PRANATA ADICARA
Dening Karlina
Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh
Alkhamdulillahirobil’alamin washolatu wassalamu ‘ala asrofil ambyai warmursalin syaidina
muhammaddin wa’ala alihi wasohbihi ajma’in amabagdu.
Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Alloh ingkang Maha Asih,
mugi tansah kajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh ingkang minulya.
Matur nuwun, para pepundhen, sesepuh saha pinisepuh ingkang dhahat kinabekten.
Para pangembating praja ingkang sinudarsana. Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kadang sepuh
wiranem, para rawuh kakung sumawono putri ingkang sinuba ing pakurmatan.
Minangkani pamundhutipun panawung krida Syawalan warga dhusun Jodog RT 05/06
kula piniji pranatacara, supadhos ndherekaken lampahing adicara ing rikalenggahan menika.
Langkung rumiyin, kula ngaturaken puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah, dene kula
lan panjenengan saged kempal wonten ing adicara rikalenggahan menika kanthi manggih
karaharjan.
Para rawuh, saklajengipun kula ngaturaken kasugengan awit saking rawuh
panjenengan sedaya. Sumangga keparenga lenggah kanthi mardikaning penggalih, ngantos
dumugi purnaning adicara.
Sampun ndungkap titi laksana purwaning gati, keparenga atur uninga menggah
reroncening adicara :
Adicara ingkang angka sepisan, Pambuka Adicara ingkang angka kalih waosan kitab suci Al Quran Dene ingkang angka tiga inggih menika atur pambagya harja : saking panawung krida Adicara ingkang angka sekawan, pratignya Syawalan :1. Pratignya Syawalan saking para wiranem 2. Panampining pratignya Syawalan dening para pinisepuh Adicara ingkang angka gangsal, Waosan kalimah toyibah Adicara ingkang angka enem, inggih menika sumeneTataran adicara ingkang angka pitu, inggih menika hikmah SyawalanAdicara ingkang angka wolu utawi pungkasan inggih menika panutup
Mekaten para rawuh ingkang minulya, rantamaning adicara ing rikalenggahan menika.
Minangka pratanda pambukaning adicara, sumangga kula dherekaken sesarengan
manungku puja puji konjuk ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, miturut agaminipun
piyambak-piyambak. Sumangga ingkang ngrasuk agami Islam kula dhereaken maos
Basmallah, “Bismillahirrohmanirrohiim”. Matur nuwun.
Para lenggah, adicara ingkang angka kalih inggih menika waosan kitab suci Al Quran
ingkang dipunslirani sederek __________________ Dhumateng sederek
__________________ kula sumanggakaken.
Matur nuwun dhumateng sederek ________________, mugi-mugi amal panjenengan
pikantuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT. Mekaten ugi tumrap ingkang
midhangetaken, mugi-mugi Allah kepareng ngluberaken Rahmatipun.
Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, ndungkap
adicara ingkang angka tiga inggih menika atur pambagya saking panawung krida ingkang
badhe dipunslirani dening sederek __________________
Dhumateng sederek ___________________ kula sumanggakaken.
Mekaten para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, tanggap sabda saking panawung krida.
Saklajengipun, adicara ingka angka sekawan inggih menika pratignya Syawalan saking para
wiranem, ingkang badhe dipunslirani dening sederek ______________________ dhumateng
sederek ___________________________ kula sumanggakaken.
Matur nuwun dhumateng sederek ______________________, minangka sulih para mudha.
Saklajengipun panampining pratignya Syawalan saking para wiranem dening para
pinisepuh. Dhumateng panjenenganipun Bpk..___________________________ kula
sumanggakaken.
Terang trewaca wijiling sabda saking panjenenganipun
Bpk..__________________________ nampi saha nanggapi pratignya Syawalan ingkang
sampun kasebat ing ngajeng. Dhumateng panjenenganipun Bpk._______________________
kula aturaken sanget agunging panuwun.
Para rawuh ingkang minulya, ndungkap adicara ingkang angka gangsal inggih menika waosan
kalimah toyibah. Dhumateng panjenenganipun Bpk.____________________ kula
sumanggakaken.
Dhumateng Panjenengaipun Bpk_______________________ kula aturaken agunging
panuwun.
Ndungkap adicara saklajenginpun inggih menika Sumene, dhumateng para rawuh,
sumangga keparenga lenggah kanthi mardikaning penggalih.
Bpk-bpk, ibu-ibu, saha para rawuh ingkang minulya, pasugatan ingkang katur wonten
ngarsa panjenengan menika, minangka cihnaning raos syukuripun panawung krida, dene
saged kasembadan ing sedya, ngawontenaken adicara ing wekdal menika. Inggih nadyan
sarwa sarwi prasaja, sumangga keparenga tumunten angrahapi kanthi sakprayoginipun.
Nuwun para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, keparenga sumela atur, mboten
hangirangi kamardikan panjenengan sedaya, awit tumunten badhe katur sambeting adicara.
Jumbuh kaliyan urut reroncening adicara ingkang sampun katur ing ngajeng, adicara
saklajengipun inggih menika Hikmah Syawalan, ingkang badhe dipunwedharaken dening
panjeneganipun Bpk._____________________________ dhumateng panjeneganipun
Bpk.________________________ kula sumanggakaken.
Mekaten para rawuh hikmah syawalan saking panjenenganipun
Bpk.______________________, mugi-mugi sageda andayani tambahing seserepan saha
kathah migunani paedahipun tumrap kula lan panjengan sedaya. Dhumateng
Bpk.__________________________ kula aturaken sanget agunging panuwun.
Para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih
menika panutup.
Sumangga pepanggihan wekdal menika kita pungkasi sesarengan kanthi atur panuwun
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, dene adicara syawalan
rikalenggahan menika saking purwa, madya, dumugi wasana, saged kalaksanan kanthi raharja
tebih saking sambekala.
Donga puji syukur, kula sumanggakaken miturut agami piyambak-piyambak. Sumangga
ingkang ngrasuk agami Islam kula derekaken maos Hamdallah
“Alkhamdulillahirobill’alamiin”
Matur nuwun
Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang mboten
ndadosaken renaning penggalih, kabekta dening cupeting seserepan ing reh subasita, basa
tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing pangatsami.
Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Matur nuwun.
Wassamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh.