GUGON TUHON

download GUGON TUHON

of 5

description

Gugon Tuhon Basa Jawa

Transcript of GUGON TUHON

GUGON TUHONApa ta sajatine gugontuhon iku? Ing bab iki, tembung gugontuhon kena ditegesi warna loro.Kapisan, yen kapirid saka tembung watak, gugontuhon tegese wewatekan kang gampang nggugu lan mituhu marang guneman utawa dedongengan kang pancene mono ora prelu digugu lan dipituhu.Kapindho, yen kapirid saka tembung aran, gugontuhon yaiku guneman utawa dedongengan kang dening wong kang nggugu lan mituhu dianggep nduweni daya. Yen ta nganti ora digugu sarta ora ditindakake, wong iku bakal nandhang rekasa utawa ora kapenak uripe.Mangkono kang diarani gugontuhon, kapirid saka tembung watak lan tembung aran. Dene miturut jinise, gugontuhon bisa kabedakake dadi telung warna, yaiku:a. Gugontuhon kang salugu;b. Gugontuhon kang isi wasita sinandi; lanc. Gugontuhon kang kalebu pepali utawa wewaler.

A. GUGONTUHON KANG SALUGU

Manut kaprecayan Jawa, bocahbocah kang kagolong bocah sukreta lan wong kang kalebu panganyamanyam iku dadi mangsane Batara Kala. Iya kaprecayan kang kaya mangkono kang diarani gugontuhon kang salugu.Wondene bocahbocah kang kalebu bocah sukreta yaiku:

