Selapanan Jawa Version

download Selapanan Jawa Version

of 2

description

Bahasa Jawa, Budaya Jawa, Selapanan

Transcript of Selapanan Jawa Version

BANCAKAN SELAPANANBancakan selapanan inggih punika bancakan weton ingkang sepisan kangge bayi 35 dintenWonten tradhisi Jawi dipunwontenaken acara selapanan utawi selametan bayi ing umur 35 (selapan) dinten. Wonten dinten kaping 35 bayi ulang weton ingkang kapisan. Inggih selametan punika ngagem ubarampe utawi perlengkapan ingkang kasebut: Tumpeng wetonJejanganan 7 werna saget menapa kemawon nanging kedah wonten kangkung ugi kacang panjang. Jejangan wau dipungodhog sedaya, lan dipunrajang kecuali kangkung ugi kacang panjang Tigan ayam dipungodhog cacahipun 7, 11, utawi 17 glindhing (?). Sabibar punika, kulitipun dikupas, banjur dipunsajikake wutuh utawi diparo kalih utawi sekawan. Lombok, brambangBumbu gudhangan/urap mboten pedhes, didamel saking klapa anom (kemelas), dipunparut kaliyan empon-empon, sereh, godhong jeruk purut, tumbar, salam, laos, gendhis jawi, garem, brambang ingkang radi kathah, ugi bawang sekedhik. Kalo, inggih punika saringan santen saking bambu Woh-wohan 7 werna, kedah ngagem gedhang raja Kembang setamanKembang setaman didamel saking mawar putih lan abang, kanthil, mlathi, ugi kenanga. Bubur 7 rupaBubur ingkang didamel bubur putih utawi gurih ingkang ngagem santen ugi garem, kaliyan bubur abrit utawi bubur manis ingkang dipuntambahi gendhis jawi ugi garem.

Selametan weton bayi (Selapanan/35 dinten)Selapanan bayi punika sanes saking bancakan weton kagem tiyang diwasa. Selametan weton bayi titikanipun inggih punika empon gudhangan mboten pedhes, mboten wonten jajan pasar, kacang tanah, utawi tela.Adicara ngaturaken dedonga:1. Saderengipun dipun