateng papan dunungipun Kyai Hasan Besari punika lajeng aruh-aruh dhateng Gatoloco. Sareng dipunwangsuli bilih piyambakipun asma Gatoloco, tigang kyai dalah santri-santrinipun sami gumujeng. Tembung gatoloco punika mboten sanes aran peranganipun badan manungsa kakung, inggih planangan. Kyai Guru saking Rejasari ngandharaken dhateng Gatoloco bilih asma Gatoloco punika awon sanget. Saru sanget, haram, najis lan makruh. Punika ugi kalebet asma ingkang

Page 6: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 6

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

mbilaheni. Asma ingkang boten pantes. Gatoloco lajeng gumujeng sasampunipun mireng andharanipun Kyai Guru saking Rejasari. Salajengipun kalih pehak punika, inggih Gatoloco kalawan tigang kyai tuwin santrinipun saking Rejasari lajeng adu ngelmu babagan gesang lan panggesangan. Lan wusana, Gatoloco paring cangkriman babagan werdinipun gesang dhumateng para kyai lan santri punika. Cangkrimanipun ngginakaken pralambang wayang purwa. Gatoloco nyuwun para kyai tuwin santri saking Rejasari punika sinten ingkang saget ngandharaken ing antawisipun dhalang, wayang, kelir lan lampu blencong ing pakeliran wayang punika sinten ingkang langkung sepuh. Suluk Gatoloco (Perangan IV) Jagad pewayangan punika gegambaran gesangipun manungsa Ahmad Arif mangsuli pitakenanipun Gatoloco bilih ingkang sepuh piyambak mboten sanes kelir. Saderengipun wonten dhalang lan wayang, ugi saderengipun lampu blencong dipunpasang, kelir sampun wonten langkung rumiyin. Abdul Jabar, inggin rencang nunggil lampah kaliyan Ahmad Arif, mboten sarujuk kaliyan pamanggihipun Ahmad. Miturut Abdul, ingkang sepuh piyambak mboten sanes inggih dhalang. Wontenipun kelir, wayang tuwin lampu blencong jalaran pakartinipun dhalang. Dhalang ugi ingkang ngobahaken wayang, mbabar cariyos tuwin sanes-sanesipun ing satunggaling pakeliran wayang. Kyai Abdul Manap mbiji menawi pamanggih kalih santrinipun punika sedaya mboten leres. Miturut Kyai Abdul, kekalihipun dereng mangertos werdinipun cangkriman saking Gatoloco punika. Kedahipun mboten prelu ngginakaken ngelmu ingkang inggil kangge mbedhek cangkriman punika.

Page 7: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 7

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Kyai Abdul nelakaken bilih ingkang sepuh piyambak mboten sanes inggih wayang. Jlentrehipun saged kapirid saking tetembungan ”nanggap wayang”. Menawi wonten satunggaling tiyang ingkang badhe nanggap wayang, upaminipun tigang wulan sakderengipun dinten tanggapan, ingkang karan dhalang, kelir, blencong cetha dereng wonten, nanging tembung wayang sampun dipunginakaken, inggih ing rancangan nanggap wayang punika. Gatoloco ingkang mireng tigang warni pamanging wau lajeng gumujeng, sajak ngece. Sukunipun jegang, lajeng kadosdene satunggaling ngalim ulama ingkang medhar andharan piyambakipun njlentrehaken ingkang dipunkajengaken babagan wayang, kelir, blencong tuwin dhalang. Gatoloco nelakaken bilih ingkang sepuh piyambak mboten sanes lampu blencong. Menawi kelir sampun dipunpasang, gamelan sumadhiya, dhalang sampun lenggah, pangrawit sampun siyaga kangge nabuh gamelan, nanging tanpa ubarampe lampu blencong papan pagelaran wayang taksih peteng ndhedhet. Ing kahanan kados makaten, dhalang mboten badhe purun mbabar wayang, warga ingkang nonton ugi mboten purun nglumpuk. Werninipun wayang ingkang nggambaraken watak-watakipun wayang ugi mboten saget kababar. Jalaran taksih peteng, mboten saget kadulu. Menawi lampu blencong sampun dipungesangaken, cahya sumunar madhangi papan pagelaran wayang. Keliripun saget kadulu saking ngandhap, nginggil, kiwa tuwin tengen. Simpingan ugi katon cetha. Ki dhalang ing ngandhap kelir badhe langkung gampil kangge nintingi saben wayang. Para pangrawit ugi namung nengga aba-aba kangge nabuh gamelan. Sedaya wau jalaran saking lampu blencong. Dados, miterat Gatoloco, lampun blencong ingkang sepuh piyambak. Kosok wangsulipun, menawi lampu blencong sampun pejah

