PRANATA ADICARA Syawalan.docx

5
PRANATA ADICARA Dening Karlina Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh Alkhamdulillahirobil’alamin washolatu wassalamu ‘ala asrofil ambyai warmursalin syaidina muhammaddin wa’ala alihi wasohbihi ajma’in amabagdu. Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Alloh ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh ingkang minulya. Matur nuwun, para pepundhen, sesepuh saha pinisepuh ingkang dhahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang sinudarsana. Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kadang sepuh wiranem, para rawuh kakung sumawono putri ingkang sinuba ing pakurmatan. Minangkani pamundhutipun panawung krida Syawalan warga dhusun Jodog RT 05/06 kula piniji pranatacara, supadhos ndherekaken lampahing adicara ing rikalenggahan menika. Langkung rumiyin, kula ngaturaken puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah, dene kula lan panjenengan saged kempal wonten ing adicara rikalenggahan menika kanthi manggih karaharjan. Para rawuh, saklajengipun kula ngaturaken kasugengan awit saking rawuh panjenengan sedaya. Sumangga keparenga lenggah kanthi mardikaning penggalih, ngantos dumugi purnaning adicara. Sampun ndungkap titi laksana purwaning gati, keparenga atur uninga menggah reroncening adicara : Adicara ingkang angka sepisan, Pambuka Adicara ingkang angka kalih waosan kitab suci Al Quran

Transcript of PRANATA ADICARA Syawalan.docx

Page 1: PRANATA ADICARA Syawalan.docx

PRANATA ADICARA

Dening Karlina

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh

Alkhamdulillahirobil’alamin washolatu wassalamu ‘ala asrofil ambyai warmursalin syaidina

muhammaddin wa’ala alihi wasohbihi ajma’in amabagdu.

Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Alloh ingkang Maha Asih,

mugi tansah kajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh ingkang minulya.

Matur nuwun, para pepundhen, sesepuh saha pinisepuh ingkang dhahat kinabekten.

Para pangembating praja ingkang sinudarsana. Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kadang sepuh

wiranem, para rawuh kakung sumawono putri ingkang sinuba ing pakurmatan.

Minangkani pamundhutipun panawung krida Syawalan warga dhusun Jodog RT 05/06

kula piniji pranatacara, supadhos ndherekaken lampahing adicara ing rikalenggahan menika.

Langkung rumiyin, kula ngaturaken puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah, dene kula

lan panjenengan saged kempal wonten ing adicara rikalenggahan menika kanthi manggih

karaharjan.

Para rawuh, saklajengipun kula ngaturaken kasugengan awit saking rawuh

panjenengan sedaya. Sumangga keparenga lenggah kanthi mardikaning penggalih, ngantos

dumugi purnaning adicara.

Sampun ndungkap titi laksana purwaning gati, keparenga atur uninga menggah

reroncening adicara :

Adicara ingkang angka sepisan, Pambuka Adicara ingkang angka kalih waosan kitab suci Al Quran Dene ingkang angka tiga inggih menika atur pambagya harja : saking panawung krida Adicara ingkang angka sekawan, pratignya Syawalan :1. Pratignya Syawalan saking para wiranem 2. Panampining pratignya Syawalan dening para pinisepuh Adicara ingkang angka gangsal, Waosan kalimah toyibah Adicara ingkang angka enem, inggih menika sumeneTataran adicara ingkang angka pitu, inggih menika hikmah SyawalanAdicara ingkang angka wolu utawi pungkasan inggih menika panutup

Mekaten para rawuh ingkang minulya, rantamaning adicara ing rikalenggahan menika.

Minangka pratanda pambukaning adicara, sumangga kula dherekaken sesarengan

manungku puja puji konjuk ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, miturut agaminipun

piyambak-piyambak. Sumangga ingkang ngrasuk agami Islam kula dhereaken maos

Basmallah, “Bismillahirrohmanirrohiim”. Matur nuwun.

