Bab Ix. Widya Pranatacara

40
BAB IX. WIDYA PRANATACARA SAHA PAMEDHAR SABDA A. 11 DASAR PROSPEK PRANATACARA Pakaryan pranatacara saged dados satunggaling pakaryan professional. Awit ing jaman samenika upacara temanten tansaya kadamel mirunggan sae (profesional), pramila tatacaranipun kalebet acara, pranatacara ugi kadamel profesional. Saboten- botenipun wonten 11 dhasar utawi alesan profesi pranatacara gadhah prospek ingkang sae. Setunggal, tansaya kathah priyantun sibuk, PA (pranata adicara) tansaya laris. Tiyang ingkang sibuk boten gadhah wekdal kathah kangge ngurus upacara pengantin. Pramila kangge acara kapasrahaken dhateng pranatacara. Kalih, tansaya kepengin praktis, PA tansaya dipunbetahaken. Upacara pengantin menika saged kadamel ngrowa saha prasaja. Namung menawi kepengin gampil tumindakaking adicara (praktis), pasrah kemawon dhateng pranatacara. Tiga, kepengin sae saha maremakane (sukses acara), saha boten kasupekaken, PA tansaya monjo. Ingkang mangertos babagan acara pengantin inggih pranatacara. Pramila menawi kepengin kasil kanthi 141

Transcript of Bab Ix. Widya Pranatacara

BAB IX.

WIDYA PRANATACARA SAHA PAMEDHAR SABDA

A. 11 DASAR PROSPEK PRANATACARA

Pakaryan pranatacara saged dados satunggaling

pakaryan professional. Awit ing jaman samenika upacara

temanten tansaya kadamel mirunggan sae (profesional),

pramila tatacaranipun kalebet acara, pranatacara ugi

kadamel profesional. Saboten-botenipun wonten 11 dhasar

utawi alesan profesi pranatacara gadhah prospek ingkang

sae.

Setunggal, tansaya kathah priyantun sibuk, PA (pranata

adicara) tansaya laris. Tiyang ingkang sibuk boten gadhah

wekdal kathah kangge ngurus upacara pengantin. Pramila

kangge acara kapasrahaken dhateng pranatacara.

Kalih, tansaya kepengin praktis, PA tansaya

dipunbetahaken. Upacara pengantin menika saged kadamel

ngrowa saha prasaja. Namung menawi kepengin gampil

tumindakaking adicara (praktis), pasrah kemawon dhateng

pranatacara.

Tiga, kepengin sae saha maremakane (sukses acara),

saha boten kasupekaken, PA tansaya monjo. Ingkang

mangertos babagan acara pengantin inggih pranatacara.

Pramila menawi kepengin kasil kanthi sae upacara

pengantin, pasrah kemawon dhateng pranatacara.

Sekawan, tansaya kathah tiyang boten mangertos

adicara penganten, PA tansaya moncer. Samenika kathah

tiyang Jawi sampun boten pana babagan upacara pengantin

Jawi, pramila pasrah ingkang pana inggih menika

pranatacara.

141

Gangsal, tansaya kathah gedung pasamuan, hotel,

restortan, auditorium kangge upacara penganten (resepsi,

wedding party), MC saya PY (peye alias payu). Samenika

kathah sasana pawiwahan saha pahargyan ing hotel,

auditorium, restoran, ingkang ateges mbetahaken

pranatacara-pranatacara ingkang gambeng (profesional).

Enem, tansaya kathah perumahan, tansaya kathah

“gedung manten” ingkang prelu PA. Boten kathah

perumahan ingkang jembar pramila menawi kagungan karsa

mantu inggih trimah wonten gedhung. Upamia jembar

dalemipun, tiyangipun kepara sugih, lajeng tamunipun

kathah, anggenipun kagungan karsa ugi tetep wonten

gedhung ingkang sakalangkung jembar.

Pitu, tansaya manungsa menika “individual”, PA

tansaya kabetahaken. Samenika kathah tiyang boten

kepingin ngrepotaken tiyang sanes, Pramila lajeng kathah

wedding organizer, para pranatacara ingkang samya

nyengkuyung upacara penganten.

Wolu, tansaya kepingin pininjul ing ajining dhiri

(prestise) saha sae (prestasi), PA tansaya kemedol. Upacara

pengantin menika saged nedahaken sinten tiyangipun

ingkang kagungan karsa. Upacara saged nedahaken

“prajanipun” (ajining dhiri) ingkang hamengku gati.

Sanga, kepengin nedahaken jati dhiri, PA tansaya

penting. Upacara pengantin nedahaken jati dhri. Sanajan ing

Jakarta, menawi tiyang Jawi dados pengantin ngangge cara

Jawi, tiyang Padang ngangge cara Padang, tiyang Sunda

ngangge cara Sundah, tiyang Melayu ngangge cara Melayu,

lan sapanunggilanipun.

Sedasa, tansaya kathah pengelola paket penganten, PA

tansaya begja. Semenka kathah wedding organizer. Bisnis

142

menika tuwuh kadya jamur ing mangsa rendheng. WO

menika mbetahaken pranatacara ingkang profesional.

Sewelas, menawi kepengin nglestantunaken budaya

Jawi mliginipun upacara mantu, PA tansaya cetha

pisungsungipun. Upacara penganten minangka satunggaling

budaya Jawi ingkang prelu dipunlestanaken.

B. SANGUNING PRANATACARA

1. Sangu Pokok

a. Olah swara: logat, pocapan, napas, tegas, cetha, boten

blero/bindheng, membat-mentuling swanten, kajiwa

b. Olah sastra: pilihan tembung, purwakanthi, sekar,

pathetan, suluk, sendhon, ada-ada, pathetan,

panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan, lsp.

Pranatacara

2. Sangu Tambahan

a. Olah raga lan busana:

Olah raga sapta-MA:

143

(1) magatra patrap wajar boten dipundamel-damel

(2) malaksana: luwes, boten ingah-inggih

(3) mawastha : jejeg, boten kendho/dhoyong

(4) maraga : boten rongeh/edheg/gumeter,

mantep,

(5) malagawa : enthengan, trengginas

(6) matanggap: tanggap swasana (susah, seneng)

(7) mawwat : ngentasi karya (Sutawijaya &

Sudiyatmono, 1990).

b. Ngilmu Tata Upacara Penganten

Pranatacara kedah nguwaosi tata upacara penganten.

Prekawis menika kababar piyambak.

c. Sangu Panyengkuyung

1) mental

Wonten tiyang ingkang gadhah mental waja, mental

miyur, sah amental ciyut. Amrih mentalipun kandel

kedah kathah gladhen, biasa ngadhepi tiyang kathah

(forum), siap ing materi,

2) pawiyatan

Amrih kawegigan pranata adicara saged cateringnal

perlu sekolah, kursus, utawi dherek pawiyatan

sanesipun. Saged ugi maos buku-buku ingkang

sampun wonten ngewrat bab pranata adicara.

3) gladhen

Pranata adicara tetetp terus sarta prelu gladhen utawi

latihan amrih sansaya mekar ilmunipun, landhep yen

dipunginakaken, tembenipun katingal wegig, besus,

micara.

144

4) pengrengga swara

Ugi sinebat sound system. Pranata adicara kedah

mangesrtos kados pundit mangun karya kaliyan

pangrengga swara. Bab tata papan, urutaning

gendhing, sasmitaning gendhing, lsp.

5) ketewajuhan

Ketewajuhan inggih menika temen-temen anggenipun

nindakaken pakaryan, saged rampung ngremenaken.

6) kasamaptaan

Pranata adicara kedah siap sawanci-wanci menawi

dipuntimbali boten badhe nguciwani, samapta ing raga,

busana, basa, saha wicara.

7) mitra tembayatan (relasi)

Kadosta: perias, WO, catering (Pringgawidagda, 2006).

C. TULADAHA WICARA

1. PRANATACARA RAPAT PEMUDHA REMBAG 17-AN

Nuwun, Mas Ketua Pemudha ingkang kula kurmati.

Para pengurus sarta para mudha ingkang sutresna.

Mangga-mangga kula dherekaken muji syukur dhumateng

Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan satemah

kula miwah panjenengan saged nindakaken pepanggihan

ing wanci menika.

Kula minangka pranatacara keparenga ngaturaken

adicara kados ing ngandhap menika.

Kaping sepisan, pambuka

Kaping kalih, atur pambagya saking ketua pemudha

Kaping tiga, rembagan bab pengetan 17-an

145

Kaping sekawan, panutup.

Sumangga adicara ing wanci menika dipunwiwiti kanthi

ndedonga. Sumangga kula dherekaken.

----ndedonga---

Salajengipun atur pambagyaharja, dhumateng Mas Anjar

Subagya minangka ketua pemudha sumangga.

----pamgabyaharja---

Mekaten kalawau atur pambagyaharja. Dhumateng para

kanca ingkang sampun nampi unjukan saha nyamikan,

kersa ngrahabi. Samenika ngancik adicara pirembagan

pengetan 17-an. Kangge adicara menika kula aturaken

Mbak Ambarwati minangka wakil ketua pemudha.

Sumangga.

----rembagan pengetan 17-an----

Kados mekaten kalawau pirembagan pengetan 17-an.

Sampun saged kadhapuk panitiya 17-an saha acaranipun

lomba-lomba menapa dene hiburan. Kanthi mekaten

sampun paripurna. Kula ingkang minangka pranatacara,

bokmenawi wonten kalepatan, nyuwun pangaksama.

Sugeng kondur. Nuwun.

2. RAPAT PEMUDHA

Nuwun, para kadang kula sepuh, Kangmas Mbakyu ingkang

kinurmatan

Para kadang kula anem, Dhimas Nimas ingkang sutresna.

Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah

swt ingkang sampun paring kanugrahan, satemah ing wanci

menika kula miwah panjenengan saged kempal kangge

rapat pemudha.

146

Keparenga ngaturaken adicara rapat utawi pepanggihan ing

dalu menika.

Sepisan, pambuka

Kaping kalih, atur pambagya dening ketua pemudha

Kaping tiga, pirembagan program kegiatan.

Kaping sekawan, panutup.

Mekaten kalawau menggah adicara ingkang sampun

karantam. Sumangga ngancik adicara sepisan, pambuka.

Sumangga adicara kabuka kanthi ndedonga manut agami

piyambak-piyambak utawi kanthi maos basmalah.

Sumangga.

-----basmallah---

Matur nuwun, mugi kanthi donga utawi waosan basmallah

pepanggihan ing dalu menika ngasilaken pirembagan

ingkang manfangat. Salajengipun atur pambagyaharja

saking wakil ketua pemudha. Dhumateng Mas Ajisaka,

sumangga.

-------pambagyaharja------

Matur nuwun, bokmenawi para kadang kaneman sampun

ngaturaken unjukan saha pasugatan sanesipun kersaa para

kanca ngunjuk saha dhahar nyamikan. Adicara salajengipun

pirembagan program kegiatan. Kangge ngrembag menika

kula pasrahaken dhumateng ketua pemudha nun inggih

Mbak Anggraini.

-------pirembagan------

Kanthi mekaten adicara rapat ing wanci menika sampun

paripurna. Mugi ingkang sampun karembag saged

katindakaken kanthi sae.

147

Kula minangka pranatacara bokmenawi wonten tuna

dungkaping atur nyuwun agunging pangaksama. Sugeng

dalu, sugeng kondur, rahayu kang sami pinanggih. Nuwun.

3. PRANATACARA PENGAOSAN

Assalamu ‘alaikum wr.wb

Alhamdulillahirabbil ‘alamin washolatu wasalamu ‘ala asrofil

ambiyi walmursalin wa’ala alihi washohbihi ajma’in. Ashadu

alla ilaha illalah waashadu anna Muhammadarrasulullah....

Para kyai alim ulama ingkang minulya, para pinisepuh

ingkang kinurmatan, hadlirin walhadlirat rahimakumullah.

Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah

swt ingkang sampun paring kanikmatan. Mugi syukur

nikmatkalawau tansah nambah ketakwaan dhumateng Allah

swt. Amin.

Sholawat saha salam konjuk dhumateng junjungan Nabi

agung Muhammad saw mugi safa’atipun tumedhak dhateng

kulawarga, sahabat, saha umatipun amin.

Keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning adicara

pengaosan ing dalu menika, nun inggih:

Ingkang sepisan, pambuka

Kaping kalih, waosan kitab suci Alquran

Kaping tiga, pambagyaharja.

Kaping sekawan, sigeg.

Kaping gangsal, adicara inti pengaosan saha donga ingkang

insya Allah badhe kababar dening almukarom KH Jamal

Anshori saking Magelang.

Kaping nenem, panutup.

Kados sampun tinata kanthi titi rantamaning adicara

sumangga adicara binuka kanthi lafal basmallah.

148

----basmallah---

Matur nuwun, mugikanthi waosan basmallah tumapaking

adicara pengaosan dalu menika rancak, saha kacathet

minangka amal ‘ibadah ingkang pikantuk ganjaran ing

zaumul akhir. Amin.

Tumuli sumangga kula dherekaken midhangetaken woasan

kitab suci Alquran. Ingkang kawaos Surat Al Baqarah ayat

21-25 dening qori Dhimas Zamroni saha sari tilawah Nimas

Setyarini. Sumangga.

------waosan Alquran----

Shodaqohullahul ‘adzim. Mugi waosan kitab suci Alquran

kalawau nambah ketakwaan dhumateng ingkang maos saha

ingkang midhangetaken. Amin. Salajengipun, keparenga

shohibul hajat ngaturaken pambagyaharja. Dhumateng

Bapak Muhlis sumangga.

-----pambagyaharja--------

Matur nuwun, adicara sinigegh sepisan. Dhumateng para

ikhwan saha akhwat ingkang badhe ngaturaken unjukan

saha nyamikan, sumangga. Para jamaah pengaosan ingkang

sampun tampi unjukan saha nyamikan kersa ngunjuk saha

ngrahabi sinambi midhangetaken hadrah Assifa saking

Dusun Sumbereja. Amrih regengipun tepuk tangan kangge

hadrah As…sifa.

-----sigeg I----

Boten ngirangi kamardikan para jamaah pengaosan ngunjuk

saha dhahar nyamikan, kaperanga adicara kalajengaken nun

inggih inti pengaosan. Tausiyah utawi maidhotul hasanah

dipunbabar dening Al Mukarom KH Jamal Anshori saking

Magelang. Al Mukarom menika pimpinan Pondok Pesantren

Ridhotul Jannah saking Magelang. Dhumateng KH Jamal

149

Anshori, ing pungkasan kasuwun nutup kanthi pandonga,

sumangga.

----inti pengaosan---

Alhamdulillah mugi para jamaah saged ngamalaken sedaya

ingkang kababar ing pengaosan menika satemah nambah

iman saha takwa dhumateng Allah. Ing zaumul akhir sedaya

jamaah saged pikantuk ganjaran jannatun na’im. Amin.

Matur nuwun dhumateng Al Mukarom KH Jamal Anshori,

mugi Allah paring rahmat dhumateng panjenenganipun.

Para hadirin, sampun paripurna pengaosan ing wanci

menika. Kula ingkang ngaturaken adicara bokmenawi

wonten kalepatan nyuwun agunging pangaksama. Sugeng

kondur, billahitaufikwal hidayah, waridhlo walinayah

wassalamu ‘alaikum wr. Wb.

4. ATUR PRANATACARA ING RAPAT RT

Nuwun, Bapak Ketua RT ingkang minulya

Bapak-bapak warga RT 5 ingkang kinurmatan

Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti,

Allah swt ingkang sampun kanugrahan satemah ing wanci

menika kula saha panjenengan saged makempal ing

dalemipun Bapak Atmaja saperlu kempalan warga RT 5

kados adat sabenipun.

Saderengipun keparenga kula ngaturaken rantaman adicara

ing dalu menika.

Sepisan, pambuka

Kaping kalih, atur pambagya saking ingkang kagungan

dalem.

Kaping tiga, rembag rukun warga sinambi asok dana saben

wulan dhumateng paraga kahartakan.

Kaping sekawan, arisan.

150

Kaping gangsal, palaporan.

Kaping enem panutup.

Mekaten wau rerangken adicara ing dalu menika. Sumangga

kawiwitan pepanggihan RT menika kanthi kula dherekaken

ndedonga adhedhasar agami piyambak-piyambak, utawi

kepareng maos basmalah. Sumangga.

----------donga------------

Matur nuwun, salajengipun atur pambagyaharja saking

ingkang kagungan dalem. Wekdal sumangga katur Bapak

Sumitra Hadi.

---------pembagyaharja-----------

Matur nuwun, adicara salejengipun sinambi para warga asok

dana wulanan, keparenga Bapak RT ngandharaken rembag

rukun warga. Sumangga

--------pirembagan--------------

Mekaten wau rembag rukun warga, kalajengaken adicara

ingkang kaping sekawan nun inggih arisan.

--------arisan----------

Ingkang pikantuk bebingah arisan inggih menika Bapak

Handoyo. Sumangga kepareng tapak asma. Dhumateng para

bapak ingkang sampun pikantuk unjukan saha nyamikan,

keparenga ngunjuk saha dhahar nyamikan. Sumangga.

Sinambi para Bapak sami ngunjuk saha dhahar nyamikan,

keparenga kadang kula Dhimas Joko minangka kahartakan

ngaturaken pelaporan kawontenanipun hartaka utawi arti ing

dalu menika. Sumangga.

------ laporan kahartakan-------

Matur nuwun, kanthi mekaten sampun paripurna adicara

pepanggihan warga RT 5 ing dalu menika. Kula minangka

wakilipun Bapak Sumitra Hadi miwah para kadang pengurus

ngaturaken agunging panuwun sampun kepareng rawuh ing

151

pepanggihan RT dalu menika. Dene pepanggihan

candhakipun wonten dalemipun Bapak Handoyo ingkang

pikanthuk arisan ing dalu menika. Bokmenawi anggen kula

matur saha ngaturaken adicara wonten kalepatan kula

nyuwun pangaksama. Sugeng dalu, sugeng kondur. Nuwun.

5. TULADHA PRANATACARA ING RAPAT 17-AN

Nuwun, Bapak Kepala Dhusun, Bapak Ketua RW, Ketua RW

ingkang kinabekten, para bapak ibu ingkang kinurmatan,

saha para kadang kula kawula mudha ingkang sutresna.

Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah

ingkang sampun paring kanugrahan kagabaswarasan

satemah, kula miwah panjenengan saged pepanggihan

kangge ngrembag pengetan 17-an ing dalu menika.

Kula minangka pranatacara keparenga ngaturaken rantaman

adicara ing dalu menika.

Sepisan, pambuka.

Kaping kalih, atur pambagya saking Bapak Kadus

Kaping tiga, pirembagan inti pengetan 17-an

Kaping sekawan panutup.

Cekak aos adicara ing wanci menika, mugi saged

kasembadan kanthi sae. Pramila sumangga adicara binuka

kanthi ndedonga manut agami piyambak-piyambak.

Sumangga kula dherekaken.

-------- dedonga--------

Matur nuwun, mugi Gusti hangijabahi. Amin. Adicara

salajengipun atur pambagyaharja saking Bapak Kadus.

Bapak Rejapawira sumangga.

--------pambagya---------

Mekaten kalawau pambagyaharja saking Bapak Kadus.

Ingkang intinipun wonten kalih inggih menika ndhapuk

152

panitia saha damel acara pengetan 17-an. Awit saking

menika sumangga ngancik adicara kaping tiga pirembagan

pengetan 17-an. Kangge pirembagan menika kapasrahaken

dhumateng pangarsaning para pemudha nun inggih

Rakamas Jayeng Margana. Sinambi pirembagan, dhumateng

para tamu kepareng ngunjuk saha dhahar kanthi

mardikaning penggalih. Pramila sumangga katur wekdal

sacekapiun.

--------pirembagan--------

Kados sampun gumathok ing rembag saha intining

pepanggihan gumolong. Sumangga adicara dipunpungkasi.

Kula ingkang nglantaraken adicara kalamun wonten

kalepatan nyuwun pangaksama. Sugeng dalu daha sugeng

kondur. Nuwun.

6. TULADHA PANATACARA ING KESRIPAHAN

Assalamu ‘alaikum wr. wb

Innalillahi wainna ilaihi raji’un. Para pepundhen sepuh,

kasepuhan, pinisepuh ingkang minulya, para pelayat

ingkang kinurmatan. Ing wanci menika kulawarga Ibu

Anggara Suprato nembe nampi pacoban awit saking

sedanipun Bapak Anggara Suprapto. Kula minangka

pranatacara keparenga ngaturaken racikaning tata upacara

pemateking layon.

Ingkang sepisan pambuka.

Tata upacara pametaking layon ingkang kaping kalih atur

panuwun kulawarga.

Ingkang kaping tiga atur bela sungkawa saking para takziah.

Ingkang kaping sekawan doa panutup.

Mekaten kalawau tata upacara pametaking layon. Sumangga

tata upacara pemetaking layon kawiwitan kanthi ndedonga

153

manut agami piyambak-piyambak utawi kanthi maos

basmalah, sumangga.

……………..

Tumuli keparenga kulawarga ingkang nembe nandhang

dhuhkita ngaturaken atur panuwun, ingkang badhe

dipunwakili Bapak Suteja. Sumangga.

……………..

Matur nuwun bapak Suteja. Salajengipun atur bela sungkawa

saking para pelayat dipunwakili saking Pamong Desa

Umbulrejo nun inggih Bapak Sumantri Surya Atmaja.

Sumangga.

……………..

Minangka panutup upacara pametaking layon badhe

katindakaken donga pamuji ingkang badhe dipunpandhegani

Bapak H. Ilham Muslimin. Kula minangka panatacara

bokmenawi wonten kalepatan anggen kula matur, nyuwun

pangaksama. Sumangga Bapak H. Ilham Muslimin.

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

7. TULADHA PRANATACARA ING UPACARA PENGANTEN

PRASAJA

Nuwun, kepareng matur dhumateng para kasepuhan,

pinisepuh, saha sesepuh ingkang minulya, para Bapak Ibu

tamu ingkang satuhu kinurmatan. Sumangga kula

dherekaken muji syukur dhumateng Allah swt ingkang

sampun paring sih kanugrahan.

Kaperanga kula sumela atur, badhe ngaturaken menggah

ingkang dados rantamaning adicara upacara penganten ing

siyang menika.

Adicara kapurwakan kanthi pambuka.

Adicara kaping kalih atur pambagyaharja.

154

Ingkang kaping tiga pasrah saha tampi calon penganten

kakung.

Adicara kaping sekawan adicara ijab qobul.

Dene adicara kaping gangsal, pengaosan utawi wasitatama.

Kapungkasan kanthi panutup.

Pranatacara

Mekaten kalawau menggah adicara ingkang sampun

karantam. Sumangga adicara kapurwakan kanthi kula maos

basmalah. Sumangga.

Adicara salajengipun atur pambagyaharja. Rehning ingkang

hamengku karsa boten kuwawi matur, pambagyaharja

dipunwakili Bapak Gunadiharja. Dhumateng Bapak

Gunadiharja sumangga, dene Bapak-Ibu Suharjana kasuwun

kepareng hangampingi Bapak Gunadiharja. Sumangga.

--------pambagyaharja------

Mekaten kalawau atur pambagyaharja. Salajengipun adicara

pasrah calon pinanganten kakung ingkang dipunsarirani

Bapak Suranta Aji. Sumangga.

------pasrah----------

155

Pangandikan pasrah tumuli badhe dipuntampi Bapak

Suwarja minangka wakilipun Bapak-Ibu Suharjana.

Dhumateng Bapak Suwarja, sumangga.

--------tampi--------

Minangka tandha hanetepi adat Bapak Ibu Handika calon

besan badhe hangaturaken ubarampe srah-srahan.

Dipunwiwiti pisang sanggan saha ubarampe salajengipun

sumangga katampi dening Bapak-Ibu Suharjana.

Salajengipun calon pinanganten kakung kakanthi tumuju

dhateng sasana ijab qobul. Dhumateng Bapak Daru

minangka seksi saking kulawarga calon pinanganten kakung

sarta Bapak Warsana seksi saking kulawarga calon

pinanganten putri kepareng lenggah.

Bapak Naib ugi kepareng lenggah, mekaten ugi bapak wali

nun inggih Bapak Suharjana. Tumuli calon pinanganten

kalenggahan ing jajar kaliyan wali.

Adicara ijab qobul salajengiun kula aturaken Bapak Pengulu.

Sumangga.

----ijab qobul----

Adicara ijab qobul sampun paripurna. Dhumateng Bapak

seksi, Bapak Naib ngaturaken panuwun. Salajengipun sri

penganten kalenggahaken ing sasana pinajang dipunembani

ingkang bebesanan. Adicara sinigeg sawetawis. Dhumateng

para kadang kaneman sumangga katur, hangaturaken

pasugatan. Para tamu ingkang sampun tampi pasugatan

keparenga ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning

penggalih. Suamngga.

-------sigeg-------

Boten hangirangi pakurmatan saha kanikmatan para tamu

ngunjuk saha dhahar nyamikan, keparenga kula

nglajengaken adicara nun inggih wasitatama. Sri penganten

156

pinaringan wasitama dening Bapak Haji Sudarmaji.

Sumangga.

------wasitatama--------

Mekaten kalawau menggah wasitatama saking Bapak H.

Sudarmaji, mugi handayani sri penganten saged gesang

sakinah, mawwadah, warahmah. Amin. Salajengipun

kulawarga badhe ngaturaken lelalengan beksan

Yudaasmara, sinambi para kadang kaneman ngaturaken

pasugatan dhahar tasyakuran.

-------tari yudaasmara----

Sampun paripurna sedaya adicara. Tumuli sri penganten

miwah ingkang bebasan jengkar tumuju wonten

sangandhaping tarub saperlu nampi jawat asta pangestu

saking paratamu ngiras pantes, kulawarga ngaturaken

agunging panuwun dhumaten para tamu.

Bokmenawi anggen kula ngaturaken adicara wonten

kalepatan, nyuwun agunging pangaksama. Sugeng kondur,

rahayu kang samya pinanggih. Nuwun.

D. TULADHA WICARA PAMBUKA

1. Nuwun, para pepundhen ingkang satuhu kinabekten, para

pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmatan, para tamu

ingkang minulya, sarta kadang kula wredha miwah

mudha ingkang sutresna.

Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing

ngarsaning Gusti, Pangeran ingkang Mahawelas lan asih

ingkang sampun ngluberaken kanugrahan ingkang arupi

kanikmatan ingkang tanpa pepindhan.

Para tamu ingkang minulya, keparenga kula ingkang

mundhi dhawuhipun Bapak Suharmanto ngaturaken

menggah rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing

157

wanci menika. Titi laksana rinantam mekaten:

…………………………………

2. Nuwun,

Wonten ngarsanipun para Kyai alim ulama ingkang

tansah sumandhing mring kitab suci, hambabar ngelmi

jatining panembah. Para pepundhen ingkang dahat

kinurmatan, para tamu, kadang wredha miwah muda

ingkang tuhu sutresna ing budaya.

Keparenga kula sakadang ingkang manunggal ing paket

pernikahan Larasati wedding organiser nyuwun

tambahing pangestu, awit saking mradapa dhawuhipun

Bapak Suharmanto kinen nglantaraken tumapaking gati

adicara pawiwahan ing wanci menika, arsa dhaup

palakrama sang Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus

Sulistya. Namung saderengipun sumangga tansah kula

dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah swt.

Ingkang sampun ngluberaken kanugrahan, kanikmatan

satemah kula miwah panjenengan saged nunggal

makempal ing sasana riki saperlu paring paseksen sarta

hangestreni dhaupipun calon pinangaten. Menggah

rantamaning adicara pawiwahan ing wanci menika

rinacik….

3. Nuwun, mugi kinalisna ing sarusiku, tinebihna ing tulak

sarik bendu panyendhu anggen kula kumawani ngadeg

wonten ngarsa paduka para tamu ingkang minulya, sarta

paripaksa nigas wacana munggel pangandikan para tamu

ingkang nembe sekeca imbal wacana. Sedaya wau awit

saking mradapa mundhi dhawuhipun Bapak-Ibu Suhardi

158

kinen ngaturaken menggah rantamaning titi laksana

adicara pawiwahan ing wanci menika.

Para pepundhen ingkang dahat pinundhi, para pinisepuh,

kasepuhan, miwah para sesepuh ingkang satuhu

kinabekten, para tamu wredha miwah taruna ingkang

sutresna.

Sumangga tansah kula dherekaken tumungkul ing

pepadaning Gusti ingkang Mahawelas lan asih ingkangs

ampun paring kanugrahan ingkang tanpa pepindhan nun

inggih kebagaswarasan, satemah kula miwah

panjenengan saged kempal manunggal ing sasana riki

saperlu paring paseksen sarta hangestreni tumapaking

gati adicara pawiwahan penganten sarimbit nun inggih

Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya. Menggah

rantamaning titi laksana rinacik mekaten:

…………………………………..

Sesorah

159

4. Nuwun, kawula nuwun, mugi karaharjan, kamulyan,

kabagyan tansah tumedhak saha tumanduk, kajiwa,

kasarira mring sanggya para tamu ingkang minulya.

Wonten ngarsanipun para pepundhen ingkang minulyeng

budi, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinabekten,

para satriya manggalaning bangsa kusuma nagara

ingkang pantes tinulad sinudarsana, para winasis ing

pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur, sarta para

tamu kinurmatan.

Sumangga kula dherekaken tansah muji syukur ing

ngarsaning Pangeran kanthi puja-puji pudyastuti. Kanthi

sih wilasanipun kula miwah panjenengan saged ing

sasana riki saperlu suka pasekesen sarta paring puji

donga pangestu hangestreni dhaupipun Dyah Ayu

Retnawati kaliyan Bagus Sulistya.

Para rawuh ingkang minulyen budi, kula minangka

pambiwara keparenga mundhi dhawuhipun ingkang

hamengku gati nun inggih Bapak Hardimanto kinen

ngaturaken menggah rantamaning titi laksana pawiwahan

ing wanci menika. Menggah titi laksitaning gati adicara

pawiwahan rinacik mekaten….

5. Lumintuning pudyastawa mugya hambabar daya

pangaribawa ingkang tumedhak miwah tumanduk mring

para kawula dasih kaswasih, kacihna ing ari kelenggahan

menika kula miwah panjenengan pinaringan lilah mring

Gusti kang Mahamirah saged kempal manunggal ing

wismanipun Bapak Suharmanto kinen suka paseksen,

hangestreni, sarta asung puji padonga rahayu

160

palakramanipun Dyah Ayu retnawati kaliayan Bagus

Sulistya.

Para pepundhen ingkang ambeg berbudi darma, para

pinisepuh miwah sesepuh ingkang dahat kinabekten, para

pamong pangembating praja ingkang minangka pandam

pandom pepanutaning kawula dasih, miwah para tamu

ingkang minulya.

Kula ingkang kapiji dening Bapak Suharmanto nun inggih

ingkang hamengku gati keparenga ngaturaken menggah

rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci

menika. Rantamaning adicara pawiwahan rinacik

mekaten….

E. PANUTUPING ADICARA

Sanadyan ing pungkasaning adicara kadangkala para

tamu sampun kirang kawigatosan dhumateng pranata

adicara, nangingkedah kaudi amrih tetep saenipun. Menika

adamel sengsem saha tabet ingkang pungkasan. Gampilipun

saged dados cara promosi satemah pranata adicara sansaya

laris. Sampun ngantos kesupen ing pungkasaning adicara

kedah nyuwn pangapunten kalumun kithaling basa, kirang

runtuting ukara, singlar ing tata krami.

Ing ngandhap menika tuladha wicara panutuping

adicara.

TULADHA PANUTUPING ADICARA

1. Para rawuh ingkang minulya kados sampun jangkep

tumapaking adicara. Pramila sampun dumugi pethiting titi

laksana. Kula sakadang ingkang dherekaken tumapaking

adicara ndhereka mangayubagya dhumateng risang

penganten, sageda gedang manggih kamulya sarta

161

karaharjan. Sarta ngaturaken agunging panuwun

dhumateng Bapak Suharmanto, bilih kula sakdang

sampun pinitados ndherekaken lumampahing titilaksana

pawiwahan Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya.

Kalamun anggen kula nindakaken wajib wonten tuna

dungkaping atur miwah olah bawa, cicir cewet adamel

kuciwa, keparengga paduka ingkang hamengku karsa

miwah para tamu paring pangsaksama. Nuwun.

2. Purwa, madya, wus dumugi pungkasaning adicara. Kula

sakadang saking Vidi Wedding organizer ingkang

ndherekaken adicara ndherek mangayubagya dhumateng

risang penganten sarimbit, ssageda nggayuh gesang

ingkang atut runtut rerentengan ngantos kaken-kaken

ninen-ninen kadya mimi hanimtuna. Kula ugi ngaturaken

panuwun rehning sampun pinitados ndherekaken gatining

laksana pawiwahan sri pangaten. Kalamun wonten

kalepatan, kirang pana ing pandhapuking basa, kirang

wikan ing pangandikan, kirang runtut pangrakiting ukara,

sayuk karya wulung wido mangsa rowang sayektine wit

saking bodho kawula, pungkasaning atur sedhah siti boga

kang binuntel roning kalapa apuranta yen wonten lepat

kawula. Nuwun.

3. Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning

gati. Kula sakadang ingkang ndherekaken gatining

laksana, dherek mangayubagya risang penganten mugi

saged nggayuh gesang ingkang mula kebak ing

kabgayan, ndhapuk kulawarga ingkang sakinah

mawaddah warahmah. Bokmenawi anggen kula ngracik

saha mranata laksitaning adicara wonten ingkang cicir

162

cewet adamel kuwica, mugi bapak Suharmanto

sakulawangsa miwah para tamu kersa ngluberaken sih

samodraning aksama. Sugeng kondur, pungkasaning atur

mangga samya hasesanti jaya-jaya wijayanti, nirbaya,

nirwikara, nir ing sambekala. Nuwun.

4. Titi tamat gatining panganggit tumapaking agti adicara

pawiwahan Dyah Ayu Retnawati kalyan bagus Sulistya.

Mugi saged ndhapuk kulawarga ingkang bagya mulya,

hayem tentrem, runtang-runtung rerentengan kadya

mimi hamintuna. Kula ngaturaken gunging panuwun

dhumateng kulawarga ingkang sampun midatos

dhumateng kula kinen ndherekaken tumapaking gati,

kalamun wonten cicir cewet kuciwaning atur, kirang trep

mapanaken subasita miwah tata krama, mugya para

rawuh kersa nguleberaken tirtaning kawicaksanan.

Pungkasaning atur jenang sela, sela kang pindha ancala,

apuranta cinandhi salama-lama. Nuwun.

F. “RUMPAKAN” PANGGIH PENGANTEN

NYAYOGYAKARTA

Para rawuh ingkang kinormatan, kawuningana bilih adicara

panggih sri penganten sarimbit badhe kawiwitan. Pramila

dhumateng para tamu kasuwun jumeneng, minangka

pakurmatan dhumateng panggihing sri penganten.

163

Sampun dhumawahing ing kodrat, dhasar karekat sampun

binerkat, mring Gusti kang Murbengrat, ana titahing Gusti

jalu tanapi wanita, dhaup palakrama arsa pinanggiya ing

wiwaraning sasana wiwaha. Sinawung ing sekar

asmaradana, juru ampil pisang sanggan sigra mangarsa

hangaturaken pisang sanggan ing ngarsanipun Ibu……….