1. Ontang anting, yaiku anak lanang siji thok.2. Unting unting , yaiku anak wadon siji thok.3. Kedhana kedhini, yaiku anak loro, lanang siji wadon siji. Yen wadone pambarep, diarani: kedhini kedhana.4. Kembang sapasang, yaiku anak loro wadon kabeh. 5. Uger uger lawang, yaikuanak loro lanang kabeh. 6. Kembar, yaiku anak loro kang nunggal sakandhutan, lanang kabeh utawa wadon kabeh.7. Dhampit, yaiku anak loro kang nunggal sakandhutan, lanang lan wadon.8. Pancuran kapit sendhang, yaiku anak telu, wadon-lanang-wadon.9. Sendhang kapit pancuran, yaiku anak telu, lanang-wadon-lanang. 10. Cucuk dulit, yaiku anak telu lanang kabeh. 11. Gotong mayid, yaiku anak telu wadon kabeh.12. Sarimpi, yaiku anak papat wadon kabeh.13. Saramba, yaiku anak papat lanang kabeh.14. Pandhawa, yaiku anak lima lanang kabeh.15. Pancagati, yaiku anak lima wadon kabeh16. Ipil ipil utawa Pipilan, yaiku lima lanange mung siji. 17. Padangan, yaiku anak lima wadone mung siji. 18. Sapasar, yaiku anak lima lanang wadon, ora mesthi cacahe.19. Pandhawa nyandhangi, yaiku anak nem lanange lima, ragile wadon.20. Gilir kacang , yaiku anak akeh, laire ajeg genti-genten: lanang-wadon-lanang lan sateruse, utawa wadon-lanang-wadon lan sateruse. 21. Lumpat kidang, yaiku anak akeh kang laire ora ajeg kaya kang kasebut ing angka 20.22. Garendhel, yaiku anak akeh ragile seje dhewe (lanang utawa wadon).23. Gendhong , yaiku anak akeh, wadone mung siji dumunung ing tengah.24. Pathok, yaiku anak akeh, lanange mung siji dumunung ing tengah. 25. Sumarak, yaiku Anak akeh, lanange utawa wadone mung siji.26. Gondhang kasih, yaiku anak loro pakulitane siji bule siji ireng.27. Tawang gantungan, yaiku kembar utawa dhampit, nanging laire ora nunggal sadina.28. Bungkus, yaiku anak kang nalika laire kebuntel ing kendhangan.29. Karendha, yaiku anak kang lair loro nunggal bungkus.30. Sumala, yaiku anak kang cacad wiwit lair.31. Jempina , yaiku anak kang lair durung wayahe, upamane lagi wolung sasi. 32. Margana , yaiku anak kang laire mbeneri lelungan utawa ana ing dalan.33. Wahana, yaiku anak kang laire mbeneri ana ing pasamuwan.34. Wuyungan, yaiku anak kang laire mbeneri ana geger.35. Julung sarab, yaiku anak kang laire ing wektu srengenge meh surup.36. Julung sungsang, yaiku anak kang laire mbeneri tengange.37. Julung caplok, yaiku anak kang laire mbeneri srengenge surup.38. Julung kembang, yaiku anak kang laire mbeneri pletheking srengenge.39. Cemani, yaiku anak kang pakulitane ireng. 40. Bule (wungle) , yaiku anak kang pakulitane putih.41. Tiba sampir, yaiku anak kang nalika laire kalung usus, yen wis gedhe sarwa luwes.42. Tiba ungker, yaiku anak kang nalika laire ginubel utawa ginubed usus ing anggane. 43. Wungkul, yaiku anak kang nalika laire tanpa ari ari. 44. Slewah, yaiku anak kang raine abang lan pingul.45. Thok thing (thothok kathing) , yaiku anak kang asirah cilik.46. Julung pujud, yaiku bocah kang lair pas wayah maghrib.47. Wujil, yaiku bocah kang dilairke awake cebol.48. Walika, yaiku bocah kang dilairke wujude bajang ( kendil )49. Kresna, yaiku bocah kang dilairke duweni kulit ireng.50. Lawang menga, yaiku bocah kang lair wektu Candhik Kala ( senja hari )51. Pipilan, yaiku anak 5, 4 wadon lan 1 lanang52. Mancalaputri, yaiku anak lima wadon kabeh.53. Kalung Usus, yaiku bocah lair pusere nggubed gulu54. Grandel, yaiku anak lanang akeh, sing pungkasan wadon55. Anggana, yaiku anak akeh sing urip mung 156. Ungker teka, yaiku bocah lair, banjur sedaB. GUGONTUHON KANG ISI WASITA SINANDIWasita sinandi tegese pitutur sinamun, pitutur kang ora dikandhakake kanthi melok. Dene kang diarani gugontuhon kang isi wasita sinandi yaiku gugontuhon kang ngemu surasa pitutur, nanging anggone nglairake ora dikandhakake kanthi melok. Lumrahe dikantheni tembung ora ilok, utawa malah tembung kang medeni. Gugontuhon iki uga lumrah diarani aradan.Upamane: Aja lungguh ing bantal, ora ilok. Mundhak wudunen!. Pancene iya ora ilok, saru! Coba ta dipanggalih. Bantal rak kanggo dhasaring sirah, teka dilungguhi. Rak ya saru tenan ta?! Dene tembung mundhak wudunen iku mung kanggo medeni thok.Samono uga gugontuhon ing ngisor iki. Kajaba kalebu wasita sinandi, uga sering dikandhakake ora ilok. Apa sababe ora ilok? Mangga dipanggalih piyambak!1. Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene.2. Ngandhut tampah. Karepe: wong ngandhut utawa meteng, nglungguhi tampah.3. Pawuhan celak wisma.4. Kekudhung kukusan.5. Mangan ngore. Karepe: mangan karo ngore rambut.6. Pawon mangetan. Karepe: pawon kang adege madhep mangetan.7. Uncal uwuh. Karepe: mbuwang uwuh metu ing jendhela.8. Lumah pipisan. Karepe: arep memipis, durung nyadhiyakake barang kang arep dipipis wis nglumahake pipisan.9. Kureb ajang. Karepe: bakda memangan, ajange terus dikurebake tanpa diasahi luwih dhisik.10. Jendhela menga. Karepe: srengenge wis surup, jendhelane durung ditutup.11. Uwuh longan. Karepe: mbuwang uwuh ana ing ngisor longan.12. Buwang tuma. Karepe: metani, oleholehane tuma ora dipateni, mung dibuwang thok.13. Turu waton. Karepe: turu ana ing watoning amben.14. Mangan sangga ajang.15. Mangan panas. Karepe: memangan panganan kang isih panas.16. Mangan paturon. Karepe: mangan ana ing paturon.17. Mangan mlaku. Karepe: memangan panganan karo mlaku.18. Sumur ing ngajengan.19. Nggites ngenggon. Karepe: metani, tumane digites ing sirah bae.20. Nyapu dalu. Karepe: nyapu ing wayah bengi.21. Wanita lungguh jegang.22. Kandhang kebo ing jero omah.23. Ngethoki kuku wayah bengi.24. Lumbung tanpa dhedhasar.25. Kasur tanpa pramada. Karepe: kasur tanpa seprei.26. Lungguh ing tengah lawang.27. Supatanan. Karepe: sithiksithik supata (sumpah).28. Turu ing wayah sandyakala.29. Sanggar cungkup. Karepe: gawe omah ragangane kecampuran ragangan tilas cungkup.30. Weweh dijaluk bali, mundhak gondhoken.

C. GUGONTUGON KANG KALEBU PEPALI UTAWA WEWALER

Gugontuhon iki asale saka sabdaning leluhur utawa wong kang cikalbakal ing panggonan kono. Iya marga dheweke wis tau ngalami lelakon kang ora kepenak utawa cilaka, mula banjur paring wewaler marang tedhakturune utawa para kawulane supaya aja nindakake pakaryan kaya kang marakake ora kepenak utawa cilaka mau.Tuladhane gugontuhon kang kalebu pepali utawa wewaler, upamane:1. Wongwong Banyumas ora kena lelungan ing dina Setu Paing. Marga apa? Iya marga Sang Adipati Wirasaba mang-gih cilaka ana ing dina Setu Paing, banjur panjenengane, sadurunge seda, paring wewaler: Anakputuku lan kawulaku kabeh, dakwewaleri, ora kena lelungan ana ing dina Setu Paing.2. Tedhakturune Panembahan Senapati, samangsa mangsah jurit, ora kepareng nitih titihan bathilan, yaiku titihan kang wulune ing surine utawa buntute dikethok. Apa jalarane? Jalarane yaiku nalika mangsah jurit nglawan Arya Panangsang, durung nganti adu atosing balung wuleding kulit dumadakan titihane Panembahan Senapati mbandhang kang agawe lingseme Sang Panembahan lan meh gawe cilakaning panjenengane. Wondene titihan kang dititihi nalika samono jaran bathilan kang aran Gagakrimang.