Pidato Banyumasan.docx

2
LOMBA PIDATO BAHASA JAWA DIALEK BANYUMAS DENGAN JUDUL KULTUM KEKUATAN DNONGA LAN DZIKIR NENG KEURIPAN SABEN DINA KANGGO MBENTUK KARAKTER INSAN MULIA OLEH : Drs.WIHARYONO,M.Si Assalamu”alaikum wr wb Menurut Bhasyarat Ali ahli Filsafat lan Sosiolog Berebangsaan Persi Njelasna nek dzkir yakue ngemut Allah SWT sewektu wektu lan kapan bae nangendi bae ,apik jero keadaane sehat utawa lara , seneng utawa susah , longgar utawa sesek .kudune dewek tetep ngemut gusti allah SWT . Dzikir ngemut gusti allah dilakoni jero ati , karo ngomong dewek nek ora karo ngamal pegaweane dewek nggo umat muslim sing beriman. Dzikir yaue lantunan ndonga sebuah harapan karo ungkapan rasa syukur maring sing maha pencipta , maha kuasa . ndonga karo wujud kekurangane dewek nangarep sang pencipta ben dewek ulih limpahan rizki sing halal ,kesehatan, kekuatan, karo kesabaran njalani urip karo ulih rahmat lindungan seang celaka utawa ganguan sing kurang nyenengna. Nek ndongaana wektu-wektu sing ulih ijab kang Alloh SWT yaitu diwaktu adzan di kumandangkan, wektu tes sholat nek udan gede, dong nang ndalan, wektu lagi nahan lara sing luar biasa wektu nglairna , dong dewek teraniaya, keampuhan ndonga banget ora patut manfaate utawa faedahnya. Aben dina dewek ngucapna donga karo dzikir , nikmat waras sing ora ana batese, nikmat iman karo rasa damai, nek dzikir takmid biasa dwek lantunkan kanggo ungkapan rasa kesuwun dewek maring Alloh SWT kudu niscaya arep bentuk karakter kedamaian kebek welas asih utawa sikap social serta karakter lembah manah andap asor dewek kanggo insane beriman , adoh kang sikap sing kurang

Transcript of Pidato Banyumasan.docx

Page 1: Pidato Banyumasan.docx

LOMBA PIDATO BAHASA JAWA DIALEK BANYUMAS

DENGAN JUDUL KULTUM

KEKUATAN DNONGA LAN DZIKIR NENG KEURIPAN SABEN DINA

KANGGO MBENTUK KARAKTER INSAN MULIA

OLEH : Drs.WIHARYONO,M.Si

Assalamu”alaikum wr wb

Menurut Bhasyarat Ali ahli Filsafat lan Sosiolog Berebangsaan Persi Njelasna nek dzkir yakue ngemut Allah SWT sewektu wektu lan kapan bae nangendi bae ,apik jero keadaane sehat utawa lara , seneng utawa susah , longgar utawa sesek .kudune dewek tetep ngemut gusti allah SWT . Dzikir ngemut gusti allah dilakoni jero ati , karo ngomong dewek nek ora karo ngamal pegaweane dewek nggo umat muslim sing beriman. Dzikir yaue lantunan ndonga sebuah harapan karo ungkapan rasa syukur maring sing maha pencipta , maha kuasa . ndonga karo wujud kekurangane dewek nangarep sang pencipta ben dewek ulih limpahan rizki sing halal ,kesehatan, kekuatan, karo kesabaran njalani urip karo ulih rahmat lindungan seang celaka utawa ganguan sing kurang nyenengna.

Nek ndongaana wektu-wektu sing ulih ijab kang Alloh SWT yaitu diwaktu adzan di kumandangkan, wektu tes sholat nek udan gede, dong nang ndalan, wektu lagi nahan lara sing luar biasa wektu nglairna , dong dewek teraniaya, keampuhan ndonga banget ora patut manfaate utawa faedahnya.

Aben dina dewek ngucapna donga karo dzikir , nikmat waras sing ora ana batese, nikmat iman karo rasa damai, nek dzikir takmid biasa dwek lantunkan kanggo ungkapan rasa kesuwun dewek maring Alloh SWT kudu niscaya arep bentuk karakter kedamaian kebek welas asih utawa sikap social serta karakter lembah manah andap asor dewek kanggo insane beriman , adoh kang sikap sing kurang diarepna, Alloh Akbar, Alloh Maha Besar ndadekna omongan keangungan Alloh atas anugerah keberasilan dewek ulih sesuatu, nglatih nek dewek ora ana daya kekuatan apabae kejaba pitulungan Alloh dadine arep bentuk siap seneng kerja bareng , gotong royong , mbantu- mbantu. Laa ilaaaha ilallah, ora ana Tuhan liane Alloh.. omongan dzikir karo doa kiye meng esakan Alloh nek Alloh siji-sijine Tuhan sing ora nana Sekutu, ( tauhid Uluhiyyah ) sing wajib dewek ibadah / sembah ( Tauhid Ubudiyah ) karo siji-sijine tuhan sing dewek yakini kebutuhane urip dewek yakue limpahan rizki sekang gusti alloh ( Tauhid Rubbubiyah ) . nek dewek terbiasa ngucapna lafal tahlil maka arep mbentuk karekter lembah manah utawa tawadhu , ora sombang ora pesimis karo keuripane lan ndadikna dewek teguh ati, ora kepenak di goyahna .

Page 2: Pidato Banyumasan.docx

Karo ndonga lan zikir mbentuk sikap dewek dadi wong sing sering mikir hal-hal sing apik, lembah manah, ora kemlithak , kerja bareng , optimis , seneng mbantu , teguh atine lan esih akeh mening, nek dewek nduwe sikap positif kue, arep nekakna kebahagiaan/kesehatan sing luar biasa meng dewek. Semene bae , wassalamu”alaikum wr wb.

Kalibagor Purwokerto,1 april 2014,

Peserta lomba pidato bahasa jawa dialek banyumas dalm rangka hari jadi kab banyumas:

Drs.WIHARYONO,M.SI (SEKCAM KALIBAGOR KAB BANYUMAS JAWA TENGAH)