Gegarane wong akrami

Dudu bandha dudu rupa

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yeng angel-engel kalangkung

Tan kena tinumbas harta

Pengantin Paes Ageng Yogyakarta

“Kula ngaturaken pisang sanggan minangka panebusing

penganten putri.”

“Sampun kula tampi kanthi jangkep, adicara panggih tumuli

badhe katindakaken”

Ladrang penganten hambiwadha upacara panggih

164

--------gendhing ladrang penganten) --------------

Kawuryan saking mandrawa risang abagus miwah ahayu

sampun lumaksana tumuju ing papan kang piniji minangka

sasana nggenira arsa pinanggya. Alon-alon anggenira

lumaksana, kinanthi mring para wredha.

Penganten kakung sampun napakaken pada. Tindakira

kapurwakan juru ampil sekar kembar mayang ingkang

kahasta dwisesepuh putri. Alon-alon sigra lumaksana

tumuhu papanira panggih, hanenggih pangudi gambuhing

penggalih. Penggalihnya sri atmaja penganten kakung

menapa dene penganti putri.

Kawuryan risang penganten putri kinanthi para wredha

tumuju ing sasana panggih. Tanprabeda kaliyan sri atmaja

penganten kakung, ingkang mangarsani nun inggih juru

ampil sekar kembar mayang. Juru ampil sekar kembar

dwisesepuh putri.

Sekar kembar mayang kinarya pralambang dulur papat lima

pancer, kakang kawah, adhi ari-ari, rah, sungsum, pancere

sri penganten. Ugi kinarya pralambanging kalanggengan,

hamrih sri penganten ingkang nambut guna talining akrami

lestari tumekeng wuri, jumbuh gambuh kang ginayuh kadya

kekudanganira para pisepuh.

Sesepuh panganthining sekar kembar mayang cacah catur

pinanggya, tumuli sesarengan marepegi jumeneningira

risang penganten kakung. Bahu kanan lan kering risang

penganten kakung sigra kinepyok kembar mayang, parasing

165

sedya amrih tinebihaken ing tulah sarik miwah bendu

panyendu.

Saya caket nenggira lumaksana penganten sarimbit,

kekalihnya samya apagut tinggal, datan saranta risang

ahayu murwakani ambalang gantal. Gumantya risang

abagus ngimbangi karsaning risang ahayu. Gantal dumadi

saking sedhah kang lininting tinangsulan lawe seta. Sedhah

kaya lumah lawan kurebe, dinulu beda rupane, gineget

tunggal rasane. Sandyan sajuga mijil priya, sajuga mijil

wanita, kalamun sampun tinangsulan tresna suci, pinesthi

dadi jatukramane.

Laju hanjengku risang penganten putri mijiki samparaning

ingkang garwa kanthi toya perwita kang sinebat ranupada.

Ranu nun inggih warih, her, utawi toya. Pada nun inggih

samparan. Karekating manah amrih ilang salwiring sukreta,

kalis saking sambekala.

Paripurna anggenira mijiki samparaning kang raka, jinunjung

lenggah risang ahayu dening risang abagus. Kekalihnya

samya aben ajeng, tumuli Ibu ......................... nun inggih

sang juru sumbaga, meteg antiga ing palarabaning risang

penganten sarimbit, pinecah antiga minangka

pralambanging bibit kawit, hamiji dadi muga gya pinaringan

putra kinarya rerengganing kulawarga.

Kawuryan risang penganten sampun jumeneng jajar arsa

lumaksana tumuju ing sasana rinengga nun inggih sasana

pinajang.Lamun ginandha ing wardaya kadya puspwarnane

sri penganten.

----gendhing puspawarna----

166

Gandheng renteng-renteng nggenira lumaksana penganten

sarimbit. Dhasar kawit timur wus ginunggung-gunggung

mring edi luhuring budaya marma anggenira lumaksana,

tumapaking pada nut wiramaning gendhing. Tumungkul

wedanane, madhep mantep pamulate, suka pratandha bilih

penganten sarimbit sampun saeka praya ing sedya saeka

kapti ing pakarti, kanthi manunggal ing rasa, cipta, miwah

karasane, sarwi asesanti rumangsa handarbeni, melu

hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani.

Sinten ta ingkang mangarsani lampah, nenggih patah

sakembaran, kembar busanane, kembar dedeg piadege,

kembar kasulistiyane. Sanadyan ta maksih timur, dereng

pedhot nggeget sedhah, parandene kalamun ing dewasane

kawuryan kasulistiyane kang bakal gawe gawoking para

jejaka kang samya humiyat. Sawuntatnya risang penganten

nenggih ingkang rama miwah ingkang ibu, nenggih rama ibu

............................ Kanthi sesanti tutwuri handayani, ingkang

rama miwah ingkang ibu sampun jumurung ing karsa, mring

karekating putra anggenira palakrama arsa mangun bale

wisma. Tutwuri handayani, tansah suka pepuji mring

ngarsaning Gusti, amrih ingkang putra sarimbit, anggenipun

mengku bale griya, tulus raharja, gesang mulya lan minulya.

Risang penganten sarimbit sampun lenggah ing sasana

rinengga. Kepareng para tamu lenggah wonten sasana

sakawit, matur nuwun awit sampun suka pakurmatan

dhumateng panggihing penganten sarimbit. Tumuli badhe

katindakaken adicara adat.

167

Adicara adat tampa kaya, wus jumeneng risang abagus

ngasta pirantining tampa kaya. Sri atmaja penganten kakung

badhe maringaken kaya dhumateng Sri atmaja penganten

putri. Kacang kawak, dhele kawak, wong liya dadia sanak,

wong adoh dadio cedhak, . Guna tampa kaya, kacang kawak

dhele kawak, arta minangka pralambang tanggel jawabing

priya dhumateng garwa. Risang abagus wus sumadhiya

angupaya sandhang miwah boga mrih kacekapaning

kulawarga. Satemah kulawarga datan kacingkrangan, sukur

bage pinaringan kasugihan. Tampa kaya tinampi dening

risang penganten putri datan wenten ingkang marebel

mratandhani penganten putri badhe dados wanodya kang

gemi, nastiti, surti lan ngati-ati.

