JOKO SARYONO Ketrampilan Basa Jawa

download JOKO SARYONO Ketrampilan Basa Jawa

of 24

Transcript of JOKO SARYONO Ketrampilan Basa Jawa

I. Ketrampilan 3. Nyemak Materi kang di semak, antarane awujud (1) cirta, (2) pawarta, (3) warawara (4) sesorah (pidhato), kotbah, (6) tembang (7) guritan, (8) parikan, (9) wangsalan, lan (10) lelagon. 4. Wicara Wicara bisa katindakake, antarane sarana (1) pidhato, (2) kotbah, (3) ceramah, (4) wawancara, (5) diskusi, lan (6) crita / ndongeng. Materi kang diwicarakake bisa awujud (1)( kadaden, (peristiwa), (2) pangalaman, (3) lelakon, (4) tokoh, lan (5) isine wacan / tembang.wangsalan/guritan. 5. Maca Maca bisa katindakake sarana (1) banter/cept, (2) batin, (3) intensif, (4) ekstensif, (5) kritis, lan (6) andah, Materi kang diwaca awujud (1) wacana narasi/deskripsi/eksposisi/argumentasi, (2) crita, (3) pariwara (ara-wara), (4) aturan/pranatan, (5) tembang guritan/wangsaan/parikan, lan (6) tata cara 6. Nulis Nulis bisa kateindakake sawise maca utawa kosok baline maca katindakake sawise nulis amarga loro-lorone pancen gegayutan. Apa sing diwaca nga bisa ditulis; dadi bisa nulis wacana narasi/deskripsi/ekspresi crita, pariwara, laang lan tembang/guritan/wangsalan/parikan. II. Kawruh Basa 3. Unggah-ungguhing Basa Jawa Unggah-unguhing basa jawa kena kaperang dadi loro, yaiku: - Ngoko : Ngoko lugu, Ngoko Aus - Krama : Krama Lugu, Krama Alus Tuladha: (1) Ngoko Lugu Aku wis mangan Tono wis turu (2) Ngoko alus (ngoko + karma inggil) Ibu wis dhahar Bapak wis sare (1) Krama Lugu Kula sampun nedha Tono sampun tilem (2) Krama alus (karma + karma inggil) Ibu sampun dhahar Bapak Sampun sare 4. Penget Krama inggil ora kena kanggo awake dhewe Tuladah:

Luput (1) Kula sampun siram (2) Putra kula gerah (3) Kula maringi Bu Guru apel (4) Ibu mundhut arta Dateng Bu Dhe

Bener Kulo sampun adus Anak kula sakit Kula nyaosi Bu Guru apel Bu Guru maringi kulo apel Ibu nyuwun arta dateng Bu Dhe Bu Dhe mundhut arta Dateng Budhe

Tembang karma inggil nyaosi lan nyuwun ibu diango deneng wong kang kalungguhane endhek (andhap) marang wong kang kalungguhane dhuwur (inggil). Dene tembung karma inggil maringi lan mundhut dianggo dening wong kang kalungguhane luwih dhuwur marang kang luwih endhek. Cak-cakane karma inggil iku mau karep klera-kleru 4. Dasanama (Sinonim) Dasanama yaiku tembung loro utawa luwih kang tegese padha utawa meh padha. Tuladha: Ibu biyung, wibi, rene Bapa yayah, rama, sudarma Anak suta sunu, siwi, putra Mata mripat, soca, metra Serah murda, mustaka, ulu Ati kalbu, diya, prana tyas, wardaya Banyu tirta, warik, her, we Gemi brama, agni, dahana Angina samirana, maruta, bayu Gunung ardi, arga, wukir, prawata Lemah bantala kisma, siti Turu nendra, guing sare 5. Tembung Saroja Tembung saroja yaiku tembung lara kang padha tegese utawa meh padha tegese dianggo bebarengan (tembung rangkap). Tuladha: Andhap asor edi peni Ewuh pakewuh suka rena Watak wantu sato kewan Kajen keringan gilir gumanti Sayuk rukun setya tuhu Salah tingkah tingkah laku Angkara murka dana driyah Mukti wibawa budi pekerti Adi luhung tepa palupi Mula buka rahayu basuki

Keterangan: Tembung saroja iku sing akeh-akeh ateges kaluwih-liwih utawa banget. Tumrap ing kawruh paramasastra, tembung saroja iku klebu tembung camboran wutuh. 6. Tembung Entar Tembung entar yaiku tembung kang ateges ora sabenere (salugune). Tuladha: Kethul atine = orang gathekan; ora pnter Cilik atine = was sumelang Lobok atine = sabar Cupet pikire = gampag nglokro Dawa tangane = seneng njupuk; elemer Tipis lambene = seneng nyatur wong Lunyu ilate = guneme mencla-mencle Entheng tangane = cengkiling Jembar segarane = sugih pangapura Abang kupinge = ewuh nepsune 7. Paribasan Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, kanthi teges entar lan ora ngemu pepindhan. Tuladha: 1. Sepi ing pamrih, rame ing gawe (tanpa duwe pamilik apa-apa, nyambut gawe kanthi mempeng) 2. Becik ketitik ala ketoro (Kabeh pagaweyan kang becik lan kang ala bakal katon nyatane) 3. Sing sapa salah seleh (wong kang tumindak luput utawa ala bakal konangan) 4. Ora tedheng aling-aling (omong kanthi blak-blakan apa nyatane) 5. Tulung menthung (menehi pitulungan, nanging malah gawe rekasane sing ditulungi) 6. Alon-alon waton kelakon (Sanadyan alon, nanging sing dikarepake bisa kaleksanan) 7. Mikul dhuwur, mendhem jero (ngabekti lan mulyakake wong tuwa utawa kulawarga) 8. Rame-rame rantas, malang-malang putung (samubarang kang ngalang-alangi bisa disingkirake) 9. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh (sanadyan kanthi alon wong terus nindakake, mesthi bakal kelaksanan sedyane) 10. Anak polah bapa kepradhah (wong tuwa nemu pakewuh amarga lupute anake) 8. Pepindhan Pepindhan yaiku unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, irib-iriban, utawa emperemperan. Dhapukane ukara kanthi tembung kaya, dadi, kadya, lir utawa pindha. Ana

uga pepindhan kang tanpa tembung kaya (utawa dasanamane), nanging ana tembung andhatan kang ngemu teges kaya. Tuladha: 1. Kaya mimi lan mintuna (rukun banget, ora pisah-pisah tansah runtung-runtung) 2. Kaya jambe sinigar (padha rupane utawa kembar mungguhing rupa) 3. Kaya bantheng ketaton (tandang kang nggegirisi) 4. Kaya jangkrik mambu kili (tandang kang cukat lan trengginas) 5. Kaya gabah diinteri (jejel uyel-uyelan amarga bingung) 6. Suguhane mbanyu mili (kaya banyu mili) (Suguhane tanpa kendhat (lerem) 7. Surake mbata rubuh (kaya bata rubuh) (surak bebarengan rame banget) 8. Watake nggendhong umos (kaya genhtong umos = mbrabas ngembes banyune) (wong kang ora bisa nyimpen wadi) 9. Solah tingkahe nggundel bingung Mung ela-elu bae 10. Lembayane mblarak sempal (kaya bralak sempal) 9. Candra Candra yaiku unen-unen gumathok kanggo nggambarake (nyandra) kaendahan utawa kaanan sarana pepindhan. Sing dicandra lumrahe perangane awak lan uta solah bawane. Tuladha: 1. Rambute ngembang bakung 2. Bathuke nyela cendhani (watu marmer) 3. idepe tumengeng tawang (nyawang langit) 4. Polatane ndamar kanginan 5. Pipine nduren sajuring (sasigar) 6. irunge ngudhup mlathi (kuncup) 7. Athi-athine ngundhup turi 8. Alise nanggal sapisan 9. Lathine (lambe) nggula sathemlik 10. Untune miji timun 11. Gulune ngolan-olan (kewan bangsane uret) 12. Pundhake nraju mas (timbangan mas) 13. Bangkekane nawon kemih 14. Lakune macan luwe 15. Tangane nggandhewa pinenthang

10. Saloka Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone sarta ngemu teges pepindhan. Sing dipepindhanake iku wonge lan wewatakane. Tuladha: 1. Kebo nusu gudel (wong tuwo njaluk wuruk marang wong enom) 2. Kebo kabotan sungu (wong tuwo kang ora bisa nyukupi wragat kanggo anak-anake) 3. Belo melu seton (Melu grubyuk, ora weruh ing rembug) 4. Jaran krubuhan empyak (wong kang wis kanji banget) 5. Kutuk marani sunduk (Ula marani gitik (Wong kang njarag marang kacilakan) 6. Bebek mungsuh mliwis (Wong pinter mungsuh karo wong pinter) 7. Iwak klebu ing wuwu (Wong kang kena apes kanthi gampang) 8. Asu gedhe menang kerahe (wong kang kuwasa yen prakaran karo wong cilik, mesthi menang) 9. Timun mungsuh duren (wong ringkih kelawanan karo wong kang kuwat) 10. Gajah tumbuk, kancil mati ing tengah (wong gedhe mungsuh karo wong gedhe, wong cilik sing nandhang cilaka (korban)) 11. Asu belang kalung wong (wong asor nanging sugih dhuwit) 12. Gajah ngidak rapah (gegodhongan lan pang-pang ing lemah) (wong kang nglanggar wewalere dhewe) 13. Kemladheyan ngajak sempal (sanak sedulur kang ngajak marang karusakan) 14. Tekek mati ulone (swarane) (Wong nemu cilaka amarga saka gunane dhewe) 15. Tumbu oleh tutup (Oleh godho kang cocog banget) 11. Sanepa Sanepa yaiku unen-unen pepindhan kang ngemu surasa mbangetake. Tuladha: 1. Arang kranjang (tatune) = kerep banget 2. Arum jamban (ambune) = bacin banget 3. Atos debog (balunge) = empuk banget 4. Landhep dhengkul (pikirane) = bhodo banget 5. Legi bratawali (rasane) = pait banget 6. Abot kapuk (bobote) = entheng banget

7. Kuru semangka (awake) = lemu banget 8. Arang wulu kucing (utange) = akeh banget 9. Dhuwur kencur (dedege) = cendhek banget 10. Lonjong botor (palyune) = banter banget 11. Anteng kitirane (polahe) = rongeh banget 12. Sepet madu (rasane) = legi banget 13. Agah glepung (wujude) = lembut banget 14. Jero tapak meri (kawruhe) = cethek banget 15. Peret beton (rembuge) = lunyu banget III. Paramasastra 3. Tata Tembung Wujude tembung ana papat yaiku (1) tembung lingga, (2) tembung andhakan, (3) tembung camboran, lan (4) tembung rangkep) a. Tembung lingga yaiku tembung kang during owah saka asale b. Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale sarana wuwuhan (imbuhan): ater-ater, seselan, panambang, utama ater-ater lan panambang (konfiks), digandheng (c0mbaran), lan dirangkep. 1) Ater-ater anuswara: n, - ny- me- ng n- karaketake ing tembung kang wiwitane aksara d, dh, t, th: Ndeleng, ndhudhuk, nulis nuthuk (aksaran t la nth luluh) Ny-karaketake ing tembung kang wiwitane aksara j, c, s: Njaluk, nyucuk, nyapu (aksara c lan s luluh). M karaketake ing tembung kang wiwitane aksarana b, p w: Mbalang mikir, mulang (aksara p lan w luluh) Ng Karaketake ing tembung kang wiwitane aksarana a, I, u, e, o, g, r, l, y, k: Ngasuh ngisi, ngusung, ngedan, ngedum, nggoreng, ngrusak, nglamar, ngyiyit, ngukus (angsara ke luluh) Tembung-tembung kang ole hater-ater amuswara (n,-ny,-m-,ng-) klebu tembung kriya tanduk 2) Ater-ater dak-,(tak-), ko- (kok-), di-: Dakpangan, kopangan dipangan Dakasuh, koasuh, diasuh Tembung-tembung kang ole hater-ater dak-, ko-, di- klebu tembung kriya tanggap (pasif) Cathetan: Ing basa jawa ana tembung kang ole hater-ater dak utawa di, nanging dudu kriya tanggap Tuladhane: Aku dak mangan dhisik (Aku arep mangan dhisik)

Padha di ngati-ati, ya (Padha sing ngati-ati, ya) Tembung kang ole hater-ater dak utawa di (den ing basa sastra) kaya tuladha ing ndhuwur iku diarane tembung sananta. Panulise ater-ater sananta dak utawa di dipisah karo tembung ing mburine 3) Ater-ater kaTembung-tembung kag ole hater-ater ka- kayata: kapangan katulis lan kagawa klebu tembung kriya tanggap. Ater-ater ka ngemu teges kaya den eater-ater di- (awaan di-) Ing basa tulis lan basa krama, ater-ater di- awit tumraping pangrungu ater-ater ka- luwih bregas. 4) Ater-ater keTembung-tembung kang ole hater-ater ke- kayata: kesandhung, kethuthuk, lan kegawa uga kalebu tembung kriya tanggap. Ater-ater ke- ngemu teges ora disengaja (awalan ter-). Ing basa jawa tembung sing diraketi ater-ater diarani bawa ka. Ater-ater ke- yen karaketake karo tembung kang apurwa aksara swara: a I u, e, o banjur luluh; kayata: Ke- + atut - katut Ke - + iris keiris Ke- + eling kelingan Ke- + enom kenomen Ke- + obong kobong 5) Ater-ater pa- pan- pany- pam- pangAter-ater pa, pan- pany pam lan pang- lugune dianggo ngrimbag tembung kriya tanduk dadi tembung aran; kayata: Takon patakon Ndeleng pandeleng Njaluk panjaluk Nyuwun panyuwun Ing basa pacalathon ater-ater pa owah dadi pe-: penjaluk, penggedhe, penganggo, pekewuh. Saiki ing basa jawa tinemu tembung-tembung kang mawa ater-ater pe- basa Indonesia; kayata: petani penatar penyanyi, lan pedagang. 6) Ater-ater piAter-ater pi- iku owahane ater-ater pa- tegesi iya isik nunggal laras karo sing kasebut ing ater-ater pa-, kayata: pitakon, piweling, pitutur, pikukuh. 7) Ater-ater saAter-ater sa- iku trape ana ing tembung kang diraketi mung karei muwuhake ing ngarepe bae. Yen tembung kang diraketi mau apurwa aksara swara: a, I u, e, o terkadhang ater-ater sa- mau luluh karo aksara purwaning lingga.

Tuladha: Sadesa sawulan, sagulu aspiring Sa- + atus satus; sa- + iji siji Sa- + ulah solah; sa- + omah somah Ing basa pakecapan (ragam tutur informal) ater-ater sa- owah dadi se- utawa sak; kayata: sepiring / sakjpiring; segulu / sakgulu. 8) Seselan inYen linggane apurwa aksara sigegan, seselan in- diseselake ing saburine aksara sigegan mau. Tuladha: Ginawa kinira, ceroba, tinata Yen linggane apurwa aksara swara: a, I, u, e, o seselan in- ora diseselake ana ing saburine aksara swara mau nanging diraketake ana ing sangarepe lan owah dadi ing- (kaya ater-ater); kayata: Ingasah ingiris ingutus, ingemong, ingobong. Tembung kang oleh seselan in- iku klebu tembung kriya tanggap. Tembung kriya tanggap senawa seselan n- (diarani tanggap na) lumrah dianggo ing basa susastra; keprungu luwih bregas tinimbang tembung kriya tanggap di-: Kembang kencur tinandur pingiring sumur Wong kang jujur baka antuk drajat luhur 9) Seselan umYen linggane apurwa aksara sigegan, seselan um- diseselake ing saburine aksara sigegan (konsonan) mau. Tuladha: Gumuyu, sumaur, gumantung Dene yen linggane apurwa aksara swara (vocal), seselan um- diraketake ing sangarepe aksara swara maul an lumrahe aksara u-ne ora ditulis banjur dadi kaya ater-ater anuswara mTuladha: Aju umaju maju ili umili mili undur umundur mundur Ing paguneman seselan um- lumrahe kaucapake em-; kayata: Sumur semaur sumanak semanak, tumuwa temuwa. 10) Panambang a Panambang a iku patrap panganggone bares bae, yaiku karakebake ing wekasane tembung. Tuladha: Adusa, mangana, njupuka, matura, mrenea, tangia, turua, mronoa Antarane aksara e utawa I thukul swara y; dene antarane aksara u utawa o thukul swara w 11) Panambang e

Panambang e yen karaketake ing tembung kang wandane wekasan tutup ora owah (ajeg bae) nagging yen wandane wekasan menga, panambang e mau owah dadi ne. Tuladha: Tandure, dalane, rambute kupinge, pipine, dhadhane, susune, jodhone. 12) Panambang i Panambang I yen karaketake ing tembang kang wandane wekasan tutup wujude ora owah; dene yen wadane wekasan iku menga, panambang I mau owah dadi ni. Tuladha: Nanduri, njupuki, mangani, maringi, madani, mepeni, nemoni ngaroni 13) Panambang an Panambang an yen karaketake ing tembang kang wandane wekasan tutup, wujude ora owah (ajeg); dene yen wandane wekasan menga, panambang an owah dadi n lan bisa uga nan. Tuladha: Gambaran dalanan, jaritan, kudhungan, gawan lalen, paron, sendhen, guyon, guyonan, sendhenan, wedenan, sepatonan. Coba titinen tembung-tembung kang mawa panamang aw ing ngisor iki (ora baku) Klambine, lalian sepatuan kethuan. Sing bakuyaiku klamben/klambenan, lalen/lalenan, sepaton/sepatonan kethon/kethonan. 14) Panambang en Panambang en yen karaketake ing tembang kang wandane wekasan tutup, wujude ora owah (ajeg); dene yen wandane wekasan tembung mau menga, panambang en owah dadi nen Tuladha: Gambaren, jupuken, panganen tulisen, tatanen, tukunen, pepenen, paronen. Tembung-tembung ing ngisor ini ora baku: tataen tukuenl pepeen paroen 15) Panambang ana Yen karaketake ing tembung kang wadane wekasan tutup, panambang ana iku ora owah (ajeg) dene yen karaketake ing tembung kang wandane wekasan manga, panambang ana mau owah dadi nana Tuladha: Tanduran, jupukna, pakanana, tutupana, tambanana, pepenana, talenana, turonana 16) Panambang ake Panambang ake yen karaketake ing tembung kang wandane wekasan tutup0, wujude ora owah (ajeg) mung kari ngraketake ing saburine. Dene yen

karaketake ing tembungkang wandane wekasan menga sadurunge dipanambangi ake, wwarda menga mau disigeg ing k dhisik. Tuladha: Nandurake njupukake, nulisake, macakake, njodhohake, mepekake. Ing basa padinan panambang ake owah dadi ke, kayata: Nandurke, macakke, njalukke 17) Panambang na Panambang na yen karaketake ing tembung kang wandana wekasan tutup, wujude ora owah (ajeg). Dene yen karaketake ing tembungkang wandane wekasan menga, sadurunge dipanambangi na disigeg ing k dhisik. Tuladha: Tandurna, jupukna paculna tatakna, jodhokna, iseka. Tembung kang wandane wekasan seigeg aksara n yen dipanambangi na, aksara n mau owah dadi k; kayata: Takon takokna Jajan jajakna Dandan ndandakna 18) Wuwuhan ka an Tembung-tembung kang oleh wuwuhan (konfiks) ka-an ana sing kelbu tembung (1) aran, (2) kaanan, lan (3) kriya tanggap; Kayata: (1) Kalurahan, Kabupaten, Kabudayan (2) Kadohan, kakehan, kabotan (3) Kaparingan, kadhawuhan, katiban Tembung kriya tanggap ka-an iku tegese padha karo kriya tanggap di-e. KLumrahe tembung kriya tanggap ka-an dianggo ing basa sastra. 19) Wuwuhan ke-an Tembung-tembung kang oleh wuwuhan ke-an klebu tembung kriya tanggap kang ngemu teges nandhang; kayata: kebanjiran, kemalingan, kudanan. 20) Wuwuhan ke-en Tembung-tembung kang oleh wuwuhan ke-en klebu tembung kaanan kang ngemu teges kaluwih-luwih/banget; kayata: kendhuwuren, kepanasen, kelegen. 21) Tembung Camboran Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji ngati mujudake tembungkang tegesi ngasiji. Tembung combaran kena kapilah dadi loro, yaiku combaran wutuh lan combaran tugel (wancahan) Combaran wutuh yaiku combaran kang siji-sijine tembung sing digandheng wujude wutuh; kayata: segara wedhi, baba biyung, gula batu.

Combaran tugel (wancahan) yaiku combaran kang saah sijine tembung utawa karone pisan diwancah (ditugel/dicekak); kayata: nak sanak, dhemenyar (dhemen anyar) dubang (idu abang), dhegu7s (gede bagus) 22) Tembung Rangkep Tembung rangkep ana warna telu yaiku (1) tembung dwilingga, (I2) tembung dipurwa, lan (3) tembung diwasana. Tembung dwilingga yaitu tembung kang dirangkep linggane. Tembung dwilingga ana warna loro, yaitu (1) dilingga wutuh lan (2) dwilingga salin swara, kayata: (1) mlaku-mlaku, turu-turu, mangan-mangan (2) mloka-mlaku tura-turu, mongan-mangan. Tembung diwipurwa yaitu tembung kang dirangkep purwane; kayata: Tuku-tetuku, sepuh-sesepuh. Tembung dwiwasana yaitku tembung kang dirangkep wasanane; kayata: Cenges-cengeges, cekik-cekikik Tata Ukara Ukara yaiku rerangkenng tembung kang medharake gagasan wutuh. 1) Ukara lamba lan ukara combaran. Ukara lamba yaiku ukara kang mung mendharake gagasan saebab. Tulada: Tini lagi maca Koran Ibu tindak menyang pasar Ukara combaran yaiku ukara kang kadadean saka ukara loro utawa luweh digandheng dadi siji. Tuladha: Tono ora maca Koran, nanging nulis laying. Adhiku ora mkebu sekolah amarga wetenge lara. 2) Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Ukara tanduk yaiku ukara kang jejere nindakake pakaryan lan wasesane awujud tembung kriya tanduk. Tuladha: Darma nggawekake adhine layangan. Aku nggambar manuk iku. Ukara tanggap yaiku ukara kang jejere nandhang pakaryan lan wasesane awujud tembung kriya tanggap Tuladha: Gedhange adhiku dakpangan Bukuku disilih Darma Adhine digawekake layangan 3) Ukara sananta an Ukara Tandang Ukara sananta yaiku ukara kang wasesane awujud tembung tanduk mawa ater-ater dak (aku arep) utawa di (sing/kang).

Tuladha: Aku dak mangan dhisik (aku arep mangan dhisik) Dingati-ati yen nyabrang (sing ngati-ate yen nyabrang) Ukara tandang yaiku ukara kang wasesane wujud tembung tanggap mawa aterater dak lan panambang e/-ne/-ane Tuladha: Manuk iku dak gambare. Adhiku dak gambarne manuk. Tembok iki dak gambarabne wit-witan. Catatan: (1) Ukara tandang kang wasesane awujud rimbag tandang iku dudu ukara tanggap. (2) Ater-ater dak ing rimbang tandang panulise dipisahake karo linggane. (3) Jinglengen bedane ukara tanggap ukara sananta, lan ukara tandang ing ngisor iki! Tanggap : Gedhange wis dakpangan Sananta : Aku dak mangan gedhang bae Tandang : gedhange dak pangane, ya? 4) Ukara Wutuh lan Ukara Wancahan Ukara wutuh yaiku ukara kang madeg jejer lan andharane ana. Dene yen wedharing gagasan mau mung diwedharake saperangan (ora wutuh), banjur dadi ukara wancahan. Tuladha: Ukara Wutuh Bocah-bocah kudu segep sinau Aja dumeh kowe sugih/pinterkuwasa Yen kowe ngebut, bakal benjut Ukara Wancahan Sing segep sinau Aja dumeh Ngebut benjut Cathetan Ukara wancahan kerep lan lumrah dianggo ing unen-unen (ungkapan); kayata: Kebat kliwat Criwis Cawis Gancang pincang Gorah growah 5) Ukara Verbak lan Ukara Nominal Ukara verbal yaiku ukar akang wasesane awujud tembungkriya (tanduk/tanggap).

Ukara nominal yaiku ukara kang wasesane dudu tembungkriya: tembung aran, tembung kaanan, utawa tembung katrangan. Tuladha: Bapakku tindak menyang Solo Ibu mundhut oleh-oleh kanggo siti. Bapakku guru Siti ayu tur manis 6) Ukara Carita, Ukara Pakon an Ukara pitakon. Ukara carita yaitu ukara Ukara carita yaiku ukara kang isine mednarake warta marang wong sing diajak guneman. Wujude bisa ukara lamba/camboran tanduk/tanggap wutuh wancahan verba nominal, utawa sananta/tandang Tuladha: Adhiku wis bisa maca Koran Sanajan adhiku lagi sekolah TK, wis bisa maca Koran Ibuku dudu dokter, nanging guru Aku dak ngombe banyu putih bae Ukara pakon yaiku ukara kang isine prentah marang liyan supaya nindakake apa sing diprentahake. Ukara pakon ana warna loro yaiku (1) pakon tanduk lan (2) pakon tanggap. Tuladha: (1) Min kove mangana dhisisk! Man, kowe nyuwuna dhuwik marang ibumu! (2) Kirimanmu jupuken dhewe! Adhimu jupukna ngombe! Dluwang-dluwang iku enggal jupukana! Ing ngisar iki tuladha ukara pakon alus. Mbok aja rame-rame! Dalem suwun para rawuh lenggah ingkang sakeca! Mangga kula aturi dhahar rumiyin! 3. Tata Tulis Tembung jawa bisa ditulis nganggo aksara atin lan uga ngangga aksara jawa. a. Panulise Tembung Lingga 1) Tembung lingga ditulis (i) tanpa ngrangkep aksara, beda karo panulise tembung adhahan (ii); kayata: (i) kuna ora (ii) rukuna ora (i) kali ora (ii) ngakali ora 2) Tembung sing wandane wiwitan awujud gugus konsonan ditulis wutuh ora (x) diulur kanthi diseseli vocal /a/,/i/, utawa /u/; Kayata : Prawan x perawan = Glali x gelali =

Gebyar x gebiyar Kwali x kuwali = 3) Tembung kang wandane wiwitan mana swara [] sarta asigeg aksara irung (n, ny, m, ng) lan wanda ing burine wanda mega mawa swara [] uga wanda wiwitan mau ora (x) ditulis nganggo taling tarun (..) Tuladha: Banda Tamba Bangga Tulisan ; salaras karo tulisane latin. Coba titinen panulise tembung-tembung ing ngisor iki! (1) (2) 4) Tulisen latin kang wandane wiwitan asigeg huruf n lan wadana ing burine apurwa huruf c utama j ditulis nanggo aksara jawa mangkene. Pancing Manjing Tulisen = selara karo tulisan latine