Page 8: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 8

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

sedaya dados sepen, kahanan kados pejah. Kahananipun kadosdene nalika tiyang dereng lair, gung liwang-liwung, suwung, mboten wonten punapa-punapa. Kelir tegesipun raga. Wayang mujudaken suksma sejati. Dhalang punika gegambaran Rasul Muhammad SAW, lampu blencong pitedah ing gesang, pepindhanipun Gusti Allah. Suluk Gatoloco (Perangan V) Gatoloco aben ilmu kalawan kalih tiyang ngarit Gatoloco sansaya pethakilan sinambi njlentrehaken werdinipun gesang lumantar pralambang blencong, kelir, wayang lan dhalang. Tigang guru saha nenem santri dangu-dangu rumaos mboten remen dhumateng pratingkahipun Gatoloco. Salajengipun para kyai lan santri kalawau lajeng nilaraken Gatoloco ingkang taksih kathah-kathah ngandharaken werdinipun gesang ing pralambang jagad pewayangan. Gatoloco ingkang dipun tilar lajeng misuh-misuh, watuk-watuk sinambi pethangkringan sakajengipun piyambak. Sasampunipun para kyai tuwin santrinipun nilar papanipun Gatoloco, piyambakipun taksih nglajengaken winatencipun. Mboten mawas menawi mboten wonten sinten-sinten ingkang mirengaken, piyambakipun tetep nglajengaken andharanipun babagan gesang tuwin panggesangan. Mboten ing papan Gatoloco ingkang methangkring sinambi kekojah babagan tapsiran gesang tuwin panggesangan ing wayang, dumugi kalih tiyang, sedaya kakung, ingkang nembe ngarit. Kekalihipun mbeta arit, ngangge blangkon lawas, clana kolor ngandhap dhengkup, ugi ngangge topin pandhan ing sepalihipun sampun gripis, gapuk. Tiyang kalih ingkang nembe ngarit, pados tuwin nglempakaken rumput punika, lajeng lenggah ngaso ing sangandhapipun wit ringin papanipun Gatoloco ingkang nembe pethangkringan. Kalih tiyang wau nama Suto lan Noyo.

Page 9: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 9

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Patrapipun kekalihipun memper Gatoloco, lenggah jegang. Saking suwalikipun clana kolor Suto lan Noyo ngedalaken mbako. Mawi klobot jagung lajeng dipunlinting dados udut. Kekalihipun sinambi guneman ngrembag owah-owahan mangsa. Pelukipun udut ingkang dipundalaken dening Suto lan Noyo wusana dalem Gatoloco watuk-watuk. Gatoloco lajeng misuh-misuh sakajengipun piyambak. Dening Suto dipunsaruwe bilih wicantenipun Gatoloco mboten salimrahipun manungsa. Gatoloco mangsuli menawi piyambakipun njarag dados manungsa ingkang boten limrah punika. Gatoloco nandhesakan amargi mboten limrah punika ateges benten kaliyan manungsa sanesipun ingkang mboten gadhah ngelmu. Lan saking patrap makaten lajeng nuwuhaken sikep sembrono, nurut dalil tanpa asil, namung mburu remein ing raos tuwin ilat. Mireng wangsulanipun Gatoloco ingkang mboten kanyana-nyana punika, Suto lan Noyo murina. Nanging saben mangsuli utawi nyaruwe punapa ingkang dipuntelakaken Gatoloco, Suto lan Noyo tansah nampi pawangsulan saking Gatoloco ingkang mboten kanyana-nyana. Wusana, Suto lan Noyo murina sanget lan lajeng nggetak Gatoloco. Suto lan Noyo nganggep bilih Gatoloco punika mboten sanes tiyang ingkang mboten genep. Ing kahanan sami-sami murina, wusana Suto, Noyo lan Gatoloco lajeng aben ilmu babagan tapsiran gesang tuwin panggesangan. Sasampunipun guneman sawetawis wekdal katambah gentosan misuh-misuh, Suto lan Noyo lajeng mastani bilih Gatoloco punika sampun kumawantun ngrusak agama. Nanging Gatoloco nanggapi bilih agama punika mboten saget dipunrusak. Sampun tinakdiraken dening Hyang Widhi bilih agama punika ageming aji. Agama badhe risak menawi namung mlebet ing lisan. Suluk Gatoloco (Perangan VI) Para kyai saking Rejasari dumugi ing Cepekan

Page 10: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 10

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Dhumateng Suto lan Noyo, Gatoloco nandhesaken bilih agami punika bebas. Sinten kemawon tiyang saget milih lan milah agami, jumbuh remen lan mbotenipun piyambak-piyambak. Agami China menawi linambaran tulusing lair lan baton, miterat Gatoloco, saget katampi. Menawi pengin mangertos surasanipun agami, inggih punika agami ing nurut raos lan saget dipun raosaken ing manah. Dereng rampung Gatoloco anggenipun kathah-kathah medhar andharan, Suto lan Noyo, sampun nilar papan punika. Ewadene Gatoloco nganggep kesahipun Suto lan Noyo ateges kekalihipun mboten saget ngawonaken ilmunipun. Gatoloco ingkang kuru lan reget sanget badanipun punika lajeng gumjeng lakak-lakak. Lelananging jagad punika lajeng methingkrang malih sinambi nelakaken pisuhan saking tutukipun. Ing kahanan piyambakan, Gatoloco nglajengaken mbabar sedaya pikiran ingkang nggubel jiwanipun. Nalika sunaripun srengenge sansaya benter, Gatoloco lajeng nglajengaken lampah sinambi nembang. Suraosipun tembang ngemu werden babagan alam saisinipun. Gatoloco rumaos remen. Anggenipun mlampah kados pratingkahipun lare alit. Dumudi enggok-enggokan, Gatoloco mlebet ing gerdhu. Pityambakipun lenggah jegang sinambi udut. Badanipun dipunklekaraken ing gerdhu lan rumaos gatel, lajeng kukur-kukur sinambi udut. Ing perangan sanes, wonten ing Cepaken, sawijining pondhok ageng papanipun para santri ngaji, pangarsaning pondhok inggih kawentar sanger. Kyai punika asmanipun Kyai Hasan Besari. Piyambakipun ulama ingkang linangkung. Dipun tiru lan dipun gugu dening para santri. Santrinipun wonten 300. Asalipun saking pundi-pundi papan ing tanah Jawi. Saben

