Manten Putri

3
Manten Putri Binarung suwaraning pradonggo munyo angranging. Ono gondho arum angambar angebaki jruning sasono pawiwahan. Nulyo kawuryan ono tejo angenguwung mowo prabowo. Tuhu puniko tejaning pinanganten putri kusumaning ayu Novita Dyah Windasari .!" ingkang binayangkoro wijil saking tepas wangi kinanthi manjing ing pra#inorenenggo ampating busono ingkang angembo busananing prameswari noto tinon saking mandrowo" abyor mompyor pathing galebyar pathing #alorot" katempuk ing pandang kurung ingkang anggrenggani" lamun#inondro kadya kilat asesiring. $mu#ang kanginan denira lumaksono penganten putri" membat madyo lumenggang ing warih. Meloking wadono sumunu anggilar gilar kadya ken#ana binabar" sunareng netro katon andamar kanginan. Weweging pranojo singset kepathet ing ageman pindho #angkir gading piningit" yayah anjebol jebolno" mekak madyo ing minongko badaning sariro %i#ating podo katon pathing galebyar dening rerengganing #anela" ingkang tinaretes ing sesutyo nowo retno" #andrane koyo werdu anggo sosro lumaku ing wan#i dalu prateng madyaning pawiwahan kagyat kagoro kang apindo sitoresmi inggih mustikaning pawiwahan" dene uningo sanghyaning poro tamu kakung sumawono putri" wus kebak ber ambalabar angebaking jruning pawiwahan" nganti koyo andoyong doyongno pan#ak sujining bale winangun. Marmo tumanduking raos ingkang dahat tumanem ing kalbu" yayah linobong jruning wardoyo kadi kelem karoban ing memanis.

description

mp

Transcript of Manten Putri

Manten PutriBinarung suwaraning pradonggo munyo angranging. Ono gondho arum angambar angebaki jruning sasono pawiwahan. Nulyo kawuryan ono tejo angenguwung mowo prabowo. Tuhu puniko tejaning pinanganten putri kusumaning ayu Novita Dyah Windasari S.E, ingkang binayangkoro wijil saking tepas wangi kinanthi manjing ing pracinorenenggo Sampating busono ingkang angembo busananing prameswari noto tinon saking mandrowo, abyor mompyor pathing galebyar pathing calorot, katempuk ing pandang kurung ingkang anggrenggani, lamuncinondro kadya kilat asesiring. Amucang kanginan denira lumaksono penganten putri, membat madyo lumenggang ing warih. Meloking wadono sumunu anggilar gilar kadya kencana binabar, sunareng netro katon andamar kanginan.Weweging pranojo singset kepathet ing ageman pindho cangkir gading piningit, yayah anjebol jebolno, mekak madyo ing minongko badaning sariroKicating podo katon pathing galebyar dening rerengganing canela, ingkang tinaretes ing sesutyo nowo retno, candrane koyo werdu anggo sosro lumaku ing wanci dalu prateng madyaning pawiwahan kagyat kagoro kang apindo sitoresmi inggih mustikaning pawiwahan, dene uningo sanghyaning poro tamu kakung sumawono putri, wus kebak ber ambalabar angebaking jruning pawiwahan, nganti koyo andoyong doyongno pancak sujining bale winangun.Marmo tumanduking raos ingkang dahat tumanem ing kalbu, yayah linobong jruning wardoyo kadi kelem karoban ing memanis.

Manten Kakung Kumenyar mowo prabowo kentar kentar winor gondo wido. Sumirat angibar tejomoyo soyo dangu soyo cetho, soyo caket soyo malelo pranyata punika tejane penganten kakung ingkang binayangkara mijil saking wisma palereman.Mubyar mubyar busananing penganten kakung, ingkang angembo busananing noropati. Lamun kadalu katon agung, mrambu, mewah prabowo Agung ateges: kebak kaendahan kang sanyoto adiluhung Mrambu ateges : pindo jejering narendro kebaking kawibawan luhur. Mrabowo ateges : Sinung prabowo adi endah milanggoni.Dampyak dampyak ingkang samya lumaksono, angayap sang pinanganten kakung, ingkang pinaragan dening poro kadang senthono miwah warga wandanaDasar penganten kakung, anyardulo lopo tindake, riyak anggajah nggoleng, lambeyan merak kesimpir, sariro amraboto, sembodo ing griyo, tan mingkuh saliring kewuh yen to tamtomo sumbogo wirotomo prawiro jayeng palugon. Tatag, tangguh, tanggon, tanggung jawab prateng ngendon. Kalamun cinondro pindho sang narendra kang tedhak siniwoko prapteng unggyan kang tinuju, sang penganten kakung, sumawono ingkang samya umiring lampah samidine aparantunan wonten ing wiwaraning pawiwahan naliko semono anguningani eden eden kang angrenggani tataning wiworo, kang dumadi saking pradopo monco warno.

Manten PanggihLamat lamat kapiyarso, lamat lamat kapiyarso, ungeling gongso lokanantha, rarasing gongso biso muni tanpa den tinabuhi ingkang mratandani wus dumugi wahyaning maongso kolo, dumawahing kodrat saking kawasaning gusti ingkang hamurbeng dumadiNalika samono ana titahing gusti ingkang asipat jalu, tanampi wanito ingkang sumedya hanatepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya, amestuti ilo-ilo ujaring poro kino, ingkang dahat pinundi pundi.Sarta angeleluri laksito harjo, nulat edi endahing budaya luhung. Umiring sesanthi titising tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges : Budi daya saking usiking penggaleh Waondene tulus : Saliring pangesti ingkang tumuju marang kautamanSoyo caket den nyo lumaksono pinanganten putri naliko semono wus dumugi unggyan kang tinuju nulyo penganten kekalih samyo apanggut tingal.Tempuking pandulu catur netro ingkang linambaran budi luhur, sakolo wonten doyo pangaribowo ingkang ambabar karso sedyo kang dadyo sarono pambukaning roso ginaeb ingkang tumanem ing sanubari Kawistoro penganten kalih wis jajar sumanding. Semone nyoto lamun daup ira wus pinasthi dadi pasanganira, kang anggung kinudang kudang bangkit mandireng pribadi, winumbuh ing kawibawan, ler jejering narendratomo.