Page 2: PRANATA ADICARA Syawalan.docx

Para lenggah, adicara ingkang angka kalih inggih menika waosan kitab suci Al Quran

ingkang dipunslirani sederek __________________ Dhumateng sederek

__________________ kula sumanggakaken.

Matur nuwun dhumateng sederek ________________, mugi-mugi amal panjenengan

pikantuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT. Mekaten ugi tumrap ingkang

midhangetaken, mugi-mugi Allah kepareng ngluberaken Rahmatipun.

Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, ndungkap

adicara ingkang angka tiga inggih menika atur pambagya saking panawung krida ingkang

badhe dipunslirani dening sederek __________________

Dhumateng sederek ___________________ kula sumanggakaken.

Mekaten para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, tanggap sabda saking panawung krida.

Saklajengipun, adicara ingka angka sekawan inggih menika pratignya Syawalan saking para

wiranem, ingkang badhe dipunslirani dening sederek ______________________ dhumateng

sederek ___________________________ kula sumanggakaken.

Matur nuwun dhumateng sederek ______________________, minangka sulih para mudha.

Saklajengipun panampining pratignya Syawalan saking para wiranem dening para

pinisepuh. Dhumateng panjenenganipun Bpk..___________________________ kula

sumanggakaken.

Terang trewaca wijiling sabda saking panjenenganipun

Bpk..__________________________ nampi saha nanggapi pratignya Syawalan ingkang

sampun kasebat ing ngajeng. Dhumateng panjenenganipun Bpk._______________________

kula aturaken sanget agunging panuwun.

Para rawuh ingkang minulya, ndungkap adicara ingkang angka gangsal inggih menika waosan

kalimah toyibah. Dhumateng panjenenganipun Bpk.____________________ kula

sumanggakaken.

Dhumateng Panjenengaipun Bpk_______________________ kula aturaken agunging

panuwun.

Ndungkap adicara saklajenginpun inggih menika Sumene, dhumateng para rawuh,

sumangga keparenga lenggah kanthi mardikaning penggalih.

Bpk-bpk, ibu-ibu, saha para rawuh ingkang minulya, pasugatan ingkang katur wonten

ngarsa panjenengan menika, minangka cihnaning raos syukuripun panawung krida, dene

saged kasembadan ing sedya, ngawontenaken adicara ing wekdal menika. Inggih nadyan

sarwa sarwi prasaja, sumangga keparenga tumunten angrahapi kanthi sakprayoginipun.

Nuwun para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, keparenga sumela atur, mboten

hangirangi kamardikan panjenengan sedaya, awit tumunten badhe katur sambeting adicara.

Page 3: PRANATA ADICARA Syawalan.docx

Jumbuh kaliyan urut reroncening adicara ingkang sampun katur ing ngajeng, adicara

saklajengipun inggih menika Hikmah Syawalan, ingkang badhe dipunwedharaken dening

panjeneganipun Bpk._____________________________ dhumateng panjeneganipun

Bpk.________________________ kula sumanggakaken.

Mekaten para rawuh hikmah syawalan saking panjenenganipun

Bpk.______________________, mugi-mugi sageda andayani tambahing seserepan saha

kathah migunani paedahipun tumrap kula lan panjengan sedaya. Dhumateng

Bpk.__________________________ kula aturaken sanget agunging panuwun.

Para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih

menika panutup.

Sumangga pepanggihan wekdal menika kita pungkasi sesarengan kanthi atur panuwun

dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, dene adicara syawalan

rikalenggahan menika saking purwa, madya, dumugi wasana, saged kalaksanan kanthi raharja

tebih saking sambekala.

Donga puji syukur, kula sumanggakaken miturut agami piyambak-piyambak. Sumangga

ingkang ngrasuk agami Islam kula derekaken maos Hamdallah

“Alkhamdulillahirobill’alamiin”

Matur nuwun

Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang mboten

ndadosaken renaning penggalih, kabekta dening cupeting seserepan ing reh subasita, basa

tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing pangatsami.

Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Matur nuwun.

Wassamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh.