pranatacara mitoni

2
Assalamu’alaikum Kawula Nuwun Wo nten ngarsanipun p ara pinisepuh ingkang tansah sinudarsana. Dhumateng para rawuh bapak saha ibu ingkang bagya mulya. Langkung rumiyin sumangga kawula dherakaken sami ngunjukaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang amurba amasesa, ingkang sampun paring nugraha kawilujengan dhumateng kita sedaya saengga saged makempal wonten ing papan menika kanthi saras saha  boten wonten alangan punapa. ara rawuh ingkang dhahat kinurmatan, !aderengipun adi"ara mitoni ing dinten menika dipunwiwiti, kawula minangka  pambiwara badhe ngaturaken reron"ening adi"ara ingkang badhe kalampah, kirang langkung mekaten #. ambuka $. Atur pambagyaharja dening pamengku gati %. !iraman &. Nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain "alon ibu dening "alon bapak '. Nyampingan (. )edhot *anur +. rojolan -. )e"ahake wajan lan gayung . enutup ara rawuh ingkang minulya, !umangga adi"ara mitoni i ng dinten menika kit a wiwiti kanthi waosan basmalah sesarangan. )ugi/mugi adi"ara ing dinten menika kita saged kalampahan kanthi sae lan gan"ar,  boten wonten alangan setunggal punapa. )enggah adi"ara ingkang angka kalih nun inggih atur pambagyaharja dening pamengku gati, dhumateng 0bu 1a mi kawula sumanggakaken22. )aturnuwun dhumateng 0bu 1a mi ingkang sampun paring atur pambagyaharja. ara rawuh ingkang minulya, Adi"ara salajengipun inggih menika siraman. Dhumateng 0bu 3ebri minangka tiyang sepuh saking 0bu Ditsa, kawula sumanggakaken murwakani siraman. Kaaturaken agunging  panuwun dhumateng bapak saha ibu ingkang sampun katuran adi"ara siraman. Adi"ara ingkang kaping sekawan inggih menika nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain "alon ibu dening "alon bapak. ara rawuh ingkang dhahat kinurmatan, Adi"ara salajengipun nun inggih nyampingan. ara rawuh ingkang minulya, Adi"ara ingkang kaping gangsal inggih menika medhot janur dening "alon bapak menika minangka pralambang wajibing tiyang kakung ngilangi sedaya pepalang ing gesang bebrayan. Adi"ara ingkang kaping enem inggih menika brojolan klapa gadhing "a"ah kalih ingkang dipungambari Kamajaya kaliyan Kamaratih ingkang ngemot kekarepan supados putra4putri saged lair bagus utawi ayu.

description

tugas bahasa jawa pranatacara mitoni

Transcript of pranatacara mitoni

Assalamualaikum

Kawula Nuwun

Wonten ngarsanipun para pinisepuh ingkang tansah sinudarsana.

Dhumateng para rawuh bapak saha ibu ingkang bagya mulya.

Langkung rumiyin sumangga kawula dherakaken sami ngunjukaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang amurba amasesa, ingkang sampun paring nugraha kawilujengan dhumateng kita sedaya saengga saged makempal wonten ing papan menika kanthi saras saha boten wonten alangan punapa.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,

Saderengipun adicara mitoni ing dinten menika dipunwiwiti, kawula minangka pambiwara badhe ngaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampah, kirang langkung mekaten1. Pambuka

2. Atur pambagyaharja dening pamengku gati3. Siraman

4. Nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak

5. Nyampingan6. Medhot Janur 7. Brojolan8. Mecahake wajan lan gayung9. PenutupPara rawuh ingkang minulya,

Sumangga adicara mitoni ing dinten menika kita wiwiti kanthi waosan basmalah sesarangan. Mugi-mugi adicara ing dinten menika kita saged kalampahan kanthi sae lan gancar, boten wonten alangan setunggal punapa.

Menggah adicara ingkang angka kalih nun inggih atur pambagyaharja dening pamengku gati, dhumateng Ibu Tami kawula sumanggakaken. Maturnuwun dhumateng Ibu Tami ingkang sampun paring atur pambagyaharja.

Para rawuh ingkang minulya,

Adicara salajengipun inggih menika siraman. Dhumateng Ibu Febri minangka tiyang sepuh saking Ibu Ditsa, kawula sumanggakaken murwakani siraman. Kaaturaken agunging panuwun dhumateng bapak saha ibu ingkang sampun katuran adicara siraman.

Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak.Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,

Adicara salajengipun nun inggih nyampingan.

Para rawuh ingkang minulya,Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika medhot janur dening calon bapak menika minangka pralambang wajibing tiyang kakung ngilangi sedaya pepalang ing gesang bebrayan.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika brojolan klapa gadhing cacah kalih ingkang dipungambari Kamajaya kaliyan Kamaratih ingkang ngemot kekarepan supados putra/putri saged lair bagus utawi ayu.Para rawuh ingkang dahat kinabekten,

Adicara ingkang kaping wolu inggih menika mecahake wajan lan gayung.Mekaten kala wau adicara mitoni ing dinten menika, kawula minangka pambiwara, mbok bilih wonten klenta klentuning atur ingkang kirang mranani ing manah panjenengan sedaya, kawula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama, mekaten atur kawula.

Matur nuwun

Wassalamualaikum wr wb.