Pengetan Maulud Nabi Muhammad S

2
Pengetan Maulud Nabi Muhammad S.A.W Assalamu’alaiku Warakhmatullahi Wabarakatuh Ingkang kula hormati bapak lurah utawi ingkang mewakili, bapak RT/RW minangka sesepuh, sarta bapak-bapak ibu-ibu kaum muslimin kalihan muslimat sedaya. Puji syukur mugi kunjuk dumateng Allah S.W.T ingkang sampun maringi kita kasempatan saengga kita saged makempal wonten acara menika. Sholawat sarta salam kita aturaken dumateng Nabi Muhammad S.A.W, keluarga, sahabat, mugi-mugi lumeber dumateng kita sedaya minangka pengikut Nabi Muhammad Saben taun, kita mengeti lahiripun nabi kita, Nabi Muhammad S.A.W. nabi Muhammad lahir wonten tahun gajah tanggal 12 Rabiul Awal. Lahir saking Ibu Aminah Bapakipun Abdullah ingkang sampun seda rikala Nabi Muhammad Lahir. Nabi Muhammad dipun mong simbahipun ingkang asma Abdul Muthalib lan paklikipun Abu Thalib. Nabi Muhammad nggadahi sifat ingkang sae. Inggih menika sidiq, amanah, fatonah, tabligh. Ingkang sedaya wau saged kita conto. Kita minangka umatipun kedah saged nderek ajaranipun Nabi Muhammad S.A.W. karana, sedaya piwucalipun tamtu leres. Kula nggadahi pangajab. Kanthi kita asring nganaaken pengetan punika, kita saged nderek ajaranipun Nabi Muhammad.

description

Memperingati Maulid nabi Muhammad

Transcript of Pengetan Maulud Nabi Muhammad S

Pengetan Maulud Nabi Muhammad S.A.W

Assalamualaiku Warakhmatullahi WabarakatuhIngkang kula hormati bapak lurah utawi ingkang mewakili, bapak RT/RW minangka sesepuh, sarta bapak-bapak ibu-ibu kaum muslimin kalihan muslimat sedaya.

Puji syukur mugi kunjuk dumateng Allah S.W.T ingkang sampun maringi kita kasempatan saengga kita saged makempal wonten acara menika. Sholawat sarta salam kita aturaken dumateng Nabi Muhammad S.A.W, keluarga, sahabat, mugi-mugi lumeber dumateng kita sedaya minangka pengikut Nabi Muhammad

Saben taun, kita mengeti lahiripun nabi kita, Nabi Muhammad S.A.W. nabi Muhammad lahir wonten tahun gajah tanggal 12 Rabiul Awal. Lahir saking Ibu Aminah Bapakipun Abdullah ingkang sampun seda rikala Nabi Muhammad Lahir. Nabi Muhammad dipun mong simbahipun ingkang asma Abdul Muthalib lan paklikipun Abu Thalib.

Nabi Muhammad nggadahi sifat ingkang sae. Inggih menika sidiq, amanah, fatonah, tabligh. Ingkang sedaya wau saged kita conto. Kita minangka umatipun kedah saged nderek ajaranipun Nabi Muhammad S.A.W. karana, sedaya piwucalipun tamtu leres.

Kula nggadahi pangajab. Kanthi kita asring nganaaken pengetan punika, kita saged nderek ajaranipun Nabi Muhammad. Ajaranipun Nabi Muhammad saged kita conto wonten gesang kita sedaya.

Cekap semanten atur kula. Mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih bapak lan ibusedaya, kula nyuwun pangapunten ingkang kathah.

Wassalamualaikum Warakhmatullahi Wabarakatuh