Asiling guna tampa kaya, arsa katitipaken dhumateng

ingkang ibu, nun inggih .............. satunggaling

wanodyagung ingkang pinitados mring risang penganten

sarimbit kinen rumeksa asiling guna tampa kaya.

Paripurna sowan ingkang ibu, penganten sarimbit wangsul

wonten ing sasana sakawit, arsa nindakaken dhahar klimah.

Risang abagus ngepel-ngepel sekul jenar lawuhe ati antep.

Sekul kinarya pralambang kamirahaning boga, jenar

pralambang kajayang sarta kawibawan. Muga sri penganten

pinaringan murah boga, murah sandhang, pinaringan gesal

jaya wijayanti kebak ing kamulyan, sarta kasinungan

kawibawan luhur. Kalamun taksih wujud wos, kumepyur,

parandene ingolah sarta kinepel dening penganten kakung

manunggal dadya sawiji. Pratandhane risang penganten

manunggalaken gumolonging tekad denira arsa hambangun

brayat. Setunggal baka setunggal, sekul kang kinepel risang

168

abagus kadhahar risang ahayu sarwi lawuh ati antep.

Lawuhe ati antep pratandha wus mantep sajroing ati pinestgi

dadi jodhone, pinesthi dadi jatukramane.

Ngunjuk toya wening, linambaran weninging manah, sri

atmaja penganten necep maduning hasmaragama, muga

enggal pinaringan putra kang bisa nyambung sarasilahing

kulawarga, atmaja kang talining brayat.

Paripurna risang penganten ngunjuk toya wening, arsa

katindakaken adicara sungkeman, kapurwakan

Bapak/Ibu ...................... arsa mapag risang besan.

Sampun mandhap saking sasana piniji

Bapak/Ibu ........................ wengkuning sedya hamung

tumuju ing wiwaraning sasana wiwaha, nenggih mapag

ingkang besan Bapak/Ibu ................... Rerentengan

anggenira lumaksana, esem tansah sinungging ing lathi

mratandhani kalamun sukeng driya bombong ing wardaya.

Pinapag risang besan, sampun pinanggiya, sarwa-sarwi

ajejawat asta, mangayubagya rawuhipun ingkang besan

sarimbit. Paripurna anggenira bage-binage, risang besan

enggal kadherekaken tumuju ing sasana pinajang. Para ibu

ingkang mangarsani lampah, dene bapak ingkang tutwuri.

Menika suka pratandha bilih priya kedah junjung drajating

wanodya, jumurung ing karsaning wanita ingkang lumampah

ing marganing kamulyan.

Anggenira lumaksana, satindak tumoleh manganan, sapecak

tumoleh mangiring, esthine driya mung suka penget

dhumateng para kawula dasih kaswasih, enget mring

jatining panembah ing ngarsaning Gusti, nggenira tumitah

169

ing jagad raya, sarta kadya asung pambagya mring

rawuhing para tamu kang minulya.

Prapta ing sasana mulya, risang besan kadherekaken

lenggah wonten ing sasana ering kiwa. Uninga risang besan

sampun lenggah satata, Bapak/Ibu ........................ wangsul

wonten ing sasana palenggahan sakawit, ing kananing

risang penganten. Risang penganten arsa anguswa

pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu, nyuwun puji

pangestu amrih widodo uripe, tansah manunggal jiwane sri

penganten.

----gendhing ktw. Tunggal jiwa------------

Sampun jengkar saking dhampar risang penganten sarimbit.

Parasing sedya hamung arsa anguswa pepadaning ingkang

rama miwah ingkang ibu. Repepeh-repepeh hangeka pada

anggenira ngabyantara ing ngarsaning ingkang rama miwah

ingkang ibu. Tangkebing asta risang penganten sarwa

sumembah, sumungkem ing jengku ering kanan. Esthining

manah risang penganten hamung nyenyadhong puji

pangestu, donga pangastawa, amrih gesangipun manggih

mulya lan minulya. Sri hatmaja penganten ngaturaken

sungkem pangabekti, nyuwun agunging pangaksama sedaya

kalepatan, miwah nyadhong sih pamuji rahayu mrih

rahayuning hanggenira palakrami.

Kawuwusa tatkala sinungkeman pepadane, ingkang rama

kadya sinendhal mayang batine. Raos bagya mulya trenyuh

manunggal sajroning nala. Satemah datan kuwawa

hambabar wicara, ingelus-elus pamidhangane, winir-wiwir

rikmane risang penganten. Namung ing batos hangsthi

170

panguwasaning Gusti, lamun kakabar ing lisan, ingkang

Bapak mesi wasita adi, “Dhuh Ngger putraku sakloron,

daktampa sungkem pangabektimu, dakapura kaluputanmu,

dan puji mring ngarsaning Gusti muga-muga mulya uripmu.

Lelungse dakbebakali, Ngger, jaya-jaya wiyanti, tansah

kaparingan sihing Gusti.”

Hayem tentrem ing pepadaningkang rama miwah ingkang

ibu, mahanani risang penganten eling marang purwa

duksina. Eling marang purwane, rama kang wis kuwagang

hangukir jiwa ragane, eling marang kang ibu, kang wis

minangka sasana yoga brata nawa candra dasa ari suwene.

Eling marang ingkang rama miwah ingkang ibu, kang wis

nggulawenthah wiwit timur nganti dewasane, ing ri

kalenggahan menika dhaup palakrama arsa mengku bale

wisma. Nun inggih awit wiwit timur risang penganten

sampun anggung-ginunggung pepoyaning kautamen,

penganten sarimbit dereng saged males budi luhuripun

ingkang rama miwah ingkang ibu, mila ing titi wanci menika

kasdu anguswa pepadaning ingkang rama miwah ingkang

ibu.

Paripurna anggenira sumungkem ing pepadaning rama-ibu,

penganten sarimbit wangsul lenggah wonten ing sasana

pinajang, nun inggih sasana rinengga.

171