Download - Serat Kalatidha

Transcript

SERAT KALATIDHA

Mangkya darajating praja= mangkono kahanan/tatananing Negarakawuryan wus sunyaruri= pratela/cetha wus katon nyatarurah pangrehing ukara= rusak pranataning tembungkarana tanpa palupi= sebab tanpa contoatikar silastuti = ninggal aturan/pranatan benersarjana sujana kelu= wong pinter,wong kuwasa katut/melukalulun kalatidha= kayungyun/kapilut jaman edantidhem tandhaning dumadi= swasana tetengering kahananhardayengrat dening karoban rubeda= saka dayaning kahanan kacampur karubetan

Ratune ratu utama= pimpinane pimpinan apikpatihe patih linuwih= wakile wakil pinunjulpra nayaka tyas raharja= prara menteri atine padha seneng/makmur uripepanekare becik-becik = tumindakke apik-apikparandene tan dadi= ewadene ora dadipaliyasing kala bendu = pamepering jaman edanmandar mangkin andadra= kepara/malah saya ngrembakarubeda kang ngreribeti= pepalang kang ngreridhu/nyrimpetibeda-beda ardaning wong sanegara= beda-beda kekarepaning wong sanegara

Katetangi tangisira= ngrintih sambate/tangiseSira sang parameng kawi= kowe wong sing ahli ngarangKawilet ing tyas duhkita= ketaman/kajiret ing ati kang sedhihKataman ing reh wirangi= kena ing reh/reka ora nindakke ala sing ngisin-isiniDening upaya sandi= uhasa klawan sinamunSumaruna anarawung =Mangimur manuhara=Met pamrih melik pakolih= golek pamrih supaya pakolihTemah suka ing karsa tanpa weweka= sahingga seneng/keturutan ing karep / dedya tanpa ana pasulayan

Dhasar karoban pawarta= dhasar kacampuran pakabaranbebaratan ujar lamis = kasengkuyung tembung apus manis/apik ora ana nyatanepinudya dadya pangarsa= pinuju dadi pengarep/pimpinanwekasan malah kawuri= wusanane malah dadi wong mburi/cilikyen pinikir sayekti= yen dipikir tenanpedah apa aneng ngayun= gunane apa dadi wong ngarep/pimpinanandhedher kaluputan = nyebar barang kleru/luputsiniraman banyu lali= ketaman rasa lali marang kautamanlamun tuwuh dadi kekembanging bela= yen thukul dadi pasulayan/memungsuhan

Ujaring paniti sastra= ngendikane wong sing ahli basaawewarah asung peling= mulang/muruk kanggo ngelingakeing jaman keneng musibat= ing jaman kena musibahwong ambeg jatmika kontit= wong alim kang ngayomi/migunani ora cocokmakono yen niteni= angkono yen nitikpedah apa amituhu= gunane apa manut/miturutpawarta lolawara= pakabaran tapa nyata/ ngayawaramundhak angreranata ati= tambah nelangsane atiangurbaya angiket cariteng kuna= aluwung nyonto crita/sejarah biyen

Keni kinarya darsana = kena ginawe piwulangpanglimbang ala lan becik= pemisah ala lan apiksayekti akeh kewala= temen-temen akeh waelelakon kang dadi tamsil= lelakon kang dadi contomasalahing ngaurip= masalah wong uripwahananira tinemu= kahanane bakal nemonitemahan anarima= ing tundhone mung narimamupus pepesthening takdir= nampa pepesthening kodratpuluh-puluh anglakoni kaelokan= beja pira-pira wong sing nglakoni kabecikan

Amenangi jaman edan = urip ing jaman ora karuwan/edahewuh aya ing pambudi= kewuhan ing tumindakmelu edan ora tahan= melu edan ora tahan/ora cocok karo atiyen tan melu anglakoni= yen ora melu nglakoniboya keduman melik= ora melu entuk barang/babdhakaliren wekasanipun= ngelih dadine/akhirendilalah kersa Allah= tujune kersane Allahbegja-begjane kang lali= begja begjane sing laliluwih begja kang eling lawan waspada= luwih begja sing eling lan waspada/ngati-ati

Semono iku bebasan= kaya ngono iku bebasanepadu-padune kepingin = ndaya-daya kepinginenggih makaten man Dhoblang= ya ngono kuwi man Dhoblangbener ingkang angarani= bener sing ngaraninanging sajroning batin= nanging sajroning atisajatine nyamut-nyamut= sejatine isih adoh bangetwis tuwa are apa= wis tuwa arep apamuhung mahas ing asepi= mung golek sucining ati/adoh saka keramean donyasupayantuk pangaksamaning Hyang Suksma= supaya entuk pangapuraning Gusti kang paring sukma

Beda lan kang wus santosa= beda karo wong sing wis sugih/kuwatkinarilan ing hyang Widhi= tansah katurutan ing Pangeransatiba malanganeya= satebak malangetan susah ngupaya kasil= ora susah golek hasilsaking mangunah prapti= prasasat bisa teka dhewePangeran paring pitulung= Pangeran paring pitulunganmarga samaning titah = merga sapadhaning ngauriprupa sabarang pakolih = apa wae tansah pekolihparandene maksih taberi ikhtiyar= ewa dene isih usaha

Sakadare linakonan= dilakoni satitahemung tumindak mara ati= mung tumindak krenteking ati/satitaheangger tan dadi prakara= sauger ora dadi perkarakarana riwayat muni= krana sejarah /riwayat paring ujarikhtiyar iku yekti= usaha iku mesthipamilihing reh rahayu = supaya entuk kabegjansinambi mbudidaya= sinambi usahakanthi awas lawan eling= kanthi waspada lan elingkang kaesthi antuka parmaning Suksma= sing dibujung/diudi ridhaning Gusti Allah