5) Tembung lingga kang wadane wiwitan bisa kaucapake kanthi variasi, bisa ditulis miturut pakecapan sing dikarepake. Thulada: (1) Negara Negara Sadulur-sadulur (2) Kertu-kretu Gerdhu-gredhu (3) Karsa-kersa- kresaWarta-serta wreta 6) Tembung manca ditulis miturut pakecapane; kayata: Kualitas Akuarium Stadion b. Panulise Tembung Tudhahan 1) Tembung tudhahan sing ole hater-ater anuswara, (n-, ny-, m-, ng-) ditulis mangkene. Yen aksara purwaning lingga ora lulum ditulis ajeg bae. Tuladha:

Ndonga Njaluk Mbatin Nggawa Yen aksara purwaning lingga luluh, ditulis salaras karo tulisana latin utawa kanthi: Tuladha: Nitis (titis) utawa Nyukur utawa Misah utawa Mulang utawa Ngidung utawa Dadi, yen aksara purwaning lingga ora luluh, ater-ater anuswara wajib ditulis; dene yen aksara purwaning lingga mau luluh, ater-ater anuswara kang owah dadi aksara ora kudu ditulis. Cathetan: Tulisen latin ndoga utawa andonga yen ditulis nganggo aksara jawa kudu ora .. 2) Tembung tanduk kaya: nganggop, ngemong, lan ngutus yen ole hater-ater pa- panulise nganggo aksara Jawa orang ngrangkep aksarane irung ng. Tuladha: Panganggo ora Pangemong ora Pangutus ora 3) Tembung kang wanadane wekasan aksara sigeg (konsonan) yen oleh panambang kang wiwitane aksara swara (vocal): -a, -e, -I, -an, -en, -ana, lan ake , panuise nanggo aksara Jawa kanthi ngrangkep aksara sigeg mau. Lire, kasara sigeg klan pasangane ditulis pisan. Tuladha: Mangana ora Tangise ora Nutupu ora Susulaora Tanduren ora Jupuken ora Tulisna ora Ngurutake ora Sing kerep luput panulise yaiku aksara wekasan: h, r, an ng; kayata: Sanggrahan ora

Ditanduri Wulangan -

ora ora

4) Tembung kang wandana wekasan aksara swara: a, i, u , e , o yen oleh panambang e antarane tembung lingga lan panambang e mau thukul aksara n. Panulise ngango aksara Jawa ora ngrangkep aksara n mau. Tuladha: Rasane ora Pipine ora Pupune ora Sateen ora Tokone ora Coba titinen tulisan ing ngisor iki! Dhukune Tuwane 5) Tembung kang wandana wekasan aksara swara: a, i, u, e, o yen oleh panambang i utawa ana banjur thukul aksara n. Panulise nganga aksara Jawa kanthi ngrangkep aksara n mau. Tuladha: Natana ora Metani ora Patenana ora Nglakoni ora Lakonana ora Coba titenen bedane panulise tembung kang ole hater-ater e lan panambang i ing ngisor iki! -e -i Wacane macani Jawanenjawani Gawane nggawani 6) Tembung kang wadane wekasan aksara swara: a, I, u, e, o yen ole haterater ake panambang ake ora owah. Sadurunge dipanambangi ake, wanda wekasan kanthi aksara swara mau disigeg ing aksara; an (k) dhisik. Tuladha : Macakake Nyombekake Njodhokake

Yen wadane wekasan aksara sigeg (konsonan) panulise ngango aksara Jawa kanthi ngrangkep aksara sigeg mau Tuladha: Njalukake Nularake Ngunggulake Coba titenen bedane panulise: Lan ing ngisor iki Maca macakake Macak macakake Ana syanakake Anak nyanakake 7) Panulise tembung rangkep: (1) dwilingga, (2) dwipurwa, lan (3) dwiwasana kaya mangkene. (1) Tembung lingga kang wandane wiwitan aksara swara (vocal) lan wandane wekasan sigeg, yen dirimbag dadi dwilingga, aksara wiwitane tembung sing buri ajeg bae, ora owah dadi aksara sigeg wanda wekasan mau Tuladha: Alon-alon ora Iris-iris Ulem-ulem ora ora

(2) Tembung lingga kang wandane wiwitan menga: a, i u, e, o mau dirangkep dadi e. Tuladha: Baya-bebaya Silih-sesilih Tulung-tetulung Tela-tetela Sorak-sesorak Dene uyen wandane wiwitan menga e, mesthi bae tetap e: kayata: Sepuh-sesepuh Tenger-tetenger Yen wandane wiwitan awujud gugus konsonan, sing dirangkep mung konsonan sing ngarep ora dirangkep kabeh; kayata:

