Serat Kalatidha

3
SERAT KALATIDHA Mangkya darajating praja = mangkono kahanan/tatananing Negara kawuryan wus sunyaruri = pratela/cetha wus katon nyata rurah pangrehing ukara = rusak pranataning tembung karana tanpa palupi = sebab tanpa conto atikar silastuti = ninggal aturan/pranatan bener sarjana sujana kelu = wong pinter,wong kuwasa katut/melu kalulun kalatidha = kayungyun/kapilut jaman edan tidhem tandhaning dumadi = swasana tetengering kahanan hardayengrat dening karoban rubeda = saka dayaning kahanan kacampur karubetan Ratune ratu utama = pimpinane pimpinan apik patihe patih linuwih = wakile wakil pinunjul pra nayaka tyas raharja = prara menteri atine padha seneng/makmur uripe panekare becik-becik = tumindakke apik-apik parandene tan dadi = ewadene ora dadi paliyasing kala bendu = pamepering jaman edan mandar mangkin andadra = kepara/malah saya ngrembaka rubeda kang ngreribeti = pepalang kang ngreridhu/nyrimpeti beda-beda ardaning wong sanegara = beda-beda kekarepaning wong sanegara Katetangi tangisira = ngrintih sambate/tangise Sira sang parameng kawi = kowe wong sing ahli ngarang Kawilet ing tyas duhkita = ketaman/kajiret ing ati kang sedhih Kataman ing reh wirangi = kena ing reh/reka ora nindakke ala sing ngisin-isini Dening upaya sandi = uhasa klawan sinamun Sumaruna anarawung = Mangimur manuhara = Met pamrih melik pakolih = golek pamrih supaya pakolih Temah suka ing karsa tanpa weweka= sahingga seneng/keturutan ing karep / dedya tanpa ana pasulayan Dhasar karoban pawarta = dhasar kacampuran pakabaran bebaratan ujar lamis = kasengkuyung tembung apus manis/apik ora ana nyatane pinudya dadya pangarsa = pinuju dadi pengarep/pimpinan wekasan malah kawuri = wusanane malah dadi wong mburi/cilik yen pinikir sayekti = yen dipikir tenan pedah apa aneng ngayun = gunane apa dadi wong ngarep/pimpinan andhedher kaluputan = nyebar barang kleru/luput siniraman banyu lali = ketaman rasa lali marang kautaman lamun tuwuh dadi kekembanging bela = yen thukul dadi pasulayan/memungsuhan Ujaring paniti sastra = ngendikane wong sing ahli basa awewarah asung peling = mulang/muruk kanggo ngelingake ing jaman keneng musibat = ing jaman kena musibah wong ambeg jatmika kontit = wong alim kang ngayomi/migunani ora cocok makono yen niteni = angkono yen nitik pedah apa amituhu = gunane apa manut/miturut pawarta lolawara = pakabaran tapa nyata/ ngayawara mundhak angreranata ati = tambah nelangsane ati angurbaya angiket cariteng kuna = aluwung nyonto crita/sejarah biyen Keni kinarya darsana = kena ginawe piwulang panglimbang ala lan becik = pemisah ala lan apik sayekti akeh kewala = temen-temen akeh wae lelakon kang dadi tamsil = lelakon kang dadi conto masalahing ngaurip = masalah wong urip wahananira tinemu = kahanane bakal nemoni temahan anarima = ing tundhone mung narima

Transcript of Serat Kalatidha

SERAT KALATIDHA

Mangkya darajating praja= mangkono kahanan/tatananing Negarakawuryan wus sunyaruri= pratela/cetha wus katon nyatarurah pangrehing ukara= rusak pranataning tembungkarana tanpa palupi= sebab tanpa contoatikar silastuti = ninggal aturan/pranatan benersarjana sujana kelu= wong pinter,wong kuwasa katut/melukalulun kalatidha= kayungyun/kapilut jaman edantidhem tandhaning dumadi= swasana tetengering kahananhardayengrat dening karoban rubeda= saka dayaning kahanan kacampur karubetan

Ratune ratu utama= pimpinane pimpinan apikpatihe patih linuwih= wakile wakil pinunjulpra nayaka tyas raharja= prara menteri atine padha seneng/makmur uripepanekare becik-becik = tumindakke apik-apikparandene tan dadi= ewadene ora dadipaliyasing kala bendu = pamepering jaman edanmandar mangkin andadra= kepara/malah saya ngrembakarubeda kang ngreribeti= pepalang kang ngreridhu/nyrimpetibeda-beda ardaning wong sanegara= beda-beda kekarepaning wong sanegara

Katetangi tangisira= ngrintih sambate/tangiseSira sang parameng kawi= kowe wong sing ahli ngarangKawilet ing tyas duhkita= ketaman/kajiret ing ati kang sedhihKataman ing reh wirangi= kena ing reh/reka ora nindakke ala sing ngisin-isiniDening upaya sandi= uhasa klawan sinamunSumaruna anarawung =Mangimur manuhara=Met pamrih melik pakolih= golek pamrih supaya pakolihTemah suka ing karsa tanpa weweka= sahingga seneng/keturutan ing karep / dedya tanpa ana pasulayan

Dhasar karoban pawarta= dhasar kacampuran pakabaranbebaratan ujar lamis = kasengkuyung tembung apus manis/apik ora ana nyatanepinudya dadya pangarsa= pinuju dadi pengarep/pimpinanwekasan malah kawuri= wusanane malah dadi wong mburi/cilikyen pinikir sayekti= yen dipikir tenanpedah apa aneng ngayun= gunane apa dadi wong ngarep/pimpinanandhedher kaluputan = nyebar barang kleru/luputsiniraman banyu lali= ketaman rasa lali marang kautamanlamun tuwuh dadi kekembanging bela= yen thukul dadi pasulayan/memungsuhan

Ujaring paniti sastra= ngendikane wong sing ahli basaawewarah asung peling= mulang/muruk kanggo ngelingakeing jaman keneng musibat= ing jaman kena musibahwong ambeg jatmika kontit= wong alim kang ngayomi/migunani ora cocokmakono yen niteni= angkono yen nitikpedah apa amituhu= gunane apa manut/miturutpawarta lolawara= pakabaran tapa nyata/ ngayawaramundhak angreranata ati= tambah nelangsane atiangurbaya angiket cariteng kuna= aluwung nyonto crita/sejarah biyen

Keni kinarya darsana = kena ginawe piwulangpanglimbang ala lan becik= pemisah ala lan apiksayekti akeh kewala= temen-temen akeh waelelakon kang dadi tamsil= lelakon kang dadi contomasalahing ngaurip= masalah wong uripwahananira tinemu= kahanane bakal nemonitemahan anarima= ing tundhone mung narimamupus pepesthening takdir= nampa pepesthening kodratpuluh-puluh anglakoni kaelokan= beja pira-pira wong sing nglakoni kabecikan

Amenangi jaman edan = urip ing jaman ora karuwan/edahewuh aya ing pambudi= kewuhan ing tumindakmelu edan ora tahan= melu edan ora tahan/ora cocok karo atiyen tan melu anglakoni= yen ora melu nglakoniboya keduman melik= ora melu entuk barang/babdhakaliren wekasanipun= ngelih dadine/akhirendilalah kersa Allah= tujune kersane Allahbegja-begjane kang lali= begja begjane sing laliluwih begja kang eling lawan waspada= luwih begja sing eling lan waspada/ngati-ati

Semono iku bebasan= kaya ngono iku bebasanepadu-padune kepingin = ndaya-daya kepinginenggih makaten man Dhoblang= ya ngono kuwi man Dhoblangbener ingkang angarani= bener sing ngaraninanging sajroning batin= nanging sajroning atisajatine nyamut-nyamut= sejatine isih adoh bangetwis tuwa are apa= wis tuwa arep apamuhung mahas ing asepi= mung golek sucining ati/adoh saka keramean donyasupayantuk pangaksamaning Hyang Suksma= supaya entuk pangapuraning Gusti kang paring sukma

Beda lan kang wus santosa= beda karo wong sing wis sugih/kuwatkinarilan ing hyang Widhi= tansah katurutan ing Pangeransatiba malanganeya= satebak malangetan susah ngupaya kasil= ora susah golek hasilsaking mangunah prapti= prasasat bisa teka dhewePangeran paring pitulung= Pangeran paring pitulunganmarga samaning titah = merga sapadhaning ngauriprupa sabarang pakolih = apa wae tansah pekolihparandene maksih taberi ikhtiyar= ewa dene isih usaha

Sakadare linakonan= dilakoni satitahemung tumindak mara ati= mung tumindak krenteking ati/satitaheangger tan dadi prakara= sauger ora dadi perkarakarana riwayat muni= krana sejarah /riwayat paring ujarikhtiyar iku yekti= usaha iku mesthipamilihing reh rahayu = supaya entuk kabegjansinambi mbudidaya= sinambi usahakanthi awas lawan eling= kanthi waspada lan elingkang kaesthi antuka parmaning Suksma= sing dibujung/diudi ridhaning Gusti Allah