Page 11: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 11

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

lebar Isya, sasampunipan solat sesarengan, sedaya ngaji. Kyai Hasan Besari lajeng mucal babagan fekih tuwin tapsir. Santrinipun maneka werni. Wonten ingkang nembe nyinau suraosipun Kuran. Wonten ingkang ngapalaken Kitab Sitin. Nanging wonten ugi santri ingkang mboten pana. Santri ingkang sampun saget nguwaosi Kuran umumipun lajeng misah saking santri sanesipun. Mboten sakedhik santri ingkang lajeng wantun aben ilmu kalawan Kyai Guru Hasan Besari. Ananging sasampunipun dipun dunungaken sedayanipun dening Kyai Guru, para santru lajeng mangertos wonten pundi luput lan klentunipun. Sawijining wekdal, wonten kalih santri ingkang marak sowan dhateng Kyai Guru. Kekalihipun mratelakaken bilih wonten dhayoh, inggih punika tigang kyai saking Rajasari kairing para santri cacah nenem. Para kyai tuwin santri saking Rejasari sasampunipun ngaso lan pinanggih Kyai Hasan Besari lajeng nyariyosaken pengalaman pinanggih Gatoloco. Mireng cariyosipun para kyai tuwin santri saking Rejasari, ing manahipun Kyai Hasan Besari tuwuh pitakenan sinten sayektosipun Gatoloco punika. Suluk Gatoloco (Perangan VII) Kyai Hasan pengin aben ngelmu kalawan Gatoloco Sasampunipun mireng sedaya cariyos lelampahanipun para Kyai tuwin santrinipun saking Rejasari nalika pinanggih Gatoloco, Kyai Hasan Besari dados duka. Kyai Cepekan punika rumaos dipun enthengaken dening pratingkahipun Gatoloco. Kyai Hasan Besari rumaos sedaya ngelmu Jawa, Walandi, China, Turki, Kamboja, Hindu, Benggala, Keling lan sanes-sanesipun sampun dipunkuwaosi, kawengku ing wadhah ngelmu Arab. Sedaya ngelmu punika, kalebet ngelmu Jawi, sampun dipun kuwaosi Kyai Hasan Besari.

Page 12: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 12

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Wusana, Kyai Cepekan punika gadhah niyat badhe manggihi Gatoloco samangsa tiyang ingkang awon wujudipun nanging ”inggil” ngelmunipun punika dumugi ing Cepekan. Kyai Hasan Besari sedya badhe nyuwek lambenipun piyambak menawi mboten saget ngawonaken Gatoloco ing aben ngelmu lan mboten saget damel lingsemipun Gatoloco. Sunaring surya sampun wiwit madhangi bumi, ing wanci enjing. Sasampunipun solat subuh, tigang santri kadhawuhan ngupadi dunungipun Gatoloco. Kyai Guru paring dhawuh bilih Gatoloco kedah dipun panggihaken lan saksaget-saget kedah dipun peksa supados purun manggihi Kyai Hasan Besari. Sasampunipun mlampah sawetawis jam, tigang santri utusanipun Kyai Guru dumugi ing Kutha Pungkut, kutha papanipun candu. Mlebet kutha, tigang santri ngatos-atos sanget. Tigang santri wau lajeng mlebet ing griya madhat, inggih griya papanipun tetiyang sami ngraosaken candu. Pelukipun candu ingkang damel swasana dados remeng-remeng ndadosaken tigang santri sansaya ngatos-atos. Ing griya punika kathah tiyang ingkang nesep candu ngginakaken bong ingkang panjang sanget, sinambi lenggah sumendhe. Wusana, tigang santri punika pinanggih satunggaling tiyang ingkang cendhek dedegipun, bokongipun mrojol. Tigang santri wau rumaos yakin bilih tiyang punika Gatoloco. Tigang santri lajeng nyaket dhumateng tiyang kalawau. Nalika salah satunggaling santri miwiti guneman kaliyan tiyang punika, tiyang ingkang lenggah ing pojokan griya madhat punika nyebut asmanipun mboten sanes Gatoloco. Tigang santri kalawau sakalangkung suka ing manah, jalaran sampun pinanggih tiyang ingkang dipunkajengaken dening Kyai Hasan Besai. Para santri wau lajeng nelakaken dhawuhipun Kyai Hasan supados Gatoloco purun manggihi Kyai Hasan ing Cepekan.Gatoloco mboten suka wangsulan sagah punapa mboten. Piyambakipun malah nyebut maneka

Page 13: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 13

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

warna anak kewan tuwin maneka warna sekar-sekaran. Wicantenipun Gatoloco ingkang mboten kanten-kantenan punika nuwuhaken rasa gumun dhumateng tigang santri utusanipun Kyai Hasan. Tigang santri wau lajeng sami gumujeng jalaran nganggep wicantenipun Gatoloco punika kadosdene dhagelan. Tigang santri wau nyuwun supados Gatoloco purun mampir dhateng Cepekan, saprelu pinanggih Kyai Hasan. Lan sepisan malih, Gatoloco mboten suka pawangsulan punapa-punapa. Piyambakipun namung plirak-plirik. Nanging dangu-dangu Gatoloco rumaos dipunrusuhi dening tigang santri kalawau. Gatoloco nelakaken bilih piyambakipun nembe wegah, nanging menawi dipun peksa piyambakipun nyuwun topinipun tigang santri wau badhe dipun gadhekaken kangge tumbas candu. Lan menawi sampun mendem, Gatoloco sagah badhe mampir lan manggihi Kyai Hasan Besari. Sasampanupin rembagan sawetawis wekdal, tigang santri wau mboten kawratan masrahaken sedaya topinipun dhateng Gatoloco. Miterat petunganipun Gatoloco, topi-topi kalawau wau menawi dipungadhekaken saget kangge tumbas candu kalih kilo. Suluk Gatoloco (VIII) Gatoloco lan Kyai Hasan ngawiti bantahan ngelmu Tigang santri utusanipun Kyai Hasan Besari mboten saget sulaya nalika topinipun dipun gadhekaken Gatoloco lan artanipun kangge tumbas candu. Gatoloco nelasaken candu sinambi misuh-misuh, ngumbar peluk ingkang damel sesek tetiyang ing sakiwa tengenipun. Sasampunipuan tuwuk nedha candu, Gatoloco manut pangajakipun tigang santri kalawau. Sedaya gawanipun dipun junjung sinambi mlampah sempoyongan jalaran kekathahan nedha candu. Ing lampah nuju Cepekan, inggih papan

Page 14: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 14

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

dunungipun Kyai Hasan Besari, Gatoloco nglelipur dhiri kanthi nembang. Wosipun ukara-ukara ing tetembangan ingkang dipun ungelaken mboten sanes nelakaken raos mongkogipun dene Gatoloco sampun nguwaosi sakatahing ngelmu. Gatoloco mangertos bilih piyambakipun badhe pepanggihan kaliyan Kyai Hasan, satunggaling ngulama ingkang kawentar lan inggih ngelmunipun. Nanging Gatoloco sedya manggihi Kyai Hasan lan mboten gigrig menawi kedah aben ngelmu. Wusana, Gatoloco kairing tigang santri dumugi ing Cepekan. Ing Pondhok Cepekan para santri tuwin sedaya guru sami migatosaken ingkang nembe dumugi, inggih Gatoloco kairing tigang santri saking Cepekan utusanipun Kyai Hasan. Kyai Abduljabar, salah satunggaling guru saking Rejasari, paring pamrayogo dhumateng Kyai Hasan bilih Gatoloco punika menawi kadulu saking wujud tuwin pratingkahipun cetha saget kagolong najis lan mboten pantes mlebet ing Pondhok Cepekan. Sadumuginipun ing Pondhok Cepekan, Gatoloco nuli kaprayogakaken minggah dhateng langgar papan lenggah. Gatoloco lajeng lenggah madhep ngaler ngetan. Sedaya gawanipun taksih dipun cepengi kanthi kenceng. Salajengipun, Gatoloco ngedalaken rek lanjeng nyumet tegesan ingkang dawanipun sami kaliyan driji panuding. Peluk saking tegesan punika ngambar-ambar, nyebar ganda ingkang damel sesekipun sedaya tiyang ing sakiwa tengenipun. Kyai Hasan lajeng ndangu sinten asmanipun. Gatoloco mangsuli bilih asmanipun mboten sanes Gatoloco. Kyai Hasan lajeng ndangu malih, punapa barang-barang ingkang dipun bekta dening Gatoloco. Gatoloco ngandharaken bilih gawanipun punika wujud watangan, inggih watanganipun cipta pikir ingkang wening. Ugi wonten cupak ingkang ginanipun kangge ngawekani ngelmu ingkang luput, pangerten ingkang mboten leres. Kabekta ugi candu tuwin ron awar-awar kangge tamba.

Page 15: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 15

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Kathah-kathah Gatoloco ngandharaken gegayutan sedaya gawan ingkang dipun bekta. Kyai Hasan mbiji menawi Gatoloco sampun kumawantun nglawan ngelmunipun. Menawi leres makaten, ateges Gatoloco sampun kumawantun nglebur aturanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kyai Hasan lajeng ndangu malih, punapa Gatoloco nulak gesang, remen pejah, mboten ajrih menawi mlebet neraka tuwin mboten pengin mlebet swarga. Kyai Hasan nandhesakan bilih neraka lan swarga punika wontenipun benjang ing dinten akerat. Gatoloco nanggapi bilih menawi benjang punika dereng tamtu wonten, wontenipun ingging sapunika. Kyai Hasan mbiji menawi Gatoloco sampun kumawantun mbantah pepesthenipun Hyang Agung lan aturanipun Rasulullah SAW. Wusana, Kyai Hasan nelakaken bilih prayoginipun Gatoloco kapidana pati, menawi dipun jaraken gesang samangkih mesid-mesjid badhe dados sepi. Suluk Gatoloco (IX) Gatoloco ngimbangi Kyai Hasan ing aben ngelmu agama Kyai Hasan Besari mbiji menawi Gatoloco nyata-nyata sampun nedahaken sikep ingkang cengkah kaliyan pepesthenipun Hyang Agung tuwin aturanipun Rasulullah. Pramila, miterat Kyai Hasan, prayogi sanget menawi Gatoloco dipun pejahi, jalaran menawi awet gesang samangkih badhe ndadosaken mesjid sepi. Gatoloco nanggapi bilih menawi badhe mejahi piyambakipun mboten prelu ngginakaken gaman tombak utawi keris, jalaran sapunika kemawon yektosipin piyambakipun sampun pejah. Pejahipun kewan menika ngantos leburipun raga, pejah garing punika pejahipun tetuwuhan. Pejahipun Gatoloco inggih menika pejahipun hawa napsu. Dene ingkang gesang inggih menika budi pikiripun, nalar jujuripun. Salajengipun Gatoloco njlentrehakeh menawi sukmanipun tiyang Islam ingkang netepi solat gangsal wekdal, kathah donganipun,

Page 16: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 16

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

netepi zakat, pasa lan sanesipun, tamtu badha katampi dening Hyang Widi lan lumebet ing swarga. Ananging sukmanipun tiyang kafir ingkang mbadhal saking prentahipun Kangjeng Nabi Muhammad badhe lumebet ing neraka, jalaran mbadhal saking tuntunan. Tiyang kafir menika dados mengsahipun Gusti Allah. Kyai Hasan kaget sanget dene Gatoloco saget suka andharan ingkang yektosipun sampun kamot ing kitab Kuran. Mangertos Kyai Hasan kaget, Gatoloco lajeng gumujeng kapingkel-pingkel. Miterat Gatoloco, ngelmunipun Kyai Hasan punika namung asumber saking kitab-kitab ingkang asalipun saking tanah sabrang. Ngelmu punika sanes tilaran naluri. Lan samangkih menawi sampun dumugi titiwancinipun kedah kawangsulaken dhateng ingkang kagungan, inggih punika Hyang Widhi. Kyai Hasan mbiji menawi pamanggihipun Gatoloco punika cengkah kaliyan piwucalipun Rasulullah Muhammad SAW. Ananging Gatoloco selak. Miterat Gatoloco sanes piwucalipun Rasulullah ingkang dipun bantah, ananging sanesipun. Ingkang dipun karepaken inggih pratingkahipun manungsa ingkang namung saget ngapalaken isinipun kitab-kitab, kalebet isinipun kitab Kuran, nanging mboten saget nandhes ing naluri lan wusana manjing ing sikep lan tumindak. Kedahipun, miterat Gatoloco, ing donya mboten namung ngucap lan ngapalaken, nyembah, komat-kamit ndonga, ngucap alif lam, jalaran sedaya wau namung pocapan, namung ungelipun. Ing donya kedah mangertos asalipun, inggih gesang ngantos pejah. Suluk Gatoloco (X) Kyai Hasan rumaos kawon lan masrahaken kagunganipun Kyai Guru Hasan Besari ingkang mireng sedaya andharanipun Gatoloco dados duka. Kesupen dhumateng jejeripun minangka ngulama. Kyai Hasan kepancing

Page 17: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 17

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

kotbahipun Gatoloco. Nguningani Kyai Guru dados duka, Gatoloco sansaya petakhilan. Piyambakipun gumujeng lakak-lakak, rumaos marem dene jejeripun kyai, ngulama ingkang kawentar, saget dipun giring mrika-mriki lan mboten mangertos werdinipun ingkang dipun rembug. Gatoloco nelakaken bilih Kyai Hasan gesang tanpa paningal. Padhangipun dinten jalaran saking sunaring surya. Padhang punika ical sareng angslupipun srengenge. Dene padhanging dalu jalaran sunaring rembulan. Kyai Hasan suka pawangsulan, kenging menapa dene raos ingkang dados pepadhang tumrap Gatoloco mboten dipun wangsulaken dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa.Gatoloco nanggapi pangandikanipun Kyai Hasan bilih sapunika dereng wancinipun piyambakipun mangsulaken babagan punika. Saya dangu Kyai Hasan sansaya rumaos kawon ing aben ngelmu babagan gesang tuwin panggesangan saha ngelmu agama kalawan Gatoloco. Kyai Hasan pengin mangertos yektosipun kitab punapa ingkang dados pancatanipun Gatoloco. Gatoloco nelakaken bilih piyambakipun nggginakaken kitab Barulkalbi. Tembung barul ateges samodra, tembung kalbi ateges ati. Dados ati ingkang kadosdene samodra, tanpa wates, lebet, wiyar lan kathah sanget isinipun. ”Nanging kowe ora sembahyang,” pratelanipun Kyai Hasan dhateng Gatoloco. Sinambi pethakilan, Gatoloco suka pawangsulan bilih piyambakipun sembahyang kanthi lumintu. Sujudipun sujud eling, kiblatipun tengah-tengahipun bumi, sujudipun sesarangen kaliyan ambeganipun. Solatipun dhateng Gusti Allah kaleksanan kanthi utekipun. Sembahyangipun dhumateng Gusti Allah medal saking lisanipun. Kyai Hasan ingkang mireng wicaranipun Gatoloco dados mbrabak pasuryanipun. Kyai Hasan rumaos sansaya kasoran ing aben ngelmu agama kalawan Gatoloco punika.

Page 18: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 18

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Sedaya dalil saking Kuran punapadene kadisipun Kangjeng Nabi Muhammad SAW saget dipun bantah dening Gatoloco. Wusana, Kyai Hasan nundhung Gatoloco, kapurih minggat saking pondhokipun. Ewadene Gatoloco nganggep bilih sapunika piyambakipun lenggah ing papan kagunganipun Gusti Allah. Gatoloco rumaos remen ing papan punika, jalaran wonten ing tengah-tengahipun bumi. Kyai Hasan mendel sakedhap. Kyai Hasan lajeng kemutan sumpahipun, menawi kawon ing aben ngelmu agama kalawan Gatoloco, sedaya kagunganipun badhe kapasrahaken dhateng Gatoloco. Kyai Hasan lajeng kesah nilar Pondhok Cepekan, sedaya kagunganipun, sedaya santri, sedaya guru tuwin sedaya kyai tamunipun saking Rejasari kapasrahaken dhateng Gatoloco. Sageta kawucal sedaya ngelmunipun. Suluk Gatoloco (XI) Werdinipun cariyos ingkang nuwuhaken pradondi Cariyos pepanggihanipun Kyai Hasan Besari kaliyan Gatoloco ingkang salajengipun dados aben ngelmu babagan sangkan paraning dumados, babagan ngelmu agami, nuwuhaken pradondi ing madyaning bebrayan agung Jawi. Wonten ingkang gadhah pamanggih bilih cariyos Gatoloco punika ngemu surasa ingkang asipat ngina dhateng agami Islam, ngina piwucal agami Islam ingkang asumber saking Kuran ingkang dipun wucalaken dening Kangjeng Nabi Muhammad SAW. Pambiji kados punika tuwuh saking werdinipun cariyos nalika Gatoloco ingkang ing Suluk Gatoloco kacariyosaken mboten nate sinau dhateng satunggaling ngulama ananging dipun cariyosaken saget nguwaosi sakathahing tapsiran-tapsiran agami Islam. Ing kawitan Suluk Gatoloco dipuncariyosaken bilih Gatoloco

Page 19: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 19

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

ingkang awon wujud lan rupinipun punika nglampahi tapa ing papan ingkang tebih saking karamen. Saking genturipun anggenipun mbangun tapa wusana kasinungan daya kaluwihan ingkang ngedab-edabi. Ewadene Kyai Hasan Besari, satunggaling ngulama ingkang kondhang, kathah santri ingkang meguru, ugi sampun nglampahi prihatos sinau dhateng sakathahing ngulama, kepara dumugi negari Arab punapa anggenipun sinau ngelmu agami Islam, ananging saget dipunasoraken ing kawruh ngelmu agami dening Gatoloco. Cariyos punika ingkang salajengipun nuwuhaken pradondi ing madyaning bebrayan agung Jawi. Kepara wonten ingkang mbiji menawi cariyos punika dados sarana kangge ngina agami Islam, mliginipun ngina golonganing ngulama. Wangsul dhateng lelampahanipun Gatoloco. Sasampunipun Kyai Hasan jengkar saking Pondhok Cepekan, Gatoloco lajeng dipun sowani para santri ingkang gunggungipun wonten 300. Gatoloco rumaos remen nampi sowanipun sedaya santri ingkang dipun tilar dening Kyai Hasan. ”Yen kowe kabeh pengin slamet, aja niru gurumu sing sakgeleme dhewe, sawenang-wenang. Sing ngono kuwi ora becik. Ngina sapadha-padha kuwi ora becik. Umat kuwi padha. Pinter, bodho, apik, ala, begja, cilaka, kuli, tani, lanang, wadon kabeh ora beda. Kabeh tinakdir dening Gusti Allah, ora bisa owah, kabeh duwe takdire dhewe-dhewe,” pratelanipun Gatoloco ing sangajengipun para santri. Gatoloco ugi paring pitutur dhumateng para santri tilas muridipun Kyai Hasan supados tansah kuwawa nampi takdiripun Ingkang Maha Kuwaos, pasrah dhumateng pepesthenipun Gusti Allah. Manungsa punika namung wenang ngabdi. Gatoloco lajeng ndangu para santri punapa sampun madhep mantep ing batos nganggep piyambakipun minangka bapak.

Page 20: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 20

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Salajengipun Gatoloco dados kyai ingkang sidik paningalipun. Kuwawa maos menapa ingkang dipun penggalih dening tiyang sanes. Kepara, Gatoloco ugi saget njangka punapa ingkang badhe kedadosan ing jaman ingkang badhe dumugi. Suluk Gatoloco (XII) Gatoloco dumugi ing tlatah Gunung Endragiri Ing sangajengipun para santri, Gatoloco lajeng medhar andharan kathah-kathah babagan dunungipun manungsa tuwin panguwaosipun Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Punapa ingkang dipun andharaken kenthel tapsiran filsafatipun, temahan mboten sedaya santri saget nampi kanthi wantah. Ananging, Gatoloco lajeng saget njlentrehaken sedaya ingkang dipun kajengaken ing ngelmu ingkang dipun andharaken tumrap para santri ing Pondhok Cepekan, inggih tilas santrinipun Kyai Hasan Besari. Sasampunipun rinaos cekap, Gatoloco lajeng nilar Pondhok Cepekan, sedya ngulandara malih. Nanging piyambakipun weling dhateng para santri bilih mboten dangu malih badhe wangsul ing pondhok punika. Samangkih sasampunipun wangsul saking ngulandara, Gatoloco badhe mucal para santri malih murih sansaya tambah ngelmunipun, inggih ngelmu babagan sangkan paraning dumadi. Kesahipun Gatoloco saking pondhok kanthi sedya badhe ngulandara punika mboten sanes namung badhe pados mengsah sanes kangge aben ngelmu. Sedaya pondhok dipun purugi. Menawi pinanggih guru lan santri lajeng dipun tantang bantahan. Dipun bantah sedaya ngelmunipun, lan menawi kawon lajeng dipunece, dipungegujeng. Kathah santri tuwin guru ingkang kapok jalaran Gatoloco ingkang tanpa aturan punika. Ananging Gatoloco kanyata tansah dipun aoyomi dening

Page 21: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 21

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Kamangka piyambakipun tansah ngegung-gungaken raos umuk, adigang, adigung lan adiguna. ”Sapa sing menang bantahan mungsuh aku, adu ngelmu kalawan aku, ateges ngluwihi manungsa lumrah. Jalaran aku wus nemokake kukum sing diatur dening Hyang Manon,” pratelanipun Gatoloco ing saben wekdal. Anehipun, Gatoloco temen-temen kasinungan daya linangkung. Sedaya ingkang dipun jangka lajeng kedadosan kanthi saestu. Punapa ingkang dipun ucapaken mboten wonten ingkang mleset. Kanthi daya kalangkungan kasebat, wonten ing pundi kemawon Gatoloco tansah nuwuhaken dredah. Sansaya kathah tiyang ingkang rumaos mangkel lan mboten urmat dhateng piyambakipun. Wusana, Gatoloco dumugi ing ereng-erengipun Gunung Endragiri. Ing tlatah punika dedunung sawetawis begawan, resi lan wiku. Gatoloco lajeng kendel ing papan punika, lan wiwit nyebar cangkriman, nedahaken kalangkunganipun. Nalika wonten begawan, resi punapadene wiku ingkang nanggapi cangkrimanipun, Gatoloco lajeng ngejak bantahan ngelmu. Kanyata, para begawan, resi lan wiku wau mboten saget ngugemi sipat sabar nalika pepanggihan lan bantahan ngelmu kaliyan Gatoloco. Sedaya sami dados dolananipun Gatoloco ingkang tansah ngaken minangka lelananing jagad punika. Kawusananipun sadangunipun Gatoloco nyrambah tlatah Gunung Endragiri punika, piyambakipun kasil ndhedher winih raos mboten remen dhumateng sinten kemawon ingkang dipun panggihi. Wonten ing pucukipun Gunung Endragiri punika dedunung para wanita dhusun ingkang kiyat mertapa. Ingkang sepisan, ingkang sanget sulistya ing rupi nama Retna Dewi Lupitwati. Piyambakipun dipunanggep minangka ratu. Sekti mandraguna, ageng pangaribawanipun, tuwin sanget dipunsuyuti dening para prajuritipun. Para punggawanipun

Page 22: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 22

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

sedaya wanita. Taksin enem-enem, lan sedaya ugi sulistya ing rupi. Suluk Gatoloco (XIII) Gatoloco saget ngasoraken ngelmunipun Dewi Lupitwati Gatoloco kepranan sanget dhateng kasulistyanipun Dewi Lupitwati lan sedaya wanita punggawanipun ingkang temen-temen sulistya ing rupi. Para punggawanipun Dewi Lupitwati punika, miterat andharan ing buku Tafsir Gatolodjo, anggitanipun Joko Su’ud Sukahar, weton Wuwung Surabaya, naminipun Dewi Mlenukgembuk, Dewi Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk lan Dewi Bleweh. Sedaya sami sulistya ing rupi. Dewi Lupitwati dedunung ing Cemarajamus, ing wewengkon Guwa Siluman ingkang kondhang wingit lan angker. Mboten wonten jalma manungsa ingkang saget mlebet ing papan punika menawi mboten pikantuk idi palilahipun Dewi Lupitwati. Ananging Gatoloco kanthi gampil saget mlebet ing papan punika. Dewi Lupitwati kaget sanget mangertos wonten priya ingkang awon rupi lan wujudipun saget mlebet ing papan dunungipun. Dene Gatoloco piyambak sasampunipun mlebet lajeng lenggah sesandhingan kaliyan Dewi Lupitwati. Patrapipun damel dukanipun sedaya punggawanipun Dewi Lupitwati. Punapa malih nalika dipunsetitekaken kanyata tiyang kakung punika, inggih Gatoloco, dedeg piyadeg lan pasuryanipun mboten mranani sanget. Lan patrapipun nedahaken sikep umuk lan adigang, adigung, adiguna. Gatoloco lajeng nepangaken pribadipun dhumateng Dewi Lupitwati lan sedaya punggawanipun. Ing kalodhangan punika, Gatoloco lajeng dados kepranan dhateng sedaya wanita ingkang temen-temen sulistya ing rupi punika. Gatoloco nepangaken pribadinipun minangka lelananging

Page 23: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 23

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

jagad, priya ingkang sejati. Dewi Mlenukgembuk ingkang sepisanan duka dhateng Gatoloco. Dipunsusul Dewi Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk, Dewi Bleweh lan ingkang pungkasan Dewi Lupitwati piyambak. Sedaya wanita ingkang sulistya ing rupi punika mbabar cangkriman ingkang kedah dipunbedhek dening Gatoloco. Lan kawusananipun, Gatoloco saget mbedhek sedaya cangkrimanipun para wanita ingkang dedunung ing padhepokan Cemarajamus punika. Salajengipun sedaya wanita ingkang sulistya ing rupi punika pasrah bongkokan dhateng Gatoloco, sedya dipundadosaken punapa kemawon dening Gatoloco. Dewi Mlenukgembuk, Dewi Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk, Dewi Bleweh lan pepundhenipun, Dewi Lupitwati, sedaya pasrah kanthi tulusing manah sedya suwita dhateng Gatoloco minangka sisihanipun. Gatoloco dados remen sanget. Punapa malih nalika mireng ngendikanipun Dewi Lupitwati ingkang nelakaken pasrah jiwa raga dhateng Gatoloco sasampunipun Gatoloco kasil mbedhek sedaya cangkriman ingkang dipunbabar para punggawanipun lan cangkriman ingkang dipunbabar piyambak. Anehipun, sikep umuk lan adigang, adigung tuwin adigunanipun Gatoloco lajeng luntur. Pratingkahipun mboten kadosdene Bratasena nalika nembe mboten karenan penggalihipun utawai kadosdene Wisanggeni ingkang nembe ngece lan pancakara kalawan para dewa. Gatoloco malih dados priya ingkang ageng pangaribawanipun. Lan ing kahanan kados makaten, Gatoloco nelakaken bilih Dewi Lupitwati lan sedaya wanita punggawanipun sampun kaanggep dados sisihanipun. Gatoloco nyuwun supados sedaya sami manut lan bekti dhumateng piyambakipun minangka tiyang kakung. Dene menawi mboten, Dewi Lupitwati lan sedaya punggawanipun badhe nemahi gesang ingkang mboten sekeca.

Page 24: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 24

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Suluk Gatoloco (XIV/Cuthel) Gatoloco wangsul dhateng Cepekan Gatoloco ingkang ngaken dados lelananging jagad punika lajeng medhar piwulang tumrap Dewi Lupitwati lan sedaya punggawaninpun ingkang sampun pasrah bongkokan dados sisihanipun Gatoloco. Padhepokan Cemarajamus ingkang saderengipun kondhang minangka papan ingkang wingit, punapa malih tumrap para priya, sapunika sampun malik grembyang dados papan ingkang tinarbuka. Inggih mboten sanes Gatoloco ingkang nuwuhaken owah-owahan punika. Sawetawis wulan Gatoloco dedunung ing Cemarajamus, kathah tiyang ingkang sami dumugi lan wusana dedunung ing tlatah Cemarajamus. Kawusananipun Padhepokan Cemarajamus ngrembaka dados papan kangge ngangsu kawruh. Sedaya sisihanipun Gatoloco, inggih Dewi Lupitwati tuwin punggawa-punggawanipun rumaos remen sanget. Sedaya rumaos ayem tentrem dedunung ing papan punika. Ananging mboten tumrap Gatoloco. Minangka gegambaran watak ingkang tansah mboten marem dhateng punapa kemawon ingkang sampun dipun gayuh, menawi lajeng lerem ateges pejah. Ing Suluk Gatoloco, kapribadenipun Gatoloco dados gegambaran sipat anti kemapanan. Ing satengahing swasana ingkang nuwuhaken raos ayem tentrem tumrap sedaya warga Cemarajamus, Gatoloco rumaos mboten tentrem.

Page 25: SULUK GATOLOCO Ngemot piwulang sangkan paran dumados … · wanita, patrap pratingkahipun asmaragama tuwin dumadosipun wijining manungsa. Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir 25

www.alangalangkumitir.wordpress.com oleh : Mas Kumitir

Wusana, Gatoloco pamit dhateng sedaya sisihanipun tuwin sedaya warga ingkang dedeunung ing Padhepokan Cemarajamus. Gatoloco nelakaken badhe kesah sawetawis wekdal. Sedyanipun badhe ningali para santri ingkang dipun tilar ing Pondhok Cepekan. Ringkesing cariyos, Gatoloco sampun dumugi ing Cepekan. Ing wekdal punika para santri ing Cepekan sami adreng lan temen-temen anggenipun sinau, ndhudhah sedaya ngelmu. Nalika Gatoloco dumugi ing pondhok, sedaya santri lajeng mendel saking pakaryan saha padamelanipun lan sami nelakaken raos remenipun dene Sang Guru sampun kondur. Sasampunipun mleber ing langgar, Gatoloco lajeng medhar piwulang babagan pangertosan makrifat, tauhid, martabat, budi pakerti, iman, nyawa, lan sanes-sanesipun ingkang anjogipun kawruh babagan sangkan paraning dumadi. Ing pungkasan wedharanipun, Gatoloco nyuwun supados sedaya santri ing Cepekan temen-temen anggenipun sinau. Menawi ngantos sembrono badhe mbilaheni ing tembe wingkingipun. Gatoloco nandhesaken supados sedaya santri ing Cepekan temen-temen anggenipun ndhudhah werdinipun seratan. Menawi sampun mangertos werdinipun prayogi lajeng dipun simpen ing manah tuwin pikiran.