Download - pranatacara mitoni

Transcript

Assalamualaikum

Kawula Nuwun

Wonten ngarsanipun para pinisepuh ingkang tansah sinudarsana.

Dhumateng para rawuh bapak saha ibu ingkang bagya mulya.

Langkung rumiyin sumangga kawula dherakaken sami ngunjukaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang amurba amasesa, ingkang sampun paring nugraha kawilujengan dhumateng kita sedaya saengga saged makempal wonten ing papan menika kanthi saras saha boten wonten alangan punapa.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,

Saderengipun adicara mitoni ing dinten menika dipunwiwiti, kawula minangka pambiwara badhe ngaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampah, kirang langkung mekaten1. Pambuka

2. Atur pambagyaharja dening pamengku gati3. Siraman

4. Nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak

5. Nyampingan6. Medhot Janur 7. Brojolan8. Mecahake wajan lan gayung9. PenutupPara rawuh ingkang minulya,

Sumangga adicara mitoni ing dinten menika kita wiwiti kanthi waosan basmalah sesarangan. Mugi-mugi adicara ing dinten menika kita saged kalampahan kanthi sae lan gancar, boten wonten alangan setunggal punapa.

Menggah adicara ingkang angka kalih nun inggih atur pambagyaharja dening pamengku gati, dhumateng Ibu Tami kawula sumanggakaken. Maturnuwun dhumateng Ibu Tami ingkang sampun paring atur pambagyaharja.

Para rawuh ingkang minulya,

Adicara salajengipun inggih menika siraman. Dhumateng Ibu Febri minangka tiyang sepuh saking Ibu Ditsa, kawula sumanggakaken murwakani siraman. Kaaturaken agunging panuwun dhumateng bapak saha ibu ingkang sampun katuran adicara siraman.

Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak.Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,

Adicara salajengipun nun inggih nyampingan.

Para rawuh ingkang minulya,Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika medhot janur dening calon bapak menika minangka pralambang wajibing tiyang kakung ngilangi sedaya pepalang ing gesang bebrayan.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika brojolan klapa gadhing cacah kalih ingkang dipungambari Kamajaya kaliyan Kamaratih ingkang ngemot kekarepan supados putra/putri saged lair bagus utawi ayu.Para rawuh ingkang dahat kinabekten,

Adicara ingkang kaping wolu inggih menika mecahake wajan lan gayung.Mekaten kala wau adicara mitoni ing dinten menika, kawula minangka pambiwara, mbok bilih wonten klenta klentuning atur ingkang kirang mranani ing manah panjenengan sedaya, kawula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama, mekaten atur kawula.

Matur nuwun

Wassalamualaikum wr wb.