sesorah dinten koperasi

2
YUSTINA BANGUN RESTU WIDANTI XII IPA 2 / 25 SESORAH MENGETI DINTEN KOPERASI Sugeng siyang, Nuwun, Bapak / Ibu guru ingkang dahat kinurmatan saha para kanca saking pawiyatan ingkang sutresna, sumangga kula dherekaken memuji ingarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring ganjaran wilujeng dhumateng kula saha panjenengan sedaya, awit ing wekdal menika kula saha panjenengan saged pinanggih ing papan menika kanthi wilujeng kalis saking sedaya rubeda. Para lenggah ingkang minulya, wonten ing saben tanggal 12 Juli Bangsa Indonesia mengeti dinten Koperasi. Koperasi nggadahi tujuan mujudaken aktivitas ekonomi ingkang dipuntindakaken kanthi sesarengan. Ananging anggenipun nindakaken mboten saged uwal saking Dasar Nagari Indonesia inggih menika Pancasila lan Undang- Undang Dasar 1945. Ing salebeting UUD 1945 pasal 33 ayat 1 dipunterangaken kados mekaten: “Perekonomian dipunrantam minangka budi daya sesarengan ingkang adhedhasar asas kekeluargaan”. Ananging kansunyatanipun bangsa Indonesia dereng kathah ingkang migunakaken kesadaran kanthi madegipun koperasi, pramila mboten nggumunaken menawi sistem perekonomianipun dereng saged majeng kados negari-negari sanes. Pengetan dinten koperasi ing Indonesia inggih punika awit perjuanganipun Drs. Mohammad Hatta ingkang sampun mekaraken

description

sesorah dinten koperasi

Transcript of sesorah dinten koperasi

YUSTINA BANGUN RESTU WIDANTIXII IPA 2 / 25

SESORAH MENGETI DINTEN KOPERASISugeng siyang,Nuwun, Bapak / Ibu guru ingkang dahat kinurmatan saha para kanca saking pawiyatan ingkang sutresna, sumangga kula dherekaken memuji ingarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring ganjaran wilujeng dhumateng kula saha panjenengan sedaya, awit ing wekdal menika kula saha panjenengan saged pinanggih ing papan menika kanthi wilujeng kalis saking sedaya rubeda.Para lenggah ingkang minulya, wonten ing saben tanggal 12 Juli Bangsa Indonesia mengeti dinten Koperasi. Koperasi nggadahi tujuan mujudaken aktivitas ekonomi ingkang dipuntindakaken kanthi sesarengan. Ananging anggenipun nindakaken mboten saged uwal saking Dasar Nagari Indonesia inggih menika Pancasila lan Undang-Undang Dasar 1945. Ing salebeting UUD 1945 pasal 33 ayat 1 dipunterangaken kados mekaten: Perekonomian dipunrantam minangka budi daya sesarengan ingkang adhedhasar asas kekeluargaan.Ananging kansunyatanipun bangsa Indonesia dereng kathah ingkang migunakaken kesadaran kanthi madegipun koperasi, pramila mboten nggumunaken menawi sistem perekonomianipun dereng saged majeng kados negari-negari sanes.Pengetan dinten koperasi ing Indonesia inggih punika awit perjuanganipun Drs. Mohammad Hatta ingkang sampun mekaraken koperasi. Pramila, kanthi pengetan dinten koperasi punika kula suwun para pengurus, anggota koperasi saha kula panjenengan sedaya tansah nengenaken keperluan sesarengan lan tansah nggadahi sikap jujur kangge madegipun koperasi.Para lenggah ingkang minulya, cekap semanten atur kula mbokbilih anggen kula matur kathah kekirangan saha kalepatanipun, kula namung saged ngaturaken dhahar kupat lawuhe bakmi, sedaya lepat nyuwun agunging pangaksami.Matur nuwun. Sugeng siyang.