Griya-gegriya Gladhi-gegladen -

ora ora

8) Tembung camboran kang tembunge sing ngarep wandane wekasan sigeg lan tembunge kang buri apurwa aksara swara (vocal) panulise nganggo aksara Jawa, yaiku aksara swara ajeg, ora owah dadi aksara wekasan sesigeg mau. Tuladha: Udan awu Welas asih Bedhil angin Kalung usus IV. Kasusastran 1. Purwakanthi Purwakanthi yaiku gandhenging swara kang ana ing buri karo swara kang wis kasebut ana ing ngarep. Purwakanthi ana warna telu yaitu (1) purwakanthi guru swara, (2) purwakanthi guru sastra, lan (3) purwakanthi lumaksita. (1) Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi sing paugerane swara: swara kang ana ing buri nggandheng (nganthi) swara kang wis kasebut ana ing ngarep (purwa). Tuladha: - Sapa jujur, bakal luhur - Ana awan, ana pangan - Becik ketitik, aa ketara - Sing gemi nastiti ngati-ati - Criwis cawis (2) Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi sing paugerane sastra (aksara): sastra kang ana ing buri nggandheng sastra kang ana ing ngarep: Tuladha: - sing salah seleh - cilik mula ketula-tula ketali - asih asah asuh - ruruh ririh ngarak-arak - yen duwe panjjangka kudu jumangkah. (3) Purwakanthi lumaksita (= mlaku) yaiku purwakanthi kang paugerane rujuke wanda pungkasane gatra karo wiwitane gatra saburine. Tuladha: - Surya putra, putrana praduthaa Durna - Kolik priya, priyagung Anjani Putra - Carang weksa, weksa kang rineka janma - Ancur kaca, kaca kocak munggaing netra - Kancing gelung, gelung kondhe modal Bandung

2. Wangsalan Wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman kang batangane dikkandhakake pisan ing gatra utawa ukara candhake. Batangane sarana sinamak utawa luwih. Wangsaan ana warna loro, yaiku (1) wangsalan padinan lan (2) wangsalan pinathok. 1) Wangsalan padinan yaiku wangsalan kang ora kaiket ing paugeran tartantu. Cacahing wanda lan kecape mung manut sing guneman. Tuladha: (1) balung jamur, muga-muga bae sida (= sada). (2) Roning mlinjo, wis sayah aku tak ngaso (= so) (3) Jenang gula lo, aja lali sesuk arisan (= glali) Ana wangsalan padinan kang tanpa batangane: kayata: (1) Bocah cilik aja ngrokok cendhak (tegese = neges-neges) (2) Aku mung kepingin nggentha dara bae (sawangan = nyawang) (3) Bok aja nganak bebek karo sedulur dhewe (meri = meri) 2) Wangsalan pinathok Wangsalan pinathok yaiku wangsalan kang kanthi paugerak tartamtu. Wangsalan pinathok ana warno loro, yaiku wangsalan lamba lan wangsalan camboran (rangkep). Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang awujud ukara siji kang kadadean rong gatra. Gatra ngarep ana 4 wanda, isi wangsalane; dene gatra buri ana 8 wanda, isi batangane. Tuladha: (1) Koning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso. (2) Wohing tanjung, den becik mring bapa biyung (=kecik) (3) Carang wreksa, nora gampang ngarang Jawa (Pang). Wangsalan camboran (rangkep) yaiku wangsalan kang wujude ukara loro. Ukara kapisan isi wangsalane, dene ukara kapindho isi batangane. Paugerane wangsalan combaran bisa ditulis kanthi ringkes mangkene: (4 wanda) (4 wanda) (8 wanda) (8 wanda) (isi wangsalan) (isi wangsalan)

Tuladha: (1) Jenang sela wader kalen sesondheran Apuranta, yen wonten lepat kawula (apu, iwak sepat) (2) Sayuk karya, wuung wido mangsa rowang sayektine, wit saking bodho kawula (saijeg, bidho) (3) Kulik priya, priyagung Anjani putra Tuhu enan, wong anom wedi rekasa (manuk tuhu, Anoman) (4) Surya putra putrane pandhita Durna. Mumpung anom ngudia kawruh utama (Anoman, Aswatama)

Wangsalan tuladha (3) lan (4) kang dapukane nganggo purwakanthi lumaksita lan uga purwakanthi swara iku wujudake wangsalan kang edi peni. 3. Parikan Parikan yaiku unen-unen kang kaiket ing paugeran mangkene. (1) kadadean saka rong ukara: (2) Saben saukara kadadean saka rong gatra; (3) Saben pungkasan gatra kanthi purwakanthi guru swara; lan (4) Ukara kapisan minangka purwaka (bebuka), dene ukara kapindho minangka isi (wose). Tuladha: a) Parikan pedhotan 4-4 wanda (1) Tawon madu ngisep sekar, Golek ilmu kudu sabar (2) Wajik klethik gula jawa Luwih becik kang prasaja (3) Ngasah arit nganti landhep Dadi murid kudu sregep. b) Parikan pedhotan 4-8 wanda (1) kembang kencur tinandur pinggiring sumur wong kang jujur bakjal antuk drajat luhur (2) Kembang nipah tuwuh aneng tengah sawah, Wong sumarah kinasihan Gusti Allah (3) Kembang mawar ganda amrik ngambar-ambar, Wong kang sabar pnaringan urip gangsar. c) Parikan pedhotan 8-8 wanda (1) Oah gendheng saponana bok menawa ana corone. Abot entheng lakanana bok menawa dadi jodhone. (2) Jangan kacang jangan kara kaduk uyah kurang gula Piwelingku mring pramudha aja wedi ing rekasa. 4. Tembung Tembung yaiku anggisan (puisi) kang kaiket dening anane paugeran mangkene: (1) Cacahing gatra (guiru gatra) saben sapada, (2) Cacahing wanda (guru wilangan) saben gatra, lan (3) Dhong dhinging ing pungkasaning gatra (guru lagu) Ing ngisor iki katrangan guru gatra, guru wilangan, la guru lagu tembung macapat.

Jenenge tembung guru gatra 1. Pucung 4 2. Maskumambang 4 3. Megatruh 5 4. Gambuh 5 5. Mijik 6 6. Kinanthi 6 7. Durna 7 8. Asmaradana 7 9. Pangkur 7 10. Sinom 9 11. Dhandhanggula 10 Tuladha: 1. Pucung Urip iku kudu asih asah asuh (12 u) Sabar lan tawakal (6a) Narima adihing gusti (8i) Den elinga Jer Basuki Mawa Beya (12a)

guru wilangan lan guru lagu 12u 6a 8i 12 a 12i 6a

2. Maskumambang Angendhanu si mendhung andhudhah sedhih (12i) Kedher kedhapo kedhap (6a) Kang pepadhang lir kalindhih (8i) Dhedhep tindhem sabuwana (8a) Katrangan: Tembung ing dhuwur ngetrapake purwa kanthi guru sastra (dh) 3. Megatruh Nadyan titik su7n lumaku ngluru elmu (12u) Yen panas panas kepati (8i) Yen udan teles kalbus (8u) Nanging yen sinangga ngampil (8i) Tansah kinanthi Hyang Manom (8o) 4. Gambuh Samangke ingsun turur (7u) Guyub rukun tresna mring sedulur (10u) Amituhu ngabekti mring yayah wibi (12i) Sujud syukur mring Hyang Agung (8u) Welas asih mring sasama (8a) 5. Dedalane guna lawan sekti (10i) Kudu andhap asor (6a) Wani ngalah luhur wekasane (10e) Tumungkula yen dipundukani (10i) Bapang den simpangi (6i)

Ana catur mungkur (6u) 6. Kinanthi Padha gulangen ing kalbu (8u) Ing sasmita amrihj lantip (8i) Ajkar pijer mangan nendra (8a) Kaprawiran den kaesthi (8i) Pesunen sariranira (8a) Sundanen dhahar lan guling (8i) 7. Durna Paman-paman apa wartane ing dalan (12 a) Ing dalan akeh wong mati (7i) Dipun kaningaya (6a) Pinedhang ligan (7a) Jaja nira trusing geger (8i) Akari raga (5a) Badan kari ngalinthing (7i) 8. Asmaradana Gegarane wong akrami (8i) Dudu bandha dudu sapa (8a) Among ati pawitane (8e) Luput pisan kena pisan (8a) Yen gampang klangkung gampang (7a) Yen angel angel kalangkung (8u) Tan kena tinumbang arta (8a) 9. Pangkur Mingkar-mingkuring angkara (8a) Akarane karenan mardi siwi (11i) Sinawung resmining kidung (8u) Samba tinukarta (7a) Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung (12u) Kang tumrap neng tanah Jawa (8a) Agama ageing Aji (8i) 10. Sinom Kulada laku utama (8a) Tumrape wong tanah Jawi (8i) Wong agung ing ngeksiganda (8a) Panembahan Senopati (8i) Sudaning hawa lan napsu (8u) Pinesu tapa brata (7a) Sanapi ing siyang ratri (8i) Amemangun karyenak tyasing sasama (12a)

11. Dhandhanggula Lamun sira anggeguru kaki (10i) Amiliha manungsa kang nyata (10a) Ing kang b ecik martabate (8e) Sarta kawruh ing kukum (7u) Kang ngibadah lan kang wirangi (9i) Sukur oleh wong tapa (7a) Ingkang wres amungkuh (6u) Tan mikir pawehing liyan (8a) Iku pantes guronana kaki (12i) Sartane kawruhana (7a) 5. Guritan Guritan yaiku anggitan (puisi) kang bebas ora kaiket dening paugeran tartamtu kaya dene tembung sing prelu digatekake yen ngarang guritan yaiku: (1) isine mentes (2) basane endah (basa rinengga), lan (3) Wirana lan lagune salaras karo swasana isine. Tuladha: Wutah Getihku Gumelar jembar bumi asri Suminar sumringah sinare bagaskara Padhang sumilak hanelahi Nuswantara Bumi pertiwi wus kawentar Ombak samodra kencana angrenggani Kawulamu . Guyub rukun anambut kardi Jroning swasana tentrem merdika Giling gumolong tekad manunggal Cumithak jroning kalbu Bebarengan ambangun negri Aku lila Korban jiwa raga kanggo bumiku Nadyan ajur dadi sawur Lan getih mbalabar mili Anetesi bumi pertiwi Labeh labuh raharjaning nusa bangsa Lumantar iki Isining atiku ginurit Prasetyaku thukul kanthi iklas Raga langgenging kamardikan Poya prijiku kabeh kaendahan Kanggo wutah getihku.

Dening : Mahardono Wuryantara

KEPUSTAKAAN Antunsuhono, 1953. Reringkesane Paramastra Jawi. Yogyakarta: Penerbit Sujadi Harjawijana, Haryana dan Supriya, Th. 2002. Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. Padmosoekotjo, 1953. Ngengrengan Kasusastran Jawi I, II. Yogyakarta: Hien Hoo Sing Prawiroatmodjo, 1995. Bausastra Jawa-Indonesia. Jakarta: PT. Gunung Agung. Riyadi Imam. 1999. Pinter Basa Jawa. Jakarta: Yudhisthira. Soewondo. 1996 Gladi Basa Surabaya: Bina Pustaka Tama Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta. 2002. Kamus Basa Jawa/Bausastra Jawa). Yogyakarta: Penerbit Kanisius. Wardono. 1982 Titi Basa Surabaya: Warga Wedawati dkk. 2001. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Jakarta: Pusat Bahasa Yayasan Pustaka Nusantara. 1996 Pedoman Penulisan Aksara Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusantara.